Total Tayangan Halaman

Minggu, 28 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (078)


 78.

Sawise tak gagas sedhela tumuli aku pamitan marang Ki Tanpa Aran yen dina kuwi aku arep nemoni Togog sedhela banjur nutugne laku menyang Kraton Katentreman nemoni Kang mBok Ratu Setyawati. Tak pamiti Ki Tanpa Aran mung cengar-cengir ora aweh wangsulan apa-apa. Lagi sawuse aku ngunggahi gampenging kali, wong sing kaya ora genep akale kuwi bengok-bengok, celuk-celuk, ngundang aku.

 

“Wonten dhawuh Kyai?” aku mandheg, noleh memburi banjur takon.

 

“He he he sing ngati-ati” wangsulane Ki Tanpa Aran karo nyawang aku sedhela, banjur ngalih.

 

Aku mesem, ngadhepi wong sekti sing duwe kelakuwan aneh ngono kuwi pancen kudu sabar. Sawise tak enteni sedhela Ki Tanpa Atan ora guneman apa-apa maneh, aku banjur nerusne laku.  Lan aku sengaja nggunakne pangaribawane Keris Kyai Bancik   murih ora diweruhi dening wong liya, kanthi mangkono ora bakal ana sing ngakang-alangi lakuku. Ora ana wong sing sujana lan uga ora ana wong sing nedya nganggu gawe marang aku.

 

Tekan dalan sing nyigar padhukuhan Bulak Pandhe, aku weruh akeh wong lanang-lanang sing padha mlaku sajak kesusu. Siji loro ana sing lakune mbalik, dadi simpangan karo sing lagi mlaku sajak kesusu sing wangune lagi arep budhal embuh menyang ngendi.

 

“Piye Kang, bener tenan? Isih ana kana ? apa wis dielih?” dumadakan aku krungu salah siji saka wong sing mlaku sajak kesusu kuwi ana sing takon marang wong sing sajake wis mlaku mulih. Aku mandheg kepengin krungu sing arep dikandhakne wong loro sing pethukan neng dalan kuwi.

 

“Bener” wangsulane sing ditakoni “bener-bener nggegirisi kahanane, marahi neng githok mengkorog, ora ana sing wani ngelih, prajurit-prajurit Keling ya padha wedi, wanine mung nyawang saka kadohan, padha kuwatir yen dikatutne dosane dening bangsa alus sing wis nuduhne kanepsone marang Ki Suwela lan Ki Makara kuwi”.

 

“Mosok nek kuwi gaweyane bangsa alus tenan neh Kang?” wong sing takon mau takon maneh.

 

“Kabeh wong kandhane ya mangkono kuwi” wangsulane sing ditakoni “jarene para prajurit mau, Ki Suwela karo Ki Makara kuwi mau bengi nengahi lagi ketungkul nggone rembugan karo Raden Lokapa lan Raden  Dhandhaka, dumadakan ilang tanpa tilas. Wong-wong padha ora weruh menyang ngendi parane, ngerti-ngerti ya wis awan iki mau, sirahe priyayi loro kuwi wis dipanjer neng dalan prapatan tanpa gembung lan sing manjer neng kono kuwi sapa ya ora ana sing weruh, kamangka dhek esuk durung ana apa-apa lan papan kono kuwi ora tau sepi wong, nanging ora ana sing weruh sapa sing manjer sirahe piyayi loro kuwi. Mula banjur dijupuk dudutan yen sing nindakne kabeh mau ora ana maneh kajaba bangsa alus sing lagi nesu marang priyayi loro kuwi”.

 

“Gek lupute Ki Suwela karo Ki Makara marang bangsa alus kuwi apa no Kang kok nganti dikonokne ngono kuwi?” wong sing takon nutugne pitakone.

 

“Awake dhewe iki wong cilik Dhi” sing ditakoni genti aweh tutur, suwarane digawe lirih olehe guneman dicedhakne neng sandhing kupinge sing takon “ora becik takon ngono kuwi, merga bisa dianggep luput dening sing lagi nyekel panguwasa desa kene”.

 

“Iya Kang” wong sing maune takon, aweh wangsula uga nganggo suwara lirih karo manthuk-manthuk.

 

“Malah aku nggagas, bangsa alus kuwi bisa uga sing mbaureksa desane dhewe kene, sing diprentah dening Ki Kebayan jaman semana. Lha mesthine bangsa alus kuwi rak ngerti tumindake Ki Suwela lan Ki Makara marang kawula ing Bulak Pandhe kene sing sawenangt-wenang rumangsa dumeh wis menang, ngrampas lan ngrebut duweke kawula ya mung sageleme wae, kaya wingi kuwi Kebo Benthung duweke Dhe Jithut, awit dhawuhe Ki Makara, banjur dijupuk dening Prajurit jarene arep dienggo lawuh mangane para prajurit. Ya apa ora?” klesik-klesik isih bisa tak rungokne, wong sing lagi wae mulih saka anggone ndelok sirahe Ki Suwela lan Makara sing dipanjer neng dalan prapatan kuwi mbisiki kancane.

 

“Iya Kang” wangsulane sing dibisiki karo manthuk-manthuk “ya wis yen ngono, aku ta kora sah ndelok sirahe wong loro kuwi. Tak bali wae, wong omah tak kandhanane nek ora sah padha melu kuwatir lan mikir sing ora-ora, waton awake dhewe ora tumindak gawe kapitunane liyan, ora bakal diganggu dening para bangsa alus”.

“Bener kuwi Dhi” sing nuturi wangsulan karo mesem “ayo bali wae, bareng aku. Ora ana bathine ndelok sirah dipanjer tanpa gembung ngana kae, kajaba mung gawe mirising ati lan bisa-bisa banjur tom-tomen marakne ora bisa turu lan ora doyan mangan wae”.

 

Aku banjur nerusne laku, karo nyawang wong-wong sing sansaya akeh padha mara menyang dalan prapatan. Racak-racak miturut pangrunguku, akeh wong sing ora welas marang Ki Suwela apa dene Makara sing sirahe dipanjer dening Lancur kuwi, jalaran wong-wong akeh-akeh ya padha melu serik marang wong loro sing wis gawe gugure Wa Anggara ya Wa Kebayan ing Bulak Pandhe kono. Luwih serik maneh, panganggepe wong loro kuwi marang kawula ing Bulak Pandhe, kaya marang wong sing lagi kalah perang kabeh barang kaduwekane dianggep wis lumrah lamun dijarah dening sing rumangsa lagi menang perange. Sawuse aku rumangsa lega jalaran ngerti sikep lan suwara klesik-klesike para kawula Bulak Pandhe, aku banjur gegancangan mlaku menyang warunge Togog.

 

Kaya sing wis tak kira, Togog karo Minthul bojone, padha  bingung awit saka anggonku lunga tanpa pamit mau bengi. Malah ora mung wong loro kuwi wae sing padha bingung, Codhot karo Tomblok sing uga diwaduli dening Togog bab lungaku kuwi, uga padha melu bingung. Pas aku tekan warunge Togog, ing kono wis ana Togog sabojone sing lagi jagongan karo Codhot lan Tomblok. Aku melu lungguh neng lincak sing ora ana sing nglungguhi, nanging wong-wong kuwi ora padha weruh yen aku melu jagongan, jalaran aku isih ngunakne pangaribawane Kyai Bancik sing ndadekne wujudku ora bisa kadulu dening sapa wae.

 

“Nek pancen si Genter kuwi wong sing ala kudune lungane mesthi karo nggawa barang isen-isen warung iki sing kena didadekne dhuwit” kandhane Togog marang kancane jagongan “nanging nyatane barang-barang warung ora ana sing kalong babar pisan”.

 

“Lha ya gek lungane bocah kuwi menyang ngendi ya Kang?” Tomblok nyaut guneme Togog “aku kuwatir gek bocahe mau bengi pas metu banjur kepethuk prajurit Keling, ditakoni ora bisa aweh wangsulan sing cetha banjur digawa lan disikara neng pasanggrahane kana?”.

 

“Lha ya kuwi sing tak piker wiwit mau wangsulane Togog “nek bener kaya sing mbok omong kuwi, kok ya apes temen lakone si Genter? Bocah  kae katone duwe budi becik tur ya dhasare bocah sing lugu. Ora ngerti perkarane negara, kok bisa dadi korban lan nemoni lakon sing ndadekne sengsara………”.

 

“Ya muga-muga wae Genter ora dicekel prajurit kaya sing padha ndika kuwatirne kuwi” Codhot genti sing guneman “esuk mau aku krungu kabar jare sing mbaureksa padhukuhan kene, mau bengi nesu marang prajurit-prajurit sing lagi menang perang kae. Lurahe malah uga tetunggule Prajurit padha keneng amuk dening bangsa sing ora kasat mata, malah kabare Ki Suwela lan anake sing jeneng Ki Makara kae ilang dadakan digondhol menyang ngendi ora ana sing weruh. Banjur awan iki mau, wong-wong padha geger, jare sirahe Ki Suwela lan Ki Makara wis tanpa gembung, dipanjer neng dalan prapatan nggon pasar kana kae. Muga-muga wae, lungane Genter iki merga didhelikne bangsa alus lan dislametne saka tumindake wong sing arep ngarah cilakne”.

 

“Bener kuwi Kang Codhot” ora sranta karo ngatonake wujudku sing wis lungguh neng lincak cedhake wong-wong kuwi, aku mangsuli gunemane Codhot. Wong sing ana kono padha katon kaget, kabeh nyawang aku karo praupan sing nuduhne rasa gumune.

 

Kamis, 25 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (077)


77.

Rada suwe aku karo Ki Tanpa Aran meneng-menengan, embuh Ki Tanpa Aran lagi nggagas apa, aku ora ngerti. Nek gagasanku nglambrang tekan ngendi-endi, sing cetha ing Kutharaja Majapahit aku wis ora duwe sapa-sapa lan apa-apa maneh. Mungguhku ing Majapahit iki ora ana sing bisa tak arep-arep, tak bekteni apa dene sing tak tresnani. Palungguhan sing kinurmatan dening sapepadhaning wong wis ilang, Rama Tumenggung sing tak bekteni wis ora ana, Andalu sing tak tresnani mung kari crita. Tak gagas-gagas luwih prayoga yen aku enggal tumuli minggat ninggalne Majapahit sing saiki wis ora dadi Kutharaja maneh iki. Ora ana gunane kesuwen manggon neng kene, kajaba mung nambahi rasa lara ing telenging rasa.

 

“Pancen bener, urip neng kene kuwi wis ora mencutake maneh” dumadakan Ki Tanpa Aran guneman, aku kaget wong tuwa kuwi kaya nyemoni marang gagasan sing ana atiku “nanging nek jenenge manungsa arep urip neng bumi ngendi wae, jan-jane ya padha wae, ora bakal krasan nek ora keturutan apa sing dadi karepe lan kapunggel apa sing dadi critane”.

 

Aku ora semaur, malah ethok-ethok ora migatekne apa sing lagi wae diucapne wong sing katon ora genep nalare  kuwi.

 

“Akeh wong sing  ngerti lan ngakoni jenenge kesaguhan kuwi kudu diudi murih bisane diwujudi” Ki Tanpa Aran guneman maneh, kaya mau olehe guneman ya mung grenengan kaya ditujokne marang awake dhewe, panyawange ora tumuju marang aku, nanging menyang banyune kedhung sing meneng kuwi “nanging keh-kehane ya mung mandheg neng pocapan, wegah nandangi nek wis rada suwe banjur nganggo pawadan lali, kamangka kasaguhan kuwi ya lagi, durung katutupan dening kesaguhan anyar, ewa semono diumbar kleyar, ya kaya mangkono kuwi sing marahi gegayuhan jugar, banjur yen wis genti ngluputne jaman utawa papan, kang mangkono iku nyata yen ora klebu nalar. Pancen ya rada angel mbedakne nasar apa pancen kesasar?”.

 

Kaya diithik-ithik pangrasaku dening ucape Ki Tanpa Aran ngono kuwi. Tembung-tembung sing katone mung metu nurutiobahe lambe kuwi, cetha yen wis nyemoni marang aku. Akum au lagi wae kandha yen isih duwe sesanggeman sing kudu tak tindakne, nanging nyatane gagasanku sing nglambrang mau, babar pisan ora nyenggol karo anggonku arep netepi sesanggemanku sing tak kandhakne mau.

 

“Nuwun sewu Kyai” alon-alon aku guneman tak tujokne marang Ki Tanpa Aran “mila saestu, kabekta dening kawontenan ingkang tansah ngisruhaken manah, kula sok nyupekaken sesanggeman ingkang mesthinipun enggal kula lampahi. mBok ndika kersa paring pitedah dhateng kula ta Kyai?, menapa ingkang prayogi kula lampahi, murih kula enggal saged netepi kesagahan ingkang sampun kathah ingkang kula supekaken wau”.

 

“He he he……” Ki Tanpa Aran ngguyu karo cengar-cengir “ndika kuwi ya aneh? nJaluk pituduh kok marang wong gendheng? Apa ndika kepengin dadi gendheng? Tak tuturana mangsa ndika arep nggugu? Jeneh piwelinge wong sing nalare jangkep, wasis ing sakehing kawruh agal lan alus, tur rupane ya ayu, kuwi wae wis ndika lirwakne? Gajege ana sedulur tuwa sing kajibah nuntun adhine murih bisa maca ngelmu kang tinulis tanpa aksara, ngrungokne piwulang sing tanpa suwara?”.

 

“Jagad Dewa Bathara” aku nyebut ing sajroning ati, ukarane Ki Tanpa Aran sing keri dhewe iki mau kaya palu gedhe sing ditibakne menyang dhadha rasane. Aku wis diwelehake melek-melekan, aku wis nyidrani marang apa sing dadi welinge Kang mBok Setyawati nalika aku pamitan arep tilik lan pamitan marang bumi Majapahit luwih dhisik murih bisa gangsar nggonku nampa tuntunan ngelmu Sejatining Sih peparinge Sawargi Kanjeng Eyang Doradruwasa sing murih aku bisa nampa kanthi sampurna kudu dituntuni dening Kang mBok Setyawati, Ratu ing Kraton Katentreman. Nalika semana aku diweling, sadurunge aku bisa mangwasani Ngelmu Sejatining Sih, aku kudu mbudidaya murih aja nganti gawe pepati utawa tumindak sing bisa njalari ana titahing Gusti sing mati, ora ngemungake titah sing wujud manungsa sanadyan paribasan mung sawujude mrutu utawa tengu pisan ora kena mati jalaran saka tumindakku. Nanging, kanyatane aku wis nglalekne apa sing dadi welinge Kang mBok Setyawati, mbuh wis pira cacahe kewan cilik-cilik bangsane jingklong sing mati tak cablek merga tak anggep ngganggu, malah sing lagi wae tak tindakne dina iki mau, cetha yen wis adoh ninggalne weling sing dikandhakne Kang mBok Ratu. Mung nuruti rasa sengit saka ati sing kebak pangigit-igit, aku wis dadi jalaran matine Ki Suwela lan Makara kanthi pati sing nyata kaniaya.

 

Dumadakan jantungku krasa kaya mandheg, kasumpet dening rasa getun kedhuwung sing ora kena digambarake sepira gedhene. Aku banjur kelingan dhawuh pungkasan saka Kanjeng Rama Tumenggung sing tak tampa, ya iku aku kadhawuhan puruita kanggo necep ngelmu marang Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa. Pranyata sawuse aku nampa ngelmu, mung kari nyampurnakne wae, jebul aku ora kuwawa. Aku isih kalah karo panggodha, nuruti ubaling hawa napsu, kepengin males lara wirang marang Ki Suwela apa dene Makara. Yen mangkene, nyata yen aku wis gawe kuciwane sawargi Rama Tumenggung, sawargi Wa Anggara uga sawargi Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa. Lan sing luwih gawe sedhihing pikirku, aku wis gawe kuciwane Kang mBok Setyawati. Apa aku iki isih pantes nyebut Kang mBok marang panjenengane, wong nyatane nadyan wis kadhaku dadi siswane Eyang Resi Doradruwasa suprandene aku ora bisa netepi dhawuh piwulange sing dititipne marang Ratu Kraton Katentreman kuwi ?.

 

“Jamak lumrahe getun kuwi manggone ana ing mburi” dumadakan Ki Tanpa Aran guneman maneh “nanging nek mung digetuni, sayekti tanpa guna. Yen wis tumindak luput kudu wani ndhadha ing kaluputane lan kudu kanthi lega njaluk pangapura, murih ndika bisa mangerteni ngelmu Sejatining Sih sing diparingne dening Resi Doradruwasa kuwi. Jalaran, kira-kira wae, tanpa ngerteni ngelmu Sejatining Sih, ndika bakal nemoni urip kaya wong sing kesasar lan ora bakal bisa nutugne lakuning urip kanthi lumrah, sadurunge ndika bisa ngaweruhi isining ngelmu Sejatining Sih kuwi mau”.

 

“Inggih Kyai” aku nimbangi apa sing dikandhakne Ki Tanpa Aran, kanthi ati sing wis pepes “nanging menapa sakintenipun Ratu Kraton Katentreman ingkang piniji dening Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa nuntun kula menika taksih purun paring pangapura dhateng kula lan purun nuntun kula kangge mangertosi Ngelmu Sejating Sih kasebat?”.

 

“Ha ha ha ha…….” Ki Tanpa Aran sing mau wis tumata olehe guneman saiki mbalik kaya wong ora waras maneh, tak takoni diwangsuli nganggo guyu lakak-lakak, banjur guneman sing nek dirungokne bisa gawe panasing kuping “Nah, saiki ndika wis klakon dadi wong gendheng tenan. Takon kok marang wong gendheng, wis edan kathik ora nduweni wangsulane pitakon kuwi mau, ngono kok ngaku jarene wong sing waras nalare ha ha ha…….ha “.

 

Sanadyan aku ya ora seneng disrani wis dadi gendheng, nanging aku mung bisa meneng.

 

“Sing duwe wangsulan saka pitakon ndika kuwi cetha dudu aku Gus” kandhane Ki Tanpa Aran maneh “sak jagad iki sing nduweni wangsulan saka pitakon ndika mau mung siji, ya iku ya mung muride Resi Doradruwasa sing ayu dhewe kae he he he”.

 

“Inggih, inggih Kyai” wangsulanku groyok.

 

“Saiki kari ndika piye olehe arep nindakne, nek ndika rumangsa isih mbutuhne tuntunan murih bisa mangerteni Ngelmu Sejating Sih, ndika wis ngerti apa sing prayogane ndika tindakne lan upama ndika milih urip ing juranging sasar, ndika ya ngerti, apa sing kudu ndika lakoni. nDika nkuwi wong pinter dudu wong bodho, uga dudu wong gendheng lan ora patut dadi wong edan, kuwi ndika kudu ngerti Raden bagus Suwanda putra angkate Gusti Tumenggung Jatikusuma menungsa setengah dewa sing dadi kekasihe Sang Hyang Maha Nasa”.

 

 

 

Ana candhake

 

Rabu, 24 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (076)


76.

Tekan panggonan sing mau, ya iku ing gisiking kali sing manggon neng sakulone padhukuhan Bulak Pandhe, jebul Ki Tanpa Aran wis mapag tekaku lan Lancur kanthi ngguya-ngguyu dhewe. Lancur manthuk aweh kurmat, aku uga banjur tiru-tiru ndhingkluk karo nindakne sembah kalbu nuduhne rasa kurmatku marang wong sing dening wong akeh diarani nek ora genep nalare kuwi.

 

“Gaweyanmu wis tak tandangi Ki Lancur” kandhane Ki Tanpa Aran nalika Lancur arep marani papan panggonan kanggo ndhelikne ragane Ki Suwela lan Makara sing wis dipocok gulune mau.

 

Lancur mandheg, banjur nyawang marang Ki tanpa Aran tanpa nganggo guneman.

 

“Ora susah bingung, bathang loro sing wis ora ana gunane mau wis tak buwang menyang alas kidul kono” kandhane Ki Tanpa Aran sabanjure “ndika ya ora susah ndadak nganggo muni matur nuwun marang aku, merga lekasku mbuwang bathang mau ora merga kepengin ngrewangi ndika, nanging pancen aku kepengin makani kewan-kewan sing ana alas kidul kono sing wis rada suwe padha ora ngrasakne panganan sing dianggep enak”.

 

“Nanging menawi kula ngaturne panuwun napa klentu Ki?” Lancur takon karo mesem.

 

“Ora ana barang sing kleru waton ora gawe laraning atine liyan, mung wae ya panggah ora ana gunane, kanggoku lan kanggo ndika” wangsulane Ki Tanpa Aran tanpa nuduhne rasa apa-apa, anyep.

 

“Lha lajeng menapa malih ingkang kedah kula lampahi Ki ?” Lancur nutugne kandhane karo takon marang wong tuwa kuwi, wangune Lancur ngira-ngira mbok menawa arep diprentah apa ta apa dening Ki Tanpa Aran.

 

“Lha sing arep tumandang kuwi ndika, lha kok malah takon menyang aku ta Ki Lancur?” Ki Tanpa Aran wangsulan sengak “ya sakersa ndika wae, ndika bisa banjur turu neng sudhung kana, gajege wiwit wingi sore ndika durung turu ta? Utawa golek mangsan dhisik sadurunge turu, sa ngertiku wiwit wingi ndika ya durung emplok-emplok apa-apa. nDika kuwi wong lumrah, beda karo Gus Wanda kuwi”.

 

“Nggih Ki” wangsulane Lancur karo mesem kecut, banjur nyoba takon maneh “bedane kula kalih Gus Wanda salintune ing pangkat lan drajat napa Ki?”

 

“Gus Wanda kuwi ora butuh leren, ora butuh turu, ora butuh mangan utawa ngombe kaya awake dhewe iki” wangsulane Ki Tanpa Aran, sing ndadekne aku eram, dene wong kuwi jebul wis ngerti  nek aku kaselehan daya dening Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa temah bisa ora luwe, ngelak, kesel lan ngantuk nganti sarus rong puluh tahun lawase.

 

“O, makaten nggih Ki?” Lancur nyethakne rembug.

 

“nDika kuwi senengane pancen diapusi kok” Ki Tanpa Aran nyentak Lancur “nek eneng wong kandha apa anane mesthi ndika  takokne bener orane, nanging nek diapusi wong ndika kuwi gtampang banget percayane”.

 

“Bener Ki Lancur” aku banjur melu nrambul gunem, mblakakne kang dadi kaluwihane ragaku “iya awit kaparingan daya kekuwatan dening kanjeng Eyang Resi Doradruwasa, ya iku sedulur tuwa saka gurune sawargi Rama Tumenggung lan Wa Kebayan Bulak Pandhe, aku bisa kaya sing didhawuhne Ki tanpa Aran mau nagnti satus rong puluh tahun suwene, yen wis kuwi ya bakal bali kaya lumrahe menungsa urip”.

 

Lancur manthuk-manthuk sajak eram, tilas punggawa dalem Katumenggungan kuwi mesthine uga gumun dene sawise pisah karo aku sawatara suwene banjur ngerti yen aku ana owah-owahan sing akeh, mligine ing babagan ngelmu jaya kawijayan.

 

“Uwis, ora sah nggagas lan ndedawa angen-angen sing durung cetha kang dadi gunane” ki tanpa Aran guneman maneh karo nyawang Lancur “saiki luwih becik ndika ndang budhal luru mangsan kanggo nyukupi butuhe raga, aku ya ora ngarep-arep sarta ora arep njaluk, nanging nek ndika golekne pisan, aku ya gelem”.

 

Lancur ora wangsulan, banjur menyat ngalih, ngunggahi gampenging kali, ninggalne aku karo Ki Tanpa Aran.

 

“Lha ndika apa ya arep banjur mbalik menyang warunge Togog maneh ta Gus?” saungkure Lancur Ki Tanpa Aran genti nakoni aku. Sepisan maneh aku eram marang kawaskithane wong sing katone ora waras iki, dene wis ngerti yen sadurunge tekan kene, aku manggon neng warunge Togog “sajake Togog lan sedulur anyar ndika, si Tomblok lan Si Codhot, luwih-luwih Si Minthul, dina iki lagi padha bingung, rumangsa kelangan ndika. Pancen ya lucu, wong dudu apa-apane kok bareng ora ana rumangsane padha kelangan”.

 

Aku durung bisa aweh wangsulan marang pitakone Ki Tanpa Aran iki, jalaran aku isih mikir-mikir apa sing arep tak lakoni dina iki lan dina-dina sabanjure.

 

“Upama ndika ora mangsuli sing tak takokne iki mau, ndika ya ora luput kok Gus, aku ya ora tuna” Ki Tanpa Aran guneman maneh “upama ndika wangsuli ya ora mbatheni apa-apa marang aku”.

 

“Nyuwun pangapunten Kyai” aku guneman lirih karo aweh kurmat “anggen kula kendel lan mendel niki wau, boten kok ateges kula boten purun atur wangsulan dhateng ndika, jalaran kula taksih nata ukara kangge atur wangsulan. Lan malih kula niki taksih waras kok Kyai, menawi dipun ajak wicanten dening tiyang sanes inggih wajib suka wangsulan”.

 

“He he he……” Ki Tanpa Aran ngguyu nyekikik, banjur kandha “ndika ngrumangsani nek waras ta? Sokur ta nek ngono, muga-muga isih waras temenan, jalaran meh kabeh wong gendheng kae padha ora rumangsa nek lagi owah nalare, kajaba aku lho? Nek aku pancen ngrumangsani duwe nalar sing ora genep utawa ora waras. Heh he he “.

 

Aku ngerti nek sing dikandhakne Ki Tanpa Aran iki mau, ngemu wulangan ngelmu, nanging aku durung bisa nyandhak mungguh sing dadi karepe.

 

“Estunipun kula mila badhe dhateng warungipun Kang Togog malih Ki, nanging boten badhe nglajengaken anggen kula badhe nunut ngiyub ing mrika. Anggen kula badhe mrika niku namung badhe suka kabar dhateng Kang Togog menggah anggen kula kesah kala dalu ngantos wekdal menika. Salajengipun kula inggih badhe pamitan, jalaran taksih wonten sesanggeman ingkang dereng saged kula rampungaken” kandhaku marang Ki Tanpa Aran nyethakne mungguh sing arep tak tindakne dina iku.

 

“O ngono?” Ki Tanpa Aran wangsulan karo cengar-cengir lucu “nek jenenge sesanggeman kuwi ora mung isih ana nanging sing pas ya isih akeh, akeh banget, wong pancen sadurunge tumitah wae manungsa kuwi wis nggawa kesaguhan, nanging ya kuwi keh-kehane ya banjur padha lali, he he he kaya aku iki barang. Mula nek ndika isih eling karo sesanggeman kuwi jenenge satriya tenan”.

 

“Inggih Kyai” wangsulanku karo aweh kurmat “mugi Kyai paring pangestu dhateng kula, murih kula saged anetepi kasagahan ingkang sampun kula ucapaken”.

 

“Kabeh kuwi gumantung ing astaNe, titah mung sadrema wajib mbudidaya lan nyenyuwun murih bisa kasembadan kang sinedya, dadi luput banget yen mung njagakne pambudidaya luwih-luwih mung njagakne pangestune wong liya, merga akeh lho pangestu kuwi sing disebar-sebar neng ngendi-endi, nanging jebul pangestu sing palsu, pangestu sing mung tekan ing lambe, ora tulus tumeka jroning atine sing muni, tulusa nek ora disartani panyuwun sing tumemen marang pangwasaNe ya padha wae olehe muspra tanpa tanja” Ki Tanpa Aran genti aweh wangsulan lan iki cetha yen ngemu pitutur sing pantes lamun diangen-angen lan ditimbang bener lupute.

 

Aku manthuk-manthuk, sanadyan durung pati mudheng karepe, nanging aku uga ora wani ngarani mungguh bener utawa lupute ukara sing dikandhakne Ki Tanpa Aran iki. Ukara prasaja kuwi nyata mbutuhake wektu bisane dingerteni kang dadi karepe, lagi bisa diarani bener utawa lupute, pantes dienggo apa luwih becik diumbar wae.

 

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (075)


 

75.

Sawise Lancur tak kandhani yen aku duwe kabisan sing bisa ndadekne ora bisa disawang dening mripat wantah lan bisa ndadekne barang apa wae ilang saka panduluning wong liya, mesthi wae ora tak kandhakne yen kuwi mau merga dayane Keris Kyai Bancik, Lancur seneng banget. Lan kanthi lega lila dheweke manut ing babagan andum gawe iki. Nanging Lancur kandha yen olehe arep mbuwang bangkene Suwela lan Makara sing wis tanpa sirah kuwi ngenteni mengko bengi yen wis wayah sepi uwong. Awan iki dheweke kepengin melu nandangi nyunduki sirahe Makara lan Suwela sarta vmanjer ing dalan prapatan, malah kepara aku mung dibagei supaya nyranani murih tandang gawe iki ora kaweruhan wong liya wae, dene kabeh gaweyan liyane arep ditandangi dening Lancur. Aku uga banjur nyaguhi panjaluke Lancur kuwi mau.

 

“Manawi makaten jengandika kasekecakna rumiyin anggenipun lenggah ing papan mriki, kula badhe pados bongkotan deling saha nugel gulune iblis kalih ingkang sampun dados bangke nika” kandhane Lancur karo ngadeg banjur menyat ninggalne aku.

 

Saungkure Lancur, mripatku bali  nyawang marang papane Ki Tanpa Aran sing mau glethakan ana pasir gisik kali karo dolanan ula bandotan. Aku ngadeg, Ki Tanpa Aran tak cedhaki. Jebul wong sing katone ora genep nalare kuwi lagi turu, malah ngorok sesenggoran, sauntara Ula bandhotan emprit sing wasis ngekrokne gulune kuwi gremetan ing awake. Ula kuwi kaya nurut sarandhuning awake Ki Tanpa Aran, wiwitane mlaku saka sirah banjur mudhun nganti tekan sikil, banjur mbali mlaku munggah maneh, karo ilate melet-melet. Aku banjur ngalih rada ngadoh, ora wani ngganggu wong sing lagi turu kuwi, mung sajroning ati rumangsa eram dene Ula bandhotan emprit sing kondhang galak lan duwe wisa sing bisa gawe patine sapa wae sing kena dicokot, katon lulut marang Ki Tanpa Aran.

 

Dumadakan saka kadohan lamat-lamat aku krungu suwarane wong sing lagi nembang, ngidungake pada Dhandhanggula :

 

Wiwit biyen tumeka saiki

Padha wae tekune manungsa

Yekti tan ana bedane

Kaya sing dadi atur

Dhuk ing kina marang Hyang Widhi

Yen penggawene jalma

Amung gawe kisruh

Dhemen ngutahaken ing rah

Amung awit nuruti pingining ati

Kuwasa lir Hyang Suksma.

 

Mung jalaran pengin nguwasani

Padha-padha titahing Hyang Suksma

Manungsa ilang sipate

Temah lali ing dhawuh

Sesanggeman kang den saguhi

Sadurunge tumitah

Wajib nyebar hayu

Hayuning rat saisinya

Saben ari wajib mbudi mring basuki

Basukining sasama

 

Tembang sing keprungu ora banter nanging cetha kuwi, cetha aweh pasemon marang lelakon sing lagi dumadi. Aku banjur kepengin ngerti sapa sing ngidungake tembang dhandhanggula iki?  Nanging kaya sing uwis-uwis, saben-saben aku krungu suwarane wong nembang ing papan sepi ngono kuwi, ajeg kangelan bisa ngerteni saka ngendi asale suwara. Aku banjur ngalih panggonan, mbok menawa suwara tembang kuwi ana candhake lan sokur-sokur yen aku banjur ngerti sapa sing ngidungake. Nanging sawuse aku ngalih panggonan suwara tembang kuwi wis ora keprungu maneh. Aku banjur golek sindhenan kanggo ngepenakke nggonku lungguh.

 

Karo lungguh sendhen watu gedhe sing ana pinggir kali kuwi, pikiranku nglangut mecaki lelakon sing taksandhang iki. Ya gene teka ana lelakon sing kaya mangkene iki? Ya gene kudu ana kraman sing kajaba gawe bedhahing Majapahit lan kendhange Kanjeng Sinuhun, uga gugure Rama Tumenggung lan tumpese Wa Anggara sakulawargane pisan?. Ya gene nggonku duwe gegayuhan bisa urip tentrem karo Andalu, gegayuhan sing prasaja ora sing neka-neka, jebul ora kasembadan? Malah Andalu kudu mungkasi uripe srana ngliwati dalan sing banget gawe ngeresing ati ?.

 

“Raden, kula pun Andalu ingkang sowan” dumadakan ing ngarepku katon Andalu teka karo mapan lungguh timpuh ngaturaje sembah marang aku.

 

“Andalu…….” Aku kaget, rasa seneng sakala ngebaki dhadhaku.

 

“Inggih Raden” wangsulane Andalu kanthi suwarane sing renyah “kula ngaturaken genging panuwun, dene Raden sampun kepareng nagihaken utangipun Ki Makara ingkang sampun damel sakiting manah kula”.

 

“Iya Nimas, kabeh mau tak lakoni ya awit saka rasa tresnaku marang sliramu sing ora bakal luntur nganti langit runtuh” wangsulanku karo ngesotne lungguhku kepengin ngusap sirahe Andalu.

Nanging Andalu ngendhani, karo mundur gegantilaning atiku kuwi banjur guneman :

 

“Inggih Raden, sanaosa taksih dereng timbang menggah kasangsayanipun Ki Makara manawi katandhing kalihan tumindakipun dhateng kula, nanging saestu kula sampun lega lan kula ngaturaken genging panuwun dhumateng jengandika Raden pangayoman kula ing donya ugi ing delahan, samangke Raden kantuna rahayu, Andalu tansah ngrantos jengandika ing korining tapet loka”

Bubar muni ngono kuwi, Andalu dumadakan ilang saka panduluku.

 

“Andalu….Andalu…….” ora krasa aku nguwuh uwuh nyeluki jenenge Andalu,

 

“Sampun Gus, sampun” dumadakan Lancur wis ngadeg neng ngarepku, banjur aku dirangkul kenceng, karo dikandhani “sampun kesangeten anggen jengandika mrihatosaken Nini Andalu, kula aturi pitados dhateng kula, Sedaya ingkang jengandika tindakaken tamtu kapirsanan dening Nini Andalu saking mrika, kula pitados bilih Nini Andalu sampun nicil ayem lan lega awit jengandika sampun saged males sakit lan lingsemipun Nini Andalu awit pakartinipun Makara ingkang murang tata”.

 

“Iya Ki Lancur” aku aweh wangsulan alon “lagi wae aluse Andalu teka ing papan kene, ngaturake panuwun marang aku awit wis klakon bisa males lara wirange marang  Makara. Nanging, durung tutug nggonku bisa sapajagong karo Andalu, Andaku wis nglungani, Andalu ngenteni tekaku ing korining Tapet Loka. Furung mari kangenku marang Andalu, Ki Lancur…….”.

“Sampun-sampun Gus, taksih wonten prakaryan ingkang kedah jengandika tindakaken murih sansaya leganing penggalihipun Nini Andalu, Gusti Tumenggung, Ki Kebayan Bulak Pandhe” kandhane Lancur ngelingake aku.

 

“Samangke kula nengga dhawuh jengandika Gus Wanda” kandhane lancur sabanjure “sirah kekalih sampun kula pisah saking badanipun, bongkotan deling kangge manjer sirahipun iblis kekalih menika ugi sampun samekta, sawanci-wanci Gus Wanda ngersakaken bidhal, sadaya sampun samapta”.

 

“Yen mangkono luwih becik budhal saiki wae Ki Lancur” kandhaku aweh wangsulan ngiras prentah marang Lancur ngajak budhal manjer sirahe Ki Suwela lan Makara ing dalan prapatan tengahing desa Bulak Pandhe.

 

Ora mbutuhne wektu suwe kanggo manjer sirahe wong loro kuwi, sedhela wis rampung tanpa ana sing meruhi jalaran sanajan ora adoh saka papan kanggo manjer sirah kuwi akeh warung sing rame merga wong sing padha blanja, nanging ora ana siji-sijia sing weruh apa sing ditindakne Lancur sing tak tunggoni. Pangaribawane Keris Kyai Bancik nyata kena diejibake temenan.

 

“Ketingalipun sampun cekap Gus” kandhane Lancur karo nyedhaki aku, sawuse anggone manjer sirahe Suwela lan Makara wis rampung.

 

“Cukup Ki Lancur” wangsulanku “saiki iki awake dhewe lan sirah loro sing ndika panjer kuwi durung ana sing bisa meruhi, mula muri hora konangan wong, ayo sumingkir rada ngadoh dhisik lan bakal tak bukak panyawange wong-wong sing liwat kene murih padha weruh yen ing pinggir dalan kuwi wis tinandur bongkotan pring sing nguwohne sirah”.

 

Sawise aku karo Lancur ngadoh lagi aku matah Kyai bancik supaya sirah loro kuwi bisa disawang nganggo mripat wantah. Lan klakon nalika ana wong sing weruh, sakala njerit kamigilan banjur bengok-bengok ngundang kanca-kancane. Ora suwe papan kono dadi rame, wong-wong padha kiaweden semu gila carup lan rasa giris, merga meruhi sesawangan sing oral umrah kuwi.

 

“Wis Ki, saiki ayo padha lunga saka kene” kandhaku marang Lancur “ndika bakal tak terne bali maneh marang papan pandhelikan ndika, lan sawise kuwi aku ya arep nerusne laku dhewe”.

 

Lancur ora wangsulan, dheweke ngerti nek wektu kuwi dheweke luput saka panyawange manungsa jalaran saka pangaribawaku, mula dheweke ya banjur mlaku nurut dalan sing mau diliwati, arep bali menyang pinggir kali maneh.

 

Ana candhake.

Selasa, 23 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (074)



74.

Ana rasa gumun ing atiku nalika wong sing katone ora genep nalare kuwi caket banget karo aku, ingatase sandhangan sing dienggo ketok luthuh, reged, rambute kaya gimbal lan nganggo iket sing suwek rowak-rawek, kulite busik kaya duwe sisik, nanging saka ragane kuwi mijil ganda arum kaya gandane lenga saka kayu cendhana. Pancen satemene wis suwe aku weruh wong sing dening Lancur diwenenehi jeneng Ki Tanpa Aran iki, ya iku nalika aku isih mapan ing dalem Katumenggungan minangka putra angkate Rama Tumenggung, wong kuwi kerep mlaku liwat neng dalan lan kala-kala mandheg neng ngarep Dalem Katumenggungan, luru gogrokan woh pelem utawa jambu banjur dipangan. Nanging ya lagi dina iki aku lungguh cecaketan karo dheweke sing pranyata nduweni ganda sing kaya gandane cendhana.

 

Lagi wae aku ngrasakne gumune atiku, dumadakan saka waliking suket sing ana gampenging gisik kali kuwi, njudhul ula cilik rupane ireng lan ing tenggoke ana rupa putih, cetha nek iki ula mandi sing jeneng ula bandhotan emprit. Ula kuwi kaya uler kilan mletikne awake, pencolotan sing wekasane tumiba ing pangkone Ki Tanpa Aran, aku kaget lan nedya aweh pitulungan supaya ula kuwi ora nganti nyathek wong sing katone ora pati genep nalare kuwi. Nanging jebul aku kalah kebat, kanthi gampang Ki Tanpa Aran nyaut ula sing sajak galak kuwi, gulune ula dijepit nganggo driji panuding karo jempolane.

 

“Dadi uwong kuwi aja gampang gumunan. Mundhak gampang keblithuk dening sing satemene mung wewayangan semu” Ki Tanpa Aran grenengan dhewe, karo guneman ngono kuwi, ula sing dijepit nganggo driji banjur dilebokne menyang kanthongan amoh sing nemplek ing klambine. Aku dadi sansaya gumun, babar pisan ora jumbuh karo unining grenengane wong setengah tuwa kuwi.

 

“nDika kuwi rak putrane Gusti Tumenggung Jatikusuma ta Gus?” tanpa maelu karo gumuning atiku, Ki tanpa Aran dumadakan nakoni aku.

 

“Dede Ki” wangsulanku bares, tak sengaja nggunakne tatakrama sing jangkep, ya iku tatakramane wong nom guneman karo wong sing luwih tuwa “jejer kula namung putra angkat kemawon”.

 

“Ya wis” Ki Tanpa Aran guneman maneh sajak ora nggatekne karo wangsulanku “mbuh anak angkat mbuh anak tenan kanggoku ora ana bathi utawa tunane. Mung wae, minangka wong sing ndelok, aku duwe wewenang alok, ora nuturi uga ora ngongkon, merga aku dudu sapa-sapane sapa wae, aku mung alok lan ora mbutuhne dirungokne utawa ora dening sing tak lokne”.

 

Aku sansaya ora mudheng karo sing dikandhakne wong sing nyata-nyata katon yen ora pati waras iki. Ewa samono aku ora bisa ora migatekne karo apa sing lagi wae dikandhakne, aku duwe pangira yen tembunge wong setengah tuwa kuwi dudu tembung sing lumrah, nanging tembung sing ana gegayutane karo lelakon sing lagi tak sandhang.

 

“Nuwun sewu Ki” aku rada nyaketne lungguhku karo wong kuwi banjur takon “menapa ingkang ndika kersakaken kalihan ingkang nembe ndika dhawuhaken menika kala wau?”.

 

“He he he” Ki Tanpa Aran ngguyu banjur guneman maneh “menungsa kuwi neng ngendi-endi kok padha wae ya? Pengin ngerti sing durung karuwan yen ana sambung rapete karo uripe. Nek ndika takon karepku apa? Aku dhewe ora ngerti aku iki duwe karep apa ora, butuhku mung ngunekne suwara nganggo lambe, ya kuwi sing mau tak arani mung alok merga aku mentas ndelok”.

 

Alok merga mentas ndelok?” aku mbaleni tembunge wong kuwi, banjur tak tutugne nganggo pitakonan maneh “nDika nembe kemawon mirsani menapa Ki?”.

 

“Lha merga aku duwe mripat, ya kabeh wewayangan sing mampir ing mripatku gelem ora gelem ya mesthi tak delok ta Gus?” karo setengah nyentak Ki Tanpa Aran aweh wangsulan sing ndadekne aku sansaya ora mudheng karo omongane wong kuwi.

 

“nDika dadi bingung dhewe ta?” bubar nyentak Ki Tanpa Aran banjur takon karo ngguyu “aku dhewe ya kerep bingung kok. Saking kerepe aku bingung, suwe-suwe aku dadi wong sing edan utawa ora waras ngene iki. Nek ndika ora kepengin edan ya aja kerep-kerep rembugan karo wong gendheng. Wis aku arep ngglethak dhisik, aku ya ora butuh ngerti ndika karo Lancur kuwi arep menyang apa, merga kuwi dudu perkaraku”.

 

Bubar muni ngono kuwi Ki Tanpa Aran banjur mudhun saka watu sing dilungguhi, mapan ngglethak neng dhuwuring wedhi gisiking kali kuwi. Ula sing mau dilebokne kanthong klambine dijupuk banjur ditumpangne ing dhadhane. Ula bandhotan sing duwe wisa mandi kuwi banjur nggremet alon dlusupan ana klambine Ki Tanpa Aran sing rowak-rawek. Aku mung bisa nyawang karo ora ilang-ilang rasa gumunku.

 

Sawise ditinggal glethakan dening Ki Tanpa Aran, aku lagi kelingan marang Ki Suwela lan Makara sing mau diseret dening Lancur lan tekan kene kober dithuthuki tutuke nganggo pedhang banjur didublag pasir kali dening Lancur. Aku ngadeg arep ndelok kepiye kahanane wong loro kuwi. Wagune Lancur uga wis tanggap karo karepku, Lancur melu ngadeg, banjur nututi aku nyedhaki Ki Suwela lan Makara sing mau digletakne kira-kira let sepuluh jangkah saka papanku jagongan karo Ki Tanpa Aran.

 

Bareng tak delok jebul wong loro kuwi wis ora duwe ambegan kabeh, wis padha mati. Mripate melek amba, nanging sing rupa ireng ing maniking mripat ora katon, mripat kuwi ketok kaya mecothot arep metu saka tlapukane. Saka cangkeme sing kebak wedhi, katon ana rupa abang, wangune ana getih sing arep metu nanging katutupan wedhi, dadi ya mung ana getih sethithik sing ndlewer metu saka pinggir lambe.

 

“Ketoke wis padha mati kabeh Ki Lancur” kandhaku marang Lancur.

 

“Inggih Gus” wangsulane Lancur “estunipun dereng marem raosing manah kula, nanging jebul iblis kalih menika kaselak sami pejah saderenge ngraosaken pasiksan ingkang radi timbang kalih dosanipun”.

 

“Wis ora prelu digetuni, saiki tak kira luwih prayoga yen mayit loro iki enggal dirukti” kandhaku marang Lancur sing isih durung ilang cuwane kuwi “dipendhem ana ngendi becike?”

 

“Dirukti Gus?” Lancur takon semu ngece “boten pantes iblis menika dipun pendhem, kange nglegani bentering manah kula dhateng kekalihipun, bathang kalih niki badhe kula pocok gulune, mengke sirahe badhe kula sunduki mawi bongkotan deling lan kula panjer ing prapatan tengah dhusun mrika, murih dados pangeling-elingipun tiyang kathah, tiyang ingkang gadhah teku iblis kados Ki Suwela miwah Ki Makara ngaten menika, benjing badhe manggih lelampahan ingkang makaten menika. Lan badanipun mangke badhe kula bucal dhateng jurang, ing wana sakidulipun Bulak Pandhe mrika, murih dibadhog sato wana panunggalaning sima lan srenggala”.

 

Tak gagas-gagas apa sing dikandhakne Lancur kuwi mula wis trep nek Ki Suwela apa dene makara oleh piwales sing mangkono kuwi. Wewayangane Andalu dumadakan kumlembar ing angen-angenku, Andalu sambat-sambat nalika diprawasa dening Makara lan kanca-kancane. Andalu sambat njaluk sih kawlasan supaya ora dirusak kasucene, nanging mung diwangsuli karo guyu-guyu sangar guyune menungsa sing lagi kerasukan iblis. Wasana aku sansaya sarujuk karo karepe Lancur sing arep nyunduki sirahe wong loro kuwi nganggo bongkotan pring banjur dipanjer neng dalan prapatan tengah desa. Malah aku banjur duwe gagasan, nedya andum gawe karo Lancur, murih slameting laku lan ora konangan wong, Lancur wae sing mbuwang awake Suwela lan Makara menyang alas kidul ndesa, dene gaweyan manjer sirahe wong loro kuwi neng dalan prapatan, bisa tak tindakne kanthi gampang. Nganggo kekuwataning keris Kyai Bancik, gaweyan kuwi bisa tak lakoni tanpa dingerteni dening sok sapaa wae.

 

 

Ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...