95.
Alon-alon
tangan kula, kula tumpangaken ing palarapanipun Biyung. Lajeng pipih ingkang
wonten sacaketipun kula pendhet, kula angge ngusapi riwenipun. Wangunipun
Biyung kraos menawi kula usap riwenipun, netranipun dipun bikak, nglirik
dhateng kula, lajeng mesem.
“Kowe
ora apa-apa Nang?” kanthi suwanten ingkang alon Biyung ndangu kula. Kepireng
aneh pandangunipun Biyung menika, panjenenganipun ingkang nembe gerah, malah
kula ingkang dipun dangu “boten menapa-menapa”.
“Pradapa
seger waras Biyung” atur wangsulan kula “Biyung enggal dhangan inggih?”.
“Sokur
ta nek pancen kowe ora apa-apa Ngger” Biyung ngendika malih “jebul wewayangan
sing tak sawang mau mung wewayangan suwung, tiwas aku kaget nganti dadi
rejengane wong akeh kaya ngene”.
“Ki
Lurah, kaparenga nulungi, kula kepengin linggih piyambak” Biyung lajeng matur
dhateng Bapa ingkang mangku mustakanipun.
“Iya
ayo tak tangekne Nyai” wangsulanipun Bapa kalihan nulungi Biyung “kene sendhen
ing dhadhaku kene, sadurunge kekuwatanmu bali pulih”.
Biyung
lajeng lenggah kalihan sumendhe dhateng Bapa. Tiyang-tiyang ingkang sami
ngrubung dening Bapa dipun sasmitani murih sumingkir saking mriku rumiyin,
supados hawanipun boten sumpeg.
“Sliramu
mau genahe kepiye ta Nyai?” sasampunipun tiyang-tiyang sami sumingkir tebih,
Bapa lajeng ndangu dhateng Biyung “kok jarene sing weruh mau, dumadakan sliramu
rubuh banjur ora eling apa-apa? Lan sawise anakmu lanang nyedhak kowe kandha
yen weruh sesawangan sing jebule mung wewayangan sing suwung, sliramu mau weruh
apa Nyai?”.
“Inggih
Kyaine” atur wangsulanipun Biyung kaselanan mawi nyruput wedang jahe benter
ingkang cumawis ing sacaketipun “kula piyambak inggih kirang patosa cetha. Kala
wau kula rak nembe kasengsem methiki sekar melathi ingkang nedheng mekar-mekar
ing sacaketing regol, badhe kula sukakaken ing cem-cemaning klentik. Dumadakan
kula mireng suwanten pating jalerit saking katebihan. Sareng kula ngadeg sarwi
nilingaken asaling suwanten, dumadakan kula sumerep gunung lan jurang-jurang
ingkang lebet mapan ing sabranganing margi ngajengan mriku. Lan ing gunung
ingkang ngongkang jurang menika kula sumerep putra ndika pun Pradapa menika
nembe mlajeng-mlajeng mbujung Podhang Pita, temah sukunipun kepleset dhawah
kajegur dhateng salebeting jurang. Sakala kula njerit sakayangipun ketang
kageting manah kula, salajengipun kula sampun boten emut menapa-menapa malih.
Nembe kraos menawi kula sampun kabekta mlebet griya nalika kringet kula dipun
seka putra ndika pun Thole Pradapa niku wau”.
Ketingal
menawi Bapa sakalangkung migatosaken atur wangsulanipun Biyung ingkang makaten
menika. Menika saged katitik saking njengkerutipun kulit ing palarapanipun, lan
sareng sampun rampung anggenipun Biyung atur wangsulan, kepireng suwantenipun
Bapa ingkang lajeng unjal ambegan landhung.
“Nyuwun
pangapunten Kyaine” sareng sampun radi dangu Bapa boten ngendika menapa-menapa,
Biyung lajeng matur malih “menika pralampita menapa ? mbok inggiha Kyaine
nyukani kabar dhateng kula. Jalaran sanaosa sak niki anak kula Pradapa boten
kirang setunggal menapa, nanging wewayanganing sesawangan ingkang ndadosaken
kaget kula menika tansah kumanthil-kanthil ing mripat niki lan ingkang makaten
kala wau ndadosaken manah kula tansah kraos sar-saran ingkang boten
kanten-kantenan”.
“Kuwi
dudu pralampita apa-apa Nyai” dhawuh wangsulanipun Bapa “wangune sliramu kuwi
kekeselen lan kurang leren, saking nggonmu ketungkul nandangi gaweyan nganti
kowe lali mangan lan ora kober leren, angen-angenmu klambrangan tekan
ngendi-endi sing pungkasane kaya sing mbok alami iki, weruh sesawangan sing
satemene wewayangan sing ngayawara”.
“Rumaos
kula, kula niki nggih boten nyambut damel menapa-menapa lho Kyaine?”
Biyung gentos wangsulan “menawi prekawis
nedha, kula inggih boten kirang, tiyang saben-saben ngladosi ndika dhahar
ngoten nika kula nggih lajeng tumut nedha, menawi dinten Senen lan Kemis kula
inggih ndherek siam ndika. Lan kula ugi boten ngraosaken kesel babar pisan,
tiyang kula boten nyambut damel awrat”.
“Sliramu
kuwi pancen angel kok nek dituturi” Bapa ngendika kalihan mesem “lha wong genah
wis sepasar luwih ajeg lesungmu jumengglung suwarane, merga sliramu lan para
simbok padha repot yasa beras ngono lho? Orawa tanganmu kekeselen ngudang alu,
ya ora sedhela nggonmu mumet inter-inter lan tapen. Merga atimu seneng, sliramu
ora ngrasakne kesel, nanging sirah karo bebaumu ora bisa diapusi, panggah upama
bisa guneman mesthi padha kandha nek mbutuhne leren sauntara. Karo maneh anakmu
lanang kuwi wis gedhe tuwa, wis bisa ngopeni awake dhewe, pikiranmu aja kaya
nalika Pradapa isih cilik biyen, nek tiba saka olehe dolanan isih mbutuhake
pitulungan bisane tangi, nganti sapari polahe Pradapa mbok uwasi aja nganti
dolanan sing bisa mbebayani.”
“Inggih,
inggih Kyaine” Biyung nguwali anggenipun sendhen dhateng Bapa kalihan atur
wangsulan “perkawis damelan mila ndika ingkang leres, nanging menawi prekawis
Pradapa, menapa estu yoga ndika niku empun ageng ?”.
“Sliramu
ki gek kepiye ta?” Bapa mangsulaken pitakenipun Biyung “genah nek karo aku wae
wis dhuwur Pradapa ngono kok, sliramu malah isih ndadak takon tenan apa ora?
Apa sliramu duwe karep liya?”
“Kajeng
sanes pripun Kyaine?”
“Sliramu
wis kepengin momong putu?” Bapa pitaken kalihan gumujeng.
“Gene
ya wis pirsa ngoten lho? Kok ndadak takok barang?”.
Mireng
anggenipun gegujengan antawisipun Bapa kalih Biyung ingkang nggepok kula
makaten menika, raosing manah kula inggih lajeng lingsem piyambak. Estunipun
Biyung sampun wongsal-wangsul paring dhawuh dhumateng kula murih kula enggal
pados sisihan, awit kanca dolan sabarakan kula sampun meh sedaya gadhah semah.
Nanging kula dereng kepengin mangun bebrayan, kula taksih rumaos kirang ing
sadhengah seserepan, inggih seserepan ing babagan kanuraganm babagan bebrayan,
sastra lan sanesipun. Kula taksih kepengin pados lan mewahi seserepan kula
langkung rumiyin.
Ketingalipun
Bapa tanggap kalihan kawontenan kula, mila lajeng dhawuh dhateng Biyung :
“Perkara
olehmu kepengin enggal momong putu kaya tangga-tanggane dhewe, bisa dirembug
sesuk-sesuk, sing baku wektu iki sliramu kudu waras dhisik”.
“Kula
sampun saras kok Kyaine?” wangsulanipun Biyung “kantun lemes lan kraos lungkrah
kemawon”.
“Iya,
kareben enggal bali pulih kekuwatanmu lan ilang rasa lungkrahmu, saiki enggonen
turon neng senthongmu kana. Mau aku isih krungu suwarane mBokne Gendruk
jagongan karo wong-wong neng Gandhok wetan, kongkonen supaya ngancani lan ngurut
sliramu pisan” Bapa nglajengaken dhawuhipun dhateng Biyung murih tumuli kendel
ing papan pasareyanipun.
Biyung
inggih lajeng jumeneng badhe madosi mBokne Gendruk badhe kadhawuhan meteki
saliranipun ing patunggon. Nalika kula nututi ngadeg badhe nglawani anggenipun
Biyung tindak, kalihan mesem Biyung paring dhawuh :
“Aku
wis kuwat dhewe kok Nang, aja banget-banget nggonmu mikirne Biyung, merga
Biyung ora apa-apa tenan”.
Nembe
sasampunipun kula sumerep Biyung medal saking gandhok wetan tindak tumuju patunggonipun
lan dipun tutaken mBokne Gendruk, Dhukun pijet ingkang kulina meteki Biyung,
kula lajeng wangsul mapan linggih ing sandhingipun Bapa malih. Nanging kula
radi gumun, kalihan lenggah ing papanipun kala wau ketingal menawi Bapa nembe
nindakaken lampah semedi. Lenggahipun sila suku kanan tumumpang ing suku
kering. Epek-epeking asta kanan kering tangkeb ing sangajenging jaja. Mustaka
radi tumungkul kalihan netra anglirik dhateng pucuking grana. Ngantos sawatawis
dangu Bapa namung kendel kados reca, malah napasipun ugi boten kapireng babar
pisan. Kula inggih lajeng mapan linggih ngapurancang ing ngarsanipun Bapa,
boten wantun kumecap menapa-menapa.
Sareng
sampun sawatawis dangu, Bapa sampun rampung anggenipun nindakaken lampah
semedi. Lajeng wangsul lenggah kanthi limrah, kula lirik ketingal menawi Bapa
nembe ngampet raos ingkang boten sekeca ing penggalihipun. Sasampunipun unjal
ambegan landhung kaping tiga, Bapa lajeng ndangu kula :
“Kowe
mau isih ana kene ta Pradapa? Kepiye Biyungmu mau? Wis gelem leren neng
senthonge apa isih ana ngendi?”.
“Inggih
Bapa, Biyung sampun mlebet ing patunggon dipun kancani mBokne Gendruk”
wangsulan kula menapa wontenipun.
“Kowe
mau menyang ngendi kok olehmu nyedhak Biyungmu wis suwe sawuse Biyungmu
ngglethak ora eling, kowe lagi teka? Sangertiku, wiwit sadurunge srengenge
ngglewang mangulon kowe mau wis ora ana omah ta? Menyang ngendi kowe mau Ngger?”
dumadakan Bapa ndangu dhateng kula, mundhut pirsa makaten menika.
“Nyuwun
pangapunten Bapa” kula lajeng atur wangsulan, kalihan nimbang-nimbang
salebeting manah, prayogi menapa boten manawi dhawuh welingipun Raden Gunendra
dhateng kula kala wau, kula aturaken dhateng Bapa pisan “mila wiwit tengange
kala wau, kula dhateng Sanggar, katimbalan marak dening Rama Kyai Daka”.
“Iya,
iya kabeneran yen pancen mangkono” Dhawuh pangandikanipun Bapa malih “ana
bab-bab wigati sing arep tak kandhakne sarta tak rembug karo kowe, nanging ora
saiki awit wektune wis rada kesoren, kamangka sing arep dirembug cukup akeh. Dadi
mengko bengi wae, kowe aja lunga saka omah, aku karo kowe bisa jagongan nganti
katog ana ing Sanggar Kalurahan”.
“Manawi
makaten inggih ngestokaken dhawuh Bapa” atur wangsulan kula, kalih ing
salebeting manah wonten sakedhik raos cuwa, awit dereng saged ngaturaken dhawuh
pawelingipun Raden Gunendra dhateng Bapa.
Bapa
lajeng jumeneng, tindak dhateng pancuran badhe sesuci, kados padatan saben
dintenipun inggih menika kangge ngayati jejibahan kapitayan ingkang dipun rasuk,
manembah ing wanci sonten sasampunipun wewayanganing barang ingkang kasorot
dening surya langkung panjang katimbang barangipun. Kula piyambak inggih lajeng
medal saking griya badhe nindakaken kuwajiban nyawisaken diyan ingkang badhe
kasumet mangke dalu murih kawontenan boten peteng.
Ana candhake.