Total Tayangan Halaman

Minggu, 23 Mei 2021

ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS (25)

 

dening : immir

25.

Kodrat ora enggal mbalesi WA sing dikirim Depi marang dheweke, sing isine Iroh meling Kodrat dikongkon ngajak Silvi, yen Kodrat sarapan neng warunge Iroh sesuk. Dhasar Kodrat bocah sing duwe panggraita cukup lantip nek dibandhing kanca-kancane, mula Kodrat banjur duwe dudutan yen wis ana apa-apa antarane Silvi karo Iroh sing ana gandheng cenenge karo anggone seneng sarapan neng warunge Iroh. Pancen wingi meh setugel dina, Silvi dolan neng omahe Kodrat merga Silvi njaluk warah mecahne masalah ing salah sijine mata kuliahe. Bar kuwi disambung omong-omongan kaya lumrahe bocah nom sing kepethuk kancane. Nalika jagongan karo Silvi, ndelalah Kodrat ora ijen, nanging neng kono ana Sandi lan Bagas sing olehe dolan mrono wiwit esuk sadurunge Silvi teka.

Sing dadi bahan omongan neka-neka, wiwit Covid-19 sing ora ilang-ilang, nganti tekan kegiatan Karang Taruna sing saiki wis ora tau keprungu kabare. Lha ing omong-omongan kuwi bola-bali kasebut jeneng Koiroh. Sing miturut Sandi Koiroh kuwi manusia luar biasa dan serba bisa, bocah nom sing patut ditiru dening sinoman liyane. Pokoke pas ngrembug Koiroh, bocah telu yaiku Kodrat, Sandi lan Bagas blas ora ana cacade, kabeh sarwa apik. Klebu pintere olah panganan sing marahi larising warunge.

"Aku jane ya krungu nek Iroh saiki bakul sarapan, jarene bocah-bocah murah tur ya mirasa, nanging aku durung tau ngrasakne sarapan gaweyane Iroh kuwi" Kandhane Bagas "merga aku ki nek bar subuh kerep keturon maneh, tangi-tangi wis rada awan, arep mara nyang warunge Iroh kuwatir nek wis tutup, wong jarene ora nganti awan".

"Iya pancene" Sandi nyauti "sok-sok jam pitu punjul sathithik ngana kae wae wis entek, dadi ya terus tutup".

"Mula aku nek mrana ajeg esuuk, mudhun subuhan bablas mrana, ngopi sak gelas karo sarapan sepiring, limang ewu wis wareg tur waras" Kodrat nanggapi.

"Awakmu ki kerep ya Drat mrana?"  Bagas takon.

"Gak, cumak saben esuk thok. perasaanku ki durung krasa komplit nek durung ngopi karo sarapan nggone Iroh ki" Kodrat wangsulan karo ngguyu.

"Sajake Kodrat lagi ngesir Iroh iki" Bagas nyauti karo mesem.

"Gak sah munafik coy" Sandi nrambul gunem " masia aku, kowe karo cah-cah liyane nek gelem jujur mesthi padha ngesir nek karo Iroh kae. Cumak gandheng Iroh ki nduweni sipat angker, dadi ya ora ana sing padha wani ngajak guyon sembranan, parikenan".

Bocah telu ngguyu bareng, Silvi sing krungu melu mesem. Ora suwe ngomong Iroh, Silvi pamitan bali.

Kelingan kuwi kabeh, Kodrat banjur gawe dudutan, sajake Silvi wingi rumangsa ewa marang Iroh. Banjur apa sing wis ditindakne Silvi, kok nganti liwat Depi Iroh meling supaya dheweke ngajak Silvi jajan neng warunge Iroh?.  Ora kesuwen, Kodrat nilpun Depi golek sisik melik. Maune Depi ora gelem blaka, nanging gandheng kalah pengalaman srawung, wekasan Depi ngaku nek Silvi wis kirim WA marang Iroh sing isine banget ora sopan lan ngalarani ati. Kodrat uga wis kasil njaluk tulung Depi supaya dikirimi screenshot WA ne Silvi menyang Iroh.

Bareng wis ngerti isi WA ne Silvi marang Iroh kanthi wutuh, Kodrat nggagas. Silvi sing wis wani ngaku-aku nek dadi pacangane, lan mentala nulis ukara sing ora pantes diwaca kuwi kudu diwenehi Pelajaran, ben ora kebacut-bacut anggone nasar.  Nek perlu ya nganggo cara ngapusi barang, sing baku ora ngembet-embet Iroh lan kulawargane. Kodrat wis nemu akal kanggo kuwi, mengko bar maghrib Silvi arep ditemoni, ora mung Silvi nanging Bapak Ibune ya arep digeret pisan.

Nalika Kodrat uluk salam kula nuwun neng ngarep lawang omahe Soma Kunthet, mbarengi ana wong wadon ayu rupane, alus solah bawane, umure  wis setengah tuwa, uga lagi nothok kori daleme Pak Muh ing Demangan Madiun. Pak Muh sing lagi mlebu omah, bubar maghriban saka masjid gage mbukakne lawang kanggo tamune.

"O alah, awakmu ta Dhik?" panyapane Pak Muh marang tamune "kana bablas menjero wae, mbakyumu ana kok".

"Inggih Mas" wangsulane tamune sing uga banjur mlaku tumuju omah mburi, dipapag karo rangkulane Bu Muh. Wong loro padha rerangkulan keket, lali nek jaman covid. tujune kok omahe cedhak lan padha  sehate.

"Kene-kene lungguh kene" Bu Muh ngajak tamune lungguh neng kursi ruang tengah.

"Saka omah wae apa saka ngendi iki arep nyang ngendi iki mau? arep mara kok ora telepon dhisik?" Bu Muh nakoni dhayohe. Pak Muh nusul melu njagongi, lungguh njenjeri bojone.

"Saka omah ya arep mrene iki" dhayohe wangsulan "wong ya wis sauntara ta aku iki ora mrene?"

"Iya, pancen kowe kuwi kebacut kok Tun, sedulur mung siji wae ora tau kok parani, wong mung kene-kono wae lho" Bu Muh semu srengen ngomongi dhayuhe. Pancen dhayuh kuwi adhine Bu Muh sing cacahe ya mung siji ndhil kuwi. Jenenge Srimiyatun, tunggal wadhah karo Bu Muh, lan tunggale Bu Muh ki ya mung loro, Bu Muh karo Srimiyatun thok. Srimiyatun dadi Guru SD ing Demangan kono. Bojone Srimiyatun wis rong tahun tinggal donya, dadi Srimiyatun wektu iki wis randha. Hanafi bojone Srimiyatun jaman uripe nyambut gawe dadi Guru SMP, lan sasuwene gandheng karo Srimiyatun, durung diparingi momongan. Dadi Srimiyatun saiki neng omah urip ijen ora ana kancane.

"Embuh mBak" Srimiyatun wangsulan "rumangsaku sansaya suwe ditinggal Mas Han ki ora sansaya mari susahe, nanging malah sansaya nglangut tanpa ana watese".

"Ya sing sabar ta Dhik" Pak Muh aweh tutur "awake dhewe ki dadi titah saderma nglakoni, lan ya mung kari bisa ndedeonga muga-muga Dik Han neng kana kaparingan papan sing apik, digrujuga rahmat lan pangapura".

"Inggih Mas" wangsulane Srimiyatun karo mripat sing kaca-kaca, kelingan sing wis ora ana.

"Kowe ngombe apa Tun? sing adhem apa sing panas?" Bu Muh nari dhayuhe.

"Ora sah mBak, mengko wae nek ngelak tak njupuk dhewe" wangsulane Srimiyatun .

"Lha iki Setya kok ora katon, apa lunga ta mBak?" Srimiyatun nakokne ponakane.

"Anu, iki mau pamit arep golek pulsa" wangsulane Bu Muh "paling sedhela maneh rak mulih".

"Piye? wis arep rabi apa durung? Setya ki wis wayahe lho mBak?"

"Embuh Tun, anakmu lanang kae angel kok, aku nganti bingung mikirne" wangsulane Bu Muh karo nyedhot ambegan dawa.

"Ora nek angel" Pak Muh nyelani rembug "sesuk kuwi Ibune arep tak jak ngancani Bas, nontoni cah wedok sing jeneng Khoiroh sing diomong kae. Lha nek ora ana acara sesuk Dhik Sri melu apa piye ben mundhak regeng?".

"Lha njenengan ki pripun ta pakne? wong arep mara nggene tiyang thik dadakan niku? gek mengke olehe ajeng nyepakne gawan pripun?" Bu Muh nutuh bojone.

"Sing arep diparani iki dudu kaya wong liyane ya Bu, dadi minangka dhayoh awake dhewe nyoba njumbuhne karo sipate sing duwe omah sing sok aneh ngana kae. Perkara jajan sesuk mampir warung apa toko, ya bisa" wangsulane Pak Muh ayem.

"Teng pundi ta Mas niku?" Srimiyatun takon.

"Nyang Ngarengan, nggone Pak Sampun sing biyen kerep dolan mrene kae lho" sing wangsulan Bu Muh. Krungu jeneng "Sampun" dumadakan neng dhadhane Srimiyatun ana rasa aneh sing mrambat ing jerone.

"Bisa melu ta?" Pak Muh nakoni.

"Insya'allah Mas" Srimiyatun mangtsuli, suwarane kedher. Rasa aneh neng dhadhane durung ilang.

 

ana candhake.

Sabtu, 22 Mei 2021

ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS (24)

 

dening : immir

24.

Rampung shalat Ashar, Iroh nyandhak tenggok arep ngepeki kembangt turi,kangge campuran kuluban sing arep digawe pecel. Depi memburi ngrambani bayem jabut asil sebarane dhewe neng eyeran wedhi cedhak sumur. Kanggo sesuk kuwi pecele Iroh bayem karo kembang turi, sayuran seger sing asli herbal blas ora mambu rabuk kimia lan obat insektisida.  Ora suwe bocah loro wis awor neng  emper mburi omah, mbetheti kembang turi dibuwangi serbuk sarine sing nek ora dibuwang marahi pahit. Lagi padha enak-enak mbetheti Kembang Turi, bapakne teka. Ora kaya adate, Pak Bagong teka-teka njujug pawon, banjur ngundang anake wedok nakokne Maron wadhah banyu.

"Roh, Marone kok seleh ngendi?" pitakone Pak Bagong alias Arja Sampun.

"Sekedhap Pak" Iroh wangsulan banjur mlaku nyang pawon. Maron sing dikurepne neng ngisor paga dijupuk, banjur marani Bapakne karo omong "niki Pak, ajeng damel napa ta?".

"Arep ngge nyelehne Iwak" wangsulane Bapakne sajak seneng atine "mau Bapak oleh Wagal loro gedhe-gedhe, karo Areng-areng siji ya gedhe. Nyang Bapak ora dikatutne didol, bapak kepengin mangan enak, ngolah wagal dibumbu rujak, diungkus godhong gedhang terus digarang neng kreweng sakdhuwure dhiyang pawon".

"Lha thik ndadak ngangge Maron barang?"

"Lha iwak telu sakmono gedhe-gedhene mosok arep diolah bareng ta Roh? ya siji-siji, liyane diwadhahi maron ben gak mati, lha olehe ngolah sesuk wae, sesuk Bapak arep leren ora mancing. Iwak-iwak iki isih urip kabeh, wong leh entuk ya lagi wae, wis jupukna banyu sumur kana, Bapak tak ngetokne iwake saka kepis".

"Nggih Pak" Iroh nyandhak ember arep nggolekne banyu bapakne.

Jebul diwadhahi Maron, iwake kurang enggon. Banjur Iroh genti njupuk Genthongan Plastik sing sok dienggo tandhon banyu, iwak telu dicemplungne genthong diiseni banyu.

"Lha Depi mau nyang ngendi ta?" Arja Sampun nakokne anake wedok sing cilik.

"Nika, teng emper, mbetheti kembang turi, ditimbali Bapak?" Iroh wangsulan karo takon.

"Ora, mung takon wae kok".

"O enggih Pak" Iroh kelingan WA saka Pak Setya dhek esuk mau.

"Iya, ana apa?" Arja Sampun takon.

"Wonten pesenan kagem Bapak"

"Pesenan apa? sing pesen sapa?" Arja Sampun takon.

"Anu Pak Setya wau kirim WA teng Iroh, ngabari nek Bapakipun Pak Setya ngersakne ngendikan liwat telepon kaliyan Bapak. Bapak kersa napa boten?, menawi kersa, sagedipun telepon Bapakipun Pak Setya benjing punapa?. Niku pesen saking Pak Setya" Iroh nggenahne omonge.

"Mengko dhisik ta" Arja Sampun takon sajak rung mudheng "Pak Setya kuwi sapa? kok Bapak lagi krungu jeneng Setya iki mau?".

"Pak Setya niku komplite Pak Setya Basuki, gurunipun Iroh teng SMA. Lha nek Bapakipun sinten Iroh nggih dereng ngertos, kok dumadakan badhe ngendikan kalih Bapak, niku kula nggih boten mudheng" wangsulane Iroh blaka.

Arja Sampun meneng sedhela, banjur tembunge :

"Ngene wae, njajal saiki Pak Setya telpunen, mengko Bapak sing omong".

Iroh ngrogoh sak Hape ne ditokne, banjur nulis pesen liwat WA marang Setya Basuki.

"Bapak, Iroh badhe telpon saged?"

Ndelalah Setya ngepasi Online. WA ora dijawab malah banjur telpon.

Karo Iroh telpon ditampa banjur dilungne Bapakne karo omong lirih :

"Pak Seya Pak"

"Assalamu'alikum" Arja Sampun uluk salam nampani telpon saka Setya.

"Wa'alaikum salam" Setya kaged sing ditelpon genah nek nomere Iroh kok sing nampani suwara liya, wong lanang pisan "nuwun sewu, niki kula kalih sinten inggih?"

"Kula Bapakne Iroh Pak Setya" Arja Sampun wangsulan "Criyose Iroh Keng Bapak nimbali kula? wonten prakawis punapa inggih?".

"Ooh, Pak Arja ta? pangabekti kula Pak" Setya wangsulan groyok "inggih kula niki anake Pak Muh Demangan Bapak, nyuwun ditengga sekedhap inggih Bapak, Bapak kula aturane rumiyin".

"Oh, nggih, nggih" Arja Sampun wangsulan, hape tetep dicekeli ditemplekne kupinge, kandhane marang Iroh "tibakne Pak Setya ki Putrane Pak Muh ndhuk, biyen Bapak tau ngenger marang Bapake Pak Muh kuwi"

Iroh ora semaur mung sirahe manthuk-manthuk, ngiyani.

"Assalamu'alaikum" Pak Muh uluk salam liwat hapene Setya.

"Salam" wangsulane Arja Sampun "piye kabare Gus? garwa putra sehat kabeh?"

"Alhamdulillah entuk pamujimu Kang, kabeh waras. kulawarga kene ya sehat kabeh ta?" Pak Muh genti nakokne kabar.

"Alhamdulillah, jare anakku wedok Panjenengan nimbali aku? ana apa ta Gus? marahi aku dheg-dhegan wae lho?" Arja Sampun takon.

"Iya Kang" Pak Muh wangsulan karo ngguyu "mung merga kangen wae kok, karo dhek wingi, Ibune bocah-bocah aku ki arep dijak dolan nyang daleme sampean. Sampean ana wektu kapan? Nek sesuk esuk piye? Aku ben diterne anakmu lanang si Setya, sing telpon ki mau?".

"Sesuk? Bisa, nek sesuk wis tak rencanakne sesuk aku arep neng omah sedina, ora arep lunga nyang ngendi-endi kajaba nek ana tangga sing perlu dilayat he he he.......". Arja sampun wangsulan karo ngguyu renyah.

"Ya wis nek ngono, sesuk bar subuhan aku budhal saka omah. Ora sah repot-repot lho!, mengko sampean malah ndadak nyepakne sing neka-neka, gak sah tenan ya Kang?".

"Ha...ha ..." Arja Sampun ngguyu banter "aku kok repot? gek sing arep tak ngge repot kuwi lho ya apa ta Gus? jeneh bojo wae aku gak duwe kok he he he".

"Ha...ha...ha..." Pak Muh melu ngguyu "perkara kuwi aja samar, mengko tak rewangi golek. Ya wis ya Kang matur nuwun, Assalamu'alaikum".

Karo mbalekne Hapene Iroh,Arja Sampun omong :

"Sesuk arep eneng dhayoh Roh, paling sesuk jam wolu tekane kene, wong budhal saka Demangan Bar Subuh, mesthine sesuk sadurunge mrene Gus Muh rak mampir Ziarah nyang kuburane Bapak Ibune lan Eyange dhisik".

"Inggih Pak, lajeng napa sing kudu Iroh tandangi?" Iroh takon.

"Biasa wae lah Roh, kowe karo Depi ya nandangi gaweyanmu dhewe dhisik nganti rampung. Sesuk bar subuh Bapak tak wiwit masak iwak telu kuwi, beneran tenan iki, ngepasi oleh Iwak gedhe-gedhe lha kok eneng dhayuh, bisa di enggo nyuguh. Gek Gus Muh kae senenge nyang Wagal Bumbu Rujak ora ilok tenan lho, dadi ya sepisan maneh sokur alhamdulillah" wangsulane Arja Sampun karo mesamk-mesem. Embuh apa sebabe, Iroh ora ngerti. Sing cetha Arja Sampun lagi seneng atine, sesuk arep ketemu tilas juragane.

"Ya uwis, Bapak arep ngeluk boyok dhisik. Tutugna olehmu ngurusi gaweyanmu" Arja Sampun mlebu omah. Iroh bali nyang emper nusul Depi sing wis meh rampung mbetheti Kembang Turi.

"Thik rame men mau Bapak nelpon sapa lho mBak?" lagi wae Iroh mapan lungguh Depi wis mapagne nganggo pitakonan.

Durung nganti Iroh mangsuli, Hapene muni.

"Assalamu'alaikum" Iroh ngangkat hapene.

"Inggih Bapak, matur nuwun, Iroh rantos rawuhipun Bapak saha Bapak Ibu sedaya".

Hape bali dilebokne sak.

"Sapa mBak?" Depi takon.

"Pak Setya, karo Bapak Ibune sesuk arep dolan nyang omahe dhewe"

"Iya?" Depi mlengak kaya-kaya ora percaya.

"Iya, Bapake Pak Setya kuwi jebul tilas majikane Bapake dhewe, ngerti?.

Depi manthuk-manthuk thok.

Ana Candhake.

ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS (23)

 

dening : immir

23

Kira-kira jam wolu, dagangane Iroh wis entek. Warung banjur ditutup. Diterusne resik-resik ubarampening bebakulan. Dhuwit oleh-olehane dodolan dietung banjur dicathet neng buku mlebu metuning dhuwit bakulan. Depi wis wiwit mau ngadhep laptope karo nyekeli hapene, sekolah virtual. Iroh mlebu kamar, ndeloki Ha-pe ne mbok menawa ana kabar sing penting. Neng Aplikasi WhatsApp wis ana pesen pirang-pirang. Banjur wiwit diwaca siji-siji.

Sing dhisik dhewe diwaca saka Grup Tandur, ana pesen papat nanging kabeh ora ana sing penting.

Sing nomer loro saka Bu Suci, Kepala SD :

“mBak Iroh, nyuwun tulung ya? sesuk aku dibungkusne sarapan sepuluh, karo tempene ya sepuluh. Jam Pitu ben dijupuk Ella. Kabeh pira mBak?”

“Sarapan sedasa tigang dasa gangsal Bu, tempenipun sedasa gangsal ewu, sedaya sekawan dasa. Matur nuwun” wangsulane Iroh nganggo WA ne. Pesan wis terkirim centhang loro nanging durung biru.

Pesen sing nomer telu, saka Pak Setya, dumadakan ing dhadhane Iroh krasa rasa aneh, arep mbukak dadi dheg-dhegan. nanging ora suwe ya banjur diwaca :

“Assalamu’alaikum, mBak Iroh iki aku Pak Setya. Piye kabare rak ya sehat kabeh ta? Iki aku aku arep nyuwun tulung mBak Iroh, aturna Bapak yen Bapakku (Pak Muh) kepengin ngendikan karo Bapak liwat telepon, kira-kira bisane kapan? Banjur nomer telepone Bapak pira? Nek wis matur Bapak lan oleh dhawuh, tulung aku dikabari ya? Matur nuwun”.

Pak Muh arep ngendikan karo Bapak? ngono batine Iroh. gek arep ngendikan apa ya? kok aneh temen? Ah, kuwi rak urusane Bapak-bapak dudu urusanku, ngapa aku mumet dhewe? Iroh mesem kecut. Banjuur mbalesi WA ne Pak Setya :

“Inggih Bapak, niki Bapak taksih dhateng pinggir Benawi mrika, mangke menawi Bapak sampun dumugi griya dhawuh pesen saking Bapak badhe kula aturaken Bapak kula. O inggih Bapak kula boten kagungan Nomer telepon Bapak, nyuwun pangapunten”.

Pak Setya nuju Online, dadi wangsulane Iroh langsung diwaca lan dibalesi :

“Matur nuwun lho mBak, tulung pangabektiku diaturne Bapak pisan ya ?”

“Inggih Bapak” Iroh ya terus wangsulan.

Pesen sing sateruse saka Silvi, iya Silviana Hayuningrum anake Soma Kunthet, sing biyen kancane sekolah jaman SD lan SMP. Batine Iroh ndhengarekne, ora tau-taune Silvi kirim kabar marang dheweke, kelase wis beda. Saiki Silvi kuliah neng Madiun, statuse Mahasiswa, lha nek Iroh sabane kedhokan sawah. Kaya pas arep maca pesen saka Pak Setya mau. Maune Iroh rumangsa aras-arasen, nanging bareng kelingan nek mbok menawa ana kabar sing wigati, Iroh ya banjur maca pesen saka Silvi kuwi mau.

Kaya disamber bledheg awan-awan rasane Iroh maca WA saka kancane jaman neng SMP kuwi. Ora nyana ora ngira nek Silvi sing wis dadi Mahasiswa kuwi bisa nulis basa sing kasar lan isine ngunek-unekne dheweke, ngina sing tanpa upama asoring panginane. Sapandurat, Iroh nggeget untu nahan nesune, dhadhane krasa panas kaya ngobong jantunge. Tangane kedher, meh wae hape ne dikeplekne. Tujune ora suwe Iroh banjur eling, yen kanepsone babar pisan ora ana gunane.

“Iroh wacanen pesenku ya? Sanajan aku sakjane ya wegah nek arep ngelikne kowe, nanging ngelingi nek kowe kuwi tilas kancaku, pisan iki wae aku arep ngelikne. Pisan aja seneng rumangsa ayumu kuwi ora ana tandhinge ya? lan eman-eman ayune rupamu nek arep kok dol murah neng ndesa kene. Nek niyat arep dodolan ayu, kana lho neng Jakarta utawa neng Surabaya mesthi larang regane, tur ora konangan tanggane dhewe. Pancen bener, obral rupa ayu kuwi hakmu, nanging merga aku welas marang kowe, kowe tak elikne. Nek kowe wis niyat arep ngambah dalan peteng merga wis bosen urip mlarat lan kesrakat aja banjur ngorbanke tanggane dhewe, tangga sing wong apik-apik nek kok rusak, kowe mesthi entuk piwales saka Gusti Allah. Ngertia, aku ora bakal getun nek mung arep kelangan pacangan wae, nanging aku ora lila pacanganku mbok warahi bubrah kaya uripmu ngono kuwi. Aku ngerti kok, kowe ora lamba nanging kowe ya kudu ngerti japa semar mesemmu kuwi ya ora suwe. Titenana wae, sedhela maneh Mas Kodrat mesthi bali eling kaya maune, eling nek awakmu kuwi ora pantes nampa katresnane” ngono kuwi unine WA sing dikirim Silvi marang Iroh.

Sanajan Iroh pikirane muni nek nesu kuwi tanpa pedah, nanging atine tetep nggronjal rumangsa ora trima karo WA sing dikirm Silvi marang dheweke sing unine ngono kuwi mau. Ora krasa luhe dleweran, banjir saka jero mripate.

“Ana apa mBak?” ora weruh kapan tekane, dumadakan Depi wis ngadeg ana ngarepe karo takon.

“Ora ana apa-apa kok” wangsulane Iroh karo nyoba mesem.

Depi meneng, mapan lungguh njejeri mbakyune. Mau Depi weruh, saka jaba kamar sing lawange menga, yen sadurunge nesu terus nangis Iroh maca WA neng Hape ne. Hapene Iroh dicandhak, diiling-ilingi pas pesen saka Silvi durung ditutup dening Iroh. Bubar maca pesene Silvi marang mBakyune, Depi ngadeg karo ngepelne tangane.

“Wis mBak, mBak ora usah melu-melu, tak labrake bocah ora nduwe tata kuwi, tak tapukane cangkeme nganggo sandhal, ben ngerti apa lupute…….” Depi ngomong karo arep metu saka kamar. Iroh gage nyaut tangane adhine, banjur dikon bali lungguh.

“Ora ana gunane awake dhewe nesu Dhik” Iroh ngandhani adhine “luwih-luwih banjur marani Silvi kaya sing arep kok lakoni kuwi. Tiwas wirang digeguyu wong sing ora seneng karo awake dhewe, banjur entuk-entukane apa hara?”.

“Nanging Silvi wis nyebar pitnah marang mBak? wis ngarani mBak sing ora bener sakpenake udele dhewe?” Depi wangsulan.

“mBok ya Ben, wong sing omong mung Silvi wae lho? gek sing arep ngandel omongane Silvi kuwi sapa neh? Sing baku mBak ora kaya sing diomong Silvi rak ya uwis?”

“Nanging perkara iki kudu digenahne mBak, ben ora dadi pitnah sing ngambra-ambra tekan ngendi-endi” Depi wangsulan.

“Digenahne ya kena wae, nanging nganggo cara sing cerdas ngono lho, ora nganggo carane wong alasan sing ora tau mambu bangku sekolahan”

“Carane piye mBak?” Depi takon.

“Kowe ngerti nomer Hape ne Mas Kodrat?” Iroh genti takon.

“Neng grup Karang Taruna ketoke enek mBak” Depi wangsulan.

“Mas Kodrat japrinen ngene : Mas sesuk nek arep sarapan karo mbak kon ngajak mBak Silvi, nek Mas Kodrat gak ngajak mBak Silvi angur gak sah sarapan neng warunge mBak.  wis ngono wae”.

Depi manthuk-manthuk, wis bisa ngerteni apa sing dikarepne mBakyune.

“Ya mBak, tak japrine saiki” kandhane karo metu.

Iroh sing ditinggal adhine metu saka kamar, nicil ayem. Sepisan maneh pikirane ngandhani atine : Nesu kuwi ora tau ana gunane ora ngrampungne masalah malah nambahi perkara.

Ana Candhake.

ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS (22)

 dening :immir

22

Jenenge sing asli Muhammad Kodrat, nanging bocah kuwi luwih seneng nganggo jeneng Kodrat Sambega, merga kepengin nunggak semi asmane simbahe sing asma Jaya Sambega. Bagus rupane, pakulitane resik, gedhe dhuwur, pinter srawung, sekolahe pinter,sregep ngibadah tur anake wong sugih. Kaji Mahmud wong tuwane Kodrat, kajaba sawahe amba lan pirang-pirang enggon, uga sawijing kemasan sing kondhang. Mas-mas rongsok, gelang cengklek, suweng tugel, kalung pedhot kuwi akeh-akeh playune nyang nggone Kaji Mahmud, dituku kanthi rega murwat, banjur diolah dadi perhiasan anyar sing wutuh, didol nyang Toko Mas kanthi rega sing nekakne bebathen ora sethitik.  Kodrat kuwi dikuliahne wong tuwane nyang Sala, neng UNS. Sing dijupuk Fakultas Teknik Industri. Sadurunge ana Covid-19, Kodrat Kost neng Sala, nanging bareng ana Pandhemi Corona banjur akeh neng omahe, kuliah saka omah ngadhep laptop, liwat Internet.

Wis dadi barang sing lumrah, jejaka bagus pinter tur grapyak sumanak pinter srawung kuwi yen banjur dadi idolane prawan-prawan tepungane. Semono uga karo Kodrat, akeh bocah wedok sing mbudidaya kepengin cedhak utawa bisaa dadi kanca kenthele. Nanging Kodrat bocah sing pinter lan ngerti budaya, mula Kodrat ya ora gampang-gampang nindakne lumrahe bocah nom sing seneng dolanan klawan apa sing diarani pacaran. Kabeh bocah wadon sing kepengin cedhak ditanggapi kanthi becik. Nanging durung ana sing diaku minangka pacare. Sak temene, Kodrat neng atine wis duwe rasa sir lan seneng marang bocah wadon sing omahe ora adoh karo omahe wong tuwane. Bocahe ayu, tur pinter, sekolahe kacek rong tahun ing kelas sangisore. Yaiku Koiroh aktivis Rohis lan Pramuka sing trampil trengginas pinter srawung lan nduweni kawibawan sing menjila, sing ndadekne wong-wong padha duwe rasa sungkan upama kepengin sembranan karo dheweke.

Wis suwe atine Kodrat kethukulan rasa seneng marang Koiroh, yaiku wiwit Koiroh mlebu SMA sauntara Kodrat wis kelas telu. Nanging rasa seneng kuwi disimpen rapet neng jero atine, Kodrat ora ana kuwanen mblakakne marang sing disir. Uga ora wani crita marang sapa-sapa yen dheweke nyimpen rasa tresna marang Koiroh. Malah Kodrat wis duwe tekad, mengko wae nek dheweke wis rampung kuliah, sokur wis cekel gawe, ora ndadak nganggo jenenge pacaran utawa penjajagan, Koiroh arep langsung ditembung marang wong tuwane.  Nanging ora kena diselaki, atine Kodrat krasa seneng lan krasa mulya yen bisa kepethuk utawa nyawang Koiroh. Mula saben esuk Kodrat ora tau gothang, ajeg teka neng warunge Koiroh, lungguh rada suwe. Ya mung sarapan karo ngombe kopi thok, sok-sok tekane dhewekan sok-sok ngajak kancane. Nadyan mangkonowa, neng jeroning atine kodrat wis ana rasa seneng kaworan marem, awit wis bisa nyawang pepujaning atine.

"Aku ki sok gumun lho Roh" sawijining esuk Kodrat pas golek sarapan nakoni Iroh "kowe kuwi bocah sekolahan tamatan SMA kok ya ora isin bakulan sega pecel malah sok-sok melu buruh tandur barang ngana kae. Gek resepmu kuwi apa lho Roh?".

Wong sak warung sing krungu pitakon ngono kuwi, melu nunggu wangsulan saka Iroh. Merga sak jane wong-wong kuwi ya padha gumun marang Iroh sing nduweni sipat beda karo kanca-kanca sak barakane. Kabeh ora ana sing wani takon kajaba mung Kodrat.

"O alaah Mas, mas" wangsulane Iroh prasaja "mandhak kaya ngono wae kok ndadak ditakokne resepe barang. Wiwit cilik awake dhewe lan kabeh wong kuwi kuwi mesthi tau krungu, nek jenenge wong urip kuwi kudu gelem lan kepara nyenengi sing diarani nyambut gawe, ya sak gawe-gawene sing bisa ditandangi lan ora ngganggu wong liyane. Lha kuwi sing tak dadekne dhasar aku gelem bakulan gelem buruh tandur lan sapiturute, merga jarene gaweyan sing becik kuwi nora ana sing aran remeh. Lha sok-sok ana sing nduwe panemu nek buruh tandur utawa bukak warung ngene iki diarani remeh, mangka panemu ngono kuwi ora ana dhasar lan wewatone. iya pa ra Mas? apa ora luwih isin yen aku nganggur terus mung dadi sanggane wong tuwa sing uripe ya mung pas-pasan kaya Bapakku ngono kuwi?".

Sing padha krungu wangsulane Koiroh mangkono kuwi, jroning ati padha mbenerne. Malah ana sing rumangsa diwelehne klawan ora terang-terangan.

"Bener Roh" Sudi bocah Mesjidan sing dijak sarapan Kodrat nrambul gunem "aku pantes matur nuwun marang awakmu. Merga najan ora kok tujokne nyang aku, nanging aku wis kok elingne".

"Lho kok ngono ta Mas?" Iroh nanggapi.

"Iya, aku iki sakjege lulus SMA bareng karo Kodrat kae, wis makaping-kaping ngejokne lamaran nyang ngendi-endi. Nanging babar pisan ora ana sing nyanthol, nganti saiki aku panggah dadi penganggur. Kamangka sak temene nek gelem nyambut gawe, aku rak ya bisa ngrewangi Bapak ngaritne sapi-sapi kae utawa ngrewangi nyang sawah. Nanging ya gene aku milih nganggur? wangsulanmu mau wis nggugah rasaku tenan, Wiwit mengko aku isin dadi wong nganggur Roh, aku isin tenan mung dadi benalu keluarga, aku arep niru kowe Roh. tenan".

Iroh ora semaur merga repot ngladeni wong tuku liyane. Kodrat mesem, pundhake Sudi diepuk-epuk alon karo ditakoni :

"Tenan? Lha nek ketemu Pacarmu kowe mengko apa ora isin?".

"Ngapa isin? wong aku ora tumindak maksiyat wae? aku arep nerokne Iroh, Iroh ya ora isin saupama kepethuk pacare. Iya ta Roh?" .

Disebut jenenge Iroh kepeksa wangsulan karo ngguyu :

"Apa Mas Sudi? Nek pethuk pacarku? Gek pacar ki apa ta Mas, mas? Aku iki lagi sangalas tahun, batas minimal usia wong menikah, rung arep wani pacaran dhisik, wedi nek keneng godhane setan liwat.  Suk emben wae nek wis gedhe, Ya Mas Kodrat?".

Kodrat ngguyu krungu pitakone Iroh ngono kuwi.

"Adhuh... adhuh...." Sudi semaur karo ngguyu "durung genep sekesuk wis kena smash ping pindho aku, ha... ha .... ha.....".

"Ora Mas, ora nyemash" Iroh age-age nututi rembuge "sak jane pacaran ya ora apa-apa, waton bisa njaga awake. Ora kebacut nuruti ati karep sing ora gelem noleh kahanane, bareng kedadeyan ana apa-apa banjur bingung lan mbingungne wong tuwa kana-kene, ya ra Mas?".

Wong sak warung bali padha ngguyu alon, krungu omongane Iroh ngono kuwi. Klebu Ibu-ibu sing lagi antri ngenteni dibuntelne sega kanggo sarapan sing ana omah.

Rampung ngopi karo sarapan, Kodrat nyeluk Depi sing ngrewangi ngladeni wong tuku, karo ngrogoh sak klambine.

"Wis Dep, takokne mBake!, Kopi loro, sarapan loro tambah tempe goreng loro" .

"Nggih Mas, kopi kalih tigang ewu, sarapan kalih pitung ewu, tambah tempe kalih setunggalewu. Sedaya sewelas ewu" wangsulane Depi.

"Nyoh, susuk sewu ben kene, ngge panjer sesuk" Kodrat ngelung dhuwit sepukuhan siji karo rong ewunan siji.

"Matur Nuwun lho Mas, mpun dimodhali, he he he" Depi nampani dhuwit karo ngguyu.

 

ana candhake.

 


Jumat, 21 Mei 2021

ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS (21)

 dening : immir


21.

Bareng wis rada awan Darmun pamitan, angen-angene sing kepengin bisa urip bebarengan karo Iroh wis cuthel. Kabeh tutur lan saran saka, kanca, sedulur lan tepungane wiwit dinalar lan diunggah udunke ing ati lan pikirane. Sanajana mangkono, jenenge uwong, anggone arep mlaku mulih Darmun plaur arep ngliwati dalan ngarep omahe Iroh, Darmun dhewe ya ora ngerti apa tujuwane kok liwat dalan kono kuwi.


Sauntara iku, Iroh sing wis nembung marang Bapakne lan uga wis diidini nek arep nyoba dodolan sarapan neng omahe, lagi nata enggon sing arep kanggo bakul, direwangi Depi, adhine. Meja loro dijejer, karo dhingklik dawa, ditambah lincak, ditata neng omah ngarep sisih kiwa. Miturut Iroh, ngono kuwi wis cukup merga neng dhuwur meja mengko ora diiseni apa-apa, paling tempe goreng utawa bakwan sing diwadhahi neng lengser siji wae wis cukup. Merga, rencanane bakulane ya ora neka-neka, sega pecel karo kopi, ngge nyawisi wong sing arep budhal nyang sawah utawa ibu-ibu sing nek esuk ora kober gawe sarapan dhewe. Sambel pecele kanggo sawantara ora nggawe dhewe, nanging njupuk nggone mBak Nana sing njurag Sambel Pecel modhel Madiun. mBak Nana wis omong nek kanggo Iroh, merga dienggo dodolan sega pecel, regane sambel digawe beda karo rega umume, mesthi wae luwih murah, sing baku bisa padha mlakune.Kanggo kuluban, sauntara iki ketoke ya durung perlu tuku nyang pasar dhisik. Neng mBuri omah, Kangkung dharat sing ditandur Bapakne cukup akeh. Sasuwene iki kangkung kuwi luwih akeh dirambani terus diwenehn-wenehne tangga-tanggane sing butuh, uga ana sing ramban dhewe. Merga nek mung kanggo nyukupi kabutuhan sayur saben dinane wis turah-turah. Uga tanduran Turi Genjah sing ditandur urut sadawane pager, kembange ndadi ora tau kendhat tansah nukulne kembange. Merga ora tau dipek kembange, malah akeh sing dadi klenthang. Lha mengko kembang turi sing ndadi kuwi bisa dimanfa'atake kanggo selingan anggone gawe sega pecel sing arep didol. Capar utawa Kecambah, bisa gawe dhewe wong sing dibutuhne ora pati akeh. Nek enek wong sarapan lan mbutuhne kopi, kopine arep nggunakne kopi sasetan wae, dadi ora nggoreng dhewe.


"Sesuk nek warunge wis bukak, aku tak ngrewangi ya Mbak?" bareng wis rampung olehe tata-tata Depi nembung arep ngrewangi mBakyune.


"Ngono ya keneng" wangsulane Iroh karo mesem, atine seneng adhine wis ngerti marang gaweyan "waton ora ngganggu sekolahmu wae".


"Ya ora ta mBak nek ngganggu?" Depi nyauri "jaremu bukake bar subuh, tekan jam wolu?"


"Ya wis" Iroh wangsulan banjur wiwit prentah "saiki nyanga nggone mBak Nana, njupuk sambel. nggawaa dhuwit, mbok menawa nek dhuwit sing mau tak wehne isih kurang".


"Siap laksanakan" wangsulane Depi karo arep mlaku metu.


"Eee... iki lho dhuwite digawa!" Iroh njupuk dhompet sing tumumpang meja, njupuk dhuwit rong puluhan salembar dilungne adhine.

Dhuwit disaut karo ngguyu, Depi banjur metu nyandhak pit onthele arep nyang nggone mBak Nana. Iroh nerusne nggone tata-tata, nyepak-nyepakne pirantine wong bakulan. Bar kuwi arep golek rambanan.


Lagi wae Iroh arep metu, ha pe ne muni. Nada dering panggilan liwat Whats App. Hape dicandhak, diiling-ilingi banjur :


"Assalamu'alaikum Iya Mas?" jebul sing manggil kuwi Bagong, Mase sing neng Surabaya.


"Salam, piye kabar omah Dhik?" liwat hapene Bagong takon kabar omah.


"Alhamdulillah sehat kabeh Mas, Mas Yuda ya sehat ta?"


"Sehat Dhik" Bagong wangsulan "anu wingenane Depi tak tukokne Laptop bekas neng Toko Online, nek wis teka tulung aku kabarana, karo alhamdulillah blanjaku diundhaki, dadi transferan kanggo omah iki ya tak tambahi"


"Iya Mas, makasih, Mas Yuda gak kepengin tilik omah ta?"


"Jane ya pengin banget Dhik, nanging piye? kowe ya ngerti wong saiki nek arep nyang ngendi-endi ki ribete gak jamak, kudu sing golek antigen kek, golek sing sing lah, ya suk emben wae nek wis gak pati ribet, lagi bisa tilik omah. Ya wis tulung bektiku wae aturna Bapak, karo kowe neng omah sing ngati-ati, covid-19 jik rung prei iki. Assalamu'alaikum".


"Iya Mas, Mas Yuda ya sing ngati-ati waalaikum salam".


Hape diselehne neng meja, ana rasa kangen marang sedulure tuwa sing wis rong tahun ora tilik omah merga saking kahanan kang ora ngidinake. Sedulur lanang sing kaprenah tuwa, sing banget migatekne adhi-adhine. Senajan ora nembung njaluk, nanging Bagong luwih ngerti nek Depi banget mbutuhake laptop kanggo sekolahe. Ya mung merga kahanan, wae Depi ora wani ngomong marang Bapak utawa mBakyune, lan Bagong sanajan mung bekas wis klakon bisa nukokne laptop sing dibutuhne Adhine. Iroh ya bisa ngrasakne lega, adhine bakal duwe laptop dhewe dadi ora terus-terusan nebeng marang kancane. Ana luh bening tumetes saka mripat sing lindri-lindri kuwi, nelesi pipi, rasa trenyuh wis campuh lan worsuh lan rasa marem mlumpuk dadi siji.

*

Esuke, sanajan lagi sepisanan bukak dhasar, sing tuku neng warunge Iroh wis rame. Ya ora maido, wong jajan kuwi sing akeh seneng milih warung sing bakule resikan, semanak, grapyak ora sembranan, sokur nek ayu pisan. Kajaba saka iku, Iroh pancen cukup dikenal neng desane yen wong sing apik, pinter lan seneng labuh marang sapepadhane. Ora ana critane Iroh sok gawe serik atine sapa wae, sing ana Iroh kuwi pinter karya nak tyasing sasama. Grapyak semanak nanging ngemu wibawa, dadi wong-wong padha ngajeni merga Iroh pancen pantes diajeni.


Ibu-ibu racake olehe tuku njaluk dibungkus digawa bali. Ana sing nembung rong bungkus, telung bungkus jumbuh lan kabutuhane dhewe-dhewe.Sing dipangan ngenggon racake bocah lanang sing arep budhal kerja, utawa sing padatan seneng sarapan lan ngopi neng warung. Kaya Kodrat Sambega, Putrane Kaji Mahmud, sing kuliahe neng Fakultas Teknik Industri UNS kuwi, saben esuk mudhun saka subuhan neng masjid, ajeg sarapan neng warung, adate Kodrat sarapane neng Warung Kedhungdawa, bareng ngerti nek Iroh bukak warung sarapan, esuk kuwi Kodrat njajal sarapan neng kono, Mesthi wae ya karo Ngopi.


"Cocok banget iki karo sarapane Roh" kandhane Kodrat ngalem dagangane Iroh "mung segane sing rada kakehan, ning ya tetep tak entekne wong enak lan mirasa, tempene kering krasa gurihe, sambele pas persis sambelane warung pecel Sleko Madiun kae. Pokoke mantap, seneng aku, saiki ora sah adoh-adoh tekan Dhungdawa".


"Matur nuwun lho Mas" wangsulane Iroh "nek sambele kuwi, sambel olehku nempil nggone mBak Nana kok, aku rung wani nyambel dhewe".


"Iya, upama kulubane kuwi mbok wenehi Godhong Kelor ketoke luwih mantap. Nek kober goleka neng nggonku, kelore akeh, gak sah tuku" Kodrat tawa-tawa.


"Iya jane Mas" Iroh wangsulan "nanging jarene godhong kelor kuwi sok ana sing nyirik, dadi aku ya ora wani nganggo. Jane kene ya ana, kae mburi omah kae kelore ya lemu-lemu, paling ya mung tak masak kanggo dipangan dhewe".


Kodrat manthuk-manthuk, Iroh wis ora kober ngajak omongan maneh, sing arep tuku sarapan sansaya akeh sing padha teka. Sarapan sing murah mirasa, sapiring rega telungewu limang atus. Ora larang.


Ana candhake.

ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS (20)

 dening : immir

20.

Darmun nggambarake sepira abot rasaning atine Karta Kadiran karo Yung Warti nalika iku. Disekseni wong sak jagad loro-lorone wis nikah, wis didhaupne nganggo kembar mayang, nanging ing atine loro-lorone padha olehe ora duwe rasa tresna. Sanajana mangkono, Darmun rumangsa kurmat marang Karta Kadiran sing wis ngecakne anggone ngajeni agung lan sucining katresnan. Katresnan sing lair awit sihing Gusti sing Maha Asih. dudu katresnan sing mung dadi pepolesing hawa nafsu, mula nganti pirang-pirang dina ana pancen sing wis cemawis ya ora diincipi babar pisan, kamangka aja maneh kok mung diincipi, dipangana nganti ludhes jane ora bakal ana sing ngluputake.


"Sak jane bar ditemokne kae aku ya wis pasrah lho Mun" Yung Warti nerusne critane sing wis rada suwe mandheg "mbuh aku seneng mbuh aku senep, wong sajagad rak ngertine aku iki wis dadi bojone Kadiran? Mula pas neng jero senthong wong loro aku ya mung bisa pasrah marang kahanan, arepa dijur arepa dilulur, wektu kuwi aku wis dadi wewenange Kadiran. Mula nalika Kadiran ora enggal-enggal munggah amben nusul turu, aku njur omong mangkene :

- Wis Kang, saiki aku wis klakon dadi bojomu, aku wong wedok ora bisa apa-apa kajaba manut, arep kok kapakne wae aku ya ora arep suwala - lha kok wangsulane Kadiran malah gawe aku rada kaget. Wonge nakoni aku, aku duwe rasa tresna marang dheweke apa ora, ngono".


"Lha Yung-e wangsulane pripun?" Darmun nyelani takon.


"Ya tak wangsuli ngene : aku ora ngerti Kang, sing diarani katresnan kuwi apa? sing tak ngerteni, wektu iki binggeting atiku merga ditinggal Mas Joni durung mari. Nanging aku ora oleh mikir binggeting ati kuwi, merga kudu nindakne kuwajibane anak sing kudu manut karo Bapakne, kamangka Bapakku wis lila lan legawa masrahne jiwa lan ragaku marang Kang Kadiran. Embuh olehmu ngarani, aku ora ngerti"


"Kuwi tenan lho Mun" Karta Kadiran nyambung critane Yung Warti "Aku wektu kuwi ya terus mangsuli ngene : - Ya aja dadi atimu ya Ti, tenane ngono ing dhasaring atiku iki durung ana rasa tresna marang awakmu, anane kedadeyan awake dhewe diijabne terus ditemokne, disekseni wong akeh yen wis dadi bojone iki, merga aku rumangsa wis kepotangan budi luwih dhisik marang Wong Tuwamumu lan uga marang Bu Lis. Sepisan aku kelingan jaman aku karo mBokku lara bareng, ora bisa apa-apa malah jarene wong-wong wis ora ana tambane kae, Bapak lan Simbokmu ora ana sing nembung, gentenan ngopeni aku karo mBokku, nyukupi apa sing dadi kebutuhanku lan kebutahane mBokku mbuh nganti pirang dina suwene, tak kira upama ora ana wong tuwamu, sing ora nggagas rekasaning awake, akun karo mBokku wis bablas tekan kuburan biyen-biyene. Kaping pindho, nalika jaman mBokku eber-eber bakul janganan neng Pasar Kedunggalar, merga kepencut karo rembuge Tukang nganakne dhuwit sing  kekudhung jeneng Koperasi, mBokku klakon kagubet utang nak kemanak, nganti tekan mbuyuti, sing wekasane pomahan tinggalane Bapakku meh wae disita kanggo nglunasi utange mBokku. Tujune banjur konangan Bu Lis sing terus ngomong menyang Koh Chiang Lee, awit pitulungane Bu Lis karo Koh Chiang Lee pomahane mBokku ora sida disita . Mula aku ya kudu ngerti yen karepotane Wong Tuwamu kuwi ya karepotanku, karepotane Bu Lis ya karepotanku. Mula bareng Wong Tuwamu lan Bu Lis padha bingung golek sesulihe Joni, gandheng duweku ya mjung sak raga karo nyawa, ya banjur tak pasrahne marang Bapakmu lan Bu Lis. Wekasane aku ya gelem kanthi resmi nikah karo awakmu, ikhlas lahir batin. Mung wae, bares aku kandha : rasa tresna ing atiku kanggo kowe, teka saiki durung ana, mula aku ya durung kuwasa aweh nafkah batin marang awakmu, yen nganti teka titi wancine aku tetep ora bisa aweh nafkah batin, mangka dadi wewenangmu ngajokne gugatan Taklik Talaq neng Pengadilan Agama".


Darmun manggut-manggut sajak kasengsem krungu critane Karta Kadiran sing ngono kuwi mau, karo nyruput kopine sing wis adhem Darmun banjur kandha :


"Pakdhe niku jian luar biasa tenan, bisa ngapusi nalar lan atine dhewe".


"Ngapusi piye?" Karta Kadiran mlengak.


"Enggih, teng lathi Pakdhe kandha nek boten tresna, ning teng tumindak Pakdhe ngecakne rasa tresna wau dhateng Yunge, Amargi nggadhahi raos tresna ingkang suci, Pakdhe Karta boten rila menawi Yung-e ngantos kajamah dening tiyang ingkang boten dipun tresnani Yung-e, senajan tiyang punika Pakdhe Karta piyambak. Pakdhe Karta saged ngendhaleni hawa mudha, awit Pakdhe jan-jane tresna dhateng Yung-e, tresna ingkang dereng dipun ngertosi nggih napa nggih?" 


"Bener kowe Mun" Yung Warti sing nyauri "Ya merga omongan lan laku saben dinane Kadiran sing tansah njaga lan ngreksa aku ngono kuwi mau, wekasane aku sing kalah, aku masrahne katresnanku marang Kang Kadiran sawutuhe, aku ya ora wani meksa supaya Kang Kadiran gelem nresnani aku. Maune Kang Kadiran wangkal, nanging suwe-suwe ya banjur thukul katresnane marang aku. Nganti saiki iki".


Karta Kadiran ngombe kopine, banjur bali nglinting udute. Karo udut banjur nutup critane :


"Lelakonku iki durung tau tak kandhakne marang sapa wae Dar, esuk iki tak critakne kowe muga-muga bisa kok  dadekne tetimbang lan lelimbangan saupama kowe nemoni lelakon sing rada memper karo lelakonku bab katresnan".


Darmun krasa, sanadyan ora diucapake Karta Kadiran karo Yung Warti duwe panemu sing padha karo kanca-kanca sing dicurhati bab kabar sing wis sumebar yen dheweke duwe sesambungan ati karo Dhita Rahayu, Bocah Brang Lor. Sajake mBokdhene ya Bojone Darma Sagi, ora mung crita ngenani Dhita marang Yung Warti, malah kepara wis diimbuhi panjaluk gelema melu ngrimuk atine Darmun kareben nggugu  Simboke. Lha banjur olehe nitip rembug nyang Yung Warti dhek emben kae banjur kepriye? Kamangka tekan saiki, solah bawane Iroh isih kumanthil kanthil neng mripate Darmun.


"Lha saiki, welinganmu dhek emben kae arep tak wangsuli, nanging tak jaluk kowe aja kaget ya?" sawuse meneng sauntara Yung Warti mbukak omongan anyar.


"Nggih pripun Yung?" Darmun gragapan takon.


"Iroh wis tak takoni, wis duwe sir-siran apa durung, utawa wis ana sing nakokne apa durung. Lha kok wangsulane adoh karo sing tak angen-angen" wangsulane Yung Warti.


"Wangsulane pripun Yung?"


"Gandheng wong tuwane lagi wae pegatan, Iroh rumangsa melu ketiban awu anget. Bocah kuwi banjur duwe panemu nek dheweke saiki wis mlorot regane, merga ya ngrumangsani arepa kaya ngapa dheweke kuwi anake wong sing bubrah rumah tanggane. Iroh banjur nutup dhiri, moh ngrembug bab jejodhowan. Sak jane aku ya wis aweh pitutur akeh-akeh, nek pisahane  Arja Sampun karo Supeni, kuwi lumrah, lan ora kena digandheng-gandhengne karo Iroh lan sedulure kabeh, merga ati lan pikirane anak durung mesthi nek padha karo ati lan pikirane wong tuwane. Nanging Iroh puguh ing panemune, dina iki nganti mbuh suk kapan durung arep mikir bab jejodhowane. Banjur aku kepethuk mBokdhemu Darma kaya sing tak critakne mau".


Darmun meneng ora bisa semaur. Saka omah sakulone Karta Kadiran, keprungu suwara radio sing lagi nyiarne lagune Ebiet, Kalian Dengarkanlah Keluhanku ...........

"...... apakah bila terlanjur salah, akan tetap dianggap salah..........


ana candhake.

Kamis, 20 Mei 2021

ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS (19)

dening : immir

19.

Karta Kadiran tanggap apa sing dikarepne bojone, banjur nyecek rokoke neng asbak, genti nyruput kopine, njupuk gembili siji, dionceki kulite karo omong :

"Pancen jenenge wong omah-omah kuwi nek durung kelakon, sok ngoplegne sirah kok" .

Darmun ngguyu sepa, wangsulane : "Lha enggih ta Dhe?".

"Iya, kaya critaku mbiyen entuk Yung-mu kuwi maune ya semrawut, wong sak jane aku ya gak patek cinta karo Yungmu kuwi" wangsulane Karta Kadiran karo nyuwil gembili sing dicekel terus diemplok. Darmun terok-terok, njupuk gembili terus dionceki, karo omong :

"Dados sing ngesir niku Yunge riyin Yung?" muni ngono karo noleh Yung Warti.

"Ya ora jane" Yung Warti nyauri.

"Lha pripun?"

"Olehku entuk Yungmu kuwi biyen rak merga tubrukan ta Mun?" Karta Kadiran wangsulan sawise gembili sing dipamah dilebokne wetenge.

"Tubrukan? pripun niku critane?"

"Maune ki jane aku ya rada ngesir karo Yungmu kuwi" Karta Kadiran nyritakne lelakone, "biyen aku rak buruh neng nggone Koh Chiang Lee, China Dunggalar sing duwe Truck pirang-pirang. Lha Kang Samin ya Bapakne Yungmu kuwi ya padha, kaceke aku dhapuk dadi Kernet ngetutne Sopir Mas Ramuji, nek Kang Samin nyambut gawe neng Toko Besine. Lha bojone Koh Chiang Lee kae rak wong jawa?"

"nggih, nggih ketok nek tiang Jawi nika, wong tiyangt-tiyang nek nyeluk jenenge nggih Bu Lis, boten Cik napa Yuk kok" Darmun nanggapi rembuge Karta.

"Lha Bu Lis kae duwe adhik jenenge Joni, kuliahe neng Yogya. Ning dhasar cah sregep, bareng wis lulus kuliah lan durung oleh gaweyan sing cocok, Joni kuwi banjur ngrewangi Kakange Ipe neng Toko Besine, mula Joni banjur akrap karo Kang Samin ya sing banjure dadi Bapak Maratuwaku kuwi. Cekake crita, weruh Yungmu sing jaman enome biyen mirip Chen Chen, bintang film Mandarin sing kondhang neng jamane, Joni banjuur Jatuh Cinta sak kal" Karta Kadiran meneng sedhela karo nglirik bojone.

Yung Warti njedhirne lambene karo nyauti :

"Pakmu Gedhe ki senengane ya ngono kuwi Dar, seneng madhak-madhakne uwong ning ajeg gak benere, lha wong kulitku ireng kaya ngene kok diemperne karo Bintang Film Cina kuwi rak genah nek ngawur ta?".

"Lha marahi Pakdhe Karta wektu niku rak klebet fans ne Yung-e? mula nggih wingka katon kencana ngoten nika" Darmun wangsulan karo ngguyu.

"Bener kuwi Mun" Karta Kadiran nerusne omonge "pancen maune, kaya sing tak omongne mau, sak jane aku ya ngesir nanging rung sida wani nembung, kedhisikan Joni sing apa-apane sarwa luwih timbangane aku. Aku ya terus mlipir minggir, rasa tresnaku nyang Yungmu tak puthes, thes nganti entek, terus wiwit nglirak-nglirik prawan liyane".

"Lha kok sakniki Pakdhe malah dados kalih Yung-e? Lha ipene Koh Chiang Lee niku sak niki teng pundi?" Darmun takon ngiras ngongkon Karta supaya nerusne critane ben ora kakehan menggok.

"Lha sawuse Yung-mu dilamar karo Joni" Karta Kadiran mbacutne critane "wektu kuwi aku melu ngeterne lamaran dhapuk usung-usung gawan, wong sing dadi dhuta panglamar ki Koh Chiang Lee sekaliyan, merga Joni rak wis ora duwe wong tuwa?. rembuge langsung dadi, patang sasi maneh arep ijaban, tanggal lan dinane ya wis padha disetujoni. Kang Samin ya terus tata-tata, wong arep mantu kuwi ya butuh persiapan sing mateng, wong ya omahe arep ditekani dhayuh sepirang-pirang, omahe wiwit didandani sing reget diresiki, gedhege dilabur putih nganggto gamping weton Sondhe, cagak-cagak sing dhoyong dijejegne, gendheng-gendheng sing mlorot ya dibenakne, kiwa tengen omah sing njembrung diresiki, nganti dadi mlathing kabeh. Kajaba iku ya wiwit klumpuk-klumpuk uba rampene wong arep duwe gawe, sing genah nglumpukne dhuwit sing ora sethithik. Kurang sesasi, ulem wiwit diiderne, lha wong tepungane Kang Samin ki ya akeh, wis pesen Video karo Tape Gler barang dienggo hiburane.*). Nanging ya kuwi, nadyan manungsa kuwi diwenangake duwe karep lan gawe rancangan, nanging kudu tundhuk karo karep-E sing ngecet lombok. Kurang sepasar karo olehe ijaban, Joni ora ngerti sikile midak paku teyengen. Esuk keneng paku, sorene awake panas,awak sakujur kaku-kaku kabeh, let sedina Joni wis teka ing janjine. Jare wong-wong Joni keneng tetanus".

"Inna lillahi wa inna ilaihi raji'uun" ora krasa Darmun nyebut.

"Nemoni kedadeyan sing kaya mangkono mau" ora nyauti panyebute Darmun Karta Kadiran nerusne nggone crita "kulawargane Kang Samin lan kulawargane Bu Lis Chiang Lee dadi bidhuh. Nek kulawargane Bu Lis ngono wis genah nek kudu kelangan sedulur, lha nek Kang Samin sing wis mbentuk Panitia, nyebar Ulem, pesen tarup, dhekor lan liya-liyane, kabeh ana gegayutane karo wong liya. Bisa digambarake ing angen-angen, sepira susahe nek nganti anggone duwe gawe mantu anak wedok mung siji ndhil kuwi klakon wurung?. Kang Samin banjur nemoni Koh Chiang Lee karo Bu Lis, njaluk rerigen murih becike. Pepunthoning rembug, Kang Samin kudu tetep mantu, lha calon manten lanang kudu digolekne minangka gantine Joni sing wis kapundhut ing ngarsaning Gusti".

"Lajeng tumibaning pilihan minangka sesulihe Pak Joni dhawah dhateng Pakdhe Karta?" Darmun takon karo mesem.

"Iya, maune aku ya rada wegah, lha wong senajan maune aku ngesir nanging jebul sing tak sir malah ngesir wong liya, rak aku mengko arep ngrabi wong sing ora seneng karo aku? gek kepriye rasane? Iya ora?".

"Lha ning nyatane?" Darmun takon.

"Sepisan merga aku ya ora seneng nek nganti Kang Samin wurung olehe mantu, ping pindho, Bu Lis karo Koh Chiang Lee, ngrerepa nembung lilaku supaya gelem nyulihi Joni, dadi manten lanang, nikahi Yung-mu kuwi, kabeh uba rampe sing wis dicepakne kanggo Joni, kaya mas kawin, sasrahan, paningset, sak sandhangane pisan dipasrahne aku. Malah budhalku menyang omahe calon maratuwa ya ora saka omahku dhewe, nanging saka omahe Koh Chiang Lee, minangka gantine wong tuwaku".

Karta Kadiran mandheg olehe crita, genti Yung Warti sing omong :

"Maune aku ya sengit banget karo Pakmu gedhe kuwi, merga tak anggep wis nggunakne kesempatan dalam kesempitan, malah nganti sedina sadurunge ijaban aku isih durung bisa nampa kanyatan sing kaya ngono mau. Nanging arep kepriye maneh? kahanan sing kudu tak lakoni pancen ya kaya ngono".

"Dados Yung-e dinikahne kalih Pakdhe niku, babar pisan boten wonten raos tresna Yung?" Darmun nyelani takon.

"Iya, jebul Pakmu Gedhe kuwi ya padha, kabeh-kabeh gelem nglakoni nikah kuwi merga nganggo dhasar madhangne pepeteng sing disandhang wong tuwaku. Mula nganti sepuluh dina luwih, najan turune sak senthong, aku ya babar pisan ora disenggol karo Pakmu Gedhe. Olehe mapan turu gentenan, sok-sok sing turu neng amben aku Pakmu gedhe neng ngisor nggelar klasa,sok sok ya aku sing neng ngisor Pakmu gedhe sing turu neng amben. Thik ngonowa, nek neng ngarepe wong liya klebu neng ngarepe wong tuwaku, aku karo Pakmu gedhe ketok nek wis atut tenanan ngana kae, wong saben esuk aku ya adus kramas ben dikira nek bengine wis ngibadah karo Pakmu Gedhe kuwi".

Darmun manthuk-manthuk ngrungokne critane wong-wong sing wis wiwit nglakoni dadi wong tuwa kuwi. Pikirane melu nglambrang nggambarake kaya apa ruwete lelakon sing tau disandhang Yung Warti karo Karta Kadiran.

 

ana candhake.

cathetan : Video karo Tape Gler barang dienggo hiburane = kuwi ing Kedunggalar sakiwa tengene jaman semana asring ditanggap dening wong duwe gawe kanggo ngregengne swasana.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...