71.
Nyi Guwarni mikir sedhela Banjur kandhane :
"Sadurunge lunga Ki Gambangkawat meling apa?"
"Yen ana apa-apa supaya aweh sasmita klawan nglepasne panah sendaren tundha matundha" wangsulane Kesit.
"Kajaba saka kuwi, meling apa maneh?"
"Ora ana welingan liyane, mung kandha yen ora nganti sedina Ki Gambangkawat, Ki Ajar Taliwangsa lan Ki Lindhuk mesthi wis teka omah maneh".
"Dadi kudune wingi sore wis tekan omah, kamangka iki wis pendhak esuk, dadi wis kliwat sewengi".
Nyi Guwarni ketok nek bingung, pikirane nglambrang tekan ngendi-endi. Ana rasa ora kepenak marang Ki Gambangkawat sing dikira wis tumindak cidra. Nyidrani tresnane Nyi Guwarni lan banjur marani wong wadon liya.
Senthun, salah sijine tetindhihe wonge Ki Gambangkawat mlebu, banjur mapan lungguh karo takon :
"Wonten dhawuh napa Juragane?".
"Wong-wong prentahna supaya tata-tata, Bebau lan bocah-bocah nom sing mlayu wingenane saiki mbalik maneh karo nggawa tambahan kanca, saiki wis tekan tepis wiring sisih lor kulon".
"Dalu-dalu ngeten niki? Nggih, lare-lare kula ajake mapagne. Kinten-kinten mbetahne tiyang pinten?" Wangsulane Senthun karo takon.
"Wong-wongmu sing ana kabeh pira?" Kesit genti takon.
"Wonten seket" wangsulane Senthun "lha sing kathah rak tumut Kakang Klabangireng wingenane nika, sak niki dereng wangsul?".
"Ya aku wis ngerti, saiki kabeh ajaken budhal, klebu sing lagi jaga neng gerdhu-gerdhu dijak budhal kabeh, mengko aku ya melu budhal pisan".
"Oh, nggih Juragane" wangsulane Senthun sing terus ngadeg arep budhal.
"Senthun....!"
"Nggih Juragane" Senthun mandheg karo noleh Kesit.
"Dhisikna, printahen Darpa supaya nglepasake Panah Sendaren tundha matundha menyang arah Lor kulon!".
"Nggih Juragane".
Senthun bablas metu, Kesit banjur arep salin penganggo tata-tata budhal maju perang.
"Ngger Kesit" Nyai Guwarni kandha "saiki biyung arep budhal nggoleki Bapakmu Ki Gambangkawat, dadi sawayah-wayah kowe mengko bali, biyung ora ana kowe aja kaget".
"Biyung dhewe?" Kesit takon.
"Iya, ora apa-apa, aja samar, biyung bisa njaga keslametane dhewe" wangsulane Nyai Guwarni sing uga terus tata-tata arep mangkat.
Ora suwe saka plataran Kalurahan dibudhalne wong-wonge Ki Gambangkawat jangkep sagegamane. Ora kelalen wong-wong kuwi padha nggawa obor. Kabeh ana wong seket telu, dene sing dadi tetindhih ya mung Kesit sing dijejeri dening Senthun.
Wong-wong Tundhan sing padha weruh budhale wong-wong kuwi padha nyingkir. Sing akeh banjur mlebu omah, lawange dikancing, dimare padha dipateni kabeh. Awit wong-wong Tundhan rumangsa miris weruh sikep lan pakulinane wong-wonge Gambangkawat marang wong Tundhan. Iya, sikep sing kumawasa sarta ngremehake, kuwi wiwit Ki Tundhan Kapindho ora ana. Wong-wonge Gambangkawat kuwi sansaya ndadra, dhemen ngrampas darbeke warga desa, sakjege Ki Landhung lolos ninggalne Tundhan. Mula wong-wong Tundhan akeh sing ndedinga marang Allah muga-muga Ki Landhung enggala timbul maneh ing Tundhan sokur-sokur banjur gelem madeg dadi Lurah ing desa kuwi, saora-orane ya anake lanang gelema didadekne Lurah neng kono.
Ngerti nek wong-wong sing budhal mau padha sikep gegaman jangkep, wong-wong padha ngira nek wong-wong kuwi padha arep maju perang, embuh musuh sapa. Mulane wong-wong ndesa akeh sing mujekne muga wong-wong mau anggone maju perang padha kalah lan dadi bandan kabeh.
Nalika lakune barisane Ki Landhung ngliwati pategalan tilas tanduran pari Gaga, Ki Landhung aba mandheg. Awit saka wetan katon barisan nggawa obor mara tumuju papan kono. Merga nggawa obor, dadi katon cacahe wong-wong mara kuwi. Miturut petunge Ki Landhung cacahe wong-wong kuwi, kira-kira mung seket punjula ora akeh. Sauntara iku, cacahe Santri sing melu budhal wong suwidak ditambah para sinoman sing bareng karo para Bebau sing keplayu suwidak. Dadi cacahe ana satus rongpuluh. Banjur andel-andele sing nduweni kaluwihan kajaba Ki Landhung dhewe, isih ana para Bebau, Lungit, Prana lan isih akeh maneh. Dadi petunge bobot timbangane isih duwe kekuwatan sing luwih gedhe tinimbang kekuatane mungsuh.
Ki Landhung banjur nglumpukne para Bebau lan para tetunggul pandhereke Kyai Saepullah.
"Kakang Saradan, para Bebau lan Ki Lungit sarta sedulur santri kabeh" kandhane Ki Landhung marang wong-wong sing diklumpukne "kanthi nyawang kekuwatane mungsuh sarta kekuwatane awake dhewe, aku duwe dudutan yen awake dhewe ketok nek menang cacah".
"Inggih Ki" sing wangsulan Bebau Saradan "kajawi menang cacah, miturut warta ingkang kula tampi saking andhahanipun Klabangireng, ing Tundhan sampun boten wonten gegedhug sanesipun Ki Lindhuk, Ki Gambangkawat, ugi Ajar Taliwangsa ingkang samangke nembe gojeg kaliyan Kyai Saepullah. Angger Rangga saha Angger Marga".
"Iya Kakang, murih ora kakehan kurban, saiki becike barisane dhewe didum dadi telung pantha. Sing sepantha nisih ngidul tak suwun Ki Lungit sing ngesuhi karo Ki Bebau ing Palkuning".
"Sendika Kyai" Lungit karo Bebau Palkuning semaur bareng.
"Sing sepantha nisih ngalor, Ki Bebau ing Ngampon lan Anakku Satata supaya nindhihi pepanthan iki"
"Inggih Kyai" Bebau Ngampon wangsulan.
"Liyane kanthi tetindhih Ki Bebau Krajan lan Ki Prana, tetep neng kene mapagne tekane mungsuh, kanthi padha dlosoran murih ora gampang disawang".
"Inggih Kyai" Bebau Taling lan Prana wangsulan bareng.
"Mengko yen mungsuh wis cedhak, tak jaluk kabeh pepanthan bareng ngepung klawan nyumet obor, dadi katon yen mungsuh bakal weruh yen wis karoban lawan. Ing kono muga-muga mungsuh gelem nungkul sarana aris, dadi ora kudu ana kurban".
"Sendika" wong-wong wangsulan bareng. Lan kanthi cepet pepanthan wis nisih dhewe-dhewe jumbuh lan papan sing diprentahne.
Sauntara iku, barisan sing ditindhihi Kesit saka Tundhan terus mlaku maju. Ora ana sing ngerti yen kabeh obahe wis dingerteni mungsuh.
"Lha kok ngantos dugi mriki si Landhung sakancane dereng ketingal irunge, Juragane?" Senthun takon marang Kesit sing mlaku ana sisihe.
"Lha ya?" Wangsulane Kesit "apa kira-kira kedhisikan mlayu keweden merga weruh awake dhewe sing nggawa obor iki?".
"Kira-kira mawon ngoten" wangsulane Senthun "jathukna wau boten sah ngurubne obor, dados Si Landhung boten saged ucul malih he he he".
"Saiki kancamu kongkonen mandheg dhisik!" Kesit prentah.
"Mandheg dhisik caaaaaa......" Senthun nerusne prentah.
Barisan saka Tundhan kuwi mandheg. Padha omong dhewe-dhewe, ngrembug bab mungsuh sing jebul wis nyingkir sadurunge klakon diadhepi.
"Terus piye iki? Tiwas aku wis kemecer selak kepengin weruh wong-wong Tundhan kuwi jerit-jerit sadurunge tak tugel gulune, lha kok jebul wis padha minggat dhisik" gremenge salah siji saka andhahane Senthun karo ngobah-obahne pedhange.
"Padha" liyane wangsulan "ya wis neh, kari saiki nunggu prentahe juragan kon piye?".
Dumadakan keprungu suwara sendaren muluk ing langit ora adoh saka ngarepe barisan sing mandheg kuwi.
Kesit, Senthun lan kanca-kancane kaget. Lan durung nganti ilang kagete, watara seket jangkah ing ngarepe ana obor diurubne. Banjur kesusul katon wewayangane Wong sapirang-pirang siyaga perang. Kesit karo Senthun nyoba nggrambyang pira cacahe wong sing sikep gegaman sing ana ngarepe kuwi.
"Boten kathah, Juragane" Senthun bisik-bisik nyang Kesit "mangke kangge ngadhepi Si Landhung, saged kula kaliyan juragane maju sareng ngrubut. Lintune saged ijen padha ijen".
"Banjur kanggo ngadhepi para Bebau lan Satata?" Kesit krasa rada kuwatir.
"Tiyange awake piyambak taksih langkung kathah, mangke saged krubutan" Senthun aweh bombongan.
Kesit rada suda mirise. Nanging dumadakan, seket jangkah saka sisih kiwane, njedhul obor maneh lan ing ngisore katon wewayangane wong-wong sing jangkep lan gegamane, cacahe watara padha karo sing ana ngarepe. Mesthi wae kang mangkono iku, ndadekne mirising atine Kesit ora sida ilang, nanging malah sansaya tambah. Senthun sing ngerti nek juragane atine miris, ora bisa aweh pambombong maneh, merga nyata yen mungsuh sing diadhepi luwih akeh cacahe lan ing antarane para mungsuhe kuwi ana gegedhug pirang-pirang sing durung karuwan bisa dikalahne sanajan dikrubut dijoro, utawa dijilu pisan.
Sansaya kekes maneh bareng saka sisih tengen uga njudhul obor sing madhangi barisan sagelar sepapan sing siyaga nyolahne gegaman. Ora mung Kesit sing entek atine, najan Senthun lan wong-wong gawan saka Gununglayang ngrasa bakal kaya sulung lumebu ing geni yen meksa kudu ngadhepi wong-wong sing ngepung barisane kuwi.
"He........." dumadakan keprungu suwarane Ki Landhung sing mbengok banter. Suwara sing disurung nganggo hawa murni sing gedhe. Kajaba bisa dirungokne wong-wong sing dibengoki kanthi cetha uga nuwuhake rasa geter ing jantunge wong-wong sing padha krungu.
"Wong-wong Gununglayang sing budhal saka Tundhan" Ki Landhung nerusne pambengoke "kowe kudu ngerti yen cacahmu ora ana seprapate wong-wong sing ngepung barisanmu. Aku ya weruh, ing kono ora ana gegedhug sing bisa kok andelake kanggo ngadhepi para Bebau Tundhsn lan para srayane. Mula yen kowe isih kepengin urip, gegamanmu padha selehna lan majuwa mrene, Wong Tundhan saksrayane bakal aweh pangayoman marang kowe kabeh. Nanging yen kowe ora gelem seleh gegaman, mbuh nglawan mbuh mlayu, mangka mesthi bakal dipikut lan nampa pidana sing luwih gedhe"
Suwarane Ki Landhung sing banter, ngumandhang ing tengah ara-ara kuwi bener-bener wis nuwuhake rasa kekes ing atine wong-wong sing disuhi Kesit lan Senthun kuwi. Senthun lan Kesit malah luwih dhisik padha nggregeli, sarandhuning awake padha gemeter kedher ora kena diendhegne.
Siji loro saka wong-wong mau wiwit nyelehne gamane neng lemah. Banjur mlaku alon-alon nyedhaki papane Ki Landhung sakancane. Tumindake wong mau cepet diterokne kanca-kancane, wekasan kabeh padha seleh gegaman lan mlaku nyedhaki barisane Ki Landhung. Kesit lan Senthun wis ora duwe pilihan liya kajaba melu nungkul pasrah bongkokan.
Barisan sing saka lor lan saka kidul terus ngukuti gegamane mungsuh sing wis padha teluk, diklumpukne lan dibongkoki.
"Kesit lan sedulur saka Gununglayang kabeh" kandhane Ki Landhung sawuse Kesit lan andhahane padha pasrah "aku nedha nrima marang ndika kabeh sing wis padha gelem nungkul kanthi becik-becik. Aku minangka sesepuhe warga Tundhan, bakal tumindak adil adhedhasar rasa kamanungsan. Sanadyan ndika kabeh bakal diadili lan kudu nampa pidana, nanging ndika aja kuwatir. Ndika kabeh ora bakal nglakoni paukuman sing abot awit ndika bakal nampa pangapura. Nanging ora saiki, mengko manawa ndika wis ngliwati pengadilan sing bakal digelar ing Bale Desa Tundhan. Mula sepisan maneh tak jaluk, rila lan legawa ndika supaya gelem tak ajak leren neng kalurahan Tundhan luwih dhisik".
"Inggih sendika" wangsulane wong-wong kuwi bebarengan.
Bengi kuwi wong-wong saka Gununglayang lan Kesit banjur digiring menyang Kalurahan banjur dijaga dening para nom-noman Tundhan lan para Santrine Kyai Saepullah.
***
Sanadyan durung akas, nanging Klabangireng sing saiki bali nganggo jeneng asale Tugi, Tamparangin sing milih bali nganggo jeneng Srondhol lan Luwukabang sing mbalik dadi Parak, wis padha bisa mlaku kabeh. Pancen Kyai Saepullah nyata wasis ngolah godhong-godhongan lan oyot-oyotan kanggo tamba wong sing lagi lara.
Oleh pangupakara sing becik ngono kuwi, wong telu saiki dadi ketok rada alus lan ora gampang ngremehne wong liya kalebu andhahane.
"Saiki aku lan kowe kabeh drajate padha dulur-dulur" kandhane Luwukabang alias Parak sawijining esuk nalika lagi padha mlumpuk sarapan neng cedhak bedhiyang "dadi ora ana tembung juragan lan ora ana tembung andhahan maneh. Wewenang lan kuwajibanku padha karo wewenang lan kuwajibanmu kabeh, merga drajatku lan drajatmu padha dene ngenteni. Aku ngenteni ditampa dadi muride Ki Rangga lan nDika ngenteni ditampa nggone nedya suwita marang Kyai Saepullah. Rak ya ngono ta ?".
"Rada beda sethithik Ki Parak" Srondhol sing dhisik dhewe semaur.
"Bedane neng ngendi Adhi Tamparangin, eh Adhi Srondhol?" Parak takon.
"Bedane ndika calon siswane Ki Rangga lan sedulur-sedulur kuwi calon santrine Kyai Saepullah, lha nek aku? Aku iki abdine Ki Rangga, jumbuh lan sumpahku nalika semana. Nanging babar pisan aku ora getun, ora rumangsa remeh malah kepara luwih seneng bisa dadi abdine Ki Rangga sing saben dina mung nyebar kabecikan kuwi tinimbang dadi andhahane wong Gununglayang kaya sing padha dilakoni sasuwene iki".
"Tak kira ora ana bedane dadi santrine Kyai Saepullah, siswane Ki Rangga utawa dadi abdine, sing baku awake dhewe bisa ndandani urip iki supaya dadi luwih migunani, urip sing tentrem lan gawe tentrem, kebak rasa paseduluran lan sing genah bisa dadi menungsa tenanan ora dadi kewan sing blegere wae wujud manungsa" Tugi nrambul gunem.
"Leres niku Ki Tugi" salah sijine tilas andhahane Klabangireng nyauti.
Krungu rembugan antarane Srondhol, Parak lan Tugi ngono kuwi, kabeh padha pating greneng dhewe-dhewe. Kabeh rumangsa matur nuwun marang Pangeran dene bisa ditelukne dening Kyai Saepullah. Kang nyatane urip dadi telukane Kyai Saepullah iku adoh luwih kepenak lan luwih kajen tinimbang dadi andhahane Gambangkawat utawa Gegedhug Gunung Layang liyane.
Nanging grenengan kuwi dadi mandheg nalika Kyai Saepullah sing dikancani Ki Landhung mara melu jagongan neng kono.
"Para sedulur kabeh" Kyai Saepullah wiwit omong "dina iki mengko ndika kabeh arep tak jak menyang Tundhan. Apa ana sing kabotan?".
"Boten Kyai" wong-wong wangsulan bareng.
"Nanging aku ya nyuwun tulung marang ndika kabeh. Gandheng kahanane Ki Luwukabang, Ki Tamparangin lan Ki Klabangireng sajake durung pulih temen, aku nyuwun tulung supaya ndika nyepakne tandhu cacah telu. Piye?"
"Sendika Kyai" wong-wong bali wangsulan bareng.
"Nuwun sewu Kyai" Ki Parak nyela rembug.
"Iya kepiye Ki Luw...."
"Luwukabang sampun boten wonten Kyai" Parak nugel tembung "sakniki wangsul nami Parak".
"Iya, iya Ki Parak" Kyai Saepullah mesem "aku sing lali, piye ?".
"Kula sampun saged mlampah piyambak, dados boten mbetahaken Tandhu malih" wangsulane Tarak.
"Iya, Tandhu iki mung kanggo jaga-jaga wae kok, upama mengko ing dalan ora kanggo apa-apa ya ora apa-apa. Wis ngono wae dhisik, aku tak nemoni Angger Rangga lan Angger Marga dhisik".
Kyai Saepullah lan Ki Landhung banjur ngadeg, ninggalne wong-wong kuwi arep nemoni Rangga lan Marga neng prahu getheke.
Lungguh jagongan neng dhuwur gethek pancen kepenak. Luwih-luwih karo ngadhep uwi sing isih kemebul pegane, ndadekne jagongan luwih gayeng antarane Rangga, Marga, Ki Landhung lan Kyai Saepullah. Ki Landhung mbaleni nyritakne bab sisa-sisa wonge Gambangkawat sing wis nungkul kabeh sing saiki kudu dadi tanggungane warga Tundhan.
"Kangge nyambung pagesanganipun tiyang-tiyang puniku kula kinten perlu dipun padosaken cara ingkang langkung prayogi" kandhane Ki Landhung ing antarane critane.
"Mila kedah makaten Kyai" Marga melu omong "awit sampun radi dangu titiyang niku nglampahi gesang namung kados ingah-ingahanipun Ki Gambangkawat. Samangke titiyang niku mbetahaken tiyang ingkang saged nuntun murih saged gesang kados limrahipun".
"Lha punika ingkang cocog kula kinten namung Kyai Saepullah Ngger" wangsulane Ki Landhung.
"Kula boten badhe selak saking kuwajiban punika, Ki Landhung lan Angger Kekalih" Kyai Saepullah wangsulan "kados ingkang kula lampahi sadangunipun punika. Nanging, sareng kedah ngurusi tiyang ingkang cacahipun samanten kathahe, kula perlu mikir malih".
Ki Landhung, Rangga lan Marga ora enggal ana sing aweh wangsulan. Kabeh bisa nggambarake kaya apa repote ngurusi wong-wong sing wis padha teluk lan nembung kepengin melu suwita dadi muride Kyai Saepullah kuwi. Yen ora ditampa nggone padha kepengin suwita, mangka padha wae ngumbar wong-wong sing wis wiwit kebukak atine kuwi bali menyang panguripan lawas sing ora maelu batal lan karam. Nanging yen pasuwitane wong-wong kuwi ditampa, kudu bisa nyawisi papan kanggo bisa urip salumrahe.
"Makaten kemawon Kyai" sawuse meneng sauntara Rangga udhu panemu "kados pundi menawi Kyai Saepullah yasa Dhusun enggal kanthi mbabat wana ing ler benawi kangge papan gesangipun tiyang-tiyang nika?".
"Menawi saged makaten mila sae ngger" sing wangsulan Ki Landhung "malah kula ugi sagah tumut sabiyantu ing babadipun. Nanging mbabad wana punika kedah angsal palilah saking Mataram, awit awakipun piyambak punika kawula Mataram".
"Bab palilah sampun dados pambeng Kyai" Rangga aweh panemu "kula mangke badhe damel serat dhateng Patih Mandaraka ing Mataram, mangke Ki Landhung saged utusan sinten kemawon murih ngaturaken serat saking kula punika. Lan saderengipun serat palilah tumurun, Rama Kyai Saepullah saged ngagem timang punika, sok sintena boten badhe wantun menging anggenipun Rama Kyai badhe yasa padhusunan lan pategilan"
Rangga ngetokne timang mas sing ana tandhane yen iku timange sentana Mataram, banjur dipasrahne marang Kyai Saepullah.
Kyai Saepullah manthuk-manthuk, saiki tanpa dijaluk Rangga wis mbukak sapa jati dhirine.
"Ngaturaken sewu gunging panuwun Raden" kandhane.
"Ing mriki boten wonten Raden Rama" wangsulane Rangga sing banjur prentah marang Marga : "adhi jupuken kampil peparinge mBah Juru kae, separo saka isine aturna Rama Kyai mbok menawa bisa diagem golek uba rampene babad alas".
Enggale wong ndongeng, sore kuwi Kyai Saepullah lan Ki Landhung sida bali nyang Tundhan.
Sabanjure kabeh wong-wong tilas andhahane Ki Gambangkawat wis nyawiji karo para Santrine Kyai Saepullah.
Rangga karo Marga ora melu menyang Tundhan, amarga arep nerusne laku ngupadi Sendhang Mustika Warih sing mapane isih adoh saka kono.
Miturut kabar, kira-kira let setahun saka diwisudane Satata dadi Lurah Tundhan, Patih Mandaraka rawuh ing Lor Bengawan, ya iku ing Desa anyar sing dibabad dening Kyai Saepullah, maringi jeneng marang Desa anyar kuwi kanthi sebutan Desa Tanggan, minangka tetenger Desa anyar iku tetanggan karo desa Tundhan.
Mbuh tenane, kabeh-kabeh mung jarene.
Mbaleni critane Rangga lan Marga, lakune prau gethek nurut iline bengawan, banter lakune. Apa sing bakal dipethuki bocah loro muride Ki Tanparupa kuwi lagi bisa dicritakne yen wis oleh idin saka Ki Tanparupa dhewe.
Tlas sinerat ing Omahe mBah Wah, Ngarengan Kidul Sepur, tanggal telulikur sasi Pasa tahun 1954 ambarengi surya kaping papat sasi Mei 2021 jam 23.02.
Cuthel.