Total Tayangan Halaman

Senin, 21 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (44)

 

PRAJURIT KASULTANAN NGAYOGYAKARTA

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

44

Ki Guru Sukirna sing manggon neng mburine Barisan Mataram dikancani sawatara cantrik Padhepokan Banyugurih, sajroning ati nangis dene tanah kelahirane dadi ajang paprangan antarane Prajurit Mataram lan wong-wong sing ngaku minangka Trah Majapahit. Buumi Jatipethuk sing biyen dibabat kanggo nyambung panguripan, saiki malah dienggo ajang paten pinaten. Sing luwih ndadekne sedih kuwi, nyata ora sethithik wong-wong sing tekane mrono arep mateni sing jare dianggep mungsuh kuwi, satemene mung anut grubyug ora pati ngerti satemene apa tuna bathine wong-wong kuwi nganti direwangi ngudhokne uripe ana satengahinmg paprangan sing banget kejeme kuwi. Iki mengko mbuh sapa sing bakal lebur ing paprangan iki, mbuh sapa sing bakal surak-surak rumangsa wis unggul ing yuda, tetep wae sing ngrasakne pahiting wohe paprangan ya wong-wong ing Jatipethuk, tanduran-tanduran sing samono ambane bakal rusak, ganda badheg, banger, arus lan sing ora enak diambu irung liyane, bakal pirang-pirang dina dadi ambon-ambone wong Jatipethuk. Durung kepetung mbuh pira cacahe wong Jatipethuk sing kelangan nyawa, ilang kasempyok anane papangan iki, kamangka nyawa-nyawa sing ilang kuwi ora arang sing ninggalne tanggungan anak sing curung bisa golek pangan dhewe, ninggalne bojo sing mbutuhne pangayomane, ninggalne wong tuwa sing butuh pangopene.

"Hm.........." Ki Guru Sukirna nyedhot ambegan dawa.

"Wonten dhawuh napa Guru?" dumadakan Cantrik sing ana cedhake takon, suwara ambegane Ki Guru Sukirna dikira sasmita prentah marang dheweke.

"Ora, ora ana apa-apa" wangsulane Ki Guru Sukirna "sing ngati-ati wae, aja cedhak-cedhak karo sing lagi padha perang, mbebayani".

"Oh, inggih Bapa" Cantrik mau wangsulan, diterusne ngomongne kahanan sing diweruhi "katingalipun barisan saking Mataram sampun radi tebih majengipun Bapa".

"Iya nanging paprangan iki durung rampung, bisa uga kahanan iki sawayah-wayah  dadi owah, saiki Barisan sing dheseg maju, ora mokal sedhela maneh genti kedheseg mundur" Ki Guru Sukirna ngandhani Cantrik  kuwi.

"Inggih Guru"

"Lan sing perlu padha dingerteni" Ki Guru Sukirna nerusne kandhane "maju utawa mundure barisan Mataram kuwi uga barisane wong sing ngaku Trah Majapahit kae, padha dene anggone ninggalne wong-wong sing kapeksa ora bisa melu maju lan ora bisa katut mundur, merga nandhang tatu utawa malah wis koncatan uripe. Ora sethithik sing sambat njaluk tulung, nanging sing ditampa malah kepidak-pidak sikile mungsuh utawa kancane dhewe".

"Ngeres lan nggegirisi" Cantrik kuwi grenengan dhewe.

"Iya , ya ngono kuwi kejeming perang" wangsulane Ki Guru Sukirna "lan perang kuwi bakal terus ana, ya muga-muga wae tumuli akeh para pangareping manungsa sing luwih seneng nggunakne nalar  kanggo ngrampungne bedaning panemu, tinimbang niru lakuning kewan sing urip ing alas ".

Cantrik sing dijak omong Ki Guru Sukirna kuwi mung manthuk-manthuk thok, mbuh ngerti sing dikarepne gurune embuh ora. Dumadakan saka sisih kidul akeh cantrik sing mlaku sajak kesusu, marani papane gurune.

"Ana apa Wukir?" Ki Guru Sukirna nakoni Cantrik sing lagi teka sajak kesusu kuwi.

"Atur uninga Guru" Wukir wangsulan "Ki Demang Sukirdi saking sanjawining palagan kaliyan sawatawis tiyang Jatipethuk dugi mriki, sesumbar maciya-ciya madosi Guru, badhe dipun rangket. Kala wau kapeksa dipun pambengi kaliyan Kakang Branjangan lan sawatawis kadang Cantrik, temah dados pasulayan".

"Oo, Sukirdi ya gene ora tambah ngerti nanging malah tambah bodho?" Ki Guru Sukirna kandha "ya wis yen ngono, ayo tuduhna ing ngendi papane adhiku lanang kuwi, tak temonane dhewe".

"Mangga kula dherekaken Guru" Wukir wangsulan, Ki Guru Sukirna banjur menyat ninggalne papane, mlaku mengidul arep nemoni Ki Sukirdi, ditutne cantrik-cantrike sing wis padha ngliga gegamane dhewe-dhewe.

Nalika lakune Ki Guru Sukirna wis tekan papan sing dituduhne Wukir mau, jebul ing kono lagi rame karo paprangan ing sajabaning palagane barisan Mataram lan barisane Raden Sentani. Paprangan antarane wong-wong Jatipethuk mungsuh karo para cantrik saka Padhepokan Banyugurih. Ki Sukirdi sing dadi pengarepe wong-wong Kademangan Jatipethuk kuwi lagi dedreg adu katiyasan karo Cantrik Branjangan sing uga pangarepe pepanthan cantrik Banyugurih.

Ki Sukirdi nyata ora ngilang-ilangne yen isih putrane Ki Demang Sudiya, tandange katon cukat trengginas, trampil lan kukuh ing adege. Mungsuhe kerengan, Cantrik Branjangan sing memper karo sebutane, solahe kebat cukat, pinter ngendhani panrajange mungsuh, kala-kala isih kober males ngirimne serangan sing mbebayani tumrap mungsuhe. Nanging sing diadhepi Cantrik Branjangan dudu wong tembre, isih putra Demang Sudiya, sing wiwit cilik diweleg ngilmu kanuragan dening wong tuwane. Sansaya suwe katon yen kasantikane  Cantrik Branjangan, isih manggon ing sangisore Demang Sukirdi, nadyan pedhange Ki Sukirdi durung bisa ninggalne tatu ing ragane Cantrik Branjangan sing endhag ngendhani, nanging wis bola-bali Cantrik Banyugurih kuwi tiba krangkangan ketiban sikile Ki Sukirdi.  Lan ing sawijining kalodhangan, pedhange Ki Sukirdi deres mobat-mabit mbabat ngarah gulune Cantrik Branjangan sing sansaya kethether ngendhani, nganti wekasane Cantrik Branjangan kudu nangkis nganggo pedhang sing dicekeli. Bawane kalah rosa lan kalah ampuhing pusaka, nalika pedhang-padha pedhang tempuk, pedhange Cantrik Branjangan tugel kepapras pedhange Ki Sukirdi. Cantrik Branjangan kaget, ora sranta banjur mencolot memburi, nanging Ki Sukirdi ora ngumbar Cantrik Banyugurih kuwi lolos saka ngarepe. Kebat Ki Sukirdi mlumpat nguber mungsuhe sing mencolot mundur, pucuking pedhange lurus arep nembus jantunge Cantrik Branjangan sing mung bisa ngadeg ora obah.

"Cring........." Ki Sukirdi kaget, pedhang sing pucuke mung kari sakecu saka dhadhane Cantrik Branjangan kuwi dumadakan pedhot, ana barang cilik sing tumiba ing godhonging pedhang, disawatake dening wong sing nedya ngalang-alangi nggone arep ngrampungi mungsuhe. Ki Sukirdi noleh ngiwa nengen nggoleki asale krikil sing bisa nugelne pedhange.  Ora mung Ki Sukirdi dhewe sing kaget, sanajan Cantrik Branjangan sing mau wis nyipta bakal jebol dhadhane dadi gumun. Mripate diucek-ucek sajak ora percaya karo sing lagi wae kedaden.

"Sing gedhe panguparamu Ki Sukirdi" dumadakan saka ngarep pering kiwa ketok ana bocah nom-noman sing mesam-mesem karo kandha marang Ki Sukirdi "aku ora sengaja, krikil sing arep tak ngge nyawat kirik mau, ucul dhewe saka gegeamanku, jebul ngenani pedhangmu dadi lan tugele".

"Keparat sapa kowe?" Ki Sukirdi sing durung mari kagete kuwi takon nggetak nom-noman kuwi.

"Aku?" Nomn-noman kuwi wangsulan karo mesem "Aku Rangga Cantrik anyaran ing Padhepokan Banyugurih".

"Isih cantrike Kakang Sukirna?" Ki Sukirdi takon karo mencereng "arep pamer kabisan neng ngarepku, kowe?".

"Ora Ki Sukirdi" wangsulane Rangga sajak ayem wae "mau wis tak kandhakne nek aku ora sengaja, dadi ndika ora perlu nesu-nesu, wong barang ora neja kok".

"Wis ora sah kakehan cangkem, ayo aku tuduhna olehe singidan Gurumu, arep tak rangket dadi bandan katur ing ngarsane Gusti Raden Sentani, yen kowe ora gelem nuduhne sida tak untir gulumu tenan kowe" Ki Sukirdi guneman karo nesu.

"Lho nDika sansaya lucu wae lho?" Rangga wangsulan karo ngguyu "lagi prentah wae wis kleru,ngono kok ngaku dadi Demang?, nek ndika kuwi Demang tenan, ndika pancen wenang aweh prentah, nanging bisa ndika prentah kuwi ya mung andhahan ndika dhewe, dudu andhahane wong liya. Aku iki andhahane Ki Guru Sukirna, dadi nek ndika prentah ya wegah!, arep nguntir guluku? ya eman-eman, gulu kok arep diuntir? Mesthi wae, aku sing duwe gulu ya ora ngolehi, ning nek ndika arep nekad, bisa wae dicoba. nDika bisa nindakne apa mung bisa omong thok?".

Rumangsa nek wis diremehne bocah nom, cantrik anyaran pisan, Ki Sukirdi kaya kobong rasane awake saking saka nesune. Demang pilihane Raden Sentani kuwi mecolot nyedhaki papane Rangga karo ngirimne kepelan diarahne menyang sirah.

ana candhake.

Minggu, 20 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (43)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

43

Sauntara iku, Rangga sing padha karo Marga yaiku padha-padha ucul saka baboning barisan Glathik Neba, nanging tenane ucule ora merga ninggalne barisan, nanging ngulati lakuning barisan saka kadohan murih ora campur karo barisan sing saka Mataram supaya ora nuwuhake salah tampa antarane Cantrik Banyugurih lan Prajurit Mataram. Bareng weruh yen Marga wis nemokne mungsuh sing mbebayani tumrap Barisan Mataram, Rangga dadi lega. Miturut petungane Rangga, saupama ora ketemu Marga, Ki Trenggilingwesi sing nduweni kasekten pinunjul kuwi bisa mbebayani tumrap para senapati Mataram, awit  kajaba Pangeran Singasari sing madeg minangka Senapati Agung, senapati sangisore ora ana sing duwe kaluwihan ulah kanuragan sing babag karo Ki Trenggilingwesi. Rangga banjur nerusne nggone ngubengi palagan. Rangga uga sengaja ngedohi papane Pangeran Singasari, kuwatir yen Pamane kuwi ngerti yen dheweke neng kono, banjur kaya padatan dheweke diuman-uman, dianggep ngganggu wong sing lagi ngayahi kuwajiban.

Nalika lakune Rangga tekan sacedhake barisan Mataram suwiwine Garudha sisih tengen, Rangga mandheg neng kono katon yen barisan Mataram sajak rada ketleyek, kajaba prajurit sing sajak kalah cacah, uga katon ana wong sing umure wis setengah tuwa sing ngamuk gawe bubrahe barisan Mataram. Wong kuwi gegaman gada gedhe sing diobat-abitne marang Prajurit sing wani nyedhak, ndadekne akeh prajurit sing kapeksa mundur golek kanca kanggo ngadhepi wong setengah tuwa sing duwe kekuwatan sing ngedab-edabi iki. Ana prajurit telu maju bareng, karepe arep ngendheg lakune wong setengah tuwa sing ngobat-abitne gadane kuwi, nanging pranyata wong telu kuwi malah  meh wae padha kelangan nyawane, tujune enggal ana pitulungan. Nalika wong sing gegaman gada kuwi arep ngepruk sirahe salah sijine prajurit telu sing ngruyuk dheweke, ana wong teka sing mencolot karo nyabetne pedhang ngenggokne arah gadane wong setengah tuwa kuwi. Mesthi wae, sing gegaman gada dadi kaget kecampuran nesu, mencolot memburi banjur namatne sapa sing lagi teka lan kuwawa ngenggokne arah gadane.

"Keparat sapa kowe?" aloke wong setengah tuwa kuwi karo mentheleng.

"Aku Tumenggung Sudirenglaga" wangsulane wong sing lagi teka karo siaga ngadhepi wong setengah tuwa kuwi "ndika sapa heh wong sing sekti mandraguna?".

"Hm........" wong setengah tuwa kuwi nggereng "aku Bantarangin, ayo adhepana aku Tumenggung Sudirenglaga, eman gadaku yen mung oleh sirahe prajurit rucah".

"Bagus!" wangsulane Tumenggung Sudirenglaga "ayo Ki Bantarangin, arep ngajak sing kaya apa bakal tak ladeni sagendhingmu".

Ora suwe anggone padha omong-omongan, wong sekti loro kuwi banjur padha ngudang gegaman, adu kasudiran ing tengahing paprangan. Para prajurit rucah padha sumingkir, ing semu padha aweh papan kanggo senapati loro kuwi adu kasekten tosing balung wuleting kulit. Ngerti yen Ki Bantarangin sajake bisa diadhepi dening Tumenggung Sudirenglaga, Rangga uga banjur nerusne anggone mubeng, saiki genti kepengin ngawruhi kahanane prajurit Mataram sing ngenggoni  suwiwi tengene Garudha Nglayang. Jebul neng kono wis rame, Ki Banjaran sing ngudang pusakane Golok Welang lagi adu kaprawiran karo Tumenggung Dibyanegara sing nggegem ukiran keris Kyai Nagakikik. Miturut panyawange Rangga antarane wong sekti loro kuwi babag, mung tekaning pesthi sing tumiba marang salah siji, sing bisa ngendhegne nggone padha ngunggar kasudiran, kanthi ana sing diarani menang.

Sing mapan ana sirahing Garudha Nglayang pabarisan saka Jatipethuk, Raden Sentani ora leren nggone ngulat-ulati lakuning paprangan. Nadyan tenane Prajurit Trah Majapahit sethithik menang cacah, nanging durung bisa ndheseg mundur mungsuhe, amarga prajurit Mataram luwih pinter ngrapeti barisan, kegawa saka asiling gladhen sing luwih tenanan. kajaba saka iku, prajurit Trah Majapahit nadyan kulina gladhen ulah gegaman nanging durung tau nglakoni perang sing mawa gelar ngene iki. Dadi ya kurang trampil ngecakne maju bebarengan karo kancane, beda karo Prajurit Mataram sing saben dina tansah diweleg carane makarya bebarengan sajroning ngadhepi mungsuh ing paprangan.

Satemene Raden Sentani duwe pangarep-arep ki Guru Sukirna lan para cantrike melu ngebyuki kumpul nyawiji karo prajurit Mataram. Perlune Raden Sentani bisa  aweh pidana marang sedulur pupone kang dianggep wis nyidrani kasetyan marang leluhure, kanthi ora gelem nyengkuyung nggone nata kekuwatan ing Jatipethuk. Malah kepara luwih seneng dadi gedibale Mataram. Nanging suwe diulati, ing antarane Prajurit Mataram ora katon wujude Ki Guru Sukirna, malah cantrik-cantrik saka Banyugurih uga ora katon klebate.

"Dhasar menungsa licik" Raden Sentani mbatin sajroning ati "Kakang Sukirna ngira yen ora ngatone dheweke sak cantrike ing paprangan iki bisa ngapusi aku, temah bisa suwala yen ana pandakwa luwih milih Mataram tinimbang Majapahit. Nanging Sentani dudu bocah cilik sing gampang diblithuki, kanthi ora geleme manunggal karo Barisan Trah Majapahit wis kena didadekne bukti, yen Kakang Sukirna wis pantes disirnakne".

"Ngaturi uninga Gusti" ana prajurit sandi sing mau diprentah nggoleki papane Ki Guru Sukirna lan Cantrik-cantrik saka Banyugurih,  nyedhak karo aweh palapuran.

"Iya Kepiye? wis ngerti mapane Wong-wong Banyugurih?" Raden Sentani takon.

"Ki Guru Sukirna lan Cantrik-cantrik Banyugurih boten tumut perang Gusti, nanging inggih sikep gegaman nyebar kados Glathik ingkang neba ing  wingking ngupengi barisan Mataram" wangsulane prajurit sandi mau.

"Licik tenan menungsa siji iki" Raden Sentani nggereng "aku ngerti karepe, yen Mataram sing menang wong kuwi mesthi lagi melu maju ndhaku kamenangane, nanging yen Mataram ketleyek, Kakang Sukirna mesthi banjur ndhisiki mlayu amrih slamete".

"Kinten-kinten makaten Gusti" prajurit sandi kuwi semaur alon.

"Ora kira-kira, nanging pancen mangkono kanyatane" wangsulane Raden Sentani sing banjur disusuli prentah "saiki, golekana Ki Demang Jatipethuk, aturna dhawuh timbalan saka aku supaya nggawa prajurit sacukupe nggoleki lan mikut Kakang Sukirna lan mbanda Cantrik-cantrike".

"Sendika" Prajurit kuwi tumuli ninggalne papan kono, arep ngupadi papane Ki Demang Sukirdi.

Saungkure prajurit sandi, Raden Sentani mbalik ngulat-ulati kahananing palagan. Raden Sentani dadi muntab kanepsone, sirahe Garudha nglayang wiwit ngendhalong mundur ana sepuluh jangkah, mratandhani yen Prajurit Mataram luwih bisa nguwasani lakuning paprangan.  Luwih-luwih bareng siji loro wiwit ketok ana prajurit Trah Majapahit sing rubuh kena gegamaning mungsuh.  Suwara jerit kelaran saka andhahane Ki Trenggilingwesi sing ngenggoni sirahe Garudha Nglayang sansaya rame, sauntara iku bendhene prajurit Mataram sansaya banter pangungkunge. Ora kesuwen, Raden Sentani nyilakne jarite memburi, aweh sasmita emban pangapite supaya miyak barise  prajurit sing ketleyek mundur, Raden Sentani maju klawan pedhang ligan sing digegem kenceng ing tangane. Ora suwe barisan saka Jatipethuk wiwit pulih, ora ketleyek mundur maneh, malah genti suwara bengok kelaran saka barisan Mataram sing keprungu banter, disusul bendhe saka Jatipethuk mangungkung banter sinaut suwara keteg sing ditabuh nganti kaya butu-butula.

Sang Senapati Agung Mataram sing banjur sumurup barisane katon rusak awit katrajang pangamuke Raden Sentani, tumuli maju nyedhaki arep mapagne sing lagi nyebar pepati. Kaya Raden Sentani, Pangeran Singasari uga wis ngliga pedhang pusakane, prajurit-prajurit padha nisih dhewe-dhewe aweh dalan marang Sang Senapati Agung sing arep tumandang gawe.

Kang bareng karo iku, Ki Demang Sukirdi kanthi didherekne prajurit cukup akeh, mlaku nylingker metu saka pabarisan golek dalan marani papan samburine barisan Mataram, arep nggoleki sedulure tuwa ya Ki Guru Sukirna. Prajurit sing digawa Ki Demang Sukirdi kuwi kabeh nom-noman asli Jatipethuk sing wis digladhi dadi prajurit Trah Majapahit, dadi kabeh ya durung tau weruh rasane melu perang. Nanging merga kapracayan yen saka Jatipethuk bakal njudhul Majapahit sing anyar lan kabeh sing melu kuwi bakal oleh kalungguhan sing luhur sajroning paprentahan Majapahit mengkone, mula kabeh ya ora ana sing miris diajak ngrangket ki Guru Sukirna lan kabeh cantrik-cantrike.

 

ana candhake.

 

 

 


Sabtu, 19 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (42)


 

Kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

42

Ki Trenggilingwesi mentheleng, jroning atine ana rasa gumun ngerti kekendelane bocah sing ngaku jeneng Marga kuwi. Diarani kendel amerga ingatase isih nom-noman wani-wanine nrobos ing tengah-tengahing paprangan antarane Prajurit Mataram karo Prajurit Trah Majapahit, kamangka ya ora nggawa gegaman apa-apa. Kapindho olehe teteg nyawang dheweke klawan anteng ora nuduhne rasa wedi sithik-sithika, malah kepara mau wis wani ngganggu anggone arep ngremuk sirahe prajurit Mataram sing wis tanpa daya. nanging yen nitik bebaune, bocah nom iki pancen bebau bebakalan sing becik, lire upama wekel diwulang tata reh kanuragan bakal dadi wong sing peng-pengan. Mula najan mau Ki Trenggilingwesi wis digawe kagol atine, kanthi tetimbangan sing keri dhewe iki, Ki Trenggilingwesi thukul rasa eman ing atine. Eman yen bebakalan sing becik iki kudu cures sadurunge thukul luwih gedhe. Iba senenge yen Ki Trenggilingwesi duwe murid sing duwe bebakalan kaya ngono becike kuwi.

"Oo dadi kowe bocah padhepokan Banyugurih? Kok teka kene? apa karo gurumu diprentahake supaya Banyugurih nyawiji karo Prajurit saka Mataram iki?" Ki Trenggilingwesi takon, tembunge ora kasar babar pisan.

"Iya Kyai, Guru Kyai Sukirna ora dhawuh supaya Cantrik-cantrike nyawiji karo sapa-sapa kok, malah Guru ngendika nek mesakne banget marang wong-wong sing seneng ngatonke bodhone. Lha tekaku mrene kepengin sinau carane ngecakne ilmu kanuragan sing tenanan, merga nek neng gladhen ngana kae rak mung ethok-ethokan wae?!?" wangsulane Marga kanthi suwara polos, suwarane bocah sing lugu.

"Sapa sing dikarepne dening Gurumu wong sing seneng ngatonake bodhone kuwi ?" Ki Trenggilingwesi takon maneh.

"Guru ora ngarani sapa-sapa, mung aku kerep dituturi yen aku kudu mesakne wong-wong sing seneng mamerne bodhone, yaiku wong sing ora gelem nggunakne nalare kanggo ngrampungne perkara sing diadhepi. dadi aku sing wani ngarani, dudu Guru, yen tenane wong-wong Mataram karo wong-wong sing jarene Trah Majapahit kuwi padha wae, ora seneng nggunakne nalar, nanging malah seneng niru lekase Asu Ajag sing keregan karo padha asune, rebutan bathang celeng sisane Macan sing ditinggal lunga merga wis wareg" wangsulane Marga karo nyedhakepne tangane neng dhadha.

"Hus.....!!!" Ki Trenggilingwesi rada nggetak "kowe bocah durung nalar, nek omong sing kepenak, aja waton njeplak. Kena wae nek sing kok arani padha karo asu kuwi wong-wong Mataram sing goblog-goblog kae, nanging aja pisan-pisan kowe wani mbaleni omonganmu ngono kuwi marang Trah Majapahit, klebu neng ngarepku, yen ora kepengin tugel gulumu. Ngerti?".

Marga ngguyu kepingkel-pingkel krungu panggetake Ki Trenggilingwesi ngono kuwi, kaya ngguyu merga weruh solahe lan krungu pambanyole Dhalang Wayang Beber sing nyritakne lucune Dhoyok karo Bancak punakawane Raden Panji Inukertapati kae.

"Mingkem!!!!" Ki Trenggilingwesi nesu "apa sing kok guyu? He?!!?".

"Lucu" wangsulane Marga karo nutupi lambe nganggo epek-epeke.

"Apa sing lucu?" Ki Trenggilingwesi mbengok.

"nDika Ki" Wangsulane Marga "aku sing ndika arani bocah durung nalar wae ngerti, mung kewan sing seneng cokot-cokotan karo padha kewane merga rebutan bathang, lha kok nDika sing wis tuwa malah ngarani nek sing goblog kuwi wong Mataram, kamangka ndika ya ora beda karo sing ndika arani goblog kuwi, malah marahi katon luwih goblog kuwi bareng ndika ngincim aku nek wani muni ngono kuwi maneh neng ngarep ndika arep ndika tugel guluku. Eling Ki, anggonku muni ngono mau merga mung arep nglegani ati ndika kanthi mangsuli sing ndika takokne, lha apa ora luwih lucu, ndika kuwi wis takon bareng diwangsuli ora matur nuwun, kokmalah nesu, ndika kuwi Ki sing lucu".

"Cukup! ora usah ngoceh maneh" Ki Trenggilingwesi sansaya nesu "kana gek ndang lunga, sumingkir saka kene, aja gawe nesuku neng kene, nek nganti ilang sabarku, cilaka kowe mengko".

"Emoh Ki" Marga wangsulan"aku ora arep lunga saka cedhak ndika, merga aku ngeman ndika supaya ndika ngregani kaluwihan sing ndika duweni, ora mung merga nesu banjur ndika lali yen ndika iku tenane wong sing sekti mandraguna".

"Karepmu piye he?" Ki Trenggilingwesi sansaya banter nggone nggetak.

"Remeh Ki, nek Ki Trenggilingwesi mungsuh prajurit rucah, nek nyata perwira ya golek mungsuh sing babag, dadi nek menang ya marem nek kalah ora kewirangan" Marga wangsulan karo mesam-mesem.

"Kowe aja ngawur, wong Mataram kuwi ora ana sing nduweni kadigdayan sing pantes dipamerne. Kabeh padha, kaluwihane ya mung sak prajurit sing ora sida mati tak kepel ndhase mau. Neng palagan iki, nek aku ora oleh mungsuhi prajurit-ptajurit sing ana kuwi, banjur kon mungsuh sapa he?"

"Yen miturut nDika, prajurit Mataram ora ana sing bobote rada timbang karo ndika, piye yen nDika nyoba mungsuh aku?" Marga takon. nawani panantang marang Ki Trenggilingwesi.

"Pie? Kowe nantang aku?" Ki Trenggilingwesi kaya arep mbledhos saking nesune "tak turuti panantangmu, sajroning limang jurus, kowe isih bisa ngadeg kaya saiki kuwi, luwung aku meguru marang kowe".

"Tenan kuwi Ki?" wangsulane Marga karo nyilakne jarite memburi tata-tata kanggo kerengan "bagus!, tak wujudi ujarmu Ki Trenggilingwesi".

Ora wangsulan maneh Ki Trenggilingwesi tata-tata arep nglabrak Marga. Kuda-kudane dikuwati, siap nampani dugangan utawa jotosan saka Marga sing dianggep bocah cilik ora duwe kekuwatan apa-apa. Nanging Marga ora enggal aweh serangan, malah karo melat-melet ngece, mbaleni panantange :

"Ayo Ki Trenggilingwesi, aku kepengin nyoba kacepetaning solahmu kaya pas nyengkiwing prajurit Mataram sing lagi ora migatekne ndika mau lho, bisa apa gak ndika nyengkiwing aku".

Ki Trenggilingwesi rumangsa yen temen-temen wis diremehne dening Marga, karo ngetokne ambegan liwat irunge sing krasa panas merga saking nesune, Ki Trenggilingwesi  ngobahne tangane sing ora obahe kaya ora kena disawang mripat merga saking cepete arep nyengkerem pundhake Marga sing sisih kiwa. Nanging pranyata Marga luwoih cepet anggone ngobahne awake, mung karo miring nisih sethithik wae, cengkeremane Ki Trenggilingwesi bisa diendhani. Ki Trenggilingwesi ora ngira yen Marga isih bisa endha, ora gantalan wektu genti tangane sing kiwa obah, karepe arep nyudukne driji-drijine menyang igane Marga. Marga ora kober endha, nanging tangane banjur kumlawe, sing tengen nyilakne tangane Ki Trenggilingwesi mengiwa, sing kiwa ngirimne kepelan disurungne menyang dhadha. Ki trenggilingwesi kaget, panyuduke mrucut malah dhadhane kena surung kepelane Marga. nadyan ora banter surungane Marga kuwawa ngundurne Ki Trenggilingwesi memburi kira-kira telung jangkah. Marga dhewe ora obah saka panggonan ngadege sakawit.

"Ayo Ki Trenggilingwesi, sing tenanan ngono lho" Marga isih kober alok karo nata kuda-kudane "emoh aku nek ndika mung glopa-glape ngono kuwi".

"Keparat" Ki Trenggilingwesi nggereng , wong kuwi banjur duwe gagasan kepengin ngrubuhne Marga sajroning wektu sing ora suwe. Tangane dikepelne tenaga njero wiwit dipapanake, maju sajangkah banjur ngobahne sikile diarahne menyang lambunge mungsuh. Marga prayitna, panyadhuke Ki Trenggilingwesi ora niyat diendhani, merga kepengin ngukur sepira kekuwataning mungsuh tangane ditekuk, sadhukane Ki Trenggilingwesi ditadhahi nganggo sikut. Ana kekuwatan loro sing tempuk, Marga kesurung memburi kira-kira telung jangkah, Ki Trenggilingwesi rada banter mental memburi telung jangkah banjur ngadege dadi sempoyongan. Ki trenggilingwesi lagi ngerti yen sing diadhepi iki dudu salumrahe bocah, nanging bocah sing duwe kekuawatan sing bisa ngundurne panyadhuke. Kesurung rasa nesu Ki Trenggilingwesi wis ilang pepenginane nggone arep ngepek murid marang Marga sing mau disawang minangka bebakalan sing becik. Danyang Pundhen Grojogan Kaligedhe kuwi wis ora tidha-tidha maneh, wis ora nganggo pangeman apa-apa niyate kepengin enggal bisa ngrampungi mungsuhe.

 

ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (41)

 

GAMBAR NYOMOT ADEGAN
PERANG KETHOPRAK SISWO BUDOYO



SENDHANG MUSTIKANING WARIH III

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

41

Karo mlaku, sadalan-dalan pepanthan-pepanthan barisan saka Jatipethuk kuwi padha gawe pangeram-eram, maerake kabisan lan kaluwihan sing diduweni, kanggo aweh weruh marang padha rowange sing beda asal-usule, yen pepanthane kuwi sing luwih pinunjul ing reh kanuragan.  Kang mangkono iku uga dingerteni dening Raden Sentani sing banjur nduweni pangarep-arep supaya ing mengko wayah tempuking gawe kabeh wadya balane bisa nuduhne kaluwihan-kaluwihane ora mung marang kanca rowange wae, nanging uga marang mungsuh sing arep disirnakne.

Kanggo nuduhne kaprawiran lan kanggo gregeting para prajurite, baisan saka Jatipethuk kuwi uga dikumpliti mawa uba rampening jurit, bendhe, gong, beri , keteg lan sapiturute uga wiwit keprungu minangka tengara,  panji-panji, duwaja, genderaning para Senapati katon kumlebat  kaya nutup-nutupana langit

Prajurit sandi Mataram sing luwih dhisik weruh yen barisan sing dianggep wadya kraman, tumuli aweh kabar marang Pangeran Singasari kang mapan ing pernah sirahing Garudha ing barisan kang ngetrepake gelar Garudha Nglayang kuwi. Kabar saka Prajurit Sandi kuwi ora gantalan wektu uga wis disebarne marang para-para tetindhihing paepanthan Prajurit,eing ngenggoni ing suwiwi kanan, suwiwi kering sarta buntuting Garudha.  Kanggo netepi kaprawiraning jurit lan kawibawaning negara, Pangeran Singasari aweh sasmita marang Tumenggung Jaya Kartika sing ngenggoni cucuking jurit supaya maju luwih dhisik mapagne barisaning mungsuh. Tumenggung Jaya Kartika tumuli ngajak kanca loro mlayu mengarep luwih dhisik, kira-kira let rong puluh dhepa ndhisiki barisane. Raden Sentani kang weruh yen ana wong telu saka barisan Mataram ndhisiki laku uga wis tanggap mungguh karepe wong telu sing ndhisiki kanca-kancane kuwi. Ora kesuwen, banjur mrentah Raden Buntas supaya nimbangi lekase barisan Mataram kuwi. Raden Buntas uga ngajak kancane loro, mlayu mengarep mapagne Tumenggung Jaya Kartika lan kancane loro.

"Mandheg dhisik Kisanak" aloke Raden Buntas sawuse adhep-adhepan karo Tumenggung Jaya Kartika "ndika iki sapa lan iki barisan Prajurit saka ngendi, mengku karep apa dene ngambah laladan Jatipethuk kene?".

"Sawalike Ki Sanak" Tumenggung Jaya Kartika wangsulan "ndika kuwi sapa? lan barisan sing kumplit klawan gegamaning prang, mapagne lakuku iki prajurit saka ngendi lan mengku karep apa ngadhang lakune barisanku?".

"Lumuh ngaku luwih dhisik dumeh iki ing tengahing dalan, ya tak kalahi, ditepungake wae aku Raden Buntas abdine Gustiku Raden Sentani sing duwe wewenang mangreh Tanah Jawa kang satuhune, barisan sing ana mburiku iki Prajurit Trah Majaphit sing kajibah njaga katentremaning Kademangan Jatipethuk, papan kanggo masanggrahe Gustiku Raden Sentani. Ayo saiki genti ngakuwa, wangsulana pitakonku sing wis tak sebutne ing ngarep mau".

"Lancang banget ucapmu Raden Buntas" wangsulane Tumenggung Jaya Kartika  "ora ana ing jagad iki sing duwe wewenang mangreh Tanah Jawa kejaba pepundhenku Kanjeng Panembahan Senapati Kang Jumeneng ing Mataram, yen ana manungsa kumawani ngaku-aku minangka pangreh tanah Jawa, ateges kuwi manungsa sing ora tata, wajib dirangket lan nampa pidanane ratu, sumurupa aku sing jeneng Tumenggung Jaya Kartika sing wis nampa purba lan wasesaning Ratu Mataram, dina iki uga aweh prentah marang kowe kandhakna marang Sentani supaya njabel pangakune minangka pangreh tanah Jawa, sarta gawanen mrene manungsa sing jeneng Sentani kuwi, yen gelem njabel pangakune lan ngakoni lupute banjur mbalik nglakoni urip kaya sadurunge,  mangka bakal tak paringake Pangapurane Kanjeng Panembahan Senapati marang dheweke".

"Kuwi nek panemune wong keblinger" wangsulane Raden Buntas  "Sing kudune nyekel panguwasa Tanah Jawa iki Trahing Ratu Majapahit, dudu Sutawijaya sing turune wong tani saka Desa Sela kuwi. Saiki tak walik, nek kowe kepengin slamet gulungana genderamu, bongkoken gegamanmu, banjur baliya menyang Mataram. Mumpung Raden Sentani isih gedhe pangapurane marang wong bodho sing kena diapusi Sutawijaya".

"Yen ngono kowe niyat arep ngajak pasulayan?" panyaute Tumenggung Jaya Kartika karo masang kuda-kuda "majuwa mrene leganing atiku, tak ladeni sagendhingmu".

Raden Buntas wis ora semaur maneh, mung sikile ditekuk munggah banjur disusul nyadhuk mengarep ngarah wetenge Tumenggung Jaya Kartika. Nanging Tumenggung Jaya Kartika luwih prayitna, panyadhuke Raden Buntas ditadhahi karo dhengkul sing diumbulne mendhuwur sing diapit tangan loro sing dikepelne. Tempuking kekuwatan antarane sing nyadhuk karo sing nadhahi, ndadekne kekarone padha-padha bisa ngrasakne kekuwataning mungsuhe. Nadyan ora kesurung mundur nanging kuda-kudane Tumenggung Jaya kartika klakon ambyar. Suwalike, Raden Buntas kontal memburi telung jangkah, sempoyongan meh tiba.  Wong loro kuwi banjur padha nata dhiri, siyaga nyerang lan nangkis dhewe-dhewe.

Sauntara iku weruh cucuking jurite wis padha ngunggar kekuwatan, Barisan saka Mataram lan Barisan saka Jatipethukpadha majune, ora suwe banjur wiwit campuh rebut urip karo musuhe dhewe-dhewe. Perang antarane barisan loro kuwi dadi rame. Suwara pedhang sing tempuk padha pedhang, tameng kang nadhahi tumibane tumbak, disusul suwara sambat lan jerit campuh dadi siji. Ora mung para prajurit rucah sing ngangseg manju mengarep golek mungsuh, nanging para senapati perang saka barisan loro kuwi uga padha maju milih mungsuh dhewe-dhewe. 

Ki Trenggilingwesi sing weruh yen Raden Buntas wis ngadhepi Senapati Tumenggung Jaya Kartika, banjur genti nyawang pernahe prajurit Mataram, ngulat-ulati endi sing sajake pantes dadi mungsuhe. Ki Trenggilingwesi mloka-mlaku karo nguwasi prajurit eucah sing padha repot ngadhepi mungsuhe, dumadakan Danyang Pundhen Grojogan Kaligedhe kuwi weruh ana prajurit saka Jatipethuk sing uga andhahane dhewe katon kaseser ngladeni prajurit Mataram, malah ketoke wis tanpa daya, pedhang sing dicekeli mencelat ucul saka tangan nalilane kanggo nangkis panyabete mungsuh, lan nalika pucuk pedhange Prajurit Mataram arep disudukne jantunge prajurit Grojogan Kaligedhe kuwi mung bisa pasrah karo ngeremne mripate. Trengginas Ki Trenggilingwesi, pas pedhange prajurit Mataram kuwi kurang sakecu saka dhadhane prajurit Grojogan Kaligedhe, tangane kiwa Ki Trenggilingwesi kuwi nampel pedhang sing meh wae nunjem dhadha, sakal pedhang kuwi mencelat, ucul saka gegemane prajurit Mataram. Durung ilang anggone kaget, gulon klambine prajurit Mataram kuwi wis dicengkiwing Ki Trenggilingwesi, diangkat mendhuwur banjur kepelane Ki Trenggilingwesi diarahne menyang bathuke Prajurit Mataram sing ora sida mateni mungsuhe kuwi. Prajurit sing ngrasa apes kuwi wis ngira nek sedhela maneh sirahe mesthi remuk ketiban kepelan sing gedhene sak klapa srumbatan kuwi. Mripate diremne, ing angen-angene kumlebat wewayangane bojone sing lagi ngadeg neng ngarep lawang karo nggendhong anake sing lagi umur telung lapan, ngenteni baline sing lagi budhal perang. Alon-alon prajurit kuwi ngobahne lambe, pamitan marang anak bojone, ngabari yen ora bisa bali, katut dadi wadaling perang .  Nanging padha karo nasibe prajurit Grojogan Kaligedhe sing ora sida jebol dhadhane mau, dumadakan Ki Trenggilingwesi murungne nggone arep nibakne kepelan, lempenge kiwa krasa ana sing nyenggol rada ngeget ndadekne kaget, anggone nyengkiwing prajurit Mataram sing wis pasrah kuwi ucul. Sing dicengkiwing tiba neng lemah memburi, mripate Ki Trenggilingwesi jlalatan nggoleki sing nyenggol lempenge. Ora ana wong ing sacedhake kajaba bocah nom-noman bagus sing nyawang dheweke karo mesem sajak nggregetake. Nitik sandhang panganggone bocah nom kuwi genah nek dudu prajurit.

"Kaget ta Kyai?" bocah nom-noman kuwi takon karo mesem. Ki  Trenggilingwesi sing wis digawe kagol kuwi misuh karo nyauri :

"Keparat, sapa kowe he? wani njarag Ki Trenggilingwesi ing tengahing paprangan?".

"Ooo, dadi ndika ta sing jeneng Trenggilingwesi kuwi?" Bocah nom-noman kuwi takon karo ngguyu lirih, banjur disusul wangsulan "nyuwun pangapura Ki Trenggilingwesi, jenengku Marga cantrik Padhepokan Banyugurih, siswane Ki Guru Sukirna".

 

ana candhake.


Kamis, 17 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (40)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

40

Sauntara kuwi sing ana Jatipethuk, ing Pendhapa Kademangan Ki Sukirdi lagi rerembugan karo Raden Sentani, Ki Trenggilingwesi, Ki Banjaran saka Gunungrambut, Ki Bantarangin saka Putatsanga lan Raden Buntas saka Kedhungtuwung. Kajaba Ki Sukirdi, Ki Trenggilingwesi lan Raden Sentani wong-wong kuwi kabeh lagi wingi sore tekane ing Kademangan Jatipethuk kono. Ki Banjaran nganthi  murid-muroid lan andhahane cacah pitung puluh, disuhi dening Wirasekti karo Pothetwana, murid kapracayane Ki Banjaran. Loro-lorone kuwi wis kondhang kaloka minangka benggolane para kecu ing laladan alas brang lor.  Ki Bantarangin ditutne murid lan andhahane cacah sewidak loro, sing dadi minangka tetindhihe aran Gilar sing kondhang ing laladan Putatsanga minangka tetuwane para brandhal. Raden Buntas sing kabare isih trahe Patih Anumerda, pepatihe Prabu Girindrawardana teka ing Jatipethuk karo nggawa turunane pandherek kepatihan, cacah patangpuluh sanga.

"Dadi kekuwatane Trah Majapahit iki wis kliwat saka wong patang atus" kandhane Raden Sentani "nanging tak kira cacah samono kuwi durung kuwat kanggo ngrangsang menyang Mataram".

"Mila leres Raden" Ki Trenggilingwesi nanggapi rembug "awakipun piyambak sampun kesesa ngrangsang dhateng Kutha Gedhe rumiyin, nanging kedah nengga mlempakipun kekiyatan ingkang dereng dugi".

"Nanging, yen kesuwen nggone nganggur bocah-bocahku sing saka Gunungrambut kuwi  selak ora betah Ki Trenggilingwesi" Ki Bantaran nyauti rembuge Ki Trenggilingwesi "awit bocah-bocahku wis kulina  ora tau leren suwe-suwe".

"Sami kaliyan lare-lare kula Ki" Ki Bantarangin numpangi rembug  "malah kula kuwatos menawi kedangon anggenipun nganggur, saged mitunani, awit boten mokal lajeng gampil salah tampa sasaminining rowang nanging asalipun boten sami".

"Kados pundi punika Gusti Raden Sentani?" Raden Buntas matur marang Raden Sentani minangka pangarsane Trah Majapahit  "ingkang dipun ngendikakaken Ki Banjaran miwah Ki Bantarangin punika sakalangkung leres, kajawi saking punika boten ateges kula ngremehaken kathahing pasadiyan tedha ingkang kacawisaken, nanging boten dangu malih pasadhiyan tedha punika tartamtu sansaya nipis sarta menawi njagakaken pados-pados kados ingkang dipun lampahi dening kanca-kanca saking Grojogan Kaligedhe lan Ngancar punika, kula kinten inggih boten badhe nyekapi, awit cacahipun tiyang ingkang saged dipun kampak punika inggih sansaya telas".

Raden Sentani mesem krungu tembunge wong-wong kuwi kabeh, banjur kandhane :

"Kabeh sing ndika ngendikakake iku ora ana sing luput lan bener kabeh. Pancen sadurunge nDika padha rawuh aku wis nata gagasan, gaweyan apa sing kudu ditandangi sadurunge awake dhewe duwe kekuwatan sing cukup kanggo njebol betenge Mataram lan nggantung Sutawijaya lan anthek-antheke ing alun-alun".

Raden Sentani leren sedhela, panyawange genti-genten diarahne marang sing diajak rembugan kabeh. Ki Banjaran, Ki Bantarangin, Raden Buntas lan Ki Trenggilingwesi ora ana sing semaur, mung mripate kabeh tumuju marang Raden Sentani, ngenteni tutuge tembung.

"Gagasan sing tak temu mangkene" sawuse ora ana sing semaur Raden Sentani mbacutake rembuge "kanggo ngelongi kekuwatane Mataram, ngiras pantes kanggo nambah sangune perang. Para kadang arep tak ajak luwih dhisik ngebroki Kademangan-kademangan sing ana sakiwa tengene Kademangan Jatipethuk kene, sokur yen para Demang sing diparani kuwi mengko gelem nungkul sarananing aris, lire gelem diajak manunggal ing barisane Trah Majapahit kaya Kademangan Jatipethuk iki, dene sing ora gelem nungkul tak kira awake dhewe ora bakal kangelan nguwasni kademangan-kademangan mau sarana kekuwataning perang. Kepriye panemu nDika kabeh karo gagasanku iki?".

Kabeh sing ana pendhapa Kademangan Jatipethuk kuwi padha manthuk-manthuk tandha yen mathuk karo gagasan sing diudhal dening Raden Sentani.

"Lha kanggo gladhen lan kanggo nuwuhake gregete para prajurit" Raden Sentani nerusne omong "sesuk kuwi tak njak miwiti mbedhah Padhepokan Banyugurih sing disuhi dening Guru Sukirna, sedulur tuwane Ki Demang Jatipethuk dhewe, nanging dheweke gemang manunggal karo Trah Majapahit lan sajake isih setya dadi gedibale Sutawijaya. Satemene nggonku kepengin ngrabasa Banyugurih lan mikut Guru Sukirna kuwi rada sauntara, nanging banjur tak endhe-endhe ngenteni wektu sing becik, lha iki sing ndadekne aku rada kuciwa Lurah Sugali siswa pinercayane Ki Trenggilingwesi malah dolan lan nganti saiki durung bali. mBuh parane. Mula sesuk kuwi, kapeksa ora ngenteni baline Lurah Sugali para sedulur tak suwun mbudhalne prajurite menyang Banyugurih. Ora perlu awake dhewe sing tumandang, cukup bocah-bocah cacah satus wae tak kira wis bisa ngebroki Padhepokan lan nguwasani kabeh isen-isene".

Krungu rembuge Raden Sentani sing mangkono iku, wong-wong sapendhapa padha katon sumunar guwayane, mratandhani seneng sajroning atine. Nanging dumadakan Raden Sentani dadi rada kaget nalika Anggada prajirit gawan saka Ngancar, munggah pendhapa sajak kesusu lan katon yen lagi nemoni perkara sing banget wigati sing perlu age-age dilapurne.

"Ana apa Anggada?" tanpa sranta Raden Sentani nakoni wong pinercayane kuwi.

"Ketiwasan Gusti" Anggada matur sajak wedi "wonten Prajurit sagelar sepapan tumuju mriki, samangke sampun meh dugi tapel wates antawisipun Padhukuhan Krajan kaliyan Banyugerih, Menawi nitik panji-panji saha rontek lan umbul-umbulipun kadose ingkang dugi punika Barisan saking Mataram".

"Saka Mataram?" Raden Sentani katon nek kaget "yen ngono wis ana wong Jatipethuk kene sing wadul menyang Sutawijaya. Kira-kira cacahe prajurit Mataram pira Anggada?"

"Kinten-kinten menawi kalih atusan Gusti" wangsulane Anggada.

"Bagus, wis tak tampa lapuranmu"

Anggada manthuk kurmat, karo nyembah banjur mundur mudhun saka pendhapa.

"Menawi namung samanten cacahing tiyang Mataram, kula kinten cekap dipun pethukaken kaliyan Prajurit saking Grojogan Kaligedhe lan Ngancar kemawon Gusti" sadurunge Raden Sentani ngucap apa-apa Ki Trenggilingwesi ndhisiki matur.

"Kula kinten makaten ugi prayogi Bapa" wangsulane Raden Sentani "ketingalipun Mataram dereng ngertos kekiyatanipun Jatipethuk lan sajak namung ngintunaken prajurit rucah ingkang boten sepinten cacahe".

"Nanging kula nggih kepengin sumerep kados napa kridhane sing jare prajurit Mataram niku Gusti" Ki Banjaran nyauti rembug "kula nyuwun palilah supados lare-lare kula tumut majeng mapag barisan saking Mataram niku".

"Nuwun sewu Gusti" Ki Bantarangin numpangi rembug "kangge nambahi gregetipun lare-lare saking Putatsanga, kula nggih nyuwun supados lare-lare kula dipun keparengaken ngangge dolanan bregejil-bregejilipun Sutawijaya punika".

"Menawi saged dipun rampungaken kanthi cepet, kenging punapa ndadak dipun endhe-endhe GustI?" Raden Buntas melu udhu rembug "kula kinten langkung prayogi sedaya prajurit lan senapati ing Jatipethuk punika dipun bidhalaken sedaya, mangke badhe ketingal bilih estunipun Mataram punika boten wonten napa-napane yen dibandhingaken kaliyan Trah Majapahit. Kanthi makaten badhe kathah Adipati mandhapipun para Demang ingkang samangke taksih mangayom dhateng Mataram, badhe malik tingal lajeng sami pados wilujeng, ngalih ndherek manunggal kaliyan Gusti kula Raden Sentani".

Raden Sentani manthuk-manthuk, sajak mathuk karo panemune wong-wong sekti sing ana pendhapa kuwi.  Wasana klawan cetha , Raden Sentani banjur kandha semu nibakne parentah :

"Kula sakalangkung mathuk kaliyan pamanggihipun sadaya kadang, awit saking punika mangga dhatengipun barisan saking Mataram punika dipun pethukaken sareng-sareng.  Kula piyambak ingkang madeg minangka tetindhih, panjawat kanan kula pasrahaken dhateng Ki Banjaran, panjawat kering kula pasrahaken Ki Bantarangin. Adhimas Buntas lan Ki Trenggilingwesi minangka tetameng saha cucuking pabarisan".

"Sendika ngestokaken dhawuh" kabeh sing ana kono bareng wangsulan.

Ora suwe rerembugan ing pendhapa kuwi bubar, kabeh banjur padha tata-tata mapagne tekane barisan sagelar sepapan saka Mataram. Arepa dikaya ngapa, ing antarane Ki Banjaran, Ki Trenggilingwesi, Ki Bantarangin lan Raden Buntas, kabeh kepengin nuduhake marang Raden Sentani lan kabeh wadya balane, yen sing paling kena dijagakne butuh, ora ana liya kajaba prajurit-prajurit sing digawa dhewe-dhewe.

 

ana candhake.


Rabu, 16 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (39)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

39

Sugali nyawang Sontrot sajak ora percaya, amerga kena diarani mokal yen bocah lagi meguru lan sinau kanuragan kok wis nduweni kadigdayan sing ngdab-edabi. Ora mbutuhne wektu sapajagongan, wis bisa gawe dheweke rubuh tanpa daya. Nanging, yen ngelingi bocah loro kuwi, kaya sing dikandhakne nek isih putune mBah Jenggotarang, lelembut sing mbaureksa Sendhang Teleng, ya ana empere. Nanging, kanggo apa Rangga lan Marga meguru lan ajar Kanuragan ing Padhepokan cilik kaya ngene iki yen wis nduweni kaluwihan sing ngedab-edabi ngono kuwi?.

"Mengko dhisik, kowe kok bisa ngomong yen Marga lan Rangga kowe Cantrik anyaran neng kene, sing ngomongi kowe sapa?" timbang bingung dhewe Sugali banjur takon marang Sontrot.

"Wau enjing, wonten malih pandhereke Gusti Raden Sentani dugi mriki, cacah gangsal, sami didamel bengeb praupane kalih Rangga lan Marga, criyose merga ngganggu anggenipun lare kalih niku matun gaga teng tegilan, nggih tiyang gangsal nilku sing nyanjangi kula nek lare kalih nika Cantrik Anyaran" wangsulane Sontrot.

"Piye? Ana maneh pandhereke Gusti Raden Sentani sing digawe lumpuh, banjur ditambani neng kene? Bocah lima, sapa wae kuwi?" Sugali takon karo sajak ora seneng atine.

"Sing kula ngertos jenenge namung setunggal Giras, lintune kula boten apal jenenge, niku tiyang-tiyang saking Ngancar. Dening Gusti Raden Sentani, Giras sakancane didhawuhi damel kekes saha ajrihe Ki Guru Sukirna lan para cantrike, nembe ajeng ngajrih-ajrihi mpun ketanggor kalih cantrik sing dereng genep tigang sasi meguru teng mriki lajeng diajar ngantos boten saged ngadeg" Sontrot wangsulan karo sajak wedi merga mripate Sugali wiwit mentheleng.

Sugali ora omong maneh, mung bathuke banjur ketok pating jengkerut mretnadhani nek olehe mikir sansaya krasa luwih ruwet. Sontrot pamitan arep bali awor kancane nglakoni laku patobatan, amerga mau olehe ninggalne kanca-kancane sebab Sontrot kepengin mbuwang banyu neng pakiwan. Baline weruh lurahe lagi lungguh neng lincak banjur dicedhaki lan banjur omong-omongan. Sugali dipamiti Sontrot mung wangsulan karo manthuk thok, ora nyuwara apa-apa. Lurah Prajurit andhahane Raden Sentani kuwi ora leren-leren anggone mikir, apa sing kudu ditindakne sawuse awake krasa penak iki.

"Ah, ora!" tanpa krasa Sugali ngomong dhewe. Lambene mbantah pangajake ati supaya manunggal karo Ki Guru Sukirna, ninggalne Raden Sentani. Amarga wis katon nyata yen Ki Guru Sukirna kuwi ngajak marang kabecikan, mulang muruk para cantrik supaya nyebarne kabecikan kanggo karahayoning wong akeh. Nanging saka ati sing sasisih ana suwara :

"Uripku biyen sing menehi Ki Trenggilingwesi, cilik digedhekne, bodho dipinterne, diwarahi carane urip lan dituntun supaya tetep bisa urip, Ki Trenggilingwesi ngajak lan mrentah supaya manunggal karo Raden Sentani kanggo nggayuh urip sing luwih becik, kanggo nggayuh kaluhuraning drajat dimen luwih kajen lan kineringan dening sapepadhaning uwong. Raden Sentani ya wis nyaguhi, yen Ki Guru Sukirna bisa kapikut, aku bakal sing nggenteni kalungguhane nglurahi Padhepokan iki sarta nguwasani kabeh kas-kayane Padhepokan, Pekarangan, Pategalan lan sawah-sawahe. Aku ora kena gampang kegodha. Aku Sugali, muride Ki Trenggilingwesi, andhahane Raden Sentani, mbuh carane aku kudu bisa mbudidaya urip sing mukti wibawa".

"Nanging uripku kuwi kudune wis cuthel neng Gisiking Sendhang Teleng" ana suwara liya ing jero atine, "uripku sing keri iki sing menehi Ki Guru Sukirna lan Cantrik-cantrike. Nalikane aku ora eling apa-apa , njebabah ndhepani lemah neng cedhak Sendhang Teleng, upama ora dikukup awit prentahe Rangga lan Marga supaya digawa menyang Padhepokan Banyugurih kene kianggo ditambani, aku mesthi wis mati neng kana, mbuh merga dadi mangsane kewan galak, mbuh merga loiyane. Dadi urip paweweh saka Ki Trenggilingwesi kuwi wis entek, saiki kudu nyoba urip nganggo cara uripe sing nyambung umurku, yaiku Ki Guru Sukirna lan cantrik-cantrike".

"Apa?" suwara ati sing dhisik mau keprungu maneh "Kowe arep nyoba urip kaya cantrik-cantrik kuwi? Apa entuk-entukanmu mengko? dadi cantrik? banjur yen Ki Guru Sukirna wis kepikut dening Raden Sentani, kowe dikatutne dosane dicacah ragamu kanggo pakan ula? banjur dening Ki Trenggilingwesi kowe ditambahi pasiksan merga kowe wis nyidrani kasetyan marang panjenengane? Gelem kowe Sugali?".

"Ah, apa ya klakon Raden Sentani bisa mikut Ki Guru Sukirna? eling Sugali, lagi cantrike sing durung suwe nyecep ngilmu kanuragan wae wis bisa nglumpuhne kowe sakkancamu sajroning wektu kurang saka sapanginang lho?. Bisa - bisa malah mengko Raden Sentani lan Ki Trenggilingwesi sarta kabeh srayane bakal teluk lan nyantrik neng kene, kajaba kowe yen sida mbalik melu Raden Sentani,  kowe bakal katon cetha yen ora kena dipercaya lan ora weruh ing kabecikan, kowe bakal disingkirne Sugali, merga ora ana papan neng donya iki sing pantes dipanggoni dening wong sing ora kena dipercaya!" suwara iki bali dumeling neng angen-angene Sugali maneh.

Sugali sansaya jibeg. Suwara-suwara kuwi ora leren padha padu ing sajroning angen-angen lan pikirane. Sugali ngrasakne kesel, tangane loro pisan ditutupne kupinge, nanging suwara-suwara kuwi tetep keprungu, malah sansaya cetha ing pangrunguning batine. Nganti banjur teka suwara anyar sing keprungu alus mlebu pangrungoning nalare :

"Aja kaya wong bodho Sugali, urip iki uripmu dhewe, uripmu dudu uripe Raden Sentani, dudu uripe Ki Trenggilingwesi uga dudu uripe Ki Guru Sukirna. Ana apa-apane wong-wong kuwi melu ngrasakne. Sing bisa ngrasakne ya kowe dhewe, tinimbang kowe bingung milih, becik ngetutna ilining banyu lan parane angin. Aja gumantung marang wong liya, nanging gunakne wong liya kuwi kanggo nyukupi butuhmu dhewe. Wis bener nalika Ki Trenggilingwesi bisa nguripi kowe, kowe manut dheweke, nalika Sentani murakabi tumrap uripmu ora luput kowe nggugu sing dikarepne samono uga nalika Sukirna tumindak murih becike ragamu, kuwi ya kudu kok enut. Nanging, kowe kudu pinter aja pisan-pisan kowe mati merga Trenggilingwesi, Sentani apa dene Sukirna kosok baline kowe aja pisan-pisan susah merga matine wong-wong kuwi, luwih-luwih yen matine wong-wong kuwi, ndadekne tekane kabegjanmu".

Sugali mesem. Atine nicil ayem.

Dina candhake, Pangeran Singasari minangka Senapati Agung Mataram sing masanggrah ing Banyugurih, isih repet-repet parak esuk wis mrintahne supaya Prajurit Mataram ninggalne Pasanggrahan budhal menyang Jatipethuk arep mikut Raden Sentani kang wis dianggep luput merga niyat mbalela ing ratu. Kaya padatan prajurit Mataram kuwi kapantha-pantha dadi pirang-pirang barisan nut lan kaluwihan sing diduweni dhewe-dhewe. Ana barisan sing gegamane Tumbak, ana sing gegamane pedhang, gada lan sapiturute. Kajaba Senapati Agung, uga akeh Senapati sing ngesuhi pepanthaning prajurit, lan ana Senapati sing ngesuhi para Senapati. Kabeh dikumpliti karo dwaja, rontek lan umbul-umbul sing maneja warna rupane. Gendera Gula Klapa katon kapanjer dhuwur kaya-kaya aweh pangayoman marang sakehing Prajurit Mataram sing pasang gelar Garudha Nglayang .

Para pangarepe pepanthan Cantrik bareng ngerti yen Prajurit Mataram wis dibudhalake uga banjur nata andhahane dhewe-dhewe. Sawise tumata Ki Guru Sukirna uga banjur aweh prentah supaya barisane para Cantrik budhal mlaku rada adoh manggon ing mburine barisan Mataram. Sanadyan tata gelar barisan Cantrik saka Banyugurih iki mung dadi pandhereke barisan Prajurit Mataram, nanging dening Rangga barisan cantrik iki diprayogakne gawe gelar dhewe. Rangga mrayogakne supaya barisan cantrik nganggo gelar Glathik Neba, perlune luwih longgar nggone obah lan ora dianggep ngganggu tataning baris prajurit Mataram sing dieloni. Rangga lan Marga sing dening Ki Guru Sukirna luwih dipercaya bisa mungkasi karya kuwi, pancen nduweni karep anggone mrayogakne para cantrik pasang gelar Glathik Neba iku murih anane Rangga lan Marga ora gampang bisa diweruhi dening Prajurit Mataram sing wis tepung marang bocah loro kuwi, luwih-luwih dening Pangeran Singasari.

 

ana candhake.

 

 

 

 

Selasa, 15 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (38)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

38

Bengi kuwi kabeh Cantrik mlumpuk neng Pendhapa, Ki Guru Sukirna nekakne kabar sing ditampa saka Ki Suyudi sing digathukne karo kabar sadurunge sing digawa andhahane Raden Sentani sing kena ditelukne Rangga lan Marga nalika kerengan ing pategalan gaga. Kira-kira telung pasar kapungkur pancen Ki Guru Sukirna pancen wis ngandhani kabeh cantrike yen Sentani lan Ki Sukirdi wis nyawiji arep ngrabasa Padhepokan Banyugurih, nanging wektu kuwi kapan dinane durung cetha. Samengko adhedhasar kabar saka Ki Suyudi lan andhahane Sentani sing wis teluk mau, dina anggone bakal ngrabasa Padhepokan wis cetha, saiku nek ora sesuk ya sesuke. Mula sepisan maneh Ki Guru Sukirna banjur nanting para cantrike :

"Kaya pitakonku sing wis tau tak ucapne, pitakon iki tak baleni, sapa bocah Cantrik sing wani notohake uripe kanggo mbelani Padhepokan Banyugurih iki?".

Tanpa semaur, kabeh Cantrik gedhe cilik padha ngacungake tangane dhewe-dhewe tandha lamun sumadiya ngurbanke nyawa kanggo ngadhepi mungsuh sing arep ngejeki Padhepokane. Para cantrik kuwi kabeh wis padha manteb tekade, tinimbang kudu meruhi Padhepokan sing banget ditresnani kuwi arep dikuwasani Sentani, aluwung mati dadi bebantening Padhepokan.

"Nyuwun Pangapunten Bapa Guru" dumadakan ana sawijining Cantrik, sing sasuwene iki pinercaya dening Ki Guru Sukirna minangka lurahing Padhepokan, sing kajaba ngacungake tangane uga guneman.

"Iya, piye Wignya?" Ki Guru Sukirna tumanggap.

"Estunipun wiwit Bapa Guru paring dhawuh bab pangincimipun Raden Sentani lumantar Ki Sukirdi kapengker, meh saben saben dinten para kadang Cantrik sami nambahi anggenipun gladhen ing reh kanuragan lan saben dinten sampun tata-tata, sawanci-wanci mengsah dumugi ugi sampun siaga ngadhepi. Malah kathah ingkang sami reraosan, tinimbang kedangon anggenipun ngrantos upami kadhawuhan nglurug dhateng Jatipethuk ugi sampun sawega ing gati" Lurah padhepokan sing jeneng Wignya kuwi mblakakne isen-isening atine para Cantrik.

"Sokur yen pancen mangkono Wignya" wangsulane Ki Guru Sukirna sabanjure "pancen dina sesuk kuwi, awake dhewe ora ngenteni tekane mungsuh, nanging mapagne tekane mungsuh. Dadi perang sesuk kuwi, aja nganti ngregedi Padhepokan Banyugurih kene. Sesuk para Cantrik kabeh tak parentahne supaya melu budhal ing palagan, ndherekne Barisan Prajurit Mataram sing dipandhegani dening Gusti Pangeran Singasari, sanadyan mangkono aja ana sing duwe pangira dumeh manggon ing mburi ora bakal kepethuk mungsuh, awit sing diadhepi iki wadya kraman sing julig, dadi aja pisan-pisan ana sing tinggal kaprayitnan".

"Dhawuhipun Bapa Guru badhe tansah kula sakanca estokaken".

"Wis samene dhisik, saiki padha tata-tataa sesuk, samangsa-mangsa krungu trompeting Prajurit Mataram sing saiki masanggrah ing  wewangunan anyar calon gothakane para Cantrik kae, barisane Cantrik siagakna kaya sing wis tak wulangake".

"Nuwun inggih sendika".

Sauntara iku, ing Gandhok Wetan Lurah Sugali lagi lungguh lincak sendhen cagak, nyawang mendhuwur laya lagi ngetung usuk.  Pikirane Sugali lagi nglangut ngumbara menyang ngendi-endi, selawase urip ora tau ngangen-angen nek arep manggon neng papan sing kaya ngono kuwi. Papan panggonane para nom-noman sing sing padha ngangsu kawruh kanggo sangu urip ing tembe mburi, urip neng donya ya urip sawise nglakoni mati. Neng kene Sugali krungu yen jarene uripe kabeh manungsa kuwi diatur karo Sing Maha Suci, sing wujude ora kena kinaya apa. Kamangka sasuwene iki sing diweruhi Sugali, sing diarani sesembahan kuwi ya sing wis aweh kamukten marang awake. Biyen sesembahane ora liya ya Ki Trenggilingwesi, sing saiki wis manggon neng alam kumara, wujude Kewan Trenggiling sing gedhene telung prangkulane manungsa, dene panembahe sarana manut miturut apa sing dadi kersane sing diliwatne marang Ki Sugiwang kang wis marisi asmane, ya Ki Trenggilingwesi sing saiki-iki. Saka Ki Trenggilingwesi Sugali wis nampa pirang-pirang kabisan sing ora disuweni manungsa liyane. Sesembahan sing kaping pindho yaiku Raden Sentani, sing jarene isih Trah Majapahit, sing miturut gurune Sugali ing tembe bakal nyekel panguwasa ing tanah jawa. Kajaba wis aweh kamukten sarta kalungguhan sing bisa diajeni dening sapepadhaning uwong, Raden Sentani uga wis paring tambahing kasekten lan kaluwihan marang dheweke.  Lha saiki, Sugali krungu yen sing diarani sesembahan kuwi mung siji, sing nguwasani sakehing jagad saisine, kamangka sing muni ngono kuwi ya durung nate weruh wujude sing disembah. Nanging Sugali teka gumun kepati-pati, ingatase durung weruh wujude sing disembah nanging sing padha nyembah anggone ngestokne dhawuhe tenanan banget, ora mandheg neng lahir nanging dilakoni tumekeng batin. Kaya upamane nalika dheweke takon marang salah sijine Cantrik sing nambani larane :

"Kisanak ya gene kowe gelem ngopeni aku? kamangka aku iki dudu apa-apamu, lan aku ora bakal bisa aweh piwales apa-apa marang ndika, nganti ndika rewangi ngrekasa melek nunggoni aku ing paturon, kamangka wong liyane enak-enak padha turu. Lan saupama ndika tinggal turu, ya ora bakal ana sing weruh, wong Ki Guru Sukirna ya ora ngerti. Apa pamrihmu kisanak?".

"Kula aturi ngertos nggih Ki Lurah" Cantrik kuwi wangsulan kanthi alus "anggen kula purun mbudidaya nambani ndika niki, boten karana ndika, boten ngarep-arep napa-napa saking ndika, ugi boten krana Bapa Guru, nanging niki kula lakoni minangka sarana kangge manembah dhateng Gusti Ingkang Maha Asih, Dzat Ingkang tansah mirsani sadaya mobah-musiking titah ing alam donya punika,  kula namung ngajeng-ajeng murih saged katampi panembah kula dhateng Panjenenganipun kemawon".

"Lha anggon ndika kepethuk karo Gusti Sing Maha Asih kuwi dhek kapan?"

"Gusti ingkang Maha Asih punika, Dzat ingkang boten kuwasa mripating manungsa nyumerepi  ing ngalam donya punika, sampun ta ngantos nyumerepi, ngentha-ngentha kados punapa kemawon boten badhe saged ketang saking Maha Agungipun. Sampun samangke prayogi Ki Lurah boten menggalih ingkang awrat-awrat rumiyin, langkung sae menawi kangge kendel murih enggal pulih kados wingi uni".

Nyuuuut, dumadakan Sugali eling marang dhawuhe sesembahane, ya Raden Sentani, yaiku yen wis teka titiwancine Sugali kaparentah supaya ngrangket lan ngendharat Ki Guru Sukirna lan kabeh cantrike, yen ana banggane Sugali uga wis diprentah supaya mateni sing padha bangga. Sugali uga dijanjeni yen Ki Guru Sukirna lan kabeh cantrike klakon dirangket, dheweke sing genti sing nglurahi Padhepokan Banyugurih iki lan nguwasani kabeh bandha-bandhane. Nanging kanyatane, saiki malah dheweke wis mapan ana Padhepokan Banyugurih, diopeni kanthi becik dening cantrik-cantrike Ki Guru Sukirna.

"Iya aku diopeni ana kene iki merga aku tau nandhang tatu sing rada abot nalika aku kerengan karo bocah sing jenenge Marga adhine Rangga, bocah loro kuwi ngaku yen putune Ki Jenggotarang dhanyang Sendhang Teleng. Banjur apa sambung rapete antarane Marga lan Rangga karo Ki Guru Sukirna lan Padhepokan Banyugurih iki?" Sugali nggagas lelakone.

"Nembe menggalih punapa Ki Lurah?" tanpa ngerti sangkan parane dumadakan Sontrot wis lungguh neng cedhake Sugali karo takon "sajake Ki Lurah empun pulih saestu?".

"Ora mikir apa-apa" wangsulane Sugali "bener kandhamu, aku wis ora ngrasakne lara babar pisan. Lha bocah-bocah padha neng ngendi kok ora ana sing katon?".

"Kanca-kanca nembe nindakaken dhawuhipun Ki Guru Sukirna".

"Dikonkong apa?".

"Nindakaken lampah patobatan, nyuwun pangapunten dhateng Gusti Ingkang Maha Asih".

"Apa lupute wong-wong mau kok ndadak kudu njaluk ngapura marang Gusti Sing Maha Asih kuwi?" Sugali takon .

"Kathah sanget Ki Lurah, kula boten saged nyriyosaken, mangke mawon nyuwun pirsa dhateng Ki Guru Sukirna piyambak" Sontrot wangsulan "ingkang kula eling namung setunggal, menawi kepengin lepas saking walatipun Ki Jenggotarang, kula sakanca kadhawuhan nyaket dhumateng Gusti Ingkang Maha Asih, ingkang ugi Gustinipun sadaya titah kalebet mBah Jenggotarang lan Dhanyang-dhanyang sanesipun".

"Oh, iya kelingan aku" Sugali ngomong semu rada kaget "Putune mBah Jenggotarang loro kae saiki apa wis bali menyang Sendhang Teleng?".

"Ooo, Rangga kaliyan Marga ta?" Sontrot wangsulan "lare kalih nika pranyata Cantrikipun Ki Guru Sukirna, dereng dangu anggenipun nyantrik ing Banyugurih mriki. Dados nggih boten wangsul saderenge anggenipun nyantrik tutug".

 

ana candhake.

 


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...