28.
Apa
sing dikandhakne dening Tayu kuwi ngelingake aku marang dhawuh pituture Rama
Tumenggung jaman semana sing ngandhakne yen jimat kang wujude kaya ngono kuwi
digawe kanthi srana ngelmu karang, pancen kanthi kekeraning ngelmu karang kuwi
kaya-kaya nduweni daya linuwih nanging satemene ora klena diejibake mungguh
daya lan kekuwatane, malah kepara nalika kapengkoking pancabaya adhakane sok
ambalenjani. Mula aku ya banjur ora enggal aweh wangsulan, aku uga isih
ngenteni apa sing arep dikandhakne Tayu sabanjure sing durung nyandhak
underaning rembug sing tak takokne mau, ya iku sampiran kuwajiban sing
didhawuhake dening Rama Tumenggung marang dheweke sing tanpa tak ngerteni
sadurunge.
"Salajengipun
Gus" Tayu tumuli guneman maneh nyambung kandhane sing mau "Gusti
Tumenggung estunipun nguwatosaken Gus Wanda menawi ngantos kapaeka dening
piyantun kalih ingkang miturut paningalipun Gusti Tumenggung boten sae menawi
ngantos dipun raketi nanging ugi mbebayani menawi ngantos dipun tebihi menika.
Inggih awit saking menika, kula lajeng kaparingan dhawuh kinen ngawat-awati Gus
Wanda, sampun ngantos Gus Wanda mlebet ing wuwu ingkang dipun gasang dening
tiyang kalih menika".
"Apa
Rama Tumenggung nguningani yen Ki Suwela apa dene Kakang Makara duwe niyat arep
gawe cilakaku Ki Tayu?" aku nugel rembuge Tayu kanthi takon.
"Kula
boten ngertos Gus" wangsulane Tayu "nanging kula gadhah panginten,
mbok bilih Gusti Tumenggung ingkang sampun dangu pirsa dhateng watak wantunipun
piyantun kalih menika, boten mokal menawi estunipun kasaenanipun tiyang kalih
kala wau estunipun namung lamis, kasaenan ingkang kadamel sarana kangge damel
kasangsaranipun tiyang ingkang dipun arah cilakanipun. Menawi saking pamanggih
kula piyambak, kanthi lelandhesan ngelmu titen, tiyang kalih niku estunipun
salebeting manahipun suthik menawi ngantos namung dados andhahan, awit
ngrumaosi bilih kekalihipun nggadhahi kapinteran ingkang langkung onjo tinimbang
sinten kemawon. Kados ingkang asring dipun criyosaken piyambak dening tiyang
kalih kasebat nalika Gusti Tumenggung misuda Gus Wanda dados pangarsaning Dalem
Ktumenggungan kala samanten. Kekalihipun malah kumawantun nyebar wartos bilih
Gusti Tumenggung menika kirang waskitha ing pamawas, ingkang miji jengandika
lare saking dhusun ingkang kaanggep dening kekalihipun taksih bodho lan boten
saged makarya, benten kalih kekalihipun ingkang sampun dangu anggenipun ngabdi
dados punggawaning dalem Katumenggungan. Namung rahayunipun, nalika kekalihipun
mbebujuk para kanca abdi dalem Katumenggungan murih boten nggatosaken sadaya
dhawuh saking Gus Wanda, taksih langkung kathah abdi dalem punggawa Dalem
Katumenggungan ingkang boten nggega".
"Sabanjure
apa maneh Ki Tayu?" nalika Tayu leren sedhela anggone guneman, aku ora
sabar banjur nyelani njaluk supaya Tayu nutugne kandhane.
"Inggih awit
saking menika, kula lajeng sansaya pitados dhateng dhawuhipun
Gusti Tumenggung" Tayu wangsulan.
"Dhawuh
sing endi maneh?" aku takon, merga saka rumangsaku wangsulane Tayu iki
keprungu yen ulet-uletan dadi mbulet ora karuwan.
"Inggih
dhawuh murih ngatos-atos kalih piyantun kalih menika lan mbudidaya murih
piyantun ingkang sae-sae, liripun estu-estu kagungan kasetyan dhateng Nagari
lan Kawula Majapahit sampun ngantos kenging pambujukipun piyantun kalih kasebat
temah dados lan cilakanipun. Ing babagan menika, bares kemawon kula gadhah
panginten bilih estunipun anggenipun ngadhahi tangkeb lan sikep ingkang sae
dhateng Gus Wanda menika, jalaran kekalihipun namung pados srana murih
jengandika saged dipun lena salajengipun dipun paeka murih asma jengandika Gus
Wanda ketingal kados ingkang dipun criyosaken dening kekalihipun rikala
jengandika dipun pitados dening Gusti Tumenggung nglenggahi palenggahan
minangka sesulihipun Gusti Tumenggung rumiyin" Tayu nyethakne apa sing
dikandhakne "inggih kanthi kula saged ngaturaken menika ing ngarsa
jengandika Gus Wanda, menika boten kok awit kula kumalancang atur tutur dhateng
Gus Wanda, nanging inggih namung dhapur nindakaken kuwajiban ingkang dipun
sampiraken dening Gusti Tumenggung dhateng kula".
Akeh-akeh
sing dikandhakne Tayu marang aku, sing ora pati tak senengi merga Tayu
wola-wali ngandhakne yen apa sing dikandhakne kuwi kekudhung dhawuh saka Rama
Tumenggung. Mula sanadyan yen dirasak-rasakne, ora kabeh sing dikandhakne tayu
kuwi luput, nanging aku uga duwe panemu dhewe sing metu saka asiling pamikirku
dhewe. Lan sing bisa maca kahanan kuwi ora mung Rama Tumenggung dhewe
luwih-luwih Tayu, aku uga bisa maca lan ngrasakne kahanan sing tak temoni saben
dinane. Yen Tayu bisa ngronce tembung sing bisa nuwuhake dudutan lamun Ki
Suwela apa dene Makara kuwi wong julig sing duwe watek lamis, mangka aku ya
bisa weruh yen arepa kaya apa Ki Suwela lan Makara uga kabecikan. Kosok baline,
aku ora mung bisa maca Ki Suwela lan Makara wae, nanging uga bisa maca tangkeb
lan sikepe Tayu lan punggawa-punggawa liyane. Aku uga kelingan pituture Rama
Tumenggung marang aku, sing ngandhakne supaya aku luwih ngati-ati lan aja
gampang percaya marang wong sing seneng golek rai, kanthi dodolan kancane, memada
lan ngeler alaning rowang ing ngarepe dhuwuran, murih dheweke katon becik
dhewe. Mula krungu kojahe Tayu sing kekudhung dhawuh sinandi saka Rama
Tumengung iki, aku kudu luwih dawa maneh nggonku ngulir lakuning pikir.
"Aku
banget nedha nrima marang ndika Ki Tayu" wusanane aku aweh wangsulan
"nanging ndika ya kudu ngerti, sanadyan aku iki mung bocah ndesa nanging
uga kaparingan nalar lan budi sing ora beda karo wong kutha. Tegese, aku ya bisa
maca lan ngangen-angen karo apa sing ana sakiwa tengenku. Lan mesthi wae, sadurunge
aku gawe dudutan angen-angenku mesthi bakal munggah lan mudhun, nimbang lan
nglimbang, endi sing jumbuh karo kahanan sing samesthine, ora mung wewaton saka
kira-kira luwih-luwih wewaton apa jarene wong crita".
Tayu
katon mbrabak krungu wangsulanku sing mangkono kuwi, nanging ora semaur
apa-apa. Malah banjur ndhingkluk, nyawang lemah karo ora jumecap apa-apa.
Satemene aku ya rada getun karo wangsulanku sing nyenggol rasa pangrasane Tayu
kuwi mau. Nanging wis kadhung tak ucapne, mula aku banjur mikir, golek cara
piye carane supaya Tayu ora kelarut-larut nggone gela.
"Ngene
wae Ki Tayu lan ndika Ki Lancur" wekasan aku oleh dalan kanggo ngencerake
kahanan sing kober rada kaku "bab sing magepokan karo Ki Suwela apa dene
Kakang Makara, bisa ditutugne mengko utawa kapan-kapan yen ana wektu sing becik
lan mirunggan, merga aku ya ngerti ing babagan nggonku ngabdi marang negara lan
kawula ing Majapahit lumantar dadi ing dalem Katumenggungan iki, mbutuhake
rerigen lan pamrayoga saka andika kuwi kabeh".
"Inggih
Gus" Tayu mung meneng karo manthuk, sing wangsulan mung Lancur dhewe.
"Sabanjure,
mbaleni rembug ing ngarep, ya iku magepokan karo panyuwune Ki Waraka sing
mbutuhake Layang Palilah sing ditapak-astani dening Rama Tumenggung lan
dipikuwati klawan cap Dalem Katumenggungan, gegayutan karo olehe anggaota Ki
Waraka" kandhaku sabanjure.
"Kula
kinten sampun cekap Gus" Tayu sing maune meneng karo ndhingkluk aweh
wangsulan cekak.
"Cukup
kepiye Ki Tayu?" aku takon.
"Kula
sampun atur pamanggih makaten ugi adhi Lancur ugi sampun ngaturaken
pamanggihipun" Tayu wangsulan
"kula pitados sanaosa dereng kula pireng, Jengandika Gus Wanda tartamtu
ugi sampun kagungan pamanggih. Inggih kanthi pamanggih-pamanggih kala wau, kula
pitados jengandika langkung pana anggenipun nata ukara ingkang badhe kunjuk ing
ngarsanipun Gusti Tumenggung".
"Bener
Ki Tayu, awit sing kagungan wewenang napak astani Layang Palilah kuwi ora ana
liya kajaba Rama Tumenggung, mangka
luwih prayoga yen kabeh panemu kang ana iki diaturne ing ngarsane Rama
Tumenggung, mengko apa sing dadi putusane Rama Tumenggung kuwi sing kudu ditindakne".
Ora
suwe Lancur karo Tayu banjur pamitan mundur, ora ana tandha-tandha yen Tayu
isih nggembol rasa gela ing atine. Aku uga banjur menyat kepengin metu nyawang
hawa njaba.
ana
candhake.