Total Tayangan Halaman

Senin, 14 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (37)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

37

Cantrik sing lagi teka kuwi nyedhak, sawise atur kurmat banjur mapan lungguh ing sisihe Rangga lan Marga. Ki Guru Sukirna banjur takon apa wigatine cantrik kuwi ngadhep.

"Nyuwun Pangapunten Bapa Guru, namung badhe atur uninga" Cantrik kuwi matur "ing regol kedhatengan Ki Suyudi kaliyan tiyang kalih ingkang dereng kula tepangi, badhe panggih kaliyan Bapa Guru".

"Lho Ki Suyudi karo wong loro sing kowe durung tepung? Ya wis aturana munggah pendhapa kene!" wangsulane Ki Guru Sukirna sing banjur ngomongi Rangga lan Marga supaya ngalih lungguh njejeri dheweke.

Ora suwe katon Ki Suyudi lan kancane loro munggah pendhapa, sawuse aweh kurmat iya banjur mapan lungguh klasa, ing ngarepe Ki Guru Sukirna, Rangga lan Marga.

"Nuwun sewu Ki Guru" Ki Suyudi miwiti kandha "dipun tepangaken, priyantun kalih punika Prajurit Utusanipun Pangeran Singasari, Ki  Citra kaliyan Ki Gati"

Muni ngono kuwi Ki Suyudi karo nudingi wong loro sing tekane bareng karo dheweke, nganggo jempolan tangane, wong loro sing jeneng Citra karo Gati kuwi padha manthuk kurmat marang Ki Guru Sukirna. Rangga lan Marga sing weruh sandhangan sing dienggo dening Citra lan Gati kuwi sakala ngerti yen wong loro kuwi Prajurit Sandi Mataram kanthi pangkat Tamtama tataran telu.

"Inggih, inggih Ki Sanak dipun  tepangaken kemawon kula Sukirna, inggih ingkang momong lare-lare Cantrik ing Padhepokan Banyugurih mriki" wangsulane Ki Guru Sukirna "dene ingkang njejeri kula punika punika siswanipun pepundhen kula nenggih Ki Tanparupa, ingkang kanan punika Angger Rangga dene ingkang kering  Angger Marga".

"Asmanipun Rangga Ki Guru?" Citra kaya wong kaget takon.

"Inggih, Angger Rangga dede Angger ingkang kagungan kalenggahan Rangga" Ki Guru Sukirna wangsulan karo mesem.

"Inggih Ki Guru" Citra ya melu mesem "kula namung lajeng kemutan kaliyan Raden Rangga putra dalem Kanjeng Panembahan Senapati ingkang kasektenipun boten saged dipun taker awit saking kathahipun".

"Punika namung nami ingkang sami Ki Citra" Rangga gage-gage melu nrambul gunem "kula Rangga anakipun Ki Suta, ingkang nembe badhe sinau ulah kanuragan dhateng Rama Guru Kyai Sukirna".

"Iya Dhi, aku ngerti kuwi" wangsulane Citra karo mesem .

"Nuwun sewu Ki Citra lan Ki Gati" Ki Guru Sukirna genti nakoni tamune "wau Ki Suyudi dhawuh bilih andika kekalih kautus Pangeran Singasari manggihi kula? lajeng dhawuh punapa ingkang andika asta kangge kula Ki?".

"Makaten Ki Guru" Citra wangsulan karo nata anggone lungguh "kabar ingkang dipun tampi dening Gusti Pangeran Singasari, Raden Sentani dinten benjing enjing punika badhe ngrabasa Padhepokan Banyugurih mriki sarta badhe amikut Ki Guru, jalaran Ki Guru pungguh boten kersa manunggal kaliyan tiyang  ngaken Trah Majapahit  ingkang madeg kraman punika".

"Kabar punika mbok menawi pancen leres Ki" Ki Guru Sukirna nyelani rembug "lajeng dhawuhipun Gusti Pangeran Singasari kadospundi?".

"Makaten Ki Guru" genti Gati sing guneman "Ki Guru kadhawuhan tetep anteng boten sisah ajrih saha kuwatos, awit Gusti Pangeran Singasari sampun rawuh ing papan mriki, kanthi ngasta wadya bala sagelar sepapan kangge ngendhak pikajengipun tiyang ingkang sami madeg kraman punika".

"Makaten nggih Ki? Inggih-inggih kula ngaturaken genging panuwun dhumateng Gusti Singasari tuwin sadaya Prajurit saking Mataram ingkiang sampun kepareng paring pangayoman dhateng kula miwah para kawula ing Jatipethuk lan Banyugurih mriki punika" Ki Guru Sukirna wangsulan karo manthuk-manthuk .

"Angkah kula makaten Ki Guru" Ki Suyudi nrambul rembug.

"Makaten kados pundi Ki Suyudi?" Ki Guru Sukirna takon.

"Wekdal samangke Gusti Pangeran Singasari lan para prajuriti Mataram harak badhe masanggrah  ing wana sakilening  Banyugurih punika?  Kadospundi pamanggihipun Ki Guru menawi Gusti Pangeran Singasari lan para Prajurit punika kaaturan masanggrah ing wewangunan enggal ingkang sak niki dipun enggeni Para Bebau lan Manca Kaki sarta para pamong Jatipethuk ingkang ngungsi punika?"  Ki Suyudi nembung wewangunan anyar calon kanggo paleremaning para cantrik kanggo masanggrah wadya bala saka Mataram.

"Menawi cekap saha Gusti Singasari kersa,   kula kinten langkung prayogi Ki Suyudi" wangsulane Ki Guru Sukirna nyetujoni apa sing diusulne Ki Suyudi, mung Ki Guru Sukirna ora ngerti cukup apa orane wewangunan sing durung rampung digawe kuwi kanggo masanggrah.

"Kula kaliyan Kakang Gati sampun ningali papanipun Ki Guru" Citra urun rembug "plataranipun wiyar, pekarangan ingkang dereng dipun tanemi ugi wiyar menawi kangge masanggrah prajurit Mataram langkung saking cekap".

"Nuwun sewu Ki Citra lan Ki Gati" dumadakan Marga nylemong melu omong.

"Iya apa ana apa Adhi?" Gati semaur klawan pitakonan.

"Benjing menawi saestu dados perang antawisipun wadya Mataram mengsah wadya kraman, punapa para Cantrik ing Banyugurih dipun keparengaken ndherek manunggal kaliyan prajurit Mataram, inggih sanaosa mbok menawi namung manggen ing garis wingking?".

"Inggih Ki" Ki Guru Sukirna ngimbuhi panemu "malah kula suwun wonten palilah saking Gusti Pangeran Singasari, anak-anak kula supados dipun keparengaken ndherek bidhal ing palagan sanaosa inggih kados ingkang dipun aturaken Angger Marga punika".

"Inggih Ki Guru" sing mangsuli tembunge Marga karo Ki Guru Sukirna Gati "mangke badhe kula aturaken dhateng Gusti Pangeran Singasari, namung kemawon menawi Gusti Singasari marengaken, kula titip weling dhateng kadang-kadang cantrik bilih peperangan mangke dede dolananipun lare-lare dhelikan ing wanci padhang bulan, ugi dede gegojeganipun lare-lare angen ingkang nengga maesanipun nyrenggut tedha ing pasuketan, nanging perang punika rebat gesang kaliyan mengsah. Menawi boten waspada badhe dumugining pralaya, menawi boten ngati-ati badhe manggihi pati, ingkang kirang cukat badhe kababat, ingkang lena badhe kaprawasa ing mengsah".

"Inggih Ki Gati" Ki Guru Sukirna wangsulan "badhe kula dumugekaken welingipun Ki Gati dhateng sedaya anak-anak kula para cantrik ing Banyugurih".

Ora suwe sabanjure, Citra karo Gati pamitan arep ngaturake wohing dinuta marang Pangeran Singsari sing isih ana alas ora adoh saka Padhepokan kono. Ki Suyudi uga banjur pamitan arep ngajak Bebau lan Mancakaki sing ana pangungsen, nata papan sing arep dienggoni masanggrah Prajurit Mataram.

Ki Guru Sukirna banjur nutugake anggone rembugan karo Rangga lan Marga.

"Nyuwun pangapunten lho Angger Rangga lan Angger Marga, awit atur kula ingkang makaten kala wau dhateng Prajurit Mataram" Ki Guru Sukirna kandha marang Rangga lan Marga.

"Boten punapa-punapa Rama" wangsulane Rangga "ingkang dipun ngendikakaken Rama Guru wau sampun trep. Kula ingkang nate manggen caket kaliyan Mataram, sampun apal watak wantunipun Pangeran Singasari miwah prajuritipun ingkang sakalangkung pitados dhateng kaprawiranipun, mila lajeng kados boten mbetahaken pambiyantu saking sinten kemawon, kalebet saking kadang Banyugurih mriki. Awit Pangeran Singasari lan wadya balanipun langkung rumiyin sampun pitados bilih badhe saged mrantasi damel piyambak".

"Kula ugi pitados Ngger, menggah kadigdayan saha kaprawiranipun Gusti Pangeran Singasari menawi magut yuda" Ki Guru Sukirna numpangi rembuge Rangga.

"Boten ateges ngremehaken kalangkunganipun Pangeran Singasari lan Prajurit Mataram Rama, namung kemawon awakipun piyambak harak inggih kedah metang bilih Raden Sentani ugi nggadhahi kalangkungan ingkang mbok menawi timbang kaliyan kalangkunganipun wadya saking Mataram, angemuti bilih sawingkingipun Sentani wonten kathah para lelembat ingkang boten katingal" Rangga aweh katrangan.

"Mila leres ingkang dipun ngendikakaken Angger Rangga, anggen kula mewahi atur pangiyat dhateng pangandikanipun Angger Marga dhateng ki Gati kala wau, kajawi ugi mawi petangan kekiyatanipun Sentani ugi .... kula emut dhawuhipun Ki Tanparupa ing pasupenan kula".

Rangga karo Marga mesem, banjur kandhane Marga marang Ki Guru Sukirna :

"Sang Ghaibul Ghaib, Gustining para Gusti ingkang badhe paring kawilujengan dhateng Padhepokan Banyugurih miwah Kademangan Jatipethuk punika Rama".

Genti Ki Guru Sukirna sing mesem amba.

 

ana candhake.

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (36)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

36

Wong lima sing ngaku Prajurit Majapahit kuwi dijujugne Pendhapa dikongkon lungguh neng jogan. Ora suwe banjur disuguhi omben wedang beras kencur lan panganan Tela pohung sing digodhog nganggo santen lan gula klapa diwadhahi layah saka lemah. Wong lima kuwi plenggang-plenggong gumun, ingatase yen dheweke kuwi kena diarani bandan lha kok di openi kanthi becik, dikurmati kaya salumrahe tamu. Wong lima kuwi ora bisa nggambarake apa sing arep ditindakne marang Rangga sakancane saupama dhek mau sing menang dheweke, dudu Rangga lan Marga. Wong lima kuwi uga ilang gegambaran ing angen-angene mungguh kekuwatane Padhepokan Banyugurih sing jarene Raden Sentani padhepokan Cilik, cantrike durung pati prigel nggegem garaning gegaman. Nanging kanyatane lagi ngadhepi Cantrik cilik sing durung suwe meguru neng kono, wong lima wis digawe babak bundhas ora karuwan, tur sing tumandang mung Cantrik loro sing isih bocah kabeh.

"Mangga nDara, unjukane dipun unjuk. Niki pipisan wos kalih kencur, sae kangge njampeni badan sing njarem. Kalih niku pohung godhogan diadoni santen kaliyan gendhis klapa, murugaken teng padharan sekeca" Kandhane Darya marang wong lima kuwi,  Darya dening Rangga lan Marga dipasrahi ngancani wong lima kuwi sadurunge ditakoni dening Ki Guru Sukirna.

"Enggih, enggih Kang Cantrik, matur nuwun" wangsulane wong lima kuwi semu isin. Nanging omben beras kencur sing diwadhahi cangkir bathok klapa kuwi ya banjur dicandhak lan dicecep dhewe-dhewe, krasa legi seger. Ditutugne karo padha mangan tela godhoge.

Ki Guru Sukirna saka mburi ditutne Marga lan Rangga, munggah pendhapa marani wong lima sing lagi mangan lan ngombe suguhane para cantrik kuwi. Weruh Ki Guru Sukirna teka, wong-wong kuwi padha nyelehne layah sing dicekeli, karo aweh kurmat.

"Mangga ditutugne dhisik olehe ngrahabi panganan padhepokan sing prasaja kuwi" Wuwuse Ki Guru Sukirna karo mapan lungguh "mengko wae, nek wis rampung lagi jagongan, omong-omongan sing kepenak".

"Inggih, ngaturaken gening panuwun Ki Guru" wong-wong kuwi semaur dhewe-dhewe.

Lagi bareng anggone padha mangan wis rampung, Ki Guru Sukirna, banjur miwiti anggone nakoni wong lima kuwi :

"Dadi bener ndika kabeh iki Prajurit Trah Majapahit kaya sing dicritakne Darya lan Sonya marang aku?" .

"Inggih Ki Guru" salah siji saka wong lima kuwi wangsulan "kula tiyang gangsal niki mila andhahanipun Gusti Raden Sentani ing Jatipethuk mriki".

"Lha, ndika rawuh ing Banyugurih iki mau, saka kersa ndika dhewe? apa merga ngemban dhawuh saka pepundhen ndika? lan ya gene kok jarene banjur padha gojegan sethithik karo Cantrik-cantrik Banyugurih kene? Ya sing gedhe pangapura ndika kabeh, pancen cantrik anyaran kuwi sok isih rada nakal sethithik" wuwuse Ki Guru Sukirna sabanjure.

"Kadang-kadang Cantrik boten lepat Ki Guru" wong mau aweh wangsulan "kula sakanca kemawon ingkang radi keladuk, tumindak boten mawi petang ingkang jangkep, kados dene precil kodhok ingkang boten sumerep agenging Gunung Mahendra. Inggih Ki Guru, blaka kemawon, estunipun kula sakanca wau nindakaken prentah saking lurah kula, inggih punika supados manggihi andika Ki Guru bilih watesing wekdal saking Gusti Raden Sentani dhateng Ki Guru kantun kalih dinten malih. Kula sakanca ugi kadhawuhan supados nggegiro lan nggiri-giri Ki Guru miwah para Cantrik ing mriki, murih Ki Guru lan para Cantrik sami kaweden. Pranyata, petanganipun lurah kula mleset, dereng ngantos kula kepanggih Ki Guru, kariyinan dipun damel babak bundhas tanpa daya dening Kadang Cantrik ing pategilanipun".

"Ooo, ngono? banjur ndika ora narimakake awit tumindake Cantrik Banyugurih marang ndika iki?" Ki Guru Sukirna takon maneh.

"Boten, boten Ki Guru" wong kuwi groyok wangsulan "malah kula ngaturaken panuwun dhumateng Kadang Cantrik ingkang ngajak kula mriki, awit kedahipun kula sakanca sampun dipun rampungi ing pategilan kala wau, nanging kula boten dipun pejahi malah badhe dipun paringi tamba, sarta ing mriki kula sakanca dipuntampi kanthi sae kados makaten. Sepisan malih kula ngaturaken panuwun Ki Guru".

"Yen pancen mangkono, saiki kareben enggal pulih ndika kabeh arep ditambani para cantrik sing marsudi ing reh kuwarasaning raga, mengko yen wis rampung yen ndika ngersakne bali menyang Jatipethuk, bablas bali wae, ora susah nggoleki aku kanggo pamitan, merga aku ana gaweyan sethithik ana sajabaning Padhepokan" kandhane Ki Guru Sukirna sing banjur aweh prentah marang Darya "Darya, dherekna sedulur-sedulur iki menyang sanggar kasarasan, dhawuhna marang cantrik sing ana kana yen Aku dhawuhake supaya aweh tamba marang para prajurit iki".

"Anu, Ki Guru...." durung nganti Darya wangsulan salah siji saka wong lima kuwi wangsulan luwih dhisik "kula ajrih, kula boten wantun wangsul dhateng kasatriyan, awit tartamtu ing mrika mangke kula badhe nampi pidana ingkang sakalangkung awrat jalaran boten saged lebda ing karya".

"Lha banjur kepiye?" Ki Guru Sukirna pitakon.

"Kula boten badhe wangsul" wong mau kandha karo wel-welan kawden "kula nyuwun pangayoman dhateng Ki Guru, kula ndherek mangayom wonten padhepokan mriki Ki Guru,awit kula dereng kepengin sirah kula pisah kaliyan raga keliwatan pedhang pusakanipun Gusti Raden Sentani".

"Lha banjur sing arep atur palapuran marang Lurah ndika sapa?"

"Kula boten idhep" wong mau wangsulan "ingkang baken kula dereng kepengin pejah rumiyin Ki Guru".

"Yen mangkono sing dadi kersa ndika kabeh, ya aku mung bisa aweh pitulungan sakkuwasaku, mengko ndika bisa kumpul karo kanca-kanca ndika sing wis ana kene luwih dhisik, yaiku Ki Sugali lan wong pitulas sing jare andhahane".

Darya banjur ngajak wong lima sing lakune isih gruyuh-gruyuh, praupane bengeb kuwi menyang Sanggar Kasarasan, arep dipasrahne para cantrik sing padha ngudi ing reh kuwarasaning raga. Wong lima kuwi uga aweh weruh marang Ki Guru Sukirna yen rong dina maneh Raden Sentani arep ngirit wadya balane kanggo mikut Ki Guru Sukirna lan para cantrike. Lan nalika Ki Guru Sukirna takon mungguh sepira kekuwatan sing diduweni Raden Sentani sawutuhe, wong lima kuwi mung bisa kandha blaka yen kabeh cacahe prajurit rucah ana rongatusan punjul sethithik, ketambahan para agul-agul sing nduweni ngilmu kanuragan sing aneh-aneh ana wong lima las. Nanging wong lima kuwi luwih percaya yen Padhepokan Banyugurih duwe kekuwatan sing luwih dhuwur, ketitik lagi cantrik loro sing durung suwe mlebu meguru ing Padhepokan Banyugurih wae, wis bisa nglumpuhne prajurit lima klawan wektu mung sagebyaring that-thit.

"Dados sampun cetha Ngger" kandhane Ki Guru Sukirna bareng sing ana pendhapa kari Marga lan Rangga "Sentani nekad badhe ngrabasa Padhepokan mriki. Padhepokanipun tiyang nalika alitipun saben dinten momong Sentani lan ngayomi menawi dipun tukari lare sanesipun".

"Inggih Rama Guru" wangsulane Rangga "boten wonten ingkang pantes dipun getuni, menawi pikajengipun Sentani makaten, inggih sampun dipun adhepi kemawon".

"Inggih Rama Guru" Marga melu urun rembug "pancen estunipun mengsah boten kaupadi, nanging yen pinanggih boten badhe ajrih, sirik mundur nadyan sapecak, tan wawang sumerep rerajek tumbak. Kula pitados kaliyan pangwasing Gusti ingkang Maha Angayomi dhumateng Titah ingkang ngagengaken raos pasrah, muhung sumarah dhateng Pangwasanipun".

"Inggih Ngger" wangsulane Ki Guru Sukirna "sasmita ingkang kula tampi saking Ki Tanparupa sampun cetha lan namung dhateng Gusti awakipun piyambak saged nyenyuwun saha masrahaken murih saening lampah".

Anggpone omong-omomgan wong telu dumadakan mandheg. Saka ngarep katon ana cantrik munggah pendhapa, aweh kurmat arep ngaturake bab sing sajak wigati. Ki Gur Sukirna aweh sasmita supaya cantrik kuwi enggal nyedhak.

 

ana candhake.

 

 

 


Minggu, 13 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (35)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

35

Wong sing takon karo nggetak kuwi nyedhak, Rangga, Marga, Darya lan Sonya sing maune padha lungguh banjur padha ngadeg karo nyawang wong sing mara menyang papane. Ketoke dudu wong sembarangan, wong kuwi nganggo sandhangan memper sandhangane prajurit, mangkono uga sandhangan sing dienggo dening kanca-kancane sing cacah papat. Ing lempenge sing kiwa cemanthol pedhang dawa sing meh klesreh lemah, ing lempeng tengenana kampil wadhah banyu sing digawe saka kulit sapi sing wis disamak.  Wong kuwi malang kerik karo mripate menthiling nyawang pernahe Rangga sakancane.

"Wonten napa nDara Prajurit ?" Darya ndhisiki takon sadurunge wong kuwi ngucap apa-apa.

"Sapa kowe kabeh iki? neng kene padha ngapa?" Wong kuwi takon karo sajak ngemu sujana.

"O Kula ta?" Darya takon.

"Iya sapa maneh nek ora kowe, karo kancamu kabeh kuwi?" wong kuwi nggetak, sajak ora seneng karo pitakone Darya.

"Kula sakanca niki Cantrik saking Padhepokan mriku niku lho nDara" wangsulane Darya karo nudingi pernahe Padhepokan, banjur genti nudingi tegalane "nembe matun taneman gaga niki"

"Dadi kowe kabeh iki Cantrike Sukirna ya?"

"Cantrike Bapa Guru Kyai Sukirna!" Rangga sing wangsulan karo suwara sing nuduhake yen atine ora seneng krungu tembunge wong sing wis wani njangkar marang Ki Guru Sukirna.

"Lha iya, Cantrike sing duwe Padhepokan kuwi ta?" Wong kuwi semaur karo ngguyu sajak ngece.

"Iya lha kowe sapa?" Rangga genti takon.

"Hus, bocah ora weruh tata," wong mau mentheleng "wis ora bisa basa, kathik wani nakoni Prajurit Trah Majapahit , sapa jenengmu he?".

"Ooo, dadi kowe kuwi Prajurit Trah Majapahit, andhahane Sentani kuwi ta?" Ora mangsuli pitakone sing takon, Rangga malah semaur karo genti njangkar jenenge Raden Sentani.

"Bocah nrucak tenan iki" wong kuwi muntap nesune "lancang pangucapmu wani njangkar marang sesembahanku, ayo ngakuwa sapa jenengmu banjur ayo melu aku menyang Kasatriyan ben dienggo bal-balan kanca-kanca Prajurit merga saka landhepe lambemu, keparat!".

Rangga ora semaur, malah ngguyu nyekakak kaya weruh rerupan sing lucu. Wong papat kancane wong sing takon kuwi mara bareng nyedhak, salah sijine kandha karo suwara sing banter :

"Bocah pekok, kepengin modar kuwi Kakang, ndang diwenehi kepelan raine wae ben ora angger wae nggone njeplakne cangkeme".

"Sing pekok kuwi kowe" dumadakan Marga melu omong karo nudingi wong sing lagi wae ngomong "karo kancamu kuwi, ditakoni apik-apikan malah nggetak, kathik nyebut asmane Bapa Guru Kyai Sukirna kanthi njangkar wae, bareng diwales karo ora basa malah ngarani sing mangsuli jare ora weruh tata, eneng wong nyebut Sentani kanthi njangkar diarani nrucak, kamangka sing ora weruh tata lan nrucak kuwi ya kancamu kuwi, terus saiki tambah kowe".

Wong sing diwangsuli Marga kuwi mencolot mengarep sansaya nyedhaki Marga, banjur tangane kumlawe ngaplok sirahe Marga, karo muni :

"Keparat, meguru anyaran sajake kowe ya, arep njajal tangane prajurit Trah Majapahit, iki tampanana!".

Ora obah saka papane, Marga ngiringne sirahe sethithik semu mendhek, pangamplenge wong kuwi luput mung kacek sak nyari saka sirahe. Disusul tangane tengen dikepelne banjur diobahne ngantem pas pulung atine wong sing ngampleng. Ora mindhon gaweni, wong kuwi kesurung patang jangkah memburi banjur tangane loro nekem dhadha karo tiba lungguh nyang lemah, ambegane krasa arep mandheg, wetenge krasa senep, dhadhane ngrasakne ampeg.

Ngerti kancane keneng tonjok dhadhane, wong sing mau nesu-nesu karo Rangga genti nyedhak karo ngynakane sikile ndugang saka iringan ngarah igane Marga.Sing didugang luwih prayitna, mundur sajangkah karo muter awake disambi ngangkat sikile sing tengen. Pandugange wong kuwi luput mung ngenani angin, nanging sikile Marga sing mubeng  nyampe uwange wong kuwi, sakala wong kuwi njerit banjur tiba mengkurep raine nungsep neng lemah, suwe ora bisa tangi.

Wong telu liyane weruh kancane sing loro tiba kelaran ora sranta banjur bareng ngebyuk maju. Nanging Rangga sing ngerti nek Marga arep dikrubut telu ora mung meneng wae, kebat kaya kilat, Rangga mlumpat nganti kaya bisa mabur, sikil loro obah gentenan karo tangane. Wong telu sing ngebyuk Marga kuwi sing loro, nggeblag merga balung igane kesasak sikil kiwa tengene Rangga, sing siji raine bengeb merga kampiran kepelan.  Wong lima pating glethak durung ana sing bisa tangi.

Marga nyedhaki wong sing disasag pulung atine nganggo kepelan mau, wong sing pringisan ngempet seneping weteng kuwi nyoba ngadeg arep masang kuda-kuda. Marga ngunggahne sikile, dhadhane wong kuwi disurung nganggo dlamakan sikil memburi banjur tiba klumah neng lemah maneh.  Genti marani sing rubuh merga uwange kesampluk sikile, nadyan sajake wis siap karo kuda-kudane, nanging wong kuwi babar pisan ora bisa nangkis utawa ngendhani nalika kanthi cepet sikile Marga obah njejag wetenge. Wong keseret mundur watara sadhepa, mutah getih banjur rubuh neng lemah, gereng-gereng sambat lara ora bisa tangi.

Beda karo sing ditindakne Marga, Rangga nyaut wangkil sing mau kanggo ngresiki suket ing sela-selane tanduran gaga. Wong telu sing bubar wae kena sasag igane lan bengeb raine, diparani balung garese dithuthuk rada banter nganggo gagang wangkil, wong telu sakala bengok-bengok sambat ora karuwan, banjur golung koming neng lemah kaya pitik disembeleh polahe.

Bareng wis sauntara, Marga banjur kandha marang Darya lan Sonya sing uga dirungokne dening wong lima sing wis tanpa daya :

"Kang Sonya karo Kang Darya, tulung wong - wong sing tanpa guna iki sereten menyang pinggir tegalan watres karo alas , bandanen sikil karo tangane, sumpelana nganggo suket cangkeme, kareben awan iki dienggo sarapan garangan lan slira sing luwe, terus sisane ben dienggo bancakan asu ajak".

Darya karo Sonya sing ngerti yen Marga kuwi seneng omong guyonan, padha mesem, ngerti sing dikarepne Marga, Darya banjur wangsulan sing diseja bisa dirungokne wong lima kuwi :

"Nek mpun kula seret mrika, mpun kula bongkoki kenceng, saderenge kula tilar, upami kula byuki sushe semut abang rak nggih angsal ta Dhi? mergi kula kepengin weruh sing criyose Prajurit Trah Majapahit andhahane Sentani niku sami sekti mandra guna, cobi saged ngalahne semut geni napa boten?".

Krungu rembugane Marga karo Sonya lan Darya ngono kuwi, pengarepe wong lima kuwi misuh karo ngucap :

"Keparat, Setan alas, he Cantrik pekok. Yen nyata kowe wong prawira ayo buktekna kowe bisa mateni aku wong lima iki apa ora? He?".

"Kula sakanca niki Cantrik anyaran nDara Prajurit" Sonya wangsulan karo suwara sareh "mesthi mawon boten badhe saged mejahi ndika tiyang gangsal sedaya, merga kula nggih ngerti nek ndika niku tiyang sing sekti, jeneh wis dadi pandhereke Raden Sentani jare, bisa luput saking pati. Mula ndika namung ajeng kula tangsuli lajeng kula edu kalih semut geni, prekawis mengke nek kula lunga enten slira napa garangan sing dugi, niku mpun dede urusan kula malih. Sampun sak niki mendel riyin kula tak pados tali".

"Ampun Kang cantrik..... ampun..... kula tobat, kula purun dipejahi sauger boten dingotenke niku" wong lima kuwi padha nangis wis ketok kaya ngapa mungguh rekasane yen wong-wong kuwi sida ngecakne karo apa sing dikandhakne.

Bareng wong lima Prajurite Raden Sentani  kuwi wis suwe padha nangis lan padha sambat ngaku tobat, Rangga banjur takon :

"Kowe wong lima iki tobat tenan apa mung ethok-ethok tobat?"

"Saestu Kang Cantrik, kula sakanca tobat saestu" wangsulane salah siji saka wong lima kuwi karo nangis.

"Yen ngono, kowe ora arep tak pateni, ya ora arep disiksa nganggo semut geni, nanging arep ditambani" kandhane Rangga sabanjure.

"Estu punika Kang Cantrik?" wong mau sajak ora percaya.

"Aku iki Cantrike Bapa Guru Kyai Sukirna, suthik aku ngapusi. Mula kowe ya aja banjur ngapusi, tenane kowe isih bisa tangi lan najan ngrekasa isih bisa mlaku. Mula saiki enggal padha tangi banjur ayo lon-lonan mlaku menyang padhepokan ben lara sing ana ragamu tumuli ditambani. Kowe uga kudu ngerti, yen lurahmu sing jeneng Sugali rak lunga saka panggonane Sentani ta?" Rangga takon.

"Inggih leres niku Kang Santri".

"Kowe kabeh mengko bakal ketemu karo Ki Sugali neng Padhepokan, Ki Sugali karo kancane sing cacah pitulas wingenane sowan Ki Guru Sukirna, nembung arep nyantrik neng Padhepokan Banyugurih".

"Inggih?"

 

ana candhake.


Sabtu, 12 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (34)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

34

Rangga lan Marga ambegan dawa bareng Ki Guru Sukirna wis rampung anggone crita. Wukir, Kurantil lan Dhukut saking kasengseme marang crita sing dikandhakne gurune dadi padha meneng ora obah ora musik babar pisan. Cantrik telu kuwi padha gumun, jebul pedhut sing nglimputi Padhepokan Banyugurih munggahe menyang Kademangan Jatipethuk, luwih peteng tinimbang sing dingerteni.  Wong telu kuwi uga banjur kelingan kedadeyan durung suwe iki, yaiku wong ayu sing dumadakan ilang mbuh parane nalika lagi omong-omongan karo gurune, wong ayu sing jarene sisihane Raden Sentani sing nembung kepengin lerem ana Padhepokan, nanging dening gurune malah dikongkon taren luwih dhisik marang wong tuwane. Banjur neng kono ana ula gedhe sing dening Gurune dioyak mlebu menyang rong sing ana temboking pager Padhepokan. Bareng wong telu kuwi nggathuk-nggathukne kedadeyan sing tau ana karo critane Gurune mentas wae iki mau, banjur padha duwe dudutan yen sing tau dikandhakne gurune lamun Raden Sentani kuwi manembah marang Ula Simunan sing jeneng Nagaburik kuwi nyata. Lan bojone Sentani jebul rupa asline ya wujud Ula , Ula siluman. Cantrik telu kuwi banjur padha nggagas yen kanca-kancane perlu dicritani apa sing lagi wae dicritakne gurune iki mau.

"Lha samangke wekdal ingkang dipun sukakne dhateng Bapa Banyugurih dening Sentani petanganipun taksih pinten dinten malih Bapa?" sawuse meneng sauntara Rangga takon marang Ki Guru Sukirna.

"Nggih kirang langkungipun kantun sapeken malih Ngger" wangsulane Ki Guru Sukirna "wekdal niki, para Bebau lan Mancakaki ingkang taksih setya dhateng Mataram sampun sami mapan ing kukuban Padhepokan. Bebaunipun wonten sanga, awit ingkang gangsal langkung pitados dhateng Sentani ingkang njanjeni bilih ing tembenipun para Bebau ingkang purun nyengkuyung lekasipun Sentani badhe jinunjung dados Tumenggung ing paprentahan Majapahit Enggal".

"Nuwun sewu Rama Guru" Marga genti sing omong .

"Inggih kados pundi Ngger?" Ki Guru Sukirna wangsulan.

"Gegayutan kaliyan semahipun Raden Sentani ingkang kajodheran lajeng wangsul dhateng Alamipun ing Grojogan Jambe Telu, punapa Ki Nagaburik inggih lajeng boten males damel onar ing Padhepokan mriki?" Marga nakokne bab kejodherane Nagadewi lan mbok menawa ana nesune Nagaburik.

"Sinten ta Ngger ingkang boten nesu nalika wewadosipun kawiyak? Ngaburik tartamtu ugi lajeng nesu lan badhe males wirang mriki kanthi kengkenan wadya balanipun ingkang wujud lelembat bangsa sawer. Nanging rahayunipun, kula sampun pikantuk isyarahing jagad bilih kangge ngadhepi bangsa lelembat ingkang candhala ing budi, boten dipun betahaken tenaga wadhag kangge ngadhepi. Cekap kapasrahna dhateng Ghaibul Ghaib, asarana nyenyaket ing ngarsanipun kanthi nglanggengaken panembah ing wanci sapratiganing dalu ingkang pungkasan. Lan inggih kanthi makaten, sarta awit pangayomaning Gustining para Gusti, guna dhesthi ingkang katamakaken dhateng Padhepokan Banyugurih dening para lelembat saking Grojogan Jambe Telu, gagar wigar tanpa karya".

Sepisan maneh Wukir, Kurantil lan Gumbreg lagi padha ngerti ya gene Gurune keri-keri iki gencer marentahake para Cantrike supaya tangi sabubare tengah wengi banjur kaparentah padha nindakne sembahyang wengi. Cantrik telu kuwi uga dadi ngerti yen bangsane Tuju, Teluh, Tenung lan sapiturute ora bakal bisa tumama marang wong sing gelem nyedhak marang Gusti Allahe.

Nalika samana wektune wis ngliwati madya ratri, dadi kaya sing dikandhakne dening Ki Guru Sukirna mau yen saiki wis wayahe nindakne laku manembah ing saprotelone wengi kang pungkasan. Mula Marga uga banjur matur marang Ki Guru Sukirna :

"Nitik glagating dalu, sampun wancinipun tumrap kula dalasan Rama Guru nindakaken panembah dalu Rama".

"Inggih Ngger, mangga sareng-sareng manjing sanggar palanggatan, meminta pitulunganing Dzat Ingkang Wenang Murba tan Wenang Kapurba".

Ki Guru Sukirna banjur ngadeg mlaku menyang sanggar palanggatane. Rangga lan Marga uga banjur tumuju marang papan palereman kang wis dicawisake, ora arep mapan turu, nanging arep nindakne pakulinan sing ora tau ditinggalne ing wanci sabubare madya ratri.  Wukir, Kurantil lan Gumbreg, wis ora nganggo aras-arasen maneh, gegancangan menyang pancuran arep sesuci banjur arep padha manembah ing gothakane dhewe-dhewe.

Wektune isih esuk, panase srengenge lagi gematel yen tumiba ing kulit, Rangga lan Marga kringete wis mruntus, merga ngrewangi Cantrik sing ngopeni tanduran gaga ing sajabane pekarangan Padhepokan. Maune Cantrik loro sing padha nyambut gawe ngresiki suket sing thukul ing sela-selaning tanduran gaga kuwi menging Rangga lan Marga melu tumandang nyolahne wangkil. Nanging Cantrik loro Sonya karo Darya kuwi dadi isin dhewe. Rangga lan Marga sing dikira ora bisa tumandang gawe merga ketok alus-alus pakulitane kuwi jebul kuwih cepet tumandange tinimbang karo tandang gawene Sonya lan Darya. Kajaba luwih cepet, Rangga lan Marga uga luwih rapi tilas-tilasing wangkile neng lemah. Yen Darya lan Sonya sedhela-sedhle mbutuhne leren kanggo ngatur ambegane, Rangga lan Marga babar pisan ora tau menadheg, bocah nom-noman loro kaya duwe napas serep dadi ora mbutuhne leren blas.

"nDika kekalih niku jan nyolong pethek tenan kok Dhi" kandhane Darya karo nyedhaki Rangga lan Marga "tiwas wau kula penging, mesakne nek nganti kekeselen, jebul malah kula kalih Sonya boten wonten napa-napane nek ditandhingne kalih Adhi Rangga lan Adhi Marga".

"Kuwi lumrah Kang" wangsulane Marga karo mapan lungguh neng pinggir dalan sing kulina diliwati wong sing metu kono nek arep lelungan menyang Banyugurih.

"Limrah pripun Dhi?" Sonya sing lagi ngrampungne guludan sanggemane melu nyedhak karo takon "genah nek kula kalih Kang Darya sing mpun kulina nyambut damel teng tegil mawon namung angsal sak gulud, lha kok ndika kekalih malah sampun angsal tigang gulud".

"Lumrahe ngene lho Kang" Rangga melu udhu rembug "tenaga sing ndika gunakne kanggo ngopeni Tegalan iki rak wis pirang-pirang dina, malah kepara wis sasen, dadi ya susute ya wis akeh. Beda karo aku karo adhiku iki, ya lagi sepisan iki ngerti gaweyan sing diarani matun tanduran gaga, dadi mesthi wae tenagane isih wutuh, mula nek luwih cepet tinimbang ndika wong loro ya lumrah".

"Mila ngoten ta Dhi?" Darya semaur "napa malah boten kwalik?"

"Kwalik piye Kang?" Rangga takon.

"Kula niku riyin, jaman sepisanan ngertos damelan matun ngeten niki, setengah ari namung saged angsal setugel gulud, sansaya dangu sansaya tambah, sak niki setengah ari nggih saged angsal tigang gulud. Lha nek tenaga sing didamel mregawe niku saben dinten terus susut kados ngendikanipun Andika wau, sak niki kula rak sampun boten saged mredamel malih. Tiyang kula ndherek Guru niku sampun meh tigang tahun".

"Dadi sansaya suwe sansaya kelatih ya Kang?" Marga takon karo mesem.

"Nggih kados tiyang nedha nika neh Dhi, jaman bayi nedhanipun pisang setunggal sedinten boten telas, mindhak ageng mindhak kathah, sareng mpun sak umuran kula niki nggih saged nelasaken sekul sawakul" Darya wangsulan karo disusul guyune sing banter. Wong papat melu ngguyu kabeh. Guyu sing tulus sing bisa ngundhakne warasing awak.

Nanging  anggone padha guyon wong papat iku kedadak mandheg, merga saka kidul ana wong lima mara, bareng wis cedhak banjur mandheg, salah siji saka wong lima kuwi nakoni wong papat sing lagi guyon mau, karo suwara banter kaya nggetak :

"He... padha ngapa iki? ngguyu sakepenake dhewe. Ora ngerti nek aku arep liwat kene apa piye? He?"

Sanajan wis ora ana sing padha ngguyu, nanging ora ana sing mangsuli pitakone wong sing lagi teka mau. Sing takon dadi nesu, rumangsa wis disepelekne.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (33)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

33

Sanadyan nampi pangincim saking Ki Sukirdi ingkang makaten kala wau, nanging Ki Guru Sukirna dereng nyarisosi para cantrikipun, awit Ki Guru Sukirna boten remen menawi ngantos sami ajrih lan kaganggu anggenipun sami ngudi ing kawruh. Ewa samanten duka ingkang nyariyosi, ing kalanganing para cantrik sampun kapireng pating klesik reraosan bab pangincim saking Raden Sentani lumantar Ki Sukirdi punika. Ki Guru Sukirna estunipun malah nguwatosaken menawi ewah-ewahan ing Jatipethuk ingkang kajalaran dening trekahipun Raden Sentani punika kapireng para Pangarsaning Mataram, lajeng Mataram ngetapaken Prajurit, biten sande badhe nuwuhaken kurban ingkang boten sakedhik, awit ugi kathah warga ing Jatipethuk punika ingkang kapencut kaliyan umukipun Raden Sentani.

Let sapeken saking dumuginipun Ki Sukirdi ing Banyugurih, Ki Guru Sukirna niyat badhe manggihi para Mancakaki lan para Bebau ingkang boten kapilut ujar manis saking Sentani. Nanging nalika nembe kemawon Ki Guru Sukirna badhe bidhal, dumadakan wonten suwanten tracak kapal ingkang tumuju ing Padhepokan. Boten dangu kasusul wonten tiyang tiga ingkang sami nitih kapal, mandhap ing sangajenging regol. Cantrik ingkang kajibah jagi Regol gurawalan anggenipun nyaketi. Pranyata ingkang nembe dugi kaliyan kekapalan punika Ki Suyudi, Ki Hudaya Bebau ing Ngerjang lan Ki Baskara Bebau ing Durenan. Sasampunipun nyancang kapalipun, tiyang tiga wau nunten nyuwun inah dhateng Cantrik ingkang Jagi Regol badhe manggihi Ki Guru Sukirna.

"Mangga Ki Suyudi lan Ki Ngerjang tuwin Ki Durenan" saderengipun Cantrik ingkang Jagi Regol wangsulan jebul Ki Guru Sukirna miyos saking wingking Regol lan mbagekaken ingkang nembe sami dugi  "mangga bablas dhateng Pendha[a kemawon".

"Inggih Ki Guru, matur nuwun" Ki Suyudi ingkang wangsulan kasambet pangajak dhateng rencangipun "mangga Ki Bebau bablas minggah pendhapa kemawon".

"Mangga kula dherekaken Ki" wangsulanipun Bebau Ngerjang miwah Bebau Durenan meh sareng.

Sasampunipun bage binage ngabaraken kasugengan, Ki Guru Sukirna lajeng pitaken :

"Nuwun Sewu Ki Suyudi saha Ki Bebau Ngerjang lan Durenan, kok beneh kaliyan padatan rawuh ing Padhepokan priyantun tiga sesarengan, kok inggih sami nitih kapal, punika wau pancen sareng saking dalem punapa panggih ing margi nunten sareng-sareng rawuh mriki?".

"Nyuwun pangapunten Ki Guru" Ki Suyudi ingkang wangsulan "estunipun, kula kaliyan Ki Bebau kekalih punika rak saking kekesahan radi tebih ta Ki Guru? niki wau inggih dereng dumugi griya, lajeng njujug ing Padhepokan mriki, ketang kaselak kepenginipun kula kaliyan Ki Bebau kekalih ngadhep ing ngarsanipun Ki Guru".

"Saking tindak tebih Ki?" Ki Guru Sukirna pitaken "kok katingalipun wonten ingkang wigati sanget, ngantos boten kundur rumiyin, malah njujug Padhepokan. Wonten kabar lan badhe paring dhawuh punapa dhateng kula Ki?".

"Inggih Ki Guru" Ki Suyudi wicanten kaliyan nata anggenipun lenggah "kula lan Ki Bebau kekalih nyuwun pangapunten dene sampun tumindak tanpa nyuwun palilah langkung rumiyin dhateng Ki Guru. Estunipun kula tiyang tiga niki wau nembe kemawon sowan dhateng Mataram".

"Mataram?" Ki Guru Sukirna mlenggong "wonten prakawis punapa Ki Suyudi?".

"Kabar ingkang sumebar ing saindenging Jatipethuk sansaya santer Ki Guru, inggih awit saking punika ingkang nyurung lampah kula tetiga parikedah sowan dhateng Mataram temah supe boten nyuwun palilah langkung rumiyin dhateng Ki Guru" wangsulanipun Ki Suyudi.

"Kabar punapa punika Ki Suyudi?" Ki Guru Sukirna sansaya mlenggong "tiyang enjing niki wau tenanipun nembe kemawon kula badhe sowan Ki Suyudi lan para Kadang Bebau saperlu badhe pados kabar criyosipun, lha kedadak karumiyinan Andika tetiga rawuh, dados inggih dhawah kaleresan".

"Inggih Ki Guru" Ki Suyudi wicanten malih "kathah kabar ingkang badhe katur ing ngarsanipun Ki Guru, ingkang sapisan bab sansaya kathahipun tiyang manca ingkang mlebet ing Jatipethuk  ingkang criyosipun para prajurit Trah Majapahit lan manunggal kaliyan Raden Sentani. Kaping kalih, kabar anggenipun Raden Sentani ngepyakaken saha misuda Ki Demang Wakil, dados Demang ing Jatipethuk tanpa langkung rumiyin ngawontenaken rerembagan kaliyan para Bebau lan Manca Kaki, kasambet pambiyawaranipun Ki Sukirdi ingkang sampun manunggal kaliyan Trah Majapahit sarta angemohi kabawah nagari Mataram. Kabar ingkang kaping tiga, bab anggenipun Padhepokan Banyugurih ingkang boten purun manunggal kaliyan Trah Majapahit sarta tetep setya dhateng Ngersa Dalem Kanjeng Panembahan Senapati ing Ngalaga, Mataram. Kasambet kabar bilih Raden Sentani boten dangu malih badhe ndhawahaken pidana dhateng para Bebau, para Manca Kaki lan sok sintena ingkang boten ngakeni bilih kebawah Raden Sentani minangka Pangarsaning Trah Majapahit, kalebet Ki Guru Sukirna lan para cantrikipun ing Padhepokan Banyugurih mriki. Inggih awit kula sumerep kathahing para Prajuritipun Raden Sentani ingkang manekawarni wujudipun, kula rumaos was saha kuwatos, pramila saking punika kula nunten ngajak Ki Ngerjang lan Ki Durenan munjuk dhateng Mataram".

Mangetos wartos ingkang kabekta lan kacariyosaken dening Ki Suyudi ingkang makaten punika, Ki Guru Sukirna tumungkul amarikelu. Salebeting manah nangis ngguguk, mrihatosaken lelampahan ingkang sinandhang dening Kademangan Jatipethuk. Menawi ngantos Raden Sentani saestu badhe ngecakaken pangincimipun, kirang-kirang bejanipun badhe nuwuhaken banjir ludira asareh bathang ing Jatipethuk, awit boten mokal ingkang badhe kapatrapan pidana dening Raden Sentani badhe lumawan sakiyatipun. Nanging menawi ngantos Mataram ndumugekaken prajurit sagelar sepapan dhateng Jatipethuk kangge mikut Raden Sentani sakanca rewangipun, tartamtu ugi badhe nuwuhaken perang brubuh ingkang boten sakedhik kurbanipun.

"Makaten Ki Guru, kabar tuwin wartos ingkang saged kula aturaken dhateng Ki Guru" Ki Suyudi wicanten malih sasmpunipun nengga radi dangu Ki Guru Sukirna mendel boten wicanten punapa-punapa "samangke kaparenga Ki Guru paring pitedah murih prayogining lampah".

"Inggih Ki Suyudi" Ki Guru Sukirna wangsulan kanthi suwanten ngemu prihatin "lajeng dhawuh dalem Panembahan Senapati Ing Alaga  dhateng Ki Suyudi miwah Ki Bebau Ngerjang lan Durenan kadospundi?".

"Lumantar Rekyana Patih Mandaraka, Ngersa Dalem Kanjeng Panembahan Senapati ndhawuhaken bilih salebeting kalih utawi tigang dinten minggahipun dhateng sapeken mangke, Prajurit saking Mataram sampun dumugi ing jatipethuk, siaga milujengaken peranganing Nagari Mataram saha mikut para kraman ingkang dipun tindhihi dening Raden Sentani".

Bebasan nyabrang kali sampun kebes, wasana Ki Guru Sukirna lajeng suka pamrayogi dhateng Ki Suyudi :

"Manawi makaten murih rahayuning lampah, Ki Suyudi saha Ki Bebau milahi sinten ingkang badhe kapatrapan pidana dening Sentani, wiwit dinten mangke mugi kanthi sesidheman kaungsekna titiyang kala wau saking papanipun".

"Prayoginipun dipun ungsekaken dhateng pundi Ki Guru?" Bebau Ngerjang ingkang wiwit wau mendel, pitaken.

"Ing sakiduling padhepokan punika wonten wewangunan enggal, ingkang suwaunipun badhe kula ginakaken kangge papan paleremaning para cantrik, awit palereman ingkang wonten sampun kraos radi sesak, mbok bilih kangge santawis saged kaginakaken dados papan pangungsen Ki" wangsulanipun Ki Guru Sukirna "Salajengipun, para Bebau lan Manca Kaki tuwin para sinoman ingkang taksih setya dhateng Mataram, kula suwun saged mlempak dhateng Padhepokan mriki dados menawi wonten paridamel sawanci-wanci gampil anggenipun madosi".

Ki Suyudi lan Bebau kalih boten dangu lajeng sami pamitan wangsul badhe nindakaken punapa ingkang dipun dhawuhaken dening Ki Guru Sukirna.

Dalunipun, ing salebeting mahas ing samun, Ki Guru Sukirna karawuhan Ki Tanpa Rupa ingkang paring dhawuh lan paring pitedah menggah srananipun murih Jatipethuk lan Banyugurih saged wangsul tentrem kados saderengipun kadhatengan titiyang ingkang ngaken Trah Majapahit. Inggih punika Ki Banyugurih supados nyuwun sanjata pitulungan dhateng siswanipun Ki Tanparupa, inggih Pangumbara Kalih ingkang taksih Jakakumala-kala. Siswanipun Ki Tanparupa punika saged dipun cegat ing Grojogan Jambe kembar sacaketipun Benawi.

 

Ana candhake.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (32)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

32

Let sepeken sasampunipun wonten kedadosan punika,  Ki Sukirdi ingkang ugi Ki Demang Wakil Kademangan Jatipethuk rawuh ing Padhepokan Banyugurih malih. Ki Guru Sukirna anggenipun nampi dhatengipun Ki Sukirdi inggih sami kaliyan padatan, liripun inggih limrah kemawon . Nanging sikep ingkang dipun lampahi Ki Sukirdi ingkang benten. Ngrasuk busana Demang komplit, dede busananipun Demang Wakil. Salebeting manah Ki Guru Sukirna pitaken-pitaken kaliyan busananipun Ki Sukirdi. Nanging Ki Guru Sukirna api-api boten migatosaken busana ingkang dipun rasuk dening adhinipun punika. Sasampunipun bage binage sawatawis bab kasugenganing kekalihipun, Ki Sukirdi lajeng nyukani kabar utawi nyukani ngertos dhateng Ki Guru Sukirna :

"Kang Mas" makaten ucapipun Ki Sukirdi "anggen kula mriki wau, kajawi sanja ugi badhe ngaturi pirsa dhateng Kakang Mas, ingkang sapisan prakawis ewah-ewahaning tata parentah ing Kademangan dene ingkang angka kalih badhe ndhawuhaken Parentah saking Demang Jatipethuk dhateng pangarsaning Padhepokan Banyugurih".

"Mengko dhisik" wangsulanipun Ki Guru Sukirna radi nratab "bares wae aku rada bingung karo sing dikandhankne si Adhi iki mau. Owah-owahan tata parentah Kademangan Jatipethuk? kuwi karepe apa? Awit aku minangka salah siji warganing Mancakaki durung tau diajak rembugan karo sapa wae bab anane owah-owahan iki. Kapindhone, kok Si Adhi kandha ana parentah saka Demang Jatipethuk marang Pangarsaning Padhepokan Banyugurih kuwi karepe piye? Nek Pangarsane Padhepokan Banyugurih kuwi genah nek aku, lha Demang Jatipethuk kuwi sapa? Kapan Jatipethuk ana Demange maneh sawuse Bapa Demang seda? lan sapa sing ndadekne Demang kuwi?".

Ki Sukirdi gumujeng radi seru, mireng wicantenipun Ki Guru Sukirna makaten kala wau. Lajeng wicanten klawan radi seru ugi :

"Kula aturi pirsa Kang Mas, kula rumaos sampun bosen nengga parentah saking Mataram ingkang boten cetha wekasanipun nika. Mila kula lajeng milih ucul saking pangayomaning Mataram, kula suthik dados kawulanipun Sutawijaya ingkang namung putunipun tiyang dhusun Sela. Kula lajeng netepaken Jatipethuk ngalih manunggal kaliyan Trahing Raja Tanah Jawa, ingkang ugi leluhur kula lan leluhuring Kang Mas Guru Sukirna. Jatipethuk kula suwunaken pangayoman dhateng Trah Majapahit, ingkang ugi getih daging kula lan getih dagingipun Kakang Mas Guru, inggih punika Gusti Raden Sentani ingkang samangke masanggrah ing Jatipethuk mriki. Gusti Raden Sentani sampun netepaken bilih ingkang dados Demang ing Jatipethuk punika kula, inggih putra wuragilipun Bapa Demang Sudiya. Dados samangke boten wonten ingkang nggadhahi panguwaos tumrap Kademangan Jatipethuk kajawi kula, inggih Demang Sukirdi, inggih Ki Jatipethuk. Tumrap kawula ing Jatipethuk ingkang boten sarujuk bab punika, saged kesah nilaraken Kademangan mriki. Kalebet Kang Mas Guru Sukirna, kersa ngakeni bab punika punapa boten? menawi kersa ngakeni bilih kula Demang Jatipethuk ingkang boten kebawah dening Mataram, punika ingkang kula ajeng-ajeng. Nanging menawi Kakang Mas boten kersa, inggih boten punapa-punapa, nanging Kakang Mas inggih kedah enggal-enggal nilaraken Padhepokan Banyugurih ingkang taksih kalebet laladan Jatipethuk punika. Pripun kang Mas?".

"Aku durung arep mangsuli pitakone si Adhi, tutugna dhisik rembugmu, nek wis rampung lagi aku arep kandha" wangsulanipun Ki Guru Sukirna.

Ki Sukirdi gumujeng malih, lajeng wicanten :

"Inggih Kang Mas, punika kala wau ingkang sapisan. Jangkep kaping kalihipun Kula minangka Demang img Jatipethuk, marentahaken dhateng Pangarsaning Padhepokan Banyugurih supados masrahaken Bebau Dasa ingkang samangke mapan ing Padhepokan mriki. Anggenipun masrahaken minangka bandan Bebau Dasa inggih Bebau ing Ngantang, boten kedah sak niki, nanging kula caosi wekdal sapeken, Kang Mas Guru kedah masrahaken bebandanipun Dasa dhateng Gusti Raden Sentani. Cekap Kang Mas, mangga Kang Mas badhe ngendika punapa?".

Ki Guru Sukirna radi dangu boten mangsuli kaliyan punapa ingkang dipun ucapaken dening Ki Sukirdi, awit Ki Guru Sukirna nggadhahi pamanggih bilih Ki Sukirdi sampun boten kenging dipun ajak rembagan murih saenipun. Awit Ki Sukirdi miturut Ki Guru Sukirna badhe nglepataken sedaya pamanggih ingkang cengkah kaliyan pikajengipun. Wasana Ki Guru Sukirna, purun boten purun kedah ugi ngekahi punapa ingkang dados pamanggihipun. Sanadyan ing mangke badhe nuwuhaken pasulayan.

"Saiki aku arep omong Dhi" Ki Guru Sukirna wicanten kanthi sareh "kena wae Si Sentani ngaku-aku minangka Trah Majapahit, ngaku turun Prabu Brawijaya Pamungkas kuwi kena. Nanging sing ora percaya karo omongane Sentani ya kena, merga kabeh - kabeh mung jarene ora weruh dhewe. Najan aku ora ngluputake marang sing percaya yen Sentani kuwi Putune Raden Bintulu, nanging aku luwih percaya yen Sentani kuwi ora cetha sapa sing nganakake.Bayi temon sing dipupu dening Bapakku. Dadi aku ya suthik ngakoni nek dheweke kuwi priyagung sing arep dadi Pangarepe para Trah Majapahit. Merga aku ya ngerti, yen Kanjeng Panembahan Senapati kuwi nadyan putune wong Desa Sela, nanging yen dirunut uga Trah Majapahit, Majapahit kuwi gedhe Trah Majapahit kuwi ora mung puluhan utawa atusan nanging wis ewon malah kepara bisa leksan utawa Kethen. Lan Trah sing samono akehe kuwi mesthi ana sing beda siji karo sijine, ora kabeh Trah Majapahit kuwi mesthi wong apik, ya ora dumeh Trah Majapahit kuwi mesthi wong ala. Ora. Ala lan becik ora gumantung marang sing nganakake, nanging ala lan becik kuwi mapan ana pribadine dhewe-dhewe. Awit aku ora percaya karo Sentani, aku ya emoh nggatekne apa sing dadi karepe Sentani. Kademangan Jatipethuk iki dudu duweku dhewe lan uga dudu duweke si Adhi dhewe, uga dudu duweke wong loro iki dhewe, nanging duweke kabeh wong sing dumunung ana kono. Abang ijone Jatipethuk ora gumantung marang wong siji utawa wong loro, nanging gumantung marang wohing rembuge para warga. Kamangka wohing rembug sing tau ana yaiku warga Jatipethuk manut marang kawicaksanane Mataram lan durung ana rembug maneh sabubare iku. dadi wohing rembug kuwi sing saiki tetep tak kukuhi, yen banjur ana sing duwe panemu sing ora manut Sentani kudu lunga saka Jatipethuk, mbok sing duwe panemu kuwi dhewe sing lunga?. Aku ora bakal lunga ninggalake papanku iki lan aku uga ora ngakoni anane Demang ing Jatipethuk kene sadurunge ana layang kekancingan saka Mataram.Sabanjure bab Bebau ing Ngantang, tak akoni yen Bebau ing Ngantang saiki manggon ana Padhepokan Banyugurih, lan kuwi dadi tanggung jawabku, aku wani kanggonan ya kudu wani nanggung kaslametane, dadi aja maneh kok dikongkon masrahne Bebau Dasa minangka bandan marang Sentani, malah sapa wae sing wani ganggu gawe marang Bebau ing Ngantang kuwi padha wae nantang marang aku lan mbuh dadine mesthi bakal tak adhepi. Wis cukup kuwi sing dadi wangsulanku marang si Adhi".

Ki Sukirdi sakala muntab, praupanipun ketingal abang mangar-mangar, untune kepireng gathik kangge nggeget jalaran ngempet ubaling kanepson. Nanging pranyata Ki Sukirdi taksih dereng wantun tumindak langkung tebih. Pramila lajeng pitaken kanthi suwanten ingkang kepireng sereng :

"Dados Kakang Mas, tetep mbeguguk makutha waton boten kersa manunggal kaliyan Gusti Raden Sentani?".

"Ora arep tak baleni nggonku wangsulan, Aku suthik dadi gedibale Sentani Bayi Temon anak pupon sing ora weruh kabecikan kuwi" suwantenipun Ki Guru Sukirna ugi kapireng sereng.

"Kula namung caos pemut dhateng Kakang Mas, jumbuh kaliyan welingipun Gusti Raden Sentani, Kang Mas taksih gadhah wekdal sekawan dasa dinten kaetang wiwit dinten punika, menawi kliwat saking sekawan dasa dinten Kakang Mas tetep kukuh boten kersa manunggal kaliyan Trah Majapahit ingkang dipun pangarsani Gusti Raden Sentani, mangka kula kapeksa boten saged cawecawe menawi Padhepokan punika dipun ratakaken dening wadya bala Trah Majapahit".

Ki Guru Sukirna namung gumujeng mireng pangincim saking rayinipun makaten kala wau, lajeng wangsulanipun :

"Kandhakna marang Sentani aja maneh kok patang puluh dina, ngantia jebating jagad ora bakal ana critane Sukirna anake Demang Sudiya saka Jatipethuk sudi dadi gedibale womg melik nggendhong lali, sing ora genah sapa wong tuwane  kaya si Sentani kuwi".

Ki Sukirdi nunten wangsul kanthi bekta manah ingkang panas.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (31)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

31

Bebau ing Ngantang ingkang ugi mireng aturipun saha sumerep anggenipun ndheprok Singgah, ugi sakalangkun kaget, ngantos kamitenggengen boten saged kumecap, ugi boten obah. Tanpa kraos wonten toya bening ingkang mili saking mripatipun. Salebeting manah, Bebau Dasa ngaturaken panuwun dhumateng Gusti Ingkang Karya Gesang, dene yoganipun jebul taksih kaparingan emut temah ndheprok lan wicanten ingkang makaten kala wau. Sareng santawis dangu kawontenan sidhem, awit para cantrik ingkang sami wonten ing mriku ugi smi tumungkul, ngraosaken trenyuhing manah, dumadakan ketingal Ki Guru Sukirna mandhap lan lumampah nyaketi ingkang nembe karoban raos trenyuh.

"Ki Bau ing Ngantang" sareng sampun dumugi ngandhaping sawo Ki Guru Sukirna lajeng wicanten "ndika sampun mireng panyuwunanipun Angger Singgah ta? Kenging punapa taksih nekad penekan dhateng mriku? Mangga dhadhung ingkang wonten jangga punika dipun copot, lan enggal mandhap".

Wicanten makaten Ki Guru Sukirna kaliyan nglirik tiyang estri ingkang wau duginipun sareng kaliyan Singgah. Ki Guru Sukirna sumerep bilih tiyang estri punika dede bangsanipun manungsa. Ki Guru Sukirna ugi sumerep menawi mendelipun wanita wau yegti nembe nta kekiyatan badhe ngesokaken kuciwaning manahipun dhateng Singgah ingkang kaanggep sampun tumindak nyidrani kasetyan dhateng sesembahanipun nenggih Raden Sentani. Ki Guru Sukirna boten purun kasep tumindak, Singgah dipun jawil pundhakipun sarwi kaparentah :

"Ayo Angger Singgah, kae keng Bapa dipapag ben enggal mudhun saka anggone penekan" panjawilipun Ki Sukirna estunipun dede panjawil limrah, nanging panjawil ingkang ngemu kekiyatan panyurung ingkang mijil saking hawa murni ing dhasaring manah.  Sakala Singgah njingkat semu mencolot nyaketi andha ingkang semendhe wit sawo.

Nagadewi ingkang sesinglon kaliyan wewujudan wanita ingkang sulistyeng warni punika kaget, lan ngertos bilih anggenipun mencolot Singgah wau boten mencolot sabaenipun, nanging awit saking jawilanipun Ki Guru Sukirna. Nanging kagetipun Nagadewi sampun kasep, Singgah sampun tebih saking papanipun lan menawi kadhawahan upas ingkang sampun dipun siagaaken samangke letipun radi katebihan, dados menawi katibakaken upas boten badhe kenging.  Nanging Nagadewi nyata menawi siluman ingkang julig, piyambakipun murungaken anggenipun badhe damel cilakanipun Singgah, wekdal punika, nanging badhe pados wekdal ingkang sae lan boten wonten ingkang dados pepalang. Pramila Nagadewi nunten wangsul ketingal tumungkul lan nedahaken sipating wanita ingkang ruruh kapribadenipun.

Bebau Dasa ingkang sumerep bilih anakipun sampun nyaketi andha ingkang wau dipun ginakaken menek, lajeng nguculi kala ingkang ngalungi gulunipun, nunten alon-alon mandhap. Singgah dipun rangkul lan dipun kekep-kekep kaliyan luh ingkang dleweran saking pojoking mripatipun. Singgah ugi boten saged mambengi raos gumronjal ing salebeting dhadhanipun, pangruketipun Ki Bau dipun timbangi kaliyan nangis tanpa suwanten.

"Sampun Ki Bau" Ki Guru Sukirna nyaket kaliyan wicanten alon, nanging ugi boten nilar kawaspadan "dinten niki Gusti Ingkang Murbeng Gesang sampun nurunaken kanugrahan dhateng Kulawarganipun Ki Bau. Saenipun Ki Bau kula aturi ngunjukaken panuwun dhumateng Gusti nut tata cara kapitayan ingkang Ki Bau gilut. Nanging saenipun inggih langkung prayogi menawi Ki Bau sesuci langkung rumiyin"

Ki Guru Sukirna lajeng wicanten dhateng Singgah :

"Angger Singgah, gajege wiwit wingenane Bapakmu kuwi durung kambon banyu, kana sadurunge bali, dherekna sesuci luwih dhisik ana pungkuran"

"Ngestokaken dhawuh Ki Guru" wangsulanipun Singgah ingkang lajeng wicanten dhateng Bapakipun "ayo Pak, dening Ki Guru kadhawuhan adus dhisik iki lho, ayo tak terne".

"Nyuwun pangapunten Ki Guru" Bebau Dasa wicanten dhateng Ki Guru Sukirna "saderengipun kula adus, langkung rumiyin kula badhe matur".

"Lho badhe paring dhawuh punapa Ki Bau?" Ki Guru Sukirna pitaken.

"Kula dereng kepengin wangsul dhateng Ngantang, kepareng boten kepareng kangge sawatawis wekdal duka sepeken duka sewulan, kula badhe ndherek mapan ing Padhepokan Banyugurih mriki sanak lan semah kula" wangsulanipun Bebau Dasa .

"Inggih, inggih Ki Bau,  boten dados punapa, sauger trimah kaliyan prasajaning panggenan punika" Ki Guru Sukirna wangsulan kaliyan mesem remen.

"Nuwun sewu Ki Guru" dumadakan saking katebihan wanita sulistya punika wicanten kaliyan tanganipun asikep sembah kalbu katumpangaken ing dhadha "kaparengna kula ndherek bingah awit kanugrahan ingkang sampun tumurun dhateng kulawarganipun Ki Bebau ing Ngantang punika lan minangka wujud bingahing manah, sadanguning Kulawarganipun Ki Bebau cumondhok ing Padhepokan Banyugurih mriki, mugi kaparengna kula ndherek ugi mapan ing mriki, Ki Guru".

"Manmgke rumiyin, inggih nyuwun pangapunten saderengipun Andika punika sinten lan kapernah punapa kaliyan Ki Bebau, Kusuma?" Nadyan sampun mangertos nanging Ki Guru Sampurna api-api dereng tepang lajeng pitaken.

"Nuwun Inggih Ki Guru" wanita punika wicanten kaliyan mesem ingkang ngujiwat "waleh-waleh punapa kula punika estunipun semahipun Raden Sentani, nami kula pun Nagadewi. Lan mugi kauningan Ki Guru, estunipun Kang Mas Sentani sampun nyobi dhateng kasetyanipun Kakang Singgah dhateng Kangmas Sentani, kula ingkang kadhawuhan memanuki lampahipun Kakang Singgah, sareng kula biji bilih kasetyanipun Kakang Singgah boten nguciwani, kula lajeng mbisiki dhateng piyambakipun murih matur dhateng Ki Bebau kados kala wau. Ugi bares kemawon Ki Guru, wekdal punika Kangmas Sentani sampun paring palilah dhumateng kula lan Kakang Singgah tumindak punapa kemawon, dados inggih antawisipun manah kula lan manhipun Kakang Singgah ugi sampun manunggal kaliyan manahipun Kangmas Sentani. Pramila saking punika, Ki Guru, sadangunipun Kakang Singgah mapan ing mriki, kula badhe ndherek".

Para cantrik ingkang tumut mirengaken wicantenipun Nagadewi makaten punika lajeng sami bisik-bisik sesamining rowang, temah kawontenan lajeng kepireng suwanten mbrengengeng kados suwantening tawon ingkang luru papan enggal kangge yasa tala. Benten malih kaliyan Singgah, piyambakipun rumaos anggenipun ndheprok lan menging bapakipun nglalu kala wau, boten awit saking pambisikipun sinten-sinten, nanging mijil saking osiking manah awit mireng ucapipun Ki Bebau ingkang pungkasan bilih piyambakipun botenh dangu malih badhe dipun singkiraken dening Raden Sentani, menawi sampun wonten nem-neman enggal ingkang langkung ndudut penggalihipun Raden Sentani. Nanging, badhe wicanten mangsuli ucapipun Nagabewi makaten punika, Singgah boten saged ngedalaken suwanten.

"Oooo dadi keng slira iki sisihane Sentani?" Ki Guru Sukirna nunten wangsulan kaliyan mesem sajak boten wonten punapa-punapa, sanaosa ing salebeting batos rumaos eram dhateng kajuliganipun Siluman Sawer punika "yen ngono tak jabel nggonku basa. Jalaran Sentani kuwi adhiku dhewe, sedulurku nom, nadyan mung sedulur pupon, nanging dening sawargi Bapa Demang Sentani kuwi wis didadekne adhiku.  Aku melu ngaturake panuwun marang ndika Adhi Nagadewi dene wis mbantu Angger Singgah temah bisa lulus ing pandadaran utawa coba sing dianakake dening Adhi Sentani. Nanging sumurupa ya Dhi, Padhepokan Banyu Gurih kuwi mung bisa nampa wanita kang nedya nginep ing padhepokan lamun wanita mau wis antuk palilah saka kakunge lan saka wong tuwane. Kira-kira yen Adhi Sentani mesthine wis aweh palilah marang si Adhi yen mung ngersakne cumondhok ana kene sasuwene Kulawargane Ki Bebau ing Ngantang, lerem ana kene, sedheng si Adhi uga wis kaparingan palilah neng ngendi-endi karo Angger Singgah. Nanging, kepiye karo Keng Ramane Si Adhi? aku wedi yen Keng Rama banjur duka marang aku".

"Oh, makaten inggih Kakang?" Nagadewi nimbangi nyebut Kakang dhateng Ki Guru Sukirna ingkang ngakeni bilih Sentani punika adhinipun piyambak "kados pundi inggih? kamangka papanipun Rama punika tebih sanget saking mriki? mbok makaten kemawon, mangke menawi wonten dukanipun Kanjeng Rama kula ingkang badhe tanggel. Kadospundi manawi makaten Kakang?".

"Prayogane Si Adhi nyuwun palilah dhisik wae marang Keng Rama, liwat dalan sidhatan wae rak ora cedhak, ayo tak tuduhne dalane" Ki Guru Sukirna suka wangsulan kaliyan nudingi pagering padhepokan ingkang kadamel saking sela ingkang dipun tata, sakala pager sela ebah-ebah nunten ketingal wonten trowongan ageng, Nagadewi boten kraos kasurung mawi pusaka cipta dening Guru Sukirna, sakala wangsul ing wujud aslinipun inggih punika sawer ingkang agengipun meh sabongkoting glugu, sawer ndlosor lajeng mlebet dhateng Trowongan ingkang badhe anjog dhateng Kadhaton Grojogan Jambe Telu. Sasampunipun Nagadewi mlebet trowongan, pager lajeng wangsul pulih kados wau-waunipun malih.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...