![]() |
GAMBAR NYOMOT ADEGAN PERANG KETHOPRAK SISWO BUDOYO |
SENDHANG
MUSTIKANING WARIH III
kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih
41
Karo mlaku, sadalan-dalan pepanthan-pepanthan barisan saka Jatipethuk kuwi padha gawe pangeram-eram, maerake kabisan lan kaluwihan sing diduweni, kanggo aweh weruh marang padha rowange sing beda asal-usule, yen pepanthane kuwi sing luwih pinunjul ing reh kanuragan. Kang mangkono iku uga dingerteni dening Raden Sentani sing banjur nduweni pangarep-arep supaya ing mengko wayah tempuking gawe kabeh wadya balane bisa nuduhne kaluwihan-kaluwihane ora mung marang kanca rowange wae, nanging uga marang mungsuh sing arep disirnakne.
Kanggo nuduhne kaprawiran lan kanggo gregeting para prajurite, baisan saka Jatipethuk kuwi uga dikumpliti mawa uba rampening jurit, bendhe, gong, beri , keteg lan sapiturute uga wiwit keprungu minangka tengara, panji-panji, duwaja, genderaning para Senapati katon kumlebat kaya nutup-nutupana langit
Prajurit sandi Mataram sing luwih dhisik weruh yen barisan sing dianggep wadya kraman, tumuli aweh kabar marang Pangeran Singasari kang mapan ing pernah sirahing Garudha ing barisan kang ngetrepake gelar Garudha Nglayang kuwi. Kabar saka Prajurit Sandi kuwi ora gantalan wektu uga wis disebarne marang para-para tetindhihing paepanthan Prajurit,eing ngenggoni ing suwiwi kanan, suwiwi kering sarta buntuting Garudha. Kanggo netepi kaprawiraning jurit lan kawibawaning negara, Pangeran Singasari aweh sasmita marang Tumenggung Jaya Kartika sing ngenggoni cucuking jurit supaya maju luwih dhisik mapagne barisaning mungsuh. Tumenggung Jaya Kartika tumuli ngajak kanca loro mlayu mengarep luwih dhisik, kira-kira let rong puluh dhepa ndhisiki barisane. Raden Sentani kang weruh yen ana wong telu saka barisan Mataram ndhisiki laku uga wis tanggap mungguh karepe wong telu sing ndhisiki kanca-kancane kuwi. Ora kesuwen, banjur mrentah Raden Buntas supaya nimbangi lekase barisan Mataram kuwi. Raden Buntas uga ngajak kancane loro, mlayu mengarep mapagne Tumenggung Jaya Kartika lan kancane loro.
"Mandheg dhisik Kisanak" aloke Raden Buntas sawuse adhep-adhepan karo Tumenggung Jaya Kartika "ndika iki sapa lan iki barisan Prajurit saka ngendi, mengku karep apa dene ngambah laladan Jatipethuk kene?".
"Sawalike Ki Sanak" Tumenggung Jaya Kartika wangsulan "ndika kuwi sapa? lan barisan sing kumplit klawan gegamaning prang, mapagne lakuku iki prajurit saka ngendi lan mengku karep apa ngadhang lakune barisanku?".
"Lumuh ngaku luwih dhisik dumeh iki ing tengahing dalan, ya tak kalahi, ditepungake wae aku Raden Buntas abdine Gustiku Raden Sentani sing duwe wewenang mangreh Tanah Jawa kang satuhune, barisan sing ana mburiku iki Prajurit Trah Majaphit sing kajibah njaga katentremaning Kademangan Jatipethuk, papan kanggo masanggrahe Gustiku Raden Sentani. Ayo saiki genti ngakuwa, wangsulana pitakonku sing wis tak sebutne ing ngarep mau".
"Lancang banget ucapmu Raden Buntas" wangsulane Tumenggung Jaya Kartika "ora ana ing jagad iki sing duwe wewenang mangreh Tanah Jawa kejaba pepundhenku Kanjeng Panembahan Senapati Kang Jumeneng ing Mataram, yen ana manungsa kumawani ngaku-aku minangka pangreh tanah Jawa, ateges kuwi manungsa sing ora tata, wajib dirangket lan nampa pidanane ratu, sumurupa aku sing jeneng Tumenggung Jaya Kartika sing wis nampa purba lan wasesaning Ratu Mataram, dina iki uga aweh prentah marang kowe kandhakna marang Sentani supaya njabel pangakune minangka pangreh tanah Jawa, sarta gawanen mrene manungsa sing jeneng Sentani kuwi, yen gelem njabel pangakune lan ngakoni lupute banjur mbalik nglakoni urip kaya sadurunge, mangka bakal tak paringake Pangapurane Kanjeng Panembahan Senapati marang dheweke".
"Kuwi nek panemune wong keblinger" wangsulane Raden Buntas "Sing kudune nyekel panguwasa Tanah Jawa iki Trahing Ratu Majapahit, dudu Sutawijaya sing turune wong tani saka Desa Sela kuwi. Saiki tak walik, nek kowe kepengin slamet gulungana genderamu, bongkoken gegamanmu, banjur baliya menyang Mataram. Mumpung Raden Sentani isih gedhe pangapurane marang wong bodho sing kena diapusi Sutawijaya".
"Yen ngono kowe niyat arep ngajak pasulayan?" panyaute Tumenggung Jaya Kartika karo masang kuda-kuda "majuwa mrene leganing atiku, tak ladeni sagendhingmu".
Raden Buntas wis ora semaur maneh, mung sikile ditekuk munggah banjur disusul nyadhuk mengarep ngarah wetenge Tumenggung Jaya Kartika. Nanging Tumenggung Jaya Kartika luwih prayitna, panyadhuke Raden Buntas ditadhahi karo dhengkul sing diumbulne mendhuwur sing diapit tangan loro sing dikepelne. Tempuking kekuwatan antarane sing nyadhuk karo sing nadhahi, ndadekne kekarone padha-padha bisa ngrasakne kekuwataning mungsuhe. Nadyan ora kesurung mundur nanging kuda-kudane Tumenggung Jaya kartika klakon ambyar. Suwalike, Raden Buntas kontal memburi telung jangkah, sempoyongan meh tiba. Wong loro kuwi banjur padha nata dhiri, siyaga nyerang lan nangkis dhewe-dhewe.
Sauntara iku weruh cucuking jurite wis padha ngunggar kekuwatan, Barisan saka Mataram lan Barisan saka Jatipethukpadha majune, ora suwe banjur wiwit campuh rebut urip karo musuhe dhewe-dhewe. Perang antarane barisan loro kuwi dadi rame. Suwara pedhang sing tempuk padha pedhang, tameng kang nadhahi tumibane tumbak, disusul suwara sambat lan jerit campuh dadi siji. Ora mung para prajurit rucah sing ngangseg manju mengarep golek mungsuh, nanging para senapati perang saka barisan loro kuwi uga padha maju milih mungsuh dhewe-dhewe.
Ki Trenggilingwesi sing weruh yen Raden Buntas wis ngadhepi Senapati Tumenggung Jaya Kartika, banjur genti nyawang pernahe prajurit Mataram, ngulat-ulati endi sing sajake pantes dadi mungsuhe. Ki Trenggilingwesi mloka-mlaku karo nguwasi prajurit eucah sing padha repot ngadhepi mungsuhe, dumadakan Danyang Pundhen Grojogan Kaligedhe kuwi weruh ana prajurit saka Jatipethuk sing uga andhahane dhewe katon kaseser ngladeni prajurit Mataram, malah ketoke wis tanpa daya, pedhang sing dicekeli mencelat ucul saka tangan nalilane kanggo nangkis panyabete mungsuh, lan nalika pucuk pedhange Prajurit Mataram arep disudukne jantunge prajurit Grojogan Kaligedhe kuwi mung bisa pasrah karo ngeremne mripate. Trengginas Ki Trenggilingwesi, pas pedhange prajurit Mataram kuwi kurang sakecu saka dhadhane prajurit Grojogan Kaligedhe, tangane kiwa Ki Trenggilingwesi kuwi nampel pedhang sing meh wae nunjem dhadha, sakal pedhang kuwi mencelat, ucul saka gegemane prajurit Mataram. Durung ilang anggone kaget, gulon klambine prajurit Mataram kuwi wis dicengkiwing Ki Trenggilingwesi, diangkat mendhuwur banjur kepelane Ki Trenggilingwesi diarahne menyang bathuke Prajurit Mataram sing ora sida mateni mungsuhe kuwi. Prajurit sing ngrasa apes kuwi wis ngira nek sedhela maneh sirahe mesthi remuk ketiban kepelan sing gedhene sak klapa srumbatan kuwi. Mripate diremne, ing angen-angene kumlebat wewayangane bojone sing lagi ngadeg neng ngarep lawang karo nggendhong anake sing lagi umur telung lapan, ngenteni baline sing lagi budhal perang. Alon-alon prajurit kuwi ngobahne lambe, pamitan marang anak bojone, ngabari yen ora bisa bali, katut dadi wadaling perang . Nanging padha karo nasibe prajurit Grojogan Kaligedhe sing ora sida jebol dhadhane mau, dumadakan Ki Trenggilingwesi murungne nggone arep nibakne kepelan, lempenge kiwa krasa ana sing nyenggol rada ngeget ndadekne kaget, anggone nyengkiwing prajurit Mataram sing wis pasrah kuwi ucul. Sing dicengkiwing tiba neng lemah memburi, mripate Ki Trenggilingwesi jlalatan nggoleki sing nyenggol lempenge. Ora ana wong ing sacedhake kajaba bocah nom-noman bagus sing nyawang dheweke karo mesem sajak nggregetake. Nitik sandhang panganggone bocah nom kuwi genah nek dudu prajurit.
"Kaget ta Kyai?" bocah nom-noman kuwi takon karo mesem. Ki Trenggilingwesi sing wis digawe kagol kuwi misuh karo nyauri :
"Keparat, sapa kowe he? wani njarag Ki Trenggilingwesi ing tengahing paprangan?".
"Ooo, dadi ndika ta sing jeneng Trenggilingwesi kuwi?" Bocah nom-noman kuwi takon karo ngguyu lirih, banjur disusul wangsulan "nyuwun pangapura Ki Trenggilingwesi, jenengku Marga cantrik Padhepokan Banyugurih, siswane Ki Guru Sukirna".
ana candhake.