Total Tayangan Halaman

Sabtu, 05 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (20)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

20

Kudana lan Sulastri weruh saka mripate Rajikan lan Rajikin katon yen tenane wong loro kuwi miris, majune mung bandha tekad, kira-kira timbang ora nglawan babar pisan, merga wis ngerti nek nyedhaki puputing umur. Kudana lan Sulastri ya dudu wong sing wentalan tegel nyiksa wong sing nyata kalahe. Mula kekarone uga ngetog kekuwatane, supaya mungsuhe ora kesuwen urip. Kudana lan Sulastri obah bareng, cemethine Sulastri ngarah gulune Rajikan lan epek-epeke Kudana ngarah jantunge Rajikin.  Jim loro muride Syekh Jaminambar kuwi mencolot maju karo nyabetne teken sing digawa, ngarah lambunge mungsuhe, dadi kekarone obah cepet ngendhakne awake, semu nisih rada mengiwa sethithik. Kang mangkono iku ndadekne panyabete Sulastri luput, mung ngenani ikete Rajikan ing sisih dhuwur, ndadekine iket kuwi kobar murup mencoilot saka sirahe sing duwe. Semono uga pega biru sing mijil saka epek-epeke Kudana ora ngenani jantunge Rajikin, nanging bablas liwat sanyari saka gulune  rajikin natap wit randhu alas sing ora adoh saka kono ndadekne wit randhu alas kuwi bedhol saoyot-oyote. Sauntara iku Sulastri sing ora ngira yen mungsuhe isih bisa polah kanthi cepet, ora kober bisa ngendhani lambunge kebabat tekenh kayu Sangga Langit. Wong loro kuwi mung bisa mbengok banter, banjur rubuh ing lemah, kanthi tatu sing nggegirisi. Kekarone kejet-kejet sedhela banjur meneng kanggo selawas-lawase.

Rajikan lan Rajikin sing ora ngira yen kekarone bisa ngalahake musuhe kuwi padha kamitenggengen weruh kahanane musuhe..

"Apa iki sing diarani pitulungan sing ora kanyana-nyana kuwi kakang?" Rajikin takon marang Rajikan sing isih kamitenggengen weruh kahanane Kudana sing suwek lambunge.

"Sing cetha, Allah durung ngersakne awake dhewe cilaka merga pokale menungsa loro kuwi Dhi" wangsulane Rajikan.

"Nanging awake dhewe wis nglakoni dosa gedhe kakang" wuwuse Rajikin sabanjure.

"Iya, Guru wis aweh weling, yen awake dhewe sajroning lelaku menyang Pulo Jawa iring kulon iki, ora dikeparengake gawe pepati marang sapepadhaning titah" wangsulane Rajikan "sedheng gawe mateni kewan sing cilik wae ora dikeparengake, saiki awake dhewe tanpa sengaja wis gawe patining manungsa, titahing Allah sing paling luhur drajate".

"Banjur kepiye Kakang?" Rajikin takon maneh.

"Ora ateges endha saka pandakwa, awake dhewe iki mau kajaba ora ngira yen bakal ndadeknhe menungsa loro kuwi tumekeng pati, awake dhewe rak ya mung mbela dhiri? muga-muga kiang mangkono iku mau bisa dadi srana pangentheng-entheng yen ana tumibane ukuman saka Guru, uga saka Sing Maha Kawasa" Rajikan wangsulan.

"Saiki apa sing kudu ditindakne marang wong loro sing wis dadi mayit kuwi Kakang?" Rajikin takon karo nudingi Sulastri lan Kudana sing wis kaku.

"Kanggo ngengurangi dosa, becike jasad loro kuwi dibalekne ing alam kuwadhagan, ya alaming manungsa banjur dikubur ing bumine" Rajikan wangsulan karo nyedhak arep ngangkat mayit-mayit kuwi.

Ora suwe Rajikan lan Rajikin tumandang, gawe luwangan mayite Kudana lan Sulastri dipendhem dadi saluwang. Bareng rampung anggone ngubur mayit loro kuwi, kekarone nedya bali manjing ing alame maneh. Nanging, kekarone dikagetne dening suwara tangising jabang bayi sing kekejer ora adoh saka papan kono.

"Banjur bayi iki anake sapa kakang? apa anake manungsa loro kuwi mau? yen ngonowa mendah sepira gedhening dosane awake dhewe iki?" Rajikin takon karo  keweden "luwih-luwih yen nganti konangan, manungsa liyane awake dhewe mesthi bakal dipidana nganggo carane manungsa sing awake dhewe ora bisa nggambarake mendah sengsarane".

"Apa becike Bayi iki digawa wae menyang alame dhewe? ben ora konangan manungsa liyane?" Rajikan melou wedi.

"Ora Kakang" Rajikin wangsulan "pancen mbok menawa kanthi mangkono awake dhewe bisa endha saka paukumaning manungsa, nanging kepiye awake dhewe bakal wangsulan marang Guru? Lan nyata Allah luwih ngudaneni marang kabeh tumindake awake dhewe".

Rajikan meneng sedhela, bayi sing isih nangis kekejer kuwi diusap lan diwacakne mantra panyirep. Sakala bayi kuwi meneng, ora suwe banjur turu nglepus, kaya ora nate kedadeyan apa-apa.

"Upama ngene piye Kakang?" Rajikin nawakne cara marang sedulure tuwa.

"Ngene piye?" Rajikan takon.

"Klawan sesidheman, bayi iki diselehne ing papan sing cedhak karo omahe manungsa, utawa ing pinggir dalan sing kerep diambah manungsa, ing pangangkah bisa enggal oleh pitulungan. Banjur awake dhewe kanthi sacepet-cepete lunga ninggalne papan kene. Piye Kakang?" Rajikin njlentrehne carane.

Rajikan manthuk-manthuk tandha yen sarujuk karo cara sing ditawakne adhine. Jim loro kuwi tumuli sesidheman ngangkat bayi sing isih turu nglepus kuwi, banjur diseleh ing pinggir dalan sacedhake Marga Catur utawa Prapatan sing ndelok tilas-tilase papan kono kuwi kerep diliwati dening manungsa. Jabang bayi kuwi uga dipageri nganggo japa mantra murih ora ana kewan sing bisa nyedhak utawa ngganggu keslametane. Bubar nyelehne bayi, Rajikan lan Rajikin banjur bali ing alame dhewe, nggeblas gegancangan ninggalne papan kono, arep nerusne laku.

Dina esuke Jabang Bayi sing tangi lan banjur nangis kekejer merga luwe, konangan wong sapirang-pirang. Gandheng ora ana sing ngerti sapa wong tuwane, bayi mau banjur digawa mulih dening Ki Demang Sudiya didadekne anak pupon. Nalika arep menehi tetenger bayi kuwi, dumadakan ana suwara dumeling sing mung bisa dirungokne dening Ki Demang dhewe, yaiku wujud kabar yen si Jabang Bayi yegtine wis duwe jeneng yaiku Raden Sentani. Mula dening Ki Demang Sudiya Bayi mau uga banjur dijenengne Sentani.

"Dadi saiki wis cetha mungguh asal-usulmu ngger Sentani, anane kowe biyen diselehne ing Marga Catur Kademangan Jatipethuk, kuwi dudu lupute wong tuwamu. Mangka buwangen rasa pangigit-igitmu marang bapa biyungmu. Becik saiki tindakna apa kang dadi pepengine Eyangmu Raden Bintulu, yaiku kowe kudu bisa dadi pangarepe wong ing Jatipethuk ngrebut panguwasa ing Tanah Jawa sing samengko isih dikuwasani dening Trahe Sri Brawijaya Kalima" Ki Nagaburik mungkasi critane.

Aku legog-legog kaya togok krungu critane maratuwaku ya Ki Nagaburik kuwi. Wusanane aku banjur nyuwun pitutur apa sing kudu tak lakoni kanggo mujudake kekudangane Kanjeng Eyang Raden Bintulu lan malesake lara wirange Kanjeng Eyang Prabu Brawijaya Pamungkas Ya Eyang Prabu Girindrawardana. Kamangka kanggo nggayuh kalunggtuhan Demang ing Jatipethuk genah nek wis ora bisa, sabab paugeran Jatipethuk nyebutake yen sing bisa dadi Demang kuwi kudu duwe sesambungan getih karo Demang sadurunge.

Rama Nagaburik banjur paring pangandika :

"Kanggo ngayati pakaryan iki, kanggo sawantara kowe kudu pisah karo garwamu si Nagadewi. Awit ing Grojogan Jambe Telu iki, Nagadewi duwe kuwajiban sing ora bisa disambi karo gaweyan ing papan liya. Lan sajroning ora kumpul karo garwa, kowe ora kena pisan-pisan kena gepok senggol karo wanita liya, iya wanita sing abdan alus luwih-luwih wanita sing abadan kasar. Yen nganti kowe tumindak kaya lumrahe wong bebojowan karo liyane anakku Nagadewi, mangka kowe bakal kena walat, badan wadhagmu bakal salin rupa dadi Ula sing ora bisa bali dadi manungsa maneh. Sartane kowe bakal nampa pidana saka Kraton Grojogan Jambe Telu, wujude siji kowe dipegatake karo Nagadewi, loro kowe mung kena manggon ing cedhak gapura dadi tukang jaga regol ing selawase, gandheng wujudmu ula kowe ya ora kalis saka pepati, ora bisa rembugan liyane karo Ula utawa karo warga ing Grojogan Jambe Telu kene".

Krungu pangandikane Kanjeng Rama Ki Nagaburik sing mangkono iku, aku dadi lemes dhempes ilang bayu anggaku.

 

ana candhake.

 


SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (19)

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

19

Satemene wong loro sing lagi laku sembahyang kuwi dudu bangsane manungsa, nanging bangsa Jim, anane bisa disawang dening Kudana awit Kudana wis nggunakne kekuwatan batin sing  bisa ngaweruhi titah alus sing ana sacedhake. Kudana apa dene Sulastri lali yen ws ngetog netra batine, mula Kudana lan Sulastri babar pisan ora ngira yen wong loro kuwi temene bangsa alus. Jim loro kuwi temene ora ana gandheng rapete karo Kademangan Jatipethuk babar pisan, amerga Jim loro sing aran Rajikan karo Rajikin kuwi muride Syekh Jaminambar saka tlatah Madura sing lagi lelaku tumuju Pulo Jawa iring kulon. Senadyan ketiban patreme Sulastri lan Kerise Kudana ora mmbebayani tumrap kaslametaning jiwane. Nanging panggah isih ngrasakne lara sing tanpa upama. Mula nalika Rajikin ngerti yen arep disadhuk dening Kudana, Rajikin kanthi cepet ngobahne tangane, sikile Kudana disaut digeret mengiwa uga nganggo tenaga sing wutuh . Kudana sing ora ngira yen sing disadhuk bakal obah kanthi cepet, kena ing apes. awake kegeret sikile sing digeret, ndadekne Kudana tiba glangsaran ana lemah.

 "Eh, yen nitik wujudmu kowe kuwi klebu jinising manungsa, nanging ya gene sipatmu asor kaya sipating kewan?" Rajikin ngadeg karo takon marang Kudana sing lagi wae tangi saka anggone tiba "dening sing yasa jagad saisine aku lan kowe diwenehi papan sing beda, supaya ora rebutan papan, ya gene kowe ngambah alamku lan nedya gawe cilakaku? apa luputku marang kowe he manungsa?".

"Aja kaehan wuwus, ayo sadurunge mati ing tanganku, ngakuwa sapa aranmu? lan sapa sing wis ngidini kowe arep nyebarake kapitayanmu ing bumi Jatipethuk kene?" Kudana wangsulan karo siaga arep nerjang.

"Ngertiya Manungsa, aku Rajikin lan kuwi sedulurku Rajikan, muride Syekh Jaminambar saka tlatah Madura, aku ora niyat nyebarake apa-apa ing Kademangan Jatipethuk kene, merga aku ngerti laladan kene iki isine mung segara wedhi, kuwi yen ing alame bangsaku, nek ing alaming bangsa manungsa kene iki isih akeh alas sing rungkud. Kowe ndakwa aku arep nyebarne kapitayanku ing Jatipethuk kuwi dhasarmu apa? yen aku niyat arep nemoni bangsa manungsa sing ana Jatipethuk, mesthine aku arep mlebu ing alaming manungsa, nanging kanyatane malah kowe karo wong wedok kuwi sing mlebu ing alaming bangsaku lan teka-teka kowe lan wong wedok kuwi wis nedya gawe cilakaku. Saiki malah kowe ndakwa aku karo adhiku iki klawan pandakwa sing ngayawara. Mula aku dadi ngerti, niyatmu pancen ala kepengin pamer kadigdayan marang bangsaku, ing alaming bangsaku. Ya, aja kok kira aku wedi, mesthi kowe karo wong wadon kuwi bakal tak ladeni sagendhingmu" Rajikin wangsulan karo pasang kiuda-kuda kanggo ngadhepi Kudana. Sauntara iku Rajikan sing ana sisihe uga wis siyaga ing dhiri ngadhepi Sulastri sing dikira nduweni kasekten sing pilih tandhing, ketitik bisa ngambah alam kajiman.

Kudana babar pisan ora percaya karo sing dikandhakne Rajikin, merga Kudana wis kadhung duwe pangira yen Rajikan lan Rajikin iki salah sijining pepalang sing kudu disingkirake murih ing mbesuk anake sing saiki isih bayi, bisa dadi pengarepe wong Jatipethuk kang arep njaluk bali kamulyaning Majapahit sing isih dikuwasani Trah Brawijaya Kalima. Sawuse jejeg adege, banjur asung sasmita marang sisihane supaya maju bareng ngepruk wong loro sing ana ngarepe kuwi. Sulastri tanggap apa sing dikarepake bojone, sigra musus epek-epeke sinartan mantram sakti, saka epek-epek kuwi kumelun pega warna biru, ora suwe banjur metu cemethi upat-upat ula kuning, sansaya suwe sansaya mundhak dawa. Cemethi disabetake marang Rajikan, sakala Rajikan mencelat ana limang dhepa adohe tiba ngrungkebi lemah. Bareng lan mencelate Rajikan, Kudana ngarahake epek-epeke sing katon abang mengangah sing ngetokne perbawa panas, nebak dhadhane Rajikin sing ora kober ngendhani. Meh padha karo Rajikan, Rajikin rubuh, tiba gumlundhung ana lemah nganti meh limang dhepa adohe.

"Dhasar wong licik, jebul mung semono kekuwatanmu" Kudana ngucap karo tetep siaga ngadhepi tekane bebaya "lagi kesenggol epek-epekku wae kowe wis golung koming kaya ngono. Ayo nek nyata perwira tangiya, adhepana iki Kudana mantune Ki Sutambar piyandel Kademangan Kalipethuk".

Sulastri ora kalah anggone sumbar marang musuhe sing isih katon meneng mengkureb ana lemah, wuwuse :

"Wong lanang kemangi, arep adol bagus neng Jatipethuk. Konangan Sulastri sida mulih mung kari aran kowe Rajikan".

Rajikan lan Rajikin kuwi satemene jinis Jim sing wedi banget karo titah sing jeneng manungsa. Amerga wiwit cilik asring nampa dedongengan saka wong tuwane yen manungsa kuwi titahing Gusti sing paling sampurna, cinipta dening Allah kanthi wujud kasar lan alus, kajaba katitahake minangka kawula kang kudu manembah marang kang Nyipta, uga sinampiran kuwajiban minangka pangreksa murih lestarining bawana saisine. Mula nalikane Jim loro kuwi diprentah gurune supaya nindakne lelaku tumuju Pulo Jawa iring kulon, kekarone tansah golek dalan sing dikirak-kirakne dalan mau ora diliwati manungsa, merga kuwatir yen nganti kepethuk manungsa sing kulina manjing ing alame banjur ngganggu marang dheweke. Pranyata, sanadyan wis dingati-ati, saiki Rajikan lan Rajikin kudu kepethuk titah sing aran manungsa lan bener klawan sing dikuwatirake, manungsa loro sing jeneng Kudana lan Sulastri wis nelakake karepe yen arep gawe cilakane. Mau, Rajikin wis nyoba nuduhne sanadyan kaya ngapa dheweke uga duwe kekuwatan lan wis muni yen dheweke babar pisan ora wedi, sanadyan unine kuwi cengkah karo suwara ing atine sing tenane wis miris luwih dhisik amerga ana manungsa sing wis ngonangi kahanane.  Saiki jim loro kuwi luwih bisa ngrasakne lan ngaweruhi dhewe yen titah sing jeneng manungsa kuwi nyata-nyata nggegirisi, duwe kekuwatan sing banget medeni. Ping pindho Rajikan lan Rajikin ngrasakne kelaran, sepisan mau nalika ditibani patrem lan keris, rasaning awake sasat remuk ilang kekuwatane, kapindho Rajikan sing mencelat kesabet cemethine Sulastri lan Rajikin sing gumlundhung kesenggol epek-epeke Kudana.

Jim loro muride Syekh Jaminambar kuwi wis nyipta yen ora bisa nerusake prentahing gurune lelaku nganti tekan Tanah Jawa iring kulon, lan kudu mandheg ana kono, kebegal dening kasektene Kudana lan Sulastri. Nanging, jenenge titah Rajikan lan Rajikin ora gelem kalah sing tanpa gawe tunane sing ngalahake. mBuh dadine, wong loro kuwi nedya nglawan nganti saenteking kekuwatane. Sajroning ngrasakne lara, Rajikan lan Rajikin bebarengan ngetog kabisan sing digadhuh. Sinartan panyuwun marang Sing Maha Kuwasa, kekarone gumregah tangi banjur nyaketi mungsuhe. Teken Kayu Sanggalangit peparinge gurune ya Syekh Jaminambar wis padha digegem kenceng ing tangane dhewe-dhewe. Teken loro sing kembar rupane, padha gedhe lan dawane.

Weruh mungsuhe tangi lan mara nyedhak karo nyekel gegaman, Kudana gumuyu ngakak, banjur kandha marang bojone :

"Sajake pepalang loro iki kudu disampurnakne dina iki uga Nikmas, siagakna cemethimu aywa kongsi tumpangsuh nggonmu nibakne, dimen ora mindhon gaweni".

"Iya Kakang" wangsulane Sulastri karo ngencengi nggone nggegem bongkoting pecute "aja kuwatir, sedhela maneh sing ngganggu gawe putramu si Sentani iki mesthi lebur dadi ndheg amun-amun ketiban cemethiku".

Krungu omonganane wong loro kuwi Rajikan lan Rajikin ora mandheg nggone arep nglawan, malah kepara saupama kudu mung tekan semono lelakoning uripe, kekarone uga ora kepengin suwe-suwe nggone ngrasakne sekarat.

ana candhake.

 

 

 


SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (18)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

18

Oleh telung sasi etungane manungsa, Sulastri lan Kudana cumondhok ing Kedhunggasrong, Sulastri krasa yen wiwit nggarbini. Kudana lan Sulastri seneng banget, wong loro kuwi uga nggambarake wong tuwane sing ana ing Jatipethuk mesthi melu seneng sing ora karuwan lamun ngerti Sulastri wis ngandhut. Sulastri kepengin nuduhake kandhutane marang wong tuwane, sing anggone kepengin bisa ngudang putu nganti kaya wong nyidham cempaluk . Mula Sulastri banjur ngajak sisihane matur marang Raden Bintulu yen arep bali menyang Jatipethuk. Nanging sepira kagete, Kudana luwih-luwih Sulastri bareng krungu wangsulane Raden Bintulu nalika anake lanang kuwi pamitan arep bali menyang omahe maratuwane.

 "Ngene lho Ngger" Raden Bintulu ngabari mungguh kahanane Ki Sutambar wektu kuwi "padha sumurupa satemene Bapakmu ya Ki Sutambar wektu iki wis ora mapan ing Jatipethuk maneh, nanging wis manggon neng Padhepokan Jenggrik kumpul karo Kyai Nagabiru sing mapane ana alam kajiman. Kahanane Sutambar saiki wis padha karo kahanane Bapakmu iki, yaiku urip neng alam antara wujude rupa prayangan. Yen kowe kepengin ketemu karo Bapakmu Ki Sutambar, kowe njujuga ing Padhepokan Jenggrik. Murih gangsare laku bakal tak bukak dalan sing bisa kok lakoni kanthi lan kowe bakal tak gawani sumping kanthil kuning, mengko yen lakumu wis tekan regoling Padhepokan Jenggrik, tuduhna marang sing njaga regol. Mangka kowe ora bakal kangelan mlebu Padhepokan ketemu karo Ki Nagabiru. Nanging yen kowe ora nggawa sumping kanthil kuning iki, nglengkara kowe bisa mlebu Padhepokan kuwi, jeneh kowe wong loro isih abadan wadhag kaya saiki iki".

"Dados Bapa Sutambar samangke sampun seda Rama?" Sulastri takon karo nangis.

"Ora, malah Bapakmu saiki wis kalis saka pati Ngger" wangsulane Raden Bintulu "saiki Bapakmu wis kumpul karo Gurune ing jaman langgeng, ngayahi wajib dadi senapati ing Padhepokan Jenggrik, mung wae wujude wis dadi alus yaiku rupa perayangan. Wis saiki nek kowe kepengin pethuk, bakal tak bukak dalan sing anjog menyang Padhepokan Jenggrik lan aja pawelingku tuduhna Sumping Kanthil Kuning iki marang Cantrik sing jaga regol".

Raden Bintulu banjur nuding marang kori butulan, sanalika Kudana lan Sulastri weruh ana dalan sing kudu diliwati sing bakal anjog ing gapurane Regol Padhepokan Jenggrik. Kudana lan Sulastri nuli mlaku nurut dalan kuwi. Ora nganti sapanginang wis tekan panggonan sing dituju.

Ki Sutambar banget seneng ngerteni yen anake wadon wis ngandhut lan arep bali menyang Jatipethuk.Nalika kabar sing nyenengake atine kuwi diaturne marang Ki Nagabiru, Ki Nagabiru uga melu seneng. Sadurunge Kudana lan Sulastri bali, dening Ki Ageng Jenggrik ya Kyai Nagabiru dititipi aji jaya kawijayan supaya mengkone yen jabang bayi sing dikandhut Sulastri wis lahir diparingake kanggo sipat kandele Si Jabang Bayi. Kajaba saka iku Kudana lan Sulastri dituturi akeh-akeh magepokan karo Jabang Bayi sing isih ana Kandhutan kuwi.

"Kowe kudu ngerti Kudana lan Sulastri" pituture Ki Nagabiru marang Kudana lan sisihane "Jabang Bayi sing dikandhut Sulastri kuwi wis nampa pangestu saka Raden Bintulu ing mbesuke kudu bisa dadi pangarepe wong-wong ing Jatipethuk kanggo ngrebut wahyuning kraton Majapahit saka tangane anak putune Sri Brawijaya Kalima. Mung wae kowe kudu ngerti, ing tembe ana pepalang sing abot tumrap Jabang Bayi sing isih kok kandhut iki anggone arep ngayahi wajib, yaiku yen ing Jatipethuk nganti kadunungan manungsa sing wis ninggalne kapracayan sing dirasuk leluhure salin ngrasuk kapracayan saka negara manca. Mula murih kasembadaning sedya, jaganen Jatipethuk aja nganti kanggonan wong sing kaya mangkono iku".

"Sadaya dhawuhipun Kanjeng Eyang Nagabiru badhe kula estokaken" wangsulane Kudana lan Sulastri meh bebarengan.

"Kajaba saka kuwi Kudana" Ki Sutambar uga nambahi rembug "kowe kudu eling, biyen sing bisa njongkeng kawibawan lan nyedani Kanjeng Eyang Sri Brawijaya Pamungkas kuwi ora ana liya manungsa sing wis ninggalne kapracayaning leluhure lan ngalih ngrasuk agama saka manca negara, kaya sing didhawuhne eyangmu Ki Nagabiru mau, mula kowe kudu mentala marang wong-wong sing mangkono iku mau".

"Sendika ngestokaken dhawuh" wangsulane Raden Kudana.

"Wis saiki diage budhala bali menyang Jatipethuk" Ki Nagabiru aweh prentah "aja kaget, kandhutane Sulastri bakal tak gege, sajroning telung dina bakal lahir ing jagat padhang, murih enggal bisa nindakne wajibe".

Kudana lan Sulastri wis metu saka alam prayangan lan bali ing alaming kawadhagan. Wong loro banjur nerusne laku arep bali menyang Kademangan Jatipethuk. Dumadakan Raden Kudana kelingan marang wong tuwane wadon sing manggon ing Tambaksela.

"Mendah senenge Biyungku yen ngerti sedhela maneh bakal duwe putu" mangkono panglocitaning atine Raden Kudana. Mula sadurunge bali menyang Jatipethuk, Kudana kepengin mampir luwih dhisik menyang Tambaksela. Yen telung dina maneh, awit saking panggtegene Ki Nagabiru anake bakal lahir, Kudana kiepengin lahire jabang bayi tinunggon dening simbahe. Kanthi mangkono mesthi nambahi seneng lan mareme Nyai Lasmiyati, biyunge Kudana ya simbahe Jabang Bayi sing dikandhut Sulastri.

Klakon Sulastri nglahirake bayine ing omahe mara tuwane. Kaya sing didhawuhake Raden Bintulu, bayine Sulastri lahir lanang, katon sumunar cahyane. Dening Raden Kudana bayi kuwi diparingi tetenger Raden Sentani. Bareng wis umur sepasar, bayi kuwi digendhong Sulastri digawa bali menyang Jatipethuk. Senadyan Nyai Lasmiyati ngandhani supaya anggone padha bali ngenteni Raden Sentani umur selapan, nanging Raden Kudana lan Sulastri padha ora nggugu, awit ngelingi karo dhawuh sing ditampa saka para leluhur sing wis mapan ing alam parayangan. Wekasane Nyai Lasmiyati uga nglilani.

Nalika lakune Raden Kudana karo Sulastri meh tekan Kademangan Kalipethuk, wektune wis meh suruping srengenge. Dumadakan Sentani sing maune angler turu ana gendhongane ibune, nangis kekejer ora dingerteni apa jalarane. Nganti suwe bayi kuwi ora gelem meneng, ndadekne Kudana lan Sulastri padha jibeg. Tangise bayi sansaya suwe sansaya banter.  Raden Kudana banjur ngetog kekuwataning batin, sedhakep saluku juga, nggoleki sing dadi sebab anake nangis sing nganti kaya ngono kuwi. Wusanane Kudana weruh, ing ngisoring wit gedhe ana wong loro sing lagi padha nindakne laku sembahyang.

Raden Kudana lan Sulastri sakala muntab, rumangsa yen ana sing wis ngganggu gawe marang dheweke. Kudana lan Sulastri eling yen salah siji pepalang tumtap Raden Sentani nggone arep ngrebut panguwasa saka Kadenangan Jatipethuk ing tembe, yaiku lamun ing Jatipethuk klebon wong sing ninggal kapitayan sing dirasuk leluhure ngalih kapitayan sing asale saka negara manca. Mula Raden Kudana lan Sulastri banjur tumandang nedya nyingkirne pepalang sing saiki wis katon ana ngarepe iku.

Bayi Sentani sing isih nangis didhukne saka gendhongan, ditumpangne ing watu sing leter. Banjur ditinggal arep nyingkirne sing dianggep marakake si Bayi nangis kekejer ora gelem meneng kuwi. Wong loro sing isih ngadeg jejer madhep mangulon kuwi diparani. Raden Kudana nyekel keris, Sulastri wis ndudut patreme.  Sulastri nadyan wong wadon nanging tau diweleg ngilmu kanuragan dening wong tuwane kuwi nyawatake patreme ngarah gegere wong sing manggon ing sisih kidul, Kudana nyudukne kerise marang wong sing manggon sisih lor.

Ora katon ana getih sing muncrat ora keprungu suwara sambat, wong loro sing ketiban patrem lan keris sing sinurung kekuwataning batin kang sinartan mantra kuwi sakala rubuh mengarep, tibane sajroning sikep sujud. Kudana sansaya muntab, ngira lamun wong sing disuduk gegere kuwi wis nyepelekne marang dheweke, ketitik sajak ora ngrewes karo keris sing tumancep ing gegere. Wong sing lagi katon sujud kuwi didugang sakayange.

ana candhake.


Jumat, 04 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANKING WARIH III (17)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

17

Anggone Ki Sudima gelem nglakoni kaya kang dikarepake panguwasa ing Demak kuwi, pawadane Ki Sudima sapisan wektu iki saupama Sudima nulak sing dadi karepe Panguwasa Demak, mesthi Panguwasa Demak kukuh meksa malah kepara sing didadekne wong kaparcayane dudu Ki Sudima malah wong liya. Kapindho : yenta kekarepane Panguwasa Demak ora dituruti, merga ngukuhi yen kuwi turusing satru, anggone nyingidake dhiri yen satemene kulawargane Raden Kumala iku isih Trah Majapahit bakal kadenangan lan kang mangkono iku banget ora ana bathine babar pisan malah kepara bisa nuwuhake kapitunan. Kaping telu kanthi oleh kaparcayan saka Demak, bisa luwih omber anggone nusun kekuwatan, ora ana sing nyujanani, sarta luwih gampang ngawruhi ing ngendi mapane pangapesan tumrap panguwasa Demak, mangkene iki padha karo sing tau dicakne dening Sinuwun Girindrawardana nalika kersa kapundhut putra mantu dening Sri Brawijaya Kalima biyen.

"Dadi mangkono ya Kakang, ya aku bisa nampa lan aku ngakoni luput, wis wani ndakwa Kakang Sudima klawan pandakwa sing kaya mau" wasana Ki Sutambar bisa nampa karo pawadan sing dikandhakne sedulure tuwa.

"Ya ora dadi apa Dhi" wangsulane Ki Sudima karo mesem "anane aku duwe cara kang mangkono iku, awit aku ora duwe kasekten kaya sing diduweni si Adhi, upama aku duwe kasekten kaya si Adhi aku dhewe ora ngerti, mbuh bisa nemu cara kaya mangkono kuwi mbuh ora".

"Lan yen ora" Ki Sutambar wangsulan karo ngguyu "Kakang Sudima lan kulawargane kanjeng Rama Raden Kumala kira-kira malah wis tapis  dikisas kanthi pandakwa sisa-sisaning musuh sing kudu dipidana pati".

Kahanan bali katon tentrem maneh. Ki Sutambar ya banjur nerusake anggone ngudi kasekten lan kanuragan, kanthi ngakeh-akehne laku pangumbaran lan nenepi ing papan wingid.  Omahe mung digawe nggon ampiran, panggulawenthah marang anake wadon sing mung siji dipercayakne marang bojone dhewe.

Sajroning nindakne laku pangumbaran Ki Sutambar nganti tumeka ing Kedhung Gasrong, yaiku papan sing wingid sing direksa dening Raden Bintulu, Putrane Prabu Girindrawardana sing biyen lolos saka Majapahit banjur ditulungi Kyai Dandanglemah Lelembut ing Kedhung Gasrong. Merga nyecep ngilmune Ki Dandanglemah, Raden Bintulu banjur bisa kalis ing pati, urip dadi prayangan ing Kedhunggasrong kono lan duwe anak siji sing aran Raden Kudana, bagus rupane tur sinung kasekten sing nggegirisi. Raden Kudana samengko urip melu biyunge ing Tambaksela, awit isih wujud manungsa.

Bareng ngerti yen Ki Sutambar iku isih putrane Raden Kumala, dening Raden Bintulu Ki Sutambar uga diparingi tambahing aji jaya kawijayan. Banjur Ki Sutambar kadhawuhan bali menyang Kalipethuk lan ngampiri Raden Kudana sing saiki isih melu biyunge ing desa Tambaksela. Dhawuhe Raden Bintulu marang Ki Sutambar sing isih kaprenah pulunane kuwi mangkene :

"Sutambar, kowe kudu ngerti yen anggone kakang Kumala ya wong tuwamu, yasa padesan sing saiki karan Jatipethuk kuwi merga oleh suwaraning batin yen anggone bisa mbalekne Kaluhuraning Majapahit kuwi kudu diwiwiti saka Jatipethuk. Mula wis bener apa sing ditempuh dening Sudima sing api-api gelem dadi gedibale Ratu Demak sing awit kepengin nerusake gegayuhane Kakang Kumala, Sudima api-api gelem nyidrani marang Trah Majapahit. Kang mangkene iki mesthi wae ana watese, yaiku yen wis tumeka titimangsane Jatipethuk bakal bisa nungkulake panguwasa Tanah Jawa sing saiki dilungguhi Trahe Prabu Brawijaya Kalima. Mung wae, kabeh turune Kakang Kumala kudu tetep setya marang gegayuhan luhur iki, aja kongsi banjur lali. Kanggo kuwi, aku dhawuh marang kowe supaya bali menyang Jatipethuk, kanthinen jejaka ing Tambaksela anake mBok Randha Lasmiyati, sing jeneng Kudana. Jodhokna Kudana karo anakmu wadon. Muga-muga ing mbesuk anake Kudana sing patutan karo anakmu wadon iki bisa dadi pangarepe Trah Majapahit sing ana ing Jatipethuk kanggo ngendhih panguwasane para turune Prabu Brawijaya Kalima".

"Dhawuhipun Paman Bintulu badhe kula estokaken" Ki Sutambar wangsulan "nanging kula ugi kepengin ngertos sinten sejatosipun Jejaka ing Tambaksela ingkang nami Kudana punika?".

"Sumurupa Sutambar, Kudana iku dudu wong liya, nanging kuwi anakku dhewe sing durung bisa kumpul manunggal karo aku, jalaran Kudana iku isih kaya dene kowe, isih wujud manungsa sing uripe isih mbutuhake anane getih, daging, balung lan otot ing ragane" Raden Bintulu nggenahake sapa satemene Kudana iku.

Cekaking crita, Ki Sutambar klakon bali menyang Jatipethuk lan mantoakae anake wadon sing aran Sulastri karo Raden Kudana. Wektu iku Ki Sudima wis tuwa lan wis nglintirake palungguhan minangka Wong kang pinercaya Kasultanan Demak, marang anake lanang sing aran Sudiya. Ya jaman Sudiya nggenteni kalungguhane bapakne kuwi utusan saka Kadipaten Jipang teka lan ngukuhake lamun Jatipethuk dadi kademangan kang kabawah dening Kasultanan Demak liwat Kadipaten Jipang. Utusan saka Jipang kuwi ya wis ngukuhake minangka Demang kapisan ing Jatipethuk yaiku Ki Sudiya lan kena nganggo sebutan Ki Demang Jatipethuk. Oleh telung setahun anggone dadi Demang Ki Sudiya kaparingan turun metu lanang dijenengne Sukirna. Sing kabare saiki wis ngrasuk agamane wong Ngarab lan dadi Guru ing Banyugurih kanthi sebutan Ki Guru Sukirna.

mBaleni critane Ki  Sutambar, wis meh telung tahun anggone duwe mantu parandene durung kaparingan putu. Kamangka miturut wecane Raden Bintulu, saka anake wadon Ki Sutambar sing jeneng Sulastri sing omah-omah karo Raden Kudana bakal nukulake anak sing tembene bakal dadi pangarsane Kawula ing Jatipethuk . Nanging kanyatane nganti meh telung tahun dadi bojone Kudana, durung ana tandha-tandha Sulastri anggarbini. Luwih-luwih yen Ki Sutambar weruh lamun Ki Sudiya ponakane dhewe, wis duwe anak lanang, tan wurunga mengko sing bakal nggenteni kalungguhan Demang lamun Sudiya wis surut, ya anake lanang sing dijenengne Sukirna kuwi. Dadi Ki Sutambar bingung karo unine weca sing diucapne Raden Bintulu nalika semana. Mula Ki Sutambar banjur ngongkon anak lan mantune sowan menyang Kedhung Gasrong, nyuwun pitulung sarta pitutur marang Raden Bintulu sing wis urip mrayang ing alam kajiman. Piye mungguh beciking laku kanggo mujudake gegayuhan luhur sing disandhang dening Trah Majapahit putra wayahe Prabu Girindrawardana.

Ora kacaritakake reroncening crita, Raden Kudana lan Sulastri tumuli budhal menyang Kedhunggasrong, ing wanci tengah wengi ora ana sing meruhi kajaba Ki Sutambar dhewe. Ya nalika anak lan mantune sajroning lelaku menyang Kedhunggasrong kuwi Ki Sutambar karawuhan utusane Ki Ageng Jenggrik, Ya Kiyai Nagabiru gurune Ki Sutambar kang wus wujud Kumara kanthi raga rupa Taksaka sing gedhene sak bongkoting Tal. Utusan mau ngabarake lamun wis wancine Ki Sutambar lan sisihane netepi isining prajanjen jaman arep nyecep ngilmune Ki Ageng Jenggrik biyen, yaiku kalamun wis titi wancine aluse Ki Sutambar kudu manunggal dadi sawiji kumpul lan wadya balane Ki Ageng Nagabiru ing Padhepokan Jenggrik sing manggone ing alam Kajiman.  Ki Sutambar wis nglenggana lan ora ana tembung suwala, dina iku uga Ki Sutambar budhal menyang Padhepokan Jenggrik bareng lan utusane Ki Nagabiru, miwiti urip dadi prayangan ing Padhepokan kono.

Let sepasar saka kedadeyan kuwi, Kademangan Jatipethuk geger. Awit Ki Sutambar saanak bojo sarta mantune lunga ora kinaweruhan menyang ngendi parane. Ki Demang Sudiya banjur prentah para Bebau lan para prajurite supaya nggoleki lungane Ki Sutambar sanak batihe kuwi. Nanging mesthi wae ora bakal ana sing bisa nemokake, merga olehe nggoleki ya mung winates ing alam sing kasat mata iki. Ki Sudiya rumangsa susah lan bingung ditinggal pepundhen lan sedulure kuwi, mula banjur nibakne prentah supaya omah lan pekarangane Ki Sutambar rina lan wengi rineksa sabecik-becike, kanthi pangajab  sawayah-wayah Ki Sutambar bali omah lan pekarangane ora rusak merga ora ana sing ngopeni.

 

ana candhake.


Kamis, 03 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (16)

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

16

Katone wanita ayu kuwi duwe rasa sing kaya tak rasakne, rasa kepencuting pria marang wanita lan suwalike. Ki Nagaburik sajake uga luwih pana marang lepasing rasa ing antarane aku lan wanita kuwi. Mula karo mesem Ki Nagaburik banjur paring dhawuh :

"Ngger Sentani, sumurupa, bocah wadon iki ora liya anakku dhewe, ya anakku siji-sijine. Anak sing bakal marisi kalungguhanku samangsa-mangsa aku ngersakne lengser saka palungguhanku minangka rajaning Lelembut jinis ula sing mangayom marang Guwa Jambe Telu kene. Uga perlu kok sumurupi, putraku putri sing sesilih Naga Dewi Maharani iki durung kawengku ing kakung, isih kenya. Kamangka, aku ya sumurup yen sliramu Angger Sentani durung tau pala krama. Mula dina iki uga manawa Sentani ora kabotan sarta Naga Dewi uga nayogyani, sliramu wong loro bakal tak jodhokake dina iki uga. Kepiye panemumu Sentani lan sira Naga Dewi?".

Gandheng aku temen-temen wis kepencut marang wanita putrane Ki Nagaburik iki, mula rindhik asu digitik aku banjur wangsulan :

"Ngaturaken saleksa genging panuwun awit kamirahanipun Kanjeng Rama Nagaburik, ingkang sampun kepareng anjodhokaken kula kaliyan  Nimas Ayu Naga Dewi.Boten langkung kula Sentani namung ngaturaken sendika ngestokaken dhawuh".

"Mangkono uga aku Bapa, kanthi senenging atiku jodho peparinge Bapa sing wujud Kangmas Sentani, tak tampa kanthi gembira".

Ing dina iku uga, aku karo Nagadewi dijodhokake dening Rama Ki Nagaburik. Dina esuke lagi dianakake upaca gedhen-gedhenan kanggo mahargya anggonku dadi manten. Ki Nagaburik nglumpukne para nayaka, punggawa lan kawula ing Guwa Jambe Telu sing cacahe mahewu-ewu. Kabeh diajak pista raja, sesukan sakatoge.

Dhasare aku ya banget tresna marang sisihanku Nagadewi, samono uga Nagadewi uga banget tresnane marang aku, mula ora jeneng mokal yen saben dina ora ana gaweyan liya sing tak lakoni wong loro kajaba mung tansah ulah asmara, lelumban ing samodraning tresna. Nganti meh wae aku lali karo tujuwanku sakawit nalika lunga ninggalne Kademangan Jatipethuk. Tujune Ki Nagaburik, ya Rama Marasepuhku ora nglalekake apa sing tau didhawuhake marang aku.

Anuju sawijing dina Ki Nagaburik kepareng rawuh ing taman sari papan anggonku sih-sinisihan karo Yayi Nagadewi. Klawan rasa seneng lan kebak rasa panuwun, aku karo sisihanku nemoni Rama Nagaburik ing taman kono.

"Angger Sentani lan kowe Nagadewi putraku" ngendikane Ki Nagaburik sawuse aku rampung ngaturake bekti "pun Bapa ngrasakne mulya sajroning urip iki, awit ora ana kamulyan tumraping wong tuwa sing ngluwihi senenging ati sumurup anak-anake padha seneng lan ngrasakne mulya sajroning uripe".

"Iya Bapa" wangsulene sisihanku marang bapake "atiku ya krasa luwih seneng maneh bareng Bapa ndhawuhake sing kaya mangkono kuwi, Bapa".

"Iya Ngger, nanging padha sumurupa ya ngger, jroning suka aja banjur padha lali marang kuwajiban sing durung rampung ditindakake" Rama Nagaburik nerusne ngendikane "Sentani Ngger, apa sliramu isih eling apa sing dadi dhawuhku nalika sliramu pamit arep nerusne laku banjur tak penging kae?".

"Inggih Rama, kula kemutan" wangsulanku semu rada isin.

"Apa wae, coba?" Ki Nagaburik nyoba pangeling-elingku.

"Sepisan kula dereng sumerep sinten tiyang  ingkang ngukir jiwa raga kula, kaping kalih kula dereng mangertos sinten ingkang mbucal kula nalikanipun kula taksih wujud bayi abang ing Margi Catur Kademangan Jatipethuk, kula ugi dereng sumurup sinten sejatosipun Ki Demang Sudiya ingkang sadanguning gesang kula punika kula kinten tiyang sepuh kula piyambak" aku wangsulan.

"Bagus" Ki Nagtaburik ngendikia karo ngguyu "Kowe ora lali marang apa sing wis tak kandhakake. Saiki apa sliramu isih kepengin ngerti apa-apa sing durung kok weruhi kuwi?, apa ora?".

"Mesthi kemawon anggen kula kepengin sumerep sedaya kala wau boten badhe ical saderengipun kula mangertosi saleres-leresipun Rama" aturku jumbuh lan suwara sing ana dhasaring atiku.

"Yeng mangkono rungokna critaku iki, lan kowe Nagadewi uga meluwa ngrungokne ben ngerti critane" Ki Nagaburik prentah supaya aku lan sisihanku ngrungokne critane kang magepokan karo bab-bab sing kepengin tak ngerteni mau.

"Satemene Ki Sudiya kuwi isih ana urut-urutane trah karo Negara Majapahit. Awit simbahe Sudiya sing jeneng Kumala ya Raden Kumala, kuwi isih putra Sri Brawijaya Pamungkas ya Sang Girindrawardana. Nalika Majapahit bedhah dening wayahe Brawijaya Kalima  yaiku Si Adipati Yunus utawa Pangeran Sabrang Lor sing mangun pasekuthon karo Anake Pangeran Handayaningrat ing Pengging kang jeneng Ki Kebo Kanigara. Raden Kumala lolos saka Praja didherekne abdi-abdine sing ora akeh cacahe. Bareng lakune wis rada adoh ninggalne Majapahit, Raden Kumala leren nggone mlaku. Banjur wiwit nedya mandheg nggone lelana kanthi yasa padhukuhan, padhukuhan iku diarani Padhukuhan Jatipethuk.

Sawuse Raden Kumala seda, aggone ndandani Padhukuhan sing mundak jembar kuwi diterusake dening putrane sing jeneng Sudima. Nadyan wektu kuwi Jatipethuk wis jembar lan wargane wis akeh, ing kiwa tengene uga ana padhukuhan sing awit idine Ki Sudima bisa dadi padhukuhan. Nanging Jatipethuk durung genah jejer utawa sebutane. Lagi bareng Adipati Yunus Sultan Demak Kapindho seda banjur ditutugne Sultan kaping telu yaiku Sultan Trenggana, Jatipethuk karawuhan punggawa Kasultanan sing nemoni  sarta nanting Ki Sudima, gelem nyawiji lan ngakoni yen laladan kono kuwi perangan saka Bumi Demak Bintara apa ora. Gandheng Ki Sudima rumangsa durung duwe kekuwatan, iya banjur manut milih nyawiji lan ngakoni yen Jatipethuk lan padhukuhan sakiwa tengene kuwi perangan sing ora bisa pisah karo Kasultanan Demak. Dening Sultan Trenggana Ki Sudima didadekne wong kaparcayane Kasultanan Demak kanggo nata Jatipethuk sakiwa tengene supaya tetep dadi perangane Kasultanan Demak.

Satemene Sudima kuwi duwe sedulur lanang siji sing jenenge Ki Sutambar, sing wektu kuwi isih meguru bebarengan karo aku ing Sukuning Gunung Lawu iring lor wetan, yaiku ing padhepokan Jenggrik, sing dipangarsani dening Ki Nagabiru ya Ki Ageng Jenggrik. Beda karo lekase sedulure tuwa, Sutambar anggone kepengin bali ngedegne Kraton Agung Majapahit ora tau sirep. Saben dina tansah nambah kekuwatan lan ngudi ing reh tosing balung wuleting kulit, sarta  tansah mangun sesambungan karo Trah Majapahit, mligine trah Brawijaya Pamungkas, kanggo nata kekuwatan kanggo males ukum menyang Demak Bintara. Bareng Ki Sutambar ngerti yen Ki Sudima gelem ngakoni yen Jatipethuk padhukuhan sing dibabat lan diwangun dening Raden Kumala kuwi perangan saka Kasultanan Demak, dadi gela lan cuwa karang sedulure tuwa.

"Kakang Sudima ya gene mung merga oleh pangkat minangka kaparcayane Wong Demak kanggo njaga supaya Jatipethuk ora ucul saka Demak, banjur Kakang nglalekne lakon sengsarane Kanjeng Eyang Girindrawardana sing gugur ing madyaning palagan awit aji Sasrabirawane Kebo Kanigara putune Brawijaya lima kuwi? Apa lara wirange Kanjeng Rama Raden Kumala sing keplayu saka Majapahit lan kedharang-dharang nganti tekan kene iki ora ana ajine babar pisan?, malah Kakang Sudima gelem ngakoni wohing rekasane Kanjeng Rama sing wujud padhukuhan ing Jatipethuk iki minangka perangane Demak sing diratoni dening wong-wong sing wis gawe sedane Kanjeng Eyang lan rekasane Kanjeng Rama. Ing ngendi dununge jiwa kamanungsanmu Kakang? ing ngendi dununge jiwa kasatriyanmu minangka Trah Majapahit?"  akeh-akeh Ki Sutambar ngundamana marang sedulure tuwa, karo praupan sing abang mangar-mangar saking nesune.

Ki Sudima ora ngluputake apa sing dikandhakne sedulure lanang kuwi. Nanging, Ki Sudima duwe pawadan ya gene dheweke nganti nglakoni tumindak sing miturut pamawase Ki Sutambar tumindak sing banget nisthane kuwi.

 

ana candhake

 

 


Rabu, 02 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (15)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

15

Ki Guru Sukirna mendel ngentosi anggenipun nglajengaken anggenipun Ki Sukirdi cariyos, boten dangu Ki Sukirdi wicanten malih :

"Murih cethanipun bab bentening Kangmas Sentani siyen kaliyan sakniki, dhateng Kang Mas Sukirna badhe kula tirokaken anggenipun criyos Kang Mas Sentani dhateng kula, sawetahipun ingkang kados makaten punika :"

Lara, gela, cuwa, nelangsa campur dadi siji ngubek-ubek atiku sing peteng, nalika Bapa Demang ndhawuhake sapa sejatining awakku. Aku ora ngira babar pisan yen aku iki jebul anak sing ditemu neng pinggir prapatan. Bocah sing ora genah sapa wong tuwane. Bapa biyung Sudiya sing sasuwene iki tak anggep wong tuwaku dhewe, jebul wong liya braya, sing ora ana sambung getih karo aku.

Lungaku saka Jatipethuk wektu kuwi, ora merga aku kaneson karo Bapa Demang. Nanging lungaku sangu rasa gething lan sengit marang wong tuwaku sing sejati, sing wis mbuwang aku neng pinggir dalan prapatan.  Sing kegambar ing angen-angenku wektu kuwi, upama ana dhedhemit sing paling lethek bebudene, tak kira ya dhedhemit kuwi sing wis nglahirake aku ana donya iki. Wani nglakoni seneng luwih dhisik, bareng wohing seneng jumedhul, malah disiya-siya, dibuwang kanggo nutupi tilasing pakartine sing nalisir saka bebener. mBuh sapa sing dadi Bapakku lan mbuh sapa sing dadi biyungku, sing cetha menungsa sajodho kuwi genah yen menungsa sing ora pantes urip neng jagad sing gumelar iki, ora pantes sinebut manungsa.

Tekading atiku wektu kuwi, aku kudu bisa nemokne wong sing nganakake aku. Bakal tak wales lara wirangku. Nek perlu bakal tak jejuwing kuwandhane, tak nggo keset sirahe. Merga mung kuwi piwales sing cocog kanggo wong tuwa sing pakartine luwih ina tinimbang pakartine iblis. Pirang-pirang dina aku mlaku, rina lan wengi ora nganggo leren. Tekadku luwih becik mati tinimbang urip nanging tanpa aji ngene iki.

Nalika lakuku tekan alas sing sansaya ketel lan rungkut, dumadakan aku katempuh ing udan angin sing ora karuwan deres lan bantere. Udan angin sing wor lan bledheg sesautan sing kaya-kaya arep ngendheg lakuku, arep nglebur kuwandhaku.  Nanging ora niyat sajroning atiku kanggo mandheg. Dumadakan aku weruh cumlereting kilat nyamber sirahku sing ndadekne aku mencelat tiba klumah neng lemah. Remuk rasane sakujuring awakku. Aku kepengin tangi, nanging tansah bali tiba.

"Mulane ta Gus nek lagi ana udan angin kuwi leren, aja nerusne nggone mlaku, luwih-luwih nek ana bledheg sesautan ngene iki" dumadakan ora weruh sangkane nalika rasane awakku lara kabeh lan ora bisa tangi saka nggonku tiba klumah, ana tangan sing rosa,  ngangkat awakku digawa mlayu saka papan kono kuwi mau. Saka panyawangku sing ngangkat awakku iku mung wujud wewayangan ngregemeng gedhe lan dhuwur ora cetha mungguh wujude.

Dening wong sing nulungi aku kuwi aku digawa mlebu sawijining omah sing gedhe lan katon mengku wibawa. Aku diglethakne neng amben, banjur ing panggonan awakku sing lara lan tatu merga kabentus ing lemah, diusap-usap nganggo tangane. Aneh sakehing tatuku padha ilang, lan rasa laraku dadi ora krasa lara maneh. Banjur aku dilungguhne lan diwenehi banyu sing rupane abang kaya getih diwadhahi cangkir bathok klapa gadhing sing rupane ireng.

"Iki sing diarani tirta langgeng, wis sinimpen sangang ewu tahun lawase ing Kahyangan Dhasarbumi" kandhane wong mau karo ngulungne banyu rupa abang ana cangkir bathok kuwi "ombenen dimen tenagamu pulih lan sakehing lelara sing mapan ing ragamu enggal sirna".

Cangkir tak tampani banjur banyune tak suntak ana jero cangkemku nganti entek gusis tanpa nisa satetes-tetesa. Aneh, let sakedheping netra, bubar nenggak banyu abang sing jare jeneng Tirta langgeng kuwi, awakku krasa anget, seger panyawangku dadi padhang, temah aku weruh sapa paraga sing wis aweh pitulungan marang aku kuwi. Wujude gedhe dhuwur, nganggo jubah warna ireng rinengga sulaman kuning lan  abang, nganggo kalung mutiara rupa putih, ing sirahe temangsang makutha saka slaka rupa biru, tinaretes inten lan barleyan maneka warna.

"Piye Ngger Sentani, apa wis krasa kepenak rasane awakmu?" dumadakan wong kuwi nakokne rasane awakku klawan suwara sing adhem kepenak dirungokne neng kuping.

"Ngaturaken gunging panuwun Ki" wangsulanku karo aweh kurmat "awit pitulungan andika Kaki, kula sampun pulih malah kepara langkung seger saha langkung sae katimbang saderengipun"

Kaki-kaki sing umure kira-kira seket tahunan kuwi ngguyu, banjur kandha :

"Ya mesthi wae, kowe lagi wae ngombe Tirta Langgeng, kuwi tirone Tirta Amerta sing tau diunjuk para Dewa ing Kahyangan. Dene daya kekuwatane bisa ngilangne sakehing lelara kang cumondhok ing ragamu, sarta ndadekne kowe kalis saka ing pati".

"Ngaturaken genging Panuwun Kaki" sepira senenging atiku krungu ngendikane Kaki-kaki mau, mula aku banjuur matur "Menawi keparengaken sumerep, Kaki punika sinten? lan kula punika samangke dhateng pundi?".

Kaki-kaki kuwi banjur ngendika :

"Ya aku iki sing diarani Ki Nagaburik, lan saiki kowe lagi ana papan panggonanku sing diarani Guwa Grojogan Jambe Telu".

"Sewu ngaturaken gunging panuwun Ki Nagaburik, ingkang sampun paring pitulungan dhateng kula, temah kula boten siyos pejah kasamber kilating bledheg, saha awit paringipun nugraha Toya Langgeng ingkang sampun mlebet ing raga kula, temah sirna sakathahing sesakit sarta ndadosaken kula saged kalis saking pejah. Samangke kalilanana kula badhe nglajengaken lampah".

Krungu yen aku pamitan arep nerusne laku, Ki Nagaburik gumuyu ngakak, suwarane keprungu aneh, sing bisa ndadekne aku kasengsem awit suwara guyu kuwi krasa kepenak dirungokne sing angel digambarne nganggo ukara lumrah.

"Mengko dhisik lan aja kesusu ngger Sentani" Ki Nagaburik ngendika ing sela-selane guyune, "aja grusa-grusu mung nuruti suwara panjaluke ati sing lagi nesu. Yen kowe budhal saiki, kowe ora bakal weruh sapa sejatine sing ngukir jiwa ragamu, sapa sing nyelehne ragamu nalika isih wujud bayi abang ing prapatan Kademangan Jatipethuk, lan sapa sejatine Ki Sudiya sing tau kok kira yen iku wong tuwamu lan isih akeh maneh perkara-perkara sing durung kok ngerteni sing kudune kok ngerteni".

Krungu ngendikane Ki Nagaburik mangkono iku, aku banjur nggagas, yen sasuwene iki aku kinungkung ing rasa ora weruh nanging wis rumangsa weruh. Kabeh sing didhawuhne Ki Nagaburik kuwi ndadekne aku kepengin ngawruhi apa-apa sing nganti saiki durung tak weruhi. Mula aku banjur mung bisa meneng, ora bisa nata ukara kanggo mangsuli dhawuh lan pangandikane Ki Nagaburik sing nyata-nyata migatekne marang kahanan lahir lan batinku.

Sajroning aku meneng lan tumungkul nyawang jogan sawantara suwene, bareng aku ndengengek aku weruh ing sisihe Ki Nagaburik wis ana bocah wadon, remaja putri sing liringing mripate wis gawe kumesaring atiku lan nalika mesem, katon untune sing gumebyar nuwuhake rasa kasengsem. Cingak semu gawok rasaning atiku, lagi iki aku weruh wanita sing ayu tanpa cacat babar pisan. Sarandhuning salira sarta peranganing raga ora ana sing ora nuwuhake rasa sengsem lamun disawang.  mBuh sepira suwene nggonku ngulati tanpa nganggo kedhep babar pisan marang wanita sing ana sisihe Ki Nagaburik sing wektu iku uga lagi nibakne panyawange marang aku.

 

Ana Candhake.


Selasa, 01 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKA WARIH III (14)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

14

Dumuginipun utusan saking Jatipethuk ing Mataram angleresi wontenipun ontran-ontran ing Kadipaten Pajang. Nenggih pambalelanipun Arya Wirabumi ingkang suwaunipun Adipati ing Tuban, sareng Sultan Hadiwijaya seda nunten jumeneng ing Pajang boten purun nungkul dhateng Mataram, malah  gadhah sedya badhe nelukaken Mataram asarana perang. Inggih awit wontenipun ontran-ontran ing Pajang punika, Kanjeng Patih Mandaraka paring dhawuh dhateng utusanipun Mancakaki Kademangan Jatipethuk makaten :

"Heh, sira utusane Para Mancakaki ing Kademangan Jatipethuk, layang sing kunjuk Kanjeng Panembahan Senapati wis diwaos lan wis kauningan apa sing dadi isine. Saiki sira sakloron, dikeparengake bali menyang Jatipethuk, layang iki aturna marang para Mancakaki ing kana. Aturna yen Kanjeng Senapati rumangsa melu nandhang sungkawa awit sedane Ki Demang Sudiya, kaping pindho magepokan karo sapa sing kudu gumanti dadi Demang, lan kapan dikepyakake kabehy wis tinulis sajroning layang sing sira gawa kuwi. Wis saiki diage padha baliya mung wae naja padha nyuda ing kaprayitnan".

"Terang dhawuhipun Rekyana Patih, samangke keparenga abdi kekalih wangsul dhateng Jatipethuk" utusan kekalih saking Jatipethuk punika lajeng sami pamitan badhe wangsul.

Boten kacariyosaken reroncening lampah, utusan kekalih sampun dumugi ing Jatipethuk malih lan ugi sampun kepanggih kaliyan Ki Suyudi nenggih tetuwaning para mancakaki ing Jatipethuk. Ing dalunipun para Mancakaki wangsul kaklempakaken malih, ugi ngaturi Ki Sukirdi miwah Ki Guru Sukirna, kaajak sareng-sareng mbikak lan maos isining Serat ingkang kakintun dening Ki Patih Mandaraka ing Mataram. Sasampunipun mlempak sadaya, Ki Suyudi nunten nedha tulung dhateng Ki Sukirdi supados maosaken isining serat kanthi suwanten ingkang banter lan cetha murih saged kapireng sadaya ingkang sami rawuh

"Kadhawuhake Ing Mataram" Ki Sukirdi wiwit maosaken isining nawala " Ingsun Mandaraka Pepatih Dalem Nagari Ing Mataram, ambacutake dhawuh timbalaning  Sang Mulyaningrat Kanjeng Panembahan Senapati Ing Alaga Ngabdul Rahaman Sayidin Panatagama Kalipatullah Kang Jumeneng Ing Nagari Mataram, marang Mancakaki ing Kademangan Jatipethuk. Dhawuh kapisan : Kanggo ngukuhake sapa sing kudu madeg dadi Demang ing Jatipethuk isih ana sajroning panggalihan lan panlitening para winasis ing Kutha Gedhe Mataram. Dhawuh Kapindho : Marentahake supaya Demang Wakil lan Para Mancakaki makarya kanthi sabecik-becike adhedhasar paugeran kang ana, kongsi ana dhawuh maneh saka Jroning Puri Kadhaton Mataram".

Ki Sukirdi kendel anggenipun maos nawala kekancingan saking Patih Mandaraka kala wau.

"Punapa sampun telas ukara ingkang sinerat ing nawala punika Ki Sukirdi?" Ki Suyudi pitaken dhateng Ki Sukirdi.

"Sampun Ki" Ki Sukirdi wangsulan alon.

"Manawi makaten saged dipun biwarakaken bilih Ki Sukirdi tetep jejer minangka Demang Wakil ingkang wewenang saha kuwajibanipun kados kacethakaken ing salebeting Paugeran Kademangan, dene Ki Guru Sukirna inggih panggah minangka Mancakaki ingkang angawat-awati lampahing parentah ing kademangan Jatipethuk, saha minangka salah satunggaling paraga ingkang kedah kaajak rembagan menawi Ki Demang Wakil kapeksa badhe damel putusan".

Sadaya ingkang sami rawuh nunten sami wangsul ing griyanipun piyambak-piyambak. Ki Guru Sukirna ugi nunten wangsul dhateng  Padhepokan  Banyugurih.

Watawis setunggal wulan saking lumampahing parentah ing Jatipethuk mawi lelandhesan serat kekancingan ingkang katapastanan dening Ki Patih Mandaraka, Ki Sukirdi ndhatengi Padhepokan Banyugurih. Inggih wiwit Padhepokan punika madeg ngantos dumugi sapriki, nembe punika Ki Sukirdi lumawat ing Banyugurih. Mila dening Ki Guru Sukirna inggih dipun panggihi kanthi sae, punapa malih Ki Guru Sukirna angemuti bilih kajawi Ki Sukirdi punika taksih rayinipun piyambak, Ki Sukirdi inggih jejer minangka Demang Wakil ing Kademangan Jatipethuk ingkang laladanipun ugi nyakup laladan sakupengipun Padhepokan Banyugurih.

"Njanur gunung kadhingaren si Adhi teka ing Padhepokan" pambagenipun Ki Guru Sukirna dhateng Ki Sukirdi ing Pendhapa Padhepokan "iki mau mampir saka lelungan, mertinjo kawarasaning pun kakang, apa ana perlu liya Dhi?".

"Inggih kangmas" wangsulanipun Ki Sukirdi "mila kula niyati saking griya, kula badhe sowan Kangmas ing Padhepokan mriki. Dene wigatosing lampah, kajawi kepengin sumerep kasugenganipun kangmas, waleh-waleh punapa kepengin matur sakedhik saha ngaturi kabar ingkangt radi sae dhateng Kangmas".

"Sokur ta Dhi, yen ngono" tumanggapipun Ki Guru Sukirna kanthi sabar lan sareh "gek si adhi arep kandha bab apa? banjur kabar kabar becik iku kabar bab apa?".

"Atur kula magepokan kaliyan jejeripun Kangmas saha kula ing Kademangan Jatipethuk ingkang taksih ngambang punika, kula raosaken saya dangu kok sansaya boten sekeca, samangke sampun setunggal wulan langkung, nanging kabar saking Mataram panggah boten wonten. Punapa punika boten ateges Mataram sampun nglirwakaken kuwajiban minangka pangayomaning kawula ing Kademangan kangmas?" Ki Sukirdi nelakaken raos cuwaning manah dhateng Mataram.

"Mengko dhisik Dhi" Ki Guru Sukirna nanggapi atur cuwanipun ingkang rayi "ing babagan iki panemune si adhi lan panemuku katone rada beda, sanadyan aku ora ngarani yen panemuku mesthi benere lan panemune si adhi mesthi lupute, utawa kosok baline".

"Bentenipun wonten pundi Kangmas?" Ki Sukirdi pitaken, semu boten sekeca.

"Panemuku ing bab iki Mataram babar pisan ora luput" Ki Guru Sukirna njlentrehaken pamanggihipun "awit wiwit biyen tekan saiki, pangrengkuhe Mataram marang Jatipethuk ora beda karo pangrengkuhe marang laladan liya. Lakuning paprentahan ing Kademangan Jatipethuk uga wis ana paugerane dhewe, sarta Mataram ora bisa ngowahi paugeran kang ana kuwi mau. Dene perkara durung ditetetepake anane Demang minangka gantine Bapa Demang sing wus suwargi iki, pancen wis dadi wewenange Mataram. Lha kapan wektune kuwi ya mesthi dijumbuhake karo kahananing praja, sing ngerti kahanane praja kuwi ya mung wong Mataram. Awake dhewe ora ngerti merga awake dhewe adoh saka Kutha Gedhe, lan ora melu ngurusi ubeng ingere praja. Dadi mungguhku ora ana lekas tumrap Mataram arep nglirwakake kuwajiban marang kawula, mligine kawula ing Jatipethuk, jalaran kahanane kawula Jatipethuk ya ayem tentrem wae".

"Makaten inggih Kangmas?" Ki Sukirdi ketawis boten saged nginggahi pamanggihipun Ki Guru Sukirna.

"Iya kuwi panemuku lho? bisa bener lan bisa uga luput" wangsulanipun Ki Guru Sukirna ayem.

"Inggih Kangmas, kula saged nampi pamanggihipun Kangmas ingkang makaten kala wau" Ki Sukirdi wicanten malih "nanging punika wonten kabar sae, tumrap Kademangan Jatipethuk. Punika ingkang badhe kula suwunaken pirsa menggah pamanggihipun kangmas Sukirna".

"Kabar becik kepriye Dhi?" Ki Guru Sukirna pitaken .

"Sampun sepeken punika Kang Mas Sentani kundur ing Jatipethuk Kangmas" Ki Sukirdi wangsulan.

"Adhi Sentani wis bali? sokur, sokur" Ki Guru Sukirna ketingal remen manahipun tampi wartos sedherekipun pupon sampun wangsul.

"Nanging Kangmas Sentani samangke sampun benten tebih kaliyan Kangmas Sentani saderengipun kesah Kangmas" Ki Sukirdi suka katrangan menggah kawontenanipun Sentani.

"Beda sing kepiye Dhi? Apa mundhak njenthara? mundhak luwih diwasa? apa mundhak apane?".

"Pranyata kesahipun Kang Mas Sentani punika boten kesah tanpa tujuwan, nanging kesahipun Kang Mas Sentani punika madosi tiyang sepuh ingkang ngukir jiwa lan raganipun. Ugi sampun kepanggih, lha punika ingkang ndadosaken bentenipun Kang Mas Sentani kaliyan jaman saderengipun kamangertosan sinten tiyang sepuhipun ingkang satuhu" Ki Sukirdi wangsulan kanthi nglajengaken anggenipun cariyos.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...