Total Tayangan Halaman

Kamis, 26 Agustus 2021

TEMBANG CEMPLANG (31)

 

dening: IMMIR

 

31.

Tekan panggonane Bu Narti Bu Kardiman karo Mur mudhun mlebu omah, Andhik ora mudhun saka mobil kanthi pawadan arep nginger mobile. Jebul Bu Narti isih lagi arep adus, lagi wae senam sehat kanggo wong lansia. Sanadyan tenane Bu Narti iku durung pati tuwa nemen, nanging wis rada suwe saben esuk ngulinakne olah raga senam, ben seger olehe mangan jarene. Ya pancen nyata, merga ajeg saben esuk olah raga ngono kuwi ndadekne Bu Narti arang keneng lelara. Nek Ibu-ibu sak barakane sok padha sambat jare sing boyoke lara, sikile kemeng, tekanan darah kerep mundhak lan sapiturute, Bu Narti kaya-kaya babar pisan ora kenal karo lelara sing kerep disambatne kanca-kancane.

"Padha lenggah dhisik ya, aku tak adus dhisik. Arep adus dhek mau isih ngenteni asate kringet jare, nek kringet durung asat didusi kuwatir nek masuk angin" Kandhane Bu Narti karo mangkat memburi arep reresik awak neng kamar mandi.

"Injih mBakyu, mangga dicekapne rumiyin anggenipun siram" wangsulane Bu Kardiman karo mapan lungguh neng kursi ruang tengah. Mur ora melu lungguh, nanging milih menyang mburi nggoleki Kanthi, rewange Bu Narti. Jebul Kanthi neng pawon lagi repot embuh olah-olah apa?. Mur weruh nek latar mburi cedhak pawon kuwi ketok nek isih njembrung durung disaponi. Ora sranta Mur banjur nyandhak sapu sing wis cemawis, latar mburi sing kebak gogrogan godhong garing kuwi banjur disaponi.

"Aja mBak, mengko tak saponane dhewe, iki mau durung kober nyandhak sapu merga kesusu didhawuhi Ibuk-e nggorengne emping kanggo oleh-oleh Mas Sujud" kandhane Kanthi menging Mur supaya ora nyapu.

"Ora apa-apa mbak" wangsulane Mur karo mesem "sampean tutugne olehe nggoreng, timbang nganggur aku tak ngobahne sapu karo gerak badan ben sehat".

Mur pancen wis nganggep nek Budhe Narti kuwi padha karo juragane dhewe. Dadi nek ngrewangi nandangi gaweyan neng omah kono kuwi, dianggep padha wae karo nandangi gaweyan neng omahe juragane dhewe. Bareng karo bubare Mur nyaponi latar mburi kuwi, Bu Narti wis rampung anggone adus, karo metu saka kamar mandhi arep njereng andhuk neng pemehan, Bu Narti weruh yen Mur lagi wae rampung anggone nyapu latar. Batine Bu Narti sansaya tambah seneng marang rewange adhine ipe sing sregep kuwi. Nanging Bu Narti ya ora omong apa-apa malah bali mlebu omah arep dandan salin sandhangan.

Rampung olehe nyapu, lagi Mur nyedhaki Kanthi sing uga wis rampung olehe nggoreng emping. Mur banjur ngrewangi madhahi emping kuwi menyang wadhah plastik sing wis cemawis.

"Sampean mengko apa arep ndherek nyang kebune Mas Sujud ta mBak?" karo nata emping neng wadhahe, Kanthi nakoni Mur.

"Iya mBak, karo Ibuk-e didhawuhi ndherekne, ngendikane Ibuk-e nek tindakan ora ana kancane ki ora kepenak" wangsulane Mur "Lha sampean apa ora ndherek Budhe Narti?".

"Ora" wangsulane Kanthi "aku didhawuhi tunggu omah, karo nandangi gaweyan sing durung rampung".

Olehe nata lan madhahi emping wis rampung, banjur digawa mlebu omah diselehne meja, merga arep diasta Budhe Narti menyang kebun Leuwiliang. Bu Narti uga wis rampung anggone salin panganggon, banjur ngajak adhine budhal.

"Budhal saiki ya Dhik?" tembunne Bu Narti nari adhine ipe.

"Lha mangga, kula dherekaken mBakyu" wangsulane Bu Kardiman karo ngadeg.

"Ya wis, ayo yen ngono" Bu Narti nyedhaki meja sing kanggo nyelehne emping wadhahan banjur arep dicandhak, arep digawa. Nanging Mur pranyata luwih rikat, lodhong plastik isi emping kuwi dicandhak karo muni :

"Sampun Budhe, kula betane mawon, Mangga Budhe tindak rumiyin kaliyan Ibuk-e" .

Bu Narti wurung anggone arep nyandhang wadhah emping cacah telu kuwi. Neng jero batin wuwuh maneh rasa senenge marang Mur, bocah sing weruh gaweyan ora ndadak ngenteni diprentah. Bu Narti banjur nyeluk Kanthi :

"Kan, Kanthi....".

"Inggih Buk-e?" Kanthi semaur karo nyedhak.

"Tak tinggal dhisik ya? sing ngati-ati, mengko nek kowe neng omah lawang ngarep dikunci wae".

"Inggih Buk".

Bu Narti banjur mlaku dijejeri Bu Kardiman, ditutne Mur karo nggawa gawane. Kanthi ngeterne tekan lawang ngarep,

"Aku budhal ya mbak?" Mur pamitan.

"Ya mBak sing ngati-ati" wangsulane Kanthi.

Bu Kardiman ngalih olehe mapan lungguh, milih neng jok tengah jejer karo mBakyune. Mur dikongkon genti lungguh neng ngarep njejeri sopir. neng atine Andhik ana rasa seneng, merga wis cedhak malah wis jejer karo Mur. Mula olehe nyetir ya banjur luwih dingati-ati, dinikmati tenan. Musik sing neng mobil banjur diuripne muter lagu-lagu Indonesia Populer sing di dadekne lagu kroncong, sing nyanyi Hetty Kus Endhang. Suwarane nyemek-nyemek ndadekne sing krungu padha ayem atine.

"Awakmu kok pinter temen milihne lagu senenganku Mas Andhik?" Bu Narti takon karo ngalem Andhik. Sing dialem mundhak seneng, banjur wangsulane :

"Kula inggih remen lagu-lagu keroncong ngeten niki kok Budhe".

"Iya, pancen lagu pop sing dikeroncongne ngene iki neng kuping sansaya kepenak" Bu Narti numpangi rembug "nanging enek sing ngarani, jare lagu-lagu ngene iki cocoge mung kanggo wong tuwa-tuwa thok".

"Mila makaten Budhe" wangsulane Andhik "radin-radin lare saumuran kula ngeten niki remenane nggih lagu-lagu enggal, menawi boten Pop nggih Dhangdhut, menawi kula sedaya lagu niku remen Budhe".

"Lha nek awakmu senengane lagu apa Nak Mur?" Bu Narti genti nakoni Mur.

Krungu mBakyune Ipe nyebut "Nak" marang Mur ngono kuwi, Bu Kardiman sakala mesem. Lagi rong dina wis ana wong sing duwe anak lanang wayahe rabi, ngundang Mur kanthi sebutan Nak.

"Kula ta Budhe?" Mur wangsulan "menawi kula niki sami kaliyan mBokti, amrgi betan saking dhusun langkung remen mirengne campursari alusan".

"Ooo, kuwi aku ya seneng" Bu Narti semaur karo ngguyu "sawargi bapakmu kae fanatik banget nek karo keroncong apa campursari, apa maneh nek campursarine Manthos apa Nyahni".

"Kula nggih remen kalih lagu-lagune Manthos lho mBakyu" Bu Kardiman melu nimbrung omong.

"Pancen lagune Manthos ki akeh sing kepenak dirungokne kok Dhik" Bu Narti wangsulan "tunggale nyidhamsari barang kae, nanging nek Masmu biyen nyidham sari kuwi sing disenengi Bawane, kerep wae masmu kae nerokne mbarengi melu bawa Dhuh wong ayuuuuu.........".

Bu Kardiman ngguyu, Mur melu mesem krungu piyayi-piyayi luhur kuwi padha ngendikan. Andhik isih kober nglirik Mur sing mesam-mesem dhewe, rumangsane Andhik esuk kuwi Mur jan sansaya tambah ayune.

Olehe padha ngrembug lagu senengane kandheg, merga lakune mobil wis kepethuk omah pinggir sawah sing cekli. Neng ngarep omah kuwi katon ana wong lanang sing sandhang penganggone kaya wong tani lumrah, lagi ngadeg ora tolah-toleh mripate nyawang mobil sing disetiri Andhik.

"Wis tekan ngenggon nDhik" Bu Kardiman ngandhani Andhik "mobe inggirna dhisik".

Mobil minggir ngiwa banjur mandheg. Bu Narti mbukak lawang banjur mudhun, ditututi Bu Kardiman. Mur ya gageyan mudhun.

Wong lanang sing ngadeg kuwi banjur nyedhaki Bu Narti, ngaturne bekti karo ngambung tangan. Suwi ora dicul-culne. Bubar kuwi banjur genti ngaturne bekti marang Bu Kardiman. Bareng giliran arep nyalami Mur, mripate wong lanang sing ora liya Sujud kuwi, dadi ora kedhep-kedhep.

 

ana candhake.

 

 

 

Rabu, 25 Agustus 2021

TEMBANG CEMPLANG (30)

 

dening: IMMIR

 

30.

Sanadyan ora dikandhani supaya mangkat esuk, durung ana jam pitu Andhik wis teka omahe juragane. Merga njagani nek juragane mbutuhne sawayah-wayah, merga sanajan Andhik ki tugase dadi sopire Bu Kardiman nanging kerep uga dibutuhne dadi sopir Kantor, kaya wingi kae jam telu sore Pak Kardiman telepon bojone supaya Andhik nyusul nyang Kantor, kamangka Andhik ngerti nek wektu iki gaweyan Kantor lagi padhet mula esuk-esuk wis teka neng omahe juragane. Nanging jebul Andhik kecelik, Pak Kardiman jam nem Pak Kardiman wis budhal, dipapag Pak Kus. Nanging Andhik ya ora terus thenguk-thenguk, mobile Bu Kardiman ditokne saka garasi disebeti lan dipanasi mesine.

Nalika Andhik lagi manasi mobile, Mur sing lagi resik-resik kabeneran lagi nyapu neng cedhake. Kaya dhek wingi ora ana kedadeyan apa-apa, Andhik isih kober ngajak guyon Mur.

"Nek nyapu sing resik lho Mur, ben suk emben ora oleh bojo sing brewok" kandhane Andhik karo mesem. Kaya padatan Mur ya wangsulan karo njedhirne lambene :

"Sampean ya ngono, nek manasi mobil sing alus, ben bojone ora entuk bojo sing galak".

Andhik ngguyu nyekakak, Mur nerusne olehe nyapu. Dumadakan saka omah mBok Ti metu karo grenengan :

"Oalah, tiwas tak goleke nyang mburi, jebul nyapu neng kene".

"Sapa mBok? Aku ta?" Mur nyaut grenengane mBok Ti.

"Nggoleki Mur ta mBok?" Andhik melu nyaut "he eh, bocahe lagi nyapu neng kene. Mau wis tak warah nek nyapu sing resik ben bojone suk emben ora brewok".

"Iya" mBok Ti semaur karo mesem "nyang Ibuk-e awakmu kon ndang adus terus dandan sing ayu Mur, arep didhawuhi ndherekne Ibuk-e tindak menyang ndesa, karo awakmu didhawuhi manasi mobil karo tata-tata pisan nDhik".

"Iya mBok, mau esuk jane aku ya wis didhawuhi, nanging tak kira nek budhale ora esuk nemen" wangsulane Mur karo nerusne olehe nyapu sing kari sethithik.

"nDesa ngendi ta mBok?" Andhik takon.

"Niliki kebun sayur, nggone Mas Sujud putrane Budhe Narti. Neng Leuwiliang" wangsulane mBok Ti banjur bali mlebu omah. Bubar nyapu Mur cepet-cepetan nusul mBok Ti mlebu omah arep tata-tata. Andhik nerusne olehe manasi mobil, banjur mobile diinger siaga arep budhal ninggalne omah, ndherekne juragane.

Ora nganti setengah jam, Bu Kardiman wis metu saka omah didherekne Mur sing uga wis macak. pacakane Mur prasaja banget, Clanane Jean soklat cocok karo kaose sing uga rupa soklat ning nom, memper kaya sragam Pramuka. Rambute sing dawa tur ketel diklabang memburi karo ditaleni pita rupa putih. Najana ngono wis ndadekne dadi lan pantese. Andhik nganti ndomblong anggone nyawang prawan sing saben dina ngreridhu nalare kuwi.

"Mengko mampir neng nggone Budhe Narti dhisik nDhik" kandhane Bu Kardiman sawuse teka njero mobil. Bu Kardiman lungguh neng ngarep, Mur mapan neng kursi tengah.

"Inggih Buk" Andhik wangsulan cekak.

Karo mlaku, Bu Kardiman  nakoni Mur :

"Kowe ki jebule wis tepung becik karo Bu Kristin Bendahara PKK RT nggone dhewe kae ta Mur?"

" Bu Kristin penjahit niku ta Buk-e?" Mur wangsulan "Inggih kala wingi enjing pas kula dijak blanja mBok Ti, panggih Bu Kristin lan dipun dangu punapa ponakane mBok Ti ? lajeng piyambakipun ngajak tepangan".

"Iya, mau bengi pas Bu Kristin telepon ngabari nek suk Jum'at sore ana Pertemuan Ibu-Ibu RT neng daleme Bu Saipul, Bu Kristin crita nek mentas kepethuk awakmu neng lapake Pak Bakir. Bu Kristin ki wonge apikan banget lho Mur, putrane Bu Kristin sing jenenge Tanta, kae rak kakak kelase Doni pas neng SMP ? tanta kae ya apik, sopan lan sregep" Bu Kardiman nyritakne keluargane Bu Kristin.

Andhik sing krungu critane Bu Kardiman ngono kuwi atine dadi rada anyel. Wingi Andhik wis maido Mur merga wis gelem dijak kenalan wong njaba, lha kok saiki Bu Kardiman malah ngalembana Tanta. Nanging pegele Andhik mung diendhem neng njerone dhadha, ora wani ngunekne luwih-luwih mbantah critane juragane.

"Inggih ta Buk-e?" Mur nambong "kala wingi Mas Tanta inggih wonten kok".

"Iya" Bu Kardiman nyaut "Bu Kristin ya crita nek jare Tanta ya nyuwun dikenalke karo awakmu barang. Mau bengi olehe telepon Bu Kristin rada suwe, jarene embuh apa sebabe kok Bu Kristin rumangsa seneng bisa akrap karo mBok Ti lan awakmu".

Dhadhane Andhik krasa sansaya seseg krungu omongane Juragane ngono kuwi. Andhik duwe gagasan kanthi tembung-tembung ngono kuwi padha karo Bu Kardiman wis aweh kalodhangan marang Mur supaya gelem akrap karo Bu Kristin lan anake lanang. Nanging sepisan maneh, Andhik ora wani guneman, merga Andhik ya ngerti nek nganti dheweke wani mbantah omongane juragane padha karo nyidham dilereni anggone dadi sopir.

"Rumaos kula, Bu Kristin nika rembage kathah, nanging inggih ramah, sanaosa kalih PRT nggih boten ngremehaken" Mur mangsuli omongane juragane.

"Tanta kae bagus tur sopan ya Mur?" Bu Kardiman gogoh-gogoh atine Mur.

"Menawi sopan inggih Buk-e" wangsulane Mur ngati-ati "menawi bagus kok rumaos kula nggih limrah mawon, taksih bagus Hyun Bin napa Lee Min Ho".

Bu Kardiman ngguyu, krungu wangsulane Mur sing dianggep lucu, banjur kandhane :

"Awakmu ki ya ana-ana wae, Lha wong Tanta kok dibandhingne karo Artis Korea, ya mesthi wae nek kalah. Gawe bandhingan kuwi ya sing babag dadi ora njomplang".

Mur melu ngguyu lirih, banjur mangsuli :

"He he he, lha Ibuk-e ndangu bab bagus kok? nggih kula wangsuli taksih bagus Hyun Bin kalih Lee Min Hoo. Nanging nek dibandhingne tiyang ingkang boten artis, rumaos kula nggih limrah mawon kok, upami dipun paringi biji ngaten, nggih sejajar kaliyan Mas Andhik, napa Mas Marsana, namung menawi Mas Mardana kawon ing kiulit mimpang ing ageng inggilipun pawakan".

Krungu wangsulane Mur sing keri iki, atine Andhik dadi rada suda panase. Jebul Mur ora banget kepencut nyawang bleger lan rupane Tanta lan isih menehi pambiji sing becik marang dheweke lan  kancane.

Bu Kardiman ngguyu krungu wangsulane Mur sing ngono kuwi mau. Merga padha karo Andhik, Bu Kardiman uga duwe pangira bisa-bisa Mur kepencut marang Tanta sing Bu Kardiman dhewe ngerti yen Tanta kuwi bocah lanang sing klebu bocah sing becik. Bu Kardiman uga wis duwe dudutan yen klebu mokal yen Bu Kristin ora duwe pamrih apa-apa marang Mur sing olehe ngundang nganggo sebutan Nak Mur, kamangka sebutan sing lumrah ki ya mBak utawa Dhik, lha kok Bu Kristin malah nyebute Nak. Iki mesthi ana apa-apane. Kajaba saka kuwi Bu Kardiman ya ora arep ngluputake saupama Tanta anake Bu Kristin kuwi ngarepne Mur, malah kepara wis pas. Mur ayu Tanta ya bagus. Nanging kuwi kabeh rak lagi dudutane Bu Kardiman sing mung sagebyaran anggone nyawang perkarane, sing durung genah bener lupute.

Ora krasa suwe lakune mobil wis tekan Gunung Putri, malah wis menggok menyang platarane Bu Sunarti.

 

ana candhake.

TEMBANG CEMPLANG (29)

 

dening: IMMIR

 

29.

Jam sanga bengi, Marsana sing anceran kebagian jaga pos ngarep mloka-mlaku neng plataran sacedhake gardhune. Wektu kuwi Pak Kardiman durung bali saka kantor, pancen nek dhong wayah gaweyan akeh Pak Kardiman kuwi minangka Boss ekspor-impor sok arang leren.Isih esuk wis mangkat sok tengah wengi lagi bali, banjur sesuk-esuk mangkat maneh. Adate nek Pak Kardiman wis ana omah ngono, Sing kebageyan jaga pos Satpam isih bisa karo glethakan neng jero gerdhu sing uga dicawisi dhingklik dawa, kena kanggo ngeluk boyok sing krasa keju. Nanging nek wayah Bosse durung bali ngono kuwi, sing kajibah jaga gerdhu akeh ngadeg neng jaba karo wira-wiri, nek kesel ya banjur lungghuh neng dhiklik sing diselehne neng ngarep gerdhu. Nalika Marsana wira-wiri ngubengi plataran ngono kuwi dumadakan Singgih sing mau wis sing bengi iki wayahe leren ora jaga, teka karo Sadirun, ora macak dhines nanging mung kaosan karo kalungan sarung. Sadirun ya mung bebetan kaya wong arep bancakan.

"Bosse rung mulih ta Mas?" lagi wae teka Singgih wis luruh-luruh takon.

"Durung" wangsulane Marsana karo nglirik jam tangane "lagi jam sanga luwih lima, mau bengi Bosse kundur jam pira ta?".

"Mau bengi nganti wengi Mas, jam sewelas kae wae durung teka" wangsulane Singgih sing banjur mapan lungguh neng dhingklik dawa ngarep gerdhu nyusul Sadirun sing wiwit teka mau terus mapan lungguh neng kono. Marsana ya banjur ngetutne melu lungguh awor kancane loro kuwi.

"Iya, kabare Bosse lagi ngrintis ekspor Rambutan menyang Itali dadi iki isih repot-repote, mengko nek wis mlaku sesasi ngono wae wis bisa dipercayakne marang wong kantoran, terus bosse mikir trobosan anyar maneh" kandhane Marsana karo mapan linggih.

"Dadi wong kantoran ki kepenak ya Mas?" Sadirun sing maune mung meneng karo klepas-klepus nyedhot pegane rokok melu omong.

"Ya wis suwe ta Om" sing mangsuli Singgih "nyambut gawene neng nggon AC, bayare akeh, gaweyane mung lungguh karo ngadhep komputer thok".

"Lha iya lah" Marsana nrambul gunem "lha bocah-bocah kantoran kae kuwi sing didol utek karo ketrampilane kok, lha wong kuliahe wae ya dhuwur-dhuwur, ora kaya awak-awak ngene iki, biyen bisa lulus SMA wae wis empet-empetan, upama bisa kuliyah maneh ya tiwas ngenekne dhuwit wong uteke ya mung pas-pasan".

"Karepku kepenak ki ngene lho" Sadirun nggenahne omonge "sing ditandangi kari sing entheng-entheng, carane wong nyetir mobil ngono kari ngliwati dalan aspalan, dalan sing legok luwik ora karuwan wis diliwati bosse dhewe".

"Ya ora kabeh ngono Om" wangsulane Marsana karo bali ngadeg "nek wayah ngrintis ngene iki, wong-wong kae ya melu ngrekasa, merga cinarane bocah sekolah ngono wektu iki lagi padha sinau, lha Bosse sing dadi guru ngrangkep dadi sing duwe sekolahan. Dadi kenek titeni, nek wayahe ngrintis cabang usaha sing anyar ngene iki, Bosse karo wong kantoran kae mesthi ora tau leren. Lha mengko nek wis mlaku Bosse bisa leren, wong kantoran karo bocah-bocah kae terus ora leren, mung kaceke ora kudu gethengan ngene iki".

"Apa Mas Gethengan? marahi aku kelingan omah wae, nyambut gawe gethengan merga wayahe ndhaut karo tandur sing balapan karo banyu giliran he he he" Singgih nyaut gunem karo ngguyu. Marsana karo Sadirun ya melu ngguyu.

Lampu alarm neng gerdhu kuwi murup byar-pet, Marsana cepet-cepet mlaku menyang plawangan ngarep, ndelok sapa sing lagi teka. Bareng weruh nek sing teka mobile Pak Kardiman sing disetiri Andhik, Marsama gageyan nyurung lawange regol, aweh dalan mobil mlebu. Mobile mandheg sedhela. Marsana nyedhak.

"Ora kok kunci ta Mar?" karo mbukak kaca lawang mobil Pak Kardiman ngluruhi Marsana.

"Dereng Pak" wangsulane Marsana karo manthuk "mangke menawi sampun jam sedasa nembe kula kunci".

"Ya wis, sing ngati-ati. Mosok mau bengi ki jam sewelas karo Singgih durung dikunci".

"Inggih Pak. Siap!" Marsana wangsulan. Pak kardiman mesem, banjur aweh sasmita marang Andhik supaya nglakokne mobile maneh.

Marsana banjur nyandak gembok, lawang regol disurung nutup banjur digembok. Kuncine dicekeli. Bubar ngono terus bali nyang Gerdhu awor Singgih karo Sadirun.

"Wis kok kancing ta Mas?" weruh nek Marsana nyekeli kunci lawang regol, Singgih takon.

"Wis, nyang Bosse kon ndang ngunci, jare ndhek bengi kelalen ora kok kunci?" wangsulane Marsana karo genti takon.

"Ora kelalen, karepku ngunci lawang regol ki nek Bosse wis bali, dadi ora kesuwen olehe mbukakne lawang. Dhek bengi nyang Bosse aku ya digrenengi" Singgih wangsulan karo ngguyu.

Marsana njupuk jakete, banjur dienggo hawane pancen wis wiwit rada adhem. Banjur bali metu ngawori kanca-kancane maneh.  Pancen nek ngepasi ana kancane ngne iki neng ati ya rada seneng, ana sing diajak omong-omongan, ora kok mung meneng karo dolanan hape thok.  Bubar nglebokne mobil menyang garasi, Andhik metu, pamit marang Bosse nek arep bali. Jebul ora, nanging malah nusul melu jagongan Sadirun karo Singgih ngancani Marsana.

"Waow mlumpuk iki?" karo mlaku nyedhak Andhik luwih dhisik sapa aruh.

"Iya, jare mbahe aja padha turu sore" sing wangsulan Sadirun.

"Ngestokne dhawuhe simbah apa arep ngrembug olehe bubar weruh bocah wedok sing nangis rumangsa diremehne perasaane?" karo mapan lungguh Andhik takon nyemoni kancane.

"Ho alah, mandhak ana bocah nangis ngono wae kok ndadak digagas ta Mas Andhik? kaya ora ana sing dipikir liyane wae?" Sadirun semaur karo alihan nggone lungguh genti njejeri Andhik sing lungguh dhingklik sijine.

"Bares wae, omongane Mur awan mau terus-terusan ngreridhu angen-angenku lho?" Marsana nyauti omongane Sadirun "aku wis rumangsa luput marang Mur sing lara atine merga saka panyakrabawane awake dhewe".

"Ora sah digagas Mas" wangsulane Sadirun "bocah kae pancen ya rada keminter, senengane nggugu karepe dhewe, ya wis ben wong dudu sanak dudu kadang wae kok, ora keneng dieman ya wis ben, mbuh dadine dudu urusane awake dhewe".

"Dudu sanak dudu kadang Om?" Singgih takon karo mesem sepa.

"lha arep diarani piye? Genah nek wong liya braya ngono?" wangsulane Sadirun.

"Iya, dudu sanak dudu kadang ning nek dipek wong aku sing sida kelangan" Andhik genti nindhihi rembug.

Marsana ngguyu rada banter, banjur omong :

"Ya aja terus ngono no Dhik Andhik, aku, awakmu, Singgih karo Om Sadi kuwi padha, nek ora selak karo batine kabeh kepengin  bisa ndadekne Mur kae dadi sisihane dhewe-dhewe. Kamangka Mur kuwi mung siji, dadi bisa wae tekdire sing Kuwasa Mur ki dadi ndhekku, utawa dadi ndhekmu, dadi ndhek-e Singguh apa dadi sisihane Om Sadi. Bisa wae, karek gumantung marang bejane awak".

"Bener kuwi Mas" Singgih melu omong "nanging sing genah, awake dhewe iki kabeh duwe hak sing padha. Nanging nek wis teka titi wancine Nek Mur jebul dadi jodhoku, sampean kabeh ya aja banjur gela, nek kecewa wae ya lumrah, nanging nek nganti nesu-nesunan kuwi sing aja nganti kedaden. Banjur nek wis klakon dadi jodhoku, sampean kabeh ya kudu mandheg olehe mikirne Mur, merga wis dadi ndhekku. Nek nganti ana sing nekad arep nyedhaki bojoku, mesthi tak tak tohi nyawaku".

"Ya, kuwi aku ya mathuk Mas Singgih" Andhik semaur "kosok baline nek Mur mbesuk jebul tinakdire dadi ndhekku, kabeh ya kudu gelem melu nyengkuyung lan aja padha musuhi aku".

"Lha nek jebul Mur kuwi tinakdir dadi jodhone Tanta anake Penjahit sing ditelpon Mur kae?" Sadirun genti takon.

"Bakal tak budi daya Om, aja nganti Mur bisa dicedhaki bocah kae, aku gak lila tenan" wangsulane Andhik mantep.

Wektune terus nggremet sansaya wengi wae. Nanging sing padha jagongan kuwi sesuk kudu nyambut gawe, mula jagongan banjur bubar. Andhik, Sadirun karo Singgih bali menyang panggonane turu, kari Marsana sing banjur kijenan neng gerdhu papane nyambut gawe.

 

ana candhake.

Selasa, 24 Agustus 2021

TEMBANG CEMPLANG (28)

 

dening: IMMIR

 

28.

Bengine mBok Ti mara menyang kamare Mur, wektu kuwi Mur lagi ngganti sprei kasur karo sawalan bantal lan gulinge. Kamare Mur pancen ketok rapi lan resik, barang-barange tumata kanthi ricik. mBok Ti mapan lungguh neng jogan, nglesot. Bareng wis rampung olehe ngganti sprei, Mur ngongkon mBok Ti supaya lungguh neng dipan.

"Lungguh neng dhuwur kene lho mBok" kandhane Mur.

"He eh" wangsulane mBok Ti "kepenak neng ngisor wae Mur, adhem".

Mur ya  banjur nusul melu nglesot neng jogan sak cedhake mBok Ti.

"Aku njaluk ngapura ya Mur" kandhane mBok Ti miwiti rembug.

"Njaluk ngapura bab apa ta mBok? apa mBok Ti wis tumindak salah nyang aku? kok aku malah ora ngerti ki?" Mur mbrondong pitakonan magepokan karo kandhane mBok Ti kuwi.

"Ora ngerti piye ta? Kedadeyan mau awan sing ndadekne awakmu sedina mung meneng karo ulat suntrut wae kuwi lho?" mBok Ti mangsuli, nggenahne karepe olehe njaluk ngapura.

"Oalah pas mangan awan mau ta?" Mur nyauti rembug karo mesem "lha nek kuwi ya genah ora ana sing luput ta mBok? luwih-luwih mBok Ti, blas ora ndadekne susahku".

"Lha thik awakmu nganti nangis? banjur sedina ketok nek sedhih banget ngono? Aku malih dadi ora kepenak, merga sing gawe jalaran awakmu nganti eyel-eyelan karo bocah-bocah lanang mau rak aku? aku sing ngelingne wis miscall Bu Kristin apa durung".

"Nek olehku ngarani sing kebangeten ki ya wong-wong kae mBok" kandhane Mur karo nyawang mBok Ti "mosok mung perkara tepungan wae kok didadekne perkara, sing marahi aku anyel ki rak ya merga jarene wong-wong kae kuwatir nek aku nganti kecegur neng "pergaulan yang salah" . Lha apa aku iki dianggep prawan lembeng sing regane siji sak-udhon loro saurupan ngana kae? Kajaba saka kuwi aku ya ora seneng nek enek wong sing sok suci, seneng ngarani wong liya mesthi eleke, kaya olehe nyamarne nek nganti aku banjur didadekne mangsane putrane Bu Kristin kae. Apa wong-wong kuwi wis mesthi nek luwih "bermoral" tinimbangane Tanta? ya pa gak mBok?".

mBok Ti mesem krungu omongane Mur sing suwarane makantar-kantar kebak semangat ngono kuwi, banjur mBok Ti takon :

"Awakmu ngerti Mur? sebab sing marahi wong-wong duwe panemu kaya ngana kae mau?".

"Genahe sing bener piye aku ya rung ngerti mBok" wangsulane Mur "nanging jarene rak merga wong-wong kae mesakne awakku sing dianggep dudu wong liya maneh?".

"Kuwi mung abangt-abang lambe thok Mur" mBok Ti wangsulan karo mesem kecut.

"Abang-abang lambe piye mBok?" Mur ora mudheng karo karepe mBok Ti.

"Abang-abang lambe kuwi tegese mung lamis, ora tulus tekan jero ati, sing diucapne kuwi mung kanggo nutupi suwara sing ana jero atine" mBok Ti nggenahne tembunge.

"Kok bisa ngono mBok?"

"Iya, merga aku ngerti apa sing dipikirne wong-wong kae, luwih-luwih sing dipikirne Andhik" kandhane mBok Ti manteb.

"Mosok ta mBok? nek manut sampean wong-wong kae pikirane piye?" Murni takon sajak ora mudheng tenan.

"Wong-wong kae, luwih-luwih Andhik, sak jane kepencokan ati sujana, gampange rembug ngono wong-wong kae cemburu merga awakmu kenalan karo Tanta. Wong-wong kae jane ya anyel karo aku, merga sing nepungne Tanta karo awakmu kuwi aku".

"Sujana? Cemburu?" Mur takon karo ngguyu, kaya ana sing lucu karo sing diucapne mBok Ti "lha wong-wong kae apaku? terus apa rumangsane Tanta putrane Bu Kristin kuwi gelem karo aku? lan sing nek dinalar luwih dawa maneh marakne gela, apa aku iki dianggep wong geleman? seneng ngobral katresnan ngana kae? dipadhakne apa aku iki?".

"Tenan Mur, sing tak kandhakne iki ora waton mangap lambeku" mBok Ti nerusne kandhane "aku ngerti wis rada suwe wong-wong kae duwe rasa seneng marang awakmu, senenge wong lanang marang wong wedok. Malah Andhik karo Sadirun kae wis tau takon menyang aku, awakmu ki wis duwe calon apa durung ? Sadirun kae malah kandha nyang aku jare nek awakmu gelem dadi bojone awakmu kepengin apa wae Sadirun saguh mujudi".

"Mosok ngono mBok?" Mur ngempet guyune "nanging mau Om Sadi ora melu guneman apa-apa lho? malah sing akeh guneme ki Mas Andhik".

"Lha kuwi pintere Sadi main pulitik" mBok Ti wangsulan karo mesem.

"Pulitik mBok?" eseme Mur mundhak amba "pulitik ki apa? kok kaya sing disiarne neng televisi wae lho??".

"Najan duwe rasa cemburu, nanging Sadi luwih pengalaman, bareng ngerti nek Andhik, Marsana karo Singgih wis kobong atine merga cemburu, dheweke milih meneng, mbok menawa karo ndonga supaya olehmu gegeran karo wong telu kuwi sansaya rame, dadi kesempatane nyedhaki awakmu luwih akeh, merga wong telu liyane mesthi banjur kok sengiti".

"Oalaaah, alah" Mur nutupi lambene merga ngempet guyune "lha nek tenan wong papat kae kabeh ngesir aku, kuwi rak padha wae aku iki dadi jalaran pedhote kekancan lan seduluran no Mak? Merga upama aku kon milih mesthi sing tak pilih mung siji, nek tarah seneng sing tak pilih mesthi seneng, terus sing telu dadi nesu, nesu karo aku ya nesu karo kancane dhewe sing tak pilih".

"Lha apa kira-kira salah siji saka wong papat kuwi ana sing nyanthol neng angen-angenmu?" mBok Ti njajagi atine Mur.

"Nganti saiki, kaya sing tak omongne dhek awan mau mBok" Mur wangsulan suwarane keprungu nek tenanan "aku durung mikir sing ngono-ngono kuwi. Merga aku isih kepengin nambal panguripanku sing sasuwene iki suwek rowak-rawek merga kahanane Makku sing mlarat. Aku kepengin Makku bisa mesem kaya kancane, bisa mangan wareg nyandhang wutuh kaya tangga-tanggane, sokur bisa ngiyub neng gubug sing dadi duweke dhewe, ora selawase mung mondhok neng lemah sing dudu duweke. Dadi wektu iki, tak sengaja aku meper rasa sing sok-sok ngajak bisa sesandhingan karo wong bagus. Keneng diupamakne aku iki wong sing luwe banjur mlaku neng pasar golek bakul panganan, kamangka sing tak liwati kuwi los bakul sandhangan, mula najan aku ya weruh akeh klambi sing apik-apik, tak peksa aku kudu ora kepengin nuku, merga dhuwitku arep tak ngge tuku panganan luwih dhisik ora arep tak ngge tuku liyane kalebu sandhangan".

mBok Ti meneng, apa sing diucapne Mur kuwi suwe diangen-angen nganggo nalare. Ing atine mBok Ti ana rasa mesakne marang Mur bocah sing kudune wis wayahe milang-miling ngulati wong lanang sing bisa didadekne Imame, nanging merga saka perihing rasa sing tuwuh merga urip sing sarwa kecingkrangan, ndadekne Mur milih dalan muthes rasa sing thukul ing atine, rasa sing lumrah dialami dening sok sapawa sing umure wis tekan titi wancine. Lan kanthi mangkono mBok Ti rumangsa duwe kuwajiban ngandhani wong lanang papat kancane nyambut gawe neng Dalem Kardimanan kuwi supaya padha murungake nggone duwe pepenginan arep ngepek Mur supaya bisa dadi bojone.

"Lha nek Tanta piye?" dumadakan pikirane mBok Ti nakoni atine dhewe. mBok Ti wis kadhung gawe dudutan yen Mur bakale dadi mulya uripe nek klakon dadi bojone Tanta, lan merga katresnane Mur sing dianggep anake dhewe, mBok Ti nganti duwe pepenginan apa sing dikandhakne Bu Kristin sing kepengin ngajak besanan kae bisa kaleksanan tenan.

Sirahe mBok Ti dadi krasa ngelu, Mur sambat mripate krasa ngantuk, jare wis wayahe turu.

 

ana candhake.

TEMBANG CEMPLANG (27)

 

dening: IMMIR

 

27.

Ing atine Andhik ana rasa cuwa, wis suwe aggone ngendhem rasa tresna marang Mur. Wis suwe tansah mbudidaya gawe senenge Mur. Ewa samono wis bola-bali kirim pesen nyang hape ne Mur, ora tau oleh wangsulan, diwaca wae ora. Lha kok iki dumadakan Mur wis rumangsa luput merga dijaluki nomer Hape dening Bu Kristin, kelalen ora enggal menehne. Malah banjur telepon asok kaluputan. Iki mesthi ana apa-apane, merga mau critane mBok Ti, Mur ora mung tepungan karo Bu Kristin thok, nanging uga kenalan karo anake lanang Bu Kristin sing jenenge Tanta.  Andhik ya wis weruh nek nom-noman sing jeneng Tanta kuwi pancen duwe pakulitan resik, kuning ngemu gtiring lan praupan sing bagus lan pawakan gagah. Mula Andhik banjur duwe pangira yen Mur wis kapencut marang Tanta anake Pak Suryadi Pegawe Kantor Samsat, lan Tanta mregawe dadi Mekanike Dealer Sepedha Motor. Luwih krasa kebranang rasane Andhik bareng Mur wis wani mangsuli omongane, klawan wangsulan dawa sing intine ora nggugu apa sing dadi omongane.

"Bener awakmu Mur" bareng rada suwe Andhik mung meneng ora nyauri omongane Mur, mBok Ti banjur omong "ora ana alane wong tetepungan karo sapa wae, luwih-luwih karo tangga cedhak kuwi genah nek apik. Bu Kristin kuwi neng lingkungan kene srawunge becik. Karo tangga ya ngajeni, ora mbedak-mbedakne pangkat lan drajat, ora nyawang sugih mlarate wong, kabeh dibeciki. Semono nuga karo kulawargane Bu Kristin, Pak Suryadi kuwi nek pethuk tanggane ajeg mesem kurmat, Tanta anake lanang sing mung siji thil kae wae ya ramah tur sopan. Dadi wis bener anggonmu nelepon Bu Kristin mau".

"Nek mung kenalan lumrah wae pancen kena diarani ora ana alane mBok" Marsana genti sing semaur "nanging sing diweruhi mBok Ti karo Mur perkara kulawargane Penjahit kuwi rak mung jabane wae. Jerohane padha durung weruhe ya apa ora?".

"Lha apik utawa orane wong kuwi rak dititik saka njabane ta Mar?" mBok Ti mangsuli "nek perkara jerohane ya embuh kuwi dudu urusanku, sing baku mungguhku nek wonge ketoke apik ya kudu disrawungi kanthi becik, nek wonge kenal wong wae geleme ora-ora, ya luwih becik disingkrihi".

"Lha sing dikuwatirne Andhik marang Mur kuwi kira-kira padha karo sing tak kuwatirne, bisa uga padha karo rasane kuwatire Pak Sadi apadene Singgih. Merga Mur kuwi karo wong-wong iki wis dudu wong liya maneh, nanging klebu batih dhewe" Marsana nyambungi kandhane.

"Nej bener Mas Andhik, Mas Marsana, Mas Singgih karo Om Sadi kuwi nguwatirne marang aku, sing dikuwatirne ing babagan apa Mas?" Mur gtenti takon.

"Ngene ya Mur" Singgih sing mangsuli "awakmu kuwi kena diarani durung duwe pengalaman sing cukup bab urip neng kutha gedhe ngene iki. Lire awakmu isih lugu, ngertine kabeh sarwa apik merga kok ukur karo awakmu dhewe, awakmu nganggep wong ki apik kabeh, ora gelem ngapusi ora gelem nyengsarakne wong liya, jujur lan liya-liyane, merga  kabeh wong kok padhakne karo awakmu dhewe. Kamangka wis akeh critane bocah ndesa sing lugu banjur dadi kurbane bocah kutha sing  lagak, lagu lan lageyane sagebyaran ketok apik nanging jebul ing walike ana watak, wantu lan sipat sing ora becik".

"Mengko dhisik Mas" Mur nugel rembuge Singgih "akeh bocah ndesa sing lugu dadi kurbane wong kutha kuwi ing babagan apa? nek kurbane rupa bandha donya genah nek mokal aku bisa dadi kurban, merga kajaba aku ora duwe apa-apa sing kena dikeret, kabeh pengasilanku tak aturi nyimpen Ibuk-e, saben sasi aku mung diparingi cathetan pita dhuwitku sing disinggahne Ibuk-e neng Bank, dadi sampean kabeh ora usah nemen-nemen oleh nguwatirake aku Mas".

"Lha saiki sansaya ketok nek lugumu kuwi wis kebacut Mur" Andhik sing wiwit mau mung meneng karo mencureng, omong maneh dibarengi guyu sing sengak.

"Kebacut piye Mas?" suwarane Mur katut melu rada dhuwur.

"Ngertiya ya Mur" omonge Andhik digawe sareh "wong ndesa diajak tepungan wong kutha banjur atine dadi seneng kuwi lumrah, wong lanang diajak kenalan karo bocah ayu, atine dadi seneng kuwi ya lumrah, padha karo lumrahe senenge bocah wedok sing diajak kenalan karo wong bagus. Lha kamangka esuk mau sing nyenengne atimu kuwi mlumpuk, kowe diajak kenalan karo wong kutha sing bagus tur sugih pisan, dadi senengmu mlumpuk dadi siji. Nanging ya kuwi Mur, seneng kuwi sok larang regane. Aku karo Singgih karo Mas Marsana iki dadi kuwatir, nguwatirake awakmu. Merga kapilut tembung manis, ulat sumeh, rupa sing bagus, enake panganan sak cokotan nek kowe kurang ngati-atimu, bisa masrahake rasa tresnamu marang wong kutha mau. neng wong kuthane kuwi duwe tanggung jawab lair batin kuwi ora apa-apa, malah kepara wis trep tumbu oleh tutup. Nanging awakmu rak durung ngerti ta kaya apa gegedhohane bocah bagus sing jeneng Santa anake Bu Kristin kuwi?. Kuwi lho Mur sing ndadekne kuwatirku karo Mas Mar lan Singgih ki".

Ora ana sing nyana ora ana sing ngira, krungu pituture Andhik kuwi jebul ndadekne panas atine Murjiyati. Praupane dadi mbrabak abang untune nggeget kenceng, ngempet mubaling nesu. mBok Ti sing lungguhe jejer Mur ya weruh anane owah-owahan sing dialami Mur. Sak jane mBok Ti rumangsa ora bisa nampa karo sing dadi pituture Andhik marang Mur ngono kuwi mau, nanging isih kangelan nata ukara kanggo mangsuli omongane Andhik, mula mBok Ti ya banjur meneng, batine wae sing rame ora karuwan. Bareng wis rada sauntara meneng, lan Mur wis bisa nata atine, bocah wadon sing duwe rupa ayu kuwi banjur omong, tembunge digawe ngat-ati nanging krasa yen landhep :

"Iya Mas Andhik, aku bisa nampa bab kuwatire Mas-mas kabeh marang aku, ora liwat aku matur nuwun banget marang Mas-mas kabeh klebu Om Sadi. Mung wae ana sing arep tak aturne marang mas-mas kabeh uga marang Om Sadi karo mBok Ti sing wis tak anggep wong tuwaku dhewe. Nek ana sing ngarani aku iki bocah ndesa sing bodho lan ora duwe pengalaman blas, kuwi bener. Nek eneng sing ngarani aku iki prawan mlarat sing kurang wragat, kuwi ya bener, yen eneng sing muni aku iki mung drajate babu utawa batur gedibal sanga likur, kuwi ya ora luput, nek eneng sing nyebut aku iki bocah wedok sing mbesuke mbuh payu rabi mbuh ora, kuwi nya wis pas. Nanging nek eneng sing ngarani merga kahananku sing sarwa kurang ngono kuwi ndadekne aku dadi bocah sing gampangan, bocah sing murahan, kuwi atiku lara banget Mas. Mas-mas kena percaya ya kena ora, aku iki ya wis tau dijak rembugan karo Ibuk perkara kapan olehku arep omah-omah, sumpah demi Allah olehku matur dina iki aku durung arep mikirne bab kuwi. Lan pancen kanyatan sing ana jerone rasaku sing paling jero ya pancen mangkono. Dadi upama, sepisan maneh upama lho, salah siji saka mas-mas iki upama nembung ngajak aku urip bebrayan, wangsulanku mesthi : aku emoh. Olehku emoh kuwi ora merga mas-mas kuwi dudu wong apik, ora. Aku dhewe wis suwe weruh kabecikane Mas-mas kabeh marang aku. Apa merga kurang sugih? Ora. Kahanane mas-mas kuwi kabeh luwih ana tinimbang kahananku dhewe. Apa mas-mas kuwi kurang bagus? ya Ora. Dadi nek Mas-mas kuwi mau nguwatirake aku bakal dadi kurbane wong kutha sing sugih, bagus tur tembunge manis-manis, kuwi padha karo wis ngremehne Murjiyati. Atiku serik Mas, nanging aku ora arep neka-neka karo sampean kabeh. Ayo diteni bareng-bareng, sing bener omonganku apa kaya sing sampean kabeh kuwatirake".

Murjiyati ora bisa nerusake guneme maneh, luhe kebacut mbanjir nelesi pipi bablas mudhun nelesi klambine. Ndilalah nalika kuwi mbarengi suwara loncenge jam sing nuduhake wektu yen wong-wong kudu mbalik nyandhak pagaweyane dhewe-dhewe maneh, wektu kanggo leren wis entek.

 

ana candhake.

Senin, 23 Agustus 2021

TEMBANG CEMPLANG (26)

 

dening: IMMIR

 

26.

Wekasane mBok Ti karo Mur olehe bali bareng karo Bu Kristin, neng dalan karo mlaku wong telu kuwi padha omong-omongan kaya kanca sing wis akrab. Jroning batin Bu Kristin ngalembana anake lanang, nadyan durung tau cedhak suprandene wis bisa maca rupa lan anggah ungguh lan solah bawane bocah wadon sing jeneng Murjiyati kuwi. Bu Kristin uga banjur nenuwun marang Sing Kuwasa, muga-muga Murjiyati durung duwe calon bojo utawa durung dipacangne dening wong tuwane sing ana desa. Merga wong tuwa ing padesan kuwi adhakane najan anake ora ana omah nanging wis dipacangne karo wong lanang sing dianggep cocogt dadi sisihane anake wedok, mengko sawayah-wayah bali menyang desa banjur diijabne.

"Aku nyuwun nomer hape sampean Nak Mur" kandhane Bu Kristin sadurunge menggok menyang omahe.

"Kula boten apal kaliyan nomer hape kula kok Bu" wangsulane Mu bares "tiyang kula nggih awis-awis nyepeng hape, nyepenge paling-paling menawi Mak-e kula ingkang wonten dhusun telepon utawi menawi kula kangen kaliyan mak-e, kula ingkang telepon. Niku nggih dereng kantenan sewulan sepisan".

"O ngono ? ya wis iki tak wenenehi nomer hape ku, wae mengko nek wis tekan dalem nek kober ibu di-miscall ya?" Muni ngtono kuwi Bu Kristin karo ngelungne Kartu Nama sing ana nomer hape ne.

"Inggih Bu, matur nuwun" wangsulane Mur karo nampani kartu nama sing banjur dilebokne menyang dhompete.

Bu Kristin menggok menyang omahe, mBok Ti karo Mur banjur nyabrang ratan tumuju menyang omahe juragane. Wong loro kuwi wis ora omong-omongan maneh, Mur lakune dicepetne merga kelingan yen isih akeh gaweyan sing durung ditandangi.

Nalika pas wayah leren awan, wayahe wong-wong mlumpuk mangan bareng, kaya adate pararewange Kulawarga Kardiman kuwi padha omong-omongan mirunggan diselani geguyonan  samadya kaya lumrahe wong kekancan, nadyan guyonan kuwi sok-sok ya mambu guyon-guyon parikena barang.

"Awakmu mau wis sida miscall Bu Kristin apa durung Mur? Memgko awakmu gek lali, wonge wis kandhung ngenteni olehmu miscall lho" dumadakan mBok Ti ing sela-selane mamah segane omong, ngelingne Mur yen duwe kesaguhan arep miscall Bu Kristin.

"Durung mBok" wangsulane Mur karo sajak ora kepenak atine"aku mau kelalen, malah saupama ora sampean elingne aku ya ora kelingan blas".

"Ya mengko nek bar mangan, ndang dimiscall sel;ak diarep=arep mengko" mBok Ti ngandhani.

"Bu Kristin ki sapa lho mBok? thik njaluk dimiscall barang ki? kok ketoke penting temen" Andhik nrambul gunem takon marang mBok Ti.

"Bu Kristin garwane Pak Suryadi sing daleme ngarep omah kuwi lho" mBok Ti aweh wangsulan.

"Oalah, Penjahit kuwi ta?" Marsana melu takon.

"Iya" mBok Ti wangsulan.

"Lha awakmu apa ndandakne klambi mrono ta Mur? Thik Bu Kristin njaluk nomer Hape barang ki?" Andhik takon maneh.

"Ora kok Mas" Mur wangsulan cekak, olehe mangan dicepetne, merga selak kepengin njupuk ha pe ne terus dienggo miscall utawa nek perlu nelpon Bu Kristin pisan, ngiras pantes njaluk pangapura merga wis tledhor karo sesanggemane.

"Lha thik wonge ngongkon awakmu miscall neh? ngongkon miscall kuwi padha karo njaluk nomer ha pe Mur" Andhik nuturi Mur.

Sing dituturi ora semaur, malah sansaya telap telep anggone nyendhoki segane.

"Bener nDhik" mBok Ti sing banjur nggenahne "Dhek mau esuk ki Mur rak tak kongkon ngancani aku blanja sayuran nyang nggone Pak Bakir, neng prapatan kulon kana kae? Lha pas blanja mau kepethuk karo Bu Kristin sing dikancani anake lanang sing jeneng Tanta, mekanik Toko Pit Motor kae. Banjur Bu Kristin karo anake lanang ngajak tetepungan Mur.....".

"Bu Kristin karo anake lanang kuwi ngajak kenalan Mur mBok?" Marsana takon, nugel omongane mBok Ti.

"Iya" wangsulane mBok Ti "maune sing ngajak tepungan Bu Kristin, banjur anake lanang nembung njaluk ditepungne pisan".

"Aneh" dumadakan Andhik saulu "apa karepe si Tanta ngajak kenalan Mur barang kuwi?. Awakmu ya gelem Mur dijak kenalan anake Penjahit kuwi?".

"Ya mesthi waqe gelem ta Mas?" wangsulane Mur ayem "mosok wong diajak kenalan wae ora gelem? gek sing ngajak kenalan ya tanggane pisan, bola-bali pethuk simpangan neng dalan ora padha luruhan merga ora kenal, lha nek kana sing ndhisiki ngajak tepung, kuwi aku rak ya kari nimbangi".

Bubar wangsulan ngono kuwi Mur banjur ngalih, mlebu menyang kamare arep njupuk hape ne. Andhik sing oleh wangsulan saka Mur mangkono mau sajak atine ora seneng blas. Ora mung Andhik thok, najan Singgih karo Marsana uga Sadirun di Tukang Kebun, kabeh padha ora seneng nek Murjiyati ana sing ngajak tepungan. Olehe padha mangan awan dadi ora krasa seger lan gurih maneh, ana rasa sing luwih rosa, sing kuwawa ngendhih rasa ngelih, ngilangna rasa gurih sing dumunung ana panganan olah-olahane mBok Ti karo Mur sing kulinane duwe rasa sing banget mirasa. Ora suwe Mur wis bali mapan lungguh neng kursi sing mau dilungguhi, tangane tengen nyekel Hape tangane kiwa nyandhak kertas cilik sing diarani Kartu Nama, Kart Namane Bu Kristin Penjahit Sempulur.

Mur banjur thak-thik nduduli angka-angka neng hapene, kaya adate nek nampa telpon utawa nelpon suwara telpone dibanterne. Hapene banjur diselehne neng dhuwur meja, ora dicedhakne kupinge.

"Halo, Assalamu'alaikum" suwarane Bu Kristin keprungu cetha, ngucapne salam.

"Alaikum salam" Mur mangsuli "inggih Bu niki kula Mur".

"Oalaah, Mur ponakane mBak Surati ta? tak kira sapa" Bu Kristin ngomong karo ngguyu seneng.

"Inggih, badhe nyuwun pangapunten Bu" Mur kandha maneh.

"Lho kok nyuwun pangapura ki ngapa? Nak Mur ora luput apa-apa kok karo Ibu" Bu Kristin cepet-cepet semaur.

"Inggih Bu, wau kula kesupen menawi badhe miscall Ibu, kula sampun tledhor amargi lajeng kaslamur nandangi damelan".

"O ngono wae kok ndadak nyuwun pangapura ta Nak Mur, Nak Mur. tenan kok Ibu ora apa-apa".

"Inggih Bu Matur nuwun"

"Iki nomer hape ne Nak Mur ta? mengko tak simpene pisan".

"Inggih, sampun  nggih Bu, matur nuwun"

"Ya Nak, padha-padha".

Hape banjur ditutup, karo nglebokne Kartu nama nyang dhompete maneh, Mur kanfha marang mBok Ti :

"Wis mBok, atiku wis plong, wis njaluk ngapura nyang Bu Kristin".

"Ya wis suk maneh nek wis saguh ki ya ndang dicakne, ben gak kelalen maneh" wangsulane mBok Ti aweh tutur.

"Upama awakmu mau omong aku, malah tak penging supaya ora usah nelpon Bu Kristin Mur" Andhik omong suwarane semu kedher.

"Lha ngapa Mas? upama sampean penging aku ya emoh. Wong aku dhek esuk wis saguh, kamangka jenenge manungsa kuwi sing digugu rak omongane ta Mas? Lha nek omonganku ora kena dicekel, rak padha wae aku iki ora ngregani awakku dhewe? Jare ajining dhiri iku dumunung ana lathi?" Mur mangsuli kandhane Andhik karo ukara sing rada dawa. Lan nampa wangsulane Mur sing ngono kuwi mau atine Andhik krasa ora kepenak, kupinge Andhik krasa panas.

 

ana candhake.

 

TEMBANG CEMPLANG (25)

 

dening: IMMIR

 

25.

Esuk kuwi dening mBok Ti Mur diajak metu, golek sayuran nyang lapake Pak Bakir. Maune Mur arep emoh merga tinimbang ngetutne blanja mBok Ti wektune bisa dienggo nandangi gaweyan liya sing luwih penting timbang mung melu blanja. Lha wong adate mBok Ti ki ya mangkat dhewe, nanging esuk kuwi mBok Ti ngeyel njaluk dikancani.

"Jane ngono ngapa ta mBok? thik ndadak kongkon ngancani barang ki? apa ana wong sing ngganggu sampean apa piye? nek enek sing ngganggu harak luwih apik nek sing ngancani ki Om Sadi, lha nek aku rak ya padha wae" kandhane Mur nakoni mBok Ti sing ngeyel njaluk dikancani blanja.

"Ora ana sing ngganggu aku Mur" wangsulane mBok Ti "Upamaa enek ya tak adhepi dhewe, ngapa ndadak kongkonan wong liya? aku iki biyen ya tau melok latihan Karate lho".

Muni ngono kuwi mBok Ti karo nduduhne lengene sing dikeker-kekerne, tangane dikepelne dituduhne nyang ngarepe Mur. Sing dituduhi banjur ngguyu karo takon maneh :

"Lha thik kongkon ngancani neh?"

"Ngene lho Mur karepku iki" mBok Ti nggenahne karepe "aku iki ora mung ngongkon kowe ngancani aku, nanging arep muruki kowe milih lan blanja sayuran neng lapake Pak Bakir, perlune saupama aku ana alangan ora bisa blanja, kowe mengko wis ngerti carane. dadi ora thah-thuh. Ngerti?"

"Oo ngono ta?" Mur ngguyu "ayo nek ngono ndang budhal mumpung isih rada peteng, dadi mengko olehe bali ora kawanen".

Sakjane ngono, anggone mBok Ti meksa Mur supaya melu blanja kuwi ora merga kaya sing dikandhakne kuwi, nanging mBok Ti ki mung kepengin methukne Mur karo anake Tanta anake Bu Kristin Penjahit sing omahe cedhak karo dalem Kardimanan, Tanta wis bola-bali nemoni mBok Ti nek ngepasi mBok Ti blanja neng nggone Pak Bakir. Tanta ki bocahe bagus tur sopan, nyambut gawene dadi tenaga mekanik neng bengkel resmi. Lan Tanta kuwi ketok nek tenanan anggone ngesir Mur, wis bola-bali mBok Ti diomongi. Kamangka miturut mBokti, timbang wong papat kancane nyambut gawe neng dalem kardimanan, Tanta iki nduweni biji sing dhuwur. Kang mangkono kuwi keneng didelok saka tang kebe Tanta sing ora seneng guyon klecon. Tau sawijining esuk, mBok Ti pas blanja kepethuk karo Bu Kristin, ibune Tanta sing ua lagi golek sayuran. Pas mlaku mulih wong loro kuwi anggone mlaku bebarengan, neng dalan Bu Kristin ngajak omong mBok Ti :

"mBak,anakku Tanta ki tau tak takoni, ya gene nganti semono gedhene kok durung duwe pacar, kamangka aku ki wis kepengin Tanta ki ndang rabi. Bocahe malah kandha wegah pacaran, jarene cah wedok saiki akeh sing matre, malah jarene mengko arep rabi ngono wae gak ah nganggo pacar-pacaran barang".

"Lha nek boten pacaran lajeng anggene rabi kalih sinten Bu?" mBok Ti semaur karo takon.

"Ya kuwi sing arep tak suwunke pirsa nyang sampean" wangsulane Bu Kristin.

"Lho kok kula ta Bu? Pripun niku genahe?"

Bu Kristen mesem amba, wangsulane :

"Tanta ki nek bengi pas sepi ngana kae rak seneng sembahyang? Jarene sembahyang ngge milih bojo sing apik ngono, lha Tanta ki kandha miturut isyarat pas bocahe sembahyang jodhone Tanta ki isih ponakan sampean. Apa bener sampean duwe ponakan ? nek bener ya tiwas kabeneran, mbok menawa mathuk, aku karo sampean rak bisa rembugan sing apik, sapa ngerti ponakan sampean kuwi bener kaya apa sing dikandhakne Tanta, ya kuwi bisa dadi mantuku".

"Oo niku ta Bu? pancen kala emben nika Mas Tanta panggih kula, nangkletne Mur ponakan kula niku kok boten tau dijak blanja lan sajake Mas Tanta nggih remen kaliyan ponakan kula niku. Nanging nggih niku, ponakan kula sing namine Murjiyati niku namung PRT kados kula niki, mula sareng kula sanjangi nek angsal salam saking Mas Tanta, larene nggih boten percaya. Tiyang Mur niku nggih dereng nate kepanggih kaliyan Mas Tanta piyambak".

"PRT jane ya ora apa-apa mBak" kandhane Bu Kristin nanggapi wangsulane mBok Ti "ya tulung ta mBak, nek sampean mathuk, piye carane ben ponakan sampean kuwi bisa cedhak karo anakku Tanta, sapa ngerti awake dhewe bisa besanan tenan".

Ya merga rembugan karo mlaku kuwi, mBok Ti kepengin nyedhakne sokur bisa njodhokne Mur karo Tanta. Miturut petungane mBok Ti, Mur kuwi bakal luwih becik panguripane yen dadi bojone Tanta. Upama bobot timbang wong bebakulan, Mur oleh Tanta kuwi jeneng wis pas. Sing siji ayu sing siji bagus. Tur ya ketok padha sregepe, padha olehe ngerti unggah-ungguh. Senajan mung kanca padha-padha anggone mbabu, nanging saupama ing tembe uripe Mur kuwi dadi luwih mulya, mBok Ti rumangsa bakal melu seneng.

Mula esuk kuwi mBok Ti ngeyel kepengin ngajak Mur blanja, ing pangangkah muga-muga esuk kuwi mengko bisa kepethuk Tanta sing ajek saben esuk olah raga liwat kono, sokur bage yen mbarengi Bu Kristin blanja neng nggone Pak Bakir. Mur sing babar pisan ora ngerti karepe mBok Ti, butuhe mung manut. Nanging Mur ya rumangsa seneng-seneng wae, merga bisa weruh sesawangan ing jabane omah sing arang diweruhi, ketang arsnge metu saka omah.

Weruh sayuran neng mobil bukakan sing ketok seger-seger ndhemenake, Mur seneng banget banjur ngrewangi mBok Ti milihi endi sing arep dituku. Wong loro kuwi merga saka ketungkule milih-milih sayuran, njalari ora ngerti yen sapari polahe Mur ana mripat papat sing ngulati. Ya iku mripate Tanta karo mripate Ibune. mBok Ti dhewe lagi ngerti yen Bu Kristin uga blanja, bareng disenggol karo ditakoni :

"Kok dhengaren mruput ta mBak?"

"Oh, Bu Kristin... inggih Bu" mBok Ti wangsuloan semu kaget "sampun dangu ta niki wau?"

"Lagi wae kok, iki ponakane sampean ya?" Bu Kristin nudingi prenahe Mur.

"Inggih Bu" wangsulane mBok Ti sing banjr kandha marang Mur "Mur, ditepungne iki Bu Kristin Penjahit sing daleme ngarepan rada nengen sithik kae lho".

Mur manthuk karo mesem nyawang Bu Kristin sing wis ndhisiki ngethukne tangane ngajak salaman. Gageyan Mur nyelehne tim,un sing dicekeli, banjur nampani tangane Bu Kristin, karo kandha :

"Matur nuwun Bu, kula Murjiyati "

"Iya, apik jenenge jeneng jawa sing becik, cocok karo wonge sing ayu tur wuwuh manis pisan" Bu Kristin nyauri karo mesem sajak seneng.

"Ah, ibuk menika lho" Mur saulu karo ngguyu "dugi griya mengke kula rak wongsal-wangsul nyepengi kaca pangilon he he he".

"mBok kula nggih ditepangne ta Buk" dumadakan ana bocah nom-noman bagus sing nyedhaki Bu Kristin karo omong.

"mBok kenalan dhewe ngapa lho?" Bu Kristin wangsulan karo mesem, banjur kandha marang Mur "oh, iya iki Nak Mur ditepungne, iki anakku lanang"

"Tanta" Nom-noman kuwi ngajak salaman.

"Murjiyati" Mur wangsulan.

 

ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...