Total Tayangan Halaman

Rabu, 22 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (25)


 

25.

        Jodi nganti kamitenggengen anggone nyemak apa sing dikandhakne Murtala kuwi. Senadyan umure wis setengah abad luwih, durung tau Jodi pethuk wong sing duwe kasabaran sing kaya Murtala iki, Ingatase wingi meh wae digawe cilaka lan dhek bengi dibaleni arep dianiaya, ewa dene ora duwe rasa ngingit-igit marang wong sing duwe sedya ala marang dheweke. Kang mangkono iku ndadekne Jodi sing kulina ngendelake dumeh bisa nuku apa sing dikarepake, bisa mbayar wong supaya nindakne apa sing dadi prentahe, bisa gawe cilakane wong sing ora gawe senenge atine. Rumangsa kasoran perbawa ngadhepi Murtala. Mula niyat saka omah sing arep mblakakne kedadeyan apa sing dialami, sansaya manteb anggone arep nyritakne marang Murtala, kanthi mangkono mbok menawa bisa dadi sarana anggone bisa nempil kamukten saka perbawane Murtala sing dianggep wong sing nduweni bebuden lan ati kang suci.

        “Mila leres Dhik Murtala, bilih sedaya ingkang kedadosan menika awit wontenipun kleru ing panampi” kandhane Jodi sawise Murtala mandheg olehe guneman “mila bares kemawon, menika kawiwitan saking pepenginan kula kangge ngangkat drajatipun anak kula Si Semedi nika, ingkang dugi sapriki taksih nganggur dereng cepeng damel menapa-menapa”.

        “Rak inggih sampun satrepipun ta Pak Diyana, menawi Bapak menggalihaken dhateng putranipun menika?” Murtala nyelani rembug.

        “Inggih awit saking menika Dhik” wangsulane Jodi nutugne olehe guneman “kula lajeng kemutan kalihan cariyosipun Bapak kula Marasepuh, Pak Darma Nyamun, ingkang jaman Pilihan Lurah Pak Tapa, murungaken anggenipun badhe majeng nyawung Lurah”.

        “Marasepuhipun Pak Diyana rumiyin nate badhe majeng nyawung Lurah teng Kedunggalar mriki?” Murtala takon maneh, batine rada gumun karo sing dikandhakne Jodi, wong mau jare mikirne gaweyan kanggo anake kok sing dikandhakne malih crita bab Maratuwane sing tau arep njago lurah.

        “Inggih, nanging boten siyos jalaran sasampunipun riyalat ing pasareyanipun Ki Ambyangkara pikantuk sasmita gaib, bilih Bapak boten badhe kiyat madeg dados Lurah ing mriki, kamangka jaman semanten meh tiyang sak Durenan, Winong, Kaliwowo menika sami ngrojongi menawi Bapak kersa majeng dados sawung, gek wragat kangge majeng inggih sampun kaliwat cekap. Nanging sareng nampi sasmita gaib makaten kala wau, Bapak lajeng murungaken kersanipun, awit sasmita gaib kala wau taksih wonten sambetipun, inggih menika sanajan Bapak boten kiyat dados Lurah nanging mbenjangipun wonten turunipun Bapak ingkang badhe saged dados Lurah ing mriki” Jodi nutugne anggone crita lelakone maratuwane sing wurung njago lurah Kedunggalar  “lha gandheng wekdal samangke sampun nyaketi pilihan Lurah malih, Lurah Jaka niki rak kantun setahun? Watawis sewulan kapengker kula nglampahi riyalat ing pasareyanipun Ki Ambyangkara kados ingkang dipun tindakaken sawargi marasepuh kula rumiyin, mbok menawi weca utawi sasamita gaib ingkang nate katampi dening Bapak sampun wancinipun kelampahan, lha angkah kula, kula badhe ndombani Semedi supados majeng nyawung”.

        “Oo makaten? Sae menika Pak Diyana” kandhane Murtala nyelani critane Jodi “Mas Semedi nika rak sampun Sarjana ta? Dados ngelmu anggenipun kuliah saged kangge majengaken Desa mriki”.

        “Nggih niku kajeng kula Dhik” wangsulane Jodi “nanging…….”.

        “Nanging menapa Pak Diyana?” Murtala takon, merga Jodi leren olehe guneman.

        “Nanging sasmita ingkang kula tampi nalika kula riyalat, benten kalihan ingkang kula angen-angen saderengipun” wangsulane Jodi.

        “Lha kok saged makaten?”

        “Inggih, nalika dalu kang kaping tiga kula riyalat, salebeting layap liyep ing aluyut, kula sumerep griya kula ketingal wonten cahya ingkang mencorong, nanging boten dangu awit ing sisihing griya kula ketingal griyanipun Juragan Giri ingkang ugi wonten cahya ingkang langkung mencorong malih, ngawonaken cahya ingkang wonten griya kula. Lajeng kula sumerep panjenengan…..”.

        “Kula Pak Diyana?” Murtala nugel rembug, takon semu gumun.

        “Inggih Panjenengan Dhik Murtala” wangsulane Jodi “kula sumerep Dhik Murtala ingkang dados cahya mencorong ing griyanipun Juragan Giri, nalika Dhik Murtala miyos saking griyanipun Juragan Giri, griya menika wangsul kados griya kula malih alias boten mencorong. Salajengipun kula tingali Dhik Murtala menika wongsal wangsul mlebet lan miyos ing griyanipun Juragan Giri lan babar pisan boten kersa mlebet dhateng griya kula. Sareng sampun wangsul ing alam nyata, kula rumaos dereng mangertos kalihan werdinipun sasmita menika. Pramila lajeng kula gothak-gathukaken kaliyan nalar kula piyambak, jalaran dalu-dalu candhakipun kula sampun boten pikantuk sasamita menapa-menapa malih. Lan jebul anggen kula nggothak – nggathukaken sasmita kala wau, malah nuwuhaken salah tampi, ingkang kedadosanipun kados kala wingi enjing lan kala wau dalu menika”.

        Murtala ora tumuli aweh wangsulan nanggapi critane Jodi ngono kuwi mau, malah banjur nyandhak gelase sing isine kari separo, disruput kopine, banjur njupuk pisang goreng sing ana piring, karo nawani dhayoh-dhayohe :

        “Mirunggan mawon Mas Sadiran, Mas Warsiman, sampun tegang-tegang, mangga diwangsuli pisang napa tempene niku, nek keseriusen sok malah kirang sae mangke, nanging menawi ditampi kalihan raras mawon, insya’allah mangke saged pikantuk pitedah ingkang pas. Rak nggih ngoten ta Pak Diyana? Mangga kalihan dipun sambi”.

        Gejrot karo Gagak sing mau mung meneng karo ulat semu peteng, krungu tembunge Murtala ngono kuwi banjur  mesem. Semono uga Jodi, uga banjur nyandhak gelase lan nyruput kopine, njupuk tempe dingge nglalapi kopine. Gejrot karo Gagak ya banjur tiru-tiru, kahanan sing maune angker bali encer maneh.

        “Sasampunipun mirengaken ngendikanipun Pak Diyana menika kala wau” kandhane Murtala sabanjure “kula inggih dereng patos mudheng, mbok menawi mila kula niki kalebet lare ingkang dhedhel mikir he he he”.

        “Boten makaten Dhik” Jodi gage anggone guneman “pancen atur kula dereng rampung lan taksih radi kathah, mila samangke badhe kula lajengaken”.

        “O, makaten ta? Nyuwun pangapunten Pak Diyana, mangga kalajengaken murih cethanipun” Murtala mangsuli karo mesem.

        “Anggen kula nggothak-nggathukaken sasmita ingkang kula tampi ing pasareyanipun Ki Ambyangkara kala wau kalihan nalar kula makaten, Waunipun taksih wonten pangajeng-ajeng menawi Semedi majeng nyawung Lurah, saged kapilih, Menika katitik saking wontenipun sasmita ketingalipun griya kula ingkang ngemu cahya mencorong kala wau. Nanging jebul ketingalipun badhe wonten ingkang dados pepalang, liripun malangi anggenipun Semedi dados Lurah, inggih menika Juragan Giri, ingkang miturut sasmita ingkang kula tampi kala wau, griyanipun ketingal langkung mencorong temah ngawonaken mencoronging griya kula. Sareng kula sumerep bilih ingkang dados cahya mencorong menika jebul Dhik Murtala, kula lajeng nggagas malih. Bilih antawisipun Juragan Giri kalihan Dhik Murtala sampun wonten pasekuthon kangge ngadhepi Pilihan Lurah tahun ngajeng menika. Dene sawungipun menawi dede Dhik Murtala inggih Juragan Giri utawi putranipun. Mila kula lajeng nyeluk Gejrot kalihan Gagak, ingkang griyanipun Sragen menika mriki. Kula ken mbiyantu kula murih anak kula saged kepilih dados Lurah ing Pilihan tahun ngajeng mangke. Lare kalih niku kula prentah murih ngulat-ulati, minangka mata-pita kula dhateng Panjenengan lan Juragan Giri, kula nggih criyos bilih pepalang ingkang awrat piyambak menggahipun Semedi kangge dados Lurah mangkenipun menika namung kalih, inggih menika Panjenengan lan Juragan Giri, menawi ngantos Dhik Murtala manunggal kalihan Juragan Giri, nglengkara Semedi saged dados Lurah benjingipun. Jebul lare kalih niku keladuk anggenipun nampi prentah saking kula, ngantos ajeng damel cilaknipun Dhik Murtala menapa. Menawi kalihan Juragan Giri, Gejrot kalih Gagak niku ajrih, jalaran Juragan Giri nyepeng pengapesanipun lare kalih niku”.

        “Inggih Pak Diyana” Murtala nyela guneman karo mesem “dugi mriki kula sampun radi saged nampi, nanging anggenipun Pak Diyana ngendikan sampung rampung menapa dereng menika?”.

        “Dereng Dhik” wangsulane Jodi “taksih sakedhik malih, nanging menika sakalangkung wigatos”.

        “Inggih manawi makaten mangga dipun lajengaken mawon Pak Diyana, nanging kanthi mirunggan kemawon sampun tegang – tegang sanget he he he”.

        “Inggih Dhik” Jodi nutugne olehe guneman “inggih amargi lare kalih ingkang keladuk anggenipun tumindak jalaran nginten menawi kula prentah murih nyingkiraken Dhik Murtala temah wonten kedadosan kados kala wingi lan kala dalu wau, meh kemawon kula kecalan gesang kula piyambak”.

        “Kok saged makaten Pak Diyana?” krungu tembung sing keri dhewe saka Jodi ngono kuwi Murtala dadi kaget. Ana apa kok nganti Jodi kandha nek meh wae kelangan uripe sing tegese mati?.

 

 

Ana candhake,

Selasa, 21 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (24)


 24.

        Kaya padatan esuk kuwi Marsini lagi nandangi gaweyan nata godhong gedhang digawe pincuk. Wiwit bubar adus mau, Murtala isih neng kamare durung metu-metu, nindakne sing dianggep gaweyan rutin sing kudu ditindakne saben esuk, sembahyang duha disambung maca Qur’an lan nyinaoni wulangan-wulangan sing ditampa saka guru-gurune, Kyai Zamzuri, Ustadz Nurhamid, Ustadz Wawan lan liya-liyane. Padatan, nek wis rampung banjur njupuk pitik neng nggone bakul lan diupakara kanggo didol mengko bengi. Nek ora kober esuk sok olehe njupuk pitik ditandangi sawise sembahyang asar. Merga sawise sembahyang dluhur ajeg dienggo leren, sawise sawengi ora turu ngadhepi dagangan ing warung angkringane.

        Lagi kasengsem nandangi gaweyane, dumadakan Marsini dikagetne merga ana sepedha motor mlebu ing plataran omahe. Wong telu nganggo sepedha motor loro. Sawise njagangne sepedha motore salah siji saka wong telu kuwi mlaku nyedhaki lawang pawone Marsini, merga pancen lawang ngarep ditutup rapet. Marsini gage wae mapagne tekane tamu kuwi neng ngarep lawang pawon, karo mripate nguwasi tamu sing durung tau ditepungi kuwi.

        “Assalamu’alaikum” kandhane wong sing lagi teka kuwi sopan “nuwun sewu badhe nyuwun pirsa Bu, menapa leres mriki dalemipun Mas Murtala inggih ?”.

        “Waalaikumussalam” wangsulane Marsini “leres Mas, nuwun sewu Mase menika sedherek saking pundi inggih?”.

        Sanadyan wonge sopan, panggah wae ing atine Marsini ana rasa cubriya lan sujana, merga wong sing lagi teka kuwi ketok serem malah kepara medeni.

        “Kula Sadiran Bu, ning kanca-kanca menawi nyeluk kula Gejrot” wangsulane wong kuwi sansaya yen katon sopan “menawi Mas Murtala wonten dalem, boten nembe repot saha menawi kaparengaken, Majikan kula badhe sowan”.

        “Tengga sakedhap nggih Mas, Thole kula sanjangane rumiyin” wangsulane Marsini karo arep mlebu omah nyeluk Murtala.

        Jebul durung nganti Marsini mlebu omah Murtala wis metu menyang Pawon, durung salin isih nganggo sarung lan klambi koko, sirahe ditutupi kethu, mula gage wae Marsini nyedhak lan ngandhani nek ana wong aneh sing arep nemoni dheweke.

        “Tiyang aneh Bu? Sinten?” Murtala sing durung ngerti nek ana wong mara gumun.

        “Ngakune jenenge Sadiran apa Gejrot ngono lho? Lagi jenenge wae wis keprungu nek aneh, kae ta wonge neng emper pawon, ndang temonana!” wangsulane Marsini mrentah anake lanang. Murtala ya banjur mlaku menyang lawang pawon arep metu nemoni wong sing lagi teka.

        “Assalamu’alaikum Mas Murtala” lagi wae tekan lawang arep njangkah metu, Murtala wis dipapag karo uluk salam dening Gejrot, suwarane alus keprungu sopan lan ngajeni banget.

        “Salam, Panjenengan ta Mas?” Murtala wangsulan karo ngajak tamune mlebu omah, atine rada kaget merga isih kelingan karo kedadean mau bengi  “mangga teng mlebet teng griya ngajeng mrika”.

        “Inggih Mas Matur nuwun, tiyang kula wau ndherekne Pak Jodi kok, Pak Jodi badhe sowan Panjenengan” wangsulane Gejrot.

        “Pak Jodi? Lha pundi priyantune?” Murtala sing uga durung tepung karo wong sing jenenge Jodi kuwi takon.

        “Lha nika taksih nengga teng ngajengan” wangsulane Gejrot.

        Murtala ora guneman maneh banjur mlaku marani wong loro kancane Gejrot sing lagi ngadeg neng latar cedhak pit montore. Gejrot ngetutne neng mburine.  Sawise Murtala nyalami tamune sing jebul Gagak karo sing siji jarene jenenge Pak Jodi mau, banjur ngajak tamune mlebu neng omah. Wong-wong kuwi ketok padha sopan-sopan lan ngajeni banget marang Murtala. Beda banget karo pas teka neng warung mau bengi.

        “Nyuwun pangapunten lho Dhik Murtala, nek dugi kula sampun damel kejotipun Dhik Murtala saha keng Ibu” kandhane wong sing jeneng Jodi mau sawise mapan lungguh neng kursi. Murtala lagi krasa nek dheweke satemene wis ngerti wong kuwi, mung wae jenenge sing durung weruh. Malah nek ora kleru Murtala tau krungu wong-wong ngarani, nek wong kuwi jenenge Diyana (Diyono). Mula Murtala ya banjur mikir mbok menawa wae wong iki madha rupa karo Diyana sing omahe Durenan.

        “Boten dados menapa Bapak” wangsulene Murtala karo mesem “bares mawon niki wau kula radi kaget, nalika Mas Gejrot paring dhawuh menawi Pak Jodi badhe kepanggih kula, kamangka kula dereng nate…….”

        “Dereng nate tepang kalihan Jodi nggih?” Jodi nigas tembunge Murtala laro ngguyu “jeneng Jodi niku rak otak – athik mathuke lare-lare ta Dhik? Riyin jaman dados manten kula ditambahi nami dening tiyang-tiyang sepuh Arja, komplite dados Arja Diyana, lha kalih bocah-bocah niku dicekak dados Jodi”.

        “Oh, makaten ta critanipun?” Murtala manggut-manggut karo mesem.

        Marsini metu neng ruang tamu karo nggawa baki isi kopi susu papat, pisang goreng sapiring karo Tempe goreng sapiring, kanggo nyuguhi tamune.

        “Walaah kok dados ngrepotaken Ibu kemawon menika……” kandhane Jodi nalika Marsini ngladekne kopine.

        “Boten kok Bapak” wangsulane Marsini “menika kala wau nuju wonten toya benter, nuwun sewu mangga dipun unjuk, wontenipun namung toya benter”.

        Marsini banjur bali mlebu maneh. Murtala banjur nyandhak gelas kopine karo ngacarani dhayohe :

        “Mangga Pak Diyana, mangga Mas Gagak, Mas Gejrot”.

        “Inggih waleh-waleh menapa, sowan kula mriki wau Dhik Murtala” kandhane Jodi karo nyelehne gelas kopine sawise disruput sethithik “ingkang sepisan inggih silaturrahmi, kaping kalihipun kula kanthi andhaping manah, nyuwun dhumateng Dhik Murtala kaparenga ngrentahaken  sih kawlasan dhumateng kula saha Sadiran Gejrot lan Warsiman Gagak, saestu kula tiyang tiga menika nyuwun pangaksami awit wontenipun kedadosan kala wingi siang saha kala dalu menika”.

        Bubar muni ngono kuwi Jodi banjur sedheku ngapurancang karo ndhingkluk, semono uga Gejrot apa dene Gagak, kahanan dadi sepi .

        “Inggih nyuwun pangapunten Pak Diyana” Murtala banjur wangsulan alon “estunipun kula malah bingung, prakawis kedadosan kala dalu antawisipun Mas Sadiran lan Mas Warsiman kalihan kula lan adhik kula Dikin, menika kula anggep sampun rampung lan boten wonten prakawis malih. Lha menawi kalihan Pak Diyana kula rak boten nate wonten prakawis menapa-menapa? Dados inggih boten wonten ingkang kedah dipun apunten”.

        “Menika makaten lho Dhik” Jodi guneman maneh nyambung kandhane Murtala “estunipun sumbering lepat menika manggenipun malah dhateng kula, menawi Gejrot kalihan Gagak menika namung awit saking bodhonipun anggene mirengaken prentah saking kula, kawewahan remen tumindak kebat kliwat, temah salah tampi. Inggih awit saking kersaning Gusti Allah ingkang tansah njangkung Dhik Murtala, kala wingi siang Dhik Murtala boten menapa-menapa senaosa sampun kabudidaya badhe dipun srempet kalihan mobil ingkang dipun setiri Gagak ing ngajeng Griyanipun Pak Sugiri. Lajeng kala dalu menika, rahayunipun Pak Sugiri tumunten dugi ngandhani lare kalih menika, menawi boten, kula boten saged nggambaraken kados menapa dadosipun lare kalih niku ugi kawontenan kula. Pramila sepisan malih kula nyuwun pangaksami dhateng Dhik Murtala, saestu kula boten badhe ngambali malih tumindak kula ingkang lepat kala wau”.

        Murtala panggah durung mudheng karo sing dikandhakne Jodi ngono kuwi, mung wae Murtala kelingan wingi nalika bali saka omahe Pak Sugiri meh wae tiba merga arep kesrempet Mobil Kijang Inova. Murtala uga kelingan nek sadurunge Gejrot karo Gagak dhek bengi lunga ninggalne warunge, kober ngaku marang Pak Sugiri nek wong loro kuwi sadrema dikongkon dening Bos Jodi. Sing dadi gumune Murtala, ya gene Jodi kongkonan Gejrot lan Gagak kanggo gawe cilakane? Nek pawadane Gejrot lan Gagak mau bengi merga ndakwa Murtala duwe sesambungan katresnan karo Nita, apa mbok mbok menawa antarane Jodi karo Pak Sugiri wis ana petung arep bebesanan? Merga Murtala ya tau krungu nek Diyana wong sugih sing omahe Durenan kuwi a duwe anak lanang sing wis gedhe lagi lulus olehe kuliah neng Sala.

        “Inggih nuwun sewu pak Diyana” kandhane Murtala mangsuli rembuge Jodi sing klebu dawa kuwi “nanging kalih disambi ta tempe napa pisange niku, mangga Mas Sadiran, Mas Warsiman”.

        Murtala banjur njupuk tempe, dicokot dienggo lalap olehe nyruput kopine, lagi banjur nyambung ukarane :

        “Kula kinten anggenipun Mas Sadiran lan Mas Warsiman tumindak kirang leres kala wingi lan kala dalu menika, tuwin anggenipun dhawuh Pak Diyana dhateng Mas Sadiran lan Mas Warsiman ingkang wonten gandheng cenengipun kalihan kula, menika sedaya awit salah tampi. Dados menggah kula inggih sampun boten menapa-menapa, salah tampi lajeng sampun kadenangan mapanipun salah tampi, menika ateges sampun rampung. Lha salah tampi ing babagan menapa? Menika kula boten mangertos lan ingkang langkung pirsa mesthinipun inggih Pak Diyana. Namung sepisan malih mugi kauningan, kula kalihan Dhik Nita putranipun Pak Sugiri menika namung kekancan limrah”.

 

 

Ana candhake

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (23)


 

23.

          Arep omong apa anane kok ketok neng saru, merga cetha nek karepe Gejrot karo Gagak mau mung njaluk supaya dheweke ngedohi Nita, amarga wong loro kuwi mau ngira nek dheweke duwe sambungan katresnan karo Nita. Nanging nek ora kandha apa anane ateges dheweke wis ora jujur, kamangka ngomong goroh kuwi wis dadi sirikane. Mula bareng rada sauntara, lagi Murtala aweh wangsulan sing ora goroh lan ora ngundang pandakwa yen dheweke wis duwe sambung katresnan karo Nita.

        “Ketingale lare kalih wau salah tampi mawon Pak, kula dipun kinten badhe ngganggu Dhik Nita sareng kula takeni piyambakipun menika menapanipun Dhik Nita lajeng muring-muring ngoten nika wau, tujunipun panjenengan lajeng rawuh” kandhane Murtala mangsuli pitakone Pak Sugiri “nanging saged ugi lare kalih wau nembe mendem, awit waunipun badhe gegeran kalihan Dhik Dikin, sareng kula pisah malah gentos ngajak gegeran kula lan ingkang damel dadakan perkawis kula dipun penging sesambetan kalihan Dhik Nita”.

        “Bregejil loro mau wani menging kowe ngono kuwi? Ya wis, mengko tak takon menyang sing ngongkon wae, mau Gejrot ngaku nek dheweke mung saderma kongkonan, kongkonane Jodi” wangsulane Pak Sugiri “iki kudu tak weruhi apa karepe Jodi sing sabenere”.

        Gandheng Murtala ora kepengin ngrembug perkara kuwi maneh, butuhe wong sing arep ngganggu dheweke wis lunga ya wis, mula Murtala ya ora takon Jodi kuwi sapa, merga tumrap Murtala ora ana gunane. Murtala ya wegah ngangen-angen ana sambung apa antarane Pak Sugiri karo Gejrot lan Gagak sing ketok nek wis tau tepung, malah Gejrot lan Gagak mau nek ngaturi Pak Sugiri nganggo sebutan Pak-e, kuwi nuduhne nek wong kuwi wis padha akrabe. Merga sepisan maneh tumrape Murtala ngangen-angen ngono kuwi ora ana gunane. Mula Murtala ya banjur meneng.

        “Kula boten nginten blas Pak Sugiri” Dikin teka ngladekne kopine Pak Sugiri karo guneman.

        “Gak ngira apa?” pitakone Pak Sugiri karo nampani kopine “gak ngira nek Masmu kuwi Pendekar Mawar loro?”.

        “Niku enggih” wangsulane Dikin kaeo mesem “nanging sing luwih nggumunaken niku panjenengan gampang sanget damel preman kalih wau “ampun-ampun” . Kamangka wau meh mawon ajeng gegeran kalih kula, upama boten dipenggak Mas Mur jathukna nggoh radi rame”.

        “Oalah kuwi ta ?” Pak Sugiri ngguyu “ngadhepi bocah-biah ngana kae mau, pokoke ndang nggetak dhisik nek prelu ya ngaplog dhisik kaya mau, wonge mesthi “down mentale”. Upama wonge mau wani males, sing tak jagakne ya mung kowe karo Murtala, mosok kowe karo Murtala arep negakne nek wong tuwek kaya aku diajar preman he he he?”.

        Dikin arep guneman maneh, nanging ora sida merga wong loro sing jarene saka Sentolo mau nyedhak arep mbayari olehe mangan lan ngombe.

        “Kopi kalih tambah toya teng botol niku kalih Mas, maeme nggih kalih” kandhane salah siji saka wong loro kuwi marang Murtala.

        “Nggih mangga mrika Mas” wangsulane Murtala karo ngalih nyedhaki kothak wadhah dhuwite. Wong loro kuwi banjur melu ngalih ngetutne Murtala.

        “Nika wau napa preman ta Mas? Kula sumerep mawon tumut dheg-dhegan. Awake prekuk-prekuk, gek sangar ngoten, tibake sareng diadhepi bapake nika lajeng wangsul” karo nampani dhuwit susuk wong kuwi ngrasani Gejrot karo Gagak sing lagi wae lunga.

        “Enggih Mas” wangsulane Murtala karo ngguyu “ketingale lare kalih wau nembe bakda ngombe banyu landa radi kathah, mila nggih kados tiyang boten genah”.

        Jebul saungkure wong loro kuwi, para bakul sayuran saka Gunung padha teka lan padha golek mangan lan kopi neng Warunge Murtala kaya padatan. Dadi nganti Pak Sugiri pamitan nek arep mulih dhisik njupuk sarung karo sajadah ngge subuhan mengko, ora ana wektu kanggo jagongan karo Murtala. Lan nalika Pak Sugiri ngampiri Murtala dijak bareng nyang Masjid, karo mlaku Pak Sugiri mung kandha nek kapan-kapan wae nek ana wektu longgar, Pak Sugiri arep mara nyang omahe Murtala. Pak Sugiri ya ora ngandhakne apa sing arep dirembug mengko.

Merga Murtala ora kepengin pikirane diboboti barang sing durung cetha, mula Murtala ya wegah nggagas apa sing arep duembug Pak Sugiri nek klakon dolan menyang omahe. Pancen Murtala kuwi ora seneng mikir barang-barang sing durung cetha, sarta nyiriki pangira-ira sing ora ana gunane. Klebu olehe lagi wae gegeran karo Gejrot lan Gagak mau ya ora dipikir, sanadyan wiwitane Murtala kober nggagas antarane Pak Sugiri karo Gagak lan Gejrot mesthi wis suwe olehe padha tepung. Lan kober pengin ngerti sapa sing dikarepake dening Gejrot “Boss Jodi” sadurunge Gejrot diluwari panjambake dening Pak Sugiri mau?. Mungguhe Murtala sing diarani wong urip kudu ngati-ati kuwi ora kudu ngira-ngira bebaya apa sing kudu diadhepi, nanging sing diarani urip kudu ngati-ati kuwi kudu mlaku liwat dalan sing bener, ora seneng nginceng alane liyan lan ora seneng ngganggu gawe marang sapa wae. Saupama kepethuk ula mandi sing ngadhang laku, samangsa ula kuwi bisa disingkirake murih ira gawe cilakane lan cilakane wong liyane, becike ula kuwi disingkirake. Ora kudu dipateni, semono uga saupama ana wong sing arep ngganggy gawe marang dheweke, yen bisa kudu dibudidaya murih wong mau bali eling yen ngganggu gawe sapepadhaning wong kuwi klebu tumindak sing ora ana becike. Lan saupama klakon kerengan, aja nganti duwe karep gawe cilakane sing ngajak kerengan, dudu diarani wong menang yen mung bisa ngasorake mungsuhe yen mungsuhe ora bisa ditelukne atine temah gelem ngrumangsani kaluputane lan bali marang jiwa kamanungsane. Mula saka kuwi pas karo mlaku mulih saka olehe dodolan, Murtala uga meling marang Dikin supaya kedadeyan tekane Gejrot karo Gagak kuwi mau aja nganti dicritak-critakne marang sapa wae, kuwi ora ana gunane malah bisa0busa gawe tunane nggone nyambut gawe.

        “Apa ta Mas rugine nek wong-wong ngerti nek awake dhewe ya wani wae nek ditantang Preman?” Dikin ngeyel olehe takon.

        “Lha nek wong-wong ngerti nek kowe wani karo preman apa bathimu?” Murtala genti takon “wong-wong ben dadi padha wedi karo kowe ngono apa?”

        “Ya ora ngono Mas” wangsulane Dikin karo mesem “nanging nek wong-wong ngerti awake dhewe iki dudu panunggalane wong ringkih sing jirih getih wedi pati, upama ana wong arep tumindak sawiyah-wiyah utawa arep ngrusuhi marang awake dhewe rak mikir-mikir dhisik ta Mas?”.

        “Aku rak wis bola-bali kandha ta Dhik?” Murtala guneman maneh “nek ora pengin dirusuhi wong, kuwi luwih gampang, ya iku janji awake dhewe ora seneng ngrusuhi wong ya ora bakal ana wong sing arep ngrusuhi awake dhewe, lan saupama ana wong sing arep ngrusuhi ora bakal bisa gawe kapitunane awake dhewe, sokur nek bisa males kanthi bener marang sing ngrusuhi awake dhewe, kuwi bakal nguwohne bebathen sing luwih aji maneh. Eling ta carane males wong sing arep ngrusuhi awake dhewe?”.

        “Iya Mas eling” wangsulane Dikin “wong sing ngrusuhi awake dhewe kuwi rak klebu wong sing arep cilaka, mula kudu ditulungi murih wong mau ora sida cilaka. Rak ngono ta Mas?”

        “Gene ya isih kelingan ngono lho?!?” Murtala semaur karo ngguyu lirih.

        “Elinge eling Mas, nanging olehe nglakoni kuwi lho sing abot lan angel” karo nyurung grobage Dikin wangsulan.

        “Angel lan abot kuwi kari wonge Dhik, nek wonge kepengin dadi wong sing ajiwa manungsa mesthi ora bakal krasa abot lan ora bakal kangelan ngecakne, nanging nek isih kepengin dadi wong sing seneng niru lakune kewan sing ora kagadhuhan akal nanging mung kaparingan hawa nafsu, kajaba rumangsa abot lan angel ya pancen dhasare akale wis kalah dhisik karo hawa nafsune sing tansah nyurung marang papane kacintrakan sing katone wae mencutake”.

        Disambi karo omong-omongan ora krasa olehe mlaku karo nyurung grobag wong loro kuwi wis tekan omahe Murtala. Jebul senajan mau bengi gremis nganti jam siji, jebul dagangane Murtala ora bubruk. Turahe ora akeh, klebu gorengan titipane wong-wong ya ora pati akeh sing ora payu, dadi senajan suda isih bathi ora nganti rugi.

 

Ana candhake

 

 

 

 

Sabtu, 18 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (22)


 

22.

        Wong sing lengene ana tatone kuwi genti nyawang marang Murtala karo mripat sing murup. Sauntara Dikin wis ngalih neng mburine Murtala, tangane loro isih dikepelne, kaprayitnane panggah ora dikurangi. Nanging wis meneng ora guneman maneh. Kancane wong sing tatonan kuwi njawil pundhake  kancane karo aweh sasmita supaya bali linggih maneh. Sing dijawil ya banjur mapan lungguh, mripate isih murup karo ngingeti Dikin lan Murtala genti - genten.

        “Ngene lho Mur, jenengmu rak Murtala ta?” kandhane wong mau karo suwara sing sanadyan ora sereng nanging keprungu nek ngremehake marang Murtala, kanthi nyebut njangkar wae “jane aku mrene mau mung arep takon karo arep ngandhani kowe, kareben kowe ora cilaka uripmu. Nanging sajake kancamu kuwi pancen rada kemajon lambene, tujune kowe ndang nyedhak, upama ora merga aku nyawang kowe ngono, kancamu kuwi pancen prelu rada dipapaki lambene ben njawa dheweke ngomong karo sapa”.

        “Leres kula Murtala” maune Dikin arep nyaut gunemane wong kuwi nanging kedhisikan dening Murtala sing aweh wangsulan karo tangane nyasmitani Dikin supaya meneng dhisik, basane Murtala keprungu alus lan sareh “panjenengan badhe mundhut pirsa menapa? Lan badhe paring pitutur menapa dhateng kula, inggih sadengipun kula matur nuwun”.

        Wong loro sing mau jare arep menyang Dawung, Jagaraga bali lungguh maneh karo panggah ngulati papane Murtala rembugan karo wong loro sing mau mudhun saka mobil.

        “Sokur, kowe luwih njawa timbang kancamu kuwi, Murtala” kandhane kancane wong tatonan kuwi rada alus “nyedhaka mrene, awake dhewe omong-omongan sing kepenak”.

        Murtala manut banjur lungguh neng ngarepe wong kuwi, kedhang-dhangan meja cilik dawa.

        “Aku mung arep takon, apa wis suwe olehmu gandheng karo Nita kae?” karo nyawang landhep marang Murtala wong kuwi takon, suwarane alon nanging mandhes.

        “Gandheng pripun sing dikersakne? Sing panjenengan kersakne Nita niku rak Nita putrane Pak Sugiri kidul mrika nika ta?” Murtala mbalik genti takon, suwarane panggah alus lan sareh.

        “Iya, Nita sing mbok jak pacaran nyang nggone Arja Gendhon Pelang, dhek esuk mau lho” wangsulane wong kuwi wiwit mencereng “kowe apa ora ngerti nek Nita kae wis ana sing duwe?”.

        “Nuwun sewu panjenengan menika sinten? Kajeng kula panjenengan menika  menapanipun Nita, nggih?” karo suwara panggah sareh Murtala takon maneh.

        “Kowe aja ketularan kancamu mau Mur” wong kuwi sansaya mencerereng “kowe ora prelu ngerti aku iki apane Nita, sing baku aku ora seneng nek enek wong lanang sing pamer bagus ngajak pacaran Nita”.

        “Lha nggih empun nek ngoten” Murtala wangsulan karo mesem.

        “Nggih empun piye karepmu? Kowe arep nyepelekne aku?” Wong kuwi sansaya sereng, mripate sansaya abang, tangane loro dikepelne kenceng.

        “Lho sampean wau criyos sing baku sampean boten seneng nek enten lare lanang sing pamer bagus ngajak pacaran Nita ta?” wangsulane Murtala ayem wae “lha nggih sampun ta nek ngoten, ajeng pripun malih? Wong niku urusan sampean dhewe, senes urusan kula. Kalih malih teng mriki nggih boten enten sing adol bagus kados sing sampean omongne niku wau”.

        “Aku iki isih sabar lho?” wong kuwi ngadeg karo malangkerik, tangane sing siji nuding marang Murtala “aku ki mung ngelikne kowe becik-becik, gak sah kakehan cangkem mamerne lemese ilatmu. Pokoke wiwit dina iki kowe ora oleh sesambungan maneh karo Nita, nek nganti nekad, padha wae kowe arep wani karo aku. Ngerti?”.

        “Dereng Mas” wangsulane Murtala “kula dereng mudheng kalih kajeng sampean, sing sampean kandhakne ora oleh sesambungan niku pripun?”

        “Pokoke nek nganti kowe wani goncengan karo Nita, utawa metu karo Nita,  apa kowe wani dolan menyang omahe Nita, kuwi padha karo kowe nantang aku. Ngerti?” wong kuwi nggetak Murtala karo tangane nuding pas neng cedhak irung.

        “Aneh…….” Murtala grenengan dhewe, suwarane alon, nanging jebul wong sing lagi nuding - nuding praupane kuwi krungu.

        “Piye?” wong kuwi nggetak sansaya banter “kowe saguh apa ora? Apa kudu ndadak tak wenehi pelajaran, tak gawe bengeb raimu dhisik karo warungmu iki tak orak-arik pisan? Diamput kowe, dikandhani apik-apik isih arep kakehan cangkem…….”.

        “Heeee…. Sapa bengi-bengi bengak-bengok arep gawe kisruh kuwi…….?!?” Durung nganti Murtala aweh wangsulan marang wong sing nggetak karo misuhi dheweke kuwi, dumadakan saka njabane warung keprungu wong nyuwara sing ora kalah bantere. Ora suwe ketok Pak Sugiri teka mlebu warung mlaku marani panggonane Murtala lungguh.

        Tekane Pak Sugiri sing karo nyuwara banter kuwi mau, gawe kagete wong sing ana warung angkringan kabeh, Murtala, Dikin karo wong loro sing jare saka Sentolo mau. Ora keri wong loro sing mau numpak mobil inova ya ketok nek melu kaget.

        “Kowe ta Jrot sing arep ngorak-arik angkringane Murtala mau?” durung padha ilang kagete wis kesusul keprungu suwarane Pak Sugiri ngabah-abahi wong sing misuhi Murtala mau “jane matamu ki wis picak piye? Apa pancen utekmu wis bosok kekehan mbadhog iwak bosok he? Kowe wani nantang Murtala kuwi sing arep mbok ndelne apamu?  Aja maneh kok mung kowe karo Gagak, mbok kowe ngajak gurumu pisan maju bareng, nek bisa ngalahne Murtala mbok tak ombene uyuhmu. Bangsat Goblog !!!” .

        Aneh, beda banget karo pas misuhi Murtala lan pas tantang-tantangan karo Dikin mau, diunek-unekne karo dipisuhi kaya mangkono kuwi mau wong loro kuwi ora semaur apa-apa malah sirahe ndhingkluk, praupane katon pucet. Wong loro sing sangar-sangar kuwi wedi banget bareng ngadhepi Pak Sugiri.

        “Bajingan cengoh” Pak Sugiri ngunek-ngunekne maneh “karepmu apa arep ngisruh neng kene iki he? Apa pancen wis niyat arep nglalu? Wis bosen urip ya?”.

        “Nyuwun pangapunten Pak-e” sing tatonan tangane, wangsulan alon, suwarane kedher “kula boten ngertos, menawi Mas Murtala menika…….”.

        “Wong Tapak Suci Ban Ireng Mawar loro?” Pak Sugiri nigas gunem karo sansaya mencereng “jenengmu Gagak nanging matamu picak, saiki ngakuwa iki mau karepmu dhewe apa kongkonan?”.

        “Kajeng kula piyambak Pak-e” sing mangsuli Gejrot, wong sing mau misuhi Murtala.

        “Plog!!!” diwangsuli ngono kuwi, ora sranta tangane Pak Sugiri kemlawe, pilingane Gejrot ditempiling. Gejrot sempoyongan arep tiba, nanging tangane Pak Sugiri luwih cepet obahe. Rambute Gejrot dijambak karo digeret munggah, dipisuhi :

        “Iblis, wani kowe ngapusi aku” muni ngono kuwi karo kepelane dithungne raine Gejrot.

        “Nyuwun Pangapunten Pak-e” karo ngampet lara Gejrot guneman “kula namung sadremi….”.

        “Dikongkon sapa ? Setan !!!, cepet ngaku selak tak rampalne untumu ……”.

        “Nggih, Pak-e, nggih… Boss Jodi” wangsulane Gejrot.

        “Awas nek nganti ngapusi” karo muni ngono kuwi, Pak Sugiri ngluwari olehe njambak rambute Gejrot.

        “Saestu Pak-e, kula boten ngapusi” wangsulane Gejrot karo pringas-pringis ngempet mumet.

        “Wis gek ndang minggat saka kene” wangsulane Pak Sugiri “awas nek nganti aku weruh kowe isih klayaban neng kene maneh, ora ana pangapura maneh kanggo kowe cah loro”.

        “Nggih Pak-e, matur nuwun” wong loro sing maune ketok sangar kuwi katon dadi mengkeret, karo mlaku isih kober pamitan marang Murtala “mangga Mas Mur, nyuwun pangapunten”.

        “Nggih Mas, ngatos-atos” wangsulane Murtala karo mesem sajak ora tau ana kedadeyan apa-apa .

        Wong loro kuwi banjur klithih-klithih ngalih, marani mobile ora suwe banjur lunga ninggalne papan kono.Mengalor.

        “Aku gawekna kopi Kin, aja legi-legi” prentahe Pak Sugiri marang Dikin karo mapan linggih neng dhingklik sing mau dilungguhi Gejrot karo Gagak.

        Murtala banjur melu lungguh neng cedhake Pak Sugiri, karo guneman :

        “Matur nuwun lho Pak Sugiri, tujune wau Panjenengan rawuh, upami boten kinten-kinten duka kedadosane”.

        “Wong aku mau” wangsulane Pak Sugiri karo ngetokne rokoke saka njero sak, “wiwit sore wis turu, nglilir-nglilir wis jam siji terus ora bisa turu maneh. Timbang melek ijen neng omah, aku banjur mrene, golek kanca omong-omongan karo arep njaluk ngapura nyang kowe dhek esuk aku keturon neng nggone mBahmu Pelang kana, jare kowe mau ya nggoleki mrana?”.

        “Inggih tiyang kula kadhawuhan Ibu ndherekne Dhik Nita madosi panjenengan mrika” wangsulane Murtala .

        “Lha ya” kandhane Pak Sugiri maneh “tekan kene jebul pethuk bregejil-bregejil loro mau, Gejrot karo Gagak mau njaluk dhuwit kowe apa piye? Olehe aba pira?”.

        Murtala ora tumuli wangsulan, arep ngandhakne apa sing dikarepne Gejrot karo Gagak isih tidha-tidha, merga nyangkut jenenge Nita barang. Sauntara jam neng hapene wis nuduhne angka loro luwih loro.

 

Ana candhake

 

Kamis, 16 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (21)


 

21.

        mBarengi anggone Murtala karo Dikin bukak dhasar, udane teka. Ora deres, nanging ora terang-terang, grimis cilik-cilik isih terus tumiba. Ora ana wong sing mara jajan utawa ngopi, mesthine ya padha wedi nek klebus kena banyu udan. Dikin lungguh sendhen neng dhingklik karo ndeloki Hape. Sedhela-sedhela mesem kecut, sedhela-sedhela ketok mrengut. Murtala sing weruh Dikin ngono kuwi mung mesem. Banjur ngetokne Qur’an cilik sing neng ngendi-endi ora tau uwal saka awake, dibukak banjur wiwit nderes kanthi suwara sing mung bisa dirungokne dhewe. Dadi senajan ora ana wong mara, Murtala ya ora pati nggagas, merga ketungkul luru pituduh kanggo sangune urip sarana mipili isine ayat-ayat suci Sabdaning Gusti.

        “Bocah-bocah ki pancen nggregetake kok” dumadakan Dikin alok rada banter, Murtala leren olehe nderes, banjur nyawang marang adhine nak dulur kuwi, nanging ota guneman apa-apa, nganti Dikin nutugne olehe guneman “jan ora padha duwe perasaan, ngerti nek udan ngene malah padha moyoki wong dodolan, ora padha mesakne malah padha ngece”.

        “Kowe kuwi omong apa ta Dhik?” Murtala nutup Qur’ane karo nyauri gunemane Dikin ”dadi wong kok seneng grenengan dhewe, kresah-kresuh kaya maling kuyuhan,*) ngono kuwi ora becik, tak kandhani”.

        “Witikna olehe ora arep nggreneng ki ya piye ta Mas?” Dikin wangsulan karo mesem anyel “ngerti udane ngriwis ngene, lha kok ya ana sing kober omong neng Grup We A : Murtala karo Dikin ora repot iki, bisa leren. Lha kok ya ana sing mangsuli : Iya, Dikin mesthi seneng iki, olehe dolanan hape ora diganggu wong tuku. Banjur ana maneh sing nulis : aja diece, Dikin mengko nek nesu. Bahaya wiii, Dikin ki nek nesu sok ngamuk, dagangane dipangan dhewe, bisa-bisa wetenge mbledhos. Njajal nek ana omongan pating pecothot ngono kuwi apa ora anyel ta Mas? Deloken ta neng Grup ANTESA kuwi lho”.

        “Olehe nulis bocah-bocah kuwi rak ya ana benere ta Dhik?” Murtala wangsulan karo mesem “merga udan, awake dhewe bisa leren, rak ya wis bener ta? Olehmu dolanan Hape rak ya pancen ora ana sing ngganggu ta? Awakmu ya dikandhani, nek nesu aja banjur mangan akeh-akeh nganti ngentekne dagangan bisa mbledhos wetengmu, apa luput? Ora kowe dhewe mbok sapa wae ta, nek olehe mangan kakehan nganti ngentekne sega satermos karo gorengan sak panci kuwi, nek gak mbledhos wetenge rak ya kembung?”.

        “Iya Mas” Dikin melu mesem karo wangsulan “nanging kuwi lho, olehe nganyelne, ngerti nek kancane ora kepayon merga gremis, lha kok padha ngece semu nyokurne”.

        “Kuwi aja mbok tampa nek ngece luwih-luwih nyokurne” Murtala ngandhani adhine “nanging bocah-bocah kae nglipur aku karo kowe, nek mbok arani ngece marahi atimu gela kamangka wong ki nek gampang gela gampang kecandhak lelara utawa gelis tuwa, bisa uga banjur adoh karo kanca, iya apa iya?”.

        “Iya Mas”

        Lagi wae padha omong-omongan, ana sepedha motor mandheg. Sing numpak nganggo jas-hujan rapet. Ora lungguh neng dhingklik sing wis cemawis, nanging mung karo ngadeg wong numpak sepedha motor kuwi aba :

        “Tulung Mas, sampean buntelne sega wolu lawuhe ayam karo kopine ya wolu sampean plastiki wae”.

        “Inggih, pinarak rumiyin Mas” wangsulane Murtala karo aweh sasmita marang Dikin supaya mbuntekne sega, dheweke dhewe tumuli nyepakne plastik karo ngraciki kopi.

        “O ya, tak ngadeg wae, nek lungguh mengko marahi aras-arasen ngadeg maneh he he he” wangsulane wong mau karo ngguyu.

        Bareng karo olehe rampung anggone ngedoli wong sing pesen kuwi, saka lor ana sepedha motor mandheg maneh. Sing numpak wong loro goncengan, padha nggendhong tas ransel. Ora nyopot jas hujane sing modhel clana karo klambi, wong loro kuwi banjur mapan linggih neng dhingklik karo aba kopi, disambung pitakonan :

        “Maeme enten Mas?”

        “Wonten, sekul pecel, lawuhe ayam goreng wonten, tigan nggih wonten” wangsulane Murtala.

        “Nggih, sampean damelne, sing setunggal kalih ayam sing setunggal tigan asin mawon” wangsulane wong kuwi.

        “Menawi dhateng Jagaraga saking mriki tesih tebih nggih Mas?” karo nampani olehe ngladeni Dikin, salah siji saka wong loro kuwi takon.

        “Kantun celak kok Mas” wangsulane Dikin “Jagaragane pundi ta?”.

        “Dhawung Mas”

        “Nek Dhawung nggih sampun celak, watawis sedasa kilo boten wonten”.

        “Matur nuwun, kula mengke tak leren mriki radi sawatawis nggih Mas? Kalih ngentosi ben radi enjing. Tiyang niki wau kula saking Sentolo, Yogya, sepedhahan alon-alonan mawon, wiwit mlebet Kartasura dumugi mriki kejawahen terus”.

        “Oalah nggih, enggih dipun sekecakaken mawon” wangsulane Dikin. Sing banjur noleh menyang ratan, ana mobil mandheg banjur minggir nyedhaki angkringane.

        Murtala ya melu ngingeti mobil sing lagi teka kuwi. Atine rada nggragap, ora pangling mobil kuwi Mobil Kijang Inova sing dhek esuk meh wae nyrempet dheweke. Ya kuwi pas Murtala arep mulih saka panggonane Pak Sugiri.

        Ora suwe saka mobil kuwi mudhun wong loro sing awake kiyeng-kiyeng, umur-umurane kira-kira ya sapantaran nek karo Murtala. Sing siji neng lengen tangane ketok ana tatone. Wong loro kuwi ketok nek serem-serem.

        “Ngersakaken menapa Mas? Ngunjuk menapa Dhahar?” pitakone Dikin sawise wong loro kuwi lungguh neng dhingklik angkringane.

        “Hm….” Salah siji saka wong loro kuwi kaya nggereng olehe aweh wangsulan “aku gak butuh mangan ngombemu, aku mung arep lungguh neng kene, oleh apa ora?”

        “Kon mbayar ya gelem” kancane numpangi rembug.

        “Oh, nggih empun, sekecakaken” wangsulane Dikin karo arep mundur alon-alon.

        “He arep nyang ngendi kowe? Aku lungguh kene mbok kon mbayar apa ora? Ditakoni kok nyepelekne!!!” wong mau takon karo mencerengi Dikin.

        “Badhe mriku, boten-boten mbayar” wangsulane Dikin, atine krasa panas dipencerengi ngono kuwi, upama ora kelingan karo welinge Murtala sing kerep ngandhani dadi wong kuwi kudu akeh sabare, Dikin mesthi males mencereng. Dikin sing uga tau melu latihan lan wis disyahne minangka warga Persaudaraan SH Terate kuwi ora wedi nek mung ngadhepi wong loro kuwi. Nanging pituture Murtala luwih digugu dening Dikin tinimbang karo watak brangasane, mula olehe wangsulan ya lumrah wae.

        “Ya wis” wong kuwi guneman maneh karo suwara sing sangar, sing uga dirungokne dening Murtala “Murtala kae kon mrene!”.

        “Ken mriki? Enten napa?” wangsulane Dikin, senajan suwarane keprungu nek ora seneng nanging panggah basa krama.

        “Kowe ki krungu apa ora? Murtala kae kongkonen mrene!” Dikin digetak karo dipenthelengi.

        “Lha kupingmu ki bisa ngrungokne apa ora? Aku ki takon Mas Mur mbok kon mrene arep mbok kon ngapa?” wangsulane Dikin tatag, tangane loro pisan dikepelne, tekade wis dadi, ora nedya golek mungsuh, nanging yen kapeksa kepethuk ora bakal mingkuh ing pakewuh.

        “Heh, Munyuk elek, kowe arep wani karo aku? Nantang ya?” wong mau ngadeg, Dikin digetak banter.

        Wong loro sing jarene arep menyang Dawung Jagaraga mau, melu kaget ora krasa padha melu ngadeg karo nguwasi papane wong loro sing lagi teka nunggang mobil mau. Murtala ya banjur ngadeg, nyedhaki Dikin sing sajake wis krasa panas getihe.

        “He Plenthus Bangkak, aku ora nantang, Nanging nek tekamu mrene mung arep golek dadakan gendra, gak sah Mas Mur sing ngadhepi raimu, cukup aku wae! Ayo nek wani neng jaba kana sing panggonane rada jembar” wangsulane Dikin karo arep mlaku metu saka angkringan.

        Nanging durung nganti sida jumangkah, pundhake dijawil Murtala sing banjur guneman marang wong sing nunggang Inova mau karo suwara sing sareh nanging tatag katon nek ora ana rasa wedi sethithik-sethithika :

        “Sampun Mas, sampun dilajengne leh ajeng gegeran. Kula mpun mriki, sampean ngersakne napa?”.

Ana candhake.

 

*) Jaman biyen omah durung akeh sing nganggo pondhasi kaya saiki. Nek ana wong sing sedya maling, nek mlebu omah sing akeh nggangsir metu ngisor ris. Banjur mlebu karo mlumah.

Critane tau kedadeyan ana maling arep mlebu omahe wong liwat gangsiran. Ndelalah anake sing duwe omah krasa nguyuh, arep menyang kamar mandhi wedi. Banjur olehe nguyuh neng pinggir gedheg, ora ngerti jebul olehe nguyuh pas panggonan gangsiran maling. Malinge kuyuhan raine, banjur mbalik menjaba karo kresah-kresuh merga kuyuhan, Tembung kuwi banjur dadi pocapan kanggo nyandra wong sing seneng kresah-kresuh (mengeluh).

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...