121.
Lan
sasampunipun menika, Bapa ketingal sansaya ringkih lajeng mapan sare wonten ing
pasujudan. Kula nggagas, menawi kala wau Bapa ngendika, dening ingkang paring
pitulungan dipun criyosi taksih wonten wekdal kangge ngusadani gerahipun
ingkang jalaran kenging racun ingkang wonten ing gadanipun begal menika,
watawis sekawan dinten. Nanging dhateng pundi anggen kula badhe pados usada kala
wau? Rumiyin Bapa nate paring dhawuh mbudidaya menika kuwajibaning titah, dene
kasil lan botenipun menika wewenanging Gusti Allah. Inggih awit saking menika
tumunten tuwuh sedya ing manah kula badhe ngupadi jampi kangge ngusadani Bapa.
Duka dhateng pundi mangke anggen kula badhe madosi.
“Pradapa…..”
kalihan sarean Bapa nimbali kula.
“Inggih
Bapa?” kula atur wangsulan.
“Sajroning
wektu telung dina iki aku aja mbok tinggal adoh-adoh” ngendikanipun Bapa
kalihan suwanten ingkang alon lan pedhot-pedhot kabekta saking napas ingkang
katingal sesak “aku ngerti nek kowe arep metu saka omah saprelu nggolekne tamba
aku, nanging kuwi wis ora ana gunane. Pesthine uripku katone ya mung tekan
semene, dadi ya ora kacek adoh karo Biyungmu. Mula tak jaluk kowe sing rila lan
legawa, jalaran pati lan urip kuwi kagungane Allah, awake dhewe teka ing donya
iki asale saka Allah lan yen wis wancine kudu bali marang Allah. Ora liwat
sapungkurku aja nganti kowe ninggalne panembahmu marang Gusti, aja seneng kowe
gawe seriking sapepadhane wong, nggedhekna watak dhemen tetulung lan aja
pisan-pisan kowe mbedak-mbedakne wong. Kabeh kuwi titahing Gusti sing kudu mbok
aji-aji, yen kowe dhemen ngremehake titahing Gusti padha wae kowe dhemen
ngremehake marang Allah. Sejatining satriya kuwi ora bakal kanggonan rasa
gething ing atine, sanadyan marang mungsuh pisan ora bakal gething, awit temene
sing ala kuwi dudu manungsane nanging hawa nepsu sing ucul saka kekeraning
ati”.
“Inggih
Bapa, dhawuhipun Bapa badhe tansah kula damel paugeraning gesang kula” kula
atur wangsulan, gandheng kula rumaos boten wantala ningali kawontenanipun Bapa
ingkang sansaya ringkih, kula lajeng matur “samangke Bapa ngaso kemawon rumiyin…..”.
“Iya,
aku pancen arep leren” Bapa taksih ngendika malih “nanging aku ngenteni wektu
ilange mega abang ing sisih kulon dhisik, yen wis aku arep sesuci mawa lebu
kang suci jalaran aku wis ora kuwat tangi. Yen wis nindakne sembahyang, aku
banjur arep leren kowe dhewe ya lerena”.
Saestu,
sasampunipun nindakaken panembah ing wanci dalu, Bapa lajeng sare. Sanaosa
ketingal sansaya pucet pasuryanipun, nanging ambeganipun kapireng sampun radi
aring, kados limrahipun tiyang ingkang nembe tilem. Manah kula inggih kraos
radi ayem. Lan wiwit wekdal menika, Bapa boten ngendika menapa-menapa malih,
ewa samanten saben wancinipun manembah mesthi lajeng mbikak netranipun, sesuci
mawi lebu ingkang tumempel ing papan sarenipun lajeng sembahyang, sasampunipun
sembahyang inggih lajeng sare malih.
Kalih
dinten sasampunipun Bapa rawuh kanthi kawontenan gerah ingkang kados makaten
menika, ing wanci ngasar inggil Ki Pawana madosi kula ing Dalem kalurahan. Ki
Bebau Jangglengan dereng mangertos menawi Bapa sampun rawuh. Sareng kula
criyosi manawi Bapa sampun rawuh lan nandhang gerah ingkang santer, lan kula
takeni menggah ingkang dados sedyanipun madosi kula menika. Ki Pawaba lajeng
wangsulan :
“Inggih
Gus, estunipun kula badhe matur bab anggenipun Tanggon lan rencang-rencangipun
kepengin gladhen ulah kanuragan ing sajawining sanggaripun Kyai Daka kados
ingkang sampun dipun aturaken dhateng Gus Pradapa watawis sapeken kapengker.
Nanging gandheng samangke Ki Lurah sampun rawuh lan nembe gerah, prayogi rembag
babagan menika dipun sumenekaken rumiyin, benjing kemawon menawi Ki Lurah
sampun dhangan saged dipun rembag malih kanthi langkung mirunggan”.
“Iya
Kakang Pawana” wangsulan kula nayogyani “bares wae, dina iki atiku lagi peteng,
pamikirku kuwur, dadi saupama ndika ajak rembugan babagan kang wigati ya ora
bisa”.
Boten
dangu Ki Pawana ugi lajeng pamitan wangsul. Dalunipun, Ki Bebau Jangglengan
menika dugi malih nanging boten piyambakan, sedaya Bebau kajawi Bebau ing
Sidamulya sami dipun ajak.
“Nyuwun
pangapunten Gus” wicantenipun Ki Bebau Jangglengan sareng kula panggihi ing
pendhapa “sareng kanca-kanca Bebau kula kabari bilih Ki Lurah sampun kundur
nanging nembe gerah, sedaya sami nyuwun palilah badhe ndherek tugur anenggani
gerahipun Ki Kepuh Agal”.
“Iya,
iya Ki Bau, aku banget nedha nrima marang ndika kabeh sing arep ngancani aku
melekan nunggoni Bapa sing lagi gerah” wangsulan kula ingkang lajeng kula
sambung mawi pitaken “gajege iki wis pepak, mung Ki Lurah Danara sing ora
katon?”.
“Inggih
Gus” ingkang wangsulan Bebau Sambirobyong, Ki Sambi “wau siyang nalika kula
dhateng Sidamulya, Lurah Danara nembe boten wonten griya, lajeng pas kula badhe
bidhal mriki wau kober kula ampiri malih, nanging inggih dereng wangsul.
Criyosipun Nyai Bau Sidamulya, Ki Lurah Danara nembe kekesahan radi tebih
kalihan para siswanipun Kyai Daka ingkang manggen ing griya sawingkinging
Sanggar , mbok menawi tigang dinten utawi sapeken nembe wangsul”.
“Ooo,
ngono? Ya wis tak kira nek ana pasarujukan arep nilap Ki Lurah Danara”
wangsulan kula kalih mesem. Kula lajeng kengetan wicantenipun Paman Tanggon ingkang
nelakaken sujananipun dhateng siswa-siswanipun Kyai Daka ingkang enggal lan
dipun damelaken griya ing sawingkingipun sanggar. Siswa-siswa ingkang nggadhahi
watak kirang sae, remen wicanten kasar lan saru saha nggadhahi solah bawa ingkang
tebih saking tata krami.
“Boten
kok Gus” ingkang wangsulan gentos Ki Pawana, Bebau Jangglengan “badhea kados
menapa Ki Danara menika tetep karengkuh dening sedaya Bebau minangka mitra
kangge leladi dhateng Kepuh Agal menika”.
Bebau
sekawan kala wau lajeng kula ajak mlebet dhateng sanggar, papanipun Bapa sare.
Kula lan Bebau sekawan kala wau sampun mbudidaya murih boten ngedalaken
suwanten anggenipun mlebet ing salebeting Sanggar, nanging jebul Bapa nuju
boten sare. Dados inggih pirsa menawi para Bebau sami dugi mriku.
“Pradapa,
sapa sing wis aweh kabar marang para Bebau iki mau?” Bapa ndangu kula mawi
suwanten alon nanging boten pedhot-pedhot, awit napasipun sampun boten
menggeh-menggeh malih.
“Kala
wau siyang Ki Jangglengan mriki Bapa” atur wangsulan kula blaka “lajeng kula
warah menawi Bapa sampun kundur, namung kemawon samangke nembe gerah”.
“Pangabekti
kula katur, Ki Lurah” Bebau Jangglengan nyambung atur kula kalihan ngaturaken
bekti “nyuwun pangapunten, kula boten mangertos menawi Ki Lurah sampun kundur
lan jebul gerah”.
“Iya,
Ki Bau” dhawuh wangsulanipun Bapa kalihan mesem pait “wis rong dina aku tekan
omah, marahi ya raga wis tuwa, katone aku iki kekeselen, embuh piye, kok banjur
dadi kaya ngene?. Piye sasuwene tak tinggal iki? Mesthine kabeh wis bisa ndika cukupi ta?”.
“Inggih
awit pangestunipun Ki Lurah saha saking panyengkuyungipun para kadang Bebau
sedaya, para sapukawat lan sesepuh Kepuh Agal, tuwin awit pambiyantunipun Gus
Pradapa, jejibahan ingkang kaparingaken dhateng kula saged kula lampahi kanthi
sae, Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki
Pawana.
“Sokur
ta yen ngono Ki Bau” Bapa ngendika malih “malah gaweyan sing tak tandangi sing
isih nisa sethithik, ya kapan-kapan kareben dirampungne Pradapa. Ki Bau isih
eling karo unine layang sing wis tak tapak astani perkara jejibahan sing saiki
ndika ayahi kuwi?”.
“Inggih
Ki Lurah” wangsulanipun Ki Pawana.
“Layang
kae ora ana wates kanggone, kamangka saiki aku lagi lara kaya ngene iki, lan
sawise lara apa aku bali waras apa banjur nusul Nyai Lurah rak ora ana sing
ngerti ta?. Mula kuwajiban ndika ya kaya sing kamot ing layang kae, Ki Bau
Jangglengan” .
“Inggih
Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki Pawana “kula pitados Ki Lurah boten dangu malih
tamtu sampun waluya jati kados nalika Ki Lurah badhe jengkar nilar Kepuh Agal
ngayahi jejibahan winadi nalika samanten”.
“Matur
nuwun Ki Bau” Bapa ngendika malih “kabeh wong lara mesthi kepengin lan
mbudidaya murih bisa waras maneh, nanging Krodhaning ati tan kuwawa mbedhah
kuthaning pesthi, pambudidayaning titah winatesan tekdiring Gusti Allah. Mula
mbok menawa isih dikeparengake dening Sing Maha Wenang, aku kepengin rembugan
sethithik karo Ki Pawit lan Para Bebau ing Kepuh Agal kabeh. Mula aku njaluk
tulung marang ndika Ki Jangglengan, sesuk bengi sawise mega abang ing sisih
kulon ilang Ki Pawit aturana tindak mrene lan Para Bebau kabeh uga tak jaluk
padha teka”.
“Inggih
Ki Lurah ngestokaken dhawuh” wangsulanipun Ki Pawana ingkang lajeng kasambet
“menika sedaya kadang Bebau ugi sampun mireng piyambak dhawuhipun Ki Kepuh
Agal, namung Ki Danara ingkang dereng mireng. Miturut kabar ingkang kula tampi,
dinten menika Ki Bebau ing Sidamulya nembe kekesahan radi tebih, ambok bilih
ngantos tigang dinten menapa sepeken nembe wangsul. Awit saking menika, menawi
Ki Danara benjing boten saged ndherek sowan mriki, mugi Ki Lurah kepareng
paring pangaksami”.
“Iya
Ki Bau” dhawuh wangsulanipun Bapa “saupama Danara ora bisa teka kene, embuh
wonge lunga durung bali, embuh merga lagi aras-arasen, ya ora apa-apa, bares
wae aku ora pati mbutuhake Danara nanging aku banget mbutuhake pambiyantu saka
Ki Pawit lan ndika kabeh Bebau Kepuh Agal sing saiki ana kene iki, mula sepisan
maneh aku njaluk sesuk padha mrenea”.
“Inggih
Ki Lurah, sendika ngestokaken dhawuh” Bebau Sidadadi, Sambirobyong,
Grojoganngubal lan Bebau Jangglengan sareng-sareng atur wangsulan.
“Saiki
aku arep leren, ndika kabeh nek arep ngancani Pradapa ana kene, aja mung padha
meneng-menengan, ndika aja samar lan aja padha rikuh pakewuh, lerenku ora bakal
keganggu merga suwara ndika kabeh. Yen ana perkara sing kudu dirembug, padha
rembugen wae sepisan maneh aku ora bakal keganggu dening suwara rembugan
ndika”.
Bapa
lajeng kendel, netranipun dipun tutup lajeng sare malih. Suwanten napasipun
cetha nedahaken menawi Bapa mila estu sampun sare.
Ana candhake