Total Tayangan Halaman

Selasa, 24 Agustus 2021

TEMBANG CEMPLANG (27)

 

dening: IMMIR

 

27.

Ing atine Andhik ana rasa cuwa, wis suwe aggone ngendhem rasa tresna marang Mur. Wis suwe tansah mbudidaya gawe senenge Mur. Ewa samono wis bola-bali kirim pesen nyang hape ne Mur, ora tau oleh wangsulan, diwaca wae ora. Lha kok iki dumadakan Mur wis rumangsa luput merga dijaluki nomer Hape dening Bu Kristin, kelalen ora enggal menehne. Malah banjur telepon asok kaluputan. Iki mesthi ana apa-apane, merga mau critane mBok Ti, Mur ora mung tepungan karo Bu Kristin thok, nanging uga kenalan karo anake lanang Bu Kristin sing jenenge Tanta.  Andhik ya wis weruh nek nom-noman sing jeneng Tanta kuwi pancen duwe pakulitan resik, kuning ngemu gtiring lan praupan sing bagus lan pawakan gagah. Mula Andhik banjur duwe pangira yen Mur wis kapencut marang Tanta anake Pak Suryadi Pegawe Kantor Samsat, lan Tanta mregawe dadi Mekanike Dealer Sepedha Motor. Luwih krasa kebranang rasane Andhik bareng Mur wis wani mangsuli omongane, klawan wangsulan dawa sing intine ora nggugu apa sing dadi omongane.

"Bener awakmu Mur" bareng rada suwe Andhik mung meneng ora nyauri omongane Mur, mBok Ti banjur omong "ora ana alane wong tetepungan karo sapa wae, luwih-luwih karo tangga cedhak kuwi genah nek apik. Bu Kristin kuwi neng lingkungan kene srawunge becik. Karo tangga ya ngajeni, ora mbedak-mbedakne pangkat lan drajat, ora nyawang sugih mlarate wong, kabeh dibeciki. Semono nuga karo kulawargane Bu Kristin, Pak Suryadi kuwi nek pethuk tanggane ajeg mesem kurmat, Tanta anake lanang sing mung siji thil kae wae ya ramah tur sopan. Dadi wis bener anggonmu nelepon Bu Kristin mau".

"Nek mung kenalan lumrah wae pancen kena diarani ora ana alane mBok" Marsana genti sing semaur "nanging sing diweruhi mBok Ti karo Mur perkara kulawargane Penjahit kuwi rak mung jabane wae. Jerohane padha durung weruhe ya apa ora?".

"Lha apik utawa orane wong kuwi rak dititik saka njabane ta Mar?" mBok Ti mangsuli "nek perkara jerohane ya embuh kuwi dudu urusanku, sing baku mungguhku nek wonge ketoke apik ya kudu disrawungi kanthi becik, nek wonge kenal wong wae geleme ora-ora, ya luwih becik disingkrihi".

"Lha sing dikuwatirne Andhik marang Mur kuwi kira-kira padha karo sing tak kuwatirne, bisa uga padha karo rasane kuwatire Pak Sadi apadene Singgih. Merga Mur kuwi karo wong-wong iki wis dudu wong liya maneh, nanging klebu batih dhewe" Marsana nyambungi kandhane.

"Nej bener Mas Andhik, Mas Marsana, Mas Singgih karo Om Sadi kuwi nguwatirne marang aku, sing dikuwatirne ing babagan apa Mas?" Mur gtenti takon.

"Ngene ya Mur" Singgih sing mangsuli "awakmu kuwi kena diarani durung duwe pengalaman sing cukup bab urip neng kutha gedhe ngene iki. Lire awakmu isih lugu, ngertine kabeh sarwa apik merga kok ukur karo awakmu dhewe, awakmu nganggep wong ki apik kabeh, ora gelem ngapusi ora gelem nyengsarakne wong liya, jujur lan liya-liyane, merga  kabeh wong kok padhakne karo awakmu dhewe. Kamangka wis akeh critane bocah ndesa sing lugu banjur dadi kurbane bocah kutha sing  lagak, lagu lan lageyane sagebyaran ketok apik nanging jebul ing walike ana watak, wantu lan sipat sing ora becik".

"Mengko dhisik Mas" Mur nugel rembuge Singgih "akeh bocah ndesa sing lugu dadi kurbane wong kutha kuwi ing babagan apa? nek kurbane rupa bandha donya genah nek mokal aku bisa dadi kurban, merga kajaba aku ora duwe apa-apa sing kena dikeret, kabeh pengasilanku tak aturi nyimpen Ibuk-e, saben sasi aku mung diparingi cathetan pita dhuwitku sing disinggahne Ibuk-e neng Bank, dadi sampean kabeh ora usah nemen-nemen oleh nguwatirake aku Mas".

"Lha saiki sansaya ketok nek lugumu kuwi wis kebacut Mur" Andhik sing wiwit mau mung meneng karo mencureng, omong maneh dibarengi guyu sing sengak.

"Kebacut piye Mas?" suwarane Mur katut melu rada dhuwur.

"Ngertiya ya Mur" omonge Andhik digawe sareh "wong ndesa diajak tepungan wong kutha banjur atine dadi seneng kuwi lumrah, wong lanang diajak kenalan karo bocah ayu, atine dadi seneng kuwi ya lumrah, padha karo lumrahe senenge bocah wedok sing diajak kenalan karo wong bagus. Lha kamangka esuk mau sing nyenengne atimu kuwi mlumpuk, kowe diajak kenalan karo wong kutha sing bagus tur sugih pisan, dadi senengmu mlumpuk dadi siji. Nanging ya kuwi Mur, seneng kuwi sok larang regane. Aku karo Singgih karo Mas Marsana iki dadi kuwatir, nguwatirake awakmu. Merga kapilut tembung manis, ulat sumeh, rupa sing bagus, enake panganan sak cokotan nek kowe kurang ngati-atimu, bisa masrahake rasa tresnamu marang wong kutha mau. neng wong kuthane kuwi duwe tanggung jawab lair batin kuwi ora apa-apa, malah kepara wis trep tumbu oleh tutup. Nanging awakmu rak durung ngerti ta kaya apa gegedhohane bocah bagus sing jeneng Santa anake Bu Kristin kuwi?. Kuwi lho Mur sing ndadekne kuwatirku karo Mas Mar lan Singgih ki".

Ora ana sing nyana ora ana sing ngira, krungu pituture Andhik kuwi jebul ndadekne panas atine Murjiyati. Praupane dadi mbrabak abang untune nggeget kenceng, ngempet mubaling nesu. mBok Ti sing lungguhe jejer Mur ya weruh anane owah-owahan sing dialami Mur. Sak jane mBok Ti rumangsa ora bisa nampa karo sing dadi pituture Andhik marang Mur ngono kuwi mau, nanging isih kangelan nata ukara kanggo mangsuli omongane Andhik, mula mBok Ti ya banjur meneng, batine wae sing rame ora karuwan. Bareng wis rada sauntara meneng, lan Mur wis bisa nata atine, bocah wadon sing duwe rupa ayu kuwi banjur omong, tembunge digawe ngat-ati nanging krasa yen landhep :

"Iya Mas Andhik, aku bisa nampa bab kuwatire Mas-mas kabeh marang aku, ora liwat aku matur nuwun banget marang Mas-mas kabeh klebu Om Sadi. Mung wae ana sing arep tak aturne marang mas-mas kabeh uga marang Om Sadi karo mBok Ti sing wis tak anggep wong tuwaku dhewe. Nek ana sing ngarani aku iki bocah ndesa sing bodho lan ora duwe pengalaman blas, kuwi bener. Nek eneng sing ngarani aku iki prawan mlarat sing kurang wragat, kuwi ya bener, yen eneng sing muni aku iki mung drajate babu utawa batur gedibal sanga likur, kuwi ya ora luput, nek eneng sing nyebut aku iki bocah wedok sing mbesuke mbuh payu rabi mbuh ora, kuwi nya wis pas. Nanging nek eneng sing ngarani merga kahananku sing sarwa kurang ngono kuwi ndadekne aku dadi bocah sing gampangan, bocah sing murahan, kuwi atiku lara banget Mas. Mas-mas kena percaya ya kena ora, aku iki ya wis tau dijak rembugan karo Ibuk perkara kapan olehku arep omah-omah, sumpah demi Allah olehku matur dina iki aku durung arep mikirne bab kuwi. Lan pancen kanyatan sing ana jerone rasaku sing paling jero ya pancen mangkono. Dadi upama, sepisan maneh upama lho, salah siji saka mas-mas iki upama nembung ngajak aku urip bebrayan, wangsulanku mesthi : aku emoh. Olehku emoh kuwi ora merga mas-mas kuwi dudu wong apik, ora. Aku dhewe wis suwe weruh kabecikane Mas-mas kabeh marang aku. Apa merga kurang sugih? Ora. Kahanane mas-mas kuwi kabeh luwih ana tinimbang kahananku dhewe. Apa mas-mas kuwi kurang bagus? ya Ora. Dadi nek Mas-mas kuwi mau nguwatirake aku bakal dadi kurbane wong kutha sing sugih, bagus tur tembunge manis-manis, kuwi padha karo wis ngremehne Murjiyati. Atiku serik Mas, nanging aku ora arep neka-neka karo sampean kabeh. Ayo diteni bareng-bareng, sing bener omonganku apa kaya sing sampean kabeh kuwatirake".

Murjiyati ora bisa nerusake guneme maneh, luhe kebacut mbanjir nelesi pipi bablas mudhun nelesi klambine. Ndilalah nalika kuwi mbarengi suwara loncenge jam sing nuduhake wektu yen wong-wong kudu mbalik nyandhak pagaweyane dhewe-dhewe maneh, wektu kanggo leren wis entek.

 

ana candhake.

Senin, 23 Agustus 2021

TEMBANG CEMPLANG (26)

 

dening: IMMIR

 

26.

Wekasane mBok Ti karo Mur olehe bali bareng karo Bu Kristin, neng dalan karo mlaku wong telu kuwi padha omong-omongan kaya kanca sing wis akrab. Jroning batin Bu Kristin ngalembana anake lanang, nadyan durung tau cedhak suprandene wis bisa maca rupa lan anggah ungguh lan solah bawane bocah wadon sing jeneng Murjiyati kuwi. Bu Kristin uga banjur nenuwun marang Sing Kuwasa, muga-muga Murjiyati durung duwe calon bojo utawa durung dipacangne dening wong tuwane sing ana desa. Merga wong tuwa ing padesan kuwi adhakane najan anake ora ana omah nanging wis dipacangne karo wong lanang sing dianggep cocogt dadi sisihane anake wedok, mengko sawayah-wayah bali menyang desa banjur diijabne.

"Aku nyuwun nomer hape sampean Nak Mur" kandhane Bu Kristin sadurunge menggok menyang omahe.

"Kula boten apal kaliyan nomer hape kula kok Bu" wangsulane Mu bares "tiyang kula nggih awis-awis nyepeng hape, nyepenge paling-paling menawi Mak-e kula ingkang wonten dhusun telepon utawi menawi kula kangen kaliyan mak-e, kula ingkang telepon. Niku nggih dereng kantenan sewulan sepisan".

"O ngono ? ya wis iki tak wenenehi nomer hape ku, wae mengko nek wis tekan dalem nek kober ibu di-miscall ya?" Muni ngtono kuwi Bu Kristin karo ngelungne Kartu Nama sing ana nomer hape ne.

"Inggih Bu, matur nuwun" wangsulane Mur karo nampani kartu nama sing banjur dilebokne menyang dhompete.

Bu Kristin menggok menyang omahe, mBok Ti karo Mur banjur nyabrang ratan tumuju menyang omahe juragane. Wong loro kuwi wis ora omong-omongan maneh, Mur lakune dicepetne merga kelingan yen isih akeh gaweyan sing durung ditandangi.

Nalika pas wayah leren awan, wayahe wong-wong mlumpuk mangan bareng, kaya adate pararewange Kulawarga Kardiman kuwi padha omong-omongan mirunggan diselani geguyonan  samadya kaya lumrahe wong kekancan, nadyan guyonan kuwi sok-sok ya mambu guyon-guyon parikena barang.

"Awakmu mau wis sida miscall Bu Kristin apa durung Mur? Memgko awakmu gek lali, wonge wis kandhung ngenteni olehmu miscall lho" dumadakan mBok Ti ing sela-selane mamah segane omong, ngelingne Mur yen duwe kesaguhan arep miscall Bu Kristin.

"Durung mBok" wangsulane Mur karo sajak ora kepenak atine"aku mau kelalen, malah saupama ora sampean elingne aku ya ora kelingan blas".

"Ya mengko nek bar mangan, ndang dimiscall sel;ak diarep=arep mengko" mBok Ti ngandhani.

"Bu Kristin ki sapa lho mBok? thik njaluk dimiscall barang ki? kok ketoke penting temen" Andhik nrambul gunem takon marang mBok Ti.

"Bu Kristin garwane Pak Suryadi sing daleme ngarep omah kuwi lho" mBok Ti aweh wangsulan.

"Oalah, Penjahit kuwi ta?" Marsana melu takon.

"Iya" mBok Ti wangsulan.

"Lha awakmu apa ndandakne klambi mrono ta Mur? Thik Bu Kristin njaluk nomer Hape barang ki?" Andhik takon maneh.

"Ora kok Mas" Mur wangsulan cekak, olehe mangan dicepetne, merga selak kepengin njupuk ha pe ne terus dienggo miscall utawa nek perlu nelpon Bu Kristin pisan, ngiras pantes njaluk pangapura merga wis tledhor karo sesanggemane.

"Lha thik wonge ngongkon awakmu miscall neh? ngongkon miscall kuwi padha karo njaluk nomer ha pe Mur" Andhik nuturi Mur.

Sing dituturi ora semaur, malah sansaya telap telep anggone nyendhoki segane.

"Bener nDhik" mBok Ti sing banjur nggenahne "Dhek mau esuk ki Mur rak tak kongkon ngancani aku blanja sayuran nyang nggone Pak Bakir, neng prapatan kulon kana kae? Lha pas blanja mau kepethuk karo Bu Kristin sing dikancani anake lanang sing jeneng Tanta, mekanik Toko Pit Motor kae. Banjur Bu Kristin karo anake lanang ngajak tetepungan Mur.....".

"Bu Kristin karo anake lanang kuwi ngajak kenalan Mur mBok?" Marsana takon, nugel omongane mBok Ti.

"Iya" wangsulane mBok Ti "maune sing ngajak tepungan Bu Kristin, banjur anake lanang nembung njaluk ditepungne pisan".

"Aneh" dumadakan Andhik saulu "apa karepe si Tanta ngajak kenalan Mur barang kuwi?. Awakmu ya gelem Mur dijak kenalan anake Penjahit kuwi?".

"Ya mesthi waqe gelem ta Mas?" wangsulane Mur ayem "mosok wong diajak kenalan wae ora gelem? gek sing ngajak kenalan ya tanggane pisan, bola-bali pethuk simpangan neng dalan ora padha luruhan merga ora kenal, lha nek kana sing ndhisiki ngajak tepung, kuwi aku rak ya kari nimbangi".

Bubar wangsulan ngono kuwi Mur banjur ngalih, mlebu menyang kamare arep njupuk hape ne. Andhik sing oleh wangsulan saka Mur mangkono mau sajak atine ora seneng blas. Ora mung Andhik thok, najan Singgih karo Marsana uga Sadirun di Tukang Kebun, kabeh padha ora seneng nek Murjiyati ana sing ngajak tepungan. Olehe padha mangan awan dadi ora krasa seger lan gurih maneh, ana rasa sing luwih rosa, sing kuwawa ngendhih rasa ngelih, ngilangna rasa gurih sing dumunung ana panganan olah-olahane mBok Ti karo Mur sing kulinane duwe rasa sing banget mirasa. Ora suwe Mur wis bali mapan lungguh neng kursi sing mau dilungguhi, tangane tengen nyekel Hape tangane kiwa nyandhak kertas cilik sing diarani Kartu Nama, Kart Namane Bu Kristin Penjahit Sempulur.

Mur banjur thak-thik nduduli angka-angka neng hapene, kaya adate nek nampa telpon utawa nelpon suwara telpone dibanterne. Hapene banjur diselehne neng dhuwur meja, ora dicedhakne kupinge.

"Halo, Assalamu'alaikum" suwarane Bu Kristin keprungu cetha, ngucapne salam.

"Alaikum salam" Mur mangsuli "inggih Bu niki kula Mur".

"Oalaah, Mur ponakane mBak Surati ta? tak kira sapa" Bu Kristin ngomong karo ngguyu seneng.

"Inggih, badhe nyuwun pangapunten Bu" Mur kandha maneh.

"Lho kok nyuwun pangapura ki ngapa? Nak Mur ora luput apa-apa kok karo Ibu" Bu Kristin cepet-cepet semaur.

"Inggih Bu, wau kula kesupen menawi badhe miscall Ibu, kula sampun tledhor amargi lajeng kaslamur nandangi damelan".

"O ngono wae kok ndadak nyuwun pangapura ta Nak Mur, Nak Mur. tenan kok Ibu ora apa-apa".

"Inggih Bu Matur nuwun"

"Iki nomer hape ne Nak Mur ta? mengko tak simpene pisan".

"Inggih, sampun  nggih Bu, matur nuwun"

"Ya Nak, padha-padha".

Hape banjur ditutup, karo nglebokne Kartu nama nyang dhompete maneh, Mur kanfha marang mBok Ti :

"Wis mBok, atiku wis plong, wis njaluk ngapura nyang Bu Kristin".

"Ya wis suk maneh nek wis saguh ki ya ndang dicakne, ben gak kelalen maneh" wangsulane mBok Ti aweh tutur.

"Upama awakmu mau omong aku, malah tak penging supaya ora usah nelpon Bu Kristin Mur" Andhik omong suwarane semu kedher.

"Lha ngapa Mas? upama sampean penging aku ya emoh. Wong aku dhek esuk wis saguh, kamangka jenenge manungsa kuwi sing digugu rak omongane ta Mas? Lha nek omonganku ora kena dicekel, rak padha wae aku iki ora ngregani awakku dhewe? Jare ajining dhiri iku dumunung ana lathi?" Mur mangsuli kandhane Andhik karo ukara sing rada dawa. Lan nampa wangsulane Mur sing ngono kuwi mau atine Andhik krasa ora kepenak, kupinge Andhik krasa panas.

 

ana candhake.

 

TEMBANG CEMPLANG (25)

 

dening: IMMIR

 

25.

Esuk kuwi dening mBok Ti Mur diajak metu, golek sayuran nyang lapake Pak Bakir. Maune Mur arep emoh merga tinimbang ngetutne blanja mBok Ti wektune bisa dienggo nandangi gaweyan liya sing luwih penting timbang mung melu blanja. Lha wong adate mBok Ti ki ya mangkat dhewe, nanging esuk kuwi mBok Ti ngeyel njaluk dikancani.

"Jane ngono ngapa ta mBok? thik ndadak kongkon ngancani barang ki? apa ana wong sing ngganggu sampean apa piye? nek enek sing ngganggu harak luwih apik nek sing ngancani ki Om Sadi, lha nek aku rak ya padha wae" kandhane Mur nakoni mBok Ti sing ngeyel njaluk dikancani blanja.

"Ora ana sing ngganggu aku Mur" wangsulane mBok Ti "Upamaa enek ya tak adhepi dhewe, ngapa ndadak kongkonan wong liya? aku iki biyen ya tau melok latihan Karate lho".

Muni ngono kuwi mBok Ti karo nduduhne lengene sing dikeker-kekerne, tangane dikepelne dituduhne nyang ngarepe Mur. Sing dituduhi banjur ngguyu karo takon maneh :

"Lha thik kongkon ngancani neh?"

"Ngene lho Mur karepku iki" mBok Ti nggenahne karepe "aku iki ora mung ngongkon kowe ngancani aku, nanging arep muruki kowe milih lan blanja sayuran neng lapake Pak Bakir, perlune saupama aku ana alangan ora bisa blanja, kowe mengko wis ngerti carane. dadi ora thah-thuh. Ngerti?"

"Oo ngono ta?" Mur ngguyu "ayo nek ngono ndang budhal mumpung isih rada peteng, dadi mengko olehe bali ora kawanen".

Sakjane ngono, anggone mBok Ti meksa Mur supaya melu blanja kuwi ora merga kaya sing dikandhakne kuwi, nanging mBok Ti ki mung kepengin methukne Mur karo anake Tanta anake Bu Kristin Penjahit sing omahe cedhak karo dalem Kardimanan, Tanta wis bola-bali nemoni mBok Ti nek ngepasi mBok Ti blanja neng nggone Pak Bakir. Tanta ki bocahe bagus tur sopan, nyambut gawene dadi tenaga mekanik neng bengkel resmi. Lan Tanta kuwi ketok nek tenanan anggone ngesir Mur, wis bola-bali mBok Ti diomongi. Kamangka miturut mBokti, timbang wong papat kancane nyambut gawe neng dalem kardimanan, Tanta iki nduweni biji sing dhuwur. Kang mangkono kuwi keneng didelok saka tang kebe Tanta sing ora seneng guyon klecon. Tau sawijining esuk, mBok Ti pas blanja kepethuk karo Bu Kristin, ibune Tanta sing ua lagi golek sayuran. Pas mlaku mulih wong loro kuwi anggone mlaku bebarengan, neng dalan Bu Kristin ngajak omong mBok Ti :

"mBak,anakku Tanta ki tau tak takoni, ya gene nganti semono gedhene kok durung duwe pacar, kamangka aku ki wis kepengin Tanta ki ndang rabi. Bocahe malah kandha wegah pacaran, jarene cah wedok saiki akeh sing matre, malah jarene mengko arep rabi ngono wae gak ah nganggo pacar-pacaran barang".

"Lha nek boten pacaran lajeng anggene rabi kalih sinten Bu?" mBok Ti semaur karo takon.

"Ya kuwi sing arep tak suwunke pirsa nyang sampean" wangsulane Bu Kristin.

"Lho kok kula ta Bu? Pripun niku genahe?"

Bu Kristen mesem amba, wangsulane :

"Tanta ki nek bengi pas sepi ngana kae rak seneng sembahyang? Jarene sembahyang ngge milih bojo sing apik ngono, lha Tanta ki kandha miturut isyarat pas bocahe sembahyang jodhone Tanta ki isih ponakan sampean. Apa bener sampean duwe ponakan ? nek bener ya tiwas kabeneran, mbok menawa mathuk, aku karo sampean rak bisa rembugan sing apik, sapa ngerti ponakan sampean kuwi bener kaya apa sing dikandhakne Tanta, ya kuwi bisa dadi mantuku".

"Oo niku ta Bu? pancen kala emben nika Mas Tanta panggih kula, nangkletne Mur ponakan kula niku kok boten tau dijak blanja lan sajake Mas Tanta nggih remen kaliyan ponakan kula niku. Nanging nggih niku, ponakan kula sing namine Murjiyati niku namung PRT kados kula niki, mula sareng kula sanjangi nek angsal salam saking Mas Tanta, larene nggih boten percaya. Tiyang Mur niku nggih dereng nate kepanggih kaliyan Mas Tanta piyambak".

"PRT jane ya ora apa-apa mBak" kandhane Bu Kristin nanggapi wangsulane mBok Ti "ya tulung ta mBak, nek sampean mathuk, piye carane ben ponakan sampean kuwi bisa cedhak karo anakku Tanta, sapa ngerti awake dhewe bisa besanan tenan".

Ya merga rembugan karo mlaku kuwi, mBok Ti kepengin nyedhakne sokur bisa njodhokne Mur karo Tanta. Miturut petungane mBok Ti, Mur kuwi bakal luwih becik panguripane yen dadi bojone Tanta. Upama bobot timbang wong bebakulan, Mur oleh Tanta kuwi jeneng wis pas. Sing siji ayu sing siji bagus. Tur ya ketok padha sregepe, padha olehe ngerti unggah-ungguh. Senajan mung kanca padha-padha anggone mbabu, nanging saupama ing tembe uripe Mur kuwi dadi luwih mulya, mBok Ti rumangsa bakal melu seneng.

Mula esuk kuwi mBok Ti ngeyel kepengin ngajak Mur blanja, ing pangangkah muga-muga esuk kuwi mengko bisa kepethuk Tanta sing ajek saben esuk olah raga liwat kono, sokur bage yen mbarengi Bu Kristin blanja neng nggone Pak Bakir. Mur sing babar pisan ora ngerti karepe mBok Ti, butuhe mung manut. Nanging Mur ya rumangsa seneng-seneng wae, merga bisa weruh sesawangan ing jabane omah sing arang diweruhi, ketang arsnge metu saka omah.

Weruh sayuran neng mobil bukakan sing ketok seger-seger ndhemenake, Mur seneng banget banjur ngrewangi mBok Ti milihi endi sing arep dituku. Wong loro kuwi merga saka ketungkule milih-milih sayuran, njalari ora ngerti yen sapari polahe Mur ana mripat papat sing ngulati. Ya iku mripate Tanta karo mripate Ibune. mBok Ti dhewe lagi ngerti yen Bu Kristin uga blanja, bareng disenggol karo ditakoni :

"Kok dhengaren mruput ta mBak?"

"Oh, Bu Kristin... inggih Bu" mBok Ti wangsuloan semu kaget "sampun dangu ta niki wau?"

"Lagi wae kok, iki ponakane sampean ya?" Bu Kristin nudingi prenahe Mur.

"Inggih Bu" wangsulane mBok Ti sing banjr kandha marang Mur "Mur, ditepungne iki Bu Kristin Penjahit sing daleme ngarepan rada nengen sithik kae lho".

Mur manthuk karo mesem nyawang Bu Kristin sing wis ndhisiki ngethukne tangane ngajak salaman. Gageyan Mur nyelehne tim,un sing dicekeli, banjur nampani tangane Bu Kristin, karo kandha :

"Matur nuwun Bu, kula Murjiyati "

"Iya, apik jenenge jeneng jawa sing becik, cocok karo wonge sing ayu tur wuwuh manis pisan" Bu Kristin nyauri karo mesem sajak seneng.

"Ah, ibuk menika lho" Mur saulu karo ngguyu "dugi griya mengke kula rak wongsal-wangsul nyepengi kaca pangilon he he he".

"mBok kula nggih ditepangne ta Buk" dumadakan ana bocah nom-noman bagus sing nyedhaki Bu Kristin karo omong.

"mBok kenalan dhewe ngapa lho?" Bu Kristin wangsulan karo mesem, banjur kandha marang Mur "oh, iya iki Nak Mur ditepungne, iki anakku lanang"

"Tanta" Nom-noman kuwi ngajak salaman.

"Murjiyati" Mur wangsulan.

 

ana candhake.

Minggu, 22 Agustus 2021

TEMBANG CEMPLANG (24)

 

dening: IMMIR

 

24.

Mak Jah, Bu Mandhor karo anake lanang olehe ngrungokne lan nyemak critane Srimurni, sing saiki wis ngalih jeneng dadi Srinthil utawa Biyange Yem (Yang Yem) tenanan banget. Ora ana sing nyelani takon, kabeh katut keseret mlebu menyang critane Yang Yem. Lagi bareng wis rampung olehe crita, kabeh padha unjal ambegan landhung, ketara yen kabeh  bisa melu ngrasakne paiting urip sing lagi dikecap dening Yang Yem.

"Lha nek sesuk awakmu bali menyang Sala utawa menyang Sragen, sing arep kok jujug nggone sapa?" Mak Jah takon, njajagi atine Yang Yem "Mesthine awakmu ngangen-angen arep nggoleki Bapakne Si Yem kuwi, kamangka nggoleki wong lanang sing ngono kuwi adate luwih gampang nggoleki wiji wijen sing kecer neng  wedhi pinggir kali".

"Nggih niku Mak sing marahi kula sansaya judheg" wangsulane Yang Yem alon.

"Iki upama lho, ya ndhuk" Mak Jah banjur omong sajak ngati-ati "ora apa- apa ta awakmu tak celuk nDhuk?"

"mBoten napa-napa Mak, sakersa angsale Mak ajeng ngarani, upami pripun Mak?"

"Dicuthel teka samene wae olehmu arep nggoleki Bapakne si Murjiyem, wonge pasrahna marang sing momong jiwa ragane ben dikandhani sing sak becik-becike. Saiki awakmu miwiti urip anyar maneh, mecaki dalan anyar sing kudu kok liwati karo anakmu kuwi. Tak kandhani ya nDhuk, satemene lakonmu iki, ora beda adoh karo lakonku lan lakone Bu Mandhor. Aku iki biyen ya wong inggatan saka Jamanganti , cedhak kuburane Bethara Katong kana lha Bu Mandhor kuwi ya wong inggatan saka Wonogiri. Awakmu, aku karo Bu Mandhor ki padha-padha olehe dadi mangsa utawa korbane wong lanang sing seneng kepenak nanging ora wani tanggung jawab. Aku keplantrang teka Dunggalar jaman limang tahun sawise Merdika, terus mandheg lan wiwit nggelar urp anyar neng Dunggalar kene. Banjur Bu Mandhor kuwi, tekan kene kira-kira ya telung tahunan sadurunge geger sewidak lima, uga padha banjur miwiti urip anyar neng kene, mung kaceke nasibe Bu Mandhor rada luwih becik tinimbang nasibku".

"Iku merga aku oleh pitulungane Pengeran liwat Bapakne Jimin, Mak" Bu Mandhor nyelani critane Mak Jah "upama ora diopeni Bapakne Jimin banjur digrujugi berkahe Ibune Jimin kira-kira aku ya ora ngerti piye nasibku saiki".

"Iya, kabeh-kabeh kuwi wis ginaris sing jarene diarani Pesthi ngana kae" Mak Jah mangsuli.

"Lha punapa kinten-kinten garising gesang kula kedah miwiti babak enggal teng mriki nggih Mak?" Yang Yem takon, suwarane alon sajak ngati-ati.

"Kuwi kari awakmu ndhuk" wangsulane Mak Jah "nek jareku, tinimbang wektumu entek kok enggo nggoleki wong lanang sing genah ora keneng dicekel guneme ngono kuwi, aluwung awakmu mandheg neng kene. Nyambut gawe saanane, sing baku cukup dienggo mangan saben dinane, ngancani aku dodolan tepo-lonthong neng kene".

"Mak Jah purun menawi kula ngengeri?" Yang Yem takon.

"Ya gelem wae waton awakmu gelem nrima urip saanane ngene iki. Ora kok ngenger ya nDhuk, nanging awakmu ngancani lan ngrewangi aku, sokur bage nek awakmu gelem ndhaku aku iki Makmu  lan awakmu kuwi anakku, aku mesthi bakal seneng banget" Mak Jah mangsuli pitakone Yang Yem.

"Nggih empun Mak, kula ndherek Mak-e mawon, kula remen sanget gadhah Mak enggal, Yem ngggih mesthi seneng gadhah simbah malih" Yang Yem omong karo ngrangkul sikile Mak Jah, luh sing ana njero mripat ora bisa dibendung, mbanjir mili ngliwati pipi. Tangise wong sing rumangsa seneng awit  rumangsa ketiban kabegjan saka Sing Maha Kuwasa.  Mak Jah dhewe uga katut melu nangis, atine uga rumangsa oleh kabegjan, merga sasuwene iki Mak Jah wis ngrumangsani yen ora suwe maneh ragane bakal sansaya ringkih. Saben dina tansah nenuwun marang panguwasane jagad, sinambi milang-miling golek wong sing gelem dititipi ragane sing wis gapuk kepangan umur kuwi. Ndelalah kersane Sing Gawe Crita, dina iku Mak Jah ketekan Mak Yem saanake pisan, wektu iki keneng diarani Yang Yem saanake arep ngayom marang Mak Jah, nanging mbok menawa ora suwe maneh lakone bakal diwalik Mak Jah sing bakal ngenger marang Yang Yem sing lagi wae ngucapake yen wis ndhaku Mak Jah dadi wong tuwane.

"Eman olehmu tekan kene lagi saiki Sri" bareng wis padha anteng lan bali lungguh neng panggone dhewe-dhewe Bu Mandhor omong karo mesam-mesem "upama olehmu teka kuwi jaman Mak Jah isih rada enom kae ngono, wiwit sesuk uripmu bakal keceh dhuwit ora karuwan, ora mung kuwi mesthi jenengmu banjur dadi kembang lambene wong sak Dunggalar kene".

"Uwis, aja diterusne" Mak Jah nugel rembuge Bu Mandhor "jamane wis kliwat, lelakon jaman biyen ora perlu dirembug, cukupa dadi pangeling-eling minangka kaca pangilone urip. Jamane ya wis owah adoh, saiki Mak Jah sing tau bantalan dhuwit wis trima lan luwih seneng sarta tentrem nglakoni urip kanthi buruh ngisahi piring lan karo cangkir, klawan opah oleh turahan anggone bakulan tepo lonthong  saben dinane".

Srinthil alias Yang Yem mung meneng wae, ora melu nyauti sing diomongne Bu Mandhor karo Mak Jah, merga Srinthil ya ora ngerti karo sing diomongne wong loro kuwi.

..........................................................................................................................................

"Kok nglamun mikir apa Mak?" dumadakan Bu Mandhor wis ana ngarepe Mak Yem karo takon.

"Eh, boten kok, boten nglamun" Mak Yem wangsulan karo gragapan.

"Ora nglamun ning meneng wae, karo gaweyan sing ditandangi ora digatekne, genine pawon mundur ya ora disugokne, karon wis wayahe tapung ya diumbar wae" Bu Mandhor wangsulan semu nyrengeni "jane mau Nita ngomong apa? Kok bar ditelpon Nita banjur awakmu malih dheglang-dhegleng kaya wong getun ngono kuwi?".

"Dhik Nita criyos nek njing Riyadin ajeng wangsul, gek suk bada niku si Yem eh, Mur nggih badhe tilik griya" wangsulane Yang Yem sakecandhake.

"Oo dadi critane iki mau awakmu ngangen-angen anak wedok ta? wis sepira gedhene, rupane wis dadi kaya apa?, wis wayahe digolekne bojo apa durung? Ngono ya?".

"Ah, Bu Mandhor ki kok bisa wae lho?" Mak Yem semaur karo mesem.

"Kuwi lumrah Mak, jenenge wong tuwek ditinggal anak nyambut gawe neng papan sing adoh kuwi mesthi kerep nglangut, luwih-luwih anak wedok sing mung siji thil kaya Mur kuwi. Nanging awakmu kuwi isih luwih beja lho Mak, timbang aku".

"Kok saged  Bu?"

"Arepa kaya apa, awakmu isih duwe turun, lha nek aku?" Praupane Bu Mandhor ketok mbrabak.

"Sing sabar Bu" Mak Yem wangsulan ngarih-arih bendarane sing sajak lagi sedhih atine "sanaosa boten gadhah turun piyambak, ning nyatane Pak Lik Jimin kalih Dhik Nita niku kalih Buk-e nggih bekti kados dhateng ibuke piyambak".

"Iya, aku ya ngrasakne kuwi kok Mak" Bu Mandhor wangsulan "Oh, iya mau si Nita telepon maneh, jare bocahe wis oleh calon ngge jodhone Mur, jare wonge sugihe ora karuwan, mau awakmu apa ora diomongi bab kuwi?".

"Nggih disanjangi, nanging kula malah dados bruwet, mengke napa njing-enjing sir kula ajeng matur ngiras nyuwun pitedah murih saene" wangsulane Mak Yem karo ngadeg, nyandhak karon arep ditapungne. Kukusane wis tumumpang ing lambe dandang wiwit mau.

 

ana candhake.

 

TEMBANG CEMPLANG (23)

                                                                     dening: IMMIR

 

23.

Lakune sepur sing nganggo mesin uap bahan bakare kayu jati karo dicampuri areng stengkul jebul ora pati ajek. Aju undue saka jadwal sok kemajon setengah jam sok mundur serengah jam. Kaya dina kuwi Sepur Lasta Madiun kuwih  sing jadwale mlebu Stasiun Kedunggalar jam setengah lima, jebule Jam lima luwih lima lagu teka. Wong Wedok sing seneng diundang nganggo sebutan Bu Mandhor kuwi aweh weruh marang Srimurni nek sepur wis mandheg neng Stasiun Kedunggalar. Srimurni ya banjur tata-tata arep mudhun, anake digendhong nganggo slendhang, banjur mlaku ngetutne Bu Mandhor golek dalan arep mudhun.

Tekan ngisor Bu Mandhor karo nudingi mengidul karo kandha :

"Kono kuwi lho Jeng nggone Mak Jah, ayo ora sah mondhag-mandheg ndang mara rana, upama arep golek ngombe neng kono ya wis dicawisi kok".

"Inggih mangga" wangsulane Srimurni.

Jebul sing dikandhakne Bu Mandhor ngenani Mak Jah mau bener. Tekan kono Srimurni weruh eneng wong lanang loro karo wong wedok siji lagi padha telap-telep nyendhoki  pangan sing jarene Bu Mandhor jenenge Tepo kuwi. Bu Mandhor bablas memburi nggoleki sing duwe warung, Srimurni ngetutne bareng wis tekan jero omah, Srimur ni dikongkon lungguh neng dhingklik dening Bu Mandhor. Ora suwe saka jaba, ana wong wadon sing wis tuwa nanging isih katon ethes mlebu karo omong :

"Oalah, Bu mandhor ta? anu aku mau lagi nyang sumur. Lha mau saka ngendi ta nDhuk kok macak ayu temen?".

Krungu omonge Wong Tuwa sing kira-kira jeneng Mak Jah ngono kuwi, Srimurni rada gumun campur rada bingung. Lha piye? Mau pisanan nye but Bu mandhor, nanging bareng takon kok nganggo sebutan ndhuk. Sajake  Bu Mandhor weruh owah-owahaning sikepe Srimurni ngono kuwi, mula banjur kandha :

"Ora sah gumun Jeng, aku iki pancen anak-anakane Mak Jah neng warung kene, jaman rung geger biyen, banjur bareng ana rejaning jaman aku dadi Bu Mandhor merga dipek bojo Pak Mandhor. Wong-wong nek nyeluk aku Bu Mandhor klebu Mak Jah sing satemene Makku dhewe iki, lha Mak Jah nek ngundang aku ya Bu Mandhor nanging nek omongan karo aku ya nganggo sebutan nDhuk, wong pancen omong karo anake dhewe".

Srimurni meneng ora semaur, nanging mesem karo manthuk-manthuk pratandha wis mudheng karo sing dikandhakne Bu Mandhor.

"Lha iki sapa ta nDhuk? Apa sliramu , lagi bali saka Wonogiri?" Mak Jah takon maneh.

"Anu Mak, aku mau saka Wonogiri niliki mBokdhe, terus pas bali neng sepur kepethuk Jeng Sri iki. Banjur Jeng Sri tak jak mampir mrene merga arep takon omahe wong sing aku durung tepung, omahe jare wetan pasar kono" wangsulane Bu Mandhor ngiras nggenahne marang Mak Jah.

"O ngono ?" Mak Jah wangsulan, banjur genti takon menyang Srimurni "Lha sing dipadosi asmane sinten ta Nak? kula kinten nek namung tiyang wetan peken mriku mengetan dugi Mogok kula tepang sedaya".

"Inggih Mak" Srimurni wangsulan "Namine Pak Hendrik, putrane Tuan Anton pranakan Walandi".

"Tuan Hendrik ta? Iya aku kenal, nanging sabubare Tuan Anton seda, pomahane banjur didol sing lan dituku Pak Bini sing saiki duwe TOKO MADIUN kuwi. Lha Tuan Hendrik ya terus lunga, mbuh wong kene ya ora ana sing ngerti parane. Keri dhewe Tuan Hendrik ki ketok neng Kedunggalar ya pas ngendhangi kuburane Bapakne, setahun sadurunge geger G kae, wong olehe nyarekne Tuan Anton ki ya neng kuburan Kerkhof lor kono".

"Dados Tuan Hendrik niku sak niki sampun boten wonten Dunggalar malih Mak?" Srimurni negesne tembung.

"Leres Jeng, lha panjenengan napa Mas-Jenge Tuan Hendrik?" Mak Jah mangsuli diterusne takon.

Srimurni dadi legeg. Atine jibeg. Pikirane ora bisa mikir kanthi wening maneh. Mak Jah sing pitakone keri dhewe durung diwangsuli, malah banjur weruh sikepe Dhayohe sing ketok dadi bingung ngono kuwi, banjur tanggap. Mak Jah ngtira lan malah wani mesthekne nek wong ayu sing nggendhong anak, sing tekane bareng Bu mandhor kuwi genah nek salah siji saka selire Tuan Hendrik. Mula banjuur tuwuh rasa welase Mak Jah marang wong sing wis katon lemes kentekan pangarep-arep maneh kuwi.

"Ngeten mawon Jeng, gandheng niki sampun meh serap, sampean adus-adus riyin mrika, mengke dalu kendel riyin teng gubug kula mriki, benjing nek mpun padhang cobi ditlusuri teng tilas pomahane Tuan Anton mriku, kersane dikancani Bu Mandhor, mbok menawi wonten sing ngerti Tuan Hendrik pindhah nteng pundi".

"Matur nuwun sanget Mak" wangsulane Srimurni alon "kula niki dede napa-napane Tuan Hendrik kok. Malah sumerep tiyange inggih dereng, namung kula dititipi serat kaliyan rencang sinoroh wadi kaliyan Tuan Hendrik ing Sala mrika".

"O ngoten? Lha lajeng kersane sak niki pripun?"

"Ngaten mawon Mak, menawi pareng kula ndherek sipeng sedalu ing daleme Mak Jah, benjing enjing kula tak nunut Sepur sing Lasta Sala, wangsul teng Gilingan malih".

"Nggih nek ngoten nggih langkung prayogi, mangga nek ngersakne siran rumiyin. Putrane kula jake riyin" Mak Jah ngacarani Srimurni adus neng pungkuran banjr Daryanti Murni sing isih cilik kuwi dicedhaki karo dicandhak dening Mak Jah, karo kandha "ayo Ning, ndherek Simbah Mamahe ben siram dhisik".

Bocah Daryanti banjur ngamplok ngono wae marang wong tuwa sing isih ethes kuwi. Srimurni banjur pamitan arep adus dhisik. Bu Mandhor ya banjur pamitan bali menyang omahe.

Karo adus Srimurni banjur mikir, piye carane supaya bisa manggon lan goleki ngaweyan  neng Kedunggalar kono sa ora-orane mondhok dhisik neng omahe Mak Jah, omah sing duwe kamar pirang-pirang najan ketoke wis ora kopen. Batine Srimurni kandha, yen dheweke blaka apa anane kira-kira Mak Jah malah ora percaya, nanging nek nganggo ngarang crita nanging kudu sing klebu nalar, mbok menawa malah bisa ditampa dening Mak Jah .

mBarengi bedhug wayah ngisak, Mak Jah nutup warunge, banjur leren karo njagongi dhayohe sing menang-meneng wis narik kawigatene wong tuwa tilas mBok-mbokane bocah nakal kuwi. Jebul Bu Mandhor ora suwe uga banjur mara mrono dikancani bocah lanang jarene isih kapernah anake. Tekane Bu Mandhor karo nggawa sega salawuhe kanggo Mak Jah lan dhayohe. Mula bengi kuwi Srimurni, Mak Jah, Bu Mandhor karo anake lanang banjur mangan bareng neng omahe Mak Jah kono. Sadurunge kuwi, Srimurni isih kober ndulang anake wedok sing wis wiwit doyan mangan sega.

Ya karo mangan kuwi Srimurni wiwit nyritakne sapa sejatine dheweke, nanging crita ngayawara lire crita sing ora sabenere. Wengi kuwi Srimurni mbuwang jeneng pawehe wong tuwane lan nganggo jeneng gaweyane dhewe, jenenge anake uga diganti pisan supaya critane bisa dipercaya dening wong-wong sing diarah bisa aweh pitulungan.

Srimurni wis ilang, sing ana jenege Srinthil, alias Yang Yem. Daryanti Murni ya wis ilang diganti dadi Murjiyem. Srinthil sing biyen nyambut gawe melu bakul wedang neng Sragen, kepethuk wong lanang bagus banjur lali purwa duksina temah ngandheg lan nglahirake anak sing dijenengne Murjiyem kuwi. Maune wong lanang kuwi ya duwe tanggung jawab, Srinthil karo anake diopeni salumrahe nadyan ora dirabi kanthi resmi. Nanging bareng bojone wong lanang kuwi ngerti, Srinthil dilabrak lan diunek-unekne. Dening sing lanang Srinthil banjur disingkrihne neng Gilingan Sala, nanging bareng oleh setahun banjur ora dijatah maneh. Diumbar urip dhewe. Banjur Srinthil kepethuk Bakul Roti neng Sala, dikandhani supaya nggoleki Tuan Hendrik, sing kira-kira bisa aweh pitulungan marang dheweke. Jebul bareng tekan Kedunggalar, Tuan Hendrik wis lunga, tujune mau kepethuk Bu Mandhor sing dhemen tetuloung marang sapadha-padhane urip.

 

ana candhake

Sabtu, 21 Agustus 2021

TEMBANG CEMPLANG (22)

 

dening: IMMIR

 

22.

Watara sapanginang Srimurni lungguh ijen karo nunggoni anake sing isih turu nglepus, Koh Sin metu ditutne Cik Lan. Koh Sin nyangking kanthong rada gedhe mbuh isine Srimurni ora weruh, karo ngadeg wae Koh Sin banjur kandha marang Srimurni :

"Iki sampean tak tinggal dhisik mBak Daryana, sepurane merga aku ditunggu kanca neng Toko Palur kana. Sampean rembugan karo Mamahe wae, muga-muga Langit paring pangayoman marang sampean. Karo iki, tulung mengko ngge nukokne ngombe putrane mbok menawa neng dalan ngelak" Koh Sin ngulungne dhuwit gambar nabuh gambang salembar marang Srimurni. Sing diulungi sajak tidha-tidha anggone arep nampani, ana rasa pekewuh kaworan rikuh.

"Tampanana Sri" Cik Lan melu omong "kuwi rejekine anakmu, mugta-muga ana gunane".

"Inggih Matur nuwun Koh, matur nuwun Cik" wangsulane Srimurni karo nampani dhuwit olehe ngulungi Koh Sin.

Koh Sin banjur budhal menyang Palur, Cik lan nguntapne tekan ngarepan. Bareng Koh Sin wis munggah neng dhuwur taksi Cik Lan balik njagongi dhayohe maneh.

"Wis oleh dalan Sri" kandhane Cik Lan karo mapan lungguh.

"Inggih Cik? sokur kamdulillah" wangsulane Srimurni sajak seneng.

"Ya muga-muga wae Langit aweh dalan marang sliramu" Kandhane Cik Lan sabanjure "Papahe mau kelingan nek duwe sanakan neng panggonan sing rada adoh saka kene, jenenge Hendrik manggone neng Kedunggalar, Jawatimur. Hendrik kuwi pranakan Landa, bapake jenenge Tuan Anton ya Landa pranakan blasteran karo Ambon. Jaman pergerakan biyen Bapake Tuan Anton kuwi kancane bapake Papahe, padha-padha aktip melu Gerakan AKSI ya iku pakumpulan kasarasan sing anggotane akeh para dokter pribumi karo sebagian cilik dokter pranakan Landa sing nyengkuyung Indonesia bisa Merdeka, kajaba dieloni para dokter, AKSI sing cekakan saka Agawe Kuwarasane Sedulur Indonesia kuwi uga dieloni para sodagar pranakanan Arab, uga ana sodagar Cina sing melu nyengkuyung. Bapake Tuan Anton kuwi salah sijine Pengurus AKSI sing ana Kedunggalar, dadi Hendrik kuwi wis tiba putu, nanging karo Papahe bocah-bocah akrap ngungkuli sedulur dhewe. Mula iki mau Papahe nulis kitir, gawanen banjur pasrahna marang Hendrik supaya sliramu diwenenehi panggonan lan gaweyan kanggo nggedhekne anakmu".

Cik Lan banjur ngetokne layang neng sing diwadahi amplop, ana tulisane : Aan mijn Broer Hendrik in Kedunggalar. Lan ing sisih kiwa ana tulisane : Van Je Broir in Gilingan (Liok Houw Sin). Layang amplopan kuwi diulungne Srimurni karo muni :

"Iki layane, mengko wenehna wonge"

"Inggih matur nuwun sanget Cik" wangsulane Srimurni karo nampani layang kuwi.

"Omahe Hendrik kuwi wetan Pasar Kedunggalar" Cik Lan mbacutne kandhane "saka Stasiyun ora nganti setengah Kilo. Mengko numpaka sepur Lasta Madiun mudhun Kedunggalar, saka Balapan budhale jam telu sore tekan Kedunggalar kira-kira ya jam setengah lima. Nek wis tekan Kedunggalar takona marang wong kono, omahe Tuan Anton ngono. Kabeh wong wis ngerti".

"Inggih Cik".

"Wis saiki lerena dhisik, mengko jam-jam loro tak celukne Taksi ben diterne nyang Stasiun Balapan, karo iki ngge imbuh sangu, ora akeh mung kena dingge cekelan wae. Aja kok etung cacahe, nanging iki saka aku sedulurmu minangka tandha tresna marang sedulurku" Cik Lan ngetokne amplop maneh rupane putih isine sajak rada kandel.

Karo luh sing dleweran, Srimurni nampani amplop sing diulungne Cik Lan. Ing angen-angene Srimurni katon wewayangane Daryana, jalaran Srimurni ngerti anane Cik Lan karo Koh Sin aweh pitulungan marang dheweke kuwi, ora bisa dipisahne karo tumindake Daryana jaman melu nyambut gawe neng Tokone wong loro pranakan cina kuwi.

"Wis ora usah dipikir jero-jero, ayo tak terne nyang mburi leren dhisik karo mangan-mangan kana ya saanane, banjur mengko ndang adus, anake didusi pisan banjur disalini, sliramu ya salin pisan dadi budhal lunga ki ora kaya wong ilang" kandhane Cik Lan karo ngadeg. Srimurni nyandhak anake sing wis nglilir saka turune, dipondhong banjur ngetutne Cik Lan mlebu menyang omah perangan mburi.

Sing diarani Cik Lan Sepur Lasta Madiun kuwi jinis Kereta Campuran, ya kuwi sebagian gedhe gerbonge kanggo ngangkut barang lan lenga sing neng gerbong tangki. Gerbong sing isi penumpang mung rong gerbong, sing numpak akeh-akeh para bakul sing kulakan saka Pasar Gedhe Sala, ana bakul sandhangan, ana bakul panganan, ana bakul liyane. Srimurni entuk linggihan adhep-adhepan karo wong wedok wis setengah tuwa, nanging isih ketok ayu. Wong kuwi sajake dudu bakul, ketitik saka pacakane. Nganggo Jarit Bathik pola Semenrama, sakaje batik tulis sing apik, kebayake modhel Sala, rambute digelung nyepor, susuke katon ana mata intene, isih ditambah ngaggo kaca mripat bening.

"Badhe tindak pundi Jeng?" wong kuwi nakoni luwih dhisik.

"Badhe dhateng Kedunggalar Bu" wangsulane Srimurni alus.

"Lho padha no karo aku" wong kuwi nyambung omonge "Dalemipun Kedunggalar, napa badhe tindak Kedunggalar?".

"Badhe dhateng Kedunggalar Bu, kula saking Gilingan, Sala" Srimurni dora sembada, ora ngaku nek omahe Klaten.

"Ooo, inggih. Badhe tuwi sedherek nggh? daleme sedhereke pundi? atake tanggaku pisan?" wong kuwi takon karo ngguyu renyah.

"Caket peken Bu"

"Lha rak tenan ta, omahku ya cedhak pasar lho, sedulure panjenengan wetan Pasar, apa kulon Pasar?"

"Wetan peken Bu" Srimurni wiwit sethithik rada blaka "nggene Pak Hendrik".

Wong wedok kuwi njengkerutne bathuke, sajake lagi ngeling-eling jeneng sing disebut Srimurni lagi wae mau.

"Sapa ya? aku kok tau krungu jeneng kuwi? nanging aku kok lali priyayine sing ngendi ya?" kandhane wong mau sawise sauntara njengkerutne bathuke.

"Keturunan  Walandi Bu" Srimurni nggenahne.

"Iya, nek ndelok jenenge wae wis ketok nek Landa, pancen kiwa tengene Pasar Kedunggalar ki isih akeh Landa-ne. Apa isih sedulure Nyonyah Norica, Nyonyah Norica kuwi Nyonyah Landa sing rabi oleh Pak Sastra , wong jawa asli isih mambu trah Kraton" Wong kuwi takon.

"Nek niku kula kirang mangertos" wangsulane Srimurni sing maune nicil ayem yen ora kangelan nggoleki papan sing arep diparani, nanging ora sida ayem, jebul wong sing ngajak omong sajake durung tepung karo Hendrik.

"Apa ana sambunge karo Tuan Dulingson? kuwi biyen Lojine wetan pasar".

"Anu, inggih Tuan Hendrik niku putrane Tuan Anton" Srimurni nyebut jeneng Tuan Anton sing jarene Cik Lan sasat kabeh wong sak Kedunggalar wis ngerti kabeh.

"Oo, iya nek Tuan Anton aku tau krungu,Lojine gedhe neng wetan pasar. Ning aku ya durung tau ngerti priyayine" wong kuwi kandha karo manthuk-manthuk "ngene wae, mengko nek wis mudhun saka sepur, sampean melu aku nemoni Mak Jah sanakanku, bakul tepo cedhak Stasiun, mengko sampean ben di dituduhne, sokur ana wong sing bisa dikongkon ngeterne, dadi sampean ora sah ndadak takon-takon maneh. Sampean asmane sapa ta? Lha iki putrane ya? jenenge sapa?".

"Matur nuwun Bu" wangsulane Srimurni bali seneng maneh "nami kula Sri, lha niki anak kula namine Mur".

"Iya, mengko Jeng Sri tak terne nemoni Mak Jah wae, wong-wong nek ngarani aku cukup nganggo sebutan Bu Mandhor, ngono wae".

"Inggih Bu Mandhor Matur nuwun".

 

ana candhake.

TEMBANG CEMPLANG (21)

 

dening: IMMIR

 

21.

Esuk kuwi wong-wong sing arep golek sarapan neng omahe Srimurni padha kecelik. Omah kuwi wis suwung, lawange dibukak cendhelane ya bukakan, nanging wong manggoni wis oea ana. Mesthi wae wong-wong padha geger, kabeh padha nggoleki menyang ngendi parane Srimurni. Nanging Srimurni sengaja wis ora mbutuhi maneh marang papan kono kuwi, niyate wis gilig kudu lunga sing adoh, mbuh parane nek bisa aja nganti  kepethuk maneh karo wong-wong sing dadi sanakane, sing ws akeh aweh bebantu lan nulungi uripe. Ora amarga Srimurni gela marang wong-wong kuwi kabeh, nanging Srimurni kuwatir yen kedadeyan sing dialami karo Koh Jang wingi sore nganti kaweruhan dening liyan. Olehe duwe rasa kuwatir ngono kuwi amarga Srimurni weruh lan ngerti yen Koh Jang sing jarene isih WNA kuwi duwe jeneng sing apik tumrap masyarakat kono. Kamangka Koh Jang wis gawe lan nyimpen layang sasuwek sing ditulis tangan lan ketempelan meterei sing mratelakake yen Srimurni karo Koh Jang wis sarujuk ngiket sesambungan katresnan klawan nikah siri, Tan wurunga ing tembe Koh Jang bakal nuduh-nuduhakae layang sing tulisane persis karo tulisan tangane Srimurni kuwi marang wong-wong kono. Lanyen kedadeyan kuwi temen-temen kelakon, Srimurni mokal bisa menang ngeyel ngadhepi wong becik sing baud ngrakit ukara kuwi. Mulane Srimurni milih lolos wae saka papan kono, kanthi sesidheman ora ana wong sing ngerti menyang ngendi parane. Sanadyanta mangkono Srimurni panggah ora bisa nglalekne kabecikane wong-wong kono marang dheweke, mula klawan sesidheman karo budhal minggat, Srimurni kober nyelehne salembar layang pamit maramh warga kono. Layang kuwi ditulis neng thethelan kertas buku tulis, banjur dilempit lan diselehne neng ngisore  keset sing ana ngarep lawang omahe  Pak RT.

Katur Bu RT lan Ibu-ibu sedaya.

Rebat cekap. Kanthi kitir punika kula ngaturi pirsa bilih awit saking wontenipun sandhunganing gesang kula ingkang sakalangkung awrat lan boten saged kula criyosaken dhateng sinten kemawon, kula kapeksa kesah nilar papan ingkang sampun paring pinten-pinten kasaenan dhateng kula. Sedaya kalepatan kula dhateng warga mriki, kula nyuwun pangapunten.

Dhumateng Bu RT mugi kaaturna dhateng Pak RT sanadyan  Koh Jang, ingkang gadhah griya ingkang kula panggeni punika, ketingalipun sae, nanging mugi Pak RT boten ngantos nilar prayitnaning batin. Matur nuwun.

kairing panyuwunan pangaksami

 

Srimurni alias Nyi Daryana.

Mangkono unine kitir sing ditinggal lan diselehne neng ngisor kesete Bu RT.

Kira-kira jam sepuluh awan, Srimurni wis tekan Gilingan, Sala. Pancen mau karo mlaku Srimurni duwe gagasan arep methuki sanakane sing lanang sing omahe ana Gilingan kono, jenenge Sui Lan,  undang-undangane Cik Lan. Cik Lan kuwi warga Tiong Hwa nanging luwih njawani tinimbang wong Jawa, ya basane ya solah bawane. Senengane jaritan lan nganggo kebayak, rambute dawa digelung lan diwenehi susuk cundhuk mentul. Bojone Cik lan sing jeneng Koh Sin, nek nek omah seneng sarungan lan nganggo kethu kaji. Koh Sin kuwi biyen sing dieloni Daryana sadurunge nyambut gawe melu proyek, lan ya Koh Sin kuwi sing nulungi Daryana mlebu dadi Pegawe Proyek.

"Lha kok ora karo Daryana ta Dhik Sri?" pitakone Cik Lan sawise Srimurni lungguh neng kursi ngarepe Cik Lan sing lagi ngawasi Tokone.

"Inggih kok Cik, badhe ngaturi kabar bilih Bapakipun gendhuk sampun radi dangu wangsul ing Jaman Kelanggengan" wangsulane Srimurni karo ndhingkluk.

"He? Piye? Daryana wis ninggal?" Cik Lan ketara kaget. Srimurni mung nyauri karo manthuk.

"Dhek kapan gek jalarane apa?" Cik Lan takon maneh suwarane kedher tandha yen atine rumangsa melu sedhih.

Srimurni banjur nyritakne lelakone, wiwit Daryana nyambut gawe neng proyek nganti lelakon sing disandhang mau bengi. Cik Lan anggone ngrungokne nganti kamitenggengen, ketak rasaning atine melu keseret ing kasangsayane Srimurni. Sauntara iku Daryanti sing keturon neng gendehongane ibune, banjur dibobone neng kursi dawa sacedhake nggon jagongane ibune karo Cik Lan.

"Aku melu prihatin karo lelakonmu Sri" kandhane Cik Lan sabanjure "kawulane Langit sing jeneng manungsa kuwi, mbuh kuwi wong Jawa, apa wong Cina, apa wong Landa, apa wong Arab, apa wong apa wae, sing duwe klakowan bejat ngono kuwi akeh, ora merga Cinane apa Jawane. Nadyan ta mangkono sak jane sing duwe budi luhur, seneng tetulung kanthi ikhlas ya isih luwih akeh. Saiki ngene wae, kowe lerena neng kene dhisik, mengko nek Papahe bali saka Toko sing neng Palur, tak taren kepiye upama awakmu nyambut gawe neng kene wae".

"Matur nuwun Cik" Srimurni wangsulan, gorokane krasa salit, banjur nyedhot teh botol sing disuguhne pelayane Cik Lan nalika Srimurni lagi teka mau, bar ngono neriusne omonge "niku miturut kula pancen sae sanget, nanging kula taksih ajrih menawi dereng tebih saking papan kula sakawit, tan wurunga mangke badhe taksih sok kepanggih kaliyan titiyang mrika".

"Sing kok kandhakne kuwi pancen bener Sri, merga mokal awakmu arep terus manggon neng jero omah, sok-sok ya mesthi metu barang. Kamangka wong kana kuwi mesthine ya akeh sing saba nyang Sala".

"Mila saking punika Cik".

"Lha banjur rancanganmu saiki  kepiye?" Cik Lan takon.

"Bares mawon kula taksih bingung Cik" wangsulane Srimurni blaka "tiyang angen kula mampir mriki  niki wau nggih badhe nyuwun tulung dhateng Cik Lan mbok menawi saged paring rerigen. Nanging menawi kapeksa boten saged paring rerigen inggih botenh dados napa, mbok menawi mila lelampahan kula taksih kedah nempuh margi ingkang radi panjang malih".

"Mengko dhisik ta" Cik Lan wangsulan alon "tak eling-elinge mbok menawa mengko nemu dalan kanggo aweh rerigen marang sliramu".

Dumadakan Koh Sin, bojone Cik Lan teka. Cik Lan gageyan mapagne karo pitakonan, merga ora biasane sing lanang bali wayah samono iku.

"Ana apa ta Pah? ketoke kok dhengaren wayah mene wis bali? apa bocah-bocah padha ora mlebu nyambut gawe?" pitakone Cik Lan marang sing lanang.

"Ora kok, anu  Pak Jaya, Sumberlawang mara,Tekoku sing saka Cirebon kae sida dikersakne. Olehku bali iki mau arep njupuk Teko kuwi, mula aku mau numpak Taxi" wangsulane Koh Sin marang sing wedok, bareng weruh nek neng kono ana Srimurni, Koh Sin  ketok kaget, banjur Srimurni disalami kandhane :

"Lho iki rak bojone Saryana kae ta? kapan olehe taka? padha slamet kabeh ta? lha Daryana endi? aku wis kangen lho".

Srimurni ora semaur, mung eseme wae sing ditudiuhne. Malah Cik Lan sing banjur semaur :

"Mengko dhisik Pah, ayo mlebu sedhela aku arep matur sethithik nyang Papah" muni ngono kuwi Cik Lan karo mangkat mlaku mlebu ruangan mburi. Koh Sin banjur ngomongi Srimurni :

"Disekecakne dhisik ya? tak tinggal sedhela".

"Inggih Koh, mangga" wangsulane Srimurni .

Koh Sin banjur nyusul Cik Lan mlebu menyang ruang mburi.

 

ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...