Total Tayangan Halaman

Selasa, 27 Desember 2022

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (020)


 

20.

Sauntara kuwi, Hartini sing sanadyan kaceke bijine neng Raport rada adoh nek dibandhing karo Sudimin, nanging Hartini bisa manggon neng peringkat loro ing kelase. Ora kaya Ninuk sing marang wong tuwa lan kanca-kancane tansah crita yen olehe kasil nglungguhi peringkat loro neng kelase kuwi amarga dheweke kurang tenanan wae anggone sinau lan kurang tliti olehe maca soal sing diadhepi, saupama gelem rada tenanan sethithik ngono wae, ora mokal nek Ninuk ora mung peringkat loro, malah kira-kira bisa dadi Bintang Pelajare Kelas loro sasekolahan kaya sing saiki dienggoni Sudimin. Hartini kandha marang sing padha ngalembana marang dheweke, yen satemene dheweke kuwi ora ngira nek nganti bisa oleh peringkat. Hartini kandha yen ngrumangsani banget pikirane pancen ora pati landhep, dhasare ya ora pinter, nanging merga kerep srawung karo Sudimin, mligine nalika padha-padha bareng sinau sing ndadekne dheweke bisa ngundhakne biji.

 

“Aku rumangsa kepotangan budi karo kanca-kancaku kabeh, mligine marang Sudimin, merga ya saka panyengkuyunge kanca-kanca kabeh aku bisa tenanan nggonku sinau, luwih-luwih bareng sing nuntuni sinau kuwi Sudimin sing sabar lan gampang nggone nerangne ngana kae. Upama aku ora melu sinau kelompok lan mung sinau neng omah dhewe, paling ya kaya adate peringkat loro nanging saka ngisor” kandhane Hartini marang kanca-kancane, nalika lagi jagongan sadurunge kelas mlebu lan wektu kuwi sing melu jagongan ora mung Kelas Loro A wae, nanging campur karo kelas liyane, kelas siji lan kelas telu barang.

 

“Nanging munggahe peringkatmu hebat lho mBak” Nita sing Triwulan kepungkur ngenggoni peringkat telu panggah aweh pangalembana “malah aku sing kesingkir, mlorot dadi peringkat papat”.

 

“Aja mung nyawang peringkate Dhik Nita” wangsulane Hartini sabar “nanging ya sawangen angkane. Bijiku karo bijimu kuwi mung kacek siji, semono uga karo Sri Gunawan ya mung kacek siji. Kowe kuwi ora mlorot, merga bijimu luwih becik tinimbang raport kuwartalan dhek emben, lan kowe ya ora kesingkir merga jumlahe bijimu padha karo bijine Sri Gunawan, peringkate telu dienggoni cah loro kowe karo Sri Gunawan, malah nek dipetung tenan ngono kowe luwih dhuwur timbang Sri Gunawan, merga neng Pelajaran Olah Raga kowe kalah karo Sri Gunawan, nanging neng Pelajaran Ilmu Bumi kowe menang. Lan kalahmu karo aku mung neng Pelajaran Ilmu Aljabar thok”.

“Bener mBak” Warsiyati sing wiwit mau mung nyemak olehe kanca-kancane padha omong, genti guneman “kelas nggone dhewe dadi rasanane para Guru, rata-rata padha mundhak kabeh. Dadi bintange kelas loro kuwi panggah neng kelase dhewe, mau pas aku njupuk absen neng kantor mau, aku krungu Pak Tasmadi lagi ngendikan karo Pak Dalijan, loro-lorone padha ngalembana bocah-bocah kelas nggone dhewe”.

 

“Aku ya krungu kok” Rinata sing lagi kelas siji melu nyaut rembug “malah sing dialem Pak Tas mau mBak Hartini, merga sing njalari bijine kelas loro A dadi padha mundhak apik kuwi rak saka anane Belajar Kelompok sing dirintis mBak Hartini”.

 

“Nek kuwi ya ora bener Dhik” gage wae Hartini nyaut kandhane Rinata “sinau bareng sing manggon neng nggone Sudimin kae merga ngecakne rigen saka Bu Sri Supingah, lha sing ngrintis ya dudu aku dhewe, nanging kabeh sing padha melu sinau bareng”.

 

“Iya nanging nek miturut panemuku” Warsiyati guneman maneh “sing paling gigih supaya sinau bareng iki bisa tetep mlaku kanthi becik ya kowe mBak Har lan sing luwih gedhe udhune ya Sudimin sing disengkuyung dening Pak Suwaji Bapak sing didhereki kae”.

 

“Nek Sudimin kae gak prelu dialem maneh mbak” Nita sing mau rumangsa kesingkir peringkate nyaut guneme Warsiyati “Sudimin kae pancen bocah sing super tenan, blas ora ana kurange, sopan, anteng, bagus, pinter, wis pokoke kabeh dipek dhewe karo Sudimin”

 

Bocah liyane padha mesem krungu gunemane Nita sing ngalembana Sudimin ngono kuwi.

 

“Nanging kanggoku Sudimin kae ya isih kurang Dhik” Warsiyati nyaut rembuge Nita karo mesem.

 

“Kurange nggon apa mBak?” Nita njengkerutne bathuke “apa merga Sudimin mung bocah sing ndherek utawa ngenger neng nggone Pak Suwaji kuwi? Kuwi dudu kurang mBak, padha karo aku lan bocah-bocah liyane sing uga mung ndherek, mung kaceke sing tak dhereki isih wong tuwaku dhewe, nanging rak ya panggah mung ndherek?”.

 

“Dudu kuwi Dhik karepku”  Warsiyati cepet-cepet nggone nyauti kandhane Nita “nek bab ndherek utawa ngenger, kabeh wae ya padha, padha olehe ngenger kaya sing mbok kandhakne kuwi. Karepku ngene lho, Sudimin kae bakal luwih komplit maneh nek ……..”.

 

“Gelem ngepek pacar aku ya mBak?” Nita ngguyu mlengeh.

 

“Ora!” Warsiyati wangsulan karo mesem “nek kowe dipek Sudimin, banjur Gunadi kon karo sapa?”.

 

“He he he, lha sapa mBak?” Nita bali mlengeh.

 

“Ya sing cocog lan serasi ndhampingi Sudimin ki, miturutku mung ana siji thok!” wangsulane Warsiyati.

 

“Kowe mBak? Lha Mas Anwar sing wis suwe olehe ngenteni arep mbok kapakne?” Nita males Warsiyati.

 

“Dudu aku!” Warsiyati nyuwara rada dhuwur.

 

“Lha sapa?” bocah-bocah liyane meh bareng nyaut nganggo pitakonan.

 

“mBak……. Hartini”.

 

“Weh, bener, bener tenan kuwi” Nita semaur karo ngguyu seneng “pancen cocog kok. Sudimin kae nek karo mBak Hartini, padha sregepe, padha pintere, sing siji bagus sijine ayu, wis cocog tenan kuwi”.

 

Bocah-bocah liyane sing uga ngerti nek satemene Hartini kuwi uga mambu ati marang Sudimin, padha pating cruwet mbenerne apa sing dikandhakne Nita. Mesthi wae, sanajan ana rasa seneng neng atine, panggah wae Hartini dadi mbrabak praupane, ngempet isin.

 

“Kowe aja nyelaki batinmu dhewe mBak” Warsiyati guneman maneh karo mesem “kanca-kanca wis mathuk kabeh, dadi kowe ya kudu nampa karo ati sing seneng, aja ethok-ethok, emoh nanging jane ngarep-arep!”.

 

“Heh, kowe kuwi kabeh ki omong apa?” Hartini ngadeg karo guneman rada banter “mbok aja seru-seru ngono kuwi, nek keprungu Ninuk sida kojur aku mengko”.

“Apa Ninuk?” Masirah sing wiwit mau mung meneng genti semaur “aku wingi dikandhani karo Warsidi, kabar sing kerep disebar dening Ninuk kae ngayawara kabeh. Pancen Ninuk kae seneng marang Sudimin, nanging Sudimin ora ngimbangi blas, malah nek karo wong tuwane Ninuk wae Sudimin kuwi ya ora gathuk, dening Pak Dalal, Sudimin  ora pati dianggep, diremehne dumeh mung bocah sing ngenger, dadi kabar nek Sudimin kuwi pacare Ninuk, kuwi kabar dubluk alias ngayawara. Sudimin wegah dadi pacare Ninuk”.

 

“Kuwi kabar sing mbok tampa saka Warsidi ta?” Warsiyati nggenahne marang Masirah.

 

“Iya nanging aku percaya mBak!” wangsulane Masirah.

 

“Aku ya percaya kok” sing wangsulan malah Nita “nanging ketoke olehmu nekakne kabar saka Warsidi durung jangkep mBak!”.

 

“Durung jangkep piye?” Masirah mbalik takon.


“Njajal dieling-eling dhisik!” Nita semaur karo ngguyu.

 

“Lha wong Masirah bar kepethuk Warsidi kok kon ngeling-eling ta Dhik?” Warsiyati bali guneman “aku ya ngerti kok, nek Masirah lali ana siji kabar saka Warsidi sing durung dikandhakne”.

 

“Apa maneh ta jane?” Masirah takon karo mlilik lucu.

 

“Warsidi mesthi crita nek Sudimin kae pancen emoh nek karo Ninuk” Warsiyati nyambung olehe guneman “ora merga Ninuk kurang ayu, utawa liyane, nanging merga neng atine Sudimin wis ana sing ngrenggani, ya kuwi ….. mBak Hartini”.

 

“Iya nek kuwi pancen bener” wangsulane Masirah karo ngguyu “Kuntul kecemplung sawah, betul dan tidak salah”.

 

“Wis krungu dhewe ta mbak Har?” Warsiyati genti nakoni Hartini “saiki jamane wis beda, ora kudu bocah lanang sing miwiti, mula kowe ndang cepet wae, nulis surat apa piye dikirimne menyang Sudimin, mengko aku gelem sing dadi Tukang Pose”.

 

“Ya ngene wae ta mbak” Masirah banjur kandha menyang Warsiyati “nek mBak Hartini isih tidha-tidha, durung wani ndhisiki gawe layang, awake dhewe sing dadi kanca rakete mbak Har lan uga kanca cedhake Sudimin sing kudu tumandang, piye bisane wong loro kuwi ndang bisa gandheng, mengko Warsidi ya tak kandhanane wonge mesthi seneng lan gelem mbantu nglancarne gaweyane dhewe iki”.

 

Krungu rembuge kanca-kancane sing satemene wis gawe senenging atine ngono kuwi, Hartini wis ora kuwat maneh melu ngrungokne, kegawa saka rasa isin rumangsa digojlogi kanca-kancane. Mula ora guneman apa-apa, setengah mlayu Hartini ninggalne kanca-kancane tumuju menyang ruang kelase. Nalika kuwi mbarengi mBak Rokhani nuthuk bel kaping telu, minangka tandha nek bocah-bocah wayahe mlebu.

 

 

Ana candhake.

 

 

 

 

 

 

Senin, 26 Desember 2022

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (019)

19.

Dina-dina candhake, sinau bareng neng emper daleme Pak Suwaji kuwi mlaku sansaya becik. Bocah-bocah wis padha weruh kanthi nyata yen sinau modhel ngono kuwi gedhe banget manpangate. Mula saben dina Senin, Rebo lan Jumuah sadurunge sinau bareng diwiwiti ajeg wis padha teka luwih dhisik. Bocah lanang lan bocah wadon padha dene olehe padha semangat sinau. Kerep wae, saka sekolahan wis padha nyepakne soal-soal sing ora bisa digarap dhewe, banjur tekan panggonan sinau bareng kuwi ditakokne kancane kepriye carane nggarap kanthi cepet lan bener.  Nek isih anyar-anyaran sinau bareng kae, sing bisa ngrampungi perkara ngono kuwi meh ajeg nek Sudimin, nanging sawise sinau bareng kuwi lumaku kanthi lancar, wiwit ana siji loro sing padha nyulihi Sudimin, genti sing aweh warah marang kanca-kancane.  Sudimin dhewe entrane neng kono wis dadi instruktur, lagi tumandang yen kanca-kancane wis padha sambat ora eneng sing bisa.

 

“Aja kesusu kandha nek ora bisa” tembunge Sudimin marang kanca-kancane “karo nyoba aweh katrangan, awake dhewe bisa karo mikir piye carane murih bisa ngrampungne soal sing dianggep rumit ngono kuwi. Lha nek wis tekan tengah-tengah, kapeksa mandheg, kanca liyane rak bisa aweh bebantu, dadi jenenge ya sinau bareng tenan”.

 

“Iya Min, nanging rumangsaku nek sing nerangne ki liyane kowe, rasane kok piye ngono lho?!?” Lastri bocah sing padatan ora akeh duwe gunem, semaur, banjur panemune kuwi dijalukne pikuwat marang Hartini sing nuju lungguhe cedhak dheweke “rak ya ngono ya mBak Har?”.

 

“Bener Dhik Lastri” Hartini semaur alon “nanging sing dikandhakne Sudimin mau aku ya mathuk, aku dhewe bisa ngrasakne, kanthi aweh katrangan disambi karo ngeling-eling ngono kuwi bisa ndadekne pikiran dadi luwih urip, kuwi rumangsaku lho?. Nanging nek kanca-kanca luwih seneng sing aweh jawaban kudu Sudimin, aku ya malah luwih seneng maneh. Wektune dadi bisa luwih cepet”.

 

“Ya nek kabeh sing nerangne kudu Sudimin, jenenge padha wae awake dhewe iki ndadekne Sudimin minangka Guru Les” Warsidi numpangi rembug karo setengah guyon, “wektune pancen luwih cepet lan bisa nyinaoni soal liyane, nanging pikirane dhewe ora urip-urip kaya sing dikandhakne Hartini mau, merga kabeh mung njagakne Sudimin wae. Tujune Sudimin kuwi bocah sing lugu, upama sing dadi Sudimin kuwi aku ngono, genah nek banjur juwal mahal, bocah-bocah wedok kuwi kudu luwih kerep nggawakne jajan, he he he …..”.

 

Bocah-bocah padha mesem amba malah ana uga sing banjur ngguyu lirih krungu gunemane Warsidi sing najan karo guyon nanging uga ngemu makna ngono kuwi.

 

Olehe muni ngono kuwi mau, Warsidi karo nglirik Ninuk sing saiki geleme nggawa jajan rada akeh nek dina Rebo karo Jumuah, merga Ninuk ngerti nek dina Senen Sudimin ajeg nek pasa. Malah kerep wae, sanajan dina Rebo utawa Jumuah Sudimin iya pasa, merga ngepasi tanggal telung dina sakitere wulan purnama.

 

“Aku ya mathuk karo panemune mBak Hartini mau, nanging ana tambahane” api-api ora ngerti nek disemoni Warsidi, Ninuk melu urun rembug.

 

“Tambahane apa Dhik? Eh, sing mbok mathuki panemuku sing endi?” Hartini nyela takon karo mesem. Satemene ngono Hartini kuwi duwe rasa sing rada ewa nek karo Ninuk, merga Hartini ngerti banget nek Ninuk kerep wae nyatur dheweke karo kanca liyane nek Hartini mentas jagongan karo Sudimin.

 

“Sing kuwi lho mBak” wangsulane Ninuk “sing nerangne bisa gentenan, sok mBak Tien, sok mBak Yati, utawa Warsidi lan kanca liyane. Lha tambahane, Sudimin kudu neng sandhinge, dadi saupama olehe nerangne kanca-kanca mau ana sing kleru utawa ora pas, Sudimin bisa enggal-enggal mbenerake, dadi kanca-kanca ora malah sansaya bingung”.

 

“Wis, wis kuwi dirembug mengko wae” Sudimin sing miwiti mbukak rembugan munggel rembug “saiki ayo gek ndang diwiwiti sinaune, endi sing mau durung cetha olehe nampa katrangan saka Bapak Ibu Guru lan prelu dirembug murih terange?”.

 

Bocah-bocah ora ana sing semaur, kabeh banjur padha ngetokne buku-buku saka tase dhewe-dhewe, dibukaki lan arep dikandhakne perangan ngendi sing padha durung dingerteni kanthi cetha.

 

Dina-dina terus mlaku maju ora tau ana mundure. Wektu kanggo “Ulangan Umum” wis teka. Jaman kuwi Ulangan Umum dienengne setahun mung kaping pindho, ya iku ing Triwulan kapindho lan Triwulan pungkasan. Ya kanthi Ulangan Umum ngono kuwi bisa ditonton sepira maju utawa mundure bocah-bocah sekolah nggone bisa nampa piwulang sing ditampa. Ulangan Umum sing teka iki Ulangan Umum Triwulan kapindho (kira-kira cara saiki ya semester kapisan). Bocah-bocah sasekolahan padha semangat anggone ngadhepi. Kabeh ora ana sing kepengin oleh biji luwih asor tinimbang biji raport triwulan sadurunge. Semono uga bocah-bocah sing padha melu sinau bareng neng emperan daleme Pak Suwaji. Bocah-bocah kuwi maune kaya padatan padha dheg-dhegan kuwatir nek ora bisa nggarap soal-soal ing Ulangan Umum sing diawasi kanthi ketat dening Guru-Guru Pengawas kuwi. Nanging, ya merga saka asile nggone padha sregep melu sinau bareng, ndadekne bocah-bocah kuwi seneng lan marem. Rata-rata soal sing ora bisa digarap lan dirampungne kanthi becik, kurang saka sepuluh persen. Dadi bocah-bocah sing melu sinau bareng kuwi duwe rasa optimis nek calone bakal mundhak becik biji sing ditulis ana raporte dhewe-dhewe.

 

Tenan. Sawise Ulangan Umum rampung lan disusul dum-duman Buku Raport, bocah-bocah kelas loro A, biji ing wulangan Ilmu Pasti lan Bahasa Inggris rata-rata padha mundhak becik. Semono uga bocah sing manggon neng kelas liya, nanging melu sinau bareng kelas loro A sing dirintis dening Hartini minangka Ketua Kelase, uga padha mundhak becik biji-bijine. Lan kaya jaman-jaman sadurunge, bocah kelas loro sasekolahan sing bijine apik dhewe ya Sudimin. Ninuk sing jaman kelas siji nganti kelas loro Triwulan kapisan angka ing raporte mbuh siji mbuh loro mesthi katutan angka sing ditulis nganggo mangsi abang, ing Raport Triwulan kapindho iki, mulus bijine ireng kabeh. Malah ing kelas loro C Ninuk oleh peringkat loro. Kang mangkono kuwi mau, ndadekne Bu Samusih Wali Kelase paring pangalembana lan panjurung murih Ninuk luwih sregep maneh nggone sinau. Bocah-bocah liyane akeh sing padha kepengin melu Ninuk sinau bareng neng sinau kelompok sing dianakne dening Kelas Loro A sing manggon neng emperan mburi daleme Pak Guru Suwaji kuwi, nalika padha krungu atur wangsulane Ninuk marang Bu Samusih nek dheweke melu sinau kelompok sing dianakne bocah-bocah kelas loro A.

 

“Nek mas-mas karo mBak-mbak iki kepengin melu sinau bareng neng sinau kelompok sing dieloni mBak Ninuk kuwi pancen ya becik” Dhawuh ngendikane Bu Samusih marang Kelas loro C kuwi “nanging apa panggonane isih ana? Ibu kagungan panemu, luwih becik nek Kelas Loro C iki gawe kelompok dhewe sing carane padha karo kelompoke bocah-bocah kelas loro A sing dieloni mBak Ninuk iki”.

 

Bocah sakelas padha gumrenggeng, meh kabeh nyarujuki karo apa sing dadi pituture Bu Wali Kelas kuwi. Pating celebung wiwit padha guneman ngongkon marang Ketua Kelase supaya enggal mbentuk kelompok sinau bareng kaya sing ditindakne kelas loro A kae.

 

“Nanging kula panggah badhe ndherek ing kelompoke lare Kelas Kalih A lho Bu” Ninuk matur marang Bu Samusih, merga Ninuk duwe panemu : nek nganti dheweke ninggalne sinau kelompoke kelas loro A lan melu ing kelompoke kelas loro C sing lagi arep dibentuk, padha wae Ninuk ngiklasne Sudimin sansaya raket karo Hartini. Ninuk ngerti dhewe, nganti tekan saiki Hartini ora kendho nggone kepengin sansaya cedhak lan dadi pacare Sudimin. Lan nek nganti pepenginane Hartini kuwi kasembadan, Ninuk babar pisan ora lila.

 

“Ngono ya ora apa-apa mBak Ninuk” dhawuh wangsulane Bu Samusih “nek jane sinau bareng kuwi kepenak nek tunggal sakelas, nanging nek kowe milih sinau bareng karo bocah-bocah sing ana kelas loro A ya ora apa-apa, apa ta sing marahi mBak Ninuk pilih awor karo kelas loro A tinimbang karo kanca tunggal kelase?”.

 

“Lha kula kadhung kulina kalih kelompok niku lho Bu” atur wangsulane Ninuk dora “mangke menawi ndherek kelompk enggal rak kedah adaptasi malih?”.

 

“O ngono?” Bu Samusih mesem “ya wis, Ibu ngira nek ana sabab liyane”.

 

“Boten kok Bu”.

 

“Wonten dhing Bu” Sigit bocah sing senengane klecon nyuwara banter.

 

“Apa kuwi?” tanpa disengaja Bu Wali Kelas nganggapi,

 

“Murugaken ing mrika kalih njagi Sudimin Bu” atur wangsulane Sigit karo ngguyu “kerana boten disrobot cewek sanes”.

Bocah sakelas padha ngguyu bareng. Ninuk dadi mbrabak abang praupane, ora cetha embuh nesu embuh seneng atine.

 

 

Ana candhake.

 

Minggu, 18 Desember 2022

JAMUR DAMEN ING [INGGIR GALENG (18)

18.

Nganti sauntara ora ana sing enggal aweh wangsulan krungu pitakon lan panemune Sudimin sing mangkono kuwi mau. Hartini karo Warsiyati padha inget-ingetan dhewe-dhewe, nanging durung ana sing wani guneman, nyarujuki utawa duwe panemu sing seje.

 

“Maaf kanca-kanca kabeh” dumadakan Sugi ngangkat tangane njaluk wektu kanggo guneman “sanadyan aku iki ngrumangsani nek pikiranku rada kethul nek dibandhingne karo pikiranmu kabeh. Nanging aku duwe panemu, kanthi anane sinau kelompok iki gedhe banget manfaate tumrap awake dhewe mligine kanggo aku, lan sing paling gedhe lelabuhane ing babagan iki ora ana liya kajaba kancane dhewe Sudimin, merga Sudimin awake dhewe luwih gampang mudheng karo wulangan sing diparingne Bapak lan Ibu Guru. Mula gandheng Sudimin wis ngusulne supaya wektune sinau ditambahi dadi telung jam setengah kanggo rong pelajaran, luwih becik awake dhewe manut lan nyengkuyung apa sing diusulne Sudimin iki mau lan uga kudu matur nuwun marang dheweke. Setuju kabeh?”

 

“Setujuuuuu!” kompak ambata rubuh bocah-bocah semaur bareng.

 

“Nambahi apa sing diusulne Sugi sing wis disetujoni iki mau” sawuse olehe semaur bareng wis meneng, Hartini genti sing guneman “awake dhewe iki pancen kudu matur nuwun marang Sudimin, merga Sudimin wis akeh mbantu awake dhewe, wiwit resik-resik lan nata kursi kanggo awake dhewe nganti tekan mbantu murih awake dhewe bisa luwih ngerti marang apa sing wis ditampa ing kelas nanging durung pati mudheng. Saiki aku arep takon marang kanca-kanca kabeh, mathuke nganggo cara apa awake dhewe ngaturne panuwun marang Sudimin?”.

 

Ditakoni Hartini ngono kuwi, bocah-bocah banjur padha omong alon marang kanca sing manggon ana cedhake, kahanan dadi rada rame senadyan ora banter suwarane, nanging kaya suwarane pasar sing lagi temawon ngana kae.

 

“Kuwi ta ? Gampang wae!” dumadakan Warsidi semaur banter, ndadekene kabeh mripat padha nyawang dheweke “watone demi kanca-kanca Hartini gelem lan Ikhlas Beramal”.

 

“Apa kuwi? kok kaya mottone Departemen Agama wae?” Warsiyati sing genti nyaut kandhane Warsidi.

“Aja kuwatir Har” ora mangsuli pitakone Warsiyati Warsidi nutugne kandhane “kowe aja kuwatir Har, dhawuhe Pak Wahidin Guru Agamane dhewe kae wong kuwi nek ikhlas beramal bakal dadi lan senenging atine, klebu kowe mengko nek wis gelem nindakne kuwi”.

 

“Iya, aku ya wis ngerti kuwi” wangsulane Hartini sajak ora sabar “aku mbok kon kudu piye?”.

 

“He he he….. kowe kudu gelem dadi pacare Sudimin” wangsulane Warsidi karo ngguyu banter.

 

“Huh…..!!!” karo praupan mbrabak abang, merga katempuh rasa seneng wor lan rasa isin, Hartini wangsulan setengah nyentak  “iki ngrembug perkara sing serius War, ora guyon!”.

 

Sauntara bocah-bocah liyane banjur padha pating cruwet dhewe-dhewe nanggapi guyonane Warsidi sing kober dikira rembug tenanan kuwi mau.

 

“Kuwi jenenge dudu Ikhlas Beramal War, nanging Pucuk dicita ulam tiba” Soni guneman karo ngguyu.

 

“Nek mung ngono kuwi sing dadi carane, ora mung mBak Hartini wae sing gelem, mbok liyane ya mesthi semrinthil rindik asu digitik” Nita bocah sing rada kenes melu semaur.

 

“Nek ngono kowe barang ya gelem nek dikongkon Ikhlas Beramal kaya sing diomongne Warsidi kuwi mau no Nit?” Marsana sing lungguhe cedhak karo Nita genti takon karo plengah-plengeh. Sing ditakoni sakala mbrabak praupane.

 

“Aku ta?” wangsulane Nita bali kenes “nek aku emoh kok, wong aku ora pengin dadi pacare Sudimin, nanging aku milih dadi pacarmu wae!”.

 

“Uwis, uwis olehe guyon mengko wae” Hartini nguneman rada seru. Bocah-bocah ya banjur padha meneng.

 

“Kanca-kanca kabeh” sawuse kahanan bali pulih, Sudimin dumadakan guneman, sanadyan ora banter nanging suwarane cetha yen dirungokne “Aku matur nuwun banget marang kowe kabeh, merga wis rumangsa nek awit anaku ana kene ana gunane. Perkara matur nuwun kaya sing dikandhakne Soni lan Hartini mau, aja digagas nemen-nemen. Merga kanthi marahi kowe kabeh mau, aku uga oleh bathi. Apa? Ya kuwi aku luwih lanyah lan luwih gampang ngapalne apa wulangan sing ditampa pas neng kelas kae. Dadi sinau bareng ngene iki kabeh bathi lan ora ana sing rugi”.

 

“Sing rugi kucing ya Min?” Warsidi bali ngajak guyon.

 

“Bener War” Sudimin wangsulan serius ora katut guyone Warsidi “nek pancen kowe kabeh arep menehi aku atur panuwun marang aku, aku ya wenang milih apa wujude atur panuwun mau”.

 

“Apa Min?” Hartini nyelani takon.

 

“Gampang wae” wangsulane Sudimin karo mesem “kowe kabeh kudu sansaya tenanan olehe padha sekolah lan sinau, migatekne apa sing diwulangake Bapak lan Ibu Guru. Wis mung kuwi panjalukku, ora sah mikir liyane. Saiki wayahe leren”.

 

Kahanan dadi temawon maneh.

 

“Wis wayahe leren iki cah…..” dumadakan Warsidi guneman banter maneh “ayo aja pelit-pelit, sing mau nggawa bontot ndang padha ditokne, aku tak melu amul merga aku ora melu uwul he he he”.

 

Nek guyone Warsidi sing iki ora ndadekne rame kaya mau. Malah bocah-bocah wadon sing kulina nggawa panganan, padha njupuk panganan gawane dhewe-dhewe sing mau disinggahne neng jero tase. Ninuk, sing wiwit mau ngenteni tekane wektu ngaso, gage wae anggone arep ngecakne sing dirancang wiwit mau. Linggihe ngalih nyedhaki Sudimin karo nggawa Mie Goreng sing diwungkus nganggo godhong. Sauntara tangane kiwa nyekeli sendhok cacah loro.

 

“Iki lho Min, mau sengaja tak gawakne saka omah kanggo kowe” kandhane Ninuk karo nyelehne buntelan isi Mie Goreng ing ngarepe Sudimin sing ditumpangi sendhok pisan.

 

“Apa kuwi Nuk?” Sudimin takon semu gumun.

 

“Mie Goreng gaweyanku dhewe” wangsulane Ninuk karo mesem “mau teka saka sekolah aku banjur masak, mie ne tak wenehi suwiran iwak ayam karo tak wenehi jamur damen, olehe ngundhuhne Pakdhe Marimin saka sawah. Enak lho Min, ayo ndang dimaem aku ya arep maem saiki kok”.

“Mie Goreng masakanmu dhewe, mesthi enak banget kuwi Nuk” wangsulane Sudimin nanging mie sing ana ngarepe babar pisan ora disenggol.

 

“Iya enak tenan kok” wangsulane Ninuk karo wiwit nyendhok mie ne.

 

“Nanging eman, aku njaluk pangapuramu wae Nuk, awan iki aku ora kepengin mangan utawa ngombe apa-apa” kandhane Sudimin “Nek olehku mangan mengko nek wis adzan Maghrib, mesthine wis ora pati enak”.

 

“Lhah ? Kowe pasa ta Min?” Ninuk takon suwarane nuduhne nek atine cuwa. Sudimin mung manthuk karo mesem.

 

“Lha tiwas tak gawakne kanggo kowe? Rak ya malah mubadzir iki jenenge?” suwarane Ninuk keprungu yen sansaya kecuwan atine. Olehe arep mangan bareng karo Sudimin neng cedhake kanca-kancane buyar, ora sida klakon.

 

“Lha ben ora mubadzir ya diwenehne sapa kono ta neh?” Sudimin wangsulan karo mlengeh “mbok wenehne Soni sing sendhen cagak karo turu kuwi rak ya malah apik, tinimbang wonge mung merem karo ngorok ngono kuwi”.

 

Ninuk ora wangsulan, bocah ayu kuwi ora bisa nyingidne rasaning atine. Lambene malah mrengut, untune digegetne. Nanging Sudimin api-api ora ngerti, malah banjur karo nyedhaki Soni, Sudimin kandha :

 

“Soni tak gugahe, bocah iki kajaba pinter turu ya sok dremba, senengane mangan enak tur ya akeh”

 

Muni ngono kuwi, Sudimin karo ndemek tangane Soni sing disedhakepne kaya wong lagi semedi.

 

“Heh, kaget aku!” didemek tangane Soni nglilir banjur takon “ana apa Min?”.

 

“Kae lho digawakne Mie Goreng karemanmu, kana gek ndang dipangan, aja mung turu wae” kandhane Sudimin mangsuli pitakone Soni sing kaya wong gragapan .

 

“Apa ? Mie Goreng? Endi? Sapa sing nggawakne?” kemrecek Soni takon.

 

“Iya Mie Goreng sing dimasak karo daging ayam lan jamur damen” wangsulane Sudimin “kae lho neng meja ngarepe Ninuk, pancen sing nggawakne Ninuk kok”.

Soni ngadeg banjur marani kursi sing mau dilungguhi Sudimin, banjur mapan lungguh. Mie goreng sing ana wungkusan dicandhak banjur dibukak.

 

“Matur nuwun lho Nuk” kandhane Soni karo arep nyendhok mie neng ngarepe kuwi “ndelok gandane Mie iki enak tenan, dhasare wetemgku wis krasa rada luwe pisan, cocog tenan iki. Iki olehmu tuku apa olehe masak Ibumu Nuk?”.

 

“Sing masak aku Son” wangsulane Ninuk setengah aras-arasen nggone semaur.

 

“Wah, pinter masak tenan kowe Nuk” kandhane Soni karo mesem “beja tenan suk sing bisa ngepek bojo kowe, bojomu mbesuk mesthi krasan neng omah, karo bola-bali kon masakne”.

 

Ninuk wis wegah mangsuli, atine cuwa. Cuwa banget, karepe masakane kon mangan Sudimin, malah sing mangan Soni bocahe lemu senengane turu.

 

Hartini sing olehe lungguh ora pati adoh, satemene ya ngerti nek Ninuk lagi kagelan atine. Batine ngguyu, semune nyokurne. Nanging Hartini pilih meneng wae, ora semanta kaya ora ngerti apa sing lagi wae kedadeyan.

 

 

Ana candhake.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Jumat, 16 Desember 2022

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (017)


 

17.

Dina kapisan sinau kelompok diwiwiti, sing disinau manut jadwal sing disusun dening Hartini lan Warsiyati, ya iku dina Senin sing disinau bebarengan Bahasa Inggris karo Ilmu Ukur, dina Rebo Ilmu Aljabar karo Ilmu Hayat lan dina Jumuah Ilmu Alam karo Pengetahuan Umum. Jebul bocah kelas loro A ora kabeh melu, saka bocah telung puluh sanga sing teka mung bocah wolulikur. Bocah saka kelas loro B ana sing melu siji, ya kuwi Tutik putrane Pak Firman Mantri Suntik lan saka Kelas loro C bocah papat, Sugik, Ninuk, Marsana karo Yuyun. Kelas loro D ora ana sing melu, merga racak-racak omahe adoh kabeh.

 

Pak Suwaji sing pirsa semangate bocah-bocah sing arep sinau bareng kuwi rumangsa rena penggalihe. Mula sadurunge sinau diwiwiti, Pak Suwaji plaur paring pitutur, ngiras pantes mbukak kegiatan sinau kelompok kuwi. Pancen sadurunge mau, Hartini kandha marang Sudimin nek arep matur marang Pak Suwaji, ngaturake panuwun lan nyuwun pangestu sarta nyuwun supaya Pak Suwaji kersa paring tutur sembur sadurunge sinau bareng diwiwiti.

 

“Para putra kabeh” dhawuh ngendikane Pak Suwaji marang sing padha arep sinau “Bapak rumangsa marem lan mongkog dene para putra sengkut nggone padha sekolah lan kepengin bisa sansaya pinter. Bapak mung bisa paring panyengkuyung kanthi donga marang Gusti Allah, muga-muga anggone para putra sinau kaparingan lancar. Kanthi sinau bareng-bareng ngene iki kena diibaratake kaya beras sing disosoh ana lumpang, putihe beras lan ucule katul, ora merga antebing alu sing kanggo nutu, nanging merga alu sing ditutokne kuwawa ndadekne beras padha beras padha gesrekan neng jero lumpang temah dadi lan putihe sarta padha ucul katule. Kanthi cara sinau bareng ngene iki, para putra bisa njaluk warah marang kanca siji lan sijine. Dadi sing bener kuwi nek njaluk warah utawa takon marang kancane babagan pelajaran sing durung dingerteni ya neng papan sing kaya iki, ora nek pas neng jero kelas, nek wis neng jero kelas, prayogane para putra nek durung mudheng olehe nyuwun pirsa ya marang Bapak utawa Ibu Guru sing lagi mucal, ora marang kancane”.

 

Sing padha lagi dituturi padha manthuk-manthuk lan katon padha migatekne apa sing dadi pangandikane Pak Suwaji kuwi. Ya ana siji loro sing katone meneng ngrungokne, nanging satemene mripate lagi lirak-lirik marang kancane. Kaya Ninuk salah sijine, anake wedok Pak Dalal sing ayu tur duwe pambegan tregal-tregel kaya Dewi Banuwati kuwi, sanadyan ora nyuwara apa-apa nanging apa sing didhawuhne Pak Suwaji babar pisan ora mampir ing angen-angene. Merga pikirane Ninuk mung tumuju marang Sudimin sing katon tumungkul nyawang jogan, karo nyemak apa sing didhawuhne Bapak sing didhereki kuwi. Angen-angene Ninuk, muga-muga Pak Suwaji enggala rampung olehe paring pitutur banjur ninggalne papan kono. Lan sanajan jam rampunge sinau wis ditetepne jam telu, nanging Ninuk panggah ngarep-arep enggala rampung. Dheweke mau saka omah nggawa panganan sing mirasa (jaman kuwi) mie goreng rong wungkus, sing arep dipangan lan sing sawungkus arep diwenehne Sudimin, ben bocah-bocah liyane weruh nek dheweke bisa mangan bareng karo Sudimin. Merga Ninuk ya ngerti nek kanca-kancane, mligine bocah-bocah wedok, uga padha sangu panganan saka omah, ana sing nggawa kacang goreng, kacang godhog, jagung lan sapiturite, sing arep dienggo samben nalikane padha sinau.

 

“Mengko nek bocah-bocah kuwi weruh nek Sudimin sengaja tak gawakne panganan saka omah, mesthi banjur padha mikir nek aku iki temen-temen wis dipacangne karo Sudimin wiwit cilik biyen, ben bocah-bocah padha minggir lan ngedohi Sudimin. Lan si Marsana kae ya ben leren olehe kepengin cedhak karo aku, wong senajan bocah kae ya bagus, nanging atiku wis kadhung katut digondhol Sudimin kok” ngono pikiran sing ana angen-angene Ninuk. Mula rumangsane Ninuk, olehe ngendikan Pak Suwaji krasa suwi banget.

 

Beda karo Hartini, sing senajan kala-kala sok panyawange mampir, utawa sengaja diampirne kanggo nglirik Sudimin, nanging apa sing didhawuhne Pak Suwaji isih akeh sing mampir mlebu ing angen-angene.  Lan beda maneh karo si Edi lan Yati, bocah loro sing lungguhe jejer kuwi usreg dhewe tanpa nyuwara. Mung tangane padha repot nulis ing kertas banjur disrogne neng ngarepe sing lungguh ing sisihe supaya diwaca. Bocah loro kuwi ya meh padha karo Ninuk sing ora pati ngrungokne apa sing didhawuhne Pak Suwaji. Warsidi karo Masirah sing lungguhe ora adoh karo papan lungguhe Yati lan Edi padha weruh, banjur bocah loro kuwi padha njedhirne lambene dhewe-dhewe karo setengah mesem.

 

Sinau bareng dina kuwi katon regeng lan gayeng. Luwih-luwih sawise Hartini nakokne carane nggarap soal Ilmu Ukur sing rumangsane ora bisa dirampungne nganggo nalare. Jebul meh kabeh bocah sing ana kono ora ana sing bisa aweh wangsulan kanthi gamblang marang piakone Hartini kuwi.

 

“Padha entenana sedhela kanca-kanca” dumadakan Sudimin ngadeg “mau olehku nata panggonan sinau iki jebul isih ana sing kurang, tak jupuke dhisik”.

 

Bubar muni ngono kuwi Sudimin banjur ngalih mlebu gudhang cilik ing sisihe emperan papan kanggo sinau kuwi. Baline wis nggawa papan tulis cilik karo kapur lan gosok sing digawe saka kapuk diwungkus pipihan, kaya bantal cilik. Pancen emperan mburi lan dhingklik-dhingklike sarta papan tulis sing saiki digawa Sudimin kuwi, biyen digunakne dening Pak Suwaji kanggo marahi tangga-tanggane sing kepengin bisa maca lan bisa nulis, jaman rame-ramene Gerakan PBH biyen. Dening Sudimin papan tulis cilik kuwi banjur didegne disendhekne cagak, kabeh sing ana kono bisa nyawang kanthi cetha.

 

“Soal sing ditakokne Hartini iki sakjane keneng diarani prasaja utawa sederhana” Sudimin nerokne Bu Sri Supingah nek wayah nerangne neng ngarep kelas ngana kae “kuwi sumbere ing pelajaran kelas siji biyen, ya kuwi dalil babagan garis loro sing sejajar banjur dipedhot dening garis lurus liya sing tumuli nuwuhake sudhut-sudhut sing gedhene padha. Rak isih padha apal karo wulangan bab iki ta?”.

 

“Iya aku isih kelingan Min, tulung tutugna piye bacute?” Hartini sing duwe pitakonan aweh wangsulan dhisik dhewe.

 

“Iya, Min tutugna ben aku mudheng” Soni sing bocahe lemu lan kerep ngantukan kuwi melu udhu rembug.

 

“Mengko dhisik Min” genti Sugik sing guneman “aku wis akeh sing lali karo pelajaran kelas siji biyen, tulung balenana saka wiwitan ben aku njawa”.

 

“Iya Min, aku ya kaya sing dikandhakne Soni kuwi” Warsidi melu omong .

 

“Iya, iya sing sabar kanca” wangsulane Sudimin karo mesem, banjur disambung nyethakne cara kanggo nggarap soal sing ditakokne Hartini kuwi mau saka dhasar-dhasare, karo dibarengi nulis lan nggambar ing papan tulis cilik sing digawa mau.

 

Beda karo nek lagi nampa wulangan saka Gurune, bareng sing aweh katrangan kuwi Sudimin, kancane sing padha kelas lorone. Rumangsane bocah-bocah kuwi katrangane Sudimin luwih gampang ditampa, lan bocah-bocah dadi mudheng karepe. Lan nalika Sudimin nyoba nggawe soal liya sing jinise padha karo soal kuwi, bocah-bocah kanthi gampang bisa ngrampungake kanthi bener. Bener apa sing lagi wae didhawuhne Pak Suwaji mau yen putihe beras sing disosoh neng lumpang kae ora mung merga ditutu karo alu wae, nanging uga merga berase akeh kancane.

 

“Hebat kowe Min, upama dadi guru ngono kowe luwih pinter tinimbang Bu Srisupingah, wong aku nek diterangne Bu Sri Supingah ngana kae, blas ora bisa nampa kok” Sugik sing tunggal sakelas jaman neng SD Pasopati biyen ngandhakne pangalembanane marang Sudimin.

 

“Kuwi merga kowe nek diwulang Bu Sri pikiranmu tekan ngendi-endi lan kowe luwih dhisik minder, nek aku sing nerangne upama kurang cetha kowe wani ngongkon mbaleni murih cethane” wangsulane Sudimin karo mesem.

 

“Iya nanging iki wis jam telu kurang seprapat” dumadakan Warsiyati guneman ngandhakne wektune wis entek kanggo sinau Ilmu Ukur “lha Bahasa Inggrise iki piye? Nek mung seprapat jam cetha nek kurang wektune”.

 

“Dina iki Bahasa Inggrise prei dhisik wae” Ninuk sing wiwit mau ngenteni rampunge sinau usul “suk emben wae, wektu kanggo Ilmu Ukur ditepati tenan ben ora kesuwen ngene iki”.

 

“Nek kudu gumantung marang wektu panggah kurang Nuk” Nita aweh panemu “merga pancen kanggo nggarap Ilmu Ukur kuwi mbutuhne wektu sing suwe, luwih-luwih nek ndadak nyethakne kaya iki mau”.

 

“Lha mathuke piye?” Hartini banjur nakoni kanca-kancane kabeh.

 

“Wektune ditambah!” Marsana sing genti usul “wiwite Jam Siji, rampunge jam papat”.

 

“Kesuwen” Ninuk sing wangsulan.

 

“Ngene wae” Sudimin genti sing guneman “aku sarujuk karo Marsana, wektune ditambahi. Nanging ya aja nganti kesuwen, mau Bapak paring dhawuh nek wektune prelu ditambah ya ditambah, upamane wiwite jam setengah loro banjur rampunge jam papat, tak kira kuwi wis luwih saka cukup. Piye?”

 

 

 

Ana candhake

 

PBH = Pemberantasan Buta Huruf.

 

 

 

Kamis, 15 Desember 2022

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (16)


 

16.

Jebul sing kepengin melu sinau kelompok ora mung mandheg tekan kanca sakelase Sudimin, utawa kelas loro A wae, bocah kelas liya sing omahe ora adoh karo sekolahan, siji loro ana sing nembung marang Hartini nek kepengin melu. Hartini ya ngolehi wae.

 

“Malah apik nek kancane sansaya akeh” wangsulane Hartini, nalika Sugi sing omahe kulon Pasar kuwi nembung nek arep melu sinau bareng kuwi “lha nek liyane awakmu ana sing arep melu ya oleh kok Gik”.

 

“Iya matur nuwun lho Har” wangsulane Sugi dibacutne karo takon nggenahne “wiwite suk Senin jam setengah loro ta?. Aku pengin banget bisa sinau Bahasa Inggris marang kanca-kanca, ben ora dadi sasaran garisan plastike Pak Wardiyanto sing kerenge kaya ngana kae”

 

“Iya, Senin jam setengah loro tekan jam telu” Hartini nyaut “padha, aku ya miris dhisik kok nek Pak Wardi kae mlebu kelas, wong teka-teka terus takon, sing ora bisa mangsuli kanthi bener banjur dihadhiahi nek gak disabet nganggo garisan ya banjur dijiwit lengene, bocah kelas loro A ki meh kabeh padha sambat merga meh kabeh rata oleh hadhiah, adate mung Sudimin kae sing slamet, wong bocahe ajeg nek bisa wangsulan kanthi bener”.

 

“Iya Sudimin kae pancen wiwit jaman neng SD ya wis kondhang nek pinter kok” Sugi nanggapi “pinter nanging ora ngawaki. Oh iya, manggone neng omahe Warsini wetan bengkel sepedha kono kuwi ta?”.

 

“Ora sida neng omahe Warsini Gik” Hartini wangsulan “ngalih neng nggone Sudimin, jarene Bapak sing didhereki Sudimin mrayogakne supaya manggon neng kana, neng emperan mburi sing jembar lan wis ana bangku-bangkune pisan”.

 

“Iya malah kebeneran nek ngono” Sugik semaur karo sajak seneng “sing didhereki Sudimin kae rak ya Guruku, Pak Suwaji Kepala Sekolah sing sabar lan kerep paring pitutur marang bocah-bocah yen sangune urip sing paling baku kuwi mung kapinteran. Aku tambah seneng neng olehe sinau bareng neng daleme Pak Suwaji”.

 

Sing rumangsa luwih seneng nek olehe sinau bareng kuwi neng daleme Pak Suwaji, ora mung Sugi dhewe. Hartini sing tenane duwe rasa tresna marang Sudimin luwih seneng maneh. Bocah-bocah liyane semono uga, luwih-luwih bocah-bocah wadon sing padha kepencut marang Sudimin.

 

Sing ndadekne Hartini rada trataban kuwi nalika Warsiyati kandha nek Ninuk, sing wingi lagi dirasani karo Masirah, uga nembung arep melu sinau bareng lan Warsiyati uga wis ngolehi. Maune Hartini karo Ninuk kuwi ya kekancan lumrah wae, malah kepara rada akrap merga Pak Dalal sing sawahe amba lan sapirang-pirang kuwi dadi kancane Pak Adi, bapake Hartini, sing Bakul Gabah. Saben panen gabahe Pak Dalal ajeg dituku Pak Adi sing banjur dikirim menyang Jombang. Nanging bareng dhek wingi Hartini krungu saka Masirah sing dicritani Karti jarene Ninuk kuwi neng ngendi-endi kerep kandha nek wis dijodhokne karo Sudimin, neng atine Hartini tuwuh rasa ora seneng marang Ninuk sing isih anake kancane wong tuwane kuwi.

 

Tenane ngono, maune Ninuk, putrane Pak Dalal sing sawahe gandheng galeng karo sawahe Pak Suwaji, kuwi ya babar pisan ora kepencut kepengin melu sinau kelompok sing digagas dening Hartini nerusne dhawuh rerigene Bu Sri Supingah, Guru Ilmu Ukur kuwi. Ya jalaran kajaba Ninuk ora tunggal sakelas karo bocah-bocah sing ngenekne sinau kelompok kuwi, Ninuk ya duwe panemu nek sinau kelompok kuwi mung nambahi kesele awak lan pikirane wae. Nambahi kesel merga mulih saka sekolah kuwi tenaga lan pikirane wis entek diperes neng jero kelas, wayahe mulih sekolah kuwi kudune dienggo leren neng omah, utawa dienggo ngedhemne piker kanthi dolan utawa dolanan. Pawadan liyane sing ndadekne Ninuk blas ora kepencut melu sinau kelompok kuwi, merga Ninuk duwe pangira sing kuwat, Pak Suwaji utawa Bu Suwaji mesthi ora ngeparengake Sudimin melu-melu sinau bareng ing wayah awan ngono kuwi. Jam-jam semono kuwi jam kanggo Sudimin nandangi gaweyan omah, gaweyane wong sing ngabdi utawa ndherek. Kamangka senenge Ninuk kuwi nek olehe sinau bisa cedhak karo Sudimin, jeneh nalika dheweke mlebu SMP biyen lan kebageyan mlebu ing Kelas C merga olehe ndhaftarne wis rada kasep, sawise ora ketampa neng SMP Negeri Ngawi, susahe ora karuwan. Ora bisa sakelas karo Sudimin sing oleh bagean mlebu ing Kelas A. Mula bareng krungu nek Sudimin melu, lan malah manggone sinau kelompok kuwi neng daleme Pak Suwaji pisan, Ninuk gage-gage wae olehe nemoni Warsiyati nembung supaya dililani melu sinau bareng.

 

“Iya, mengko tak kandhakne Ketua Kelase nek kowe arep melu nggabung neng sinau kelompok iki” wangsulane Warsiyati sawuse Ninuk taren nek arep melu.

 

“Lha Ketuane apa dudu kowe ta War?” Ninuk takon “lha mengko kira-kira dening Ketua Kelasmu aku dililani melu apa ora ya?”.

 

“Aku iki mung Sekretaris Nuk” wangsulane Warsiyati “Ketuane Sri Suhartini, bocah Bangunreja kae lho? Wis ngerti ta? Mesthine wonge ya malah seneng nek kowe arep melu nggabung wong kancane tambah”.

 

“Oalah mBak Tien sing dhuwur manis kae ta?” Ninuk semaur karo ngguyu “ya aku wis apal banget, wong Pak Adi, Bapake mBak Tien kae ki kancane Bapakku, saben wayah panen adole gabah Bapak mesthi menyang Pak Adi, Bapake mBak Tien kuwi”.

 

“Lha kowe omong dhewe marang wonge apa piye?” Warsiyati genti nari.

 

“Ora! omong nyang kowe wae rak ya wis cukup ta?!” wangsulane Ninuk “jane maune aku iki ra kora pati mikir nek arep melu ta War?”

 

“Lha kok banjur melu?” Warsiyati njengkerutne bathuke.

 

“Dening Bapakku aku didhawuhi melu” wangsulane Ninuk “Bapakku kuwi rak akrab banget karo Pak Suwaji? Gek Bapakku kuwi rak ya sayang nek karo Sudimin kae?. Bapakku mireng nek Sudimin kepengin melu sinau kelompok iki, nanging ketoke karo Bu Suwaji ora diparengne, kowe ngerti ta nek Sudimin melu sinau kelompok wayah awan ngono kuwi? Gaweyane minangka bocah sing ndherek rak dadi kowar kabeh?. Mula Bapakku banjur matur Pak Suwaji supaya Sudimin diparengne melu sinau kelompok iki. Lha ature Bapakku jebul didhahar dening Pak Suwaji malah banjur ngersakne supaya panggonane sinau neng emper mburi daleme. Mula bareng ature bapakku disetujoni Pak Suwaji, aku banjur didhawuhi Bapakku supaya melu iki, ngendikane Bapakku idhep-idhep aweh semangat marang Sudimin sing uripe mesakne, saiki prasasat wis lola, ora ketunggon wong tuwane sing melu transmigrasi nyang Sumatera”.

 

“Dadi olehmu arep melu sinau kelompok iki mung merga arep aweh semangat marang Sudimin?” Warsiyati sing sethithik akeh ya ngerti sapa Pak Dalal lan kepiye watak wantune anake wedok sing jeneng Ninuk iki, takon semune njajagi atine sing ditakoni.

 

“Maune ya ngono, nanging saiki beda” wangsulane Ninuk karo mesem.

 

“Beda piye?”

“Aku iki sak jane nek sinau banjur neng sandhingku ana wong liya, kuwi saka rumangsaku angel bisane mlebu neng utek” Ninuk nggenahne pawadane “nanging kuwi rak nek sinau meneng-menengan?, nek sinau kelompok ngene iki rak ora meneng-menengan ta? Dadi bisa kanggo tukar kaweruh, mula aku sing maune blas ora kepencut melu iki malih dadi kepengin melu, kareben mengko bijiku sansaya mundhak apik, kajaba saka kuwi srawungku karo kanca-kanca jaman sekolah neng SD Candhabirawa biyen, sing meh kabeh klebu kowe barang kuwi, mlebune neng SMP oleh bagean kelas A bali raket kaya jaman semana, sanajan bageanku  manggon neng kelas C”.

 

“Gajege Cah Candhabirawa sing saiki manggon neng Kelas loro C liyane kowe rak ya ana ta Nuk?” senajan satemene atine Warsiyati wiwit ora seneng krungu omongane Ninuk sing miturut Warsiyati akeh ngayawarane kuwi, nanging Warsiyati api-api ora krasa, malah banjur nimbangi critane Ninuk karo pitakonan.

 

“Sapa? Kelas Loro C ki sing saka Candhabirawa ya mung aku, eh karo Marsana, karo Yuyun, ya mung kuwi. Nek Heri kae rak saka SD Trisula?”.

 

“Iya, ya wis nek ngono aku mengko tak ndang ngomong marang Hartini, gek jenengmu ndang bisa tak cathet tak lebokne neng Buku Absen Sinau Kelompok iki” Warsiyati wekasan mungkasi rembuge.

 

Saungkure Ninuk, Warsiyati ngguyu dhewe. Ngguyu tekune Ninuk sing wasis micara sanadyan tenane akeh ngayawarane. Lan sing diguyu bakal didadekne bakalan crita karo Hartini sing arep diomongi nek Ninuk kepengin nggabung melu sinau kelompok rintisane.

 

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...