Total Tayangan Halaman

Minggu, 30 Januari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (066)

 

 

66.

Sakehing mripat tumuju marang Sandak sing saiki wis sedheku marikelu ing ngarepe Ki Gedhe Pelanggolan. Wong-wong sapendhapa kuwi padha ora ngerti apa karepe Sandak sing katon yen ana sing arep dikandhakne marang Ki Gedhe Pelanggolan. Ki pelanggolan dhewe bareng weruh yen Sandak lungguh ndheprok sedheku ing ngarepe, uga tumuli nakoni apa sing arep dikandhakne parga sing didumuk supaya Nglurahi Padhukuhan nggenteni palungguhane  Ki Gedhe Pelanggolan.

"Ki Sandak, ana apa? Sliramu arep ngandhakne apa?" pitakone Ki Gedhe Pelanggolan sareh.

 

"Nyuwun pangapunten Ki Gedhe" Sandak wangsulan ngati-ati "boten ateges kula boten pitados kalih kawicaksananipun Ki Gedhe, nanging kapeksa ing babagan amiji sinten ingkang kedah kalenggahaken dados Lurah ing padhukuhan menika kula nggadhahi panginten bilih pandumukipun Ki Gedhe mleset".

 

Bareng Sandak wangsulan kaya ngono kuwi, wong sapendhapa banjur cep klakep meneng kabeh, jroning batin wong-wong kuwi wis ngarani nek Sandak wis kuwanen, wani maido marang Ki Gedhe sing selawase iki ora ana siji-sijia wong sing wani beda ing panemu. Ora merga Ki Gedhe sing geleme mung menang dhewe, nanging kabeh panemune Ki Gedhe ajeg yen bakal nguwohne kabecikan tumrap wong sapadhukuhan kono. Mula karo dheg-dhegan wong-wong kuwi padha meneng kepengin ngrungokne apa sing dadi wangsulane Ki Gedhe marang Sandak.

 

"Mleset sing kepiye Ki Sandak?" Ki Gedhe Pelanggolan takon maneh marang Sandak.

 

"Inggih jalaran Ki Gedhe sampun amiji kula murih nyulihi Ki Gedhe nglurahi Padhukuhan ing Pelanggolan mriki menika" wangsulane Sandak "kula menika namung dhapur Sapukawat angesuhi para sinoman ingkang jejibahanipun mbantu para Ki Gedhe saha para Bebau murih para sinoman sami nggadhahi raos tanggel jawab dhateng Padhukuhanipun menika. Kamangka taksih kathah para Bebau ingkang langkung sepuh lan langkung pana ing reh paprentahan ing Padhukuhan menika, menawi Ki Gedhe amiji salah satunggal saking Bebau ingkang wonten, menika kula kinten sampun pas, nanging sareng Ki Gedhe ndumuk kula, menika ingkang kula wastani kirang pas utawi mleset".

 

"Ki Sandak" Ki Gedhe Pelanggolan karo mesem amba aweh wangsulan "wiwit sliramu kapilih dadi lelurahing para sinoman, kabeh solah bawa lan kawicaksananmu tansah tak ulati lan miturut pambijiku apa sing sira tindakne kabeh wis trep lan laras karo kahanane Padhukuhan kene. Kang angka loro, sliramu kuwi muridku sing durung tau gawe kuciwaning atiku sajrone sliramu nindakne kabeh piwulang saka aku. Dadi aran wis pas lan babar pisan yen aku banjur aweh kaparcayan marang sliramu supaya nutugne jejibahanku nglurahi Padhukuhan Pelanggolan iki. Iki prentah saka aku minangka gurumu, apa kira-kira sliramu arep nyelaki kuwajibane murid sing diprentahne dening gurune?".

 

"Sewu nyadhong deduka Ki Gedhe" Sandak wangsulan suwarane kedher nuduhne yen atine rumangsa wedi "boten pisan-pisan kula badhe wani nyulayani dhawuhipun Ki Gedhe. Namung kemawon saestu kula ajrih menawi ing wingkingipun mangke kula boten saged nindakaken jejibahan minangka lurah menika kanthi leres lan damel kasangsaranipun sedaya warga ing Padhukuhan menika".

 

"Aja kesusu ndhisikne karingkihanmu Sandak" Ki Gedhe nutugne olehe aweh wangsulan "ing Padhukuhan iki akeh para Bebau lan Sapukawating padhukuhan sing uga akeh kawruhe ing babagan reh parentahing padhukuhan, mula saupama ing tembe sliramu ana tandha-tandha arep nibakne kawicaksanan sing ora becik, para Bebau lan para sapukawating Padhukuhan mesthi bakal aweh pemut marang sliramu".

 

Ki Pelanggolan banjur kandha marang wong-wong sing ana pendhapa kabeh :

"Piye para sedulur kabeh? nDika kabeh tak jaluk ora negakne Ki Sandak nggone ngayahi kuwajibane minangka Lurah ing padhukuhan kene. nDika padha saguh kabeh apa ora? Sapa sing ora saguh?".

 

"Inggih ki Gedhe sedaya dhawuhipun Ki Gedhe badhe kula pundhi, kula boten badhe negakaken Ki Lurah salebeting nindakaken jejibahanipun" Bebau Garem sing tuwa dhewe kuwi semaur, banjur genti takon marang sing ana pendhapa kabeh "iki aku makili wangsulan ndika kabeh marang Ki Gedhe lho sedulur? Mathuk apa ora?".

 

"Nggiiiiiiiiiih......... mathuk niku Ki Garem" wong sapendhapa wangsulan bareng.

 

"Sabanjure" Ki Gedhe Pelanggolan nutugne anggone guneman "sepisan maneh tak kandhakne sawise aku madeg paguron ing Jatigrowong, aku ora pisan-pisan duwe karep bali madeg nyekel panguwasa ing padhukuhan Pelanggolan kene. Nanging, aku uga ora bakal negakne padhukuhan asile nggonku mangarsani babad iki. Dadi saupama ana bebaya saka jabaning padhukuhan utawa ana kisruh lakuning paprentahan, aku karo Paman Lasma mesthi ora mung meneng wae, mesthi bakal melu udhu panemu lan cawe-cawe. Mula aku meling yen ana kedadeyan sing mbebayani tumrap Padhukuhan kene, Ki Lurah Sandak utawa Bebau lan Sapukawating Padhukuhan aja padha pekewuh aweh kabar marang aku ing Jatigrowong. Mung wae, aku mung bisa nampa lan nemoni sapa wae ing Jatigrowong  sajroning wektu sawuse mletheking srengenge nganti suruping surya".

 

Sawuse kabeh welinge Ki Tanparupa sing ana sambung rapete karo warga Padhukuhan Pelanggolan dikandhakne, Ki Gedhe Pelanggolan banjur pamitan bali menyang Jatigrowong nutugne nandangi jejibahan liyane.

 

Watara sepasar sawuse Ki Gedhe Pelanggolan netepne Ki Sandak dadi Lurah ing Pelanggolan kanthi tambahan jeneng Purwa Taruna sing tegese Lurah Kapisan sing isih nom. Ing Jatigrwong ketekanan para nom-noman sing nedya puruita ngangsu kawruh marang Ki Gedhe Pelanggolan. Ora mung nom-noman saka Padhukuhan kono wae sing padha teka, nanging uga akeh nom-noman sing asale saka padhukuhan sing adoh saka kono. Ki Pelanggolan sing wis nggadhuh peranganing aji Mayasamun peparinge gurune yaiku Ki Markidin utawa Ki Sima Abang utawa Ki Sima Rekta, wis ngerti yen nom-noman sing ngakune saka padhukuhan sajabane padhukuhan pelanggolan kuwi sing akeh nom-noman sing asale saka para bocah Ambar-Angin, yaiku pranakane manungsa setengah Jim, utawa siluman. Beda karo Ki Lasma sing dhasare pancen merga walat wis suwe anggone dadi bangsa Prayangan, Ki Lasma luwih dhisik ngerti yen sing teka maguru ing paguron Jatigrowong kuwi, akeh anake bangsa prayangan sing banjur omah-omah karo bangsa jim. Miturut panyawang batine Ki Gedhe Pelanggolan apa dene Ki Lasma, para pranakan lan anak putune prayangan sing omah-omah karo bangsa Jim kuwi racak klebu jinising titah sing ora nasar. Malah ora sethithik sing anggone puruita ing papan kono merga kepengin bisa nggayuh kanugrahan murih bisa bali dadi wujud manungsa lumrah maneh, persis kaya lekase Ki Lasma.

 

mBuh wis pirang tahun lawase Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma mapan dadi guru ing Paguron Jatigrowong kono. Siswa-siswane akeh sing wis padha tuwa lan bali menyang padhukuhane dhewe-dhewe, banjur diganti siswa anyar sing lagi teka. Mangkono kuwi wis kopang-kaping kedadeyan, semono uga kahanan kang ana ing Padhukuhan Pelanggolan, Lurah Sandak Purwa Taruna wis digenteni anake sing jeneng Purwa Taruna Kapindho, merga Sandak wis tinggal donya. Purwa Taruna kapindho uga wis ditutugne anake, banjur anake wis ditutugne anake maneh. Embuh wis pira Lurah ing pelanggolan digenteni anake lanang.

 

Ora mung kuwi wae owah-owahan sing ana, Padhukuhan sing biyen mung cilik saiki wis mundhak dadi jembar, mekar ngiwa lan lan nengen, malah wis mlangkahi bengawan barang. Bebau sing dadi pangarsane dhukuh sansaya akeh, jalaran saben dhukuh mesthi ana bebaune siji. Mung siji loro dhukuh cilik sing banjur nyawiji melu dhukuh sandhinge. Panguripane para warga ing kono sansaya luwih makmur, semono uga panguripane sing dadi Lurah lan para Bebau lan para Sapukawating Kalurahan. Kang mangkono kuwi, ndadekne wong padha kepengin lungguh dadi Bebau, sing wiwit jaman Lurah Sandak Purwa Taruna biyen, yen ana Bebau sing tinggal donya, mangka sing dadi gantine salah sijining warga sing gelem dipilih dening warga liyane dadi Bebau.  Malah maune Ki Lurah Sandak Purwa Taruna duwe karep yen sing gumanti lurah sawuse dheweke lereh, becike uga dipilih kanthi adil dening para warga sapadhukuhan kabeh, nanging niyate Ki Lurah Sandak kang mangkono mau nalika disuwunake tetimbangan marang para Bebau, ora oleh pasarujukan. Malah nalika wong-wong kuwi padha njaluk rerigen marang Ki Gedhe Pelanggolan, jebul Ki Gedhe pelanggolan uga ora nyarujuki karepe Ki Lurah Sandak Purwa Taruna. Dadi sing wenang gumanti lurah sawuse lurahe tinggal donya ya anak lanange lurah sing tinggal donya kuwi.

 

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (065)

 


65.

Tekane Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma bali neng pedhukuhan ndadekne senenge para warga padhukuhan kabeh, mligine para bebau lan para sapukawate padhukuhan. Jalaran sabudhale Ki Gedhe sing pamit arep menyang Jatigrowong banjur nganti pirang-pirang dina ora bali, wis ndadekne bingung lan sedhih sing campur dadi siji tumrap wong-wong kuwi. Malah saking bingung lan sedhihe kerep wae antarane para bebau lan para sapukawat dadi meh kerengan. Jalaran ana sing takon apa kira-kira Ki Gedhe lan Ki Lasma wis ilang mlebu wetenge macan gembong sing mbaureksa Jatigrowong apa piye? yen ora mengkono mesthine Ki Gedhe lan Ki Lasma rak ya wis kundur maneh menyang padhukuhane. Pitakon kang mangkono kuwi, ndadekne seriking atine wong liyane, banjur nganggep yen pitakon kaya mangkono kuwi padha wae karo ngalup murih Ki Gedhe lan Ki Lasma dadi mangsane Macan gembong sing saiki wis ora ana ngaton maneh kuwi. Banjur saka pitakonan lan panganggep sing kebangeten kuwi nuwuhake padu rame, sing tenane ora bisa madhangake kahanan malah kepara nambahi kisruhing padhukuhan.

 

Mula bareng saka Kalurahan keprungu suwara Kenthongan sing ditabuh nganggo irama Daramuluk, ya iku tengara yen Ki Gedhe Pelanggolan ngersakne para Bebau lan para Sapukawat padha teka ing pendhapa kalurahan, ora mung Bebau lan Sapukawat wae sing padha kaget kaworan seneng banjur ora sranta padha mlayu mara menyang Kalurahan, nanging uga para warga liyane padha melu mara.

 

"Para sedulur kabeh" Ki Pelanggolan miwiti guneman sawuse para Bebau lan para sapukawating padhukuhan lan para warga padha mlumpuk, mapan lungguh ing pendhapa siaga nampani warta "awit saka pamuji ndika kabeh, aku wis tekan Jatigrowong lan wis kepethuk karo Macan Gembong sing dhek wingenane kae kluyuran ing padhukuhane dhewe".

 

Krungu kandhane Ki Gedhe Pelanggolan mangkono kuwi, para Bebau lan Sapukawat sarta para warga Padhukuhan, padha nyedhot ambegan lega. Kanthi olehe Ki Gedhe lan Ki Lasma wis kasil ketemu karo Macan Gembong sing sajak nyalawadi kuwi, ateges wis bisa ditemokne cara sing becik kanggo nyikepi Macan Gembong kuwi.

 

"Lha salajengipun kados pundi Ki Gedhe?" Bebau Gulon sing dhek wingenane kae ngusulake lan ngajak para warga caos dhahar marang Macan gembong sing dianggep sesinglone Dewa saka Kahyangan kuwi banjur takon.

 

"Jebul Macan Gembong kae dudu wujud sesinglone Dewa kaya sing dikira kae, nanging ya mung Macan lumrah sing wis oleh kanugrahaning Allah, temah duwe kaluwihan tinimbang macan-macan liyane" Ki Pelanggolan aweh katrangan sing wujude dora sembada murih ora gawe bingunge para Bebau, para Sapukawat lan para Warganing Padhukuhan "ya awit wis oleh kanugrahaning Allah kuwi Macan Gembong kae banjur weruh yen ing tembe mbesuke Padhukuhane dhewe iki bakal dadi Padhukuhan sing gedhe lan reja. Mung emane, kanggo tumeka maujuding Padhukuhan Pelanggolan sing gedhe, makmur lan reja kuwi, kudu ngliwati pacoban sing gedhe. Yen nganti awake dhewe kabeh ora kuwat nampani gedhening coba, mangka padhukuhane dhewe iki ya ora bakal klakon dadi padhukuhan sing gedhe makmur lan reja kaya sing tak omongne neng ngarep mau".

 

"Pacoban ingkang badhe dugi menika wujudipun menapa Ki Gedhe?" Bebau Garem, bebau sing tuwa dhewe takon marang Ki Gedhe Pelanggolan.

 

"Lha kuwi sing aku durung ngerti" wangsulane Ki Pelanggolan ngati-ati "nanging Macan Gembong kae wis aweh weruh marang aku cara-carane mbudidaya murih ing tembene samangsa-mangsa pacoban kuwi nekani padhukuhane dhewe iki bisa ngadhepi kanthi becik temah bisa lulus lan bisa ndadekne pacoban kuwi marga kanggo nggayuh kabecikane padhukuhan iki".

 

"Sokur menawi makaten ki Gedhe" Bebau Gulon nanggapi wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan "saestu kula lan para kadang Bebau miwah para Sapukawating Padhukuhan badhe kanthi sukaning manah badhe nindakaken cara-cara murih saged lulus aking pacoban menika".

 

"Leres Ki Gedhe..... Leres Ki Gedhe....." wong-wong sapendhapa padha saur manuk mbenerake apa sing dikandhakne Bebau ing Gulon.

 

"Iya pancen ya kudu mangkono" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan karo mesem lega "yen para Bebau lan para Sapukawat lan warga Pelanggolan wiwit saiki ora nyawiji dadi siji saguh nindakne cara kanggo ngadhepi pacoban sing bakal teka kuwi, ya ora bakal klakon padhukuhane dhewe dadi padhukuhan sing reja lan makmur".

 

"Inggih Ki Gedhe" Bebau Garem matur maneh "samangke keparenga Ki Gedhe paring dhawuh, menapa ingkang kedah katindakaken para Bebau, para Sapukawat miwh para warga padhukuhan menika?".

 

"Iya" Ki Gedhe Pelanggolan banjur wiwit arep aweh prentah "saiki ndika kabeh padha ngrungokna apa sing bakal tak kandhakne".

 

Kahanan ing pendhapa dadi sepi nyenyet, ora ana sing guneman siji-sijia. Kabeh padha meneng ngrungokne apa sing arep dikandhakne dening Ki Gedhe Pelanggolan.

 

"Kang kapisan" sawuse kahanan sepi sauntara Ki Gedhe Pelanggolan banjur wiwit guneman "salah siji saka Bebau utawa Sapukawating Padhukuhan kudu ana sing gelem nyulihi kalungguhan lan kuwajibanku, nglurahi padhukuhan sing jeneng Pelanggolan kene iki, jalaran aku karo Paman Lasma kudu ninggalne padhukuhan kene".

 

"Kok ngaten Ki Gedhe?" Bebau Gulon nyelani takon "Ki Gedhe lan Ki Lasma badhe jengkar saking mriki lajeng badhe tindak pundi malih?".

 

"Mengko dhisik ta Ki Bau" Ki Gedhe Pelanggolan aweh wangsulan, karo rada nyendhu pitakone Bebau Gulon sing ngono kuwi "tembungku iki durung rampung, ndika aja kesusu nyelani dhisik".

 

"Inggih nyuwun pangapunten Ki Gedhe" Bebau Gulon wangsulan karo ndhingkluk atine semu rada kisinan.

 

"Lungaku karo Paman Lasma kuwi ya salah siji wujud pambudidaya murih awake dhewe bisa lulus ngadhepi pacoban sing bakal teka iku" Ki Gedhe nutugne anggone arep aweh prentah "dadi aja padha duwe panganggep yen aku karo Ki Lasma iki arep tinggal glanggang colong playu".

 

"Inggih Ki Gedhe" Bebau Gulon wangsulan "kula pitados ing bab menika".

 

"Iya" Ki Gedhe Pelanggolan nutugne olehe guneman "Lungaku karo Ki Lasma ora adoh saka kene, ya kuwi aku karo Paman Lasma arep mapan ing Jatigrowong, ya iku tilas palerenane Macan Gembong sing saiki wis lunga adoh saka papan kene. Neng kana aku karo Paman Lasma bakal nindakne laku tapa kaya sing diwelingne dening Macan gembong sadurunge lunga wingenane. Aku karo Ki Lasma uga adeg Paguron Ngelmu Kanuragan lan ngelmu liyane ing Jatigrowong kana. Mula tak jaluk ndika kabeh padha nyengkuyung adege Paguron kuwi, para nom-noman ing padhukuhan kene sing kepengin ing tembe bisa dadi betenging padhukuhan padha ndika kandhani supaya padha ngangsu kawruh ing paguron Jatigrowong".

 

"Inggih Ki Gedhe dhawuhipun Ki Gedhe badhe kula estokaken" Bebau Garem wangsulan marang Ki Gedhe pelanggolan, ditutugne nari para sing padha ana kono kabeh "rak ya ngono ta Ca?"

 

"Nggiiiiiiiiih" kaya bata rubuh saka linggan, wong sapendhapa semaur bareng.

 

"Sabanjure " Ki Pelanggolan nutugne kandha "saiki sapa mitirut panemu ndika kabeh sing cocog madeg dadi Lurah, nyulihi aku, mangarsani padhukuhan ?"

 

Kahanan bali sepi, ora ana sing padha wangsulan, nganti rada suwe kabeh padha meneng. Wong-wong kuwi bener-bener ora ngerti sapa sing kudu didumuk supaya dadi sesulihe Ki Gedhe Pelanggolan.

 

"Nuwun sewu Ki Gedhe" Ki Lasma sing wiwit mau mung meneng karo lungguh tumungkul ing sisihe Ki Gedhe Pelanggolan dumadakan guneman rada banter temah wong sapendhapa padha melu krungu.

 

"Iya piye Paman?" Ki Gedhe Pelanggolan genti takon.

 

"Sangertiku, Ki Gedhe iki wis asring paring piwulang marang para Bebau lan para Sapukawating Padhukuhan ing reh lakuning parentah, dadi kena diarani ing kene Ki Gedhe wis kagungan murid. Kepiye upama Ki Gedhe miji salah sijining muride Ki Gedhe supaya nglurahi padhukuhan kene ngono wae? Jalaran tak sawang para sedulur sing padha teka iki padha kewuhan olehe arep ndumuk sapa sing kudu didegne dadi Lurah sajengkare Ki Gedhe saka kene" Ki Lasma aweh pamrayoga, banjur nyawang sing padha ana ing pendhapa karo takon "Upama ngono kepiye dulur-dulur?".

 

"Inggih, mathuk sanget niku Ki....." wong sapendhapa padha pating cruwet saur manuk aweh wangsulan sing isine sarujuk karo sing dikandhakne Ki Lasma.

 

"Bener ngono para sedulur?" Ki Gedhe sepisan maneh nari para Bebau lan para Sapukawating Padhukuhan.

 

"Inggih Ki Gedhe" wong sapendhapa wangsulan bareng.

 

"Yen pancen mangkono, padha ndika rungokne wiwit dina iki sing dadi pangarsaning Padhukuhane dhewe iki, yaiku ........ Sandak . Dadi wiwit dina iki Sandak kudu padha disengkuyung anggone nindakne kuwajibane minangka Lurah ing Pelanggolan kene".

 

Wong sapendhapa padha keplok campur surak rame nyaguhi apa sing dadi putusane Ki Gedhe Pelanggolan.

 

"Nyuwun pangapunten Ki Gedhe........" bareng olehe padha surak lan keplok suwuk, Sandak, nom-noman sing piniji dadi Lurah kuwi mlaju ndhodhok nyedhaki Ki Gedhe Pelanggolan.

 

 

ana candhake.

 

 


Jumat, 28 Januari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (064)

 


64.

Kanthi lon-lonan aku nyaketi pasareyan ya kuburane Guru Kyai Bantarjati, banjur ndheprok karo ndedonga marang Allah supaya Guru bisa lepasa parane temah katampa sowane ing alam kaswargan kang langgeng.  Sawise rampung aku ndedongan marang Allah, aku banjur duwe niyat arep ngreksa lan ngupakara pasareyane Guru, kaya jaman Guru isih sugeng, aku sing kadhawuhan ngreksa lan ngupakara dalem paleremane, saiki sawuse guru sumare ing pakuburan mangka tak kira aku ora kleru yen genti rumeksa lan ngupakara pasareyane Guru iki. Nanging luwih prayogane tak kira ora ana alane yen aku nyuwun idi pangestu marang Ki Tanparupa sing uga durung jengkar ninggalne papan kono kuwi.

 

"Markidin" dumadakan Ki Tanparupa nimbali aku karo nyedhak  lan mundhut pirsa, sing sajake Ki Tanparupa wis uninga karo sing ana jerone atiku "apa sira duwe niyat arep manggon ing sacakete pasareyane Gurumu Kyai Bantarjati iki?".

 

"Mila leres ingkang ndika dhawuhaken menika Ki" wangsulanku blaka apa anane "nanging kula inggih nyuwun pitedah murih saenipun lampah saking sedya kula menika".

 

"Yen sira kepengin ngreksa pasareyane Kyai Bantarjati kuwi uga ora ana alane" dhawuhe Ki Tanparupa sabanjure "waton anggonmu ngreksa ora kacampuran kapitayan manembah marang pasareyan. Jalaran pasareyan kuwi mung papan kanggo nyeleh ragane Gurumu lan ragane Gurumu kuwi ya wis ora duwe daya lan kekuwatan apa-apa. Dadi luput gedhe yen sira nganti gedhene duwe panyuwun marang pasareyan cilike ngalab barokahe Kuburan. Dene nggonku mrayogakne sira mapan ing kene lan ngreksa pasareyan kuwi tujuwanku mung siji ya iku murih sira tansah eling karo apa sing tau diwulangake dening Kyai Bantarjati duk nalika sugenge marang sira. Ngiras pantes kanggo papan pangrantu tumrapmu".

 

"Papan pangrantu kados pundi Ki?" aku nyuwun pirsa.

 

"mBesuk ruwatmu kuwi lantaran muridmu sing bakal nggoleki sira. Lha kanggo ngrantu tekane muridmu, sira bisa mapan ing sacakete pasareyan iki, watara satus jangkah mangulon saka papan kene ana wit Jati growong sing kena sira anggo palereman. Mapana ana kono nganti sira ditekani muridmu sing bakal nutugne panandhangmu, muridmu bakal salin wujud dadi kaya wujudmu sing saiki lan sira bakal bali wujud manungsa maneh. Lan luware muridmu sawuse dadi macan gembong kuwi ngenteni tekane muridku cacah loro sing bakal liwat papan kene" Ki Tanparupa banjur paring dhawuh maneh.

 

"Inggih Ki, dhawuh ndika Ki Tanparupa badhe kula lampahi" wangsulanku.

 

"Sadurunge aku nutugne laku, kanggo sangumu aku bakal paring aji marang sira sing sinebut Aji Mayasamun, dene gunane aji iki, lamun sira watak sira bakal nampa kanugrahan bisa ngambah pira-pira saka peranganing alam sipatullah, kaya dene alam pangimpen, alaming para jim, alaming para brekasakan, alaming prayangan lan isih akeh maneh. Aji iki uga bisa sira gunakne kanggo singidan murih sira ora keganggu dening manungsa sing saba ing papan kene lan manungsa sing bebadra ing sacedhake papan kene ora keganggu awit sumurup wewujudanmu kaya sing saiki iki".

 

"Ngaturaken genging panuwun Ki Tanparupa" aku rumangsa nampa kanugrajan sing gedhe banget lumantar saka peparinge Ki Tanparupa sing jarene wujud aji Mayasamun.

 

Ki Tanparupa banjur dhawuh marang aku supaya meneng karo nata ambegan lan nyawijekne rasa lan cipta kanggo nampa aji Mayasamun. Bebasan ora nganti sapanginang suwene, aji maya samun wis manjing marang jiwa lan ragaku.

 

"Markidin, tak kira wis cukup anggonku leren ing papan kene, saiki aku arep nerusne laku maneh. mBesuk yen keris sing biyen mancep ana ragamu nalika sira arep maguru marang Kyai Bantarjati biyen dumadakan ceblok ing ngarepmu, kuwi sing dadi pratandha lamun murid sing lagi ngupadi sira wis wayahe ketemu karo sira. Sira kena ngatonake wewujudanmu marang wong-wong sing mapan lan bebadra gawe padhukuhan ora adoh saka papan kene iki. Lan mbesuk yen sira wis pulih bali wujud manungsa maneh, sira lumawata menyang puncake Gunung Lawu, mbok menawa ing kana sira bakal kepethuk Guru sing bisa nuntun sira murih manggih kasampurnaning urip" bubar maringne aji Mayasamun marang aku Ki Tanparupa isih paring paweling marang aku sing unine mangkono kuwi. Bubar iku tanpa tak ngerteni parane Ki Tanparupa wis ilang saka panduluku.

 

"Mangkono kuwi critane lelakon sing tak alami sawise aku ninggalne Parangabang nganti tekan dina iki" Ki Sima Abang sing saiki wis ganti asma dadi ki Markidin mungkasi critane.

 

"Dados anggen kula saged wangsul dados manungsa malih menawi sampun kepanggih siswanipun Ki Tanparupa menika Guru?" Ki Gedhe Pelanggolan matur nyuwun pirsa marang Gurune sing saiki wis ganti jeneng dadi ki Markidin kuwi.

 

"Bener Ki Pelanggolan" wangsulane Markidin "samono uga bisane Adhi Lasma ucul saka jireting alam Prayangan lan pulih dadi manungsa lumrah".

 

"Salajengipun menapa ingkang kedah kula kalih Ki Pelanggolan lampahi Kakang?" Ki Lasma genti sing takon "menapa kalih ngrantos rawuhing siswanipun Ki Tanparupa kula kalih Ki Gedhe Pelanggolan kedah umpetan ing Jatrigrowong mriki?".

 

"Ora Adhi Lasma" wangsulane Ki Markidin "malah aja nganti para warga padhukuhan ing Pelanggolan padha ngerti anane kedadeyan iki, nanging ya aja nganti para warga banjur kleru pangira yen Ki Lasma karo Ki Pelanggolan ilang bebarengan karo ilange Macan Gembong sing kerep ngaton saba ing padhukuhan".

 

"Lajeng prayoginipunkados pundi Guru?" Ki Gedhe Pelanggolan nyuwun pirsa marang Markidin.

 

"Sapungkurku, wong yen ing wektu rahina sliramu ora wujud Macan wae" Markidin banjur ngandhani muride "sliramu lan Adhi Lasma baliya sedhela ing padhukuhan, para bebau lan para sapukawating padhukuhan kandhanana. Sepisan pasrahna panguwasa Padhukuhan Pelanggolan marang para Bebau kuwi, kaping pindho kandhaa yen sliramu karo Ki Lasma saiki adeg padhepokan lan paguron ing Jatigrowong kene, kaping telu yen mbutuhne rerigen kang magepokan karo katentremane padhukuhan sapa sing mengko piniji nggenteni sliramu dadi Lurah ing Pelanggolan lilanana nemoni sliramu lan Ki Lasma ing Jatigrowong, sing keri dhewe iki mesthine mung yen wanci awan wae".

 

"Inggih Guru, sedaya dhawuhipun Guru ketingalipun saged kula lampahi namung setunggal ingkang ndadosaken kula dereng mudheng" Ki Gedhe pelanggolan aweh wangsulan marang gurune.

 

"Sing endi kuwi Jungkung?" Markidin takon.

 

"Ingkang kula kedah adeg Paguron menika lho Guru?" Ki Gedhe Pelanggolan nggenahne karepe "ing mriki dereng kathah tiyangipun sarta radin-radin kenging winastan sampun setengah umur, dene ingkang nem-nem saged kawilang mawi driji, menapa anggen kula ngedegaken paguron menika mangke wonten ingkang ndugeni saperlu meguru dhateng kula miwah dhateng Paman Lasma?".

 

Krungu tembunge Ki Gedhe Pelanggolan sing keri dhewe kuwi, Ki Markidin gumuyu lirih.

 

"Sumurupa ngger Sima Loreng" bareng karo rampung olehe ngguyu Ki Markidin banjur guneman "mbesuk paguronmu iki bakal duwe siswa sing akeh, cacahe atusan. Jalaran mengko sing teka ing papan kene saperlu arep ngudi ngelmu kanuragan lan kasantikan marang sliramu lan Adhi Lasma kuwi ora winates saka bangsane manungsa wae, nanging uga saka anak-anake para jim sing wis kuwawa ngambah alam sing katon gumelar iki. Malah kira-kira cacahe bangsa Jim sing bakal dadi siswamu kuwi bakal luwih akeh tinimbang sing wujud manungsa. Nanging sliramu aja kuwatir, mengko sadurunge aku nerusne laku munggah menyang pucuking Gunung Lawu, sliramu bakal tak paringi perangane ngelmu Aji Mayasamun, murih sliramu bisa srawung karo titahing Gusti sing saka alam liya".

 

"Manawi makaten estu kula ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan Guru" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan "sadaya dhawuhipun Guru badhe kula tindakaken sakiyating jiwa raga kula".

 

Ki Markidin banjur nurunake perangane Aji Mayasamun marang Ki Pelanggolan lan Ki Lasma. Sawuse wong loro kuwi bisa nguwasani ngelmu anyar kuwi kanthi becik, Markidin banjur pamit lan budhal lunga menyang pucuking Gunung Lawu kaya sing didhawuhne Ki Tanparupa marang dheweke.

 

Sapungkure Ki Markidin, Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma banjur tata-tata arep nindakne kabeh welinge Ki Markidin. Diwiwiti arep bali tilik padhukuhan nemoni para Bebau lan Para Sapukawating Padhukuhan. Mesthi wae Ki Pelanggolan lan Ki Lasma milih wektu sing prayoga, aja nganti ana sing ngerti yen Ki Pelanggolan yen ng wayah bengi saiki wis ora wujud manungsa maneh, nanging wujud Macan gembong sing gedhene ngluwihi gedhene Kebo benthung. Mula kudu dipilih tekane Ki Pelanggolan karo Ki Lasma mengko kudu yen srengenge wis njudhul ing langit imbang wetan, lan kudu ninggalne padhukuhan sadurunge srengenge ambles ing imbang kulon.

 

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (063)

 


63.

Sawuse ilang rasa kemeng ing gegerku, aku nerusne laku mangetan. Nanging aku bingung lali karo dalan sing mau tak liwati, wekasan aku mung mlayu mangetan ngono wae. Pancen aku milih dalan sing ora ngliwati padesan jalaran kuwatir yen ndadekne wedine wong-wong sing padha meruhi anggonku mlayu. Ora krasa lakuku jebul nurut pinggire bengawan sing uiga mili mangetan, siji-sijine bengawan gedhe ing laladan tanah jawa sisih tengah tembing wetan iki.

 

Nalika lakuku embuh tekan ngendi, aku ngrasakne nek kentekan tenaga. Jalaran kajaba kagawa rasa sedhih sing ngebaki rasane dhadhaku, pancen aku ya wis lali karo kuwajibanku aweh pangan marang ragaku sarta ora eling yen pikiran butuh leren sarana nindakne turu. Kamangka aku ya wis lali, olehku ora mangan lan ora turu kuwi wis pirang dina. Wekasane nadyan tekadku isih makantar-kantar nggoleki Ki Tanparupa sing miturut petunge nalarku papane wis ora adoh maneh, nanging sikilku wis ora kuwat dienggo mlaku.  Aku ambruk ing lemah, sabanjure aku wis ora eling apa-apa maneh.

 

Embuh sepira suwene anggonku ora eling, ngerti-ngerti aku krasa ana tangan alus sing ngelus-elus sirahku, karo kandha :

 

"Sanadyan bodho nanging sira duwe kasetyan sing gedhe, senadyan duwe kasetyan sing gedhe nanging sira kuwi bodho......... Markidin.... Markidin, tangia sing mbok goleki wis suwe ngenteni".

 

Gragap!. Aku kaget, mbukak mripatku kepengin ngerti sing nggugah nggonku ora eling. Nanging neng kono ora ana sapa-sapa, tak toleh ngiwa nengen, panggah ora ana  wong sing kemliwer. Aku kelingan semu kuwatir, nguwatirake karo Salirane Guru sing sadurunge aku rubuh isih tak selehne ana gegerku. Sepira mesgul rasaning atiku, Guru uga wis ora ana. Sapa sing wis wani ganggu gawe nyidra kunarpane guruku?. Sakala kekuwatanku pulih. Aku nggero karo nesu, aku arep nggoleki sapa sing wis nyolong kunarpane Guruku. Nanging menyang ngendi?.

 

Aku banjur duwe pangira yen sing nyidra kunarpane Guruku, mesthi ya wong sing mau ngelus-elus sirahku lan ngguggah anggonku turu, tegese wong kuwi mesthi isih ana sakiwa tengene papan iki, kira-kira wae wong iki mesthi wis ngecakne aji panglemunan ndadekne ora bisa disawang kanthi mripat wantahan. Aku banjur matak ajiku Panglemunan, awit kanthi mangkono aku bakal bisa ngaweruhi dununge wong sing nyidra kunarpane guruku. Nanging ing alam panglemunan panggah aku ora weruh sapa-sapa, anane mung sepi nyenyet. Aku rumangsa nek wis diremehne dening wong sing nyidra salirane Guruku. Nesuku wis ora kena diupamakne maneh.

 

"Markidin......" dumadakan keprungu ana suwara nyebut jenengku.  Gandheng suwara kuwi tanpa ana wujude, aku wegah aweh wangsulan. Aku wis ngira mesthi sing duwe suwara iki sing wis nyidra salirane Guruku.

 

"Markidin, ya gene sira milih ndhisikne panyana ala sing sira surung karo nafsu kanepson sing yegti mung bakal nuwuhake kapitunan tinimbang milih nggunakne weninging nalarmu murih sira nemu pepadhang?" suwara kang tanpa wujud kuwi muni maneh, ngelokne aku kanthi ukara sing memper ukarane wong aweh pitutur.

 

"He, kowe kuwi sapa? ayo nek nyata kowe wong perwira, ketokna ragamu. Aku ngerti yen kowe wong sing sekti pilih tandhing, nanging aja mbok kira Markidin miris ngadhepi wandamu" aku semaur karo nesu.

 

"Lho Markidin ya gene sira nesu karo aku?" suwara kuwi takon sajak ora kaget karo panantangku, malah banjur aweh pitutur luwih dawa maneh "gajege Kyai Bantarjati asring banget paring piwulang marang sira, supaya sira ora gampang nesu aja maneh marang wong sing ora tumindak luput marang sira, sanajan marang wong sing wis cetha gawe kapitunan marang sira wae, Gurumu Kyai Bantarjati paring weling yen tinimbang nesu luwih becik aweh pangapura. Apa sira lali Markidin? Apa pancen sira kepengin bali nganggo jeneng Sima Abang wae, merga wis lumrah yen sipating macan kuwi kaya sing sira cakne saiki iki".

 

Krungu tembunge suwara sing tanpa wujud ngono kuwi, sakala aku kelingan yen tekaku mrene mau saperlu nggoleki Ki Tanparupa. Saiki ana suwara sing kepenak dirungokne aweh pitutur, ngelingne pitutur sing kerep tak tampa saka Guruku Kyai Bantarjati. Sabodho-bodhone nalarku, aku banjur duwe dudutan yen sing duwe suwara kuwi mesthi Ki Tanparupa titahing Allah sing lagi tak goleki.

 

"Dhuh Sang Waliyullah, abdi paduka pun Markidin nyuwun genging pangaksami. Inggih labet saking cubluking manah kula, temah kula boten mangertos bilih kula sampun tampi kanugrahan saged kepanggih kaliyan paduka Ki Tanparupa" aku ndheprok nyuwun pangapura.

 

"Sokur ta yen sira wis ngerti yen sing ngajak rembugan sira iki dudu mungsuhmu, Markidin" dumadakan tanpa sangkan ing ngarepku wis ana pawongan sing ngagem busana sarwa putih. Pasuryane katon sumorot mencorong kebak perbawa.

 

"Pangabekti kula mugi kunjuk ing sahandhaping pepada paduka Dhuh Sang Waliyullah" aku daya-daya ngaturake pangabekti.

 

"Markidin, ya gene sira nyebut asmaku nganggo tembung Waliyullah? gajege Kyai Bantarjati wis paring piwulang marang sira, yen sing weruh Waliyullah kuwi mung Allah pribadi. Tegese, sing winastan Waliyullah ngono titah sing temen-temen bisa nindakne dhawuh-dhawuhing Allah kanthi bener jumbuh karo kang kaweca sajroning KitabE lan piwucaling Kanjeng Nabi. Titah ringkih kaya aku iki lagi ing tataran mbudidaya dadia titah sing mangkono kuwi, dadi mungguhku durung patut aku sinebut Waliyullah, jalaran sing uninga temen-temen bisa nindakne dhawuh kuwi mau mung Allah pribadi. Ngerti Markidin?" Ki Tanparupa rada sereng olehe paring pangandika marang aku.

 

"Inggih Ki Tanparupa, mugi ndika Ki Tanparupa ngagungna ing sih pangaksami jalaran balilu kula" aku nyuwun pangapura maneh.

 

"Iya Markidin sepira luputmu wis tak ngapura" Ki Tanparupa paring wangsulan "sumurupa Markidin, awit saka Maha Murahing Allah aku kaparingan weruh mungguh sing dadi sedyamu temah sira nganti teka ing papan iki, ya iku sira kepengin kepethuk karo aku. Nanging sawise ketemu, lan sadurunge sira ngandhakne sing dadi perlumu, luwih dhisik aku arep aweh weruh marang sira, yen sira wis tumindak siya marang sedulurku ya Gurumu ya iku Kyai Bantarjati".

 

Diarani yen aku wis tumindak siya marang Guru, aku dadi ora mudheng karo sing dingendikakne Ki Tanparupa . Jalaran aku ora rumangsa tumindak kaya sing didhawuhne Ki Tanparupa ngono kuwi mau. Gandheng aku ora wani semaur nganggo ukara, aku mung bisa nyawang marang pasuryane Ki Tanparupa, minangka pratandha yen aku durung bisa nampa apa sing dikersakne.

 

"Markidin, mesthine sira ngerti, yen meruhi ana manungsa sing wis kapundhut utawa kasarane mati, kuwi dadi wajibe sing urip aweh pangrukti marang kunarpane wong sing wis kapundhut kuwi ya kanthi sakuwasane. Ya iku disuceni, dibusanani, disembahyangi lan dipetak ing sajroning bumi, yen sira ora bisa nyuceni, mbusanani lan nyembahyangi awit saka wujudira sing isih kaya mangkono kuwi, mesthine sira panggah bisa nindakne kuwajiban sing keri dhewe ya iku ametak jasade Kyai Bantarjati ing jerone bumi. Ora malah mbok gawa mloya-mlayu kaya ngono kuwi" Ki Tanparupa nyethakne yen lekasku nggawa salirane Guru kanggo nyuwun tulung supaya diusadani murih bali sugeng maneh kuwi pranyata luput.

 

"Sumurupa Markidin" sadurunge aku semaur, Ki Tanparupa wis nyambung pangandikane maneh "pancen wis pinesthi sugenge Kyai Bantarjati ya mung tekan semono kuwi, dadi lekasira sing arep golek usada murih Gurumu bisa bali sugeng maneh, kuwi aran lekas sing luput lan yen ora enggal-enggal sira tobati, mangka sira mesthi bakal oleh pidana saka Allah jalaran lekasira kang mangkono iku mau cetha yen wis wani nantang marang  Maha Asihe Allah".

 

Aku njetung krungu pituture Ki Tanparupa sing mangkono kuwi mau. Dadi cetha yen pancen Gusti Allah wis ngersakne aku kudu pisah karo guruku kanggo selawas-lawase. Ora krasa aku banjur nangis merga sedhih, luh dleweran tanpa nyuwara.

 

"Markidin" Ki Tanparupa paring pangandika maneh "aku ngerti sepira sedhihing atinira awit tininggal dening Gurumu, nanging ora becik dadine yen sira nganti kedlarung-dlarung ing kasedhihanira. Sumurupa, nalika sira lagi ora eling merga kekeselen nggonmu mloya-mlayu mau, jisime Kyai Bantarjati wis tak rukti kanthi samestine. Saiki pasareyane ana ing sisih wetan kae, minangka tetenger ing pasareyane Gurumu tak tancepi balung pokange Kebo Alasan sing wis suwe mati ngurag ana kene, kae".

 

Ki Tanmparupa nudingi arah sisih wetan, saiki aku weruh yen ing kono jasade Guru disarekne, kanthi tinengeran balunge Kebo Alasan sing mati ngurag, ya iku balung pernah pokang.

 

 

ana candhake.

 

Catrhetan sethithik : mbok menawa pasareyane Kyai Bantarjati kuwi saiki sing kondhang karo sebutan Makame mBah Pokang, sing mapan ana salore Jalan Raya Ngawi - Solo, kira-kira Km. 17. Kira-kiraku Lho...... mbuh tenane. Sing cetha jarene kuwi makam keramat.


Kamis, 27 Januari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (062)

 


62.

mBuh pirang Pal adohe nggonku mlaku ndherekne tindake Guru, saben teka wayahe sembahyang Guru kendel banjur nindakne sembahyang, aku sing durung kesampiran kuwajiban jalaran wewujudanku isih rupa macan, ajeg melu nerokne apa samobah mosike Guru. Dening Guru aku iya ora dipenging nerokne ngono kuwi. Yen wayah bengi, uga leren anggone mlaku. Mung kerep wae yen wayah awan aku ora dikeparengake ndherekne Guru sing mampir ing padesan, nemoni wong-wong sing racak-racak wis akeh sing ngrasuk agama Rasul, dadi mampire Guru mung paring tuntunan bab laku sarengat. Olehe aku ora dikeparengake ndherek kuwi, jalaran ya mung awit saka wujudku sing bisa gawe wedine wong akeh, jeneh wis kaprah yen manungsa kuwi padha wedi lan girap-girap yen kepethuk macan gembong, luwih-luwih sing gedhene sak kebo benthung kaya aku iki. Yen wayah mangkono kuwi, aku leren ing alas karo nggladhi apa-apa sing diwulangake dening Guru, iya sing rupa ngelmu kanuragan iya sing rupa ngelmu liyane. Ing wayah pacak surup Guru ajeg wis rawuh karo ngasta pangan kanggo aku. Ngono kuwi mlaku mbuh pirang wulan suwene. Banjur Guru paring dhawuh, yen arep nerusake anggone tindak, aku ya banjur ndherekne.

 

Nalika semana tindake Guru wis sansaya adoh mangetan, kali sawur wis kaliwatan lan saben-saben kaya padatan banjur leren ing tengahing alas, yen awan Guru nindakne jejibahane aku nunggu ing alas papan kanggo palerenane. Nganti ing sawijining sore, nalika Guru rawuh beda karo padatan, Guru pasuryane Guru katon pucet, tindake semu sempoyongan, aku gagep-gage mapagne karo ati kebak pitakonan. Sawuse tekan papan sing padatan kanggo lerem, Guru banjur lenggah sendhen ing wit sing gedhe, mlebu metune napase Guru keprungu yen ora kaya padatan.

 

"Markidin" Guru nimbali aku klawan suwara sing alon.

 

"Inggih Guru?" gagean aku atur wangsulan.

 

"Sajake wis rekan titiwancine, aku lan ndika kudu pepisahan ing dina iki" dhawuh pangandikane Guru sabanjure "aku wis antuk isyarah saka Allah yen aku wis wayahe bali menyang asal-usulku sakawit. Mula aku mung bisa aweh weling marang ndika Ki Markidin, saungkurku aja nganti ndika nglalekne apa sing wis tak wulangake marang ndika. Jalaran ya mung kuwi sranane ndika bisa  nemokne apa sing sasuwene iki ndika upadi".

 

"Guru?" aku semaur semu kaget jalaran ora ngerti apa sing dikersakne Guru "Guru badhe kundur dhateng asal-usulipun Guru? menika ing pundi mapanipun? mbok inggiha wonten sih welasing Guru, kaparengna kula ndherek".

 

"Ki Markidin" Guru paring wangsulan suwarane sansaya alon "poma elinga, kaya sing wis  kerep tak tuturake marang ndika, saben titah kuwi asal-usule muhung saka Allah, lan yen wis jatahe urip ing jagad padhang iki entek kudu bali marang Allah. Mula ing pungkasaning uripku iki aku njaluk pambiyantumu dongakna marang Allah, muga-muga aku bisa bali marang Allah lan ora kesasar lakuku".

Bubar ngendika mangkono iku, lamat-lamat aku krungu Guru Kyai Bantarjati ngucapake klimah sadat lan Guru banjur kendel ora ngendika maneh. Tak grayahi sampeane Guru krasa anyep, tak sawang socane Guru dieremake, kaya lagi sare. Nanging suwepsuwe aku lagi ngerti yen jebule Guru wis seda, ninggalne aku.

 

Aku ngerti yen saben wong sing tau urip mesthi bakal nemoni pati, kalebu aku lan Guru. Nanging aku durung bisa nampa yen Guru kudu seda saiki, jalaran aku isih mbutuhake Guru kanggo nuntun nggonku nindakne laku tumuju marang kasampurnaning ngelmuku. Tuwuh osik sajroning atiku, biyen aku tau krungu yen ana wong sing bisa nguripake wong sing wis mati sing durung pesthine. Lan aku duwe panemu yen satemene Guru iki durung wancine seda, mula aku kudu mbudidaya nggoleki wong sing bisa nguripne Guru saka anggone seda. Sing dhisik liwat ing angen-angenku ya iku titahe Allah sing jare uga sanakane Guru Kyai Bantarjati, ya iku Ki Tanparupa, wong sing antuk nugrahaning Allah temah bisa ngambah alam sanga. Aku uga kelingan yen Ki Tanparupa keri dhewe ngatonake wujude marang Raden Angling lan Raden Kemuda ing Luwengan sing cedhak karo panggonan paleremane Guru jaman semana. Ora sranta, aku kepengin menyang Luwengan sing tak gawe jaman semana, saperlu nindakne riyalat supaya bisa karawuhan Ki Tanparupa.

 

Salirane Guru banjur tak candhak, tak unggahne ing gegerku tak gawa mlayu tumuju Luwengan papan ketemune Raden Angling lan Raden  Kemuda karo Ki Tanparupa. Murih ragane Guru ora tiba, buntutku sing dawa tak ubetne kanggo nggoceki salirane Guru. Kanggo ngringkes wektu, aku uga ngetrapake aji panglemunan murih luput saka panyawange wong-wong  sing nuju simpangan laku karo aku. Nanging jebul aku ora kuwawa nggawa salirane Guru ing jagad panglemunan, dadi Guru panggah katon lan kena disawang, malah buntut sing tak enggo nggoceki salirane Guru uga bisa diingeti. Aku lagi krasa nalika playuku ngliwati padesan lan bola-bali simpangan karo wong padesa. Kabeh-kabeh padha alok yen ana wong turu sing ditaleni dhadhung, nanging bisa mabur ing ndhuwur lemah kanthi cepet. Dadi Guru sing seda lan tak tumpangake gigirku kuwi katon kaya lagi sare sauntara buntutku sing nggubed nggoceki dikira dhadhung. Karo mlaku aku nggagas, wong-wong kuwi sanadyan weruh buntutku nanging ora ngerti yen kuwi buntutku, nanging dikira dhadhung. Kanggo pangeling-eling, lelakon kuwi aku banjur mandheg kanthi tetep ngetrapne aji panglemunan, nyedhaki salah sijine wong. Wong sing tak cedhaki dadi girap-girap jalaran weruh wong ngglethak ora ngambah lemah kanthi talenan dhadhung. Aku banjur kandha marang wong mau mangkene :

 

"He manungsa, sumurupa sing liwat iki satemene Waliyullah sing lagi tapa nendra, gandheng sing ndika weruhi salirane Waliyullah iki lagi talenan dhadhung, seksenana mbok menawa ana rejaning jaman papan iki karana Dhadhung".

 

Mesthi wae wong mau dadi sansaya girap-girap, jalaran krungu suwara sing ora ana rupane. Lan sadurunge wong mau sansaya cetha nggone nyawang salirane Guru, aku wis nggeblas mlayu klawan aji sepi anginku.

 

Aku terus mlayu lan mlayu, karo nggegetne untu, jalaran arepa dikaya apa atiku banget nelangsa nemoni lelakon sing kaya mangkene iki. Saking kuwate nggonku nggegetne untu, prasasat kaya ngrampal-ngrampalna untu lan gusiku. Kanggo pangeling-eling yen ing kene untuku krasa kaya rampal-rampala, karo mlayu aku nyenyuwun marang Allah muga-muga mbesuk papan kene kuwi karana Rampal.

 

Wasana playuku tekan panggonan sing tak tuju ya iku luwengan sing  biyen tak gawe lan tak gunakne kanggo ngunjara Raden Angling lan Raden Kemuda. Lon-lonan salirane guru tak udhukne saka gigirku. Aku banjur mlebu luwengan arep nindakne laku semedi kanthi panyuwunan muga-muga bisa karawuhan Ki Tanparupa. Nanging pranyata kang tak temoni sajroning nindakne laku semedi ing luweng kuwi, beda karo sing tak arep-arep. Sajronin g layap-liyep ing aluyut, aku dikagetake dening suwara sing tanpa wujud sing muni mangkene :

 

"He Macan Markidin, kowe kuwi dadi muride Kyai Ngalim kok bodhomu ora ilang-ilang. Gurumu kuwi wis seda, becike enggal dikubur ing bumi. Lha kok malah mbok gawa mloya-mlayu kaya mangkono?. Karo maneh nek kowe nggoleki Ki Tanparupa, mbok cegata nganti sewu tahun neng kene, ora bakal kowe bisa kapethuk panjenengane. Jalaran Ki Tanparupa saiki manggon ora adoh saka papan Gurumu seda".

 

Aku rumangsa serik krungu suwara sing tanpa ana wujude kuwi. Nanging aku ya percaya karo isining suwara, aku banjur munggah saka luwengan. Ragane Guru tak candhak tak unggahne nyang geger, aku banjur bali mlayu mangetan arep nggoleki Ki Tanparupa kaya unine suwara mau sing ngandhakne yen Ki Tanparupa saiki manggon ora adoh karo papan sing mau kanggo lerem Guru karo aku.

 

Playuku bali mangetan, Kali Sawur wis tak sabrangi lan wis adoh olehku mlayu ing sawetane Kali Sawur. Dumadakan gegerku sing prakosa, sing maune ora krasa apa-apa nadyan tak tumpangi salirane Guru, krasa kemeng sing ora bisa tak empet. Aku kapeksa mandheg sedhela, leren salirane Guru kapeksa tak udhukne, kanggo nglereni kemenge gigirku. Rada suwe anggonku leren ing kono, wekasan rasa kemeng kuwi banjur ilang. Ragane Guru bali tak unggahne ing geger maneh lan aku nerusne laku mangetan parane. Kanggo pangeling-eling, yen ing kono gegerku krasa kemeng, aku banjur nyenyuwun marang Gusti, muga-muga papan kono kuwi mbesuk karana Kemeng geger.

 

 

ana candhake.

 

Cathetan : mbok menawa sing diarani Dhadhung kuwi saiki padesan sacedhake Pondok Gontor Putri 1 kae, Rampal kuwi kira-kira sacedhake Mantingan  kae, lha nek Kemeng geger kuwi desa lor bengawan sing saiki jenenge Mengger. Kuwi mung kira-kiraku wae lho!. mBuh tenane!.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (061)

 


61.

Raden Angling lan Raden Kemuda manthuk-manthuk tandha yen wis bisa nampa marang apa sing dingendikakne dening Bapa Guru Kyai Bantarangin. Beda karo aku sing satemene isih kepengin ngerti luwih akeh maneh marang sapa sejatine Ki Tanparupa kuwi, nanging gandheng aku ngerti nek Bapa Guru isih arep paring dhawuh luwih akeh maneh marang Tumenggung loro kuwi, mula aku ya durung wani matur. Pikirku mengko utawa sesuk wae yen ngepasi Bapa Guru longgar aku arep nyuwun pirsa sing luwih akeh maneh.

 

"Inggih Kakang" Raden Angling banjur matur marang Bapa Guru "angkah kula kalih Adhi Kemuda inggih badhe nindakaken dhawuh pitedahipun Ki Tanparupa kala wau, jumbuh kaliyan menika mugi Kakang Kyai kepareng paring pitedah menapa ingkang kedah kula lampahi murih saged nindakaken dhawuhipun Ki Tanparupa kala wau?".

 

"Yen kuwi sing Adhi Tumenggung kersakne" Bapa Guru paring wangsulan "sing sepisan Adhi Tumenggung kudu ndandani lekas sing wis mlenceng saka tujuwan sakawit, cethane biyen sadurunge Dhimas Menggung tepung karo Raden Panji Narantaka, lekase Adhi Menggung ngabdi marang Kanjeng Sultan kuwi rak merga kepengin udhu bau lan panemu murih panguripane kawula ing Tanah Jawa dadi luwih becik?. Nanging bareng Adhi Tumenggung tepung karo Raden Panji Narantaka banjur owah lan kagungan gegayuhan arep ndherek lekase Raden Panji Narantaka sing arep ngedegne Majapahit anyar? Mula lekase Adhi Tumenggung kudu mbalik marang lekas sekawit, aja kegiwang karo pangiming-iminge Raden Panji Narantaka sing mung bisa kaleksanan ing sajroning angen-angen wae".

 

"Inggih Kakang" Raden Angling atur wangsulan "mila leres dhawuh ndika Kakang Kyai, kula kalih Adhi Kemuda estu badhe misah kaliyan Kakang Raden Panji Narantaka lan boten badhe gadhah pangangen-angen madegipun nagari enggal ing Tanah Jawi ingkang winastan Majapahit Enggal, jalaran kula sampun kaparingan sumerep dening Ki Tanparupa bilih menawi kula kekalih nggega lan nuruti lekasipun Kakang Panji Narantaka badhe lebur tanpa dadi, nanging menawi kula purun setya tuhu dhateng Kanjeng Sultan sarana sumuyud ndhateng Gusti Pangeran Benawa miwah Raden Sutawijaya, mangka kula kekalih badhe manggih kamulyaning gesang".

 

"Tak kira wis cetha apa sing dadi dhawuhe Ki Tanparupa marang Adhi sakloron" Guru Kyai Bantarjati ngendika maneh "mula rerigenku marang Adhi sakarone, Adhi Menggung tak aturi matur lan nyuwun dhawuh marang Kanjeng Sultan Pajang murih anggone Adhi Tumenggung sakloron luwih tumemen nggone ngabdi marang praja sarta marang Kanjeng Sultan, Adhi sakloron nyuwuna palilah murih dikeparengake ndherek sabiyantu marang Raden Sutawijaya sing wektu iki lagi ngayahi jejibahan mbabad Alas Mentaok. Yen panyuwune Adhi Tumenggung dikeparengake dening Kajeng Sinuhun, mbok menawa ing kono margane Adhi Tumenggung bisa nemu nugrahaning Allah".

 

"He he he......" Raden Kemuda ngguyu rada banter "matur nuwun Kakang, samangke kula sampun emut bilih Ki Tanparupa dhawuh bilih kamulyan kula kekalih kawiwitan saking wana Mentaok".

 

"Sokur ta Dhimas Tumenggung yen iku wis dadi wecane Ki Tanparupa, mula rerigenkiu marang Adhi sakloron sabanjure tak kira Adhi Tumenggung sakloron luwih prayoga yen enggal kundur menyang Pajang lan munjuk atur marang Kanjeng Sultan Adiwijaya" Bapa Guru Bantarjati mungkasi nggone paring rerigen marang Raden Angling lan Raden Kemuda.

 

Dina iku uga Raden Angling lan Raden Kemuda banjur pamit arep kundur menyan Pajang nindakne apa sing didhawuhne dening Bapa Guru Kyai Bantarjati. Sing kari ana kono mung aku karo Bapa Guru Kyai Bantarjati. Lan aku wiwit kaparingan tuntunananing urip sing jumbuh karo piwulange agama Islam dening Bapa Guru Kyai Bantarjati. Ora winates ing babagan ngelmu sarengat utawa tatacara manembah sing wis ginarisake wae, kaya dene tata carane sembahyang, tata carane pasa, tata carane jakat lan sapiturute, nanging uga tata carane urip bebrayan sing kudu ditindakne dening wong sing wis nggilut agama Islam. Dhawuhe Rama Kyai Bantarjati, agama Islam mulangake lan majibake para mukmin supaya nggedhekne rasa dhemen tetulung marang sapepadhane kang lagi nandhang kasangsayaning urip. Para Muslim, ya iku wong sing ngrasuk agama Islam, diwajibake bisa nyebar karahayon marang titah sajagad tanpa nyawang wujude titah. Lan isih akeh maneh piwulang sing tak tampa saka Bapa Guru Kyai Bantarjati.

 

Kira-kira oleh setahun aku manggon ing pondhoke Guru Kyai Bantarjati, Bapa Guru paring dhawuh marang aku yen Panjenengane kadhawuhan dening Syekh Jumadilkubra lumantar Ki Tanparupa ing pasupenane. Dene wosing dhawuh ya iku Bapa Guru Kyai Bantarjati kadhawuhan nutugne laku dakwah mangetan parane.

 

"Ki Sima Abang" mangkono dhawuhe Guru marang aku gegayutan karo sasmita sing ditampa ing pasupenane "lumantar Ki Tanparupa dening Guru Syekh Jumadilkubra aku kadhawuhan napak tilas tindake Guru, ya iku aku kadhawuhan lelana laku dakwah mangetan, ndika tak wenangake milih, pilih ndherek aku utawa pilih keri ana kene, utawa pilih misah golek dalan dhewe?".

 

"Guru" aku matur "weca ingkang kula tampi duk rikala kula maneges ing Gunung Wilis rumiyin, sagedipun kula nggayuh kasampurnaning ngelmi, kula kedah puruita dhumateng ndika Guru. Kamangka kula rumaos dereng paya-paya saged manggih kasampurnaning ngelmi kula, malah dugi titi wanci menika kula inggih dereng saged luwar saking panandhang wujud kewan menika, inggih awit saking menika kepareng boten kepareng, kula badhe ndherek lan boten saged pisah kaliyan Guru".

 

"Ki Sima Abang" Guru paring dhawuh maneh "aku rak wis bola-bali kandha ta? sing diarani kasampurnaning ngelmu iku, iya ngelmu apa wae klebu ngelmu kanuragan lan ngelmu liyane kuwi kena diarani yen ora ana. Jalaran kasampurnan kuwi mung kagungane Allah, dene yen titah kepengin luwih caket klawan sing diarani kasampurnaning ngelmu iku mung siji sing dadi carane, ya iku titah sing kagadhuhan ngelmu murih bisa mujudake yen sarana ngelmune titah kasebut kudu bisa sansaya luwih caket klawan Allah utawa pareg marang piwulange agama. Dadi aku mung bisa aweh pitutur marang ndika sing wis dadi murid lan sekabatku, aja kendhat nggon ndika mbudidaya cedhak marang Allah, becik iku nalikane ndika cecaketan karo aku utawa ora. Dadi ndika aja gumantung marang aku nanging gumantunga marang Maha Murahe Allah".

 

"Inggih Guru" aku atur wangsulan "dhawuhipun Guru estu badhe tansah kula estokaken, kula boten badhe kendel mbudidaya murih tansah pareg dhateng piwucaling agami ingkang kula rasuk menika. Nanging kula ugi dereng kepengin pepisahan kaliyan Guru, awit saking menika kula badhe ndherek Guru tindak dhateng pundi kemawon, kula ugi sampun mupus sarta nampi sedaya kodrat ingkang tumanduk ing badan kula, sanaosa mbok bilih ngantos kukuding gesang kula boten saged wangsul dados manungsa, kula inggih boten badhe ngresula".

 

"Sokur ta yen mangkono Ki Sima Abang" Guru paring dhawuh "kanthi pangucap ndika sing mangkono kuwi nuduhake yen ndika tuhu-tuhu murid sing bekti marang Guru pangucap ndika sing keri dhewe kuwi nuduhake yen ndika kukuhi lan ndika gondheli nganti puputing yuswa, nyata ndika kuwi klebu titah sing mareg marang agama, utawa mareg marang Dien. Mula kanggo pangeling-eling ngiras pantes ndedonga marang Allah murih ndika teguh ing kamusliman, wiwit dina iki ndika tak wenehi tetenger MARKIDIN sing tegese Mareg marang Agama. Sumurupa Markidin, ora ateges ndhisiki kersaning Allah mbok menawa wae mbesuk sing bisa dadi lantaran ndika pulih bali dadi manungsa kuwi ora ana liya kajaba murid ndika dhewe, mung emane murid ndika kuwi bakal genti sing dadi wujud macan kaya ndika iki, nanging ora suwe, mbesuk yen murid ndika wis kepethuk karo muride Ki Tanparupa sing wujude satriya admajaning nata sing nindakne laku lelana ing kono mbarengi murid ndika bisa pulih bali dadi manungsa".

 

Isih akeh maneh pitutur sing tak tampa saka Guru Kyai Bantarjati lan wiwit kuwi sebutan Sima Abang wis ilang lan jenengku wis ganti dadi Markidin. Dadi aku iki macan sing duwe jeneng Markidin utawa Macan Markidin.

 

Dina candhake laku lelana dakwahe Guru kawiwitan, ya iku kanthi tindak mangetan parane. Kaya sing wis dikeparengake dening Guru, aku ora pisah tansah tut wuri ndherekne tindake Guru.

 

ana candhake.

 


Rabu, 26 Januari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (060)

 


60.

Guru Kyai Bantarjati sajak kasengsem midhanget ature Raden Angling, mustakane manthuk-manthuk lan pasuryane katon sumunar padhang. Sawuse kendel rada suwe lagi, Guru ngendika alon semune mundhut pirsa marang Raden Angling :

 

"Mau Dhimas Menggung ngendikakne yen Paman Panembahan Suwelagiri disedani dening Raden Panji Narantaka? kuwi kelakone kapan Dhimas? lan ya gene Dhimas narimakne wong tuwane disedani? sarta kepiye wartane Bapa Ajar Guritwesi sawuse aku lunga lan durung kober endhang mulih ing padhepokane?"

 

"Tadhah duka Kakang" wangsulane Raden Angling karo tumungkul sajak sedhih, ing sisihe Raden Kemuda uga nuduhne sikep sing padha "estunipun let tigang wulan saking anggenipun Kakang Raden Sengkan jengkar ndherekaken Syekh Jumadilkubra, Siwa Ajar Guritwesi ugi lajeng tindak mangetan nginggahi Redi Lawu, ngendikanipun badhe nusul Kanjeng Sinuwun ingkang sampun jumeneng Sunan Lawu.  Boten dangu saking anggenipun jengkar Siwa Ajar, Kakang Raden Panji Narantaka rawuh ing Padhepokanipun Rama Panembahan, rawuhipun Kakang Raden Panji Narantaka sinartan Gurunipun, inggih Bapa Ajar Wisanaga. Sareng Kakang Raden Panji Narantaka pirsa bilih Siwa Ajar saha Rama Panembahan sampun ndherek nggilut agaminipun Syekh Jumadilkubra, Kakang Raden Panji Narantaka tuwin Bapa Ajar Wisanaga sakalangkung ing dukanipun. Lajeng Bapa Ajar dhawuh murih Rama Panembahan wangsul dhateng agaminipun ingkang rumiyin, jalaran dhawuhipun Rama Ajar Wisanaga rentahing Majapahit menika awit saking pokalipun para tiyang ingkang ngrasuk agami saking tanah manca menika. Sarta malih, anggenipun Kakang Raden Panji nata kekiyatan amangsulaken kaluhuran Majapahit mangke sasampunipun Sultan Pajang surut, boten badhe saged gangsar menawi taksih wonten titiyang ingkang nggega dhateng pangajakipun tiyang-tiyang ingkang mastani piyambakipun menika Wali".

 

"Banjur Paman Panembahan ngukuhi ora kersa nuruti dhawuhe Ajar Wisanaga? Lan Dhimas sakloron kepriye?" Bapa Guru Kyai Bantarangin nyelani rembug.

 

"Inggih Kakang" sing mangsuli genti Raden Kemuda "nalika samanten kula kalih Kakang Angling langkung pitados dhateng Kakang Raden Panji Narantaka ingkang miturut wecanipun Bapa Wisanaga sasurutipun Kanjeng Sultan, badhe jumeneng Nata ing Majapahit ingkang enggal lan Kakang Angling badhe kawisuda minangka Ratu Anggabaya dene kula badhe pinitados minangka wrangka nata, dados kula inggih babar pisan boten nggega menapa ingkang dipun ngendikaken Rama Panembahan. Salajengipun, kados ingkang ndika Kakang Kyai ngendikaken Rama Panembahan Suwelagiri puguh boten kersa nuruti dhawuhipun Bapa Ajar Wisanaga  malah ngendika menawi pangandikanipun Bapa Ajar Wisanaga menika ujar ngayawara. Wasana Kakang Raden Panji Narantaka boten saged ngampet anggenipun duka, Rama Panembahan linarihan tumbak Kyai Luring, temah dados lan sedanipun".

 

"Sabanjure kepriye Dhimas?" Bapa Guru Kyai Bantarjati mundhut pirsa malih.

 

"Salajengipun Bapa Ajar Wisanaga lajeng andum damel" Raden Kemuda nutugne crita "kula kalih Kakang Angling kadhawuhan pados warta dhateng pundi jengkaripun Kakang Sengkan ingkang ndherekaken Syekh Jumadilkubra, menawi kepanggih kadhawuhan paring pemut supados wangsul dhateng kapitayan lawas dene menawi boten purun kula kadhawuhan nyirnakaken ndika Kakang Kyai Bantarjati, temah kula kalih Kakang Angling saged pepanggihan kalih ndika Kakang antawis kalih  tahun kapengker menika. Bapa Ajar Wisanaga lajeng ngendika menawi badhe nututi jengkaripun Siwa Ajar dhateng Redi Lawu, dene Kakang Raden Panji Narantaka kadhawuhan ngkajengaken anggenipun nungsun kekiyatan ing Wana Patalan, saha boten kaparengaken tindak nilar wana Patalan menawi boten wonten prakawis ingkang langkung wigatos, jalaran inggih ing wana Patalan menika ing tembenipun badhe kawangun Kuthaning Raja Majapahit ingkang enggal".

 

Krungu critane Raden Angling lan Raden Kemuda, aku dadi ngerti ya gene wong loro kuwi wingenane wani njangkar lan nguneni kanthi basa sing ora pakra marang Bapa Guru Kyai Bantarjati. Nanging sawuse tak cemplungne ing luwengan lan tak tutup nganggo kekayon sing gedhe-gedhe, banjur katekan sing miturut Bapa Guru mbok menawa Korin saka Panembahan Suwelagiri ya wong tuwane Raden Angling lan Raden Kemuda dhewe, banjur nindakne laku tapa ngluweng pisan lan karawuhan Ki Tanparupa sing wis kuwawa malik ati lan pikirane wong loro kuwi temah malih kaya saiki iki. Banjur Ki Tanparupa kuwi sapa? Aku kepengin nyuwun pirsa marang panjenengane Guru Kyai Bantarjati, nanging mengko nek wis kahanan rada sepi.

 

"Iya-iya Dhimas Menggung, kabeh apa sing dadi pangandikane Dhimas sakloron wis tak ngerteni" Guru paring dhawuh maneh "gandheng saiki Adhimas wis percaya karo sing dikandhakne Ki Tanparupa, banjur kersane Dhimas menggung sakloron banjur kepiye?".

 

"Inggih Kakang" Raden Angling banjur semaur "saderengipun kula mangsuli atur dhateng ndika kakang Kyai Bantarjati, saestu kula kepengin mangertos sinten sejatosipun Ki Tanparupa menika? awit bares kures kula kalih Adhi Kemuda nembe kesupen kaliyan salah satunggaling dhawuhipun Ki Tanparupa dhateng kula kekalih magepokan kaliyan ingkang badhe kadhawuhaken Kakang Kyai bantarjati dhteng kula mangke, sasampunipun kula ngambali atur dhateng ndika Kakang Kyai".

 

"Ooo kuwi ta Dhimas?" Bapa Guru Kyai Bantarjati paring wangsulan karo mesem "yen kuwi, aku kudu aweh wangsulan marang dhimas Tumenggung cacah loro. Sing sepisan magepokan karo sapa satemene Ki Tanparupa kuwi? Kaping pindho perkara apa sing dingendikakne Ki Tanparupa sing saiki Dhimas menggung lagi supe".

 

"Inggih Kakang kadospundi?" Raden Angling matur maneh.

 

Aku dadi seneng krungu yen Raden Angling nyuwun pirsa Ki Tanparupa kuwi sapa? jalaran aku uga kepengin ngerti dene ana wong sing duwe kasekten malik atine Tumenggung loro kuwi.

 

"Aku pancen nate kepethuk kawulane Allah sing ngagem asma Ki Tanparupa kaya sing Dhimas kandhakne kuwi, Panjenengane Ki Tanparupa kuwi kepara asring paring pitutur sarta pitulungan marang aku. Nalika aku nyuwun pirsa marang Guruku ya Syekh Jumadilkubra, aku dingendikani yen Ki Tanparupa kuwi titahing Allah jinising manungsa sing awit saka cakete karo Allah nuli kaparingan kanugrahan bisa ngambah jagad sanga kanthi mardika" Guru wiwit paring katrangan bab Ki Tanparupa, aku melu ngrungokne kanthi tenanan.

 

"Jagad Sanga Kakang?" Raden Kemuda nyela rembug "nembe sepisan menika kula mireng ingkang winastan jagad sanga, menika menapa Kakang?"

 

"Miturut dhawuhing Guruku" Guru paring wangsulan "jagad sing digelar dening Allah kuwi upama digambarake kaya dene lembaran, dumadi saka pirang-pirang lembar saben jinising kawula ngenggoni jagade dhewe-dhewe. Kawula kang antuk nugrahaning Gusti sok bisa ngambah jagad utawa alam sing dudu jagade dhewe wae, nanging uga bisa ngambah jagade kawula jinis liyane. Kaya upamane kawulane Allah sing wujud manungsa, sing lumrah manungsa ya mung bisa weruh lan ngambah jagade dhewe sing kasat mripat pinangku ing pratiwi kaluhuran ing akasa iki. Nanging ana kalane manungsa kang wus antuk nugrahaning Allah, iya jalaran saka pambudidayaning manungsa dhewe kang dikeparengake dening Allah, temah ana manungsa sing bisa ngawruhi jagading kawulane Allah liyane, upamane jagade para Jin, jagade para Prayangan. Kosok baline uga ora sethithik bangsa Jin sing amarga antuk nugrahaning Allah temah bisa ngambah jagade manungsa. Lha pirang lembar cacahing jagad kuwi aku durung ngerti. Yen Guru ngendikakne Ki Tanparupa kuwi jinising manungsa sing antuk kanugrahan temah bisa ngambah jagad sanga kanthi merdika, kira-kira wae caching jagad kuwi luwih saka sanga".

 

"Nyuwun pangapunten Guru" ora krasa aku kumawani matur nyelani dhawuhe Guru.

 

"Iya ana apa Ki Sima Abang?" Guru ora duka malah aku didangu ana apa.

 

"Ing kapitayan kula ingkang lami, Guru kula ugi nate sakedhik cariyos bilih wonten titahing Gusti ingkang memper kaliyan Ki Tanparupa menika, dene asmanipun Sang Hyang Wilis utawa Bathara Ijo, menapa Ki tanparupa menika sami kaliyan Sang Hyang Wilis utawi Bathara Ijo menika Guru?" aku matur nyuwun pirsa, critane Guru tak cocogne karo crita sing tak tampa saka guruku sing biyen.

 

"Bab kuwi Ki Sima Abang" Guru paring wangsulan karo mesem "uga tau tak suwunake pirsa marang Syekh Jumadilkubra, Panjenengane Guru paring dhawuh yen ora pirsa, jalaran uga ana ing kapitayan liya yen biyen nganti saiki isih ana kawulane Allah sing memper karo Sang Hyang Wilis utawa Bathara Ijo kuwi, yaiku kang asma Bagindha Kilir utawa Bagindha Kidir, nanging Guru uga paring dhawuh yen sapa sing diarani Ki Tanparupa utawa Sang Hyang Wilis utawa Bagindha Kilir kuwi wong siji apa seje-seje, Guru uga durung pana".

 

"Makaten inggih Kakang?" Raden Kemuda matur marang Guru.

 

"Iya Dhimas, dadi sanadyan wangsulan sing tak wenehake marang Adhi Tumenggung sakloron iki mbok menawa durung bisa gawe mareming penggalih, tak jaluk Adhi Tumenggung sakloron bisa nampa kanthi legawa" wangsulane Guru sabanjure "saiki ndungkap wangsulan sing angka loro, bakal tak critakne sawise Adhi Tumenggung sepisan maneh mrasajakne apa sing dadi kersane sawuse ketemu karo Ki Tanparupa kuwi. Ya kanthi anyemak apa sing bakal dadi wangsulanku mengko, adhimas Tumenggung sarimbit bakal bali eling marang sing lagi disupekne".

 

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...