Total Tayangan Halaman

Selasa, 30 November 2021

GEMBILI ING PAGER SATRU (33)

 

- tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Hajir kelingan keri dheweke diajak dening Make lan Bapak kwalone ziarah kuburane bapake kuwi nalika Hajir munggah kelas telu SD, kuwi wae bubar ziarah ya ora mampir nyang ngendi-endi. Nanging isih apal dalan-dalan sing tumuju menyang desa kelahirane kuwi sing jebul uga dadi desa kelahirane Lasmini Indraswari boca wadon sing wis ngrenggani atine. Mau Lasmini kandha liwat telepon yen murih Hajir ora keblasuk dalan sesuk arep mapag neng cedhak prapatan Pasar Kedunggalar, sadurunge budhal Hajir dijaluk Hajir telepon luwih dhisik, dadi Lasmini bisa ngepasne anggone arep mapag. Hajir ya banjur nggagas sesuk nek arep mangkat olehe telephon ora arep ngongkon mapag nanging arep ngomongi yen dheweke wis apal banget karo dalan sing tumuju menyang Sendhangreja utawa Mogok Kidul Ban.

 

"Sapa Nang asmane wong tuwane kancamu kuwi mau?" Astuti mbaleni pitakone Haryadi sing wiwit mau durung dijawab dening Hajir "nek oleh ngira-ira, apa sing arep mbok dolani kuwi nggone Lasmini sing tau ketemu Ibu pas Ibu tindak Malang kae?".

 

"Leres Ibu" wangsulane Hajir "andilalah Hajir supe dereng nate nangkleti Lasmini sinten asmane Bapakipun".

 

"Ya ora apa-apa" sing wangsulan genti Haryadi "sesuk rak ya malih ngerti dhewe".

 

"Sesuk kuwi acarane rak mung awakmu dolan lumrah wae ta? ngiras arep tepungan karo  Bapak ibune Lasmini? piye upama Ibu karo Bapakmu mbok jak ? Ya ben ngerti sapa sing arep dadi besane kuwi?" Astuti takon maneh marang Hajir.

 

"Ya aja mung Bapak Ibumu kene wae, nek perlu ya Bapak karo Makmu Oro-Oro Ombo dijak pisan, wong mung butuh arep dolan wae kok, sokur mengko bisa mampir ziarah nyang sareyane Bapakmu Pak Taslim karo nggone Ibumu Bu Asih pisan" Haryadi ngimbuhi rembug.

 

"Kula kinten ngoten nggih sae" wangsulane Hajir "tiyang welingipun Lasmini dhateng Hajir, namung ngengken dolan, boten wonten acara sanes. Dados menawi Bapak Ibu kalih Make ndherek tindak mrika nggih namung sadermi dolan kemawon".

 

"Iya, lagi nek wis sajake padha cocoge, ya kana ya kene cocog kabeh, lagi awake dhewe nglamar kanthi acara sing resmi, nut lakuning adat sing wis lumrah" Haryadi nggenahne karepe.

 

"Inggih".

 

Esuke, durung genep jam pitu  Hajir wis nggelak mobile Bapake Klegen, sing ditumpaki Bapak, Ibu karo Make, ninggalne Kutha Madiun tumuju menyang Kedunggalar, Ngawi. Sing ngajak budhal esuk kuwi Astuti, jarene mengko nek tekan Sendhangreja isih kesuken, bisa luwih dhisik njujug kuburan ziarah. Karo mlaku wong papat sing dadi penumpang kuwi ora leren-leren padha omong-omongan, sing uga dirungokne Hajir sing lungguh neng ngarep minangka sopir.

 

"Panjenengan mengko bisa reuni karo tepungan panjenengan sing ana Sendhangreja Mak" kandhane Astuti sing lungguhe manggon neng kursi tengah jejer karo Marti.

 

"Mesthine ya ngono Bu" wangsulane Marti "merga angger dudu wong anyar sing neneka, sing duwe umur, aju undure sak barakan karo aku, wong Sendhangreja kuwi mesthi aku wis tepung kabeh".

 

"Iya Mak, marahi Hajir ki durung ngerti sapa asmane sing arep diparani iki, upama wis ngerti ngono sak jane ya luwih apik maneh" kandhane Astuti numpangi rembuge Marti.

 

"Iya jane" Marti nyambung kandhane "lha nek ora ngerti luwih dhisik ngene iki rak marahi aku dheg-dhegan ta Bu?".

 

"Kok bisa dheg-dhegan ki piye ta Mak? Mandhak mengko ya bakal ngerti sapa jenenge wae lho?"

 

"Embuh Bu, aku kok dadi ora ngerti sing ndadekne atiku tansah dheg-dhegan iki" Marti wangsulan dora marang Astuti.

 

Marti pancen dora, ora merga apa-apa, nanging merga ora kuwasa nyritakne rasa kuwatir sing ana atine. Marti duwe rasa wedi nek nganti wong tuwane bocah wadon sing disir dening anake lanang kuwi wis tepung karo dheweke tenan lan wis nduweni rasa sing  ora seneng karo dheweke nalika Marti isih manggon neng Sendhangreja biyen. Utawa atake sing arep diparani iki ....... Kamdi ? Wong lanang sing wis arep gawe dolanan jiwa lan ragane Marti? Wong sing miturut angen-angene Marti sawise wis manggon neng Klegen dadi rewange Astuti biyen, kira-kira ya Kamdi kuwi sing wis nyebar pitnah sing diulu warasan dening Sihmirah temah Sihmirah tega nundhung Marti lan anake saka omah magersaren sing manggon neng pekarangane Juragan Kadirin. Pangira-irane Marti wektu kuwi, Kamdi rumangsa kagelan atine jalaran cabar anggone duwe kekarepan arep nuruti napsu setane marang Marti, merga konangan wong-wong Sendhangreja liyane.

 

"Ah, muga-muga wae dudu Kamdi" ngono batine Marti sing ora dituduhne sapa-sapa.

 

"Bener dudu dheweke" wangsulane atine Marti dhewe saka sisih liyane "Kamdi kae omahe ora Sendhangreja nanging Pudhak".

 

"Nanging wong kana kuwi kerep wae, ngarani Pudhak ki ya Sendhangreja" batine sing dhisik dhewe mau ngandhani.

 

"Wis nyuwun wae marang Gusti Allah, muga-muga dudu dheweke".

 

Pikiran lan atine Marti sing rame dhewe, ndadekne Marti meneng ora omong apa-apa, malah mripate banjur diremne, awake disendhekne menyang jog mobil. Marti ethok-ethok mapan turu. Astuti sing weruh nek Marti ethok-ethok turu, ngerti nek satemene Marti kuwi lagi nentremne atine sing jare mau disambatne dheg-dhegan.  Astuti ya ora wani ngajak guneman maneh, kuwatir nek Marti sansaya tambah mumet banjur mabok.

 

Tenan tekan Kedunggalar wektune isih rada esuk, jam wolu durung ganep,  Astuti banjur aba marang Hajir supaya mandheg neng dalan cedhak Pasar. Astuti karo Marti banjur mudhun, marani Toko sing ketok gedhe ing cedhak Pasar kono. Mau pas arep budhal, lali nek durung golek oleh-oleh kanggo sing arep diparani. Bareng wis cukup butuhe, Ibu karo Make Hajir kuwi bali munggah menyang Mobil maneh sarta aba supaya Hajir nerusne laku. Wiwit ngliwati dalan sing biyen kulina diliwati, Marti ora kaya mau, nanging banjur nyawang menjaba, embuh apa sing dipikirne ora ana sing weruh.

 

"Bapake Hajir....." dumadakan Marti guneman, karepe ngundang Harun, sisihane.

 

"Iya Make?" Harun karo Haryadi wangsulan bareng.

 

"Anu,  Bapake Hajir Oro-Oro Ombo" Marti ngralat olehe celuk-celuk.

 

Astuti karo Haryadi mesem, Harun sing banjur wangsulan.

 

"Iya piye?"

 

"Niki mengke teng Sareyan riyin ta?" Marti takon.

 

"Iya neh, wong isih esuk ngene kok, lagi Jam pitu luwih patang puluh" wangsulane Harun.

 

"Nggih empun, kalih ajeng matur" Marti guneman maneh "mengke nek mpun dugi nggene Kancane Thole, ujube awakipunpiyambak niki namung dolan lho nggih?".

 

"Iya, lha piye ta?" Harun genti takon.

 

"Kajeng kula niku mengke sampun wonten ingkang ngrembag bab sesambetanipun Thole kalih kancane niku, kajawi winates sambet kekancan kemawon".

 

"Iya Pancen saka omah mau rak wis disetujoni arep omong ngono kuwi ta?" Harun wangsulan.

 

"Inggih, kuwatos kula niku, mengke sing gadhah griya mancing ngajak ngrembag niku, lajeng awakipun piyambak katut purun diajak ngrembag prakawis niku?".

 

"Lha eneng apa ta jane Mak?" Astuti melu urun rembug "iki mesthi ana sambunge karo olehe panjenenengan dheg-dhegan mau iya ta?".

 

"Bener Bu" wangsulane Marti alon "bares wae, aku kuwatir nek kancane Hajir kuwi jebul anake wong sing tau arep gawe cilakaku biyen, utawa isih ana sambung rapete karo wong kuwi".

 

"Oalah, sing jarene isih Kangmase Juragan panjenengan biyen kuwi ta, sapa jenenge kae? aku wis lali lha wong ya wis seprana-seprene suwene kok"

 

"Jenenge Kamdi Bu" wangsulane Marti "nek juraganku asmane Kadirin, sing wedok jenenge Sihmirah, adhine Kamdi. Ya muga-muga wae sing arep diparani iki dudu kuwi".

 

"Ya muga-muga wae ngono Mak" Astuti ngedhem-edhemi atine Marti.

 

 

ana candhake.


GEMBILI ING PAGER SATRU (32)


- tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Wiwit Hajir kuliah lan manggon neng Malang biyen, saben wulan utawa rong sasi sepisan dikulinakne bali menyang Madiun, tilik wong tuwane. Adat sing saben nek tilik omah ngono kuwi njupuk wektu rong dina, tekane njujug Klegen, sawise turu sewengi neng  Klegen anjur wengi kapindho genti turu neng Oro-oro Ombo. Kanthi mangkono wong tuwane ora rumangsa dibedak-bedakne, ya wong tuwane angkat, ya wong tuwane kwalon, uga wong tuwane dhewe.  Nganti Hajir wis nyambut gawe, pakulinan ngono kuwi tansah ajeg dilestarekne. Kaya dina iku, dina Jumuah sore Hajir budhal saka Malang arep tilik omah nyang Madiun, rancangane mengko ya arep njujug Klegen luwih dhisik, lagi Sabtu sorene arep menyang Oro-oro Ombo.

 

Haryadi karo Astuti sing apal nek dina kuwi dina ancerane Hajir tilik omah wis tata-tata arep ngecakne rancangane, kaya sing wis dirembug luwih dhisik karo Harun lan Marti durung suwe iki. Ya iku bab anggone wong papat kuwi wis wiwit kangen kepengin enggal duwe putu.

 

"Hajir ki wis tau rasan-rasan nek arep omah-omah apa durung ta Mak?. Wong sing tak ngerteni ki sak jane ngono, nek pas aku sok dolan nyang pondhokane kae ki, akeh prawan sing padha mara neng pondhokane genti-genti, mosok salah siji ora ana sing nyanthol neng atine?" kira-kira seminggu kepungkur Astuti pas sanja menyang Oro-oro Ombo nakoni Marti.

 

"Durung ki Bu?" wangsulane Marti mbalik takon "lha nek karo Ibu wis tau nyenggol-nyenggol bab kuwi apa durung?"

 

"Padha Mak" wangsulane Astuti "karo aku ya durung tau omong bab kuwi, ndelalah saben-saben Hajir bali ngana kae, aku ki ajeg lali nek arep ngajak rembugan bab kuwi".

 

"Aku ki ya ngono kok" Marti genti gunemen "marahi Hajir ki nek neng omah kene ngana kae, wektune entek dienggo jagongan karo Bapake, gek sing diomong aku akeh sing ora nyandhak, dadi ya banjur tak tinggal ndelok pilem neng Tivi".

 

"Padha wae Mak" Astuti wangsulan maneh "neng Klegen ya ngono, sing akeh ya diskusi karo Bapake, ngrembug babagan politik sing aku ora pati tertarik, dadi ya padha karo panjenengan kerep tak tinggal nonton Tivi. Embuh Mas Har ki tau dijak rembugan anak lanang bab olehe arep omah-omah apa ora?".

 

"Dhek emben kae" Haryadi sing jenenge disenggol dening sisihane semaur "aku kober nakoni anakmu lanang kuwi, nanging olehe mangsuli ya mung sakeplasan ngono wae, intine durung kober mikir bab kuwi, merga cita-citane durung kasembadan. Aku ya banjur ora takon maneh".

 

"Padha kuwi Dhik" Harun sing mau mung nyemak genti melu nrambul gunem "pas aku takon bab kuwi kae, wangsulane putrane sampean ki ya ngono kuwi, bareng terus tak dheseg lagi bocahe omong ngenteni nek S3 wis rampung".

 

"Nek ngono iki wis meh" Haryadi nanggapi rembue Harun "wong ketoke ora nganti tahun iki entek, S3 ne Hajir ki ya wis rampung?".

 

"Ngene wae" dumadakan Astuti nyaut guneman karo praupan sing sumunar seneng "ben Hajir gelem ndang mikir nek dheweke kuwi jane wis umur, suk emben nek bocahe teka langsung tak jake mrene, banjur dikroyok bareng-bareng  supaya enggal gelem mikir golek calon sisihan. Nek ora ngono, aku kuwatir bocah kuwi mengko bali kasengsem karo urusan liyane lali maneh olehe arep golek bojo. Piye nek ngono?".

 

"Kuwi aku mathuk banget Bu" sing dhisik dhewe mangsuli Marti "nek mung aku dhewe sing ngandhani, ora mandi, wong aku kii ajeg kalah bantah nek rembugan perkara kuwi karo putrane panjenengan".

 

Jebul dina kuwi Hajir trekan omah wis rada wengi, merga mau budhal saka Malang ya pancen wis sore. Rencanane Astuti arep ngajak menyang Oro-Oro Ombo wengi malem Sabtu kuwi ora sida kelakon. Nanging Astuti karo Haryadi tetep olehe duwe karep ngajak Hajir ngadhepne Hajir neng sidhange para wong tuwane. Mung wektune wae sing diundur dadi Sabtu esuk. Astuti ya wis ngabari bab kuwi marang Marti lan Harun liwat telepon pas Hajir durung teka mau. Marti karo Harun ya wis nyetujoni apa sing dikandhakne Astuti.

 

"Wadhuh, benjing enjing niku kula badhe medal je Bu" wangsulane Hajir nalika wengi kuwi Astuti ngandhani nek sesuk esuk arep dijak menyang Oro-Oro Ombo "dos pundi menawi benjing dalu mawon? rak nggih padatan nek malem Ahad, Hajir ajeg tilem teng daleme Bapak Oro-Oro Ombo ta?".

 

"Mengko dhisik" Astuti sajak rada cuwa karo wangsulane anake angkat kuwi "awakmu arep metu ki metu menyang ngendi ta? acara sesuk esuk kuwi penting banget".

 

"Kaspundi inggih Bu? kula wau sampun kadhung nyagahi, menawi badhe dolan dhateng griyane kancane Hajir, amargi piyambake criyos menawi tiyang sepuhipun ngersakaken tetepangan kalih Hajir langkung rumiyin".

 

"He?" Astuti wiwit nyandhak, menyang ngendi olehe arep lunga anake angkat kuwi sesuk "kancamu sing arep mbok dolani kuwi bocah wedok? apa pacarmu?"

 

"Inggih Bu" Hajir wangsulan karo ndhingkluk semu rikuh, ketoke ya rada isin.

 

"Oh, ya wis nek ngono, mengko Ibu tak matur Makmu nek sesuk acarane ditundha" cuwa neng atine Astuti malih dadi seneng, banjur takon "lha omahe ngendi ta?".

 

"Ngawi Ibu" wangsulane Hajir "ning manggen ing ndhusunipun, saking Ngawi taksih ngilen watawis gangsal welas kilo, anu Kedunggalar".

 

"Kedunggalar?" sepisan engkas Astuti digawe kaget karo wangsulane Hajir "Kedunggalare ngendi kuwi?".

 

"Sendhangrejo Ibu"

 

Sing kaget saiki ora mung Astuti dhewe, Haryadi sing mau mung lungguh neng kursi karo meneng ngrungokne, dadi ketularan kaget.

 

"Mengko dhisik Nang" ora sranta Haryadi melu nrambul omong "awakmu ki wis ngerti Sendhangreja ki ngendi apa durung ?".

 

"Dereng Bapak" Hajir wangsulan blaka "criyosipun peken Kedunggalar mangetan".

 

"Oalaah, Nang... nang, pancen sing bangeten ki ya Bapak karo Makmu Oro-oro Ombo kok" dumadakan tembunge Haryadi kaya ora ana sambung rapete karo sing lagi wae diomong.

 

"Lho kok kesangeten niku dos pundi ta Bapak?" Hajir bingung.

 

"Iya, upama Bapak lan Makmu Oro-Oro Ombo kuwi nek pas ziarah neng pasareyane Bapakmu Pak Taslim, karo neng pasareyane Ibumu, Bu Asih, kuwi awakmu diajak, awakmu mesthi wis ngerti Sendhangreja ki ngendi".

 

"Lha kok makaten Bapak? murugaken, menawi ngepasi Bapak kalih Make ziarah, ajeg nyarengi Hajir boten wonten griya".

 

"Ya kuwi sing marahi" kandhane Haryadi karo ngguyu "tak kandhani ya? Kuburan ngge nyarekne Bapakmu, Pak Taslim karo Ibumu, Bu Asih kae ngono jenenge kuburan Sendhangreja, lha sing arep mbok parani sesuk kuwi ya desa sacedhake kuburan kae. Bapak rak wis bola-bali crita ta? nek cilikane Bapak ki biyen neng Kedunggalar, dadi nek mung Sendhangreja wae Bapak iki wis apal, luwih-luwih Makmu. Makmu kae asline ya Sendhangreja kana, dadi mbok menawa wae Makmu wis ngerti sapa wong tuwane kancamu sing omahe arep mbok parani kuwi. Asmane sapa ta?".

 

Saiki sing kaget malah ngalih menyang Hajir, apa sing lagi wae dikandhakne dening Bapake angkat kuwi babarpisan durung dingerteni sadurunge. Hajir ya banjur ngerti yen jenenge desa sing biyen dienggoni wiwit dheweke lahir nganti tekan kelas siji SD kae jenenge Sendhangreja, merga jaman semana ngertine desa kana kae jenenge Mogok Kidul Ban. Eman banget Hajir durung kober takon asmane wong tuwane Lasmini Indraswari, Mahasiwane sing wis dadi talining branta ing jero atine. Upama wis ngerti asmane, mbok menawa wae Hajir bakal weruh luwih dhisik sapa kuwi sing arep dadi mara tuwane. Hajir suwe olehe meneng, nggagas lelakon sing dumadakan krasa aneh miturut pangrasane.

 

 

ana candhake.

Senin, 29 November 2021

GEMBILI ING PAGER SATRU (31)

 

– tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna –

Terus ginelak lakune crita, sore kuwi Lasmini lagi neng Sendhangreja, kaya padatan pendhak sesasi pisan mesthi bali tilik omah. Nanging baline Lasmini dina iki nggawa crita sing gawe mareme wong tuwane sakloron, Kadirin karo Sihmirah. Awan mau Lasmini wis rampung olehe nglakoni Pendadaran, lulus kanthi biji A. Bisa katut diwisudha dadi Sarjana, sawise llulus S1 suk sasi ngarep. Kaya padatan Lasmini ngethupyuk olehe crita marang wong tuwane sing ora pati mudheng ing babagan perkuliahan, nek olehe wis kasil ngrampungne kuliahe kuwi wis ngliwati perjuangan sing ora entheng. Lan Lasmini banget olehe matur nuwun marang wong tuwane sing wis nyengkuyung olehe kuliah nganti klakon bisa dadi sarjana iki.

“Ngene lho nDhuk” tembunge Kadirin nanggapi critane anake wedok “Bapak karo Ibu iki mung bisa melu ngrasakne seneng lan marem dene kowe wis lulus. Nanging ing sela-selane rasa senenge Bapak karo Ibu iki ana sing ngganjel neng jerone ati. Ya kuwi, kowe kuwi wis gedhe, umurmu ya wis cukup, wis wayahe kowe kuwi diwengku wong lanang, mulane wiwit saiki kowe aja mung mikir olehe arep nambahi kapinteran wae, bukaken atimu kanggo nampa katresnane wong lanang sing mbesuke dadi bojomu”.

“Niku ta Bapak?” Lasmini wangsulan entheng “niku gampil Bapak, napa Bapak malah sampun kagungan calon kangge kula? Sinten Bapak? Nek pancen tiyange pinter ngluwihi kula, kula nggih purun kok?”

“Kowe kuwi kok mesthi nganggo syarat sing pintere kudu sadhuwurmu ta nDhuk?” Sihmirah nyauti pitakone anake “sing baku ki Bapakmu milihne calon kanggo kowe ki mesthi dipilih sing bibit, bobot lan bebete satimbang karo kowe, ora sah ndadak nganggo sarat ngono kuwi”.

“Ngene lho Buk” Lasmini mangsuli panyaruwene ibune “Las ki wong wedok, lan wong wedok kuwi kudu bisa dipimpin sing lanang, lha nek sing arep mimpin Las kuwi wong sing ora pinter, mengko rumah tanggane Las ya ora bisa mlaku becik, merga dipimpin wong bodho kuwi ora ana kepenake blas Buk”.

“Jane ngono nDhuk…….” Kadirin guneman maneh kanggo misah omongane Lasmini karo ibune, merga nek ora ndang dipisah, wong loro kuwi mengko bisa eyel-eyelan sing ora ana enteke.

“Nggih pripun Bapak?” Lasmini bali ngrungokne tembunge bapake.

“Sing teka mrene nemoni Bapak ki ya wis akeh” Kadirin nutugne olehe guneman “ana Polisi, ana Tentara, ana Guru, ana Pengusaha, kabeh-kabeh padha ditawakne Bapak kanggo dijodhokne karo awakmu, nanging gandheng Bapak ki ngerti nek dhek emben ki olehmu sekolah durung rampung, mula kanthi pawadan kuwi Bapak durung bisa aweh wangsulan apa-apa marang sing padha mrene kuwi. Lha saiki sarehne ora suwe maneh kowe wis diwisudha, bapak arep njaluk wektumu arep tak kon milih ing antarane sing padha ditawakne Bapak kuwi, endi sing mungguhmu cocog lan bisa dadi jodhomu. Piye?”.

Oleh tembung sing kaya mangkono kuwi sakala Lasmini meneng, sing dingendikakne bapake kuwi genah nek dudu rembug sepele, dudu rembug guyonan, nanging keneng diarani wis jeneng rembug tuwa. Lasmini banjur kelingan dhosen sing wis ndudut atine dadi kepranan, yaiku Pak Hajir. Mula Lasmini banjur duwe gagasan kudu ngaturake perkara Pak hajir iki marang wong tuwane, merga nek ora selak kedhisikan wong tuwane nepungne sing jarene wis padha teka nemoni bapake kuwi.

“Ngeten nggih Bapak, kalih Ibuk” sawuse meneng rada suwe Lasmini wiwit guneman.

“Iya piye?” Kadirin serius wangsulane.

“Sak jane ngoten, Las nggih sampun gadhah pilihan, nanging dereng Las aturne dhateng Bapak kalih Ibuk, Las nggih dereng yakin napa bapak kalih Ibu mangke cocog kalihan ingkang dados pilihan kula niki napa boten” wangsulane Lasmini keprungu sajak ngati-ati.

“Ya Ibu karo Bapak kudu ngerti dhisik ta nDhuk” sadurunge Kadirin nanggapi, luwih dhisik Sihmirah sing aweh wangsulan “sing dadi pilihanmu kuwi jenenge sapa? nyambut gawene apa? umure pira? omahe ngendi? wong tuwane nyambut gawene apa? kabeh Ibu karo Bapak kudu ngerti luwih dhisik”.

Lasmini mesem. tembunge ibune kuwi keprungu ngandhut kekuwatiran nek nganti dheweke salah anggone milih.

“Nggih, Buk” wangsulane Lasmini sabanjure “namine Hajir, kula nek ngaturi Pak Hajir awit niku dhosen kula”.

“Sapa?  Hajir?” Sihmirah nugel rembuge anake “lagi jenenge wae kok sajak ora pati kepenak diucapne ngono neh?”.

“Mengko dhisik ta Bu” Kadirin nyendhu sisihane “Las ben rampung dhisik olehe omong”.

Muni ngono kuwi Kadirin karo kelingan marang Hajir bocah yatim sing tau dipupu nanging ora suwe merga kudu lunga ngetutne Make sing ditundhung dening Sihmirah. Iya Hajir sing dtresnani, sing tau didhakoni tegal sameter sadawane pager satru ing mburi omah sing nganti saiki tandurane panggah diopeni, yaiku jejeran wit gembili. Kadirin iya eling biyen tau kandha marang Hajir, yen tegal sing ditanduri Gembili kuwi wis dadi duweke Hajir nanging mbesuk nek Hajir wis gedhe asile kudu diedum karo adhine, ya Lasmini kuwi. Pikirane Kadirin malih nglambrang, Hajir sing wiwit lunga durung keprungu kabare kae, saiki ana ngendi? mesthine wis gedhe? nyambut gawe apa? Make saiki piye?isih urip apa wis ora ana?.

“Ya wis, ndang ditutugne dhisik olehmu guneman” tembunge Sihmirah sing ditujokne anake wedok, ndadekne buyar lamunane Kadirin.

“Iya nDhuk sabanjure kepiye?” kandhane Kadirin numpangi rembuge sisihane.

“Inggih” wangsulane Lasmini nutugne olehe matur “nyambut damele nggih PNS Dhosen teng Kampuse Las, yuswane antawis pitung tahunan sanginggile Las, griyanipun Klegen, Madiun, ibunipun guru SD asmane Bu Astuti, bapakipun Pak Haryadi Guru SMA”.

“Agamane apa?” Kadirin takon maneh, merga Kadirin ngerti nek nikah beda agama kuwi urusane rada ruwet lan Kadirin wegah karo sing ruwet-ruwet ngono kuwi.

“Agamine nggih sami kaliyan awakipun piyambak” wangsulane Lasmini karo mesem “malah ketingale sampun sami tindak Haji sedaya, sewulan kapengker nyarengi liburan lare sekolah nika nggih tindak Umroh”.

Krungu wangsulane Lasmini sing taharik-tharik ngono kuwi, neng angen-angene Sihmirah wis kegambar yen pilihane Lasmini kuwi wis pas banget, ketok nek saka kulawarga sing terhormat, sugih lan duwe pangkat. Ya kaya ngono kuwi besan sing dadi idham-idhamane Sihmirah.

“Lha nek Pak Hajir kuwi wis Haji apa durung?” Kadirin takon maneh.

“Sampun Bapak, sareng kaliyan tiyang sepuhipun” wangsulane Lasmini.

Angen-angene Sihmirah mundhak sansaya mendhuwur, mengko nek klakon duwe mantu wis Haji, dheweke bakal sansaya mundhak kajen, mesthi para ibu-ibu anggota yasinan bakal padha luwih ngajeni marang dheweke.

“Tak kira sing dadi pilihanmu kuwi wis pas banget nDhuk” kandhane Sihmirah sing banjur ngandhani sisihane “wis Pakmu, wong-wong sing padha mrene kae ndang padha dikabari nek jebul Las wis duwe pilihan dhewe ngono”.

“Iya” Kadirin mangsuli kandhane sisihane, banjur ditutugne omong marang anake wedok “nanging mengko dhisik nDhuk”.

“Inggih pripun Bapak?” Lasmini takon.

“Ora kok Bapak jeneng ora ngandel karo wangsulanmu kuwi mau, nanging upama bapak kepengin kepethuk luwih dhisik karo Pak Hajir kuwi ngono kira-kira bisa apa ora?”.

“Saged Bapak” wangsulane Lasmini seneng “niki rak dinten Jumuah malem Sabtu, malah kinten-kinten Pak Hajir nembe kundur dhateng Madiun, mengke kula telpune kersane benjing napa mbenjinge tindak mriki. Pripun?”.

“Ngono ya apik” wangsulane Kadirin karo mesem melu seneng “nanging aturana supaya dolan wae, dadi durung perlu ngajak Bapak Ibune, mbesuk wae nek pancen wis ginaris dadi jodhomu, ben bapak ibune rawuh mrene nglamar awakmu”.

“Inggih Bapak” wangsulane Lasmini.

Olehe jagongangan wis rampung. Bengi kuwi ing omahe Juragan Kadirin kebak impen sing endah, impene wong saomah.

ana candhake.

GEMBILI ING PAGER SATRU (30)

 

– tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna –

Nek Hajir saiki wis nyambut gawe karo nyambi terus ngudi nambah kapinterane sarana kuliah neng tataran sing luwih dhuwur, ora akeh kaceke karo sing dialami dening Lasmini Indraswari anake Juragan Kadirin. Lasmi saiki wis gedhe, anak tunggal saka pasangan Kadirin karo Sihmirah kuwi, sanajan urip neng desa nanging wiwit kelas siji SMP wis sregep melu les-les lan bimbingan belajar, mula ya memper wae yen wekasane ya tuwuh dadi bocah sing pinter, sekolahe lancar saka SMP banjur nutugne menyang SMA lan uga banjur kuliyah.  Dhasare anak wong sing cukup, dadi Lasmi ya ora tau sambat kekurangan apa-apa sajrone urip misah karo wong tuwane, merga kost neng kutha panggonan kuliahe.  Lasmi pranyata marisi sipat-sipate wong tuwane, mligine ing babagan katresnan. Prawan ayu sing wis meh lulus S1 kuwi ora kaya prawan sapantarane sing wis padha duwe sir-siran utawa pacar, merga Lasmi kuwi kaya Ibune sing duwe cita-cita nek mbesuk bisa duwe mantu, aja nganti duwe mantu anake wong sing kaduwekane manggon ing sangisore, samono uga ing babagan kawibawane, lha nek Lasmini duwe tekad ora gelem pacaran karo bocah lanang sing kalah pinter karo dheweke. Dadi nek digathukne antarane pepenginane Sihmirah karo pepenginane Lasmini kuwi dudutane sapa sing ngarah kepengin dadi sisihane Lasmini kudu pinter, sugih lan duwe pangkat utawa drajat sing terhormat.

“Anakmu wedok kuwi apa-apa sarwa luwih lho Pakne” kandhane Sihmirah sawijining dina nalika Juragan Kadirin omong nek anake wis gedhe lan wis wayahe mikir nggolekne jodho “dhasare ya ayu, pinter lan ora tau ngrasakne kekurangan apa-apa, dadi saupama panjenengan nggolekne jodho si Las, ya kudu didelok bibit, bobot, bebete luwih dhisik”.

“Nek kuwi aku ya wis mikir, Ibune” wangsulane Kadirin “arepa kaya apa aku ya ora gelem nek duwe mantu sing ora tanggung jawab. nDelalah anakmu wedok kuwi ya wis luwih mudheng, Lasmini tau omong nek nganti saiki ya durung duwe sir-siran kaya kanca-kancane, merga Lasmini emoh pacaran karo bocah lanang sing kapinterane kalah karo dheweke”.

“Pinter thok durung cukup Pakmu” Sihmirah guneman maneh “nek mung pinter wae kira-kira ya akeh, nanging ya kudu duwe rupa sing keneng disuguhne dhayoh dadi nek kepethuk sedulur-sedulur ki gak ngisin-isini, saiki iki akeh lho Pakmu, wong pinter nanging ora mbudaya, nyandhang nganggo mung sak-sake, ora duwe apa-apa sing keneng dituduhne nyang wong liya, uripe mung pas-pasan malah keneng diarani ora gableg apa-apa, ngono kuwi saiki ya akeh. Arep dirabi wong pinter nek uripe mung pas-pasan, nyambut gawene mung sakecandhake, keluwarga saka wong tuwane ya mung dadi timun wungkuk jaga imbuh ora duwe kawibawan, ya malah sengsara uripe. Mula nek aku, Lasmi mbesuk kudu duwe bojo sing bagus, pinter, pangkat, sugih lan kajen kineringan”.

“Ya, awake dhewe sing jejer dadi wong tuwa sing akeh olehe ndedonga lan nyuwun marang Sing Kuwasa, muga-muga Lasmi oleh jodho kaya sing mbok kandhakne kuwi mau” Kadirin sing ora gelem engkel-engkelan karo bojone, aweh wangsulan karo ukara sing ayem “ya karo ngenteni rampung kuliyahe, sapa ngerti pas bar diwisudha dadi Sarjana, anakmu kepethuk jodhone kaya sing mbok kandhane mau”.

“Ya muga-muga wae Pakmu” kandhane Sihmirah sabanjure “merga aku ya kuwatir, nek dituruti ngono Las ki bar S1 njur njaluk sekolah maneh nyang S2, bar kuwi nyang S3, lha nek sing dipikir mung olehe arep sekolah wae, kapan awake dhewe bisa enggal duwe putu?”.

Kadirin mung mesem krungu tembunge sing wedok ngono kuwi, merga menang-meneng Kadirin ki ya sok meri karo kanca-kancane sik sak umuran karo dheweke, nek wayah kepethuk ana pajagongan ngana kae, meh kabeh padha mamerne putune dhewe-dhewe. Merga rata-rata anake kanca-kancane Kadirin kuwi nek wis lulus SMA utawa SMK banjur budhal golek gaweyan menyang kutha, let setahun endhang bali nyang omah karo ngajak bocah lanang sing banjur dadi bojone. Lha anake Kadirin dhewe sing duwe rupa ayu lan duwe kapinteran sing luwih tinimbang kanca-kancane, iki kuliah neng Malang wis meh limang tahun ya durung rampung, jarene lagi tahun iki kira-kira bisa diwisudha. Mula Kadirin ya nggagas muga-muga bar diwisudha mengko, Lasmini enggal oleha jodho. Kadirin uga kerep diencoki rasa kuwatir, kaya sing mau bar dikandhakne Sihmirah. Ya kuwi nguwatirake yen merga kebacut  kasengsem kepengin luwih pinter maneh, Lasmini banjur mung mikir olehe arep kuliah wae, banjur ora mikir olehe arep golek jodho.

Juragan Kadirin karo Sihmirah sing nduweni rasa kuwatir ngono kuwi pancen keneng diarani lumrah, merga pendhak-pendhak sesasi pisan Lasmini bali tilik omah, sing diomong ora ana liya kajaba olehe kuliah. Dadi sing dingerteni Kadirin apa dene Sihmirah, sing ana angen-angene anake wedok sing ayu kuwi ya mung olehe kuliyah lan terus arep kuliyah. Kadirin lan Sihmirah ora ngerti, nek anake wedok kuwi kajaba mikir olehe kuliah wektu iki uga lagi arep nyambung taline katresnan karo wong lanang sing miturut Lasmini cocog banget nek bisa dadi jodhone. Sawijining Dosen sing isih legan, umur-umurane ora pati adoh karo umure Lasmini, prestasine sapirang-pirang, ora mung mulang neng Perguruan Tinggi siji, nanging akeh sing mbutuhake tenaga lan pikirane, kerep ngisi ceramah, seminar, diskusi ilmiah, work shop lan sapanunggalane neng kutha-kutha sing sumebar sa Indonesia lan wektu iki wis meh rampung olehe nempuh S3 ne.

Sesambungan antarane Lasmini karo wong lanang kuwi cukup raket, ing sambikalane longgar ora arang Dosen sing uga Mahasiswa S3 kuwi dolan menyang kost-kosane Lasmini, samono uga Lasmini uga kerep mara neng pondhokane wong lanang kuwi merga ana sambung rapete karo olehe kuliyah. Lasmini uga tau kepethuk lan tepungan karo Bapak lan Ibune Dhosen kuwi, anuju wong tuwane wong lanang sing wis gawe atine Lasmini kepencut kuwi sanja niliki anake lanang.

“Ya ditepungne wae mBak Lasmini, asmane Ibu, Astuti mung Guru SD nek Bapake kuwi ya mung trima Guru SMA neng kutha cilik Madiun kana” kandhane Bu Astuti nalika kepethuk Lasmini pas Lasmini sanja ing pondhokane Hajir, dhosene “Lha mBak Lasmi iki asline ngendi? saka Malang kene wae apa saka Kutha liya?”.

“Inggih Ibu, kula matur nuwun sanget saged tetepangan kaliyan Ibu lan Bapak” wangsulane Lasmini wektu kuwi “menawi tiyang sepuh kula inggih saking Dhusun kok Bu, anu saking Kedunggalar, Ngawi”.

“Kedunggalar?” Bu Astuti takon sajak rada kaget “Bapake Hajir kuwi, jaman cilikane ya tau neng Kedunggalar lho ?!? . mBak Lasmini Kedunggalare ngendi? nek Bapake kae jare biyen kulon Pasar, kidul stasiun. Ibu karo Bapak ki ya kerep nyang Kedunggalar, ziarah menyang kuburan kulawargane Bapak”.

“Inggih ta Bu?” Lasmini genti sing rada kaget “ziarah dhateng pasareyan pundi niku Bu? menawi griyanipun tiyang sepuh kula niku wonten ing Sendhangrejo”.

“Sendhangreja?” Pak Haryadi sing mau mung meneng karo ngrungokne genti sing kaget “kuburane wong tuwane karo mBakyune Bapak ki ya neng Sendhangreja lho?!?”.

“Lho, ngendikanipun Ibu wau dalemipun Bapak rumiyin kidul Stasiun, kilen peken? kok ziarahipun dhateng Sendhangreja?” Lasmini takon semu gumun setengah ora percaya, merga adate wong-wong kulon pasar Kedunggalar ki nek ninggal olehe ngubur nek gak menyang Makam Ngarengan ya neng Kuburan Kerchof Lor Stasiun.

“mBahku biyen tau manggon neng Sendhangreja, banjur seda lan disarekne neng kana lah wong tuwaku karo sedulurku olehe nyarekne awor karo pasareyane mBahku neng makam Sendhangrejo pinggir ratan wetan lapangan kae” Haryadi nggenahne wangsulane mau marang Lasmini sing banjur manthuk-manthuk tandha yen lagi ngerti.

ana candhake.

GEMBILI ING PAGER SATRU (29)

 

– tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna –

Marti sansaya ndomblong, merga pancen ora dhong, karo karepe bendarane sing jare arep nggawa anake menyang Pengadilan Negeri kuwi. Lha nek kudu kelangan anak, Marti genah nek wegah. Wong arepa piye-piye olehe direwangi urip ngrekasa kuwi ya mung merga anak kok, lha kok dumadakan Astuti arep ngrampas Hajir saka tangane, mesthi wae Marti ya ora bakal iklas. Malah mau sak jane Marti ya arep wangsulan gelem diarepne Harun nanging syarate nek Harun nggelemi Marti, Harun ya kudu bisa nggelemi Hajir minangka anake. Nanging Marti ora enggal semaur, isih ngenteni tembunge bendarane maneh, mbok menawa olehe ngomong Haryadi kuwi mau kleru.

“Karepku ki ngene lho Make Hajir” tenan, sawise dienteni Astuti banjur guneman “aku pancen duwe niyat arep ngadopsi Hajir dadi anakku, nanging aja sampean tegesi nek aku arep ngrampas Hajir saka tangan sampean, kuwi ora. Ya kaya sing wis mlaku sasuwene iki, Hajir duwe Bapak, duwe Ibu ya duwe Mak. Lha mengko nek sampean kersa dadi garwane Mas Harun, Hajir ben keri ana kene nanging sampean kapan wae kepengin ketemu Hajir ya bisa wae. Bares wae Make Hajir ya? aku karo Mas Har ki dening Gusti Allah ora dikeparengaken duwe anak dhewe, mula aku kepengin bisa ngragadi Hajir nganti bisa sekolah sing sakdhuwur-dhuwure lan mbesuk nek aku karo Mas Har wis padha tuwa, anaa sing tak ngengeri genti. Lha mengko nek sampean wis klakon dadi karo Mas Harun, kajaba Hajir duwe Bapak Mas Har, ya duwe Bapak Mas Harun. Piye nek ngono?”.

Marti lagi mudheng karo sing dikarepne bendarane.

“Nggih Buk-e” wangsulane Marti alon “menawi makaten kula namung ndherek”.

“nDherek piye Mak?” Haryadi takon.

“Nggih ndherek, manut kersane Bapak kalih Buk-e” wangsulane Marti.

“Gelem tenan tak jodhokne karo Mas Harun?” Haryadi takon karo mesem, suwarane keprungu lucu.

“Nggih”

“Nek ngono sesuk tak ndang nyang Kalurahan, ngurusi layang-layang sing kanggo ijabane. Merga sampean kuwi neng Kartu Keluarga dadi anggota keluwargaku, padha wae sing arep mantu kuwi mengko aku” kandhane Haryadi sabannjure.

“Nggih”

“Nek ngono saiki aku genti sing njaluk sampean njabel basane marang aku Make Hajir” Astuti numpangi rembuge Haryadi.

“Njabel basa pripun Buk-e?” Marti takon.

“Nek wis dadi karo Mas Harun, sampean ki ya banjur dadi mBakyuku, aku karo Mas Har kuwi adhike sampean, dadi nek nyeluk aku ya aja banjur Buk-e ngono kuwi, nek nyeluk Mas Har ya aja Bapak. Mosok karo adhine kok olehe nyeluk Buk-e rak ora bener? Karo maneh ya ora lucu nek karo adhine basa, malah adhine sing ora basa. Ya apa ora?” kandhane Astuti maneh.

“Nggih, olehe boten basa benjing mawon nek mpun siyos dados semahe Pak Harun” wangsulane Marti “lha kula ngaturi Buk-e niku kajeng kula rak mbasakne Hajir, Buk-e niku Ibuke Hajir, nek Bapak nggih Bapake Hajir, ngaten lho Buk-e”.

Sidane ora nganti sesasi saka olehe rembugan kuwi, wis klakon Harun dadi manten oleh Marti. Olehe ijaban neng omahe Haryadi, waline wali hakim merga Marti wis ora duwe wong tuwa lan ora duwe kulawarga sing wenang dadi waline.  Bubar ijab Marti ya banjur diboyong Harun menyang Oro-oro Ombo, ngenggoni omahe Harun. Sanajan biyen-biyene wong loro kuwi wis tau nglakoni omah-omah, malah Marti wis duwe anak siji, nanging pranyata wong loro kuwi kudu mbaleni maneh sinau carane omah-omah sing bener. Kanthi tlaten Harun mulang bojone supaya bisa nglungguhake awake minangka sisihane Kepala SMP, lan Marti sing dhasare ya gathekan dadi ya ora kangelan njumbuhake dhiri ambyur ing jagad sing anyar, jagad sing beda adoh karo jagad sing tau dileboni sadurunge. Ora nganti telung sasi, Marti sing biyen wis beda karo Marti sing saiki, ya tatakramane, ya anggone ngedi busana apa dene ngadi salira. Marti wis malih dadi Bu Kepala Sekolah sing ayu, anggun lan wibawa, ramah sarta kemraket karo kanca-kancane Harun lan sisihane dhewe-dhewe. Babar pisan ora ana tabed sing katon yen Marti kuwi biyen suwe olehe urip dadi rewang utawa pembantu. Kosok baline, Harun bareng duwe bojo maneh, uripe dadi luwih tumata merga ya ana sing migatekake. Harun ketok dadi luwih nom lan luwih seger, olehe nyambut gawe ya dadi luwih produktip.

Sauntara kuwi, Hajir ya wis klakon oleh pengakuan lan dadi anake Haryadi lan Astuti. sanadyan ta mangkono, kaya sing wis dikandhakne Astuti dhek emben, Hajir panggah duwe wong tuwa sing rangkep. Bapake loro, Harun karo Haryadi, Ibune siji lan Make ya panggah siji. Akeh sing ngandhani supaya Hajir yen ngundang Make kuwi diganti nganggo sebutan Ibu, nanging Marti ora setuju. Marti duwe panemu yen kanthi tetep ngundang Make, Hajir ora bakal lali karo asal-usule lan ora gampang nglalekne sumbere. Merga jarene lali sumber kuwi katiwasan.

“Boten ateges kula niki ngremehaken drajatipun Mas Harun” wangsulane Marti nalika Harun ngandhani supaya ngganti sebutan olehe mbasakne Hajir marang dheweke saka Make dadi Ibuke “nanging, sebutan Make niku saged kula damel cepengan murih kula boten supe, menawi kula punika tiyang dhusun ingkang nampi kanugrahan sinengkakaken dados garwa Panjenengan lan Hajir punika badhea kados punapa inggih namung lare saking dhusun ingkang boten pantes kumalungkung, ngendel-endelaken dumeh sampun dados putranipun Pak Harun. Dados sepisan malih, sebatan Make punika tetep kula kukuhi murih boten lali, jalaran criyose Ki Anom Suroto nika : Lali sumber katiwasan”.

“Ya wis yen ngono, ya muga-muga wae ing mbesuk Hajir ki dadia wong sing pinter tur sukses, bisa migunani marang awake dhewe, marang kabeh wong tuwane lan marang kabeh umate Gusti Allah” wangsulane Harun.

“Aamiin” Marti ngamini.

Hajir nyata bocah sing ora mrucut saka embanan luput saka kudangan, sekolahe lancar lan ajeg saben tahun mesthi oleh pangaji-aji saka sekolahane merga ajeg nek pinter dhewe, bijine adoh sak dhuwure kanca-kancane. Wiwit SD, SMP nganti lulus SMA ajeg ora tau owah. Kajaba saka iku, ya merga oleh tuntunan saka Bapak Ibune Angkat lan Bapake Kuwalon sing luwih pana ing babagan pendidikan, ndadekne Hajir bocah sing tuwuh dadi bocah sing ora mung pinter wae, nanging uga komplit. Lire Hajir dadi bocah sing ora duwe watak kumalungkung, adigang, adigung lan adiguna. Grapyak semanak marang sak pantarane, ngajeni marang sing luwih tuwa tinimbang dheweke. Duwe watak temen, taberi, sregep lan enthengan, dhemen mbantu lan ngrewangi sapa wae sing lagi nandhang karepotan. Ngibadahe uga sregep, prihatine gedhe, piwulang saka Make sing nadyan mung wong ndesa, yen manungsa kuwi ora duwe apa-apa kajaba yen lagi katitipan lan kasampiran dening Gusti Allah, tansah dumeling ing angen-angene Hajir.

Ora krasa lakune si wektu, Hajir wis lulus olehe kuliah neng Malang, karo wong tuwane angkat lan wong tuwane kuwalon, Hajir diprayogakne nutugne maneh olehe Kuliah neng tataran sing luwih dhuwur maneh. Lan gandheng Hajir kuwi sugih prestasi, dening Kampuse Hajir digeret supaya melu nggedhekne kampuse sarana melu dadi Dhosen neng kono. Mesthi wae Hajir lan wong tuwane uga padha seneng. Kanthi mangkono, Hajir dadi sansaya cetha yen bisa mujudne pepenginane para wong tuwane, yaiku dadi manungsa sing migunani tumrap awake dhewe lan wong-wong liyane.

ana candhake.

GEMBILI ING PAGER SATRU (28)

 

– tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna –

Haryadi ditutne Hajir mlebu omah, Hajir nyalami Make karo Ibune banjur pamitan arep sinau menyang kamare luwih dhisik. Haryadi mapan lungguh njejeri bojone, ngadhep kopi sing wis cemawis ing ngarepe. Kulawargane Haryadi kuwi duwe padatan sing beda karo lumrahe kulawarga liyane, yaiku ing babagan dhahar dalu. Kulawarga iki ora ana istilah makan malam, sing ana sorean utawa mangan sore, olehe padha mangan sore sadurunge srengenge surup, kajaba yen ngepasi nindakne pasa. Lha nek wis bar maghrib pancen kala-kala ya ngombe kopi, nanging ora saben dina.

“Make Hajir wis sampean kandhani ta Dhik?” Haryadi langsung nakoni sisihane.

“Uwis Mas, nanging lagi sethithik kok” wangsulane Astuti karo nglirik sing lanang “panjenengan wae mengko sing nggenahne, ya?”

Marti ngadeg, kelingan nek neng ngarepe Haryadi durung dicepaki asbak kanggo cecegan rokok.

“Sampean arep menyang ngendi Make Hajir?” Astuti gageyan takon “olehku omong durung rampung kok wis arep ngalih lho?!?”.

“Boten kok Buk-e” wangsulane Marti “niku lho badhe mendhetaken Asbak,kagem Bapak”

“He he he ora usah Make” Haryadi nyauti kandhane Marti “wiwit esuk mau aku wis ora ngrokok kok, nuruti sarane Ibune Hajir, jare ben gak diterokne anake”.

Karo omong ngono kuwi, Haryadi ngetokne permen cilik-cilik saka sake sing diwadhahi cepuk. Marti ora sida ngadeg, bali mapan lungguh maneh, ngenteni apa sing arep dikandhakne bendarane.

“Tekan ngendi mau Make Hajir?” Astuti mbaleni olehe omong karo nakoni Marti tekan ngendi olehe omong mau.

“Dugi Pak Harun criyos dhateng Buk-e kaliyan Bapak” wangsulane Marti.

“Iya, iya ….” Astuti nutugne critane “Lha Mas Har kuwi jane wis bola-bali ngandhani Mas Harun supaya enggal golek sisihan maneh sawise ditinggal mBak Asih, nanging Mas Harun ora pati nggatek. Bareng Mas Harun crita nek mentas kepethuk karo wong sing jarene wis randha duwe anak siji sing pawakan lan praupane persis karo mBak Asih, dening Mas Har Mas Harun dikandhani maneh, mbok menawa pancen Gusti Allah ngersakne paring jodho maneh marang Mas Harun sing wujude sampean kuwi”.

“Lhah, Bapak ki ya saged mawon lho? napa nggih pantes menawi kula dijodhokne kalih Pak Harun? enten-enten mawon Bapak niki?” Marti gageyan nyaut critane Astuti .

“Mengko dhisik ta” Haryadi genti sing kandha karo ngguyu “olehku matur Mas Harun kuwi, sadurunge aku ketemu sampean lho Mak? dadi kuwi klebu omongan sing ora sabaene. Wong nyatane Mas Harun sajake nuju prana karo aturku kuwi mau”.

“Nuju prana pripun Bapak?” Marti takon.

“Tegese ki Mas Harun ya mathuk, nanging ya lumrah nek kandha karo aku arep nyelidiki dhisik jati diri sampean” wangsulane Haryadi karo disusul nyruput kopine sing wis ora pati panas kuwi.

“Mulane banjur ana kedadeyan Pak Marsana dolan menyang omahe Pak Kadirin kaya sing tak omong mau, wis mudheng ta?” Astuti numpangi rembuge sisihane.

“Oalaah, tiwas waune kula kober ajrih, dheg-dhegan pas dicriyosi tiyang-tiyang nek teng wandene Yu Sendrong enten Tentara sing tangklet-tangklet perkawis kula, anake sinten, tiyang sepuh kula rumiyin dados napa, asal-usule saking pundi lan criyose taksih kathah malih….” kandhane Marti bareng krungu olehe nggenahne Bendarane perkara tekane Pak Marsana neng omahe Juragan Kadirin.

“Dadi wektu kuwi sampean ngerti nek diseloidhiki ngono Mak?” Haryadi takon karo ngguyu.

“Enggih” wangsulane Marti “lha tiyang-tiyang sami criyos nek kula dicurigai turune tiyang sing mengsahi negara. Nanging Juragan Dirin wekdal niku nggih ngandhani supados kula boten sah kuwatos, mbok menawi pancen wonten tiyang sing ndelalah namine sami nami kula ingkang pantes diawasi telik sandine nagari, dados kula nggih aman-aman mawon, ngoten criyose Juragan Dirin nalika samanten”.

“Lha, bareng Pak Marsana wis aweh laporan komplit” Astuti nutugne kandha “Mas Harun banjur ngajak Mas Har karo aku arep nemoni sampean, ben aku karo Mas Har weruh dhewe wong sing jarene mirip karo mBak Asih garwane Mas Harun ya mBakyune Mas Har sing wis suwe seda. Ngendikane Mas Harun, nek mathuk Mas Harun arep nyoba nakokne sampean “.

“Banjur ana kedadeyan awake dhewe ketemu neng kuburan kae” Haryadi ngimbuhi katrangane Astuti.

“Wis, tekan kene genti aku arep takon” Astuti guneman maneh nadane luwih serius “sampean banjur kepriye?”.

“Kepriye, pripun ta Buk-e?” Marti takon mbodhoni. Sak jane Marti ya wis nyandhak karo sing ditakokne bendarane kuwi, lan Marti sajake ya seneng banget upama klakon bisa dadi sisihane Harun. Merga wis rada suwe Marti bisa maca lagak lagon lan lageyane Harun, sing kerep sanja menyang omahe sedulure ipe kuwi. Marti ya weruh lan krasa nek Harun kuwi uga duwe kawigaten sing gedhe marang Hajir, anake lanang.

“Kok pripun ta?” Haryadi genti sing guneman “wingi kuwi aku karo Ibune Hajir ditimbali Mas Harun, dijak rembugan perkara iki. Gandheng Mak-e iki neng kene mlebu dadi anggota keluwargaku, Mas Harun njur nembung nyang aku karo Ibune Hajir. Aku karo ibune Hajir wis mathuk banget, saiki kari Mak-e, kersa apa ora upama diarepne karo Mas Harun?”.

Nganti rada suwe Marti ora bisa guneman, mung luhe wae sing deres mili saka pojoking mripate, dleweran nelesi pipine sing weweg nggemesake kuwi. Marti banjur kelingan kabeh lelakon sing ditemoni sajroning uripe. Luwih-luwih lelakon sing wis kedadeyan sawuse Taslim tinggal donya, Marti wis ping telu ditakokne arep dipek dening wong lanang, nanging kabeh durung bisa ditampa dening Marti. Ora perkara bandha lan rupa, nanging wektu kuwi Marti isih mikirake dina ngarep tumrap Hajir anak tinggalane sawargi Taslim. Merga wong telu sing nakokne dheweke kuwi, miturut panemune Marti ketoke mung gelem karo awake dhewe lan durung karuwan gelem kanthi tulus dadi bapakne Hajir. Wong telu kuwi sing siji dhudha sing anake wis loro, nanging loro-lorone digawa tilas bojone, banjur sing loro jaka kabeh, lan umure rada adoh ing sangisore. Wektu kuwi pancen Hajir wis dipupu dening Juragan Kadirin, nanging ing dhasaring atine Marti kandha yen durung karuwan Hajir arep dadi anake Juragan Kadirin kanggo selawase, arepa kaya apa Hajir panggah dadi tanggung jawabe. Marti uga kelingan, apa sing wis ditindakne Kamdi marang dheweke sing wis meh nyurung Marti nyemplung ing juranging kanisthan lan kasangsaran, jalaran Marti ya ngrumangsani duwe karingkihan, dheweke kuwi manungsa lumrah sing uga mbutuhake senggolan-senggolan mligi saka wong lanang, sasuwene iki Marti katon ora mbutuhne kuwi merga ora cecaketan karo wong lanang, nanging nek nganti ana wong lanang sing nekad nyedhaki dheweke, kaya sing wis ditindakne Kamdi dhek emben kae, tan wurunga Marti bakal gampang kena srimpunganing godha. Mula bareng saiki Marti krungu nek diarepake dening Harun, sing Marti ngerti dhewe wonge alus, dhasare ya duwe rupa bagus, sopan lan duwe kawigaten gedhe marang dheweke lan anake, lan ya merga saka kabecikane Harun, Marti bisa tekan Klegen kene, sawise ditundhung minggat dening Juragane sing olehe nundhung ora cetha apa sing dadi sebabe, Marti rumangsa kejugrugan kanugrahan saka Gusti Allah sing gumrujug saka langit.

“Nanging ya kuwi Make Hajir” sawuse suwe ora diwangsuli Haryadi kandha maneh “Ibune Hajir olehe mathuk lan nyarujuki kersane Mas Harun ya nganggo syarat”.

“Punapa punika Bapak?” ora sadar pitakon iki mencolot saka lambene Marti.

“Syarate Make disuwun iklasing penggalihe, secara resmi nglilani Hajir diadopsi dadi anakku ya anake Ibune Hajir lan digolekne kekuwatan hukum neng Pengadilan Negeri” wangsulane Haryadi.

Marti mlenggong, durung dhong. nDomblong.

ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...