Total Tayangan Halaman

Minggu, 25 April 2021

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (56)

 56.


Ki Gambangkawat nyawang Ajar Taliwangsa, awit apa sing dikandhakne Ki Lindhuk pancen klebu ing nalar, mung wae rasaning atine Gambangkawat durung bisa nampa yen Luwukabang lan Tamparangin uga Klabangireng duwe lekas nyidrani kaparcayan sing diwenehake kuwi. Ajar Taliwangsa sajak bisa ngrasakne apa sing dirasakne Gambangkawat, mula banjur kandha :


"Apa sing didhawuhne Paman Lindhuk kuwi pancen ketoke akeh benere, nanging luwih pas maneh manawa ana bukti sing ora mung mandheg ing pangira-ira".


"Kersane Kakang Taliwangsa?" Gambangkawat takon.


"Si Adhi luwih becik  kongkonan bocah sing wis rada apal laladan Tundhan kene, supaya nitik tilas-tilas anane paprangan antarane Landhung lan kanca-kancane lumawan wong-wonge dhewe".


"Kuwi sing luwih pas" Ki Lindhuk nyauti rembug "nanging aku duwe panemu ngene, mengko wae Anakmas Taliwangsa karo aku wae sing budhal nitik. Kajaba ben ora ngawistarani, uga nek sing tuwa-tuwa ngene iki sing tandang ora kakehan pitakonan".


"Menawi makaten, kula inggih kepengin ndherek Paman" Gambangkawat numpangi rembug.


"Ngono ya becik wae" wangsulane Ki Lindhuk "nanging gaweyanmu pasrahna menyang Kesit luwih dhisik".


"Harak namung sekedhap ta Paman? Napa mbetahaken wekdal ngantos setunggal dinten?".


"Oraa wae, nek gaweyan ana sing nyekel rak ya ora dadi pikiran ta Dhi?" Ajar Taliwangsa melu nindhihi rembug.


Gambangkawat ora semaur, mung banjur ngadeg narik taline gentha ambal pindho, banjur bali lungguh kumpul karo Ki Lindhuk lan Ajar Taliwangsa.


Ora suwe Kesit mlebu munggah pendhapa, nemoni Gambangkawat.


"Wonten dhawuh Bapa?" sadurunge ditakoni Kesit luwih dhisik cadhong dhawuh.


Ki Gambangkawat banjur kandha yen mengko arep ndherekne Ki Lindhuk lan Ajar Taliwangsa ngangklanf jagat Tundhan. Kesit kapasrahan wewenang ngrampungi lamun sasuwene ditinggal ngangklang ana perkara.


"Nanging iki aja nganti krungu sapa-sapa" welinge Ki Gambangkawat sabanjure.


"Inggih Bapa" Kesit semaur, "napa Bapa kaliyan mBah Lindhuk badhe bidhal enjing niki?".


"Iya, mula aja tinggal kaprayitnan. Yen ana sing sajak nguwatirake, kirima tengara mawa panah sendaren sing matundha" 


"Inggih Bapa"


Kesit banjur alon-alon mundur, ngumpuli kanca-kancane sing mapan ana gandhok sawetane Pendhapa.


Ana candake.

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (55)

 55.


Kyai Saepullah unjal ambegan landhung, jroning ati ngunjukne syukur marang Allah, awit sajake cahyaning pituduh wis ambyok ing atine Luwukabang. Mula Kyai sing wicaksana iku banjur mangsuli pitakone Luwukabang :

"Ooo, kuwi ngene Ki Luwukabang, sajroning kahanan mangkono iku, yen ndika kepengin ngunjukne sembah marang Allah ya cukup klawan ora obah, jroning cipta ngunjukne ucaping panembah sacukupe. Dene yen ndika ngersakne atur bekti marang sapepadhaning titah, ndika cukup matur marang sing arep ndika bekteni klawan ucap pangabekti" .


Luwukabang gumuyu lirih, rumangsa lega oleh wangsulan ngono kuwi. Banjur ora suwe, tumuli ngucap nyebut jenenge Rangga :

"Dhuh sang mustikaning bawana Kaki Rangga.......".


Rangga sing jenenge disebut gage nyaut :


"Ana apa Ki Luwukabang?".


"Jagad neksenana, dinten niki kula Luwukabang anetepi sumpah, mugi Kaki Rangga kersaa nampi pangabekti saking kula, lan mugi sedaya anekseni bilih kula sampun miwiti kangge sadanguning gesang kula, badhe manut miturut dhumateng Kaki Rangga minangka guru kula".


"Semanten ugi kula" Tamparangin karo isih ngglethak ya melu omong "bilih wiwit dinten punika kula prasetya dados abdinipun Ki Rangga, sedaya dhawuhipun badhe kula estokaken lan boten pisan-pisan wantun ndaga ingkang dados kersanipun Ki Rangga".


Krungu omonge Luwukabang karo Tamparangin ngono kuwi, Rangga banjur nyaut kanthi tembung sing alus :

"Ki Luwukabang lan Ki Tamparangin, perkara sing ndika kandhakne kuwi, aku wis bisa ngerteni. Mung wae, jawabanku ndika wong loro tak aturi sabar ngenteni, yaiku mbesuk wae yen ndika wis bali waras kaya wingi uni".


Kyai Saepullah rumangsa marem, awit katon yen gegedhug loro andel-andele Ki Gambangkawat kuwi sajake kena diajak manjing marang laku tobat. Kyai Saepullah uga ndedonga sajroning atine, muga-muga wong-wong liyane uga padha kaparingan hidayah temah gelem nulad lekase gegedhug loro kuwi.


Sauntara iku, sing ana ing Tundhan Ki Gambangkawat sing lagi rembugan karo Ki Lindhuk lan Ajar Taliwangsa, nelakake gumun wor lan kuwatiring atine.


"Niki mpun sepeken Klabangireng, Adhi Tamparangin lan Adhi Luwukabang kula kongkon nyegat lampahe Ki Landhung teng sajawine Dhusun, nanging dugi sepriki dereng wonten kabare" kandhane Ki Gambangkawat marang Ki Lindhuk lan Ajar Taliwangsa ing pendhapa kalurahan Tundhan.


"Lha ya, maune aku ya ora nggagas bab kuwi" wangsulane Ki Lindhuk "nanging bareng nganti sepasar ora ana wartane banjur thukul pitakonan-pitakonan ing atiku".


"Pitaken kados pundi Paman?" Taliwangsa takon.


"Miturut petung sing waras" Ki Lindhuk wangsulan "kudune bocah-bocah kuwi wis bisa ngrangket Landhung sakancane kabeh. Mula tuwuh pitakonan : apa kira-kira barang lan bandha sing digawa Landhung kuwi mbejaji banget? Banjur bocah-bocah kuwi melik, kepengin nyingidne luwih dhisik, dadi ora digawa bali mrene".


"Lha nek ngotena saestu, inggih pantes nampi pidana ingkang awrat Paman" wangsulane Gambangkawat "nanging, kok sajake mboteb badhe ngoten, tiyang wonten Adhi Luwukabang miwah Adhi Tamparangin".


"Lha nek ora ngono banjur ana kedadeyan apa kira-kira?" Ki Lindhuk wangsulan "upama bocah-bocah kuwi bisa dikalahne dening Landhung sakancane, mesthine Landhung ya wis tekan kene, wong tujuwane rak pancen arep mrene. Ya ra?".


Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (54)

 54.

Lungit meneng sedhela. Diran karo Tugur ketok ora sabar ngenteni bacute crita. Ora suwe Lungit mesem amba banjur mbacutne crirane :

"Ngerti nek aku sakancaku ora bisa tangi merga remuk bebalunge ketiban sabetan sorbane, dening Kyai Saepullah aku sakanca digawa menyang papan paleremane. Patang puluh dina diopeni nganti bisa pulih kaya sadurunge. Sajroning patang puluh dina kuwi, jroning atiku ana rasa aneh kaya sing ndika sakloron rasakne wektu iki".


Tugur karo Diran manggut-manggut ngrasa eram merga critane Lungit sing ngono kuwi.


"Bareng aku lan kanca-kancaku wis waras" Lungit nerusne kojahe "dening Kyai Saepullah ditundhung supaya ninggalne papan kono. Nanging gandheng aku wong lima wis kadhung krasan ndherek Kyai Saepullah, aku sakanca gemang pisah karo Kyai, mula aku banjur matur kepengin ndherek sinau ngilmu kautamaning laku. Panyuwunku ditampa, nganti seprene aku dadi santrine Kyaiku ya guruku Kyai Saepullah".


Tugur lan Diran sansaya kasengsem marang critane Lungit. Tuwuh jroning atine wong loro kuwi rasa kepengin niru lekase Lungit, yaiku kepengin matur marang Kyai Saepullah yen kepengin ndherek suwita dadi santrine murih tinuntun ngambah laku tobat. Saupama pepenginane kuwi mengko kudu tinebus pedhoting sesambungan karo kanca-kancane sing milih bali urip ngliwati dalan lawas, jroning atine wong loro kuwi bakal nekad.


"Nuwun sewu Ki Lungit" sawuse meneng sauntara Diran ngomong alon "upama aku kepengin nulad lekas ndika, ndherek suwita lan melu ing laku tobat, kira-kira Kyai Saepullah kersa nampa apa ora ya?".


Lungit mesem, wangsulane :

"Ya njajal dicoba matur marang Kyai. Nek ndika temen-temen duwe niyat mangkono mrsthi bakal ditampa".


"Apa Kyai Saepullah bisa maca niyat sing ana atine wong liya?" Tugur takon.


"Aja salah tampa" wangsulane Lungit "yen ndika niyate suci, mangka Gusti Allah sing bakal ngobahne penggalihe Kyai".


Sauntara iku, kahanane Luwukabang, Tamparangin lan Klabangireng mbaka sethithik sansaya luwih apik. Kanthi sabar Kyai Saepullah tansah ngopeni wong telu kuwi saapik-apike. Bebalung sing padha remuk ditata ing papane sakawit, banjur diboboki karo maneka warna gegodhongan sing ngemu tamba. Satata sing dhasare seneng nggilut kawruh kawarasan, kadhawuhan dening Gurune supaya melu ngopeni wong telu kuwi. Satata dhewe rumangsa seneng nglakoni dhawuhe gurune, awit kajaba bisa muwuhi kawruhe, nadyan mung sethithik wis bisa melu ngecakne kawruh kamanungsan, yaiku aweh pitulungan marang sok sapaa sing mbutuhake.


Luwukabang, Tamparangin lan Klabangireng, sing manggone jejer-jejer, tansah bisa omong-omongan siji lan sijine. Dadi ora rumangsa kasepen merga ora ana sing ngajak cecaturan.


"Ndika wong telu tak aturi nglonggarne pikir dhisik" kandhane Kyai Saepullah sawuse rampung mboboki wong telu kuwi "kanggo sawantara, ora susah mikir sing abot-abot dhisik, merga kuwi dadi kuncine ndika enggal bisa waras lan pulih kaya wingi uni. Perkara ndika isih kepengin gawe petung karo Angger Rangga, mengko bisa dirampungne yen ndika wis padha waras. Harak inggih makaten ta Angger Rangga?".


Rangga sing wektu kuwi ana kono, kaget krungu jenenge disebut Kyai Saepullah, gage wae aweh wangsulan :


"Inggih, inggih Rama Kyai. Inggih mugi-mugi kemawon priyantun tetiga punika enggala saras, pulih kados wingi uni".


"Rama Kyai......" dumadakan Luwukabang omong alon "punapa kula kepareng badhe nyuwun pirsa?".


"Ana apa Ki Luwukabang? Aja menggalih sing abot-abot dhisik" Kyai Saepullah wangsulan karo nyedhak.


"Inggih Rama" Luwukabang bali omong "namung badhe matur, kadospundi caranipun atur pangabekti tumrap tiyang ingkang nembe kados kula ngaten punika?".


Sing padha krungu pitakone Luwukabang ngono kuwi padha rada gumun. Jebul Gegedhug sing dadi andel-andele Ki Gambangkawat kuwi bisa migunakake basa krama sing alus. Lha sing ditakokne kok ya aneh, carane ngaturake pangabekti, lha Gegedhug sing duwe kadigdayan linuwih iki apa arep ngaturake pangabekti? Marang sapa?.



Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (53)

 53.

Wis sepasar suwene wong-wonge Gambangkawat andhahane Klabangireng kumpul karo santri-santrine Kyai Saepullah neng gisik bengawan sisih lor. Nadyan drajate telukan nanging anggone ngrengkuh para santri marang wong-wong mau ora kaya marang wong sing lagi wae memungsuhan. Dina kapindho saka anggone teka neng papan palerenane Ki Wangsa, wong-wonge Gambangkawat diperang dadi telung pepanthan, semono uga para santrine Kyai Saepullah. Sing sapantha dipandhegani Bebau ing Palkuning padha diajak yasa gubug-gubug palerenan. Sing sapantha maneh dipandhegani Bebau Ngampon, padha diajak mlebu alas luru pala kependhem kanggo pasadiyan pangan. Dene sing sapantha maneh, nyabrang mangidul disuhi dening Ki Saradan, ngulat-ulati menawa ana bebaya sing teka.


Wohing kumpul karo sing nelukne, oleh tangkeb sing becik, basa sing grapyak semanak lan kebak rasa pasaduluran, ing atine wong-wong sing kulina urip kasar lan ngendelne kuwating raga kuwi wiwit kegugah atine, bisa ngrasakne urip sing rada tentrem. Ora kuwatir yen nganti ditindhes dening sing jarene kancane dhewe. Nindakne pagaweyan ora merga saka wedi oleh prentah saka sing kuwasa, nanging sinurung rasa asih marang sapepadhane.


"Aku ngrasakne ana rasa aneh neng jero ati iki iki Kang?" kandhane Tugur salah siji saka wong-wonge Gambangkawat marang kancane sing jeneng Diran. Nalika wayahe leren awan.


"Aneh piye?" Diran takon "aja-aja rasamu lan rasaku padha?"


"Aku tansah kelingan, jaman sepisanan kumpul karo Ki Klabangireng" Tugur wangsulan.


"Lho? Gajeke kowe biyen telukan saka Gunung Kelir ta?" Diran takob maneh.


"Bener Kang" wangsulane Tugur "lha ya kuwi, biyen aku melu gladhen kanuragan ing desaku, kanthi pangarep-arep duwe kaluwihan tinimbang kancane, jebul malah ditekani kongkonane Ki Klabangireng aku sakanca dipeksa teluk nek ora kepengin mati siya kaya guruku, lha bareng oleh setengah tahun dadi telukan, banjur didadekne andhahan, saiki genti ditelukne Kyai Saepullah".


"Critaku lan critaku meh padha" Diran wangsulan "aku wis lali sapa wong tuwaku sing sejati, eling-eling aku wis dadi open-openane Kere sing dibasakne Biyung Gerang maranf dheweke, bareng aku wis rada gedhe, aku dielokne Ki Klabangireng, banjur saiki dadi telukane Kyai Saepullah iki. Banjur sing kok arani ana rasa aneh kuwi rasa sing kepiye?".


"Ngene lho Kang" Tugur semaur "biyen nalika aku urip dadi cantrik kanuragan ing desaku, saben dina aku nglakoni prentahe guru, yen nganti ndaga dhawuh bakal nampa ukuman sing abot saka guruku. Banjur bareng dadi telukan, apa sing tak tindakne gumantung karo sing wis nelukne. Urip iki anane mung yen ora kepengin remuk ragane kudu gelem diina lan diprentah sakepenake sing prentah, sanajan wis didhaku dadi andhahan uripku ya ing ngisore prentah juragan, yen nganti kleru nindakne dhawuh, dipisuh-pisuhi, diunek-unekne sing gawe laraning ati, kuwi isih diarani beja, tinimbang diajar lan dipala. Lha rasa aneh sing tak rasakne saiki iki, sasuwene dadi telukane Kyai Saepullah iki, tembung kasar, pisuh, pangina babar pisan ora ana, luwih-luwih wujude pasiksan marang raga, babar pisan ora nate kecrita. Malah rumangsaku antarane santri - santri kae, karo awake dhewe ora ana bedane. Jujur wae Kang, aku luwih krasan dadi telukane Kyai Saepullah........".


"Jebul rasamu lan rasaku padha" Diran wangsulan "saka rumangsaku, dadi telukane Kyai Saepullah iki ora ana rasa uwas, ora ana rasa kuwatir".


"Rasa ndika sakloron iku ora beda karo rasaku, nalika sepisanan aku ndherek Kyai" Diran lan Tugur padha kaget, dumadakan ing sacedhake wis ana wong liya, yaiku Lungit santrine Kyai Saepullah.


"Lho, ndika iki rak Santrine Kyai Saepullah ta?" Diran groyok takon.


"Bener Kisanak, jenengku Lungit dadi Santrine Kyai Saepullah wis rada suwe" wangsulane Lungit karo mesem.


"Beja temen urip ndika Ki Lungit" Diran tumanggap "bisa dadi santrine Kyai Saepullah, beda karo wong tulising uripe kaya aku iki, cilik mula mung dadi wong sing ora genah kiblate".


"Aja kleru tampa Kisanak" Lungit wangsulan "biyen aku ora tepung karo agama, pagaweyanku kajaba colong jupuk duweke liyan, aku ya jagal bayaran, dudu jagal kebo utawa sapi, nanging jagal menungsa".


"Elho?" Diran mlengak.


"Bener, banjur aku disewa dening wong sugih ngakune saka cedhak gunung layang kana. Aku bakal diopahi bandha donya sing ora sethithik nek bisa nugel gulune Kyai Saepullah".


"Lha kok saiki malah dadi Santrine?" Tugur takon.


"Ya kuwi sing diarani Maha Murahing Allah marang titahE" Lungit nggenahake "kanggo ngrampungi Kyai Saepullah aku ngajak kanca cacah papat, tak ajak nyegat Kyai Saepullah. Jebul dudu Kyai Saepullah sing tumekeng pati, nannging aku wong lima sing nandhang tatu sing upama ora oleh wong sing pinter nambani, bisa uga aku wong lima tumekeng tiwas, sabeja-bejane bakal dadi wong cacat sing ora ana gunane ing selawase uripe".


"Ndika sakanca kalah mungsuh Kyai Saepullah? Malah nandhang tatu abot? Banjur sapa sing nambani?" Diran takon.


Ana Candhake.

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (52)

 52.

Nadyan durung bisa apa-apa, nanging kahanane Klabangireng, Luwukabang lan Tamparangin wis ora mbebayani maneh. Kari mbutuhne wektu sing rada suwe kanggo marekne balung-balunge sing padha remuk. Sauntara wong telu kuwi leren, Kyai Saepullah banjur njagongi Ki Labdhung sing uga lagi jejagongan karo wong liyane klebu Rangga lan Marga.


"Sakniki prayogining lampah kados pundi Ki?" Ki Landhung takon marang Kyai Saepullah "kula kinten, titiyangipun Gambangkawat taksih kathah ingkang mapan ing Tundhan".


"Leres Kyai" wangsulane Kyai Saepullah "langkung prayogi awakipun piyambak wangsul dhateng gisik ler benawi malih kemawon. Pripun menawi makaten Angger Rangga?".


"Kula ndherek pamanggihipun Kyai Saepullah kemawon" wangsulane Rangga "mangke ing gisik saged dipun rembag malih kados pundi prayogining lampah".


Kyai Saepullah tumuli printah marang santri-santrine supaya yasa tandhu kanggo ngusung wong telu digawa menyang gisik papan palerenane Ki Wangsa. Ora suwe wong-wonge Gambangkawat klawan dikawal para Santrine Kyai Saepullah diajak budhal menyang Gisik minangka telukan.


Sing kaprentah mikul tandhune wong telu sing ora bisa mlaku yaiku santri-santrine Kyai Saepullah kabeh, kanthi gentenan. Wong-wong sing dadi telukan, sing uga klebu bawahane wong sing dipikul padha gumun, dene sikepe Kyai Saepullah lan santri-santrine marang mungsuh sing wis tanpa daya, katon keliwat becik. Mangkono iku adoh banget bedane karo sikep sing kerep dicakne golongane wong-wong kuwi nalika bisa ngalahne mungsuh-mungsuhe.


"Sing mikul aku iki sapa ya?" Luwukabang sing mlumah ora bisa obah ing dhuwur tandhu takon klawan suwara sing alon.


"Kanca-kanca Santrine Kyai Saepullah Ki" wangsulane salah siji sing mikul "apa ndika ngrasakne nggonku sakanca mlaku ora rata? Utawa kekasaren?".


"Ora, ora Kisanak" wangsulane Luwukabang alon "laku ndika krasa alus lan kepenak tak rasakne, aku mung bisa ngaturne panuwun marang nDika kabeh, muga-muga Sing Kuwasa paringa kanugrahan marang ndika".


"Matur nuwun Ki" wangsulane sing mikul "saiki kasekecakna dhisik nggon ndika sarean, welinge Kyai mau ndika ora dikeparengake kakehan obah lan menggalih sing neka-neka luwih dhisik, ben badan ndika bisa enggal pulih".


"Iya Kisanak" tanpa krasa ana luh anget nelesi pipine Luwukabang, mbok menawa selawase urip ya lagi iki ana rasa aneh sing nggremeti sajroning dhadhane "kudune aku sing matur nuwun lan nyuwun pangapura marang Kyai Saepullah, Adhi Rangga lan nDika kabeh. Apa aku oleh ngerteni kepiye kahanane sedulurku si Tamparangin, Klabangireng lan wong-wong saka Tundhan kongkonane Adhi Gambangkawat ?".


"Ki Klabangireng karo Ki Tamparangin, padha karo ndika Ki, ditandhu lan digawa nyang papan palerenan murih luwih cepet warase. Para andhahan ndika uga padha melu ngeterne mrana, isih utuh ora ana sing keplayu, kabeh mlaku dhewe-dhewe kanthi mardika awit dudu telukan sing kudu dibanda tangane".


Klabangireng lan Tamparangin sing uga ngglethak neng ndhuwur tandhu, padha krungu rembugane Luwukabang karo sing mikul. Kekarone pancen dipikul neng ngarep lan mburine Luwukabang. Meneng-meneng kekarone padha gumun marang sikepe Kyai Saepullah lan para Santrine. Wong telu kuwi padha durung ngerti nek Ki Landhung lan Bebau Ngampon, Palkuning lan Saradan uga wis ana kono, mlaku neng mburi ngetutne lakune Kyai Saepullah lan santri-santrine. Wong-wong kuwi uga padha ora ngerti yen Kyai Saepullah wis utusan santrine sing sepuluh supaya ndhisiki laku, lan nyiagakne papan lan pasugatan kanggo kabeh wong sing ana rombongan kuwi.


Karo mlaku ora ana sing nyuwara apa-apa, kabeh santri padha muji dikir klawan suwara  alon sing mung bisa dirungokne kupinge dhewe-dhewe. Mung wong-wong sing lagi mikul tandhu, kala-kala nyuwara, nakoni sing dipikul mbok menawa mbutuhne apa ta apa.



Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (51)

 51.


Krungu rembuge Luwukabang karo Tamparangin sing ngono kuwi mau, Rangga dadi muntab. Luwih-luwih bareng weruh yen Kyai Saepullah uga melu repot merga nylametne wong-wong sing kena upas sing sengaja disebarake dening Tamparangin. 


Rangga sing maune mung tansah ngendhani panrajange mungsuhe iku, dumadakan mletik memburi ngedohi mungsuhe, banjur siaga arep ngadu kekuwatan. Tamparangin weruh Rangga mletik memburi, ngira yen Rangga wiwit kuwalahan ngadhepi tandange. Mula tuwuh rasa seneng ing atine lan daya-daya mburu arep nandukne goloke kanggo ngrampungi mungsuhe.


Nanging panyanane Tamparangin adoh karo kanyatan sing satemene. Nalika Tamparangin nerjang karo mbabitne goloke, Rangga luwih dhisik siaga. Teken pring kuning sing dicekeli nganggo tangan tengen, dhisike nyampluk ugel-ugele Tamparangin sing epek-epeke kanggo nyekeli golok. Sakala Tamparangin ora kuwawa ngukuhi sing dicekel, goloke mencelat tanpa kena dipenging. Durung nganti Tamparangin bisa ngrasakne lara ing tangan, disusul teken pring kuning sing disolahne Rangga mbabat pupu, Tamparangin mbengok, awake kebanting nyang lemah. Nyoba ngrekel arep tangi, nanging sikile wis ora bisa diobahne, balung pupune remuk.


Weruh Tamparangin rubuh, para Santri padha keplok lan surak gumuruh. Kang mangkono iku ndadekne wong-wong andhahane Klabangireng padha kamiweden, banjur padha mlayu bubar. Para Santri muride Kyai Saepullah ora sranta banjur padha nguber kanthi gegaman sing wis siap ditamakne.


"Hee..... aja padha mlayu!" Rangga mbengok "sing mandheg lan seleh gegaman bakal slamet, sing nekad mlayu bakal tak uber nganti kecekel"


"Sedulurku sing lagi nglakoni laku tobat" Kyai Saepullah uga nywara banter "ndika kabeh kudu elung, gedhe walate nyikara wong sing wis seleh gegaman".


Krungu suwarane Rangga lan Kyai Saepullah ngono mau, sabageyan wong-wonge Gambangkawat padha nyelehne gamane neng lemah, nanging uga  ora sethithik sing ora nggabres, nerusne mlayu karo misuhi kancane sing padha seleh gegaman.


Amerga para Santri padha mburu sing lagi mlayu wasana ing sisih wetan rada adoh saka papan gumlethake Klabangireng, Tamparangin lan Luwukabang, banjur dumadi paprangan. Antarane wonge Gambangkawat sing nedya mlayu lumawan wonge Kyai Saepullah sing kepengin ngendheg playuning mungsuh sing nedya mundur golek bebantu.


Maune wong-wonge Gambangkawat kuwi arep nekad, nanging bareng sansaya suwe mungsuh sing diadhepi sansaya akeh, yaiku saka pernah wetan, teka wong-wong sing disuhi Ki Landhung sing terus melu nrambul, wusana andhahane Klabangireng kuwi padha seleh gegaman. Kabeh banjur digiring bali ing papan gumlethake wong telu, gegedhug saka Gununglayang.


Ki Landhung, Marga lan para Bebau sing lagi teka saka sisih lor wetan kuwi ya banjur padha ngumpul karo Kyai Saepullah sing lagi ibut ngupakara Klabangireng, Tamparangin lan Luwukabang.


Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (50)

 50.


Kaya kitiran golok neng tangane Tamparangin mubeng seser. Ilang wujude golok, sing ketok mung cahya ijo sing ngiteri Rangga. Merga ngladeni mungsuhe sing kebat obahe, Rangga katut melu polah sing cepet banget. Awit jurus golok sing dicakne Tamparangin nyata nduweni daya sing nggegirisi. Suwarane mbengung kaya suwara mbrengenge kumbang gawe kekese sing padha krungu.


Rangga sing jroning ati pengin ngerti tekan sepira dhuwuring ilmu jurus goloke mungsuh, anggone ngladeni Tamparireng ya mung ngimbangi ngilmu-ngilmu sing ditrapne mungsuhe. Rangga ya wis bisa maca, satemene kabisane Tamparangin isih manggon ana sangisore Luwukabang, nanging Tamparangin nduweni jiwa licik, dadi ya diperlokne pangati-ati olehe ngadhepi. Luwih-luwih golok sing ana tangane Tamparangin iki dudu golok lumrah, nanging klebu golok sing asring dicencem ing upas-upasan, dadi saupama bisa nggores sethithik wae bisa sing kegores nemoni pati. Najan satemene upas utawa racun sing nyawiji ing sajroning golok kuwi ora ana apa-apane tumrap muride Ki Tanparupa kuwi, nanging kanggo nglegani atine sing padha nyawang, klebu Kyai Saepullah, Rangga luwih seneng ora nuduhne yen sejatine dheweke ora bakal apa-apa saupama goloke Tamparangin nyenggol kulite. Rangga milih nuduhne kalemesaning awake sarta cukating obahe satemah babar pisan kabeh sabetan lan sudukan goloke Tamparangin mung tansah ngenani angin thok.


"Keparat kowe Rangga" Tamparangin sing wis meh ngancik tataran dhuwur dhewe anggone ngecakne ilmu goloke kuwi misuh.


"Ana apa Tamparangin?" Rangga nyaut karo ngece "butuh leren apa piye? Nek kowe kesel lerena sedhela, ora-ora yen aku mentala menthung wong sing lagi leren".


"Iblis kowe Rangga" Tamparangin "wis ora ana pangapura kanggo kowe. Tata-tataa sedhela maneh, sirahmu bakal gumlundhung pisah lan gembung".


Bubar nyuwara ngono kuwi, Tamparangin bali muter goloke. Beda karo sing uwis-uwis, saka goloke nyemburake  uap sing panase kagila-gila. Kajaba panas, uap kuwi uga nyebar ganda langu campur banger sing sumebar tekan ngendi-endi. Kang mangkono iku ndadekne wong-wong sing ngepung perang tandhing kuwi padha mutah-mutah ora karuwan. Ora mung para Santri muride Kyai Saepullah sing padha mumet banjur mutah-mutah, nanging uap racun kuwi uga nempuhi wong-wonge sing dadi andhahane Klabangireng.


Ketang welase marang wong-wong kuwi, Kyai Saepullah banjur ngebut-ngebutake sorbane sing nuwuhake angin adhem ngemu ganda ampo sing seger. Wong-wong padha bali longgar ambegane.


Sauntara iku, Luwukabang sing wis eling saka anggone semaput, uga ngrasakne seseging ambegane merga anane uap panas ngganda langu banger saka goloke Tamparangin.Luwukabang uga bisa ngrasakne hawa adhem sing metu saka sorbane Kyai Saepullah. Meneng-meneng Luwukabang bisa ngawruhi sepira luhuring bebudene Kyai sing ora mung aweh pitulungan marang santri-santrine dhewe, nanging uga marang wong-wong sing temene mungsuhe. Kamangka Luwukabang uga ngerti, yen Kyai Saepullah satemene bisa nggiring uap wisa kuwi kanggo nglumpuhne wong-wonge Gambangkawat, sing mapane ora campur karo para santrine.


"Adhi Tamparangin" klawan suwara kang ringkih Luwukabang nyoba aweh peling marang adhine "rucaten aji Upasnaga nyembur wisa kuwi, elinga Dhi, sisip sembire aji kuwi bisa gawe cilakamu dhewe".


"Aja sumelang Kakang" wangsulane Tanparangin karo terus ngobat-abitne goloke ngarah marang gulune Rangga "aku wis gedhe tuwa, lan wis ngerti watak wantune aji peparinge Guru iki. Aji iki bakal tak rucat yen ndhase Rangga wis gumlundhung pisah lan gembunge".


Ana Candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...