Total Tayangan Halaman

Jumat, 02 Februari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (38)


 

038.

        Bebau Kuncen kraos menawi sampun wonten raos sakedhik salah tampi antawis piyambakipun kalihan Ki Lurah lan tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pendhapa mriku. Ketitik suwantenipun Ki Lurah ingkang adhakanipun sareh, niki wau anggenipun paring pandangu kanthi suwanten ingkang radi atos. Makaten ugi para Bebau lan para Pamong ingkang wonten pendhapa mriku, sedaya sami ningali piyambakipun kanthi soroting mripat ingkang nedahaken menawi sami boten remen dhateng piyambakipun ingkang wantun matur dhateng Ki Lurah, ingkang dipun kinten menawi aturipun badhe cengkah kalihan atur ingkang sampun, ingkang kaaturaken dening Bebau Punthuk.

        “Kula sakalangkung sarujuk kalihan pamanggihipun Ki Bau ing Punthuk kala wau, Ki Lurah” Bebau Kuncen ngaturaken panyuwun pirsanipun “namung kemawon, kula kuwatos menawi ngantos lepat anggen kula badhe njangkah, jalaran kula dereng patosa mudheng kalihan sumpahipun para leluhur nalika samanten, menika ingkang kula suwunaken pirsa dhateng Ki Lurah lan kula nggadhahi panginten boten namung kula kawula ing Pangapitan menika ingkang dereng mudheng kados kula menika”.

        “Oooooo” meh sedaya ingkang wonten Pendhapa Kalurahan menika mungel sareng, nembe ngertos menapa ingkang dipun kajengaken Bebau Kuncen.

        Kalebet Ki Lurah, ugi rumaos kecelik awit sampun kagungan panyakrabawa ingkang boten leres dhateng Bebau Kuncen ingkang badhe nyuwun pirsa.

        “O, matur nuwun Ki Bau” ngendikanipun Ki Lurah kalihan mesem “lan aku ya njaluk pangapura merga mau meh wae ana salah tampa antarane aku lan ndika, jalaran mau tak kira ndika arep takon sing neka-neka. Ngene ya Ki Bau lan para sedulur kabeh, miturut crita sing tak tampa, biyen leluhure dhewe kuwi sabregada prajurit sing dadi abdine Sawargi Gusti Arya Penangsang ing Jipang. Merga Jipang kalurugan dening Kadipaten Pajang lan Gusti Pangeran Arya Penangsang gugur ing madyaning payudan ketaman Tumbak Kyai Pleret sing diasta dening Raden Sutawijaya, prajurit Jipang banjur padha mlayu sar-saran, ngungsi luru pandhelikan merga suthik teluk dadi bandaning perang. Mesthi wae, karo mlayu prajurit Jipang kuwi padha tumindak sing sakirane bisa gawe kapitunane Kadipaten Pajang sing wis madeg dadi Kasultanan. Ya merga saka kuwi, prajurit Jipang tansah dadi buroning negara.

Ana saperanganing Prajurit Jipang sing anggone mlayu ngenti tekan papan kene iki. Gandheng wis rumangsa kesel dadi buroning negara, peranganing Peajurit mau banjur leren lan sesinglon dadi wong lumrah lan arep yasa papan sing gumathok kanggo nerusne uripe. Lha pangarepe Prajurit kuwi asmane Ki Tamejana. Ya Ki Tamejana kuwi sing banjur dadi pangarep mbabat alas kanggo yasa Padhukuhan sing saiki dadi Pangapitan iki.

        Anggone mbabat alas kuwi Ki Tamejana lan kanca-kancane tanpa oleh palilah saka sing mbawahake papan kene iki, ya kuwi Kasultanan Pajang. Kabeh kudu mangerteni, Kasultanan Pajang kuwi sing nutugake Kasultanan Demak Bintara, lan Kasultanan Demak kuwi sing nutugake Keprabon Majapahit sawuse Kanjeng Sinuhun Brawijaya lolos saka praja lan mangasrama ing pucuking Gunung Lawu jalaran negara kabedhah dening Adipati Girindrawardana saka Keling.

        Durung rampung Ki Tamejana nggone mbabat alas, jebul kadenangan dening Putra angkate Kanjeng Sultan Pajang, ya Raden Dananjaya utawa Raden Sutawijaya sing wis kaparingan asma dening Kanjeng Sultan dadi Senapati Ing Alaga. Rumangsa wis tanpa daya merga kinepung wakul ambaya mangap dening para pandhereke Senapati Ing Alaga, Ki Tamejana sakancane banjur pasrah, jroning ati wis nyipta yen bakal dirangket lan dipidana jumbuh karo dosa-dosane marang negara sing ditindakne sasuwene kuwi.

        Nanging, jebul dening Senapati Ing Alaga, Ki Tamejana sakancane ora dirangket lan ora dipidana, malah banjur kaparingan palilah nutugake nggone mbabat alas, yasa papan padhukuhan lan kaparingan pambiyantu murih desa kuwi tumuli bisa dipanggoni lan bisa kanggo golek sandhang pangan lan nyukupi kabutuhane urip. Mesthi wae Ki Tamejana sakancane sing maune wis entek pangarep-arepe, banjur dadi seneng atine. Lan rumangsa wis diparingi urip dening Senapati Ing Alaga. Mula wiwit kuwi Ki Tamejana sakancane banjur sumpah yen bakal setya marang Gusti Senapati Ing Alaga wiwit dina kuwi nganti saturun-turune. Mula bareng awit saka kawicaksanane Gusti Pangeran Benawa kang miji Gusti Senapati Ing Alaga supaya nutugake Kasultanan Pajang, lan Gusti Senapati banjur jumeneng minangka Panembahan ing Mataram kanthi sebutan Panembahan Senapati Ing Alaga Ngabdul Rahman Sayidin Panatagama Kalipatullah Kang Jumeneng Ing Mataram, Ki Tamejana sing wis madeg dadi Lurah ing bumi babadan sing banjur karan Desa Pangapitan iki banjur ngajak kawula lan warga Pangapitan supaya nganyari nggone sumpah ya kuwi bakal setya minangka kawula Mataram lan setya marang Gusti Panembahan Senapati wiwit kuwi nganti saturun-turune, lan manawa ana turune wong Pangapitan sing wani marang Mataram mangka bakal sinepatan muga-muga kukud jagade.

Mangkono kuwi mau sumpahe Para Leluhur sing tak kandhakne mau Ki Bau Kuncen lan para sedulur kabeh.”

“Inggih Ki Lurah sampun cetha dhawuh pangandika jengandika, lan sepisan malih kula nyarujuki menapa ingkang dipun ngendikakaken Bapa Bebau Punthuk kala wau” Bebau Kuncen matur malih dhateng Ki Lurah lan nelakaken ingkang dados pamanggihipun.

“Kula inggih matur nuwun Ki Lurah” dumadakan Modin saking Dhukuh Sumber ngangkat tanganipun sarwi matur dhateng Ki Lurah.

“Iya Ki Modin” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah “apa ndika ya lagi ngerti iki bab sumpahe leluhure dhewe jaman semana?”.

“Boten makaten Ki Lurah” wangsulanipun Modin Sumber “nanging malah bares mawon, kula kober nggadhahi raos sujana dhateng jengandika, magepokan kalihan kasetyan dhateng sumpahipun para leluhur menika kalihan kabar ingkang kula tampi, jebul kabar kala wau boten leres.”

“nDika krungu kabar apa Ki Modin?” Ki Lurah paring pandangu.

Sedaya mripat ingkang wonten pendhapa gentos tumuju dhateng papanipun Modin Dullah saking Sumber.

“Inggih saderengipun kaparenga Ki Lurah paring pangapunten dhateng kula” Modin Sumber matur malih “jalaran kabar menika kula mirengaken saking katebihan, awit kula boten dipun ajak rembagan kalihan ingkang mbeta kabar kala wau, pramila estunipun langkung prayogi menawi Ki Lurah ndangu dhateng ingkang dipun ajak rembagan utawi malah kepara langkung prayogi malih menawi Ki Lurah ugi kepareng nimbali ingkang mbekta kabar kala wau.”

“Iya Ki Modin” Ki Lurah paring wangsulan “apa sing ndika kandhakne mau arep tak tindakne, ya iku aku arep nakoni wong loro sing rembugan perkara kabar sing ndadekne ndika sujana marang aku kuwi mau, lha mitiurut pangrungu ndika kepiye? Lan sapa wong loro sing ndika karepake kuwi mau?”

“Nyuwun Pangapunten Ki Lurah” Modin Sumber matur malih “kabar menika ingkang mbeta nuwun inggih Ki Batasigar, pruyantun saking Brendhilan ingkang dumuginipun ing Pangapitan mriki ugi sampun kapirsanan dening Ki Lurah, dene ingkang dipun paringi kabar nuwun inggih Ki Bau Sumber, ingkang dinten menika boten dugi ing parepatan menika.”

“Iya, miturut pangrungu ndika, apa sing dikandhakne Ki Batasigar marang Baune Sumber?” Ki Lurah ndangu malih.

“Miturut pamireng kula” Modin Sumber atur wangsulan “Ki Batasigar sampun kaparengaken dening Ki Lurah nyebaraken ngelmi kebatinan lan kanuragan ing Dhusun Pangapitan menika, makarya sesarengan kalihan sedherekipun Ki Lurah inggih Ki Dungkul lan Ki Dhangkal lan kabantu dening siswa-siswanipun. Dene ngelmi kebatinan saha Ngelmi Kanuragan menika, sumberipun saking Padhepokan utawi Paguron Nagalanang ingkang punjeripun ing sacaketing wana Patalan. Kula mireng bilih Ki Bau Sumber inggih lajeng criyos menawi piyambakipun badhe tumut sinau dhateng Ki Batasigar ingkang samangke asring manggen ing Dhukuh Kawisan. Lha ingkang kula gumuni menika, kula mireng kojahipun Ki Batasigar bilih Dhusun Pangapitan samangke sampun boten peranganing Nagari Dalem Kanjeng Panembahan Senapati ing Mataram malih, nanging sampun manunggal kalihan Paguron Nagalanang ingkang anyengkuyung madegipun nagari Majapahit ingkang enggal. Nanging sareng menika kala wau mireng wedharan jengandika Ki Lurah prakawis sumpahipun para leluhur Pangapitan kula lajeng mangertos menawi kabar ingkang kula mirengaken menika cetha menawi kabar ingkang ngayawara. Inggih awit saking menika, sepisan malih kula nyuwun pangaksami lan ngaturaken genging panuwun dhateng Ki Lurah lan kula inggih panggah badhe ngugemi sumpahipun pata leluhur setya dhateng Ngersa Dalem Gusti Panembahan Senapati ingkang jumeneng ing Mataram.”

Ko Lurah boten tumunten paring wangsulan dhateng Modin Sumber. Namung mustakanipun ketingal manggut-manggut, kalihan palarapanipun sakedhap-sakedhap njengkerut, mratandhani menawi nembe menggalih.

“Nuwun sewu Ki Lurah” dumadakan Jagatirta ngrangkep Pala Angon Sumber ugi wicanten kalihan ngangkat tanganipun “kula sakalangkung sarujuk kalihan panyuwunipun Ki Modin kala wau, inggih menika bab murih Ki Lurah tumunten animbali Ki Bau lan Ki Batasigar, jalaran wekdal menika kabar ingkang dipun aturaken Ko Modin kala wau ing Sumber sampun sumebar lan meh sedaya warga sampun sami mireng lan kathah ingkang kapencut dhateng pangajakipun Ki Batasigar”

 

 

(ana candhake)

Selasa, 30 Januari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (37)


 

037.

        Para Bebau inggih para pangarsaning Dhukuh, ugi sampun ketingal sami dugi. Ingkang rumiyin piyambak mesthi kemawon Bebau Krajan, inggih Ki Timbul, ingkang lajeng ngadeg ing sacaketing tlundhagan kangge minggah dhateng Pendhapa saprelu mbagekaken para pamong ingkang nembe dugi lajeng kaaturan minggah lan linggih ing pendhapa. Boten dangu, Bebau Peleman, Bebau Pethek, Bebau Pilang, Bebau Munggur, Bebau Kuncen lan Bebau Ngreca meh sareng anggenipun dugi. Sedaya inggih lajeng minggah lan mapan linggih ing Pendhapa. Para Pamong sanesipun ingkang kados dene para Kebayan, Jagatirta, Jagabaya lan sanes-sanesipun anggenipun dugi ketingal mbanyu mili. Sansaya dalu sansaya kathah ingkang sampun linggih ing joganing pendhapa lan sadaya ingkang wonten mriku, nami saha kalenggahanipun minangka pamong sampun dipun cathet dening Ki Carik ing dlancang minangka paseksen bilih sampun dugi ing parepatan rembag dhusun menika.

        Anyarengi miyosipun Ki Lurah ingkang kadherekaken dening Sukmana lan Ki Palir saking dalem wingking lan lenggah ing Pendhapa, Bebau Punthuk ugi sampun dugi sesarengan kalihan para pamong ingkang saking dhukuhipun.

        “Piye Ki Carik apa adicara wis bisa diwiwiti?” Ki Lurah paring pandangu dhateng Ki Carik.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Ki Carik atur wangsulan “atur uninga, bilih taksih wonten Bebau tiga ingkang dereng dugi, inggih menika Bebau Jambon, Bebau Sumber saha Bebau Kawisan. Makaten ugi pamong sanesipun saking tigang dhukuh menika, saking Jambon pamongipun sampun jangkep dugi sedaya lan kala wau wonten ingkang matur bilih Ki Bau Jambon boten saged dugi awit wonten pambeng, saking Sumber pamongipun ingkang dugi nembe Ki Modin Dulah lan Pala Angon Samirun, saking Kawisan babar pisan dereng wonten ingkang dugi. Menawi saking dhukuh-dhukuh sanesipun miturut paniti kula sedaya sampun jangkep. Samangke borong anggenipin Ki Lurah badhe amiwiti adicara menika.”

        “Yen pancen mangkono” Ki Lurah ketingal radi ngincangaken imbanipun, lajeng paring dhawuh wangsulan dhateng Ki Carik “ya coba dienteni sedhela, barang sapanginang, mbok menawa sing padha durung teka kene kuwi padha isih mlaku ing dalan. Lan para sing wis padha ana kene ndika aturi padha ngrahabi banyu panas lan pala kependhem sing wis diladekne bocah-bocah kalurahan kuwi.”

        “Inggih Ki” atur wangsulanipun Ki Carik ingkang lajeng wicanten dhateng sedaya ingkang wonten ing pendhapa “mangga kanca, sami dipun rahabi menapa ingkang sampun kaladosaken ing ngajeng ndika sami, sawontenipun kemawon kanthi mardika”.

        Kawontenan ing Pendhapa lajeng kepireng tumawon, awit suwantenipun para pamong ingkang sami rerembagan piyambak-piyambak kalihan rencang ingkang wonten ing caketipun.

        “Sajake Baune Kawisan kuwi pancen wis niyat arep mbalela tenan kok” kalih njawil Bebau Pethek ingkang linggihipun pas ing sisih keringipun, Bebau Pilang wicanten ing sacaketing kupingipun Bebau Pethek.

        “Ketingale mila ngoten Kakang” wangsulanipun Bebau Pethek ingkang ugi mawi suwanten lirih “nek Baune Sumber niku kirangan, mergi pamong saking Sumber rak nggih enten sing teka?”

        “Iya Dhi” Bebau Pilang suka wangsulan “nanging tekaa, ya mung Modin karo Jagatirta sing wis tuwa-tuwa ngono lho? Bayan karo Jagabayane ya padha ora teka. Kamangka mau olehe kandha marang awake dhewe rak mung rada kasep tekane ana kene, merga arep mampir pamit menyang Kawisan. Jebul saiki malah ora teka, kathik Bayan karo Jagabayane ya melu ora teka pisan. Lha nek Baune Jambon, mau wis diwarahi Adhi Sukmana ngana kae lan nyatane arepa wonge ora teka nanging pamonge teka kabeh.”

        “Ketingale Baune Kawisan kalih Baune Sumber kenging menapa ta Ki Pilang?” Bebau Ngreca ingkang ugi mireng anggenipun Bebau Pilang lan Bebau Pethek rembagan, awit linggihipun pas ing kananipun Bebau Pilang nrambul rembag pitaken.

        “Kula piyambak nggih boten mudheng kok Ki Bau” wangsulanipun Bebau Pilang “awit ingkang ngabari Baune Kawisan wau rak Ki Bau Peleman, menawi criyose Baune Peleman wau, Baune Kawisan inggih wicanten nek ajeng dugi. Lha nek Baune Sumber wau criyos menawi badhe mampir dhateng Kawisan rumiyin. Niki kalih-kalihipun inggih sami anggenipun dereng napa malah boten dugi sedanten.”

        Bebau Ngreca manggut-manggut, badhe wicanten malih, nanging boten siyos jalaran kepireng Ki Carik ngeplokaken tanganipun, asung sasmita murih sedaya sami kendel anggenipun rerembagan piyambak.

        “Dulur-dulur, gandheng wancinipun sansaya dalu, mangka sinambi ngrantos sedulur ingkang dereng dugi, menika parepatan rembag dhusun badhe dipun wiwiti mathuk menapa boten?” Ki Carik wicanten dhumateng sedaya ingkang wonten ing pendhapa.

        “Nggih, mathuk sanget Ki Carik”

        “Nggih sae niku Ki Carik”

        Tiyang-tiyang sami saur manuk, nayogyani kersanipun Ki Carik.

        “Mangke saderengipun ndika sami ngaturaken prakawis menapa ingkang kedah dipun tandangi dening Dhusun, langkung rumiyin Ki Lurah badhe paring dhawuh bab sejarah tuwin kalinggihanipun Dhusun Pangapitan menika, ingkang makaten menika murih kula lan ndika sami tansah kemutan lelabetanipun para leluhur cikal bakal ingkang ambakali Dhusun papan panggenan kula lan ndika sami pados sandhang lan pangan saha nyekapi kabetahaning gesang menika” Ki Carik wicanten malih sasampunipun kawontenan wangsul anteng “samangke kaparenga Ki Lurah medhar pangandika, nuwun”.

        “Sedulurku kabeh para pamong lan pangembating Desa Pangapitan” Ki Lurah miwiti ngendika “mesthine ndika kabeh wis padha ngrumangsani yen tenane awake dhewe iki kabeh bisa manggon lan golek sandhang pangan sarta kabutuhaning urip liyane ing papan sing jeneng Desa Pangapitan iki mung kari nemu. Ora yasa dhewe. Awake dhewe bisa nemu Desa Pangapitan iki jalaran leluhure dhewe wis ngrekasa yasa Desa iki, mula saiki aku arep takon marang ndika kabeh, minangka turun sing wis ditinggali Desa Pangapitan iki, awake dhewe kudu tansah setya marang apa sing dadi sumpahe para leluhur biyen apa kena mlaku lan tumindak sakarepe dhewe, mung wewaton marang karsa priyanggane?”

        Ki Lurah kendel anggenipun ngendika, ngentosi wangsulan saking para Bebau lan Pamong ingkang mlempak ing Pendhapa menika.  Nanging ngantos radi sawatawis dereng wonten ingkang kumecap atur wangsulan.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” sasampunipun radi sawatawis sepen, Bebau Punthuk ngangkat tanganipun kalihan matur “kula minangka Bebau Punthuk, ingkang sedaya sampun pirsa menawi kula menika Bebau ingkang sepuh piyambak, keparenga atur wangsulan dhateng Ki Lurah magepokan kalihan pandangu kala wau.”

        “Iya, Ki Bau pancen umur ndika kuwi sabarakan karo aku, dadi ya bener nek ndika kuwi kalebu Bebau lan Pamong sing tuwa dhewe ing Pangapitan kene” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah kalihan mesem “saiki coba ndika kandhakne apa sing dadi wangsulan ndika.”

        “Inggih Ki Lurah” Bebau Punthuk wicanten malih “saderengipun kula nyuwun pangapunten mbok bilih mangke atur wangsulan kula lepat, kula suwun Ki Lurah menapa sedherek sanesipun ingkang wonten ing pendhapa mriki kersaa angleresaken.”

        “Iya Ki Bau, diage kandhakna apa sing dadi panemu ndika”

        “Gandheng Bumi Pangapitan menika tilaran saking para leluhur ingkang anggenipun yasa sakalangkung rekaos, nyawa ingkang dados totohanipun, pramila kula nggadhahi pamanggih sedaya ingkang purun manggen ing Pangapitan menika kedah setya dhateng sumpahipun para leluhur” Bebau Punthuk nglajengaken aturipun “lan sok sintena ingkang manggen ing Pangapitan mriki langkung remen nggega karsa priyangga, kamangka cengkah kalihan sumpahipun para leluhur, mangka tiyang menika boten pantes gesang ing Pangapitan menika.”.

        “Mangkono panemune Ki Bau Punthuk?” Ki Lurah paring wangsulan ingkang kalajengaken paring pandangu malih dhateng sedaya ingkang wonten mriku “saiki sapa sing nduweni panemu beda karo panemune Ki Bau Punthuk iki? Aja rikuh lan aja pakewuh ndika ngacung wae lan ndika kandhakne apa sing dadi panemu saka ndika?!?”

        Kawontenan dados sidhem malih, boten wonten ingkang ngacung utawi wicanten menapa-menapa. Nanging Ki Lurah boten tumunten ngendika malih, ngentosi mbok menawi wonten ingkang badhe wicanten ngaturaken pamanggihipun.

        “Nuwun sewu lan nyuwun pangapunten Ki Lurah” sareng kawontenan dados sidhem, dumadakan Bebau Kuncen ingkang umuripun taksih nem lan kenging kawastanan Bebau ingkang anem piyambak ing Pangapitan, ngacungaken tanganipun kalihan wicanten. Sedaya mripat ingkang wonten ing pendhapa lajeng sami ningali prenahipun Bebau Kuncen.

        “Iya Ki Bau Kuncen” Ki Lurah radi kejot nanging sinamudana, lajeng paring wangsulan lan pandangu “ndika duwe panemu apa?  Coba ndika kandhakne sing cetha!”.

        “Boten nggadhahi pamanggih Ki Lurah” Bebau Kuncen kebat anggenipun atur wangsulan “namung badhe nyuwun pirsa, jalaran mila kula inggih dereng mangertos saestu”.

        “nDika arep takon bab apa magepokan karo sing tak kandhakne lan panemune Ki Bau Punthuk iki mau, Ki Bau?” Ki Lurah mundhut pirsa.

 

 

(ana candhake)

 

 

 

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (36)


 

036.

        Bebau Pilang gumujeng radi sora, ndadosaken Bebau Pethek mireng mila lajeng nggelak kapalipun kangge njejeri kapalipun Bebau Pilang. Lurung ingkang boten patos wiyar menika dipun kebaki dening tiyang tiga ingkang kekapalan, dados saupami saking ngajeng wonten tiyang ingkang ugi nunggang kapal badhe boten saged simpangan.

        “Lha iki kok malah padha jejer-jejer ngebaki dalan ta?” Sukmana grenengan ingkang ugi dipun mirengaken dening Bebau kalih ingkang wonten sisih keringipun menika “iki mengko nek ana wong liwat nggiring kebone rak sida ora bisa liwat”.

        “Nanging ing wanci-wanci makaten menika boten wancinipun tiyang nggereg maesa saking paguyangan kok Dhi” ingkang wangsulan Bebau Pilang “anu ngambali kala wau lho, tujunipun Adhi Sukmana wonten lan tumunten ngendika, upami boten wonten rak sampun dados pasulayan antawisipun kula lan Adhi Pethek kalihan Baune Jambon, tiyang kula kekalih sampun getem-getem dhateng sok sintena ingkang sampun ngempal kalihan tiyang-tiyang Paguron Nagalanang”.

        “Lha ndika napa getun kalih sing kula kandhakne dhateng Ki Bau Jambon kala wau ta Baune?” Sukmana gentos taken.

        “Boten makaten Adhi” wangsulanipun Bebau Pilang “malah kula matur nuwun dhateng ndika adhi Sukmana, jebul kula ingkang sampun tuwek niki, kawon nalar kalih adhi Sukmana ingkang kanthi gampil ngrampungaken prakawis kanthi mawi tembung ingkang sareh nanging nandhes lan mikolehi.”

        “Lha gajegipun Bapa Lurah menika rak sampun wongsal-wangsul paring pitedah dhateng sedaya pamong ing Pangapitan mriki ta Ki Bau?” Sukmana suka wangsulan kalihan mesem “sedaya prakawis menika manawi taksih saged dipun rampungaken mawi rembag inggih anggenipun ngrampungaken kedah mawi rembag, boten kengin migunakaken sanesipun. Menapa malih kala wau Ki Bau Jambon ugi boten nyebat sinten gurunipun menika sinten. Nanging ndika ketingal meh kemawon ndakwa menawi gurunipun Ki Bau Jambon menika menawi dede Ki Batasigar inggih Paman Dungkul rak makaten ta?, Pramila kula lajeng mbudidaya murih saged netepi ungeling paribasan, bisa kenaa iwake nanging aja nganti buket banyune, ngaten Ki Bau”.

        “Inggih mila leres makaten Adhi” wangsulanipun Bebau Pilang “nanging gandheng nalar kula ingkang dhedhel kekathahen betah menika, mbok menawi ingkang njalari kula supe dhateng pitedahipun ingkang Bapa, Ki Lurah Pangapitan.”

        “Inggih boten makaten Ki Bau” Sukmana gentos suka wangsulan “ndika supe kala wau awit kabekta saking taksih wonten raos anyel jalaran nembe kemawon grejegan kalihan Ki Bau ing Kawisan. Menapa boten makaten?”

        Bebau Pilang boten wangsulan malih, malah lajeng narik lising kapal ingkang dipun tunggangi temah radi alon lampahipun. Lurung ingkang kala wau dipun kebaki dening kapal ingkang jejer tiga, wangsul radi longgar malih. Bebau Pethek ugi tanggap. Lajeng tumut niru lekasipun Bebau Pilang. Samangke tiyang tiga menika anggenipun kekapalan iring-iringan. Sukmana ingkang manggen ing ngajeng piyambak, kasusul Bebau Pilang lan ingkang wingking piyambak Bebau Pethek.

        Nalika lampahipun tiyang tiga menika dumugi margi protigan Ngapit, Bebau Pethek lan Bebau Pilang nglajengaken lampahing kapalipun bablas badhe wangsul dhateng Dhukuhipun piyambak-piyambak, badhe ngrampungaken jejibahanipun nindakaken dhawuh saking Ki Lurah, parentah dhateng para pamong ing dhukuhipun lan nyiyagakaken para sapukawat lan sinoman murih baris pendhem ing sacaketing kalurahan. Sukmana menggok nganan badhe mampir dhateng griyanipun Bebau Krajan, saderengipun wangsul dhateng Kalurahan ngaturaken wohing dinuta dhateng tiyang sepuhipun, inggih Ki Lurah Pangapitan. Nalika samanten wekdalipun taksih siyang, sanaosa srengenge sampun ngglewang mangilen nanging taksih tebih saking cakrawala ngandhap sisih kilen, taksih watawis setunggal genter inggilipun.

        Nalika Sukmana dumugi griya, sedaya warga Dalem Kalurahan ketingal sami repot piyambak-piyambak. Ki Palir kabiyantu dening para rewang ketingal nata diyan-diyan lan ting ingkang badhe kangge madhangi pendhapa saha plataran Kalurahan.  Rewang sanesipun sami nata gelaran tikar kangge lenggahipun para Bebau lan Pamong mangke ing joganing pendhapa. Ing pawon para tiyang estri sami ocal-ocal tetedhan, nyawisaken pasegahan dhateng para ingkang badhe ndumugeni parepatan Akad Legen ingkang wekdalipun dipun majengaken mangke dalu menika.

        Sukmana inggih lajeng manggihi tiyang sepuhipun ing dalem wingking, ngaturaken sedaya wangsulanipun para Bebau ingkang dipun purugi kalihan Bebau Pilang lan Bebau Pethek. Kalebet ngaturaken wangsulanipun Bebau Sumber ingkang duginipun radi randhat awit badhe pamitan dhateng Ki Dungkul ingkang ngawontenaken pepanggihan ing Kawisan. Kajawi menika Sukmana ugi mamitaken Bebau Jambon ingkang wonten Pambeng awit katimbalan dening gurunipun, ugi ngaturaken kasagahanipun Bebau Jambon bilih benjing enjing badhe sowan ing ngarsanipun Ki Lurah ngaturaken sedaya ingkang dipun rembag kalihan gurunipun ingkang wonten sesambetanipun kalihan Dhusun Pangapitan.

        “Yen ngrungokne critamu kuwi, katone Bebau Sumber lan Bebau Jambon kuwi wis wiwit kasengsem marang pangajake Pamanmu Dungkul lan kanca-kancane” ngendikanipun Ki Lurah sasampunipun Sukmana rampung anggenipun matur “nanging sajake durung padha kebacut, ketitik isih padha eling marang kalungguhan lan jejere minangka Bebau sing kebawah dening Kalurahan Pangapitan. Ya muga-muga wae isih padha bisa dielingne, luwih-luwih Bebau Jambon sing wis nyaguhi yen sesuk esuk bakal nemoni aku lan nyritakne apa sing dirembug karo gurune kuwi, sing kira-kira ya Dungkul utawa Batasigar.”

        “Kula kinten inggih makaten Bapa” Sukmana matur “inggih mugi-mugi kemawon sedaya ingkang sampun dipun bujuk dening Paman Dungkul lan rencangipun, tumunten kaparingan emut lan taksih saged dipun emutaken.”

        “Ya muga-muga wae mangkono Sukmana” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah.

        “Nuwun sewu Bapa” Sukmana matur malih “menapa sampun wonten kabar saking Ki Bau Peleman prakawis anggenipun manggihi Ki Bau Kawisan?”

        “Ya, pancen Bebau Kawisan kuwi nyata julig lan mbutuhake kawigaten mirunggan” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah kalihan unjal napas landhung.

        “Liripun kados pundi Bapa?”

        “Mau Bebau Peleman wis teka kene maneh” dhawuhipun Ki Lurah malih “nglapurake menawa wis teka menyang omahe Bebau Kawisan. Sawise dikabari nek Parepatan Akad Legen dimajokne dadi mengko bengi, Bebau Kawisan ora guneman apa-apa kajaba mung wangsulan ngiyani. Nanging Bebau Peleman weruh yen kahanan Dhukuh Kawisan ana owah-owahan kang beda karo dhukuh-dhukuh liyane, ya kuwi saben omah katon padha yasa granggang sing dicawisake ing keringing omah. Kajaba kuwi, nalika Bebau teka ing omahe Bebau Kawisan, ing omahe Bebau Kawisan kuwi akeh banget gegaman lan pirantining perang, kaya dene Pedhang, Tumbak, Golok, Clurit lan sapanunggalane. Lan ing pekarangane Bebau Kawisan akeh para sapukawat lan sinoman sing katone lagi wae padha gladhen ulah kanuragan. Nanging Bebau Peleman ora guneman apa-apa marang Bebau Kawisan sing ana sambunge karo sing diweruhi. Mula banjur dadi gagasan, apa karepe Bebau Kawisan iki? Yen digandhengne karo sing dikabarake dening Bebau Pethek apa dene Bebau Pilang akeh benere manawa Bebau Kawisan wis duwe lekas arep wani marang aku lan arep mbudidaya murih Pangapitan misah saka Mataram lan manunggal karo Paguron Nagalanang sing mbalela marang Mataram.”

        “Lajeng kados pundi anggenipun nyikepi lekasipun Bebau Kawisan ingkang makaten menika Bapa?” Sukmana matur nyuwun pirsa.

        “Yen pancen wis cetha nek Bebau Kawisan mbalela ya kudu ditandangi, dirangket lan dipidana jumbuh karo dosane” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah “yen prelu mengko ing Parepatan Rembug Desa Akad Legen iki, Bebau Kawisan bakal tak tanting apa sing dikarepake, bakal panggah setya marang Pangapitan sing ateges isih setya marang Mataram apa nedya nurut lekase wong-wong Paguron Nagalanang sing nyata-nyata wani mbalela marang Mataram lan arep nyengkuyung madege kraton anyar sing mung ana angen-angene wong sing ora bisa nampa kahanan lan kanyatan. Kanthi mangkono bisa katon sapa sing isih setya marang Pangapitan lan sapa sing wis katut melu pambujuke wong-wong Nagalanang.”

        Sasampunipun paring dhawuh makaten menika kala wau, Ki Lurah lajeng dhawuh dhateng Sukmana murih tata-tata kangge ndherek pepanggihan ing adicara Rembug Desa mangke dalu. Sukmana inggih lajeng mundur saking dalem wingking badhe tata-tata.

        Boten dangu sasampunipun srengenge serap, kawontenan ing Kalurahan Pangapitan ketingal reja. Kathahing diyan ingkang dipun pasang ing Pendhapa sarta ting-ting ingkang dipun seleh ing Pekarangan ndadosaken kawontenan padhang meh kados ing wanci rahina kemawon. Lare-lare alit kathah ingkang sami dolanan ing plataran Kalurahan, kados dene gobag sodor, dhelikan, playon lan sapiturutipun. Sadaya ketingal remen kanthi manah ingkang mardika. Nanging lare-lare kala wau lajeng sami nyingkir sareng para pamong saking dhukuh-dhukuh sa Pangapitan sami dugi. Pamong-pamong kala wau sami macak besus, lajeng sami minggah ing pendhapa mapan linggih ing tikar ingkang sampun dipun gelar.

 

 

(ana candhake)

   

 

 

 

Senin, 29 Januari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (35)


 

035.

        Boten dangu ing griyanipun Bebau Punthuk tiyang tiga ingkang dados utusanipun Ki Lurah Pangapitan menika inggih lajeng nutugaken anggenipun ngayahi jejibahan. Ngabari para Bebau sanesipun bilih parepatan Rembug Dhusun utawi adicara parepatan Akad Legen dipun majengaken mangke dalu.

        Sedaya Bebau inggih sampun nyagahi dhawuh saking Ki Lurah Pangapitan bilih mangke dalu badhe nganthi sadaya Pamong ingkang wonten ing dhukuhipun andugeni parepatan rembug dhusun menika. Namung Bebau ing Sumber ingkang criyos bilih anggenipun dugi mangke dalu menika radi kasep. Lan Bebau ing Jambon taksih dereng saged suka wangsulan ingkang gumathok.

        “Nek pancen Ki Lurah ngersakne adicara Akad Legen dimajokne dadi mengko bengi, aku ya ndherek wae Ki Pilang lan Ki Pethek” makaten wicantenipun Bebau Sumber “sapungkur ndika mengko aku ya mesthi banjur aweh kabar marang Para pamong sing ana ing Sumber kene. Mung wae, aku nyuwun tulung mengko aturna Ki Lurah, nek anggonku teka mbok menawa rada kasep, jalaran aku wis kadhung nyaguhi nekani sedhahan saka Ki Batasigar lan Ki Dungkul ing Kawisan, dadi aku mengko sadurunge menyang Kalurahan mampir dhisik menyang Kawisan tak pamit marang Ki Batasigar lan Ki Dungkul”.

        “Iya Ki Sumber” wangsulanipun Bebau Pilang, kalihan nggagas nginten manawi Bebau Sumber sampun katut dhateng pangajakipun Bebau Kawisan, manunggal dhateng Paguron Nagalanang, nanging Bebau Pilang inggih boten wicanten menapa-menapa sasampunipun dipun kedhepi dening Sukmana murih boten wicanten kathah-kathah “weling ndika mengko bakal tak aturne marang Ki Lurah”.

        Nalika Sukmana, Bebau Pilang lan Bebau Pethek pamitan badhe nglajengaken lampah, Bebau Sumber anggenipun nguntabaken inggih ngantos dumugi regol ngajeng.

        Benten kalihan wangsulanipun Bebau ing Jambon, ingkang anggenipun murugi sasampunipun tiyang tiga kala wau nilaraken griyanipun Bebau Sumber.

        “Piye ya Ki Pilang lan Ki Pethek?” makaten anggenipun suka wangsulan Bebahu Jambon dhateng Bebau Pilang lan Bebau Pethek “satemene nek Ki Lurah ngersakne adicara Akad Legen iki dimajokne dadi mengko bengi kuwi ya apik-apik wae. Nanging ya gene kok dadakan ngono lho? Dhawuh kok kaya sak deg, sak nyet, kuwi rak ndadekne sing didhawuhi rada gedandaban ta Ki?”

        “Nampa dhawuh saka dhuwurane kok gedandaban ta Ki Jambon?” Bebau Pilang suka wangsulan “gajege awake dhewe biyen sadurunge dikukuhne dadi Bebau, wis tau nyaguhi jejibahan bakal leladi marang desa sawayah-wayah. Kamangka nekani parepatan Akad Legen iki kalebu peranganing kuwajibane Bebau. Rak ya ngono ta Ki Jambon? Ya gene bisa gedandaban?”.

        Mireng wangsulanipun Bebau Pilang makaten menika, Sukmana tumunten suka sasmita murih Bebau Pilang sampun kesangeten anggenipun wicanten. Sampun ngantos ndadosaken sulaya ing rembag kalihan Bebau Jambon.

        “Pancen nek diparakne neng rembug ndika kuwi, ndika bener Ki Pilang” tujunipun Bebau Jambon inggih lajeng nglenggana lan suka wangsulan kalihan suwanten ingkang sareh “nanging, kaya awake dhewe iki rak ya duwe urusan liyane barang ta Ki Pilang? Kaya mengko bengi kuwi, aku wis nduweni kesaguhan marang Guruku sing banget tak ajeni nek aku arep sowan ing ngarsane merga aku ditimbali supaya marak. Lha nek adicara Akad Legen kanthi dadakan dimajokne dadi mengko bengi, kuwi rak ndadekne aku bingung. Kamangka minangka Bebau ing Jambon sing kebawah prentah Desa Pangapitan, aku wajib nekani Parepatan Akad Legen iki, awit cetha nek aku iki kebawah dening Ki Lurah. Nanging nek aku ora nuhoni dhawuh timbalane Guruku, aku wedi nek nganti kena walat, priye nek ngene iki Ki Pilang?”

        Bebau Pilang ingkang sampun nggadhahi panginten awon dhateng Bebau Jambon, inggih menika kakinten menawi Guru ingkang dipun kajengaken dening Bebau Jambon menika menawi dede Ki Dungkul mesthi Ki Batasigar, ketingal menawi manahipun wiwit benter. Ketingal praupanipun wiwit mbrabak abrit lan tanganipun dipun kepelaken. Makaten ugi kalihan Bebau Pethek, mripatipun ketingal murup.

        “Nyuwun Pangapunten Ki Bau” nanging dereng ngantos Bebau Pilang menapa dene Bebau Pethek wicanten, Sukmana ngrumiyini wicanten dhateng Bebau Jambon.

        “Inggih, kados pundi Adhi Sukmana?” Bebau Jambon suka wangsulan lan pitaken ingkang menapa ingkang dipun kajengaken Sukmana.

        “Menawi purun ngalab pamanggih kula” Sukmana wicanten malih “prakawis menika sampun dipun damel awrat anggenipun nggagas, dados boten sisah ngantos bingung menapa……”

        “Kok saged makaten liripun kados pundi ta Dhi?” Bebau Jambon kalihan suwanten renyah pitaken “kula menika sak niki estu bingung lho Dhi? Bingung kaworan sumelang, sumelang kuwalat dhateng Guru nanging ugi sumelang nampi dukanipun nginggilan inggih keng Bapa ingkang dados pangarsaning Dhusun Pangapitan menika”.

        “Mila saking menika, kula tawa pamanggih dhateng Ki Bau, mbok bilih purun ngengge dene menawi boten purun lan Ki Bau milih nglajengaken anggenipun bingung lan sumelang inggih sumangga”  wangsulanipun Sukmana kalihan mesem.

        Boten namung Bebau Jambon kemawon ingkang ketingal dereng mudheng dhateng wicantenipun Sukmana, sanadyan Bebau Pilang lan Bebau Pethek, inggih sami-sami ketingal gumun.

        “Makaten Ki Bau” Sukmana lajeng wicanten malih “nggen kula criyos dhateng ndika menika, kula minangka putranipun Bapa Lurah Pangapitan. Dados inggih sampun ndika tampi kados wicantenipun lare dolan, purun menapa boten Ki Bau?”

        “Mesthi kemawon kula purun ta Dhi” wangsulanipun Bebau Jambon sareh “tiyang kula inggih mangertos menawi Adhi Sukmana menika asring kadhawuhan dening Ki Lurah anyulihi nindakaken padamelan ingkang dados jejibahanipun Ki Lurah.”

        “Menawi makaten” Sukmana nglajengaken anggenipun wicanten “mila leres menawi Pamong utawi Warga Dhusun Pangapitan menika ngantos wantun ndaga dhawuhipun Ki Lurah magepokan kalihan tata reh paprentahan, sami kemawon sampun wani nantang dhateng Ki Lurah lan pantes nampi pidananing Dhusun. Kalebet dugi ing parepatan Ahad Legen menika. Nanging, ndika nggih kedah emut, boten sedaya pamong ingkang boten dugi ing Parepatan Akad Legen menika sabab linandhesan raos wantun nantang dhawuhipun Ki Lurah, nanging ugi wonten ingkang jalaran wonten pambeng ingkang saged katampi dening nalar lan mila inggih awit wonten pambeng saestu. Kados upaminipun pamong ingkang nembe sakit, utawi kulawarganipun wonten ingkang sakit lan mbetahaken dipun tenggani. Lan menawi dalu mangke ndika sampun kelajeng nyagahi dhawuhipun Guru ndika, menika ugi saged kalebetaken pambeng, namung kemawon……”

        “Namung kemawon pripun Dhi?” kanthi suwanten ingkang groyok nanging kawewahan ulat ingkang wiwit bingar Bebau Jambon nyela rembag, pitaken.

        “Sepisan ndika kedah marentahaken sedaya Pamong ing Jambon murih ndugeni parepatan Akad Legen ingkang wekdalipun dipun majengaken dados mangke dalu menika” Sukmana wicanten malih “Kaping kalih benjing enjing menawi ndika sampun sowan ing ngarsanipun Guru ndika, ndika kedah sowan ing ngarsanipun Ki Lurah saprelu asok kalepatan awit boten saged ndugeni parepatan Akad Legen, lajeng ngaturaken menapa ingkang dipun rembag dening Guru ndika kalihan ndika lan sedherek-sedherek tunggal sapaguron ing pepanggihan menika mangke, menika menawi wonten rembag ingkang magepokan kalihan Dhusun utawi warga Pangapitan menawi prakawis sanesipun ingkang boten wonten sambetipun kalihan Dhusun utawi warga Pangapitan, boten ndika aturaken dhateng Ki Lurah inggih boten menapa-menapa.”

        “Inggih Adhi, kula sampun mangertos kalihan ingkang Adhi Sukmana dhawuhaken” Bebau Jambon nigas rembag malih.

        “Salajengipun mangke kula ingkang badhe ngaturaken sedaya menika dhateng Bapa” Sukmana nutugaken anggenipun wicanten, “nanging……”

        “Nanging kados pundi malih Adhi?” Bebau Jambon pitaken.

        “Nanging ndika kedah saestu anetepi ingkang kula criyosaken kalih prakawis kala wau” wangsulanipun Sukmana “menawi ndika jebul lamis, boten nindakaken kalih prakawis kasebat, mangka dede sinten-sinten ingkang badhe tumandang, kula piyambak ingkang badhe mandhegani para sapukawating dhusun, ngrangket lan ngendharat ndika kalebetaken ing pakunjaran. Awit sampun  cetha menawi ndika sampun wantun murang tata lan sampun ngremehaken kapitadosan ingkang ndika tampi saking Ki Lurah lumantar kula menika. Kados pundi?”

        “Inggih Adhi” Bebau Jambon suka wangsulan “sedaya dhawuhipun Adhi Sukmana badhe kula tindakaken”.

        Bebau Pilang menapa dene Bebau Pethek manthuk-manthuk, mireng wangsulanipun Bebau Jambon dhateng Sukmana ingkang makaten kala wau. Gandheng sedaya Bebau ing Pangapitan sampun dipun kabari lan Bebau Jambon menika ingkang pungkasan, pramila tiyang tiga menika inggih lajeng pamitan wangsul. Kanthi praupan ingkang bingar nedahaken menawi manahipun kalegan, Bebau Jambon nguntabaken wangsulipun Bebau Pilang, Bebau Pethek lan Sukmana ngantos dumugi regol ngajeng.

        “Kula ngaturaken genging panuwun saestu lho Dhi” sareng sampun radi tebih nilaraken griyanipun Bebau Jambon, Bebau Pilang nyaketaken kapalipun ingkang dipun tunggangi dhateng kapalipun Sukmana kalihan wicanten.

        “Ngaturaken panuwun ing prakawis menapa ta Ki Bau?” wangsulanipun Sukmana kalihan pitakenan.

 

 

(ana candhake)

Jumat, 26 Januari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (34)


 

034.

        “Salajengipun” Bebau Pilang nglajengaken anggenipun cariyos “Ki Bau Pethek lan rencang-rencangipun kula ajak wangsul dhateng griya, saprelu ngrembag lekasipun Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan. Amargi Ki Bau Pethek kuwatos menawi lekasipun Ki Bau lan Jagabaya Kawisan mila sampun pikantuk palilah saking Ki Lurah, pramila enjing wau Ki Bau Pethek kula ajak manggihi Ki Bau Peleman. Dening Ki Bau Peleman, kula kekalih dipun ajak sowan lan nyuwun pitedah dhateng Ki Lurah”.

        Ki Lurah Pangapitan ketingal menawi santer lampahing penggalihipun. Ketitik sanaosa anggenipun cariyos Bebau Pilang sampun rampung nanging boten tumuli dipun tanggapi. Malah Ki Lurah ketingal lajeng tumungkul, palarapanipun ketingal njengkerut. Tiyang-tiyang sampun sami tanggap ugi sami mangertosi menawi panggalihipun Ki Lurah nembe ruwet. Nanging tiyang-tiyang menika boten mangertos lampahing penggalihipun Ki Lurah. Wasana tiyang-tiyang menika lajeng kendel boten wantun kumecap, namung ngrantos dhawuh saking Ki Lurah.

        “Hm……” sareng sampun sawatawis anggenipun kendel, Ki Lurah lajeng unjal ambegan landhung, lajeng ngunandika alon “babar pisan aku ora nyana, jebul wis adoh laku sing ditempuh dening Dungkul lan wong-wong Padhepokan Nagalanang kanggo ngorak-arik Desaku iki”.

        Mireng pangunandikanipun Ki Lurah makaten menika, tiyang-tiyang inggih lajeng sami sawang-sawangan sesamining rencang, boten wonten ingkang wantun atur pamanggih, awit inggih boten gadhah atur ingkang sakintenipun jumbuh kalihan lampahing penggalihipun Ki Lurah.

        “Nuwun sewu Kakang” dumadakan Ki Palir wicanten alon.

        “Iya, piye Dhi?” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah paring sasmita murih Ki Palir ngaturaken rerigen.

        “Saestu kula tumut rumaos dosa dhateng Pangapitan, menapa dene dhateng Kakang Lurah” Ki Palir lajeng matur “ingkang sepisan, jalaran duginipun Kakang Dungkul ing Pangapitan rumiyin sesarengan kalihan kula lajeng sasampunipun jengandika paringi griya, panggenan kula cecaketan kalihan panggenanipun Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal, ewa samanten kabekta saking anggen kula kasengsem ngraosaken legining rejeki peparing jengandika, ketungkul nggagas lan nggarap pategilan lan sabin,  kula lajeng tledhor temah boten mangertos menawi kadang-kadang kula menika jebul satru munggweng cangklakan. Sanaosa makaten, sanaosa sampun radi kasep, kula kepengin sanget nebus dosa lan ndandosi kalepatan kula kala wau, awit saking menika mugi Kakang Lurah kepareng nuntun kula murih kula tumunten saged nebus dosa lan ndandosi kalepatan menika.”

        “Ngene ya Dhi” Ki Lurah paring wangsulan “awakmu aja kaduk ati rumangsa luput ngono kuwi. Merga nek sing dipetung lupute, kuwi kabeh kanggonan luput, luwih-luwih aku sing wis gelem dadi pangarepe wong sadesa Pangapitan iki. Nanging nek perkara luput iki digedhek-gedhekne bakal ora becik kedadeane. Sing baku, wong-wong sing isih duwe kasetyan marang Desa Pangapitan iki kudu tumuli nyawiji ing panemu, banjur bareng tumandang murih Pangapitan rahayu saka sakehing godha rencana.”

        “Nuwun sewu Ki Lurah” Bebau Pethek munjuk atur “sak niki sampun cetha menawi Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan sampun mbalela awit nuruti pangajakipun Ki Dungkul, menapa boten langkung prayogi menawi tiyang kalih menika tumunten dipun rangket lan dipun kunjara, makaten ugi Ki Dungkul sarta tiyang-tiyang ingkang ngaken minangka siswa saking Paguron Nagalanang ingkang sampun cetha badhe mbalela dhateng Mataram menika?”

        “Inggih Ki Lurah” Bebau Pilang numpangi rembag “kula sarujuk kalihan aturipun Adhi Bebau Pethek menika. Awit menawi boten tumunten dipun rangket, kula kuwatos selak sansaya kathah Bebau lan Pamong ing Pangapitan ingkang kenging kabujuk dening Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan. Lan kula ugi kuwatos, menawi ngantos Ki Dungkul ngundang rencang-rencangipun kanthi sesidheman mlebet dhateng Pangapitan lan damel kisruh.”

        “Aja grusa-grusu Ki Bau” Ki Lurah paring wangsulan “kabeh kudu digagas sing dawa, aja nganti merga kesusu tumandang wekasan dadi kebat kliwat. Ora ngrampungake prakara malah sansaya ngambra-ambra”.

        “Lajeng kersanipun Ki Lurah kados pundi?” Bebau Peleman ingkang gentos matur “kaparenga paring dhawuh, menapa ingkang kedah kula lampahi murih kawontenan ing Pangapitan tumunten saged tentrem malih?”

        “Saiki ngene wae” Ki Lurah lajeng paring dhawuh “suk Ngahad kuwi rak dina Ngahad Legi ta?. Dina rembug desa saben selapan, ing rembug desa mengko prakara iki bakal tak bukak lan dadi rembug, kanthi mangkono bakal luwih gampang anggone ngudhari prekara sing ruwet iki. Mung wae, gandheng karo kahanan, rembug desa Ngahad Legen iki bakal tak majokne mengko bengi.”

        “Mangke dalu Bapa?” Sukmana nyela rembag, nyuwun pirsa.

        “Bener Sukmana” Ki Lurah paring wangsulan “Mula saiki uga ayo andum gawe, Kowe karo Ki Bau Pilang lan Ki Bau Pethek, mubenga. Para Bebau sa Pangapitan padha kabarana yen adicara Rembug Desa dianakne mengko bengi, kabeh Bebau supaya padha teka karo nganthi kabeh Pamong ing Padhukuhane dhewe-dhewe.”

        “Inggih Bapa sendika ngestokaken dhawuh” Sukmana atur wangsulan.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Bebau Pilang munjuk atur.

        “Iya, piye Ki Bau?”

        “Menapa kalebet Ki Bau Kawisan?” Bebau Pilang nyuwun pirsa.

        “He he he iya Ki Bau” Ki Lurah paring wangsulan kalihan gumujeng alon “prentahku mau durung rampung, mligi kanggo Bebau Kawisan aja ndika apa Sukmana sing ngabari, nanging kareben Ki Bau ing Peleman wae”.

        “Inggih Ki Lurah sendika ngestokaken dhawuh” kebat Bebau Peleman atur wangsulan.

        “Lan ana wuwuhan prentah marang ndika Ki Bau Pilang, Pethek lan Peleman” Ki Lurah nutugaken anggenipun paring dhawuh “kajaba nganthi para pamong sing ana dhukuh ndika, aja ngawistarani padha ndika siyagakne sinoman lan sapukawat saka dhukuh ndika, padha parentahna murih siyaga gegaman lan nganakne baris pendhem ing sakupenge Dalem Kalurahan, kanggo njagani menawa ana apa-apa.”

        “Inggih Ki Lurah, boten langkung inggih sendika” nyulihi Bebau Pilang lan Bebau Pethek, Bebau Peleman atur wangsulan.

        Sukmana lan Para Bebau ingkang wonten ing Pringgitan menika lajeng sami nyuwun pamit bidhal nindakaken dhawuhipun Ki Lurah.

        Sasampunipun dumugi jawi, Bebau Peleman inggih lajeng mendhet kapalipun dipun cengklaki badhe dhateng Kawisan. Sukmana, Bebau Pilang lan Bebau Pethek sami rerembagan, bidhal ijen-ijen andum ingkang badhe dipun purugi menapa bidhal sareng sedaya dipun purugi tiyang tiga.

        “Ingkang dipun purugi rak kantun nem panggenan ta Dhi?” Bebau Pethek pitaken dhateng Sukmana.

        “Lha inggih ta Ki Bau” Sumana suka wangsulan “Dhukuh ing Pangapitan menika sedaya rak cacah sedasa, sewelas sak Dhukuh Krajan. Ingkang sampun boten prelu dipun kabari sampun wonten tiga, lajeng ingkang ngabari Bebau ing Kawisan Ki Bau Peleman, Bebau Krajan mangke saged dipun ampiri. Dados nggih leres kantun nem dhukuh. Punthuk, Ngreca, Jambon, Sumber, Kuncen lan Munggur.”

        “Nuwun sewu nggih Dhi” Bebau Pethek wicanten malih “kula kok taksih radi njit-njiten ta Dhi, menawi badhe kepanggih kalihan kanca-kanca Bebau, menawi ijen sami ijen?. Wewayanganipun Ki Bau Kawisan kala wingi enjing ingkang badhe kerengan kalihan Kakang Bau Pilang menika taksih kumanthil-kanthil ing mripat kula”.

        “Menapa kula piyambak kemawon ingkang ngaturi Bebau-bebau ing nem Dhukuh menika?”  Sukmana pitaken kalihan mesem “ndika kalih Ki Bau Pilang wangsul kemawon?”.

        “Boten Dhi” ingkang wangsulan malah Bebau Pilang “kajawi menika dhawuh saking Ki Lurah, kula inggih kepengin kepanggih kadang-kadang Bebau sanesipun, kajawi Bebau Kawisan ingkang sampun dipurugi Ki Bau Peleman”.

        “Estunipun kula inggih kepengin kepanggih kanca-kanca Bebau sanesipun Dhi” Bebau Pethek wicanten malih “nanging pengin kula wontena rencangipun”.

        “Lha nek ngoten nggih awake piyambak, tiyang tiga niki mlampah sareng mawon” Sukmana wangsulan kalih mesem sansaya wiyar “dados saben Bebau dipurugi tiyang tiga.”

        “Inggih Dhi. Saenipun mila makaten kemawon” Bebau Pilang gentos wicanten “mumpung taksih wonten wekdal, mangga tumunten bidhal samenika kemawon”.

        Tiyang tiga tumunten minggah dhateng gigiring kapalipun piyambak-piyambak. Dipun wiwiti saking ler, ingkang dipun panggihi rumiyin piyambak Bebau ing Punthuk. Bebau ingkang sampun radi sepuh, nanging  taksih katingal njenthara menika, wicanten blaka menawi radi kaget, boten padatan Ki Lurah majengaken adicara Rembug Dhusun malem Ngahad Legen, mila lajeng pitaken wonten menapa?.

        “Boten wonten menapa-menapa kok Ki Bau” gandheng Bebau Pilang lan Bebau Pethek boten saged nyukani wangsulan, lajeng Sukmana ingkang mangsuli pitakenipun Bebau Punthuk inggih Ki Sukidi “namung benjing malem Ngahad Legi menika anyarengi Paman Palir ngawontenaken wilujengan ing griyanipun, nengeri anggenipun Boyong dhateng Pangapitan, tiyang samangke Bibi Tandur semahipun Paman Palir sampun dugi lan badhe ndherek gesang ing Pangapitan”.

        “Ooo, sokur ta Dhi, menawi makaten mangke dalu sedaya pamong ing Punthuk kula ajake sowan dhateng Pendhapa Kalurahan.”

 

 

(ana candhake)

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...