Total Tayangan Halaman

Selasa, 27 April 2021

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (63)

 63.

Sauntara kuwi, ing kalangan sisih, wiwit keprungu bola-bali suwara pating jledhor kaya suwara bledheg binarung suwara gumuruh kaya suwarane prahara sing ditinggalne cleret tahun pedhot. Yaiku suwara cemethine Marga sing ngadhepi suwara sumiyute sabetan pedhange Ki Gambangkawat. Saking cepete anggone padha nyolahne awak-e dhewe-dhewe, wong loro kuwi arang katon wujude, awit wis katut kegawa sesulak pedhange Ki Gambangkawat, malah sing kerep ketok yaiku wewayangane Ula Enthong sing mulet-mulet bola-bali nyathek Wulung nanging tansah ora kena merga swiwine si Wulung kaya bisa ngetokne bledheg.


Perange wong loro kuwi sansaya suwe sansaya rame, mbaka sethithik padha-padha anggone ngunggahne trap-trapan ilmune. Gambangkawat rumamgsa ketanggor tenan, babar pisan ora ngira nek bocah nom sing gaweyane luru pala kependhem kuwi, jebul nduweni kaluwihan. Nadyanta mangkono, Gambangkawat tetep nduweni kayakinan yen bocah sing jeneng Marga kuwi durung mateng ngilmune. Keneng diupamakne Marga kuwi gogor sing nek diumbar bisa dadi macan sing bisa ngratoni alas, nanging wektu iki si Marga dudu macan, isih wujud gogor sing gampang dipateni. Luwih-luwih, wektu iki ngilmu sing dicakne Gambangkawat durung sepiraa, isih akeh jurus lan ngilmu simpenan sing durung dikatonke.


Beda sing ana pangrasane Gambangkawat, Marga pranyata luwih bisa maca yen musuhe isih ndhelikne ngilmu lan jurus sing mbebayani. Mula anggone ngladeni mungsuhe kena diarani ya mung satirahe wae. Cemethi sing bola-bali mbledhos kaya bledheg kuwi tenane ora ana apa-apane. Nanging, sok-sok Marga ya kepengin mancing mungsuhe supaya enggal-enggal ngetokne ngilmu simpenane. Ing sawijining kalodhangan, dheweke ngunggahne ngilmu sing dicakne rong trap-trapan, nuli-nuli. Polahe pecut neng tangane luwih cepet lan luwih angel diwaca. Ki Gambangkawat sing ora ngira lekase Marga, dadi gedandapan, ing sawijining kalodhangan nadyan ora banter upat-upat pecute Marga bisa gawe nggaler gegere Gambangkawat.


"Kurangajar" Gambangkawat mlumpat memburi karo misuh  "kuate pamecutmu mung semono ya Le? Ayo ketogen kabeh sadurunge gulumu keliwatan pedhang sing tak cekel iki".


"Ora perlu tak ketog ngilmuku Gambangkawat" wangsulane Marga "merga jebul pedhang sing kok enggo kuwi pedhang kethul lan sing nyekel tangan sing wis buyuten dadi babar pisan ora ana sing kudu dikuwatirake" .


"Setan alas" Gambangkawat ora kuwat ngampet pisuhe "pancen cangkemmu kuwi kudu disuwek dhisik kok sadurunge ditugel gulumu" .


"mBok enggal kene" Marga wangsulan "nek kowe nyata bisa lan ora kegedhen umuk" 


Gambangkawat ora semaur, meneng-meneng dhweweke wiwit ngilekne hawamurnine kanggo ngunggahi trap-trapan sing dhuwur dhewe saka ngilmune. Marga sing weruh tingkahe Gambangkawat, ora wani sembranan, ngilmu sing tau ditampa saka Ki Tanparupa disiagakne. Alon tangane obah pecute diseblakne, ora nuwuhake suwara jumlegur, nanging perbawane kaya-kaya bisa ngrontogne isen-isene dhadha.


Gambangkawat sing wis ngecakne ngilmune tataran dhuwur dhewe, ewa dene isih bisa ngrasakne getering jantung nalika Marga nyeblakne pecute. Mula Gambangkawat nuli ngilekne ilmune marang pedhang sing dicekeli. Saka pucuk pedhang kuwi dumadakan metu pega ngandhut wisa, panase kagila-gila, ndadekne mripat dadi pedhes kaya sinembur upas, marakne dhadha seseg yen nganti kasedhot katut ambegan. Arahing pedhang ora menyang lambung maneh, nanging ngarah menyang praupan. Marga dadi kuwalahan ngadhepi pega upas sing marakne dheweke kangelan nyawang, merga saka mripate, luh metu kaya banjir. Dhadhane krasa seseg, napase dadi cekak. Sauntara pedhange Gambangkawat sing memper solahe Ula Sendhok kuwi terus nguber kepengin nunjem gulu utawa jantunge.


Sauntara kuwi, Rangga sing ngadhepi Ajar Taliwangsa ora pati akeh obahe. Ajar Taliwangsa ora pati seneng ngendelne cukat lan kesite, nanging luwih seneng milih cara tangkeb jaja kantaran bau. 


Ana candhake.

Minggu, 25 April 2021

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (62)

 62.


Ki Gambangkawat nyata wong sing wasis nyolahne pedhang, nadyan pedhange gedhe tur abot, nanging neng tangane Gambangkawat ketok lincah diputer-puter neng awang-awang mung katon sorote thok, sing kaya Ula Enthong sing lagi mekrok neng awang-awang. Obahe pedhang uga nuwuhake angin gumuruh, kaya swarane lesus sing ngoyak pedhote cleret tahun ing mangsa labuh. Luwih serem maneh bareng Gambangkawat anggone ngobahne pedhang disambi karo pencolotan ngubengi Marga sing lagi ngadeg jejer karo nggoceki pecute. Ing kono katon Marga kaya lagi dikiteri Ula Enthong sapirang-pirang sing cat katon cat ora. Ya iki sing diarani jurus Kobra Putih Nebar Wisa.


Rangga sing nyawang ora adoh karo papane Marga, keplok-keplok seneng kaya bocah cilik sing ngeploki tukang sulap sing lagi mbarang jantur.


"Ati-ati Marga" bengoke Rangga karo keplok-keplok "neng sandhingmu akeh ula bandhotan sing lagi luwe ketoke".


"He Bedhes Pekok" Ajar Taliwangsa sing nyauri pambengoke Rangga "mumpung Adhi Gambangkawat durung tumandang, enggal adhimu dijak timpuh karo nyuwun pangapura. Cepet!!!".


"Kowe ngomong apa wong gerang ora duwe utek? Njaluk ngapura nyang kowe? Luputku apa? Lupute adhiku apa?    Adhimu arep tandang apa? Kok nganggo mumpung barang ki?" Rangga wangsulan karo takon, disusul nggremeng dhewe "bener Marga, omongan karo wong uteke sethithik ki marahi mumet......".


"Woo... dhasar Bedhes nasar ora keneng dieman" Ajar Taliwangsa muntab "nek ngono timbang kesuwen olehe nyepet-nyepeti pandulu, luwih becik ndang matia wae kowe Bedhes".


Ora nganggo gantalan wektu, bareng karo mingkem lambene,  Ajar Taliwangsa mencolot nyaketi Rangga karo tangane kumlawe mupuh sirahe. Pupuhane Ajar Taliwangsa iki genah nek dudu pupuhan lumrah, nanging pupuhan jurus Sembur Dumung sing linandhesan hawa murni sing nggegirisi. Pancen niyate Ajar Taliwangsa kepingin gawe mati mungsuhe ing jurus kapisan. Lan sasuwene iki, nek Ajar Taliwangsa duwe karep ngono kuwi, ora tau ora kaleksanan. Wis ora kena dietung cacahe wong sing wis mati neng tangane Ajar Taliwangsa merga mung kena pupuhan sepisan. 


Nanging emane ing dina iku, sing diarah patine dening Ajar Taliwangsa kuwi Rangga, siswa saka Ki Tanparupa sing selawase urip durung tau ana critane kalah perang. Nalika pupuhane Ajar Taliwangsa kurang sanyari saka sirahe Rangga, Rangga ngiringne sirahe lan tangane kumlawe nyaut lengene mungsuhe. Lengen kuwi disendhal ngeget mengisor. Ajar Taliwangsa kaget, tenagane wis kadhung dilumpukne neng telapak tangane, mula nalika lengene disendhal, Taliwangsa ora bisa ngendhaleni obahe awake, temah kebanting tiba neng lemah, gulung - gulung rada adoh karo papane sekawit.


"Keparat" karo krengkangan tangi Ajar Taliwangsa misuh "entenana piwalesku".


Rangga mesem ngece.


"Kon ngenteni ki jik suwe pa wis meh teka?" Pitakone karo ngguyu.


Ana Candhake.

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (61)

61.

Kaya ora nggatekne omongane Gambangkawat. Marga njupuk linggis lancip sing digawe saka bongkot pring ori kuwi arep dienggo nerusne ndhudhuk Wi Alus.


"Marga, ngati-ati" Rangga mbengoki "Wong sing jare jenenge Gambangkawat kuwi nyekel lading gedhi lho".


"Awakmu ki jare arep nyepakne senggot karo apek banyu, kok malah repot nggatekne wong nyekel lading barang lho?" Marga wangsulan ora karo noleh kanggo ngingeti sing dijak guneman.


"Eee... dikandhani kok malah nyrengeni lho?" Rangga semaur sajak anyel "ladinge landhep, nek ngeneki awakmu bisa tatu, salah-salah bisa dadi bunyik sing suwe marine. Dikandhani kok ngeyel!".


"Awakmu dhewe sing ngeyel" Marga wangsulan karo njupuk linggise "wong sing nyekel lading dudu aku kok, karo maneh sing nyekel lading rak ya wis gedhe tuwa, mesthine wis ngerti nek lading ki dudu barang sing gunane nggo dolanan, nanging ya embuh ya? Dina iki mau dina sing aneh ing sasuwene sejarah uripku".


"Apa kuwi?" Rangga takon .


"Aku kepethuk wong wis tuwek, awake isih kiyeng, nanging gobloge ngungkuli wedhus dipakani senthe" Marga wangsulan terus ngguyu kepingkel-pingkel.


Rangga melu ngguyu banter. Bocah loro kuwi ngguyu bareng, kaya wong sing ora kuwat ngempet krungu crita lucu, banjur ngguyu latah-latah karo nggoceki wetenge dhewe-dhewe.


Rumangsa dianggo  guyonan dening bocah ndesa, Ki Gambangkawat sansaya ndedel nesune. Ora sranta, mencolot mengarep karo ngarahne pucuk pedhange menyang baune Marga. Pucuk pedhang ora disudukne lambung utawa dhadha, nanging diarah ngenani bahu, awit Ki Gsmbangkawat durung kesusu nedya gawe patine Marga. Ki Gambangkawat isih kepengin weruh Marga lan Rangga bocah ndesa tukang luru pala kependhem alasan kuwi nangis ngguguk karo nyembah-nyembah njaluk pangapura marang dheweke, sadurunge bocah loro sing dianggep ora weruh tata kuwi  diremuk daging lan balunge.


Marga sing lagi ngguyu karo mripate merem-merem kuwi kaget nalika ana kekuwatan angin anyep ngarah baune kanan. Kanthi obah naluriyah, Marga nggeser awake mangiwa sajangkah, linggis bongkotan sing neng tangane dithuthukne sakbantere.


"Trang......".


Ana suwara kumlonthang, suwara ketemune linggis bongkotan sing namplek pedhang saka iringan. Ki Gambangkawat mbengok kaget, pedhange meh wae ucul saka gegemane, awake keseret puntingane pedhang, meh wae tiba kejengkang. Tujune Gambangkawat trampil, kanthi mencolot nisih dheweke ora sida tiba. Sauntara Marga mung cengar-cengir karo ngiling-ilingi linggis bongkotane.


"Awakmu ki ngawur Dhi" Rangga srengen saka kadohan "bongkotan pring kok musuhne pedhang, bisa-bisa pepes, ora bisa dinggo ndhudhuk Uwi maneh mengko".


"Gak sengaja kok Kakang" wangsulane Marga "tak kira lading cilik kok, ya wis timbang ngrusuhi olehku arep mregawe, tak dhepane dhisik wong seneng ngamuk iki".


Muni ngono kuwi Marga karo nata jarike. Banjur njupuk pecut sing disabukne neng lempenge.


Marga mlangkah maju nyedhaki Gambangkawat karo ngore pecute.


"Ayo Pakdhe, nek ngajak gojeg tak ladeni kene, nek kowe butuh rewang  aku ya ora kabotan nek kancamu kae kok ajak pisan, timbang mengko ngrusuhi olehku arep ndhudhuk uwi" kandhane Marga karo mripate manther nyawang praupane Gambang kawat. 


"Landhep tenan lambemu bocah" wangsulane Gambangkawat "ora sah kakehan cangkem, aku ijen bisa ngrampungi bathangmu".


Gambangkawat banjur siaga mbukak jurus pedhange. Marga wis ora karo guyon maneh, mripate ora kedhep migatekne saparipolahe mungsuhe.


Ana Candhake. 

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (60)

 60.


Ora suwe maneh, Gambangkawat karo Marga wis rame kerengan. Rangga nyoba nyedhak, samono uga karo Lindhuk lan Taliwangsa sing uga padha nyedhak saka sisih liyane.


Kaya sing wis dirembug antarane Marga, Rangga lan Kyai Saepullah sadurunge budhal mau, anggone Marga kerengan ora nuduhake yen dheweke bocah sing kulina gladhen ulah kanuragan. Tandange kaya wong ngawur, nanging satemene wis diukur. Mangkono mau bener-bener ndadekne mungsuhe gemreget, anyel, pegel, kemropok dadi siji. Wis bola-bali Ki Gambangkawat ngrangsang lan nerjang, sikil lan tangane gentenan diarahne kanggo nglumpuhne mungsuhe, nanging terjangan lan rangsangane Gambangkawat ora ana siji-sijia sing ngenani sasaran. Lupute diendhani ya bisa ditangkis dening Marga. Malah merga ethok-ethok ora nganggo petung, Marga sok kleru, serangan sing kudune ditangkis malah diendhani, sing kudune diendhani malah ditangkis, ngono kuwi kedadean bola-bali.


Ki Gambangkawat dadi judheg dhewe, karepe sing daya-daya bisa gawe Marga bengok-bengok nangis kelaran babar pisan ora katekan. Malah dheweke digawe mumet nggagas cara gelute Marga sing dianggep ngawur. 


"He, bocah edan" Ki Gambangkawat nglereni panrajange karo mencolot memburi, dheweke omong banter "nek nyata kowe wong prawira, aja mung bisa endha karo nangkis. Njajal aku walesen kaya apa panrajangmu!".


"Piye?" Marga takon mbodhoni "sapa sing kandha nek aku wong perwira? Aku mung tukang luru pala kependhem neng alas kok. Karo maneh, aku arep males njotos utawa nyadhuk kowe kuwi aku isih wedi, ngerti pa gak?". 


"Dadi kowe wedi karo aku?" Gambangkawat nggetak karo nesu.


"Ora!!!" Marga wangsulan genti nggetak.


"Bocah edan, omonganmu mencla-mencle" Gambangkawat setengah mbengok.


"Kowe sing ora mudheng, wong kasep mikire!" Marga wangsulan "aku wedi kuwi, wedi karo Pakku. Merga Pakku nate meling, aja seneng njotos, ngaplog, nyadhuk utawa ngamuk wong, merga sing pantes ngono kuwi mung wong sing ora waras pikire, utawa wong bodho sing kebacut mendhone".


"Sansaya nrunyam tembungmu, pancen njaluk disuwek lambemu kuwi" Gambangkawat misuh-misuh.


"Nrunyam piye? Karo maneh aku ora omong kaya sing mbok ucapne lho? Apa pancen kowe wis suda rungon he?" Marga omonge dibanterne, kaya yen ngomong karo wong sing ora waras pangrungone.


"Piye? Mau kowe wis ngarani aku wong edan, saiki kok tambahi ngunekne aku wong budheg. Pancen njaluk tak bethot ilatmu, ben bisa omong sing bener kowe kuwi" Gambangkawat sansaya nesu nganti praupane abang semu ireng.


"Cukup" Marga nyauti rembug "aku gemang omongan karo wong sing ora mudheng karo omongane wong waras, timbang ngladeni kowe luwung tak ngge ndhudhuk Wi Alus wae, genah asile"


Rampung guneman, Marga mlaku njupuk linggise sing mau mencelat, arep nerusne olehe arep ndhudhuk Wi Alus.


"Cring......." Gambangkawat ngliga pedhange sing gedhe tur dawa, ketok landhep mingis-mingis.


"Nek ora ndang tak rampungi, sansaya nrucak bocah ora nggenah iki" karo ngudang pedhange Gambangkawat nggremeng kaya omong dhewekan.


Ana Candhake.

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (59)

 59.


Ki Lindhuk, Ajar Taliwangsa lan Gambangkawat banjur nyedhaki papane Rangga lan Marga sing ethok-ethok ora ngrewes tekane wong telu kuwi. Bocah loro lagi katrem karo Wi Alus sing wite sadriji gedhene. Bocah loro kuwi wiwit ndhudhuk lemah, ngubengi wit Wi Alus, ngati-ati banget ketoke.


"Aja cedhak-cedhak" Rangga ethok-ethok ngandhani adhine "wi ne ben utuh mengko".


"Iya, iya" wangsulane Marga "Wi Alus kuwi wohe memgisor, dadi mengko kudu disenggot ben bisa dibabut utuh".


"Ya wis, nek ngono aku tak gawe senggote karo ngangsu banyu nyang belik" Rangga ngadeg karo omong "awakmu sing nglakari dhudhukane".


Nalika Rangga arep mlaku ninggalne Marga, pas Ki Lindhuk, Ajar Taliwangsa lan Gambangkawat marani panggonane. Rangga mandheg ora sida mlaku, ganti ngingeti wong telu kuwi karo mripate nuduhne tandha pitakonan.


"Kaget apa piye kowe kuwi Le?" Gambangkawat takon karo mesem "kok olehmu nyawang tanpa kedhep!".


"Ya mesthi wae aku kaget" Rangga wangsulan "wong mau ora ana sapa-sapa kok, ngerti-ngerti ana wong telu. nDika iku sapa lan bangsane lelembut apa bangsane manungsa?".


Gambangkawat ngguyu krungu wangsulane Rangga sing keprungu lugu kuwi.


"Jenengmu sapa lan omahmu ngendi he? Kok wani nungkak krama, ora nganggo basa, omongan karo Ki Gambangkawat. Apa pancen ora bisa basa he?".


"Ooo, dadi nDika Ki Gambangkawat?  Jenengku Rangga, kuwi adhiku jenenge Marga, aja dadi atimu Ki anane aku ora basa, merga nDika sing muruki ora basa, dadi aku mung nerokne basa nDika".


"Keparat" Gambangkawat misuh, rumangsa diwaneni bocah nom, eseme wis ilang, tembunge dadi galak "lha omahmu ngendi? Neng kene golek apa? Apa kowe ora ngerti yen kene iki isih klebu reh-rehane Desa Tundhan he?".


Rangga mrengut oleh suwara santak ngono kuwi, wangsulane sakepenake:

"Omahku ngendi kuwi dudu perkaramu, ngerti utawa ora ngerti nek kene iki kebawah Desa Tundhan, kuwi perkaraku dudu perkaramu, butuhku neng kene mung luru pala kependhem neng alas, sing thukul dhewe ora ana sing nandur, dadi sing tak goleki kuwi rejeki peparinge sing gawe urip marang kabeh titahe, klebu aku".


Merga Rangga wangsulan ngono kuwi, ora mung Gambangkawat sing nesu, Ki Lindhuk lan Ajar Taliwangsa uga melu pegel atine.


"Sajake sing kok jak omong iki menungsa sing ora weruh tata Dhi" Ajar Taliwangsa ngomongi Gambangkawat "ben ngerti tata, sajake butuh dislenthik kupinge bocah kuwi".


Gambangkawat ngguyu banter krungu kandhane Ajar Taliwangsa ngono kuwi, nanging sadurunge semaur, kedhisikan Marga sing lagi ndhudhuk Uwi Alus, ngomong banter marang Rangga :


"Si Kakang iki senengane kok mesthi ngono lho? Jare arep nyepakne senggot karo golek banyu, kok malah ngladeni omongane wong sing ora cetha, senengane ngawur kaya wong nglindur,  mamerne bodhone neng ngarepe awake dhewe. Omongane wong ngono kuwi ora pantes digatekne, disauri ya ora ana gunane.......".


"Wedhus ora urus, mingkem!" Gambangkawat mbengok karo mencolot ngarah nyang ngarepe Marga "pranyata lambemu luwih landhep timbang sedulurmu, iki rasakna!!!".


Karo muni ngono kuwi tangane Gambangkawat kumleyang ngampleng lambene Marga.


Kaya wong kaget, Marga nibakne awake memburi, kamplengane Gambangkawat luput, nanging linggis sing ana tangane Marga mencelat adoh merga kesrempet kepelane Gambangkawat. Sepisan maneh Marga ngglundhungne awake ngedoh.


Karo tangi Marga kober nggremeng :

"Wong ora cetha! Awas, nek nganti linggisku ilang!".


Gambangkawat ora ngrewes omongane Marga, genti sikile obah kumlawe nyadhuk ngarah lambung saka sisih tengen. Sepisan maneh Marga kaget, ora kober endha, tangane ditekuk kanggo ngayomi lambunge. Dadine Marga kesurung memburi telung jangkah, sedheng Gambangkawat sing sadhukane nenggor lengen, mental memburi meh tiba kejengkang.


Ana Candhake.

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (58)

 58.


Bareng lakune Ki Lindhuk, Ajar Taliwangsa lan Gambangkawat wis nyedhaki gisik, wong telu kuwi banjur leren. Katelune lungguh neng watu sing pating tlenuk neng kono. 


"Nek kene iki ana tandha yen kerep disaba menungsa" Ki Lindhuk omong alon.


"Inggih kula nggih saged ngraosaken Paman" wangsulane Ajar Taliwangsa "nanging sinten punika? Adhi Luwukabang, Tamparangin, Klabangireng sakancanipun, Landhung miwah sapukawatipun, napa malah tiyang sanes ingkang boten wonten sambetipun kaliyan awakipun piyambak?". 


"Kuwi sing durung cetha" wangsulane Ki Lindhuk "najan mangkonowa, aku duwe pangira, Landhung utawa Klabangireng mesthi wis tau ngliwati laladan iki, dadi saupama mengko tinemune sing kerep saba mrene kuwi wong liya, wong mau bisa ditakoni, mbok menawa bisa aweh katrangan ngenani Landhung utawa bocah-bocahe dhewe".


"Inggih Paman" Gambangkawat wangsulan "senaosa makaten, punapa saben dinten mesthi wonten tiyang ingkang ngambah laladan punika?"


"St......st....st...." dumadakan Ki Lindhuk ngangkat driji panudinge diseleh neng lambe, minangka tengara supaya kabeh padha meneng.


Kupinge Ki Lindhuk krungu ana suwara jangkah sing isih rada adoh nyedhaki papane. Ora akeh, kira-kira ana wong telu nek ora papat.


"Najan mbuh saben dina mbuh ora, nanging dina iki ana suwarane jangkah nyedhak mrene" kandhane alon "ora akeh mung wong telu utawa papat".


"Punapa prayogi dipun caketi Paman?" Gambangkawat takon.


"Ngono ya kena" wangsulane Ki Lindhuk "nanging luwih prayoga didelok dhisik, apa sing ditindakne wong-wong kuwi".


Ki Lindhuk banjur ngadeg, mlaku alon-alon. Tangane aweh sasmita supaya Taliwangsa lan Gambangkawat rada mencar.


Sauntara sing dirungokne Ki Lindhuk sajake ya ngerti nek ana sing meneng-meneng arep ndhendhepi solahe. Nanging padha api-api ora ngerti. Kanggo ngecelikne sing ndhedhepi, Marga malah nyuwara banter :


"Weleh, tiwas ndadak ngrekasa nyabrang jebul uwine malah arang-arang Kang".


Krungu omonge Marga sing banter kuwi, Rangga mesem, banjur wangsulan ora kalah bantere :


"Iya, nanging neng sisih kono kuwi mau gembiline luwih kerep lan gedhe-gedhe" .


Bocah loro kuwi olehe omongan kober dirungokne klawan cetha dening Ki Lindhuk, Ajar Taliwangsa lan Gambangkawat sing wis cedhak lan amping-amping gegrumbulan.


"Yen ngono, wong-wong iki klebu wong anyar sing ngambah laladan kene iki? Yen ngono genah nek ora bisa ditakoni babagan Landhung utawa Klabangireng" ngono batine Gambangkawat.


"Apa sing kok pikir?" Gambangkawat kaget, Ki Lindhuk jebul wis neng mburine, banjur ndemek geger karo takon.


"Tiyang-tiyang niku" Gambangkawat wangsulan alon.


Ki Lindhuk mesem, kandhane :

"Mung bocah padesan sing kesrakat uripe, teka kene mung arep luru pala kependhem. Sajake bocah saka sabrang lor......".


"Dados niku lare-lare ingkang boten wonten ginanipun Paman?" Gambangkawat takon.


"Mengko dhisik" wangsulane Ki Lindhuk "coba ayo ditakoni, mbok menawa ana gunane".


Ana Candhake

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (57)

 57.


Wong sekti telu kuwi wiwit nitik papan-papan sing kira-kira diliwati dening Luwukabang sakancane nalika diprentah ngendheg lakune wong-wong sing ditengarani Ki Landhung sakancane sing arep nglurug nyang Tundan. Nanging wong telu kuwi malah kethukulan rasa gumun, awit ora nemoni tandha-tandha tilas paprangan babar pisan. Kamangka kabeh dalan sing tumuju desa Tundhan saka lor lan kulon wis dititik. Lan pancen miturut kabar sing digawa telik sandi wingenane kae, barisan sing tumuju Tundhan asale saka lor kulon, mula Klabangireng banjur diprentah mapag menyang papan kono kuwi. Nanging kanyatan sing ditemoni, neng kono babar pisan ora katon ana tandha-tandha yen Klabangireng sakancane liwat kono. Uga ora ana tandha-tandha yen ana barisan sing tumuju Tundhan liwat kono.


"Aneh" Ki Lindhuk ngucap alon.


"Kadospundi Paman?" Gambangkawat takon.


"Lha iya?" Ki Lindhuk semaur, kaya nyauri pitakone dhewe "ora ana tandha-tandha yen Luwukabang lan bocah-bocah nate ngambah laladan kene iki".


"Nanging" Ajar Taliwangsa melu omong "apa bener yen bocah-bocah wingenane kae tumuju papan kene iki?".


"Prentahku ngono Kakang" Gambangkawat semaur "nanging apa mrene tenan apa ora? Kuwi sing ndadekne bingunge atiku. Uga sing dicritakne bocah telik sandi kae, jarene Landhung lan wong-wonge mlaku saka lor kulon, kudune Klabangireng sakancane bisa pethuk neng kene. Nanging nyatane kok kaya ngene?"


"Mbok menawa wae, ora neng kene ketemune wong-wong mau" Ki Lindhuk omong maneh.


"Nggih cobi mawon, awakipun piyambak nglajengaken mengaler ngilen malih" Gambangkawat nyauti "mbok menawi lare-lare dipun pancing mlebet wana mriku".


Ora wangsulan Ki Lindhuk nerusne lakune lan wiwit mlebu alas sing ditudingi Gambangkawat. Ajar Taliwangsa lan Gambangkawat ngetutne neng mburine.


Sauntara kuwi, ing gisik Bengawan Kyai Saepullah sing lagi jejagongan karo Rangga, Marga lan Ki Landhung, dikagetne merga tekane Prana sing lagi oleh ayahan ngulat-ulati kahanan ing brang kidul karo Ki Bebau ing Saradan.


"Nyuwun pangapunten Kyai" Prana kandha sajak kesusu.


"Iya ana apa Ki Prana kok sajak gita-gita?" Kyai Saepullah takon.


"Kautus Ki Bebau Saradan, ngaturi uninga, bilih ing wana brang kidul wonten Ki Gambangkawat kaliyan rencangipun kalih ketingale badhe mlampah tumuju mriki" Prana matur trawaca.


Kyai Saepullah mesem, wangsulane :

"Iya Ki Prana, lapuran ndika wis tak tampa. Saiki ndika tak aturi matur Ki Bebau Saradan supaya sedulur-sedulur sing ana brang kidul diaturi nyabrang ngalor kabeh. Karo ndika aturake pisan yen aku sarta Ki Landhung lan Angger Rangga miwah Marga sing arep nemoni Gambangkawat sakancane".


"Inggih Kyai, kepareng lengser rumiyin".


"Iya Ki, sing waspada!".


Saungkure Prana, Kyai Saepullah banjur rembugan karo Ki Landhung, Rangga lan Marga.


"Sajakipun Gambangkawat rumaos kecalan Kyai" kandhane Kyai Saepullah marang Ki Landhung.


"Inggih limrah ta Kyai?" wangsulane Ki Landhung karo mesem "tiyang gegedhug lan andel-andelipun ingkang dikengken nyegat santrinipun Kyai, sedaya ical tanpa lari".


"Nanging kok ingkang madosi malah Gambangkawat piyambak? Namung kaliyan rencangipun cacah kalih?" Kyai Saepullah takon.


"Kula kinten, tiyang kalih punika dede tiyang sembarangan Kyai" Ki Landhung wangsulan "saged ugi punika ugi agul-agulipun Gambangkawat, awit ingkang ical ugi kalebet gegedhugipun" 


Kyai Saepullah manggut-manggut sedhela, banjur genti takon marang Rangga lan Marga :


"Lajeng prayoginipun lampah kados pundi ngger?" .


Rangga mesem, banjur kandha :

"Punika tuhu kaleresan Rama, samangke supados Tundhan langkung cepet padhang. Awakipun piyambak kedah andum damel"


"Andum damel Pripun ngger?" Ki Landhung nyela takon.


"Saenipun, Gambangkawat lan kancanipun kalih ingkang sak niki dhateng mriki, kula ajakipun gojegan kaliyan adhi kula Marga, sokur menawi Rama Kyai kepareng ndherek ngregengaken. Lajeng sedaya kadang Santri, supados kaesuhan Ki Landhung bablas dhateng Tundhan".


"Kula mathuk sanget punika Anakmas" Ki Landhung manggut-manggut.


"Inggih, prayoginipun liwat margi ingkang sisih wetan mawon Kyai" Kyai Saepullah aweh pamrayoga.


Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...