Total Tayangan Halaman

Jumat, 22 April 2022

33.

Sapungkure Ustadz Mahfudzi, gageyan mBok Sadikem karo Waginem mbalik arep mlebu omah maneh, nanging dadi kandheg bareng ngerti ana mobi liyane sing nyedhaki panggonane ngadeg. Mobil kuwi malah banjur mandheg lan lampune dipateni, disusul sing numpaki mbukak lawange banjur mudhun, banjur mlaku nyedhaki wong loro sing isih kanthi panyawang kebak pitakonan nguwasi wong sing lagi teka kuwi.

 

"Kula nuwun" Munir alok sapa aruh luwih dhisik dibanjurne karo pitakon minangka abang-abanging lambe "ketingale menas wonten tamu saking tebih nggih Mak?".

 

"Oalaah panjenengan ta Gus?" mBok Sadikem wangsulan nuduhne nek lagi ngerti marang sapa sing lagoi teka kuwi "kula wastani sinten? Boten kok, anu Bu Ustadz Pak Karmudi sing daleme Perumahan ler mriku niku lho".

 

"Simbok ki kok?" Waginem nyendhu simboke, nanging nganggo suwara sing karo ngguyu "nyebut asmane wong sakepenake lho?. Bu Ustadz utawa Ustadzah ngono wae wis cukup kok, malah nganggo tambahan Pak barang? Gek asmane Ustadz kae Ustadz Mahfudzi ya mBok? ora Karmudi".

 

"Arep piye maneh? sirku mau ya arep muni ngono kuwi, nanging wong apalku ki nek ngaturi Pak Ustadz kae ki Pak Karmudi, marahi wis kadhung kulina " mBok Sadikem mangsuli panyendhune anake wedok, banjur ditutugne ngomongi dhayohe, diajak mlebu omah "mangga Gus, mlebet mosok jagongan kok neng pinggir ratan".

 

Karo muni ngono kuwi mBok Sadikem malik adhepe banjur mlaku mlebu omah, mbalik bali lungguh neng kursi sing dilungguhi nalika jagongan karo Ustadz Mahfudzi lan Nyonyahe mau. Waginem uga ngetutne simboke. Munir ya banjur jumangkah melou mlebu omah, lawange isih dibukak kabeh.

 

"Layak mau tak goleki neng kana ora ana, jebul lagi ana tamu ta?" karo mapan lungguh Munir takon, suwarane alon kaya ditujokne marang awake dhewe, nanging suwarane keprungu kanthi cetha ing kupinge wong sandhinge.

 

"Sing digoleki sapa Mas?" Waginem sing ngerti sing dikarepne Munir mbalik genti takon "neng ngendi leh nggoleki?".

 

"Sapa maneh?" Munir wangsulan karo mesem amba, wangsulane beda karo sing dilakoni "ya slirane ta Dhik, mau aku rak njujug nggon gladhen, kok slirane neng kana ora ana, aku ya banjur bablas mrene".

 

"Ora sida rapat ta?" Waginem mbalik takon maneh, satemene Waginem ya wis ngerti nek Munir wis dora lan ora bares marang dheweke.

 

"Aku ora ana acara rapat ki?" Munir sing ora ngerti sing dikarepne Waginem dadi salah tampa olehe wangsulan "Lha sing ngandhani Dhik Wag, nek aku rapat sapa?".

 

"Ora ngono Mas sing tak karepne" Waginem lagi nggenahne pitakone "mau aku jane ya wis tata-tata arep budhal gladhen, lha iki apa? slendhangku ya wis tak cawisne".

 

Waginem nuduhne Slendhang Sutra sing rupane Kuning pawewehe simboke sing jarene slendhang kuwi biyen olehe nukokne sawargi Bapakne nalika sepisanan bapak lan simboke awor dadi sak omah sawise mulih saka ijaban neng Naiban kulon Aloon-aloon Ngawi biyen.

 

"Lha banjur ?" Munir nutugne olehe takon.

 

"Banjur aku ditelepon Bu Carik, mBak Muji ya telpon pisan, wong loro kuwi ngabari nek olehe gladhen kanggo kanca-kanca Waranggana leren dhisik, merga panggonane gladhen dienggo Rapat, sosialisasi pengisian lowongan Perangkat Desa. dadi aku ya ora sida mangkat, ndelalah Ustadz Mahfudzi karo garwane rawuh mrene iki mau" Waginem aweh wangsulan lan kanthi mangkono nuduhake yen dheweke wis ngerti nek sing dikandhakne Munir mau cetha yen dora.

 

"O, iyaaa" Munir gageyan molahne ukara, gawe pawadan liya "mau pancen akeh wong-wong sing lagi teka, lha kanca-kanca Prasaja Laras akeh sing lagi lungguhan neng lincak cedhak lawangan kae, pas aku nakokne slirane, wong-wong wangsulan nek slirane ora teka, dadi aku ya bablas mrene".

 

Waginem wis ora nutugne olehe ngrembug bab kuwi, malah karo ngringkesi gelas sing mau kanggo nyuguh Ustadz lan Ustadzah Mahfudzi, arep digawa mlebu omah, Waginem kandha marang Munir :

 

"Sekecakne dhisik ya Mas? Kopi kagem panjenengan tak jupuke dhisik".

 

Lan ora ngenteni wangsulan, Waginem ya banjur mlaku mlebu menyang omah mburi bablas menyang pawon, arep ngracikne kopi kanggo dhayohe sing satemene tekane mrono wis ora gawe kepenaking atine, nanging gandheng ngajeni dhayoh kuwi klebu kuwajibaning agama mula Waginem ya kudu klawan legawa nampa tekane Munir sing lagi merdhayoh.

 

"Lha kok kadhingaren Ustadz Mahfudzi rawuh mriki ta Mak? napa wau wonten pengaosan teng mriki?"  sapungkure Waginem mlebu omah, Munir ngajak guneman mBok Sadikem sing isih lungguh neng kursine.

 

"Boten kok Gus" wangsulane mBok Sadikem "mriki niki pengajian kangge tiyang-tiyang estri  namung dinten Jumuah siang mawon, niku wau Pak Karmudi kalih garwane rak ngajak mucuki rembagan kalih si Gendhuk, pripun upami Gendhuk niku nek kapurih ndherek mbantu ngiyati latihan karawitan ing sekolahane, tiyang anggene nglebetne lamaran gendhuk kala emben nika sampun dipun tampi, wiwit benjing Senin menika sampun kajiban tumut mucal".

 

mBok Sadikem sengaja mung ngandhakne apa sing didhawuhne Ustadz Mahfudzi dhisik dhewe pas lagi teka mau, sadurunge ngrembug olehe kagungan gagasan kepengin njodhokne Waginem karo Sodik Salim. Dadi wangsulane mBok Sadikem iki mau ora kena diarani nek wis ora bares utawa dora.

 

Sanajan Munir ya wis krungu nek Waginem wis ketampa lan dadi Guru neng Sekolahan cedhak omahe, nanging krungu wangsulane mBok Sadikem ngono kuwi mau wis ndadekne Munir sansaya cuwa sajroning atine. Sadurunge Munir nanggapi  wangsulane mBok Sadikem, Waginem wis teka karo nggawa kopi neng gelas sak lepeke, banjur diladekne ing ngarepe dhayohe.

 

"Diunjuk Mas" kandhane Waginem ngacarani dhayohe.

 

"Dadi slirane ki wis manteb nggabung neng sekolahane Mas Sodik ta Dhik?" ora mangsuli nggone ngacarani Waginem, Munir malah takon bab anggone Waginem sing wis ketampa neng SMA Al-Hasan.

 

"Alhamdulillah wis Mas" wangsulane Waginem karo mesem, nuduhne marang Munir nek dheweke pancen wis sreg ngabdekne tenaga lan kabisane ing sekolahan sing diarani Munir sekolahan ndesa kae.

 

"Lha neng kana slirane mung bageyan pirang jam pelajaran? apa slirane ya kesampiran Mapel liyane Bahasa barang?" pitakone Munir semu ngremehne.

 

"Ora Mas, dhawuhe Pak Wakasek Urusan Kurikulum, tenaga guru sing mulang neng SMA ndesa kuwi kudu linier karo jurusan kuliahe, kejaba nek kapeksa banget. Dadi nek jurusanku ki Bahasa ya mung wenang mulang Bahasa, kajaba nek pelajaran sing sipate ekstra kurikuler waton duwe ketrampilan lan kabisan bab kuwi bisa-bisa wae. Kaya aku upamane, gandheng pelatih SH Terate  sing wadon neng sekolahan kuwi durung ana, gek ngepasi aku ya wis dadi Warga lan kulina melu nglatih, aku banjur oleh tambahan jejibahan melu nglatih ekstra kurikuler Pencak Silat SH Terate neng sekolahan kono, mligine kanggo siswa putri. Lan iki mau dening Ustadz Mahfudzi  aku ya didhawuhi nek Ustadz wis ngendika marang Pak Kepala yen aku iki uga duwe kabisan ing babagan ulah suwara minangka Waranggana karawitan, mula ngendikane Ustadz Mahfudzi mau jare Pak Kepala arep nambahi jejibahan marang aku supaya melu nguwati Karawitane SMA Al-Hasan sing ndesa kuwi" Waginem akeh-akeh olehe aweh wangsulan marang pitakone Munir sing keprungu rada sepa marang jam pelajaran sing dipercayakne marang Waginem. Malah gandheng Waginem ya wis rada suwe rumangsa melu gela nek Munir ngarani SMA panggonane mulang Sodik Salim kuwi jare Sekolahan ndesa, mula kanthi sengaja Waginem nyebut sekolah ndesa bola-bali neng ngarepe Munir, nanging beda rasa. Olehe Waginem nyebut sekolahan ndesa sinartan ukara nanging, lire sanadyan ndesa ora kalah karo sing jarene sekolahan kutha, malah kepara bisa ngluwihi ing babagan pendidikan lan pamulangan, kanthi mangkono sarana semu lan samudana Waginem aweh tutur marang Munir murih ora nutug-nutugne anggone dhemen ngremehake sekolahan sing ngayom ing Yayasan sing dipangarsani Ustadz Mahfudzi kuwi.

 

Atine Munir dadi sansaya cuwa lan gela, rancangan sing wis ditata mlathing jebul mleset. Olehe mara menyang omahe mBok Sadikem diangkah ora kepethuk Waginem dhisik, merga mbarengi pas Waginem gladhen karawitan, jebul ora klakon. Anggone gladhen Waginem mbarengi prei. Kapindho sing nambahi cuwane Munir, olehe krungu critane Waginem sing sajak wis manteb lan rumangsa mongkog bisa ketampa anggone nglamar neng Sekolahan papane Sodik mulang kuwi. Malah Waginem wis ngerti lan weruh dhewe jebul sekolahan kuwi kahanane beda adoh karo sing dicritakne Munir marang Waginem uga mBok Sadikem sadurunhe iki, kepara adoh luwih maju lan luwih apik maneh mungguh biji lan kualitase.

 

Nanging, dudu Munir yen mung merga krungu critane Waginem sing ngono kuwi mau banjur pasrah lan rumangsa kalah. Munir panggah ora nuduhne utawa ngakoni  olehe wis kalah sajangkah ing mburine dening Waginem. Malah banjur nata ukara arep ngecakne pambudidaya murih Waginem bisa teluk ing sangisore dlamakane.

 

ana candhake.

 

Kamis, 21 April 2022

SLENDHANG KUNING (032)

 

32.

mBok Sadikem karo Waginem genti nyawang marang Bu Mahfudzi karo panyawang sing kebak tandha pitakon. Wong loro simbok lan anak kuwi durung pati mudheng karo apa sing dikandhakne dhayohe ngenani kahanane Sodik Salim. Mung Waginem duwe pangira-ira yen ta Sodik Salim iku mbok menawa tau ngalami lelakon sing ndadekne atine putung, nanging kok sing dikandhakne Bu Mahfudzi kuwi mau kok merga saka trekahe sedulure dhewe, sing keri iki sing Waginem durung mudheng. Bu Mahfudzi sing uga banjur bisa maca apa sing dumadakan liwat ing angen-angene Waginem apa dene mBok Sadikem merga tembung sing lagi wae dikandhakne, ora kepengin ngumbar wong loro sing dijak guneman kuwi kesuwen nggone ora mudheng.

 

"Criyosipun niku rumiyin rak makaten ta Bu" Bu Mahfudzi nutugne rembuge "Dhik Sodik niku jaman siyen nggih sami kados limrahe lare nem, sampun gadhah kenya ingkang dados woding manahipun, lan kenya wau ugi sanget anggenipun tresna dhateng Dhik Sodik. Niku wiwit jaman Dhik Sodik taksih Kuliyah, nanging gandheng naminipun jodho menika wonten astanipun Gusti Allah, lare kalih ingkang sami tresnanipun menika kala wau jebul sanes jodhonipun. Lumantar sedherek misanan utawi nak dherekipun Dhik Sodik, kula kirang cetha, katresnanipun lare kalih kala wau dados bubar. Awit sedherekipun Dhik Sodik kala wau ugi kepengin ngarah lan methik sekar ingkang dipun sengker dening Dhik Sodik, malah kedadosan kenya ingkang dados pepujanipun Dhik Sodik kala wau dipun cidra asmara dening sedherekipun kasebat, temah dados lan ngandhegipun".

 

"Astaghfirullah" tanpa sengaja Waginem maca istighfar nyelani critane Bu Mahfudzi.  

 

"Ora mung tekan semono wae mBak sing ndadekne Dhik Sodik bingget atine" kandhane Bu Mahfudzi nyaut olehe istighfar Waginem "sedulure Dhik Sodik kuwi jebul olehe tresna mung nuruti karepe hawa nafsu thok. Ora nganti setahun saka olehe ijaban, wis padha pisahan. Ya kuwi let sepasar sawise kenya kuwi nglahirake lan anake ora gelem ngenger, sedulure Dhik Sodik kuwi banjur bali menyang daleme wong tuwane, bojone ditinggal ngleyar ora diurusi maneh. Lan sawise padha pisahan bocahe wadon banjur minggat saka omah nganti saiki ora karuwan parane, merga ya ora sambang ora layang maneh, kira-kira ya merga saking ora kuwat ngempet wirang".

 

"Mesakaken sanget" Waginem guneman alon.

 

"Lha sedherekipun Gus Sodik niku sak niki pripun Bu Ustadz?" mBok Sadikem sing uga kasengsem ngrungokne crita kuwi melu takon.

 

"Sak niki inggih dereng emah-emah malih" wangsulane Bu Mahfudzi banjur nutugne olehe kandha "tiang menawi criyosipun tiyang-tiyang ingkang boten remen, sedhereke Dhik Sodik niku klebet garangan cluthak, remenanipun inggih pados mangsan kanthi margi ingkang boten leres, remen ngresahi tiyang estri ingkang gampil dipun rungrum mawi tembung manis".

 

"Amit-amit jabang bayiiiik" mBok Sadikem nyebut "lha kalih Gus Sodik tiyang wau nggih lajeng satron no Bu?".

 

"Boten Bu" wangsulane Bu Mahfudzi "sesambetanipun tiyang kalih niku inggih boten ewah, namung kemawon mesthinipun inggih boten tulus dumugining manah malih".

 

mBok Sadikem lan Waginem padha meneng, ing angen-angene padha olehe nggagas isen-isening donya sing jebul maneka warna. Ora neng kana ora neng kene, nek jenenge wong lanang cluthak utawa wong wadon nrucak, kuwi neng ngendi-endi ana, klebu neng desane Sodik sing cedhak pesantren lan kondhang minangka papane para wong sing taat nggone ngibadah. Kanthi anane crita ngono kuwi, kudune menungsa gelem jujur anggone mbiji kahanan sawijining papan. Ala lan becike menungsa kuwi ora gumantung merga panggonane, nanging kandel lan tipising iman. Ora mesthi dumeh wong sing omahe ing panggonan tilas gudhange para palanyahan kaya sing dienggoni kuwi mesthi nek wong sing bejad lan durung karuwan nek wong sing manggon neng cedhak pesantren kuwi mesthi wong becik.

 

"Lha sedhereke Gus Sodik ingkang nuwun sewu, garangan cluthak niku nyambut damelipun menapa Bu Ustadzah?" mBok Sadikem takon maneh.

 

"Menawi rumiyin pas kula taksih manggen teng Kedunggalar nika, nyambut damele nggih boten cetha, sok ngaken dados wartawan, sok ngaken dados aktivis LSM malah kantun-kantun nika ngaken dados lawyer napa pengacara ngoten Bu. Nanging nggih namung ngakenipun mawon, ngaken wartawan niku nggih wartawan tivi napa wartawan Radio napa wartawan Koran nggih boten wonten ingkang ngertos, ngaken aktivis LSM niku nggih LSM napa boten cetha, ngaken Pengacara nggih dereng nate wonten kabar iyambakipun menika beracara teng Pengadilan" Bu Mahfudzi wangsulan "menawi sak niki duka, kula boten ngertos tiyang nggih sampun radi dangu boten sumerep".

 

Krungu sing dikandhakne Bu Mahfudzi sing keri dhewe kuwi, Waginem dumadakan banjur kelingan sanakane sing ketoke rada memper karo sedulure Sodik Salim kuwi. Gek, atake, mengko, wong kuwi?.

 

"Huh.......!" ora krasa Waginem ngetokne suwara rada banter, kanggo ngilangne rasa sing ora kepenak ing angen-angene.

 

"Ora sah menggalih bab kuwi mBak" Bu Mahfudzi mesem marang Waginem "wong kuwi omahe Kedunggalar kana kok, adoh saka kene. Sing baku, ya nyuwun pandongane wae, muga-muga olehe mbudidaya Bapake nyedhaki atine Dhik Sodik bisa kasil. Merga tenan, aku karo Bapake ki kepengin banget saka mBak Waginem karo Dhik Sodik mengko bisa nurunake bibit-bibit unggul kanggo kabecikane wong akeh".

 

"Inggih Ustadzah" Waginem wangsulan, nanging gandheng neng atine isih ana ganjelan sing mau kober nuwuhake dheweke ngetoke suwara sing ora cetha, mula ya banjur takon maneh "nuwun  sewu Ustadzah, sedherekipun Mas Sodik menika menapa asmanipun Munir?".

 

"Lho mBak Waginem kok malah wis pirsa? Bener, jenenge Munir Kamadi" Bu Mahfudzi ketara nek kaget. Lan sikep kaget lan pitakone Bu Mahfudzi kuwi ndadekne genti mBok Sadikem sing luwih kaget maneh.

 

"Dados jebule tiyang niku  Bu Ustadz?" pitakon ngono kuwi mencolot ngono wae saka tutuke mBok Sadikem.

 

"Bu Sadikem ugi sampun tepang kalih sedhereke Dhik Sodik niku?" Bu Mahfudzi dadi sansaya gumun.

 

"Alhamdulillaaaaaaah....... Gusti isih ngayomi awakmu nDhuk, Nem" ora mangsuli pitakone Bu Mahfudzi, mBok Sadikem malah ngandhani anake wedok "meh wae, mbokmu iki kepilut karo tembunge garangan cluthak, tujune kowe isih kukuh atimu, kuwat imanmu ndhuk...ndhuk".

 

"Wis mBok, kuwi ora sah diomong wae, ora becik, sing baku saiki Simbok wis ngerti sapa sejatine wong kuwi" Waginem mangsuli kandhane simboke.

 

"Kula kok malah sing dados bingung ta Bu?" Bu Mahfudzi plenggang-plenggong, sauntara kakunge mung meneng ngrungokne sing lagi padha dirembug karo lungguh sendhen kursine.

 

"Genahe kepriye ta mBak Waginem?" Bu Mahfudzi mbaleni pitakone marang Waginem.

 

"Criyosipun rak makaten ta Ustadzah" Waginem guneman alon nanging cukup cetha kanggo dirungokne "kanca Tukang Shoting kalih Tukang Sound ing Prasaja Laras menika rak gadhah tepangan ingkang ugi asring niliki menawi Prasaja Laras nuju manggung utawi gladhen, naminipun Munir".

 

"O ngono, banjur?".

 

"Lha tiyangipun ketingal kenging kawastanan nengsemaken, nanging ugi kathah ingkang sumerep bilih piyambakipun menika nggadhahi karemenan ingkang sok nyingkur piwucal kasusilan miwah agami, klebet mBak Muji, Waranggana senior kula ingkang asring ngandhani kula lan kanca-kanca murih ngatos-atos menawi srawung kalih Mas Munir niku" kandhane Waginem nutugne critane.

 

"Ngono? banjure?"

 

"Nuwun sewu, Ustadzah" Waginem guneman maneh "saderengipun kula tepang kalih Mas Sodik, ketingalipun Mas Munir langkung rumiyin wonten manah dhateng kula, lumantar  mBah Rawan, Tukang Siter Prasaja Laras piyambakipun titip weling dhateng kula. Gandheng kula sakedhik-sakedhik ugi ngertos lelampahanipun Mas Munir ing laladan mriki, ugi saking criyosipun mBak Muji, weling ingkang lumantar mBah Rawan kala wau inggih boten kula gatekne babar pisan. Ngantos Mas Munir dolan teng griya niki piyambak, lha pas niku kepanggih kalih Mas Sodik ingkang ugi mampir mriki sasampunipun sareng-sareng kalih kula ngenyaraken SIM dhateng Polres. Inggih ing wekdal niku kula lajeng diparingi ngertos menawi Mas Munir kalih Mas Sodik menika jebul taksih wonten sambetipun sedherek, nanging Mas Sodik babar pisan boten nate criyos bab Mas Munir ingkang kados dipun dhawuhaken Ustadzah wau........".

 

"Malah kosok balen Bu Ustadz" mBok Sadikem numpangi rembug, medhot critane Waginem, kandha marang Bu Mahfudzi.

 

"Kosok balen kados pundi Bu?" Bu Mahfudzi genti takon.

 

"Menawi Gus Sodik boten nyriyosaken cacad lan cirinipun sedhereke niku, nanging nek sing namine Munir niku criyos kathah-kathah dhateng kula, ingkang sak niki kula ngertos menawi criyosipun menika kala wau, criyos goroh ingkang boten leres, ngemu pitnah dhateng Gus Sodik" kandhane mBok Sadikem aweh wangsulan, banjur nyritakne olehe Munir wis teka lan ngajak jagongan dheweke ing warunge nalika Waginem lunga menyang Kedunggalar arep nglebokne lamaran menyang SMA Al-Hasan dhek emben kae.

 

Bu Mahfudzi karo kakunge olehe ngrungokne critane mBok Sadikem nganti kasengsem, nanging gandheng anggone merdhayoh neng kono wis rada suwe lan niyate mertamu uga wis kaleksanan, wong loro lanang wadon kuwi ya banjur pamitan bali. mBok Sadikem lan Waginem olehe nguntabne kundure Ustadz Mahfudzi sekalihan garwa nganti tekan ngarep omah, wong loro kuwi lagi mlebu omah maneh sawuse mobil sing disetiri Ustadz Mahfudzi kleser-kleser ninggalne papan kono.

 

Munir sing wis rada sauntara ngenteni ing sabranging ratan, bareng ngerti nek dhayohe mBok Sadikem wis bali, banjur tata-tata arep ngelih anggone markir mobil rentalane, Munir kepengin enggal bisa ketemu karo mBok Sadikem.

 

 

ana candhake.


Rabu, 20 April 2022

SLENDHANG KUNING (031)

31.

Rada sauntara Munir meneng lungguh neng mburi setir mobile sing wis mandheg ing pinggiring ratan pering kanan ing ngarepe omahe mBok Sadikem, karo nguwasi sapa sing lagi merdhayoh ing omahe mBokne Waginem kuwi. Nek ndelok mobil Pajero Sport sing diparkir neng pinggir ratan pering kiwa kuwi, genah nek sing dadi dhayoh ing omah prasaja kuwi paling ora klebu wong sing kena diarani wong duwe. Cetha nek dudu kanca-kancane Waginem ing paguyuban karawitan Prasaja Laras, Munir wis ngerti anggota pakumpulan karawitan Prasaja Laras, sing duwe mobil keneng dietung lan mobile paling apik ya mung Avanza, nanging sing teka iki nggawa Pajero Sport, weton keri dhewe. Sapa? Munir bingung anggone golek wangsulan awit pitakonan sing ngribeti ing angen-angene.

 

"Kok nggagas wong sing ora ana sambung rapete karo aku? butuh mlebu ya ndang mlebu ngono wae rak ya wis?" ana suwara ing angen-angene supaya ora sah nggatek marang sapa sing ana jero omahe mBok Sadikem "lha wong ya padha dhayohe wae lho? Malah nek ndang mlebu, bisa uga sing merdhayoh banjur duwe rasa pekewuh banjur tumuli pamitan, nek dienteni neng kene rak ya ora ngerti banjur katrem olehe padha jagongan, krasan ora bali-bali".

 

"Mengko dhisik, aja kesusu mlebu" batin ing sisihe aweh tetimbangan "nek aku mlebu, kamangka dhayoh kuwi lagi rembugan sing tumrape mBok Sadikem klebu rembug sing wigati, bisa-bisa mBok Sadikem banjur rumangsa keganggu merga tekaku, lan wis sak mesthine nek mBokne Waginem banjur gela lan kecuwan atine, nek wis kecuwan merga aku, bisa angel wong kuwi gelem percaya marang aku. Ya coba dienteni sedhela, mengko rak dhayohe mBok Sadikem kuwi enggal bali".

 

Kanthi tetimbanganing nalar sing keri dhewe iki, Munir banjur milih nyendhekne gegere menyang jok mobile, karo mripate bola-bali nguwasi sing lagi jagongan neng jero omah, sing suwarane babar pisan ora bisa dirungokne saka kono. Dumadakan hape sing ana sak klambine muni, ana panggilan mlebu. Tangane ngrogoh sak, arep nndelok sapa sing kepengin ngajak rembugan karo dheweke liwat hape kuwi. Nanging, lambene Munir sakala dadki mrengut bareng ngersti sapa sing telepon. Jebul Siti Saropah, mula Munir milih ngumbar hape kuwi muni nganti sak menenge dhewe, telepone wong wadon sing kabeh katresnane wis disuntak marang Munir kuwi diumbar ora diwangsuli. Munir pancen seneng marang Siti Saropah, nanging wujuding senenge Munir marang Siti Saropah beda karo wujud katresnane Siti Saropah marang Munir.

 

Bareng hapene wis ora nyuwara maneh, tangane Munir genti ngowahi setelan Hape ne, saluran selulare diendheg. Dadi wis ora bisa nampa pesen sing dikirim lumantar aplikasi sing liwat internet, nanging isih bisa maca pesen-pesen sing kebacut mlebu lan sing kirim pesen ora bakal ngerti nek pesene wis diwaca. Kaya sing dikira ing angen-angene Munir sadurunge ngendhegne internet ing hapene mau, Siti Saropah wis kirim pesen pirang-pirang, kabeh mung diwaca satleraman lan ora mlebu tekan dhasaring atine, nanging bareng pesen keri dhewe diwaca Munir rada njenggirat, awit mungguhe Munir karepe Siti Saropah sing dikandhakne ing pesen mau klebu gawat, mbenayani tumrap Munir.

 

"Ya ya ya Masku" ngono unine pesen saka Siti Saropah sing keri dhewe kuwi "adhik ngerti yen Masku wektu iki lagi repot banget, uga sayah merga nindakne gaweyan sing abot, Masku mbutuhne istirahat lan lelipur. Aja kuwatir Masku, adhik ora bakal negalne Masku, mbuh sesuk mbuh sesuke, adhik mesthi teka nyang Ngawi, nyuntak rasa kangen sing mlumpuk neng jero ati lan nambani rasa kangene masku marang sing ditresnani".

 

Mesthi wae Munir ora kepengin Siti Saropah teka nemoni dheweke, luwih-luwih ing kahanan sing kaya ngene iki. Bisa mbubrahne taningan sing wis ditata tenan. Luwih-luwih Munir uga ngerti nek tenane Siti Saropah mengko mesthi banjur nakokne, kapan Munir klakon nampa panikahe Siti Saropah ing ngarepe Kyai Penghulu?. Lan sing kuwi sing banget disiriki Munir. Munir pancen seneng karo Siti Saropah lan luwih seneng nalika ing sambikalaning wektu sing sela diajak seneng-seneng dening Siti Saropah, nanging Munir babar pisan ora duwe pepenginan bisa resmi dadi bojone Siti Saropah, merga kajaba Siti Saropah kuwi wis randha jan-jane ngono rupa lan wanguning ragane ora pati dadi bisa nggugah ati lanange Munir, kajaba yen kepepet ora ana liyane. Munir bakal gelem nglakoni kaya sing wis kerep ditindakne sasuwene tepung lan akrap karo Siti Saropah sing tau dikandhani nek Munir tresna lahir trusing batin marang dheweke.

 

Sawise rada sauntara olehe nata tembung ing pikirane, Munir banjur wiwit nulis wangsulan marang Siti Saropah :

 

"Ya sepurane tenan ya Dhik, Mas pancen lagi repot lan sayah njaba njero. Mas pancen mbutuhne panyengkuyung saka adhik, supaya olehe Mas ngrampungne perkarane wong-wong sing mbutuhake jejeging adil iki bisa enggal rampung. Nanging nek wektu-wektu iki, adhik aja tindak nyang Ngawi dhisik, merga sajroning sepasar iki prakteke Mas neng Pengadilan njaba ne Ngawi kabeh. Mengko wae nek wis rada longgar, Mas mesthi teka menyang Jombang, merga bares wae, rasa kangen marang Adhik ing jeroning ati iki sansaya ngrembaka ngebaki atine Mas. I Love You Fuullllllllll".

 

Jaringan internet ing hapene bali diuripne banjur pesen kuwi tumuli dikirimne. Pesen wis kakirim, lagi centhang siji, tegese durung mlebu ing hapene Siti Saropah, mbok menawa wae Siti Saropah lagi nglereni hapene. Munir wis krasa rada lega, banjur bali sendhen ing jog mobile, karo batine ora leren nggone ngresula, ya gene tamune mBok Sadikem ora bali-bali.

Temene ngono sing mertamu ing omahe mBok Sadikem kuwi ya wis rampung sing dadi sedyane, nanging gandheng mBok Sadikem rumangsa kuwahyon katekan wong sing dibutuhne sembuir lan pituture, ndadekne mBok Sadikem rumangsa kabotan yen tamune enggal-enggal bali, merga mBok Sadikem isih mbutuhne wangsulan saka perkara sing ditakokne.

 

"Nggih nyuwun pangapunten lho Bu Ustadz, nek teng Majlis ngoten nika kula niki ajeg kentekan wektu lho nek ajeng nyuwun pirsa dhateng Ustadz niku, kawon kalih kanca-kanca sing ugi nangkletne masalahe" kandhane mBok Sadikem marang Bu Mahfudzi sing wiwit bar Maghrib mau diajak kakunge sanja ing omahe mBok Sadikem. Ustadz Mahfudzi kuwi pancen nek nandangi gaweyan ora seneng ngulur wektu, kesaguhan marang Sodik Salim sing arep nemoni Waginem lan wong tuwane saperlu golek sisik melik, isih ana kalodhangan kanggo Sodik Salim kanggo nibakne rasa tresnane marang Waginem apa ora, sore kuwi wis ditindakne.

 

"mBoten napa-nama Bu" Bu Mahfudzi wangsulan karo mesem seneng "malah kula remen Bu Sadikem kersa mundhut pirsa bab agami dhateng Bapake ngaten menika, lan insya'allah wangsulanipun Bapake lare-lare langkung saged ditampi Bu Sadikem kanthi sae".

 

"Matur nuwun sanget lho Bu Ustadz lan Pak Ustadz" mBok Sadikem ngaturne panuwune. Sauntara kuwi Waginem sing lungguh ing sisihe Simboke, sing wis salin busana Waranggana, nadyan panggah nutupi sirah lan dhadhane nganggo kerudhung sing gedhe, nanging ora sida budhal gladhen merga dikabari nek gladhen bengi kuwi leren, papane gladhen digunakne kanggo rapat, mung tumungkul karo ngrungokne. Atine krasa seneng sing angel dicritakne.

 

"Kula inggih matur nuwun Bu" sing ngendika genti Ustadz Mahfudzi "pitaken ingkang kula aturaken dhateng Bu Sadikem wau ugi sampun kaparingan wangsulan kanthi sae. Sepisan malih, sedaya niku wau sanes kersane sinten-sinten lho Bu. Dhik Sodik Salim ugi dereng kula aturi pirsa saderenge, lha sak niki kula sampun ngertos saupami mBak Waginem menika kajodhokaken kalih Dhik Sodik ketingalipun cocog lan Bu Sadikem sarta mBak Waginem ugi lila lan legawa, benjing gentos kula badhe nangkleti Dhik Sodik saha Bu Kaji tiyang sepuhipun Dhik Sodik".

 

"Inggih Pak Ustadz" mBok Sadikem wangsulan alon, sajroning atine rumangsa mongkog dene jebul Ustadz Mahfudzi kuwi uga migatekne banget marang dina mburine Waginem sing jarene mau wis dianggep kaya putrane dhewe. Mbok Sadikem duwe kapitayan, mesthine Sodik Salim kae ya ora adoh kaceke yen ditandhing karo dheweke ing babagan iki, ya kuwi bakal mung manut klawan senenging ati merga wis luwih dhisik percaya marang apa sing dingendikakne Ustadz sing wis kebukten ngalim lan luhur kawicaksanane kuwi.

 

"Nggih mugi-mugi mawon Dhik Sodik kersa nggega lan nuruti pepenginan kula makaten kala wau Bu" Ustadz Mahfudzi ngendika maneh, sing dingendikakne kaya - kaya aweh wangsulan sing lagi diangen-angen mBok Sadikem  "awit inggih namine pala krami niku nggih ngoten nika, yen gampang luwih gampang yen angel angel kelangkung, lan ambak-ambak Dhik Sodik nika ketingale alus lan kalem nanging sok nggadhahi manah ingkang kaken napa".

 

"Ngaten Mawon Bi....." dumadakan Bu Mahfudzi sing nigas tembunge kakunge "saderenge manggihi Dhik Sodik, Abi matur dhateng Bu Kaji rumiyin, mengke kangge ngandhani Dhik Sodik Abi kalih Bu Kaji saged sesarengan".

 

"Ngono ya becik" Ustadz Mahfudzi paring wangsulan marang garwane.

 

"Rak ngaten ta Bu Sadikem kalih mBak Waginem" Bu Mahfudzi genti nggenahne marang sing duwe omah "Dhik Sodik Salim nika, nate kapedhotan ing sih awit trekahing sedherekipun piyambak, mila inggih limrah menawi dumugi sapriki ketinga menawi ing penggalihipun taksih nyimpen raos njarem lan sok angel menawi diajak rembagan babagan jejodhowan".

 

 

ana candhake.

 

 

SLENDHANG KUNING (030)

30.

Pancen satemene senajan dudu apa-apane, mung tepung lumrah wae, nanging menang-meneng wiwit ngerti kaluwihan-kaluwihan sing diduweni Waginem, Ustadz Mahfudzi banjur tuwuh gagasan utawa pase pepenginan supaya Waginem ing mbesuke bisa oleh jodho wong sing becik, sokur wong sing pinter lan sugih tur ya sing nduweni jiwa pejuang. Kanthi mangkono, Waginem ora bakal mandheg olehe sregep berjuang kanggo kabecikane wong akeh, merga diendheg dening kakunge. Suwe Ustadz Mahfudzi milang-miling, nanging durung nemokne wong sing miturut panemune cocog upama digathukne karo Waginem. Mula bareng Ustadz Mahfudzi pirsa Sodik Salim teka bareng karo Waginem menyang kantore dhek emben kae, pepenginan sing maune wis meh kasirep deni ng kahanan kuwi bali tuwuh maneh. Luwih sansaya makantar-kantar penggalihe Ustadz Mahfudzi, bareng Sodik Salim ngucapake mungguh apa isining atine gegayutan karo sawuse tepung lan Waginem.

 

"Ngene wae Dhik" Ustadz Mahfudzi wiwit ngendika ngati-ati "Dhik Sodik Salim iki ra percaya ta upama aku duwe niyat arep mbantu?".

 

"Kliwat saking pitados Tadz" wangsulane Sodik manteb "saestu kula sakalangkung matur nuwun menawi Ustadz kepareng badhe paring pambiyantu dhateng kula ing babagan menika".

 

"Sajroning wektu kang ora suwe, aku arep nyoba nyedhaki Waginem lan wong tuwane, aku tak golek sisik melik, bocah kae wis duwe pacangan apa durung, kaping pindho upama durung arep tak takoni wong lanang modhel piye sing digadhang-gadhang bisa dadi jodhone, nek wis ana wangsulan Dhik Sodik katut ing nominasine, lagi arep tak takokne piye upama Waginem dijodhokne karo Dhik Sodik, Waginem lan wong tuwane mathuk apa ora. Nek pancen wonge mathuk, aku ya arep kandha nek lagi arep nakoni panjenengan, dadi olehku nemoni Waginem lan wong tuwane kuwi mau, merga karepku dhewe ora merga dikongkon Dhik Sodik. Piye upama mangkono Dhik?" Ustadz Mahfudzi njaluk panemune Sodik sawuse rampung olehe nggenahne apa sing arep ditindakne.

 

"Inggih Ustadz" Sodik wangsulan seneng "kula sakalangkung mathuk sanget menika".

 

"Ora mung kuwi, Dhik Sodik" Ustadz Mahfudzi nutugtne olehe ngendika "Saupama mengko Waginem lan wong tuwane bisa nampa Dhik Sodik minangka dadi jodhone, lan iki aku duwe keyakinan nek akeh ketampane tinimbang orane, olehku genti ngandhani Dhik Sodik ora mung marang Dhik Sodik dhewe, nanging aku kepengin olehku crita ing ngarsane Bu Kaji, Bu Kaji kudu tak aturi kahanane Waginem lan wong tuwane sawutuhe dadi mengkone kuwi bisa padhang ing ngarep lan ing mburine".

 

"Inggih Tadz, kula ugi sarujuk sanget kalih kersanipun Ustadz makaten menika kala wau, awit badhea kados menapa, boten badhe pisan-pisan kula wantun nyingkur dhateng Ibu".

 

Sansaya suwe olehe rembugan wong loro kuwi dadi sansaya gayeng lan gumyak merga sing dirembug jebul ora mung perkarane Waginem karo Sodik Salim thok, nanging mbrentek tekan ngendi-endi. Sing akeh ya banjur ngrembug bab Pesantren lan Sekolahan sing dadi amal usahane Yayasan Al-Hasan, kepiye murih luwih bisa migunani tumrap masyarakat. Dina kuwi Sodik Salim neng Kantor Yayasan Al-Hasan nganti sore, bali tekan omah maneh srengengene wis meh surup.

 

Pas Maghrib, Munir wis macak nggantheng banget. Mobil Inova olehe ngrental neng nggone Bu Carik Wardi, wis cemawis neng ngarep omahe wong tuwane. Bengi kuwi Munir duwe karep nemoni mBok Sadikem. Merga Munir ngerti lan wis apal karo sipate Waginem, sing wis nganggep nek wong tuwane sing sanadyan mung wong lumrah, nanging jarene Waginem kena diparibasakne Gusti Allah sing ketok. Waginem ora bakal wani ndaga apa sing dadi karepe simboke. Mula tinimbang kangelan nyedhaki Waginem, sing rumangsane Munir gampang dicedhaki nanging  angel disenggol. Lan mengko nek mBok Sadikem wis bisa nampa dheweke dadi calon mantune, lagi Munir arep ngecakne cara kepriye murih Sadikem bisa meksa anake wedok sing ragil kuwi supaya gelem dirabekne karo pihane wong tuwane. Petunge Munir, Waginem suwe-suwe bakal pasrah klawan kanyatan sing diadhepi, lan bakal manut miturut dadi bojone, nanging saupama ora, ya ora apa-apa, arepa rabi oleh sepasar banjur buyar, oleh seminggu banjur mlayu, kuwi ora dadi masalah, sing baku nadyan mung sedhela Munir wis tau klakon nguwasani jiwa lan ragane Waginem.

 

Lan kanggo nelukne atine mBok Sadikem, kuwi ora angel babar pisan. mBok Sadikem kudu ngerti Munir kuwi sanajan anake wong pas-pasan, nanging nyatane bisa luwih adoh nggone jumangkah, saiki uripe wis sarwa cukup lan ora bakal kekurangan sandhang pangan papan lan liya-liyane. Sing ora kalah bakune, mBok Sadikem uga kudu meruhi dhewe, Munir kuwi wong lanang sing ber budi, blaba adoh saka tembung cethil, luwih-luwih nek kanggo bojo utawa wong tuwane. Lan kanggo kuwi kabeh, nek dhompete Munir wis dicawisne. Dhuwit kiriman saka Siti Saropah sing olehe nembung arep kanggo nambahi bangunan kantore, sing telung yuta setengah wis ditampa, lan  paling suwe rong dina maneh sing nem setengah jarene Saropah wis bisa disusulne. Lan sing diarani Kantore kuwi manggone ya mung neng angen-angene Munir dhewe. Ngaku nek pagaweyane dadi Lawyer sing saben dina migunakne tenaga lan pikirane kanggo mbudidaya murih jejeging kukum, kuwi olehe praktek dadi Pengacara ya mung ana lamunane dhewe, mula saben ngadhepi perkara mesthi menange. Nanging ya kuwi menang sajroning kayalan. Munir babar pisan ora duwe rasa wedi yen olehe ngapusi wong wadon sing tresnane marang dheweke gedhene ora karuwan kuwi bisa nuwuhake dosa sing gedhe, sing mbuh kapan wektune bakal ana walese saka Gusti Allah.  Munir babar pisan ora wedi, malah Munir rumangsa seneng atine, wis bisa gawe Siti Saropah sarwa nggugu lan mituhu karo kabeh sing diprentahne.

"Salahe dhewe" greneng atine Munir nalika ana suwara sing mlebu ing atine, aweh peling yen laku sing ditindakne marang Saropah sing gandrung marang dheweke kuwi laku sing ora bener, nanging peling mau panggah isih bisa dikalahne, kanthi nyalahne Saropah sing wis akeh olehe ngetokne bandhane "aku ra ora meksa? salahe dhewe kono gelem menehi?, upama dheweke maune ora tawa-tawa ya mokal aku wani nembung?".

 

Ora ngenteni wong-wong sing sembahyang maghrib rampung, Munir wis nggelak mobile arep nemoni mBok Sadikem, wong tuwane Waginem. Kabeneran iki mengko malem Rebo, adate nek malem Rebo ngene ikiwiwit bar maghrib nganti tekian jam sanga bengi, Prasaja Laras nganakne Gladhen Ajeg lan Waginem sing wektu iki dadi mascote para Waranggana, sawuse rampung olehe Kuliah ora tau mbolos, ajeg melu gladhen. Dadi mengko olehe arep ngrimuk lan nggendhing mBok Sadikem ketoke bakal luwih gampang maneh. Nek Waginem ana omah, sok bisa wae, durung nganti olehe Munir nancepake rembug ing atine mBok Sadikem kenceng, kesusu dimentahi dening Waginem.  Nanging nek Waginem ora ana, Munir bakal luwih gampang mantebake atine mBok Sadikem supaya nggugu karo apa sing diwarahne, lan nek wis mancep neng dhasaring ati, adhakane angel diowahi. Lan Waginem ora bakal kuwawa ngowahi panemune wong tuwane sing wis kadhung dadi. Kadhung dadi merga saka pangrimuk lan panggosoke Munir sing arep dicakne wengi iki.

 

Tekan sawetane prapatan Kartonyono, Munir minggirne mobil sing disetiri. Dheweke butuh ngiseni wetenge sing wis krasa luwe. Jane mau neng omah, dening Ibune ya wis dicawisi sega komplit salawuhe. Nanging gandheng dina iki mau dhompete Munir kebak isine, sega lan lawuh sing dicawisne Ibune babar pisan ora narik kawigatene, malah banjur tuwuh pangucap maido marang panganan sing dicawisne merga kesurung rasa tresnane wong tuwa marang anak-anake kuwi, kanthi pawadan mboseni, saben dina mung ngono kuwi. Munir menggok warung Lonthong, Sate Ayam Kampung sing larise ora karuwan. Sing padha tuku padha sabar olehe antri, pancen warunge Cak Nardi ki saben dina ya ngono kuwi. Karo ngenteni olehe pesen, Munir mapan lungguh karo pesen ngombe luwih dhisik. Mau olehe pesen, Lonthong Sate telung porsi, sing rong porsi dibungkus. Sing saporsi dipangan ana kono. Sing rong porsi kuwi arep dienggo oleh-oleh kanggo mBok Sadikem lan Waginem.

 

Leren neng warunge Cak Nardi Sate Ayam wetan prapatan Kartanyana kira-kira setengah jam, Munir banjur nerusne laku arep menyang omahe mBok Sadikem, kanthi pangarep-arep muga-muga lumantar mBok Sadikem, Waginem bisa klakon gelem masrahne rasa tresnane marang dheweke. Nanging bareng lakune Munir tekan ngarep omahe mBok Sadikem, dhudha bagus sing seneng rada royal kuwi , atine dadi mangu-mangu. Lawang omahe mBok Sadikem dibukak amba, lampu sing neng ruwang tamu ketok padhang. Sajake ing omah kono lagi katekan tamu, ketitik saka anane Mobil Pajero Sport sing diparkir ora adoh karo panggonan olehe mandheg. Munir dadi mandheg mangu, sida mudhun saka mobil apa ora?. atine tidha-tidha.

 

ana candhake.

 

Senin, 18 April 2022

SLENDHANG KUNING (029)

 


29.

Wis telung dina Bu Kaji olehe neng daleme maneh, ya sanadyan sadurunge budhal neng Yogya dhek emben kae Simpen wis diweling dhakik-dhakik apa-apa sing kudu ditindakne sasuwene ditinggalo Bu Kaji tetirah neng Yogya, nanging panggah wae isih akeh sing olehe ngecakne Simpen durung ngepasi karo apa sing dikersakne Bu Kaji. Ya lumrah wae, jeneh sing ana pikirane Simpen beda adoh karo sing dipenggalih dening Bu Kaji. Mula Bu Kaji ya banjur mbenerne-mbenerne gaweyan sing wis ditindakne rewange kanthi sabar. Bu Kaji dhewe ya pirsa nek jejere Simpen neng omah kuwi mung saderma rewang, dadi pikirane ora bisa yen dikongkon padha plek, karo sing dikersakne Bu Kaji. Simpen dhewe ya ora gela utawa cuwa nek asile nggone nyambut gawe isih durung nocogi sawutuhe karo kersane bendarane.

 

Dina kuwi dina selasa, ancerane Sodik nyambut gawe neng sawah dikancani Sampir. Adhakane nek wis menyang sawah ngono kuwi, Sodik ya banjur betah ora bali-bali, ana wae sing ditandangi sanadyan sawah ki nek wis rampung dirabuk sawise suket-suket sing ngrusuhi thukuling tanduran pari diresiki ngono kuwi keneng diarani wis ora ana gaweyan maneh. Nanging dhasar Sodik sing jarene wong-wong kiwa tengene nek ngopeni tanduran ngungkuli ngopeni anak, mula ora kendhat olehe ngubengi tandurane, ndelok-ndelok pojoking kedhokan yen nganti weruh ana suket sing kliwatan durung kewatun mesthi banjur diparani, dibubut banjur didelepne neng lendhuting kedhokan. Galengane sawah sing resik ora kethukulan suket, dening Sodik, Sampir diprentah supaya galengan kuwi ditanduri kacang lanjaran, mengko nek kacange wis wayahe ngundhuh sing dikongkon ngrambani ya Simpen banjur didol menyang bakul sayur. Asil turahan kanggo nyukupi kabutuhan sayur saben dinane, diparo dadi loro, sing separo diaturne Ibune kanggo imbuh-imbuh dhuwit blanja, dene sing separo dipasrahne Simpen, jarene ben kena dienggo nukokne jajan putu-putune. Wektu kuwi tandurane kacang durung nguwoh, nanging nek ndelok kahanane tanduran sing mrambat ing lanjaran nuduhake yen jroning wektu sing ora suwe maneh bakal ndadi lan woh-wohe.

 

"Niki kleresan tenan Mas" kandhane Sampir karo nyedhaki Sodik sing isih ngadeg neng tengah kedhokan ing sela-selane tanduran pari .

 

"Sing kleresan apane Lik?"  Sodik durung mudheng karo sing dikarepne rewange.

 

"Niku neh, kacange lanjaran" wangsulane Sampir nggenahne rembuge "sing kula tanem niki rak wiji angsal kula tumbas teng Toko Bima kidul palang sepur nika, thukulane sae lan cepet mrambate, sekdhap malih sungute mesthi ndadi".

 

"Ya kebeneran ta Lik" Sodik wangsulan alon karo mentas saka kedhokan "kenek dienggo nambahi kanggo mundhut blanja Ibu karo bisa nambahi sangune putu-putumu".

 

"Boten namung niku mawon lho Mas" Sampir nambahi rembuge "leres kados sing Mas Sodik dhawuhne nika, ambak-ambak mung sak galeng nek diopeni tenanan nggih saged ngedalne asil sing boten sekedhik, lha sing kula ngge numbasne pit putu kula Novi nika dhuwit king pundi? wong nika nggih asil angsale nglempakne mBokne yatra angsale dodolan kacang teng nggene mBak Sri Wahyuni, dhek gadhu nika. Lha nek sing dicaosne Bu Kaji rak diklempakne lajeng disumbangne teng Rumah Yatim, sing dikengken nyukakne sumbangan rak nggih kula? Wiwit tandur gadhu ngantos panen nika sedaya setunggal yuta kalih atus lho Mas? Ngendikane Bu Kaji, niku sedaya arta saking kacang galengan niki".

 

"Nek ngono ya lumayan tenan ya Lik?" Sodik mesem nanggapi rembuge Sampir sing ketok semangat kuwi.

 

"Enggih, nanging dhek gadhu nika boten namung galengan thok sing ditanemi kacang, nanging cengkrikan kalih kedhok tulakan nika nggih kula tanemi kacang, nek rendhengan niki kula tanemi pantun" .

 

"Oh, iya Lik, aku arep ndang balik iki" Sodik guneman bab liya "arep nandangi gaweyan sing klendran pas tak tinggal nyang Yogya wingenane kae".

 

"Oh, nggih Mas" wangsulane Sampir "kula tak wangsul mengke mawon, ajeng nutugne nambahi lanjaran kersane mengke nek ndadi tenan boten ambruk".

 

Sodik wis ora semaur maneh, kasengsem anggone reresik tangan lan sikile sing gupak endhut, diresiki nganggo banyu kalenan sing mili saka sumur sawah sing uripe migunakne setrum listrik PLN.

 

Pancen dina kuwi Sodik kepengin banget bisa ketemu karo Ustadz Mahfudzi neng daleme. Sodik kepengin ngerti luwih akeh critane Waginem saka Ustadz Mahfudzi, Ketua Yayasan sing nadyan yuswane wis sepuh nanging isih energik lan ora tau leren nggone berjuang kanggo kabecikane umat menungsa tanpa mbedak-bedakne menungsa siji lan sijine. Mula sawise saka sawah, bubar adus, Sodik ya banjur pamitan ibune nek arep sowan Ustadz Mahfudzi nyang Ngawi.

 

Dipamiti nek arep sowan Ustadz Mahfudzi, penggalihe Bu Kaji dadi sansaya karenan. Amarga Bu Kaji ya pirsa nek Ustadz Mahfudzi kuwi wiwit timur wis akeh labuh labete marang bebrayan ing ngendi-endi, Biyen jaman timure Ustadz Mahfudzi kuwi ya akrab karo sawargi Pak Kaji Ali, kajaba padha-padha olehe ngabdi ing Kementerian Agama Ngawi, Ustadz Mahfudzi kuwi kagungan garapan ndakwahi para nom-noman sing ana Kedunggalar. Ya merga saking kauletane Ustadz Mahfudzi, bocah-bocah nom sing maune ora ana sing njawa sembahyang malih dadi padha sregep menyang Masjid, sing maune seneng tukaran lan mabuk-mabukan malih dadi padha dadi aktivis Karang Taruna. Nom-noman sing seneng tukaran dijak nyalurne bakate ing dalan sing bener sarana mlebu pakumpulan Bela Diri. Ana sing dijak latihan neng Pagurone Ustadz Mahfudzi dhewe, ya iku Persaudaraan Setia Hati Terate sing pusate Madiun, lan ing Kedunggalar ya wis ana Rantinge, malah Ketua Rantinge wektu iku ya Ustadz Mahfudzi dhewe. Nanging ya ora sithik nom-noman binaane Ustadz Mahfudzi kuwi sing milih mlebu ing Pakumpulan Bela Dhiri liyane, ana sing melu Tapak Suci sing dipimpin Ustadz Muhtarom, kabeneran Ustadz Muhtarom kuwi wiwit sekolah kerep tunggal sapondhokan karo Ustadz Mahfudzi. Ana uga sing banjur melu latihan ing Pakumpulan Silat Cempaka Putih, sing pangarsane ing Kedunggalar diasta dening Pak Yata Guru SMP. Ya merga saka asil binaane Ustadz Mahfudzi sing tanpa pamrih gebyaring kadonyan kuwi, ndadekne kabecikan sing bisa dirasakne wong akeh. Ambak-ambak neng Kedunggalar ki akeh paguron silat sing genderane beda-beda, nanging ora tau keprungu anane cecongkrahan antarane paguron siji lan sijine, kabeh padha rukun lan padha nuduhne kamulyaning jiwane dhewe-dhewe.

 

Mula bareng Bu Kaji pirsa nek Sodik kuwi ora tau pedhot olehe sesambungan karo Ustadz Mahfudzi, Bu Kaji mundhak sansaya renan penggalihe. Malah tau sawijining dina, Bu Kaji thukul gagasan kepengin nyuwun tulung marang Ustadz Mahfudzi supaya ngandhani Sodik murih Sodik enggal gelem mungkasi nggone urip mbujang ngono kuwi. Nanging durung nganti pepenginan kuwi dikandhakne malah kedhisikan Ririen nemokne srana sing katone uga becik.

 

Kaya padatan yen lelungan ijen sing ora adoh, Sodik Salim luwih seneng numpak pit motore tinimbang nggunakne mobile. Mula sawise matur pamitan marang ibune, Sodik ya banjur nggelak pit montore tumuju Ngawi. Mau pas Sodik telpon, Ustadz Mahfudzi kandha nek ora neng daleme, nanging lagi neng Kantor Yayasan, nunggoni wong-wong sing lagi tumandang ngecet temboke kantor karo pager ngarep sarta gapura regole Kantor Yayasan.

 

"Upama panjenengan pirsa ngono mesthi sansaya gedheg-gedheg eram krungu wangsulan-wangsulane Waginem pas diwawancarai wingenenane kae Dhik" lagi wae Sodik mapan lungguh Ustadz Mahfudzi wis nyritakne lakuning wawancarane Waginem wingenane "dhasare sing mamancarani Ustadzah Laila dadi ya keprungu nyenengake, kaluwihan sing diduweni Waginem jan bisa sansaya katon cethane".

 

"Inggih ta?" Sodik wangsulan karo mesem "nggih sokur alhamdulillah menawi makaten Ustadz, sekolahane piyambak saged pikantuk tambahan  tenaga ingkang sae lan mBak Waginem saged pikantuk papan kangge ngabdi ingkang pas kalihan kasagedanipun".

 

"Bener kuwi" Ustadz Mahfudzi nutugne olehe ngendikan "upama wong jejodhowan ngono antarane SMA ne dhewe karo Waginem kuwi, jan wis jodho tenan ngana kae".

 

"Inggih Tadz"

 

"Kuwi nek diupamakne wong jejodhowan" Ustadz Mahfudzi ngendika maneh "saiki upama jejodhowane ditambahi, ora mung antarane Sekolahane dhewe karo Waginem, nanging ditambahi antarane Dhik Sodik Salim karo Waginem ngono piye? Dhik Sodik mathuk apa gak? Merga ketoke antarane Dhik Sodik karo Waginem kuwi jan wis jumbuh tenan. Ya priyayine, ya kapinterane sarta jiwa-jiwa pengabdiane marang masyarakat luwas. Piye Dhik?".

 

"Nyuwun pangapunten nggih Tadz" Sodik wangsulan karo rada ngempet rasa isine "estunipun, sowan kula mriki niki wau nggih badhe matur bab menika, jalaran bares kemawon estunipun kula inggih sampun kepencut kalih mBak Waginem. Nanging kula badhe njajagi manahipun mBak Waginem menika ingkang radi pekewet, kinten-kinten sampun gadhah calon menapa dereng? kinten-kinten purun kalih kula menapa boten? niku ingkang ngganggu raosing manah kula Ustadz".

 

Ustadz Mahfudzi mesem amba. Ngatonake menawa lagi karenan sajroning penggalihe.

 

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...