04.
Ya
wiwit kuwi Sendhang sing dadi papanku iki tak jenengake Sendhang Tambak, lan
aku nganggo sebutan Ki Tambak utawa mBah Tambak.
Tatu-tatu
ing ragane Puranta uga bebalunge sing wis padha remuk rengka kuwi, tak tambani
nganggo campuran gegodhongan lan oyod-oyodan sing tak bobokne sarta tak
blonyohne ing saranduning awake, Puranto katon jodho. Ora nganti telung dina,
tatu-tatune wis ilang. Bebalunge sing padha remuk lan rengka kena pasiksan uga
wis wiwit pulih. Puranta wis katon seger lan bisa diajak guneman akeh. Mesthi
wae Sirep, bojone Puranta ya melu seneng atine. Saben dina Sirep tansah
nindakne kuwajibane wong wadon, olah panganan ing pawon. Sirep lan Puranta
padha olehe ora ngerti yen satemene sing diolah Sirep lan dipangan karo Puranta
kuwi kabeh dumadi saka cipta, ya jalaran kekarone uga ora ngerti yen satemene
dheweke wektu kuwi padha manggon ing alam antara, sing saupama ana manungsa
liya sing kabeneran liwat ing papan kono ora bakal weruh omah sing sing cekli
lan asri, plataran sing resik karengga kekembangan manekawarna ngono kuwi, sing
katon ing pandulune wong wantah ora ana liya ya mung wujud alas bebondhotan
sing ngubengi belik rada gedhe sing lumrah diarani sendhang.
“Ki
Puranta apa dene Nyai Sirep” ing dina kapapat sawise aku rampung menehne adonan
jamu sing kudu diombe Puranta aku wiwit nakoni sing ana gegayutane karo wong
loro sing lagi tak tulungi iki “aku arep takon marang ndika sakloron, apa
kira-kira ndika ora kabotan?”.
“Dhuh
Kyai” sing wangsulan Puranta “nDika menika tuhu sampun nyambet nyawa kula,
sampun paring pangayoman dhateng kula lan semah kula, kasaenan jengandika
ingkang kaparingaken kula lan semah kula boten saged kaetang mawi menapa
kemawon. Sampun malih namung caos wangsulan dhateng pandangunipun Kyai, badhe
kadhawuhan menapa kemawon kula boten badhe suwala, sedaya badhe kula lampahi
kanthi remening manah”.
“Mangga
Kyai, kadhawuhna badhe mundhut pirsa menapa?” Sirep uga melu wangsulan “lan
nyuwun pangapunten Kyai, dugi sapriki kula tuwin tiyang jaler kula, nyata boten
sumerep ing tata, sampun kaparingan pitulungan ingkang kados makaten
kathahipun, suprandene kula lan tiyang jaler kula dereng mangertos sinten sejatosipun
jengandika Kyai, menapa jengandika menika Dewa ingkang mangejawantah? Menapa Malaikat
ingkang amemba manungsa? Mugi Kyai keparenga paring sumerep dhateng kula lan
tiyang jaler kula”.
“He
he he….” Aku gumuyu krungu wangsulan ngiras pitakone Sirep ngono kuwi, tumuli
aku aweh wangsulan “padha ngertenana ya Ki Puranta apa dene Nyai Sirep,
satemene bares wae aku iki titah lumrah sing wis kakehan dosa, mula aku banjur
manggon neng papan sing sepi iki kanggo mertobat nyuwun pangapuraning Gusti.
Jenengku Tambak, ndika bisa nyebut aku Ki Tambak utawa mBah Tambak lan Sendhang
sing ana sisihe omah iki jenenge Sendhang Tambak, mbok menawa wae ya padha karo
jenenge desa asal ndika sakloron, nanging jeneng ora apa-apa yen jenenge padha”.
“Ngaturaken
genging panuwun mBah Tambak” Puranta aweh wangsulan “jebul kula kesah saking
Dhusun Tambak lajeng samangke kendel ing Sendhang Tambak. Samangke kaparenga
mbah Tambak ndhawuhaken menapa ingkang badhe kapundhutaken pirsa saking kula
miwah semah kula?”.
“Ngene
ya Ki Puranta lan Nyai Sirep” aku wiwit nakoni wong loro kuwi “wingenane nalika
aku kandha yen ndika wong loro kuwi aneh, dene lelungan nanging ora ngerti menyang
ngendi papan sing arep dituju. Banjur dening Nyai Sirep diwangsuli nek satemene
ora ana sing aneh yen aku ngerti larah-larahe ndika sakloron tekan papan kene
iki. Mulane saiki aku kepengin ngerti larah-larahe sing wis dadi sabab ndika
sakloron lunga ninggalne omah lan desa ndika kuwi?”.
“Inggih
mbah Tambak” sawuse meneng rada sauntara Puranta nuli wangsulan “murih langkung
cethanipun atur kula badhe kula wiwiti saking wiwitaning cariyos, inggih mbok
menawi mbetahaken wekdal ingkang radi dangu awit mila cariyosipun ugi radi
panjang. Menapa mBah Tambak marengaken? Menawi boten inggih badhe kula aturaken
cuplikan pungkasan kemawon nanging mbok menawi dereng patos cetha”.
“Lha
wong aku ya ora duwe gaweyan apa-apa wae” aku wangsulan karo ngguyu “saupama
ndika crita wiwit kawitan, kuwi tak kira luwih prayoga, nanging nek ndika
ngrasa kasuwen ndika cuplik sing pungkasan kaya sing ndika kandhakne mau ya ora
apa-apa”.
“Inggih
mBah” Puranto wangsulan “cuplikan pungkasanipun makaten : kula menika kadakwa
dening Ki Lurah Tambak inggih Ki Jaswana, ingkang estunipun maksih kadang kula
sepuh tunggal bapa seje biyung. Kula dipun dakwa sampun nyidra utawi nyolong
Sipat kandeling Desa Tambak ingkang wujud Wangkingan nama Kyai Pantek.
Wangkingan menika wangkingan ingkang sae, yasanipun satunggaling Empu saking
Kasultanan Pajang, kadamel saking tosan aji saking Redi Merapi, mawi dhapur
Nagasasra lan kapamoran mawi sela lintang ingkang kapendhet saking kawahipun
Gunung Merbabu, Kyai Pantek menika ngangem pendhok mas murni ingkang
sakalangkung ambalerengi. Gandheng kula ngrumaosi menawi boten nyolong pusaka
kala wau, mila kula inggih boten ngaken menawi nyolong. Lajeng Kakang Jaswana
duka, nunten marentahaken para bebauning padesan murih meksa kula supados purun
ngakeni menawi nyolong wangkingan menika. Nanging kula kukuh boten purun
ngaken, temah kula dipun pisakit lan meh mawon kula dipun pejahi nanging boten
siyos awit wonten welasing Kakang Jaswana dhateng kula. Kula katundhung kesah
saking Dhusun Tambak, boten kaparengaken wangsul malih menawi kula boten saged
ngaturaken Wangkingan Kyai Pantek dhateng Ki Lurah Jaswana. Mila kula lajeng
kesah kanthi raga ingkang risak jalaran dipun sikara lan dipun siksa dening
para bebau ing Tambak. Lha semah kula pun Sirep, boten negakaken kula mlampah
piyambak mila lajeng ngancani kula mlampah, ing wekasan dumugi papan menika lan
mbok bilih boten kadenangan dening jengandika mBah Tambak, mbok menawi kemawon
kula sampun dumugining pejah jalaran sampun
sanget risake raga kula”.
“Kuwi
cuplikan pungkasaning crita ndika Ki Puranta?” tumanggapku marang critane Puranta.
“Inggih
leres mBah Tambak” wangsulane Puranta.
“Lha
larah-larahe nganti ndika kadakwa nyolong sipat kandele desa tambak kuwi
mesthine rak ya ana? Luwih-luwih sing ndakwa ndika kuwi isih sedulur tuwa ndika
dhewe, keprungu aneh nek ana sedulur sing tega gawe pitnah marang adhine dhewe.
Mula saiki becik yen ndika critakne wiwit kawitan wae murih sansaya cethane
crita iki”.
“Inggih
mBah, kaparengana kula miwiti criyos”.
“Mangga”
“Kawiwitan
dhuking kina” Puranta miwiti critane “wonten salah satunggaling putra lembu
peteng (Klambu/slambu Peteng) saking Narendra ing Pajang, inggih Kanjeng Sultan
Adiwijaya, ingkang asma Raden Riyasa. Sasampunipun Raden Riyasa akil diwasa,
wonten utusan saking Pajang dhateng griyanipun Nyi Partini. Utusan kala wau
ndhawuhaken sabdanipun Kanjeng Sultan Adiwijaya murih putranipun ingkang nami
Raden Riyasa menika boten sisah sowan dhateng Kraton putra ngabekti ing bapa,
jalaran nalika samanten kawontenan nagari Pajang radi kirang sae. Sanadyanta makaten,
kasok tresnanipun Sinuhun ing Pajang dhateng Raden Riyasa boten ical malah
kepara wewah. Kanthi pambiyantu saking nagari Pajang, Raden Riyasa kadhawuhan
babad wana ing sacelakipun kanthi wiyar watawis selangkung bahu. Boten dangu
wana ingkang kababad menika lajeng dados padhukuhan ingkang dipun wastani
Dhusun Tambak lan mawi serat kekancingan saking Nagari Raden Riyasa
kajumengaken dados Lurah ing Tambak mriku lan kaparingan Sipat Kandel wujud
Wangkingan ingkang wasta Kyai Pantek menika”.
“Dadi
cikal bakale Desa Tambak sing saiki dilurahi sedulur ndika kuwi Raden Riyasa
kang satemene isih putrane Kanjeng Sultan Pajang?” aku nyelani critane Puranta.
“Leres
mBah Tambak” wangsulane Puranta “inggih raden Riyasa ingkang lajeng katelah
mawi asma Ki Tambak Kapisan menika estunipun tiyang sepuh kula, ugi tiyang sepuhipun
Kakang Jaswana ingkang samangke jumeneng minangka Lurah Tambak menika”.
“Dadi
asmane wong tuwa ndika kuwi Ki Tambak Kapisan? Walah kathik banjur aku madhani
nganggo jeneng mBah Tambak neh? Ya gandheng ndika kuwi putrane Ki Tambak Kapisan,
aku wajib nyuwun pangapura dene jenengku madhani asmane wong tuwa ndika” aku
kandha nembung njaluk pangapura marang Puranta.
“Kula
kinten ing babagan menika mBah Tambak boten lepat” Puranta aweh wangsulan “jer
boten wonten paugeran ingkang ngawisi tiyang nggadhahi nami ingkang sami, menapa
malih kanyatanipun mBah Tambak ugi kagungan panguwaos dhateng Sendhang ingkang
nami Sendhang Tambak menika?”.
“Pancen
ya ana benere apa sing ndika kandhakne kuwi Ki Puranta” wasanane aku mbenerne
panemune Puranta lan ngongkon supaya nutugne anggone crita “Saiki ndika tutugne
anggon ndika crita”.
Karo
guneman ngono kuwi mau, aku nggagas yen pantes lamun Puranta dudu wong sing
sembarangan, nadyan nandhang tatu abot parandene isih duwe kekuwatan sing
lumayan. Lha wong ya isih trahe Kanjeng Sultan Pajang, sanadyan wong tuwane
Puranta mung dhapur putra saka Lembu Peteng. Lan tak sengaja aku ora arep
ngowahi sikepku marang wong lanang sak bojone iki, sanadyan aku wis ngerti yen
wong kuwi kena diarani isih wayah dalem Kanjeng Sultan Adiwijaya sing luwih
kondhang nganggo asma timure ya Karebet utawa Raden Jaka Tingkir.
“Inggih
mBah Tambak” wangsulane Puranta sing banjur nata lungguhe maneh kanggo nutugne
olehe arep nyritakne larah-larahe lelakon sing lagi disandhang.
“Inggih
awit pikantuk pambiyantuning Kanjeng Sinuhun ing Pajang, kawontenanipun Dhusun
Tambak langkung cepet ngrembaka. Gesanging para kawula ing mriku ugi langkung
sae, kacekapan menapa ingkang dipun betahaken kangge gesang sadinten-dinten.
Pramila ugi boten nggumunaken menawi lajeng kathah ingkang sami ndherek bebadra
mbabad wana angayom dhateng Dhusun tambak ingkang kaesuhan dening Ki Lurah
tambak Kapisan”.
Ana
candhake