Total Tayangan Halaman

Senin, 07 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (23)


kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

23

Jebul aku karo Ki Trenggilingwesi mau wis tlingsingan beda dalan. Nalika aku metu saka Grojogan Jambe Telu, Ki Trenggilingwesi mlebu liwat dalan sing beda. Dening Rama Nagaburik Ki Trenggilingwesi dijarwani yen aku arep mampir padhepokane. Nalika aku ngetokne pangeram-eram ing ngarepe Sugali sakancane mau, mbarengi tekane Ki Trenggilingwesi teka.

"Dadi  aran kabeneran" kandhane Ki Trenggilingwesi ing sela-selane crita "upama aku ora enggal bali, embuh dadine karo Sugali sakancane mau, merga Sugali kuwi nduweni sipat nekad nadyanta kudu lebur dadi glepung adate suthik nyidrani pagurone".

"Makaten inggih Bapa?" aku nanggapi karo mesem.

"Iya pancen mangkono" wangsulane Ki Trenggilingwesi "nanging sajake Dewa isih ngeman Padhepokan Grojogan Kaligedhe kene, temah tekaku ora kasep".

Sugali sing uga ana ing pendhapa kuwi katon manggut-manggut sajak eram karo sing dingendikakne gurune, banjur sumela atur :

"Estunipun kala wau kula rak boten ngertos menawi Bapa Guru jengkar saking Padhepokan ta Bapa? Awit kula kinten anggenipun Bapa Guru dhawuh bilih badhe manggihi Ki Nagaburik  punika taksih benjing-benjing".

"Maune pancen ngono Sugali, nanging bareng tak gagas-gagas kurang prayoga yen sowanku menyang Grojogan Jambe Telu kuwi tak endhe-endhe, awit mbok menawa wae ora mokal yen saka Mataram banjur teka prajurit sagelar sepapan ngrabasa Padhepokan sing dianggep thukulaning satru merga ora sudi ngakoni Si Sutawijaya kuwi Wewakiling Hyang Agung sing marentah Tanah Jawa" wangsulane Ki Trenggilingwesi.

"Nuwun sewu Ki" aku nyela rembug, takon "kok nyebat-nyebat Mataram ugi Sutawijaya, punika punapa sambetipun kaliyan Padhepokan Grojogan Kaligedhe Ki?".

Ki Trenggilingwesi meneng sedhela, banjur wangsulan :

"Kira-kira sepasar kepungkur, Grojogan Kaligedhe ketekan wong sing ngaku jeneng Raden Singasari, ngakune jare utusan saka Mataram sing ngabarake lamun Padhepokan Grojogan Kaligedhe iki isih klebu reh-rehan Mataram, mula aku banjur diprentah supaya saben setahun kudu melu seba ing adicara paseban tumbuk yuswa, yaiku ing wanci rembulan purnama sasi katelu. Gandheng ing tahun iki wis kliwat, mula lagi tahun ngarep aku kudu miwiti seba".

"Lha lajeng kok Ki Trenggilingwesi lajeng manggihi Rama Nagaburik, punika sambetipun kados pundi?" aku takon maneh.

"Kuwi ngene" Wangsulane Ki Trenggilingwesi "nadyan aku wis nyaguhi prentahe, Raden Singasari durung trima, banjur njaluk supaya aku aweh tandha bukti yen temen-temen  Padhepokan Grojogan Kaligedhe iki wis ngakoni yen peranganing Mataram sing ora kena dipisahake".

"Lha lajeng?"

"Satemene anggonku nyaguhi gelem melu seba kuwi mung lamis lan aku ora bakal sudi teka ngadhep Sutawijaya ing Mataram, nggonku nyaguhi iki mung ben ora dadi pasulalayan antarane aku karo si Singasari, sebab aku ngrumangsani yen Grojogan Kaligedhe iki durung kuwat ngadhepi yen nganti dirabasa dening prajurit sagelar sepapan saka Mataram. Mula bareng dijaluki tandha bukti kasetyanku marang Mataram, aku banjur mojar yen dina iki durung bisa, nanging paling suwe sajroning sesasi aku bakal marak menyang Mataram ngaturake tandha kasetyan kuwi, nanging sepisan maneh iki ya mung lamis wae. Singasari ya banjur bali, nanging aku kuwatir yen dheweke bakal teka maneh karo nggawa wadya bala, merga aku wis dianggep cidra ing janji.  Mula aku banjur sowan Ki Nagaburik, nyuwun rerigen murih becike" wangsulane Ki Trenggilingwesi.

"Lha lajeng dhawuhipun Rama Nagaburik kados pundi?" aku takon maneh.

"Miturut Ki Nagaburik, ora suwe maneh Majapahit bakal bali  madeg. Lha sing bakal mandhegani madege Majapahit mengko ora ana liya kajaba trah Prabu Brawijaya Pamungkas turasing Raden Kumala lan Raden Bintulu kang wus nyawiji, sing sesilih Raden Sentani. Mula dening Ki Nagaburik aku diprayogakake manunggal karo Raden Sentani. mBaka sethithik kabeh cantrik ing Grojogan Kaligedhe kene bakal nyawiji nusul menyang Kademangan Jatipethuk lan dadi prajurit Trah Majapahit sing ngawula marang Raden Sentani. Dening Ki Nagaburik aku uga kadhawuhan kajaba mikuwati para prajurit Trah Majapahit ing Kalipethuk, uga kadhawuhan ngumpulake para Bacingah, yaiku para prayangan sing isih rupa manungsa lan duwe badan wadhag (setengah manungsa setengah siluman -pen)  saloring bengawan lan diajak mikuwati Prajurit Trah Majapahit ing Jatipethuk. Kanggo sing keri iki, aku diprayogakake mapan ing Kedhaton Jambe Telu kumpul lan Ki Nagaburik".

"Dados mangke Padhepokan Grojogan Kaligedhe badhe dipun suwungaken Ki?" aku takon maneh.

"Kanggo sawantara kena diarani iya, nanging satemene ora. Jalaran, satemene ing waliking Grojogan Kaligedhe, Guruku ya sesembahanku sing asmane tak waris iki lagi semedi tapa brata ing kono, klawan wujude sing asli yaiku rupa Trenggiling sing gedhene telung prangkulane manungsa lumrah. Guru lan sesembahanku sing jejuluk Kyai Trenggilingwesi bakal bali ngatonake salirane maneh ing alam wadhag lamun Majapahit wis klakon madeg maneh"

"Manawi makaten kula saestu ngaturaken genging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng andika Ki Trenggilingwesi, ingkang sampun nyengkuyung lampah kula kangge mangsulaken kawibawaning Majapahit punika" aku matur kanthi tulusing ati.

"Ora ana sing kudu antuk panuwun Ngger, awit iki dudu kanggo sapa-sapa nanging kabeh mau mung kanggo balining kawibawan Majapahit sing ateges kamulyane kabeh para-para kang darbe kasetyan marang Gusti Prabu Brawijaya Pamungkas" wangsulane Ki Trenggilingwesi sing banjur diterusne noleh marang para cantrike karo ngendika :

"Saiki padha rungokna, kowe kabeh tak prentahne supaya manunggal karo pepundhenmu Raden Sentani iki ing Jatipethuk, mung wae anggonmu budhal aja bebarengan murih ora ngawistarani. Aku dhewe,  padha rungokna lan seksenana bakal ngucapne prasetyaku marang Raden Sentani"

Rampung muni ngono kuwi, dumadakan Ki Trenggilingwesi banjur sujud karo nyembah marang aku, tumuli ngucap :

"Raden Sentani mugi sineksenan jagad saisinipun, wiwit dinten punika kula Sugiwang ingkang maris asma Ki Trenggilingwesi masrahaken jiwa lan raga kula kunjuk ing ngarsa paduka Raden Sentani, mugi kaginakna kangge srana nggayuh wangsulipun kawibawan Majapahit. Bebasan putung kinarya bebalang, lebur kinarya sawur,  boten badhe kula kawratan".

Prasetyane Ki Trenggilingwesi sing jebul jeneng asline Sugiwang, banjur diterokne kabeh cantrike sing uga banjur sujud lan ngucapne prasetyane dhewe-dhewe. Dumadakan ana suwara kaya suwara suling saka wuwunganing pendhapa, sinusul ana angin sumilir nggawa ganda arum mangambar-ambar kaya gandane kembang kanthil putih.

"Jagad Dewa Bathara" Ki Trenggilingwesi banjur jengkeng lan sikep sembah kalbu "ngaturaken genging panuwun saha nyuwun tambahing pangestu Guru, mugi Dewa Ingkang Maha Kawasa paring kasembadan sedya mulya punika".

Sepisan maneh sikep lan ucape Ki Trenggilingwesi diterokne dening para muride. Aku dadi mrinding weruh lan krungu kang kaya mangkono iku.

"Gusti kula Raden Sentani" Ki Trenggilingwesi kandha karo nyawang aku "suwanten suling saha gandanipun sekar kanthil pethak ingkang ngambar-ambar punika kala wau, estunipun sasmita saking Guru saha sesembahan kula inggih Rama Kyai Trenggilingwesi, ingkang paring panyengkuyung dhumateng lekas saha ancas kula sadaya".

"Inggih Ki" wangsulanku,banjur tak terusake masang sikep kaya sing lagi wae ditindakne Ki Trenggilingwesi lan murid-muride mau. Yaiku atur panuwun lan nyuwun pangestu marang Ki Trenggilingwesi sing wis asung sasmita becik marang aku lan wong-wong ing Grojogan Kaligedhe.

 

ana candhake


SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (22)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

22

Jumbuh karo pawelinge Rama Nagaburik, saka Padhukuhan Ngancar aku banjur mlaku ngalor ngetan, arep mampir menyang Padhepokan Grojogan Kaligedhe sing dipandhegani dening Ki Trenggilingwesi. Padha karo nalika nggoleki papane padhukuhan Ngancar, aku nggunakne sipat kiandel Sampur peparinge Rama Nagaburik. Nalika miturut pituduhe Sampur wasiyat kuwi kira-kira sewu jangkah maneh aku bakal tekan ing Grojogan Kaligedhe, dumadakan lakuku diendheg dening wong sing cacahe kira-kira selawe, kabeh ketok keker-keker awake, nyandhang nganggone sarwa prasaja, praupan lan slagane katon kasar banget.

"He... mandheg dhisik Kisanak" tetuwane wong kasar kuwi omong karo ngadeg neng ngarepku. Aku ora wangsulan mung nyawang wong-wong kuwi genti-genten siji-siji. Kabeh nggawa gegaman sing wis diliga. Ana sing nyekel golok, bendho, wedhung lan pedhang.

"Kowe wong lima sajake lagi sepisan iki ngambah laladan iki ya?" wong kuwi takon.

"Iya Kisanak" aku wangsulan "pancen bener lagi sepisan iki aku liwat kene. Ana parigawe apa Kisanak ngendheg lakuku?".

"Ngetiya Kisanak" wong kuwi semaur "dalan sing ana iki kabeh sing gawe aku sakancaku. Sing oleh ngliwati ya mung aku sakancaku, dadi kowe sakancamu kabeh kudu mbalik ora kena ngliwati dalan kene, tak ancer-anceri wae, sewu jangkah saka kene ngarah marang kiblat papat kuwi laladan sing ora kena diambah luwih-luwih diliwati dening sapa wae, kajaba wong sing wis tak ngerteni mungguh kelakuwane, mbebayani tumrap kulawarga padhepokan apa ora".

"O, dadi ndika iki kulawarga padhepokan Grojogan Kaligedhe?" aku nlemak mawa pitakonan marang wong kuwi.

"Bener" wong kuwi wangsulan cekak.

"Yen ngono tiba kebeneran Kisanak" aku ngomong karo mesem "aku karo kancaku lima iki pancen arep sowan Ki Trenggilingwesi ing Grojogan Kaligedhe, dadi mesisan aku nyuwun tulung marang ndika larapna sowanku ing ngarsane Ki Trenggilingwesi".

Tetuwane wong-wong kuwi ora enggal semaur, malah banjur noleh memburi nyawang kanca-kiancane. Wong kuwi padha pating klesik omong dhewe karo kancane. Klawan sabar aku ngenteni anggone wong-wong kuwi rampung omongan. Sauntara iku tak lirik Jedeng, Anggada, Yadim, Jadhug lan Sogle wis ngliga pedhange dhewe-dhewe, siaga ngadhepi bebaya. Sajake gladhen keprajuritan wis dilestarekne dening wong tuwane diwulangne marang anak-anake.

"Ora bisa kisanak" bareng wis sauntara wong kuwi aweh wangsulan marang aku "kowe sakancamu kudu bali, ora ana pilihan liya. Iki pelingku marang kowe, dening Ki Trenggilingwesi aku pancen ora dikeparengake tumindak kasar marang wong sing kena dielingne, nanging yen kowe nekad, ya kapeksa aku bakal tumindak kasar".

"Mengko dhisik Kisanak" aku nyoba ngajak rembugan "yen ndika ora gelem nglarapne sowanku, tulung aturna marang Ki Trenggilingwesi, Aku Raden Sentani putra mantune Ki Nagaburik ing Grojogan Jambe Telu, kepengin sowan ing ngarsane Ki Trenggilingwesi, ngono wae".

"Piye?" Wong kuwi ketok muntab kanepsone "Kowe Raden? dadi tunggale wong Mataram wingenane kae. Yen ngono saiki uga tak prentahne cepet minggata saka papan kene sadurunge bathangmu dadi pakane asu ajak ing alas kene!"

"Sabar dhisik Kisanak, aku dudu wong Mataram, nanging ........." aku nyoba nggenahake.

"Cukup!" wong kuwi nggetak santak, banjur prentahe marang andhahane : "ayo ca, iki tunggale Raden Singasari wingenane, sajake arep mbaleni gawe gendra. Ayo diranjab bareng-bareng mumpung durung kebacut".

"Nggiiiiih......." wangsulane andhahane bebarengan, disusul padha pating pencolot mapanake dhiri ngepung aku lan kanca-kancaku sing saka Ngancar mau.

Satemene aku rumangsa eman, yen kudu kerengan karo murid-murid Grojogan Kaligedhe iki. KIurang-kurang bejane yen nganti klakon kerengan, bakal nuwuhake kurban. mBuh salah siji saka kancaku wong lima saka Ngancar kuwi, mbuh saka murid-muride Grojogan Kaligedhe. Kamangka tekaku iki mau arep nambah kekuwatan kanggo mungsuh sing nyekel panguwasa. Nanging sajake murid-murid Grojogan Kaligedhe kuwi wis ora bisa diajak rembugan maneh. Aku banjur mikir, perlu ngetokne pangeram-eram kareben wong-wong kuwi gelem diajak rembugan. Aku banjur triwikrama, ngrapal aji peparinge Rama Nagaburik.  Guluku modot dadi dawa, praupanku uga wis salin dadi praupan Ula Gedhe  sing ngisis siyung,  tanganku loro kabeh nyekeli gegaman, sing tengen wis tak ngge nggegem ukirane Keris Kyai Luwuk, sing kiwa tak ngge nyekeli landheyane Tumbak Pusaka Kyai Tundhungnyawa. Sengaja aku ngeses banter, ngetokne upas nanging ora tak semburne menyang pernahe wong-wong Grojogan Kaligedhe, malah tak semburne menyang gegodhongan ing sacedhakku, sing ndadekne godhong-godhong kuwi dadi alum sakala kaya disiram nganggo banyu sing umub.

Weruh kahananku wong-wong dadi mandheg, ora sida maju ngrubut. Sajake padha miris ndulu rerupanku sing isa malih dadi manungsa setengah ula ngono kuwi. Dumadakan ana suwara gumuyu sing renyah, banjur disusul guneman sing alus sing ditujokne marang aku :

"Cukup, wis cukup Ngger Raden Sentani, rucaten nggonmu Triwikrama mundhak meden-medeni bocah cilik" saka pucuking wit sing dhuwur kumleyang wong mencolot mudhun sajak kaya wong mabur, banjur ngadeg ing antarane aku karo wong-wong Grojogan Kaligedhe.

"Bapa Guru......." wong-wong Kaligtedhe padha alok semu gumun.

Aku banjuur ngrucat wewujudan sing nggegilani mau bali marang wujudku sakawit. Karo aweh kurmat aku nyoba takon marang sing lagi teka :

"Pangabekti kula Bapa, punapa kula nembe ngadhep Ki Trenggilingwesi Dhanyang Padhepokan Grojogan Kaligedhe?".

"Ora kleru ngger Sentani" wangsulane Ki Trenggilingwesi karo mesem "sing gedhe pangapuramu  yen ana lupute Sugali lan kanca-kancane. Iya awit saka kahanan  keri-keri iki sing ndadekne Sugali kudu muwuhi kawaspadan anggone ngreksa Padhepokan Grojogan Kaligedhe".

"Inggih Bapa boten dados punapa, lakar inggih awit saking kawontenan, prayogi ngati-ati katimbang getun ing wingkingipun" wangsulanku.

"Sugali...." Ki Trenggiling wesi ngundang Sugali "kene nyedhak kene".

"Inggih Bapa Guru" Sugali nyedhak karo ndhingkluk sajak wedi.

"Sumurupa Sugali" Ki Trenggilingwesi nerusake ngendikane "sing meh wae kerengan karo kowe sakancamu iki pepundhenmu dhewe, ya iki wayah canggahe Sang Prabu Brawijaya Pamungkas, wayah buyute Raden Kumala,  asmane Raden Sentani, sing bakal mangarsani Trah Majapahit mbalekne kawibawan Majapahit".

"Inggih" Sugali wangsulan, banjur karo nyawang aku Sugali nyembah karo muwus "Nyuwun  pangapunten Gusti, kala wau kula dereng mangertos".

"Ya, ya ora dadi apa Sugali" wangsulanku karo mesem.

"Pangabekti kula kunjuk, Gusti" Sugali ngaturakie bekti.

"Ya tak tampa gawe bombonging rasaku Sugali".

"Angger Sentani" Ki Trenggilingwesi ngendika "ora becik rembugan kok ana ratan, ayo saiki tak dherekne menyang pendhapa, neng kana bisa luwih kepenak yen angger ngersakne jejagongan karo aku lan murid-murid Padhepokan Grojogan Kaligedhe".

"Mangga suwawi kula dherekaken Bapa" wangsulanku karo aweh sasmita marang kanca-kanca saka Ngancar supaya ngetutne laku.

Jebul Pendhapa Padhepokan iki gedhe tur jembar, latare uga katon jembar resik ora ana suket siji-sijia sing thukul, dadi katon mundhak bawera.  Ing kiwa tengene regol ana tanduran Pelem sing nedheng kembang, ndadi nganti kaya ilang gegodhongane ketutup kembang pelem sing sumunar semu kuning rupane.

Ing joganing pendhapa wis ginelaran klasa pandhan sing putih rupane. Ing kono Ki Trenggilingwesi nemoni lan nampa tekaku.

 

Ana candhake.


Minggu, 06 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (21)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

21

Ing angen-angenku kegambar mendah kaya apa rasane adoh karo bojo lan kaya apa rekasane uripku yen nganti aku nganti slingkuh karo wanita liya. Nanging sajake Rama Nagaburik babar pisan ora migatekne owah-owahan ing praupanku sing nggambarake bab-bab mau. Malah panjenengane mbacutakie nggone paring pituduh :

"Kowe ora kudu madeg dadi Demang kanggo dadi pangareping kawula ing Jatipethuk nggone arep ngrebut panguwasa. Awit kowe wis duwe kalungguhan sing sakdhuwure Demang. Dene sranane, lumawata ing Padhukuhan Ngancar. Neng kana ana sisa-sisa trahing para Prajurit pandhereke Prabu Girindrawardana sing ora sudi teluk marang Trah Kartawijaya. Kabarana marang wong-wong kuwi yen sira isih trahe Prabu Brawijaya Pamungkas, padha ajaken supaya menunggalake laku karo kowe. Uga mampira menyang Pundhen Grojogan Kaligedhe, sowana marang Ki Trenggilingwesi, nyuwuna bebantu prajurit lan critakna sapa sejatine sira".

"Kawula nuwun sendika Rama" ora ana atur saka aku marang Rama Nagaburik liyane nyaguhi apa sing dadi dhawuhe.

"Kangmas Sentani" Sisihanku Nagadewi   melu urun rembug sawuse Rama Nagaburik rampung pangandikane "Kakangmas aja was sumelang merga kanggo sawantara kudu pisah karo aku, merga aku sajroning wektu selapan dina bisa nisihake wektu sedina kanggo nemoni Kangmas Sentani ing Jatipethuk, mesthi wae ora bakal ana sing bisa meruhi tekaku ing kana kajaba Kangmas Sentani dhewe. Kajaba saka iku, Kakang wewaler saka Rama Nagaburik kang lelandhesan kukuming Kraton Grojogan Jambe Telu, Kangmas Sentani ora kena pisan-pisan gepok senggol karo wanita, sepisan maneh karo wanita, dadi liyane karo wanita ora ana larangane".

Sanadyan aku durung ngerti apa sing dikarepne sisihanku kuwi, nanging aku ya wangsulan karo ngaturne panuwun marang Nagadewi lan Rama Nagaburik.

Dina kuwi uga aku pangkat budhal nindakne dhawuhing Rama Nagaburik, ninggalake Kadhaton Grojogan Jambe Telu, bali ngambah alam kawadhagan, ya jagading titah kasar. Nalika tak toleh kraton Grojogan Jambe Telu, wujude dudu kraton maneh, nanging wujud Banyu sing gumrojog metu saka sela-selaning watu, kinayoman wit jambe jejer telu. Ing cedhake banyu kang gumrojog, katon ula welang nggubet pang, mripate ora kedhep ngulati sakiwa tengene grojogan. Ngerti yen tak ulati, ula welang kuwi ngangkat sirahe karo nyuwara kanthi kekuwatan batin sing dumeling ing batinku :

"Sembah kula ingkang ndherekaken jengkar Andika Raden Sentani, mugi-mugi sageda lebda ing karya. Kula Welangkuning, abdi ingkang jagi regol mriki".

"Banget ing panarimaku awit pamujimu Welangkuning" wangsulanku "wis, saiki aku budhal". Aku banjur mlaku nasak keteling alas, arep lumawat menyang Padhukuhan Ngancar luwih dhisik.

Sing diarani Padhukuhan Ngancar kuwi jebul mung wujud gubug-gubug prasaja sing cacahe ora luwih limalas iji. Manggon ing sela-selaning gegrumbulan. Gubug-gubug kuwi dikupengi dhapuran pring ori sing rapet, dadi ora gampang bisa dingerteni dening wong, yen neng kono ana padhukuhan sing isine gubug-gubug cacah limalasan. Tujune aku wis digawani sipat kandel sampure Rama Nagaburik, dadi aku ora kangelan nggoleki papan sing diarani Padhukuhan Ngancar iki.

Dhisik dhewe sing tak weruhi sawise aku bisa mlebu liwat brobosaning barongan pring ori yaiku sawijining wanita sing lagi tapen beras ing mburine sawijining gubug. Wong wadon kuwi katon kaget bareng ngerti tekaku. Ora ngomong apa-apa, tampah sing kanggo napeni beras diselehne, banjur mak klepat mlebu gubuge. Ora suwe aku krungu suwara mbengung kaya suwarane tawon gung  sapirang-pirang miber bareng ngiteri gubug-gubug ing padhukuhan kuwi. Ora suwe saka waliking grumbul, mecungul wong lanang-lanang sing siaga gegaman ing tangane dhewe-dhewe, ngepung papanku ngadeg.

Kaya welinge Rama Nagaburik sadurunge aku budhal mau, panji kuning kanthi sulaman benang biru gambar cakra tak wetokake saka kampilku, banjur tak klebat-klebatake, tak ubengake ngarah keblat papat. Weruh panji cakra biru kuwi, wong-wong sing padha ngepung aku sajak kaget, banjur mbengok-bengok sajak seneng atine, mara nyedhaki papanku.

"Ngaturaken kasugengan sarawuhipun ing papan mriki Gusti" pambengoke wong-wong kuwi. Lan sawuse cedhak banjur padha ndheprok karo nyembah.

"Apa aku wis tekan Padhukuhan Ngancar?" aku pitakon karo suwara sing banter.

"Leres Gusti" wong sing tuwa dhewe saka wong-wong kuwi semaur "nyuwun pangaksami, kula pun Lodana sarta para abdi ing mriki dereng ngertos menawi Gusti kula rawuh ing papan pandhelikan punika".

"Aja kaduk ati bela panampa Kakang Lodana" wangsulanku "ditepungake wae, aku Raden Sentani wayahe Kanjeng Eyang Raden Kumala, tekaku ing papan kene ngayahi wajib arep nglumpukake sarta nyawijekake Trah Majapahit sapandhereke".

"Ngaturaken Genging Panuwun Gusti" Lodana sing sajake tetuwane wong-wong kuwi bali wangsulan "murih gamblanging dhawuh, suwawi mangga kula dherekaken Gusti kula Raden Sentani pinarak ing salebeting gubug rumiyin".

Aku banjur mlebu gubug sing ditudingi Lodana ditutne wong lanang-lanang kuwi. Tak etung kabeh cacah seket lima, karo ana wong pitu sing wis tuwa thuyuk-thuyuk. Ing kono aku banjur dijarwani yen wong pitu sing wis tuwa-tuwa kuwi kabeh anak-anake prajurit pandhereke Raden Kumbina sing gugur lumawan prajurit saka Demak lan Pengging jaman perang pungkasan sing ndadekne Sri Brawijaya Pamungkas gugur ing tangane Kebo Kanigara putrane Pangeran Handayaningrat. Wong tuwa-tuwa kuwi jaman diajak mlayu dening wong tuwane dhewe-dhewe isih bocah lan cacahe iya akeh, nanging saiki kari pitu kuwi. Anak turune para prajurit sing keplayu ing papan kono kuwi satemene wis dadi akeh, nanging wis akeh sing padha sumebar ing ngendi-ngendi golek papan kanggo urip sarta papan pandhelikan murih ora kadenangan dening anak turuning mungsuh sing saiki lagi nyekel panguwasa ing Tanah Jawa.

"Dados sepisan malih kula ambali Gusti" wuwuse Lodana sawise rampung anggone ngrungokne sesorahku gegayutan karo kuwajiban sing tak emban kanggo baline kawibawan Majapahit, uga sawuse rampung ngrungokne critane Ki Sakethi, salah sijine wong tuwa, anake Prajurit pandhereke Raden Kumbina putra dalem Prabu Girindrawardana "para trah prajurit Majapahit ingkang keplajar ing papan mriki niki, ngantos benjang punapa kemawon boten badhe sudi teluk tumusing batin dhateng Panguwaos Nagari ingkang asalipun mambet Demak lan utawi Pengging. Sawanci-wanci wonten timbalaning Gusti kula Raden Sentani kangge bidhal perang murih wangsulipun kawibawan Majapahit, kula sakanca tansah siaga ing dhiri sarta sawega ing gati".

"Aku ngaturake nedha nrima Kakang, awit kasetyaning kabeh sedulurku marang Majapahit" wangsulanku tak banjurne aweh prentah "mengko tak jaluk ana wong lima sing ngancani aku bali menyang Kademangan Jatipethuk, perlune bisa dadi utusan sawayah-wayah aku mbutuhake sedulur sing ana kene. Kajaba saka iku, Kakang Lodana tak jaluk supaya klawan sesidheman murih ora gampang kadenangan ing mungsuh, supaya ngabari para sedulur sing wis kebacut mencar ing papan liya, murih bisa enggal manunggal tumuju balining Kawibawan Majapahit".

"Kawula nuwun sendika ngestokaken dhawuh" wangsulane Lodana.

Dina iku uga aku pamitan ninggalne Padhukuhan Ngancar, lungaku dikancani bocah lima sing pinilih, yaiku Jedeng, Sogle, Yadim, Jadhug lan Anggada.

 

ana candhake.


Sabtu, 05 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (20)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

20

Kudana lan Sulastri weruh saka mripate Rajikan lan Rajikin katon yen tenane wong loro kuwi miris, majune mung bandha tekad, kira-kira timbang ora nglawan babar pisan, merga wis ngerti nek nyedhaki puputing umur. Kudana lan Sulastri ya dudu wong sing wentalan tegel nyiksa wong sing nyata kalahe. Mula kekarone uga ngetog kekuwatane, supaya mungsuhe ora kesuwen urip. Kudana lan Sulastri obah bareng, cemethine Sulastri ngarah gulune Rajikan lan epek-epeke Kudana ngarah jantunge Rajikin.  Jim loro muride Syekh Jaminambar kuwi mencolot maju karo nyabetne teken sing digawa, ngarah lambunge mungsuhe, dadi kekarone obah cepet ngendhakne awake, semu nisih rada mengiwa sethithik. Kang mangkono iku ndadekne panyabete Sulastri luput, mung ngenani ikete Rajikan ing sisih dhuwur, ndadekine iket kuwi kobar murup mencoilot saka sirahe sing duwe. Semono uga pega biru sing mijil saka epek-epeke Kudana ora ngenani jantunge Rajikin, nanging bablas liwat sanyari saka gulune  rajikin natap wit randhu alas sing ora adoh saka kono ndadekne wit randhu alas kuwi bedhol saoyot-oyote. Sauntara iku Sulastri sing ora ngira yen mungsuhe isih bisa polah kanthi cepet, ora kober bisa ngendhani lambunge kebabat tekenh kayu Sangga Langit. Wong loro kuwi mung bisa mbengok banter, banjur rubuh ing lemah, kanthi tatu sing nggegirisi. Kekarone kejet-kejet sedhela banjur meneng kanggo selawas-lawase.

Rajikan lan Rajikin sing ora ngira yen kekarone bisa ngalahake musuhe kuwi padha kamitenggengen weruh kahanane musuhe..

"Apa iki sing diarani pitulungan sing ora kanyana-nyana kuwi kakang?" Rajikin takon marang Rajikan sing isih kamitenggengen weruh kahanane Kudana sing suwek lambunge.

"Sing cetha, Allah durung ngersakne awake dhewe cilaka merga pokale menungsa loro kuwi Dhi" wangsulane Rajikan.

"Nanging awake dhewe wis nglakoni dosa gedhe kakang" wuwuse Rajikin sabanjure.

"Iya, Guru wis aweh weling, yen awake dhewe sajroning lelaku menyang Pulo Jawa iring kulon iki, ora dikeparengake gawe pepati marang sapepadhaning titah" wangsulane Rajikan "sedheng gawe mateni kewan sing cilik wae ora dikeparengake, saiki awake dhewe tanpa sengaja wis gawe patining manungsa, titahing Allah sing paling luhur drajate".

"Banjur kepiye Kakang?" Rajikin takon maneh.

"Ora ateges endha saka pandakwa, awake dhewe iki mau kajaba ora ngira yen bakal ndadeknhe menungsa loro kuwi tumekeng pati, awake dhewe rak ya mung mbela dhiri? muga-muga kiang mangkono iku mau bisa dadi srana pangentheng-entheng yen ana tumibane ukuman saka Guru, uga saka Sing Maha Kawasa" Rajikan wangsulan.

"Saiki apa sing kudu ditindakne marang wong loro sing wis dadi mayit kuwi Kakang?" Rajikin takon karo nudingi Sulastri lan Kudana sing wis kaku.

"Kanggo ngengurangi dosa, becike jasad loro kuwi dibalekne ing alam kuwadhagan, ya alaming manungsa banjur dikubur ing bumine" Rajikan wangsulan karo nyedhak arep ngangkat mayit-mayit kuwi.

Ora suwe Rajikan lan Rajikin tumandang, gawe luwangan mayite Kudana lan Sulastri dipendhem dadi saluwang. Bareng rampung anggone ngubur mayit loro kuwi, kekarone nedya bali manjing ing alame maneh. Nanging, kekarone dikagetne dening suwara tangising jabang bayi sing kekejer ora adoh saka papan kono.

"Banjur bayi iki anake sapa kakang? apa anake manungsa loro kuwi mau? yen ngonowa mendah sepira gedhening dosane awake dhewe iki?" Rajikin takon karo  keweden "luwih-luwih yen nganti konangan, manungsa liyane awake dhewe mesthi bakal dipidana nganggo carane manungsa sing awake dhewe ora bisa nggambarake mendah sengsarane".

"Apa becike Bayi iki digawa wae menyang alame dhewe? ben ora konangan manungsa liyane?" Rajikan melou wedi.

"Ora Kakang" Rajikin wangsulan "pancen mbok menawa kanthi mangkono awake dhewe bisa endha saka paukumaning manungsa, nanging kepiye awake dhewe bakal wangsulan marang Guru? Lan nyata Allah luwih ngudaneni marang kabeh tumindake awake dhewe".

Rajikan meneng sedhela, bayi sing isih nangis kekejer kuwi diusap lan diwacakne mantra panyirep. Sakala bayi kuwi meneng, ora suwe banjur turu nglepus, kaya ora nate kedadeyan apa-apa.

"Upama ngene piye Kakang?" Rajikin nawakne cara marang sedulure tuwa.

"Ngene piye?" Rajikan takon.

"Klawan sesidheman, bayi iki diselehne ing papan sing cedhak karo omahe manungsa, utawa ing pinggir dalan sing kerep diambah manungsa, ing pangangkah bisa enggal oleh pitulungan. Banjur awake dhewe kanthi sacepet-cepete lunga ninggalne papan kene. Piye Kakang?" Rajikin njlentrehne carane.

Rajikan manthuk-manthuk tandha yen sarujuk karo cara sing ditawakne adhine. Jim loro kuwi tumuli sesidheman ngangkat bayi sing isih turu nglepus kuwi, banjur diseleh ing pinggir dalan sacedhake Marga Catur utawa Prapatan sing ndelok tilas-tilase papan kono kuwi kerep diliwati dening manungsa. Jabang bayi kuwi uga dipageri nganggo japa mantra murih ora ana kewan sing bisa nyedhak utawa ngganggu keslametane. Bubar nyelehne bayi, Rajikan lan Rajikin banjur bali ing alame dhewe, nggeblas gegancangan ninggalne papan kono, arep nerusne laku.

Dina esuke Jabang Bayi sing tangi lan banjur nangis kekejer merga luwe, konangan wong sapirang-pirang. Gandheng ora ana sing ngerti sapa wong tuwane, bayi mau banjur digawa mulih dening Ki Demang Sudiya didadekne anak pupon. Nalika arep menehi tetenger bayi kuwi, dumadakan ana suwara dumeling sing mung bisa dirungokne dening Ki Demang dhewe, yaiku wujud kabar yen si Jabang Bayi yegtine wis duwe jeneng yaiku Raden Sentani. Mula dening Ki Demang Sudiya Bayi mau uga banjur dijenengne Sentani.

"Dadi saiki wis cetha mungguh asal-usulmu ngger Sentani, anane kowe biyen diselehne ing Marga Catur Kademangan Jatipethuk, kuwi dudu lupute wong tuwamu. Mangka buwangen rasa pangigit-igitmu marang bapa biyungmu. Becik saiki tindakna apa kang dadi pepengine Eyangmu Raden Bintulu, yaiku kowe kudu bisa dadi pangarepe wong ing Jatipethuk ngrebut panguwasa ing Tanah Jawa sing samengko isih dikuwasani dening Trahe Sri Brawijaya Kalima" Ki Nagaburik mungkasi critane.

Aku legog-legog kaya togok krungu critane maratuwaku ya Ki Nagaburik kuwi. Wusanane aku banjur nyuwun pitutur apa sing kudu tak lakoni kanggo mujudake kekudangane Kanjeng Eyang Raden Bintulu lan malesake lara wirange Kanjeng Eyang Prabu Brawijaya Pamungkas Ya Eyang Prabu Girindrawardana. Kamangka kanggo nggayuh kalunggtuhan Demang ing Jatipethuk genah nek wis ora bisa, sabab paugeran Jatipethuk nyebutake yen sing bisa dadi Demang kuwi kudu duwe sesambungan getih karo Demang sadurunge.

Rama Nagaburik banjur paring pangandika :

"Kanggo ngayati pakaryan iki, kanggo sawantara kowe kudu pisah karo garwamu si Nagadewi. Awit ing Grojogan Jambe Telu iki, Nagadewi duwe kuwajiban sing ora bisa disambi karo gaweyan ing papan liya. Lan sajroning ora kumpul karo garwa, kowe ora kena pisan-pisan kena gepok senggol karo wanita liya, iya wanita sing abdan alus luwih-luwih wanita sing abadan kasar. Yen nganti kowe tumindak kaya lumrahe wong bebojowan karo liyane anakku Nagadewi, mangka kowe bakal kena walat, badan wadhagmu bakal salin rupa dadi Ula sing ora bisa bali dadi manungsa maneh. Sartane kowe bakal nampa pidana saka Kraton Grojogan Jambe Telu, wujude siji kowe dipegatake karo Nagadewi, loro kowe mung kena manggon ing cedhak gapura dadi tukang jaga regol ing selawase, gandheng wujudmu ula kowe ya ora kalis saka pepati, ora bisa rembugan liyane karo Ula utawa karo warga ing Grojogan Jambe Telu kene".

Krungu pangandikane Kanjeng Rama Ki Nagaburik sing mangkono iku, aku dadi lemes dhempes ilang bayu anggaku.

 

ana candhake.

 


SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (19)

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

19

Satemene wong loro sing lagi laku sembahyang kuwi dudu bangsane manungsa, nanging bangsa Jim, anane bisa disawang dening Kudana awit Kudana wis nggunakne kekuwatan batin sing  bisa ngaweruhi titah alus sing ana sacedhake. Kudana apa dene Sulastri lali yen ws ngetog netra batine, mula Kudana lan Sulastri babar pisan ora ngira yen wong loro kuwi temene bangsa alus. Jim loro kuwi temene ora ana gandheng rapete karo Kademangan Jatipethuk babar pisan, amerga Jim loro sing aran Rajikan karo Rajikin kuwi muride Syekh Jaminambar saka tlatah Madura sing lagi lelaku tumuju Pulo Jawa iring kulon. Senadyan ketiban patreme Sulastri lan Kerise Kudana ora mmbebayani tumrap kaslametaning jiwane. Nanging panggah isih ngrasakne lara sing tanpa upama. Mula nalika Rajikin ngerti yen arep disadhuk dening Kudana, Rajikin kanthi cepet ngobahne tangane, sikile Kudana disaut digeret mengiwa uga nganggo tenaga sing wutuh . Kudana sing ora ngira yen sing disadhuk bakal obah kanthi cepet, kena ing apes. awake kegeret sikile sing digeret, ndadekne Kudana tiba glangsaran ana lemah.

 "Eh, yen nitik wujudmu kowe kuwi klebu jinising manungsa, nanging ya gene sipatmu asor kaya sipating kewan?" Rajikin ngadeg karo takon marang Kudana sing lagi wae tangi saka anggone tiba "dening sing yasa jagad saisine aku lan kowe diwenehi papan sing beda, supaya ora rebutan papan, ya gene kowe ngambah alamku lan nedya gawe cilakaku? apa luputku marang kowe he manungsa?".

"Aja kaehan wuwus, ayo sadurunge mati ing tanganku, ngakuwa sapa aranmu? lan sapa sing wis ngidini kowe arep nyebarake kapitayanmu ing bumi Jatipethuk kene?" Kudana wangsulan karo siaga arep nerjang.

"Ngertiya Manungsa, aku Rajikin lan kuwi sedulurku Rajikan, muride Syekh Jaminambar saka tlatah Madura, aku ora niyat nyebarake apa-apa ing Kademangan Jatipethuk kene, merga aku ngerti laladan kene iki isine mung segara wedhi, kuwi yen ing alame bangsaku, nek ing alaming bangsa manungsa kene iki isih akeh alas sing rungkud. Kowe ndakwa aku arep nyebarne kapitayanku ing Jatipethuk kuwi dhasarmu apa? yen aku niyat arep nemoni bangsa manungsa sing ana Jatipethuk, mesthine aku arep mlebu ing alaming manungsa, nanging kanyatane malah kowe karo wong wedok kuwi sing mlebu ing alaming bangsaku lan teka-teka kowe lan wong wedok kuwi wis nedya gawe cilakaku. Saiki malah kowe ndakwa aku karo adhiku iki klawan pandakwa sing ngayawara. Mula aku dadi ngerti, niyatmu pancen ala kepengin pamer kadigdayan marang bangsaku, ing alaming bangsaku. Ya, aja kok kira aku wedi, mesthi kowe karo wong wadon kuwi bakal tak ladeni sagendhingmu" Rajikin wangsulan karo pasang kiuda-kuda kanggo ngadhepi Kudana. Sauntara iku Rajikan sing ana sisihe uga wis siyaga ing dhiri ngadhepi Sulastri sing dikira nduweni kasekten sing pilih tandhing, ketitik bisa ngambah alam kajiman.

Kudana babar pisan ora percaya karo sing dikandhakne Rajikin, merga Kudana wis kadhung duwe pangira yen Rajikan lan Rajikin iki salah sijining pepalang sing kudu disingkirake murih ing mbesuk anake sing saiki isih bayi, bisa dadi pengarepe wong Jatipethuk kang arep njaluk bali kamulyaning Majapahit sing isih dikuwasani Trah Brawijaya Kalima. Sawuse jejeg adege, banjur asung sasmita marang sisihane supaya maju bareng ngepruk wong loro sing ana ngarepe kuwi. Sulastri tanggap apa sing dikarepake bojone, sigra musus epek-epeke sinartan mantram sakti, saka epek-epek kuwi kumelun pega warna biru, ora suwe banjur metu cemethi upat-upat ula kuning, sansaya suwe sansaya mundhak dawa. Cemethi disabetake marang Rajikan, sakala Rajikan mencelat ana limang dhepa adohe tiba ngrungkebi lemah. Bareng lan mencelate Rajikan, Kudana ngarahake epek-epeke sing katon abang mengangah sing ngetokne perbawa panas, nebak dhadhane Rajikin sing ora kober ngendhani. Meh padha karo Rajikan, Rajikin rubuh, tiba gumlundhung ana lemah nganti meh limang dhepa adohe.

"Dhasar wong licik, jebul mung semono kekuwatanmu" Kudana ngucap karo tetep siaga ngadhepi tekane bebaya "lagi kesenggol epek-epekku wae kowe wis golung koming kaya ngono. Ayo nek nyata perwira tangiya, adhepana iki Kudana mantune Ki Sutambar piyandel Kademangan Kalipethuk".

Sulastri ora kalah anggone sumbar marang musuhe sing isih katon meneng mengkureb ana lemah, wuwuse :

"Wong lanang kemangi, arep adol bagus neng Jatipethuk. Konangan Sulastri sida mulih mung kari aran kowe Rajikan".

Rajikan lan Rajikin kuwi satemene jinis Jim sing wedi banget karo titah sing jeneng manungsa. Amerga wiwit cilik asring nampa dedongengan saka wong tuwane yen manungsa kuwi titahing Gusti sing paling sampurna, cinipta dening Allah kanthi wujud kasar lan alus, kajaba katitahake minangka kawula kang kudu manembah marang kang Nyipta, uga sinampiran kuwajiban minangka pangreksa murih lestarining bawana saisine. Mula nalikane Jim loro kuwi diprentah gurune supaya nindakne lelaku tumuju Pulo Jawa iring kulon, kekarone tansah golek dalan sing dikirak-kirakne dalan mau ora diliwati manungsa, merga kuwatir yen nganti kepethuk manungsa sing kulina manjing ing alame banjur ngganggu marang dheweke. Pranyata, sanadyan wis dingati-ati, saiki Rajikan lan Rajikin kudu kepethuk titah sing aran manungsa lan bener klawan sing dikuwatirake, manungsa loro sing jeneng Kudana lan Sulastri wis nelakake karepe yen arep gawe cilakane. Mau, Rajikin wis nyoba nuduhne sanadyan kaya ngapa dheweke uga duwe kekuwatan lan wis muni yen dheweke babar pisan ora wedi, sanadyan unine kuwi cengkah karo suwara ing atine sing tenane wis miris luwih dhisik amerga ana manungsa sing wis ngonangi kahanane.  Saiki jim loro kuwi luwih bisa ngrasakne lan ngaweruhi dhewe yen titah sing jeneng manungsa kuwi nyata-nyata nggegirisi, duwe kekuwatan sing banget medeni. Ping pindho Rajikan lan Rajikin ngrasakne kelaran, sepisan mau nalika ditibani patrem lan keris, rasaning awake sasat remuk ilang kekuwatane, kapindho Rajikan sing mencelat kesabet cemethine Sulastri lan Rajikin sing gumlundhung kesenggol epek-epeke Kudana.

Jim loro muride Syekh Jaminambar kuwi wis nyipta yen ora bisa nerusake prentahing gurune lelaku nganti tekan Tanah Jawa iring kulon, lan kudu mandheg ana kono, kebegal dening kasektene Kudana lan Sulastri. Nanging, jenenge titah Rajikan lan Rajikin ora gelem kalah sing tanpa gawe tunane sing ngalahake. mBuh dadine, wong loro kuwi nedya nglawan nganti saenteking kekuwatane. Sajroning ngrasakne lara, Rajikan lan Rajikin bebarengan ngetog kabisan sing digadhuh. Sinartan panyuwun marang Sing Maha Kuwasa, kekarone gumregah tangi banjur nyaketi mungsuhe. Teken Kayu Sanggalangit peparinge gurune ya Syekh Jaminambar wis padha digegem kenceng ing tangane dhewe-dhewe. Teken loro sing kembar rupane, padha gedhe lan dawane.

Weruh mungsuhe tangi lan mara nyedhak karo nyekel gegaman, Kudana gumuyu ngakak, banjur kandha marang bojone :

"Sajake pepalang loro iki kudu disampurnakne dina iki uga Nikmas, siagakna cemethimu aywa kongsi tumpangsuh nggonmu nibakne, dimen ora mindhon gaweni".

"Iya Kakang" wangsulane Sulastri karo ngencengi nggone nggegem bongkoting pecute "aja kuwatir, sedhela maneh sing ngganggu gawe putramu si Sentani iki mesthi lebur dadi ndheg amun-amun ketiban cemethiku".

Krungu omonganane wong loro kuwi Rajikan lan Rajikin ora mandheg nggone arep nglawan, malah kepara saupama kudu mung tekan semono lelakoning uripe, kekarone uga ora kepengin suwe-suwe nggone ngrasakne sekarat.

ana candhake.

 

 

 


SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (18)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

18

Oleh telung sasi etungane manungsa, Sulastri lan Kudana cumondhok ing Kedhunggasrong, Sulastri krasa yen wiwit nggarbini. Kudana lan Sulastri seneng banget, wong loro kuwi uga nggambarake wong tuwane sing ana ing Jatipethuk mesthi melu seneng sing ora karuwan lamun ngerti Sulastri wis ngandhut. Sulastri kepengin nuduhake kandhutane marang wong tuwane, sing anggone kepengin bisa ngudang putu nganti kaya wong nyidham cempaluk . Mula Sulastri banjur ngajak sisihane matur marang Raden Bintulu yen arep bali menyang Jatipethuk. Nanging sepira kagete, Kudana luwih-luwih Sulastri bareng krungu wangsulane Raden Bintulu nalika anake lanang kuwi pamitan arep bali menyang omahe maratuwane.

 "Ngene lho Ngger" Raden Bintulu ngabari mungguh kahanane Ki Sutambar wektu kuwi "padha sumurupa satemene Bapakmu ya Ki Sutambar wektu iki wis ora mapan ing Jatipethuk maneh, nanging wis manggon neng Padhepokan Jenggrik kumpul karo Kyai Nagabiru sing mapane ana alam kajiman. Kahanane Sutambar saiki wis padha karo kahanane Bapakmu iki, yaiku urip neng alam antara wujude rupa prayangan. Yen kowe kepengin ketemu karo Bapakmu Ki Sutambar, kowe njujuga ing Padhepokan Jenggrik. Murih gangsare laku bakal tak bukak dalan sing bisa kok lakoni kanthi lan kowe bakal tak gawani sumping kanthil kuning, mengko yen lakumu wis tekan regoling Padhepokan Jenggrik, tuduhna marang sing njaga regol. Mangka kowe ora bakal kangelan mlebu Padhepokan ketemu karo Ki Nagabiru. Nanging yen kowe ora nggawa sumping kanthil kuning iki, nglengkara kowe bisa mlebu Padhepokan kuwi, jeneh kowe wong loro isih abadan wadhag kaya saiki iki".

"Dados Bapa Sutambar samangke sampun seda Rama?" Sulastri takon karo nangis.

"Ora, malah Bapakmu saiki wis kalis saka pati Ngger" wangsulane Raden Bintulu "saiki Bapakmu wis kumpul karo Gurune ing jaman langgeng, ngayahi wajib dadi senapati ing Padhepokan Jenggrik, mung wae wujude wis dadi alus yaiku rupa perayangan. Wis saiki nek kowe kepengin pethuk, bakal tak bukak dalan sing anjog menyang Padhepokan Jenggrik lan aja pawelingku tuduhna Sumping Kanthil Kuning iki marang Cantrik sing jaga regol".

Raden Bintulu banjur nuding marang kori butulan, sanalika Kudana lan Sulastri weruh ana dalan sing kudu diliwati sing bakal anjog ing gapurane Regol Padhepokan Jenggrik. Kudana lan Sulastri nuli mlaku nurut dalan kuwi. Ora nganti sapanginang wis tekan panggonan sing dituju.

Ki Sutambar banget seneng ngerteni yen anake wadon wis ngandhut lan arep bali menyang Jatipethuk.Nalika kabar sing nyenengake atine kuwi diaturne marang Ki Nagabiru, Ki Nagabiru uga melu seneng. Sadurunge Kudana lan Sulastri bali, dening Ki Ageng Jenggrik ya Kyai Nagabiru dititipi aji jaya kawijayan supaya mengkone yen jabang bayi sing dikandhut Sulastri wis lahir diparingake kanggo sipat kandele Si Jabang Bayi. Kajaba saka iku Kudana lan Sulastri dituturi akeh-akeh magepokan karo Jabang Bayi sing isih ana Kandhutan kuwi.

"Kowe kudu ngerti Kudana lan Sulastri" pituture Ki Nagabiru marang Kudana lan sisihane "Jabang Bayi sing dikandhut Sulastri kuwi wis nampa pangestu saka Raden Bintulu ing mbesuke kudu bisa dadi pangarepe wong-wong ing Jatipethuk kanggo ngrebut wahyuning kraton Majapahit saka tangane anak putune Sri Brawijaya Kalima. Mung wae kowe kudu ngerti, ing tembe ana pepalang sing abot tumrap Jabang Bayi sing isih kok kandhut iki anggone arep ngayahi wajib, yaiku yen ing Jatipethuk nganti kadunungan manungsa sing wis ninggalne kapracayan sing dirasuk leluhure salin ngrasuk kapracayan saka negara manca. Mula murih kasembadaning sedya, jaganen Jatipethuk aja nganti kanggonan wong sing kaya mangkono iku".

"Sadaya dhawuhipun Kanjeng Eyang Nagabiru badhe kula estokaken" wangsulane Kudana lan Sulastri meh bebarengan.

"Kajaba saka kuwi Kudana" Ki Sutambar uga nambahi rembug "kowe kudu eling, biyen sing bisa njongkeng kawibawan lan nyedani Kanjeng Eyang Sri Brawijaya Pamungkas kuwi ora ana liya manungsa sing wis ninggalne kapracayaning leluhure lan ngalih ngrasuk agama saka manca negara, kaya sing didhawuhne eyangmu Ki Nagabiru mau, mula kowe kudu mentala marang wong-wong sing mangkono iku mau".

"Sendika ngestokaken dhawuh" wangsulane Raden Kudana.

"Wis saiki diage budhala bali menyang Jatipethuk" Ki Nagabiru aweh prentah "aja kaget, kandhutane Sulastri bakal tak gege, sajroning telung dina bakal lahir ing jagat padhang, murih enggal bisa nindakne wajibe".

Kudana lan Sulastri wis metu saka alam prayangan lan bali ing alaming kawadhagan. Wong loro banjur nerusne laku arep bali menyang Kademangan Jatipethuk. Dumadakan Raden Kudana kelingan marang wong tuwane wadon sing manggon ing Tambaksela.

"Mendah senenge Biyungku yen ngerti sedhela maneh bakal duwe putu" mangkono panglocitaning atine Raden Kudana. Mula sadurunge bali menyang Jatipethuk, Kudana kepengin mampir luwih dhisik menyang Tambaksela. Yen telung dina maneh, awit saking panggtegene Ki Nagabiru anake bakal lahir, Kudana kiepengin lahire jabang bayi tinunggon dening simbahe. Kanthi mangkono mesthi nambahi seneng lan mareme Nyai Lasmiyati, biyunge Kudana ya simbahe Jabang Bayi sing dikandhut Sulastri.

Klakon Sulastri nglahirake bayine ing omahe mara tuwane. Kaya sing didhawuhake Raden Bintulu, bayine Sulastri lahir lanang, katon sumunar cahyane. Dening Raden Kudana bayi kuwi diparingi tetenger Raden Sentani. Bareng wis umur sepasar, bayi kuwi digendhong Sulastri digawa bali menyang Jatipethuk. Senadyan Nyai Lasmiyati ngandhani supaya anggone padha bali ngenteni Raden Sentani umur selapan, nanging Raden Kudana lan Sulastri padha ora nggugu, awit ngelingi karo dhawuh sing ditampa saka para leluhur sing wis mapan ing alam parayangan. Wekasane Nyai Lasmiyati uga nglilani.

Nalika lakune Raden Kudana karo Sulastri meh tekan Kademangan Kalipethuk, wektune wis meh suruping srengenge. Dumadakan Sentani sing maune angler turu ana gendhongane ibune, nangis kekejer ora dingerteni apa jalarane. Nganti suwe bayi kuwi ora gelem meneng, ndadekne Kudana lan Sulastri padha jibeg. Tangise bayi sansaya suwe sansaya banter.  Raden Kudana banjur ngetog kekuwataning batin, sedhakep saluku juga, nggoleki sing dadi sebab anake nangis sing nganti kaya ngono kuwi. Wusanane Kudana weruh, ing ngisoring wit gedhe ana wong loro sing lagi padha nindakne laku sembahyang.

Raden Kudana lan Sulastri sakala muntab, rumangsa yen ana sing wis ngganggu gawe marang dheweke. Kudana lan Sulastri eling yen salah siji pepalang tumtap Raden Sentani nggone arep ngrebut panguwasa saka Kadenangan Jatipethuk ing tembe, yaiku lamun ing Jatipethuk klebon wong sing ninggal kapitayan sing dirasuk leluhure ngalih kapitayan sing asale saka negara manca. Mula Raden Kudana lan Sulastri banjur tumandang nedya nyingkirne pepalang sing saiki wis katon ana ngarepe iku.

Bayi Sentani sing isih nangis didhukne saka gendhongan, ditumpangne ing watu sing leter. Banjur ditinggal arep nyingkirne sing dianggep marakake si Bayi nangis kekejer ora gelem meneng kuwi. Wong loro sing isih ngadeg jejer madhep mangulon kuwi diparani. Raden Kudana nyekel keris, Sulastri wis ndudut patreme.  Sulastri nadyan wong wadon nanging tau diweleg ngilmu kanuragan dening wong tuwane kuwi nyawatake patreme ngarah gegere wong sing manggon ing sisih kidul, Kudana nyudukne kerise marang wong sing manggon sisih lor.

Ora katon ana getih sing muncrat ora keprungu suwara sambat, wong loro sing ketiban patrem lan keris sing sinurung kekuwataning batin kang sinartan mantra kuwi sakala rubuh mengarep, tibane sajroning sikep sujud. Kudana sansaya muntab, ngira lamun wong sing disuduk gegere kuwi wis nyepelekne marang dheweke, ketitik sajak ora ngrewes karo keris sing tumancep ing gegere. Wong sing lagi katon sujud kuwi didugang sakayange.

ana candhake.


Jumat, 04 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANKING WARIH III (17)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

17

Anggone Ki Sudima gelem nglakoni kaya kang dikarepake panguwasa ing Demak kuwi, pawadane Ki Sudima sapisan wektu iki saupama Sudima nulak sing dadi karepe Panguwasa Demak, mesthi Panguwasa Demak kukuh meksa malah kepara sing didadekne wong kaparcayane dudu Ki Sudima malah wong liya. Kapindho : yenta kekarepane Panguwasa Demak ora dituruti, merga ngukuhi yen kuwi turusing satru, anggone nyingidake dhiri yen satemene kulawargane Raden Kumala iku isih Trah Majapahit bakal kadenangan lan kang mangkono iku banget ora ana bathine babar pisan malah kepara bisa nuwuhake kapitunan. Kaping telu kanthi oleh kaparcayan saka Demak, bisa luwih omber anggone nusun kekuwatan, ora ana sing nyujanani, sarta luwih gampang ngawruhi ing ngendi mapane pangapesan tumrap panguwasa Demak, mangkene iki padha karo sing tau dicakne dening Sinuwun Girindrawardana nalika kersa kapundhut putra mantu dening Sri Brawijaya Kalima biyen.

"Dadi mangkono ya Kakang, ya aku bisa nampa lan aku ngakoni luput, wis wani ndakwa Kakang Sudima klawan pandakwa sing kaya mau" wasana Ki Sutambar bisa nampa karo pawadan sing dikandhakne sedulure tuwa.

"Ya ora dadi apa Dhi" wangsulane Ki Sudima karo mesem "anane aku duwe cara kang mangkono iku, awit aku ora duwe kasekten kaya sing diduweni si Adhi, upama aku duwe kasekten kaya si Adhi aku dhewe ora ngerti, mbuh bisa nemu cara kaya mangkono kuwi mbuh ora".

"Lan yen ora" Ki Sutambar wangsulan karo ngguyu "Kakang Sudima lan kulawargane kanjeng Rama Raden Kumala kira-kira malah wis tapis  dikisas kanthi pandakwa sisa-sisaning musuh sing kudu dipidana pati".

Kahanan bali katon tentrem maneh. Ki Sutambar ya banjur nerusake anggone ngudi kasekten lan kanuragan, kanthi ngakeh-akehne laku pangumbaran lan nenepi ing papan wingid.  Omahe mung digawe nggon ampiran, panggulawenthah marang anake wadon sing mung siji dipercayakne marang bojone dhewe.

Sajroning nindakne laku pangumbaran Ki Sutambar nganti tumeka ing Kedhung Gasrong, yaiku papan sing wingid sing direksa dening Raden Bintulu, Putrane Prabu Girindrawardana sing biyen lolos saka Majapahit banjur ditulungi Kyai Dandanglemah Lelembut ing Kedhung Gasrong. Merga nyecep ngilmune Ki Dandanglemah, Raden Bintulu banjur bisa kalis ing pati, urip dadi prayangan ing Kedhunggasrong kono lan duwe anak siji sing aran Raden Kudana, bagus rupane tur sinung kasekten sing nggegirisi. Raden Kudana samengko urip melu biyunge ing Tambaksela, awit isih wujud manungsa.

Bareng ngerti yen Ki Sutambar iku isih putrane Raden Kumala, dening Raden Bintulu Ki Sutambar uga diparingi tambahing aji jaya kawijayan. Banjur Ki Sutambar kadhawuhan bali menyang Kalipethuk lan ngampiri Raden Kudana sing saiki isih melu biyunge ing desa Tambaksela. Dhawuhe Raden Bintulu marang Ki Sutambar sing isih kaprenah pulunane kuwi mangkene :

"Sutambar, kowe kudu ngerti yen anggone kakang Kumala ya wong tuwamu, yasa padesan sing saiki karan Jatipethuk kuwi merga oleh suwaraning batin yen anggone bisa mbalekne Kaluhuraning Majapahit kuwi kudu diwiwiti saka Jatipethuk. Mula wis bener apa sing ditempuh dening Sudima sing api-api gelem dadi gedibale Ratu Demak sing awit kepengin nerusake gegayuhane Kakang Kumala, Sudima api-api gelem nyidrani marang Trah Majapahit. Kang mangkene iki mesthi wae ana watese, yaiku yen wis tumeka titimangsane Jatipethuk bakal bisa nungkulake panguwasa Tanah Jawa sing saiki dilungguhi Trahe Prabu Brawijaya Kalima. Mung wae, kabeh turune Kakang Kumala kudu tetep setya marang gegayuhan luhur iki, aja kongsi banjur lali. Kanggo kuwi, aku dhawuh marang kowe supaya bali menyang Jatipethuk, kanthinen jejaka ing Tambaksela anake mBok Randha Lasmiyati, sing jeneng Kudana. Jodhokna Kudana karo anakmu wadon. Muga-muga ing mbesuk anake Kudana sing patutan karo anakmu wadon iki bisa dadi pangarepe Trah Majapahit sing ana ing Jatipethuk kanggo ngendhih panguwasane para turune Prabu Brawijaya Kalima".

"Dhawuhipun Paman Bintulu badhe kula estokaken" Ki Sutambar wangsulan "nanging kula ugi kepengin ngertos sinten sejatosipun Jejaka ing Tambaksela ingkang nami Kudana punika?".

"Sumurupa Sutambar, Kudana iku dudu wong liya, nanging kuwi anakku dhewe sing durung bisa kumpul manunggal karo aku, jalaran Kudana iku isih kaya dene kowe, isih wujud manungsa sing uripe isih mbutuhake anane getih, daging, balung lan otot ing ragane" Raden Bintulu nggenahake sapa satemene Kudana iku.

Cekaking crita, Ki Sutambar klakon bali menyang Jatipethuk lan mantoakae anake wadon sing aran Sulastri karo Raden Kudana. Wektu iku Ki Sudima wis tuwa lan wis nglintirake palungguhan minangka Wong kang pinercaya Kasultanan Demak, marang anake lanang sing aran Sudiya. Ya jaman Sudiya nggenteni kalungguhane bapakne kuwi utusan saka Kadipaten Jipang teka lan ngukuhake lamun Jatipethuk dadi kademangan kang kabawah dening Kasultanan Demak liwat Kadipaten Jipang. Utusan saka Jipang kuwi ya wis ngukuhake minangka Demang kapisan ing Jatipethuk yaiku Ki Sudiya lan kena nganggo sebutan Ki Demang Jatipethuk. Oleh telung setahun anggone dadi Demang Ki Sudiya kaparingan turun metu lanang dijenengne Sukirna. Sing kabare saiki wis ngrasuk agamane wong Ngarab lan dadi Guru ing Banyugurih kanthi sebutan Ki Guru Sukirna.

mBaleni critane Ki  Sutambar, wis meh telung tahun anggone duwe mantu parandene durung kaparingan putu. Kamangka miturut wecane Raden Bintulu, saka anake wadon Ki Sutambar sing jeneng Sulastri sing omah-omah karo Raden Kudana bakal nukulake anak sing tembene bakal dadi pangarsane Kawula ing Jatipethuk . Nanging kanyatane nganti meh telung tahun dadi bojone Kudana, durung ana tandha-tandha Sulastri anggarbini. Luwih-luwih yen Ki Sutambar weruh lamun Ki Sudiya ponakane dhewe, wis duwe anak lanang, tan wurunga mengko sing bakal nggenteni kalungguhan Demang lamun Sudiya wis surut, ya anake lanang sing dijenengne Sukirna kuwi. Dadi Ki Sutambar bingung karo unine weca sing diucapne Raden Bintulu nalika semana. Mula Ki Sutambar banjur ngongkon anak lan mantune sowan menyang Kedhung Gasrong, nyuwun pitulung sarta pitutur marang Raden Bintulu sing wis urip mrayang ing alam kajiman. Piye mungguh beciking laku kanggo mujudake gegayuhan luhur sing disandhang dening Trah Majapahit putra wayahe Prabu Girindrawardana.

Ora kacaritakake reroncening crita, Raden Kudana lan Sulastri tumuli budhal menyang Kedhunggasrong, ing wanci tengah wengi ora ana sing meruhi kajaba Ki Sutambar dhewe. Ya nalika anak lan mantune sajroning lelaku menyang Kedhunggasrong kuwi Ki Sutambar karawuhan utusane Ki Ageng Jenggrik, Ya Kiyai Nagabiru gurune Ki Sutambar kang wus wujud Kumara kanthi raga rupa Taksaka sing gedhene sak bongkoting Tal. Utusan mau ngabarake lamun wis wancine Ki Sutambar lan sisihane netepi isining prajanjen jaman arep nyecep ngilmune Ki Ageng Jenggrik biyen, yaiku kalamun wis titi wancine aluse Ki Sutambar kudu manunggal dadi sawiji kumpul lan wadya balane Ki Ageng Nagabiru ing Padhepokan Jenggrik sing manggone ing alam Kajiman.  Ki Sutambar wis nglenggana lan ora ana tembung suwala, dina iku uga Ki Sutambar budhal menyang Padhepokan Jenggrik bareng lan utusane Ki Nagabiru, miwiti urip dadi prayangan ing Padhepokan kono.

Let sepasar saka kedadeyan kuwi, Kademangan Jatipethuk geger. Awit Ki Sutambar saanak bojo sarta mantune lunga ora kinaweruhan menyang ngendi parane. Ki Demang Sudiya banjur prentah para Bebau lan para prajurite supaya nggoleki lungane Ki Sutambar sanak batihe kuwi. Nanging mesthi wae ora bakal ana sing bisa nemokake, merga olehe nggoleki ya mung winates ing alam sing kasat mata iki. Ki Sudiya rumangsa susah lan bingung ditinggal pepundhen lan sedulure kuwi, mula banjur nibakne prentah supaya omah lan pekarangane Ki Sutambar rina lan wengi rineksa sabecik-becike, kanthi pangajab  sawayah-wayah Ki Sutambar bali omah lan pekarangane ora rusak merga ora ana sing ngopeni.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...