Total Tayangan Halaman

Senin, 06 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 04

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

4.

Rangga karo Marga, uga wong loro sing ora bisa obah neng ngisore grumbul kuwi, padha ora kendhat nggone ngulati wong-wong sing mandheg neng lemah benthak, sing bola-bali ngunekne sasmita klawan niru unine manuk kedasih kuwi. Bareng wis oleh pirang-pirang rambahan sasmita sing dikirmne ora ana wangsulane, wong sing aweh sasmita kuwi wiwit mikir. Banjur nginger adhepe mbalik madhep marang kanca-kancane. Kanca-kancane padha nyawang klawan sorot mripat kebak pitakon, ya gene dina iki beneh klawan padatan. Karta Gentho karo Jaya Glegek ora enggal wangsulan, kamangka mau kanthi aji Gulung Suwara, wis aweh sasmita kanthi niru suwara panggerone macan, ngabari yen kahanan guwa wis aman ora ana apa-apa. Saiki bareng kanca-kancane teka arep ngeterne kurban menyang jerone guwa, diceluki klawan sasmita suwara kedasih malah ora enggal metu kaya adate.

"Wong loro iki kira-kira menyang ngendi parane? Apa kakehan olehe ngombe tuak banjur isih kangkleren anggone padha turu neng jero guwa?" Wong sing ngirimne sasmita suara kedasih kuwi takon marang kanca-kancane.

"Apa ora luwih prayoga didelok neng jero wae Kakang Sambega?" salah siji saka kancane nanggapi nganggo pitakonan.

"Nganti dina iki, durung ana wewenang sing diparingne aku, supaya bisa mlebu guwa kuwi" Wong sing disebut jeneng Sambega kuwi wangsulan "dadi bares wae aku ora wani, gedhe pidanane yen nganti kumawani nglangkahi angger-anggering paguron".

"Lha nek ngene iki, awake dhewe banjur kepiye?" salah siji saka sing mikul tandhu takon "Lha nek kudu ngenteni tangine wong turu merga mendem ya sida garing awake dhewe mengko".

"Piye?" Sambega mencerengi wong sing lagi wae omong kuwi "kowe mau omong apa Sogol? He? Wis bosen kowe dadi pandhereke Sang Panembahan?. Wis ping pira aku kandha? apa wae sing awake dhewe tampa saka pengarep utawa sedulur tuwa tunggal paguron, ora kena awake dhewe iki ngresula, luwih-luwih mbantah. Prentah saka Kakang Rambutkawat marang kowe lan wong-wong iki kabeh, sing lumantar aku mau apa? He?".

"Aku ngaku luput Kakang" wong sing jebul jeneng Sogol kuwi semaur keweden "kakang mrentahake supaya awake dhewe ngeterne kurban sing ana njero tandhu iki menyang Guwa Klumpit kene, ora kena bali sadurunge kurban ditampa dening Kakang Karta Gentho karo Kakang Jaya Glegek, yen nganti merga awake dhewe dianggep kleru temah Kakang Karta Gentho utawa Kakang Jaya Glegek ora bisa nampa kurban sing digawa iki, awake dhewe kabeh bakal kena pidana. Sepisan maneh aku ngakoni luput, aku ora oleh sambat kabotan luwih-luwih ngresula sajroning ngayahi kuwajiban iki".

"Bagus, kowe cepet ngerti" wangsulane Sambega "Kabeh wae kudu ngerti, yen ana salah siji saka awake dhewe iki kumawani tumindak luput, luwih-luwih wani maido marang para pangarep utawa Kakang-kakange dhewe, awake dhewe iki kabeh bakal nampa pidana".

"Saiki banjur kepiye Kakang? Awake dhewe ngenteni Kakang Jaya Glegek lan Kakang Karta Gentho neng Lemah benthak iki, apa dikeparengake ngenteni neng ngiyuban, sangisore wit kana?" Sing mau ngongkon Sambega supaya mlebu guwa takon maneh.

"Sabar" Sambega wangsulan "coba tak nyedhak menyang lawange guwa luwih dhisik, mbok menawa yen olehe leren Kakang Karta gentho utawa Kakang Jaya Glegek ana njabane guwa".

Sambega mlaku nyedhaki guwa, pedhange sing gedhe diunus kanggo jaga-jaga manawa-manawa ana bebaya. Bareng tekan ngarep lawange guwa, lan inget-inget kanan kering, Sambega sakala kaget. Wong kuwi weruh sing digoleki padha ngglethak neng lemah ditutupi gegodhongan. Sambegaalon-alon mundur, banjur mlayu mbalik menyang panggonane kanca-kancane neng Lemah Benthak. Ora omong apa-apa Sambega aweh sasmita supaya kanca-kancane padha siaga.

"Ana apa Kakang?" salah siji saka kancane takon karo bisik-bisik.

"Balik saiki" wangsulane Sambega. Kanca-kancane padha gumun semu bingung, ora ngerti karo karepe Sambega, kabeh padha pandeng-pandengan padha kanca.  Sambega wis ora sabar maneh, kanca-kancane digetak :

"Ayo saiki awake dhewe kudu nggawa kurban sing ana jero tandhu kuwi balik".

"Lho apa iki dudu aran mbadal dhawuh Kakang?" Sogol sing dhek mau kaweden merga diarani luput takon.

"Uwis, ora sah kakehan omong, mengko wae tak genahne, saiki ayo mbalik" wangsulane Sambega sajak ngemu rasa kuwatir.

Kaeh kancane mung bisa manut apa sing dadi prentahe Sambega, Tandhu bali diangkat ditumpangne pundhak wong papat , banjur sing pitu liyane padha njagani ana ngarep lan mburine, mlaku mbalik nilas tipake dalan sing mau diliwati. Karo mlaku Sambega kober printah supaya kanca-kancane padha nyiagakne gegamane. Sing diprentah sapisan maneh mung manut, kabeh padha ngunus pedhange dhewe-dhewe, kajaba sing lagi mikul tandhu. Beda karo nalika arep mrono mau, saiki lakune wong-wong kuwi mung meneng-menengan lan jangkahe dicepetne ngeloni jangkahe Sambega sing mlaku neng ngarep dhewe.

Wong loro sing mung bisa nyawang lan ngrungokne saka ngisor grumbul mau dadi padha bingung dhewe, sing didhedhepi arep lunga lan ora sida masrahne kurbane marang sing jaga guwa. Nanging wong loro kuwi pancen durung bisa obah, omong wae iya durung bisa. Dadi bisane mung meneng karo pikirane nglambrang rekan ngendi-endi. Beda karo Rangga lan Marga sing umpetan ana plogroking wit gedhe, ngerti nek sing dienteni jebul malah arep mbalik, gageyan nom-noman loro kuwi nylorot mudhun banjur nylingker mubeng  mlayu arep nyegat lakune sing arep mbalik.

"Sing ndika pikul kuwi apa Pak Cilik?" dumadakan saka walik gegrumbulan Rangga karo Marga mecungul pas ana ngarepe wong-wong kuwi.

Ngungkuli disamber bledheg kagete wong rolas sing jebul isih anadhahane Karta Gentho Lan Jaya Glegek kuwi, nalika tanpa sangkan dumadakan ana bocah nom-noman sing ngadhang ana ngarepe. Sakala sambega mandheg, kanca-kancane melu mandheg.

"He sapa kowe bocah bagus?" sawise ilang kagete Sambega genti takon "lan ana karep apa kowe ngadhang lakuku He?".

"Aku ora ngadhang Pak Cilik" wangsulane Rangga karo mesem "mung arep takon, sing dipikul Pak Cilik-Pak Cilik kuwi apa? lan arep digawa menyang ngendi?".

"Lancang banget lambemu" Sambega wangsulan rada sengol "sing dipikul kuwi apa? kuwi dudu urusanmu, nek ora kepengin babak bundhas ragamu, sumingkira aja ngganggu lakuku".

"Mengko dhisik Pak Cilik" Rangga semaur karo maju sajangkah maneh "aku iki lagi dikongkon nggoleki maling sing nyolong berase wong tuwaku, kamangka beras kuwi jagan kanggo slametan. Saiki aku weruh ndika wong akeh, mikul tandhu sing ditutup rapet. Aku wis ngerti, mesthi isine tandhu kuwi beras jagan slametane wong tuwaku. Tulung pak Cilik, ndika balekne beras kuwi, mesakna wong tuwaku sing wis ora duwe pari maneh kanggo ditutu".

"Piye?  kowe ndakwa aku sakancaku iki maling?" Sambega nggetak "sing neng jero tandhu kuwi dudu beras, nanging barang dagaganganku. Wis, kana nyingkrih!. Nek ora gelem nyingkrih sida tak gibeng tenan kowe mengko".

"Emoh, aku njaluk berase wong tuwaku ndika udhunke" wangsulane Rangga sing banjur ngandhani Marga "ayo Dhi, beras sing dipikul kae ayo direbut".

Sambega sakala muntap, rumangsa bocah nom loro kuwi ora nggugu omongane. Ora sranta pedhang sing ana tangane, disabetne ngarah pundhake Rangga.

 

ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 03

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

3.

Nanging Jaya Glegek lan Karta Gentho dudu wong sing gampang dikalahake, wong loro kuwi tumuli padha tangi lan wiwit ngetrapne aji jaya kawijayane. Mau wong loro kuwi mung waton ngobahne sikil lan tangan wae, amarga nganggep nek Marga lan Rangga mung nom-noman sing mung udhu kendel bandha wani, nanging sejatine kopong.  Sawuse ngerti yen panganggepe luput, Karta Gentho karo Jaya Glegek, uga banjur nata awake dhewe-dhewe. Wong loro kuwi panggah kepengin nyuntak rasa pegel lan anyele marang bocah nom sing dianggep ora duwe duga, wis wani ngganggu lan nyepelekne marang dheweke.  Rangga lan Marga sing uga weruh yen Jaya Glegek apa dene Karta Gentho pancen arep ngajak ngadu tosing balung wuleting kulit, uga banjur tata-tata. Rangga mencolot neng ngarepe Karta Gentho karo pasang kuda-kuda, sauntara Marga isih anteng ngenteni Jaya Glegek sing arep marani papane.

Ora suwe sabanjure ing ngarep lawang guwa kuwi dadi rame, ramene wong sing lagi kerengan, perang tandhing. Ijen padha ijen. Rangga mungsuh Karta Gentho lan Marga lumawan Jaya Glegek. Wong loro sing ngaku murid paguron Sekarjati nyata yen ngedab-edabi. Sanadyan kekarone duwe awak sing gedhe dhuwur, ewa samono duwe kaluwihan, tandange cukat, lincah lan trengginas. Obahing sikil sing nyadhuk lan obahe tangan cepet kabeh ngarah marang pernah peranganing awake mungsuhe sing dianggep ringkih. Nanging sing diadhepi dudu wong lumrah, Rangga lan Marga sanadyan durung pati akeh umure, nanging wis kerep lan kulina kerengan karo wong sing maneka warna kasektene. Nganti pirang-pirang jurus, Karta gentho apa dene Jaya Glegek durung pisan-pisana krasa marem merga serangane bisa nyenggol perangan ragane mungsuhe sing dianggep ringkih. Solahe Marga lan Rangga luwih cukat lan trengginas ngungkuli solahe manuk srikatan. Meh kabeh serangane Karta Gentho lan Jaya Glegek, bisa diendhani lan mung bisa ngenani angin, sing nguwohake sansaya kekurase kekuwatan sing diduweni. Yen ora bisa diendhani, ya dening Rangga, ya dening Marga serangane mungsuhe ditadhahi nganggo tangkisan sing pas. Ndadekne ana tumbukan adu kekuwatan. Ajeg, saben-saben dadi tumbukan, sing nangkis pranyata luwih kukuh tinimbang sing ditangkis. Bola-bali Jaya Glegek lan Karta Gentho kesurung kontal memburi, malah ora arang wong loro kuwi banjur tiba krengkangan neng lemah.

Rumangsa yen mungsuhe ora kena disangga lamba, Jaya Glegek karo Karta Gentho banjur padha ngunus pedhange dhewe-dhewe.

"He Bocah ora genah" Karta Gentho nggereng karo mencereng "kowe pancen ora keneng disabari tenan. Wis tak kalahi malah sansaya nrucak, ya aja getun yen dina iki kapeksa tak jebol wadhukmu, tak tugel gulumu nganggo pedhangku kowe Rangga".

"Ha ha ha ......" Rangga ngguyu ngakak sajak ngece "sing kok cekel kuwi pedhang apa wilah pring apus Pak Cilik?"

"Setan alas" Karta Gentho misuh karo nggetak "klakon mati tenan kowe".

Muni ngono kuwi Karta Gentho karo muter pedhange sing gedhe lan abot, nanging neng tangane Karta Gentho pedhang kuwi katon entheng wae. Rangga waspada, karo ngulati obahe mungsuh Rangga isih kober aweh sasmita marang Marga supaya ora ndedawa lakon. Awit isih bakal ana gaweyan sing sajake luwih abot.

Sanadyan lagi ngadhepi Jaya Glegek sing uga wis nggunakne gamane, Marga isih bisa nampa sasmitane Rangga klawan cetha.  Marga tanggap apa sing dikarepake Rangga, mula banjur mencolot mundur kira-kira limang jangkah, banjur nglolos pecut sing dienggo sabukan.  Jaya Glegek weruh nek Marga nyekeli pecut, sakala ngguyu lakak-lakak karo omong banter :

"He, bocah edan, kowe arep ngadhepi pedhang pusakaku iki mung nganggo pecut ngge angon wedhus kuwi? Kowe kuwi niyat arep nglalu apa pancen utekmu wis ora kena kanggo mikir, he?".

Marga ora wangsulan, mung lambene diesemake. Banjur pecute wiwit disabetne menyang awang-awang. Ora kaya padatan, Marga wis ngetrepne Jurus pecut ing tataran rada dhuwur. Pecut sing diseblakne kuwi ora nyuwara, nanging krasa yen ngetokne daya sing nggegirisi. Rangga sing weruh nek Marga wis nyeblakne pecute, mesem. Ora gantalan wektu suwe, Rangga banjur ndudut teken pring kuning sing gedhene sajempolan sikil lan dawane kira-kira limang kilan, banjur diputer kanggo ngadhepi Karta Gentho sing siaga ngrangsang karo pedhange.

Ora ndadak merlokne wektu suwe, wasana Rangga lan Marga wis bisa nglumpuhne mungsuhe dhewe-dhewe. Kesit kaya that-thit, cukat kaya kilat, pucuk pecute Marga nyaut ugel-ugel tangane Jaya Glegek sing nyekeli pedhang. Sakala Jaya Glegek njerit kelaran pedhange ceblok neng lemah, lan durung nganti ilang rasa kagete, pecute Marga wis ngalih nyabet garese. Kaya dibabat nganggo teken waja, balung garese Jaya Glegek remuk. Jaya Glegek tiba neng lemah sempaut, ora eling apa-apa maneh. Kang bareng karo rubuhe Jaya Glegek, teken pring kuning sing dicekeli Rangga mubeng seser kaya kitiran, nyampe lengene Karta Gentho bablas nyampluk pupune. Ora akeh bedane karo Jaya Glegek, Karta Gentho tiba, gulung koming neng lemah, banjur meneng ora eling.

Rangga karo Marga banjur nyeret, Karata Gentho karo Jaya Glegek sing isih semaput kuwi, diselehne neng ngarep lawang guwa, banjur ditutupi karo gegodhongan .

"Saiki awake dhewe kari ngenteni kanca-kancane wong loro iki, sing tak kira suwarane wong lagi mendem mau" kandhane Rangga marang Marga.

"Iya Kakang" wangsulane Marga karo nggubetne pecute neng bangkekan kanggo sabuk.

Nom-noman loro kuwi banjur padha singidan ora adoh saka guwa, munggah lan mapan lungguh neng plogroke wit gedhe, ora gampang kaweruhan kajaba yen ana wong ndhangak karo maspadakne , awit Rangga lan Marga sengaja nggunakne pang gedhe ing plogrok kuwi kanggo ampingan nutupi awake.

Sauntara kuwi, wong loro sing mau jejagongan ana ngisor grumbul, panggah durung bisa obah. Nadyan mangkonowa, wong loro kuwi uga ora ngrasakne kesel utawa lara babar pisan. Krikil sing digunakne Marga kanggo nglumpuhne wong loro kuwi pancen pas banget tumibane. Wong loro kuwi mung bisa weruh lan bisa krungu, nanging ora bisa obah lan ora bisa ngucap apa-apa. Mula wong loro kuwi uga ngerti kabeh apa sing wis kelakon. Wiwit Rangga lan Marga nyedhaki guwa, banjur ngobong pang garing gawe bedhiyang nganti anggone nom-noman loro kuwi kerengan karo Karta Gentho lan Jaya Glegek, ora ana sing kliwatan, kabeh kecathet neng angen-angene wong loro kuwi.

Dumadakan saka arah kidul katon gumrudug wong-wong sing mlaku tumuju guwa. Sing papat mikul tandhu sing ditutup rapet, embuh apa isine. Bareng wis tekan lemah benthak cedhak guwa, wong sing lagi teka kuwi mandheg. Salah siji saka wong-wong kuwi maju telung jangkah, tangane dicedhakne lambe. Disusul ana suwara persis kaya suwarane manuk kedasih sing lagi ngalup-alup ing wit-witan. Suwara kedasih kuwi saben oleh telung rambahan mandheg, banjur muni maneh telung rambahan, banjur mandheg maneh.

 

ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 02

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

2.

Papan benthak kaya ara-ara nanging ora pati amba kuwi wis diliwati dening Rangga lan Marga, jebul neng sisih wetane ara-ara kuwi ana ledhokan sing memper blumbang rada amba nanging garing. Temboke blumbang sing sisih lor rupa punthuk sing dhuwure kira-kira ana telung dhepane wong tuwa.  Klawan ngati-ati Rangga karo Marga nyedhaki punthuk sing ana sisih lor kuwi, miturut kandhane wong mau neng kono ana guwa ne sing cukup gedhe sing jarene tembuse teka ngisor pepadhasan perenging bengawan. Maune Rangga karo Marga ora weruh lawanging guwa, nanging bareng diulati tenanan jebul lawange guwa kuwi ketutupan godhonge wit sepreh sing manglung saka punthukan padhas kuwi.  Mau Rangga lan Marga ya krungu, nek suwara panggerone macan kuwi mung tengara saka wong sing diwenehi jejibahan naliti aman lan orane guwa, mula nom-noman loro kuwi banjur duwe dudutan yen wektu iki, neng jero guwa kono ana wonge. Wong sing nunggu tekane kanca-kancane, sing jarene wong loro mau nggawa prawan sing arep didadekne kurban.

"Becike tak mlebu menyang jero guwa iki wae Kakang" kandhane Marga semu taren marang Rangga "Kakang nunggu neng kene, karo ngenteni tekane wong-wong sing jarene wong loro mau nggawa prawan sing arep didadekne kurban".

"Apa kira-kira sing arep teka mengko iki, wong-wong sing awake dhewe kira suwarane wong mendem mau ya Dhi?" Rangga ora mangsuli tarene Marga malah takon sapa sing arep teka.

"Pangiraku ya mangkono Kakang, yen ndelok suwarane jangkahe sing tak rungokne mau kira-kira cacahe ana wong rolas" wangsulane Marga karo arep mlebu menyang jerone guwa.

"Mengko dhisik Dhi" Rangga menging Marga mlebu "awake dhewe durung ngerti isen-isene guwa iki wong pira utawa apa wae sing ana jerone, anapasangan bangsane jiretan apa ora. Mula aja kesusu mlebu dhisik, malah nek perlu sing ana jero wae dikongkon metu".

Marga mandheg, ora sida mlaku ngleboni guwa. Bocah nom adhi angkate Raden Rangga kuwi mesem, banjur ngalih ninggalne Rangga sing isih ngadeg neng sisihe lawang guwa. Ora suwe nyingkrih Marga wis bali mrono maneh karo mondhong pang-pang kayu sing wis garing, banjur nyingkrih maneh baline mondhong suket uga wis garing. Rangga tanggap banjur mencolot menyang plogroke wit Sepreh sing pang lan godhonge nglembreh nutupi lawange guwa. Rangga nyempali pang-pang kuwi di uncalne mengisor sing banjur diklumpukne Marga. Marga ngetokne thithikan watu saka njero kanthongane klambine, cethik geni. Suket karo pang garing gawane mau sing wis ditumpuk neng ngarep lawang guwa banjur disumet. Bareng genine wis murup mulad-mulad, banjur ditumpangi pang lan kayu sepreh sing mau disempal dening Rangga. Geni sing mulad-mulad ketutupan godhong lan pang teles dadi ngetokne keluk sing buleg ora karu-karuwan. Rangga ngadeg karo tapak tangane dithungne menyang sumbere keluk, keluk sing putih campur ireng kuwi digusah, kabeh mlebu menyang jero guwa. Sawuse rada sauntara, Rangga karo Marga banjur nyingkrih kira-kira sepuluh jangkah saka lawanging guwa, ngenteni apa sing bakal dumadi.

Pancingane Rangga ana asile, ora let suwe saka jero guwa ana wong loro sing nrajang bedhiyang cilik sing digawe Marga mau, genine diidak-idak nganggo sikil sajak ora krasa panas. Wong loro ngono kuwi karo misuh-misuh ora karuwan.

"Keparat, sapa sing wis edan wani  njarag Karta Gentho karo Jaya Glegek iki?" salah siji saka wong loro kuwi malang kerik neng dhuwure tilas geni sing wis mati dipindak-pidak, karo mengok banter "Sapa bangsat, ayo aja ndhelik, ketokna raimu, nek kepengin dadi iwak".

Sajake wong loro kuwi ora weruh yen ing sandhinge sing mung kaling-kalingan grumbul cilik ana nom-noman loro sing ngenteni metune wong sing ana jero guwa. Marga banjur mencolot, nyedhaki wong sing ngaku jeneng Karta Gentho karo Jaya Glegek, karo takon :

"nDika wong loro kuwi sapa? teka-teka ngamuk, bedhiyang sing ora salah apa-apa, ndika musuh? Apa ndika ora ngerti nek sing gawe bedhiyang kuwi mau aku karo Kakangku?"

Wong loro sing ora ngerti sangkane Marga karo Rangga kuwi kaget. Luwih-luwih bareng ditakoni Marga sing ngono kuwi mau. Ngerti nek sing takon mung bocah sing isih nom-noman, kira-kira umure sapantarane anake, wong loro kuwi banjur nyedhak, salah sijine banjur nggetak :

"O Bocah edan ora waras, dadi kowe sing ngobong sangkrah neng ngarep guwa kene iki mau? Sapa jenengmu? Omahmu ngendi anake sapa? He?".

"Aja nesu dhisik Pak Cilik" Rangga sing digetak ora wedi malah mesem karo kandha "nDika wong loro kuwi sapa? kathik omongane kaya wong lara weteng, bengak-bengok kaya wong suda rungon?".

"Keparat bocah edan, kowe ora ngerti nek aku iki Karta Gentho lan kuwi Kakangku Jaya Glegek, muride Panembahan Sekarjati sing dipercaya njaga laladan sauruting bengawan kene iki?".

"Oo, nDika Gentho karo sing sijine Glegek?" Rangga ngguyu ngece karo wangsulan "mesthi wae aku durung tepung, jeneh kepethuk ya lagi pisan iki. Aku Rangga lan iki adhiku Marga, Paman".

"Rangga karo Marga, omahmu ngendi anake sapa? bangsat, wangsulan kok ora genep" Karta Gentho nggetak.

"Nek ngono ndika wong anyar teka papan kene iki?" Marga genti wangsulan "nek wong wis suwe mapan neng kene mesthine wis tepung karo aku lan Kakangku kuwi. Aku karo kakangku iki putune Kyai Jalumampang sing mbaureksa wit Klumpit sing thukul ana dhuwure tembusan guwa sing kok enggo turu mau".

"Bocah edan ora genah, keparat arep nganggo dolanan siswane Panembahan Sekarjati sida modar neng tanganku kowe" dumadakan wong sing jeneng Jaya Glegek, mencolot menyang pas ngarepe Marga karo ngobahne tangane, kepelane sing sak klapa gedhene, kuwi dijotosne ngarah sirahe Marga. Upama sing dijotos kuwi liyane Marga, tegese wong lumrah ngono wae, kira-kira embuh dadine, merga kepelan karo sirah sing dikepel, gedhene ora kacek akeh. Uga cepet kumlawene tangane sing njotos, prasasat kaya kilat, upama wong lumrah genah nek ora bisa ngendhani utawa nangkis. Nanging gandheng sing dijotos kuwi Marga, sedulur angkate Rangga, Jaya Glegek sing wis ngira nek sedhela maneh neng ngarepe ana bocah tiba glangsaran kejet-kejet pecat nyawane, dadi kecelik. Marga miringne awake karo maju sajangkah, kepelane Jaya Glegek mung liwat cedhak kupinge Marga, lan sadurunge Jaya Glegek tutug pegele merga jotosane mleset, tangane Marga luwih dhisik nyamber lempenge. Lempeng sing mung ketiban epek-epeke nom-noman kuwi rasane kaya disampluk nganggo teken waja. Jaya Glegek kontal banjur tiba glangsaran neng lemah karo tangane nekem lempenge sing ora karuwan larane.

Karta Gentho sing ora weruh kanthi cetha nek olehe tiba sedulure kuwi merga kesampe tangane Marga, dadi gumun. Nanging Karta Gentho sing uga wis ngempet nesu wiwit mau, banjur nyedhaki Rangga karo ngobahne sikil kanggo njejak dhadhane nom-noman sing dianggep njarag dheweke kuwi. Ora beda adoh karo nasibe Jaya Glegek, Karta Gentho sing kepengin weruh Rangga nggeblag karo sambat-sambat kelaran kuwi babar pisan ora ngira, yen Rangga jebul luwih waspada. Sadurunge sikile Gentho teka dhadhane Rangga, wis dipapag karo tangane Rangga, epek-epeke diiringne dienggo mbabat sikile Karta Gentho. Karta Gentho sakala njerit kelaran, balung garese ketatap balung drijine Rangga. Karta Gentho mundur memburi, banjur nggeblag merga sikile sing kiwa ora kuwat nahan boboting awak sing koming merga sikile tengen krasa lara.

 

ana candhake.

Minggu, 05 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 01

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

1

Mangsa ketiga wis wiwit tumapak, suwarane garengpung sadalan-dalan tansah ditemoni dening Rangga lan Marga sing nggelak getheke, nurut iline Bengawan sing kabare sumbere saka Guwa Gelapngampar ing Gunung Lawu lan anjoge neng segara lor ing pereng wetan tanah Jawa. Amarga mangsa ketiga, banyune bengawan ketok bening, disawang rupane ijo semu biru merga mbendalake wewayanganing langit sing ana dhuwure sarta wewayanganing wit-witan sing ana ing sakiwa tengene. Lakune gethek ora bisa banter kaya yen usum banjir, merga ilining bengawan iya ora banter. Malah kala-kala Rangga lan Marga kudu mudhun nyurung getheke awit kepalang papan bantaran sing banyune ora jero. Wis ana sepasar luwih, bocah loro kuwi ora kepethuk wong, sajake sing diliwati pancen adoh karo padhukuhan sing dipanggoni wong.

"Ketoke awake dhewe ora suwe maneh bakal mlaku saka Ujunggaluh menyang Gunung Lawu Dhi" kandhane Rangga marang Marga sing lungguh ana njabaning pagedhonganing gethek, Marga pancen lagi dhedhe, ngiras ngulati lakuning gethek menawa-menawa ana pepalang sing nyegati lakune.

"Tak kira ora Kakang" wangsulane Rangga karo noleh sedulur angkate "amerga sing sok katon ing sisih kidul kae isih Gunung Lawu, kamangka miturut crita sing tau rungu sungapane Bengawan iki, sing jarene neng Ujunggaluh kuwi panggonane neng adoh banget saka Gunung Lawu lan saka kana Gunung Lawu wis ora kena disawang".

"Karepku ngene lho" Rangga metu saka pagedhongane gethek nyedhaki Marga "wis pirang-pirang dina iki, awake dhewe rak ora kepethuk wong babar pisan? dadi lakuning prau iki mesthi ora bakal mandheg-mandheg, merga ora ana sing ngudokake awake dhewe mandheg nindakne welinge Kanjeng Eyang Juru. Lan nek ndelok kahanane prau sing isih pengkuh iki, mokal banget yen nganti praune dhewe iki bakal ambyar sadurunge tekan entek-entekane iline bengawan iki".

Marga ora semaur, lamat-lmat kupinge krungu saka kadohan ana suwara panggerone macan. Aneh, iki wektune isih wayah tengange, dudu wayahe macan saba golek memangsan. Dumadakan ing  papan kono dadi rame, rame suwarane kewan-kewan sing padha mlayu kaweden, kethek-kethek padha lelumpatan mlembang saka wit siji marang sijine, ngedohi papan sing jumbuh karo parane  banyu bengawan mili.  Rangga lan Marga ngrasa yen ora adoh saka kono ana bebaya sing ndadekne wedine kewan-kewan sing padha mlayu kuwi. Ora mung kewan bangsane Kethek, kidang lan kancil sing padha kaweden, malah manuk-manuk uga akeh sing padha mabur nurut playune kewan-kewan dharatan kuwi.

Rangga aweh sasmita supaya Marga nginggirne getheke, Marga tanggap gethek diinggirne banjur dicancang ing wit sing ana pinggire bengawan. Bocah loro kuwi gentenan mlumpat menyang dharatan, banjur lon-lonan mlaku ngulat-ulati apa sing wis kedaden ing papan kuwi. Lamat-lamat Bocah loro sing wis migunakne aji Sasra Pangrungu kuwi krungu suwarane wong pating cruwet kaya ngoceh ngucapne tembung-tembung sing saru.  Yen nurut bantering suwara, suwarane wong ngoceh kuwi mapane ana papan sing rada adoh karo papane Rangga lan Marga, kira-kira ana rong puluh pambalang luwih.

"Sajake neng kana ana wong-wong sing lagi mendem kakehan nenggak tuak Dhi" kandhane Rangga alon, tangane nudingi arah asale suwara.

"Lha yen mung wong mendem wae ya gene awake dhewe ndadak arep melu-melu neh Kakang?" Marga wangsulan lirih.

"Mengko dhisik ta" Rangga nanggapi wangsulane Marga "iki wong mendem lumrah? apa wong mendem sing ngarah gawe bubrah?".

"Kersane Kakang ki ngarah mbubrah tatananing uripe wong akeh ngono apa piye?" Marga takon.

"Iya, nek mung mendem sing lumrah waton ora ngganggu gawe wong liyane tak kira ora perlu awake dhewe melu cawe-cawe, nanging welinge Kanjeng Eyang Juru, awake dhewe ora kena mung meneng lan ngumbar menawa ana wong sing duwe kaluwihan banjur kaluwihan kuwi kanggo ngrusuhi wong-wong liyane, rak ngono ta?" Rangga mangsuli pitakone Marga .

"Ya coba ayo diparani wae, banjur disawang saka kadohan apa sing ditindakne wong-wong sing pating cruwet ngucap tembung sing lekoh lan saru kae, apa merga mendem apa merga liyane" Marga ngajak Rangga marani suwara aneh sing lamat-lamat sing mung bisa dirungokne saka kono nganggo Aji Sasra Pangrungu mau.

Ora wangsulan Rangga banjur mlaku ing sela-selaning bebondhotaning alas, Marga ngetutne ana mburine. Nalika lakune pangumbara loro kuwi oleh sepuluh jangkah, dumadakan mandheg dadakan. Rangga lan Marga dikagetne karo anane suwara cetha ing sacedhake. Suwarane wong loro sing lagi omong-omongan.  Rangga lan Marga banjur ngulati arahe suwara kuwi, jebul kira-kira rong puluh jangkah saka papane, ana lemah rada benthak ora ana wit-witan sing gedhe, sing ana mung gegrumbulan wae. Neng ngisor salah sijine grumbul katon ana wong loro sing lagi lungguh neng suketan adhep-adhepan. Marga lan Rangga tumuli nilingne apa sing lagi dirembug wong loro kuwi.

"Kowe wis ngerti tenan, kene iki panggonane ?" salah siji saka wong loro kuwi nakoni kancane.

"Iya Kakang" sing ditakoni mangsuli "neng wetane grumbul iki ana guwa sing gedhe, tembus bengawan sangisore pepadhasan ngisor wit klumpit sing gedhe kae. Ya neng jero guwa kuwi prawan-prawan sing ilang kuwi disingidake lan yen wis dianggep ora ana gunane maneh banjur dipateni, bangkene dibuwang neng bengawan pas pepadhasan kae, dadi ora ana sing meruhi. Malah kira-kira bisa uga dadi pakane bajul-bajul andhahane Kyai Jalumampang sing mbaureksa wit klumpit kae".

"Nanging kok nganti wayah samene wong-wong sing kok omongne kuwi durung teka? Apa kira-kira awake dhewe wis kedhisikan wong-wong mau? Saiki wong-wonge wis neng jero guwa, nyuntak kadurakan marang prawan sing dadi kurbane?" wong sing nakoni mau takon maneh.

"Durung Kakang" wangsulane sing ditakoni "mau kakang rak krungu suwara panggerone macan ta? kuwi sasmita yen sing kajibah ndelok guwa wis teka kono lan kahanan guwa ora ana sing nguwatiri, tegese aman. Mengko nek wis rampung bakal ana suwara pambaunge asu ajak, kuwi tengara yen kurban wis dipapanke ing njerone guwa kono, wong-wong banjur padha lunga, sing teka genti benggole wong-wong mau, tekane kaya tanpa sangkan, solahe kaya bisa mabur, nganggo jubah lan raine ditutupi brukut".

"Lha jaremu wong-wong kuwi wong Kedhungtuwung?"

"Kuwi mung pangiraku Kakang, cethane sapa lan wong ngendi aku ya ora ngerti, merga kabeh nganggo topeng"

Krungu rembugane wong loro kuwi, Rangga banjur mbisiki kupinge Marga. Marga manthuk-manthuk. Rangga banjur ndhisiki mlaku arep nggoleki guwa sing dikandhakne wong loro kuwi mau. Wong loro sing lagi wae jagongan kuwi kaget, sajake weruh nek ana bocah nom-noman sing nyalawadi nekani papan kono. Nanging sadurunge kober obah, malah durung nganti ngucap apa-apa, Marga luwih dhisik tumandang. Tangane kumlawe njupuk krikil alus sing gedhene sak endhoge cecak cilik sethithik, dislenthikne menyang bangkekane wong loro kuwi, ndadekne wong loro kuwi ora bisa apa-apa. Mung kethap-kethip ora bisa nyuwara lan ora bisa obah, kekarone panggah lungguh kaya reca. Marga mesem, banjur alon-alon mlaku nusul Rangga.

 

ana candhake.

TEMBANG CEMPLANG 52

 

dening: IMMIR

 

52.

Olehe padha jagongan sajak gumyak kuwi jebul lagi ngrembug larah-larahe Yang Yem, gelem nuruti eguhe Bu Kardiman supaya mara menyang Jakarta. Yang klawan blaka suta apa anane nyritakne olehe Telepon Nita sing arep nggathukne Mur karo kancane Nita sing kabare isih WNA kuwi. Yang Yem ua kandha nek dheweke babar pisan ora mathuk karo rerigene Nita, nanging arep nulak sanalika pas bareng karo Nita Telepon kae, Yang Yem ora wani, merga sing arep nglakoni kuwi Mur dudu dheweke. Arepa dheweke nulak, nek sing nglakoni seneng Yang Yem tetep ora bisa apa-apa. Mula banjur Mur arep dikongkon bali luwih dhisik arep dijak rembugan lan dikandhani bab iki. Nanging Yang Yem ya isih duwe rasa kuwatir, merga nek suk riyaya Mur sida bali, bakal ketemu Nita. Lan bisa uga Mur lan Yang Yem bakal katut karo rerigene Nita sing wasis micara kae. nDelalah Bu Kardiman nawani supaya Yang Yem teka nyang Jakarta nemoni Mur, malah wragate mlaku uga wis disediyani pisan. Mula Yang Yem banjur semrinthil, manut kersane Bu Kardiman.

"Tindake Bu Daryana ngantos dumugi mriki niku estunipun boten awitrerigen kula" Bu Kardiman nanggapi critane Yang Yem "nanging awit dipun ebahaken dening Ingkang Maha Kawasa. Awit sampun wancinipun Tembang Cemplang punika wangsul dhateng not ingkang leres".

"Kok Tembang Cemplang ta Dhik? apa kuwi ?" Bu Narti takon. Merga liyane mung padha meneng, nadyan ketoke ya durung mudheng.

"Makaten mBakyu" Bu Kardiman nggenahne kandhane "Bu Daryana utawi mBak Srimurni punika, sampun meh kalih dasa tahun umpetan rapet ing pundi kula boten sumerep, malah asmanipun piyambak ugi dipun gantos, namine putrane ugi dipun elih, punika kenging dipun upameaken suwanten tembang, sae nanging kapireng cemplang, awit notipun sampun dipun ewahi. Lha dening Gusti Ingkang Damel Gesang, mBak Srimurni punika dipun kersakaken supados wangsul jati dhirinipun sakawit, mila lajeng sumrinthil kersa tindak dhateng Jakarta mriki niku".

"O ngono?" Bu Narti manggut-manggut lagi ngerti.

"Lha nuwun sewu Bu Daryana" Bu Kardiman banjur nakoni Yang Yem "lha menawi rigenipun Nita ingkang makaten kala wau Bu Daryana boten kepranan ing galih, punapa Mur punika, sampun wonten calon pilihanipun Bu Daryana piyambak? Upami dereng, sepisan malih upami dereng lho, kados pundi menawi kula padosaken calon. Mesthi kemawon calon ingkang badhe kula aturaken, benten kaliyan ingkang dipun tawakaken Nita. Ingkang badhe kula turaken punika namung lare lola, sampun boten gadhah Bapak malih, nyambut damelipun namung Tani, griyanipun inggoh ing padhusunan, nanging larenipun estu badhe tanggel jawab saestu, liripun inggih nikah kanthi sah miturut satataning agami saha aturanipun nagari lan Mur badhe dipun ajak gesang sawontenipun ing dhusun papanipun lare wau. Kadospundi?".

Yang Yem suwe ora semaur, Mur ngati-ati nglirik bendarane, batine takon sapa sing dikarepne bendarane sing jare saiki wis dadi Bulike kuwi. Minangka anak saupama simboke nyetujoni, dheweke mung bisa manut lan muga-muga dadi lan apike.

"Ngene ya Dhik, eh makaten Bu" Yang yem wekasane wangsulan ngati-ati banget.

"Sampun ngangge Dhik kemawon, kula langkung remen menawi Bu Daryana kados mBak Srimurni ingkang kula tepangi jaman samanten" Bu Kardiman nugel guneme Yang Yem.

"Inggih" Yang Yem nerusne kandhane "bares wae, aku minangka wong tuwa sak jane ya wis kepengin supaya Mur kuwi enggal kawengku ing kakung, sokur bage yen aku bisa nunggoni nganti tuwa, saora-orane sawanci-wanci aku dipundhut karo Sing Kuwasa kuwi wis ora ngebot-eboti lakuku sowan neng ngersane Allah. Lha nek Dhik Bhekti wis nemokne calon kanggo anakku Mur, aku matur nuwun banget, nanging kabeh kuwi ya gumantung karo sing arep nglakoni, ya Mur dhewe".

"Matur Nuwun mBak Sri" Bu Kardiman mesem lega, banjur kandhane marang Mur "piye Mur panemumu?".

"Bakenipun kula manut kaliyan kajenge Mak-e Buk, eh Bulik" wangsulane Mur ora kalah ngati-atine "Kula pitados, punapa ingkang dipun pilihaken Bulik kangge kula mesthi ingkang sae tumrap kula, mokal Bulik badhe njlomprongaken kula, abdi ingkang sampun rinengkuh dados pulunanipun piyambak punika".

"Sokur alhamdulillah yen mangkono" Bu Kardiman sansaya katon luwih bingar "ngaten mBakyu, atur kula ing ngajeng taksih wonten sambetipun, lare ingkang kula aturaken wau estunipun taksih ponakan kula piyambak. Inggih punika putranipun suwargi Mas Sakun, naminipun Sujud inggih punika larenipun".

Muni ngono kuwi Bu Kardiman karo nudingi Sujud. Yang Yem ndengengek nyawang calon mantu sing ditawakne Bu Kardiman. Mur dadi rada kaget, ora krasa banjur nyawang marang Sujud, sing disawang ngepasi uga lagi nyawang pernahe Mur. Ana sunaring mripat sing tempuk lan nuwuhake rasa geter ing atine titahing Gusti sing beda jinise kuwi.

"Iya Dhik, aku matur nuwun banget. Nadyan semune ora pati percaya, apa bener Mas Sujud kepareng ngramut anakku iki?" ora krasa luhe Srimurni wiwit dleweran.

"Mugi sineksenan jagad saisine Buk" Sujud sing semaur "kula prasetya badhe nresnani Dhik Mur kaliyan sawetahing jiwa raga kula, mugi-mugi sageda tulus ngantos puputing umur kula".

"Kula tumut nekseni Jeng" Bu Narti sing maune mung meneng karo ngrungokne sing padha omong-omongan nrambul rembug "kula nadyan namung dhapur Ibu sambung saking pun Sujud, ngaturaken genging panuwun, Jeng sampun kepareng nampi anak kula Sujud dados jodhonipun anak kula Nak Mur, matur nuwun Nak Mur Ibu remen banget penggalihe".

"Dados makaten nggih mBakyu, lan mBak Sri" Bu Kardiman bali omong maneh "punika kula njodhokaken ponakan kula jaler pikantuk ponakan kula estri, kula nyuwun idi pangestu dhateng mBakyu Narti saha mBak Srimurni mugi lekas kula punika dipun ridani saha dipun ijabahi dening Gusti".

"Aamiin" kabeh sing ana kono padha muni amin bebarengan.

Sauntara kuwi, kaya adate saka mburi lawang ana sing lagi nyolong rungu. Ora mung kuping loro, nanging ana kuping nem sing uga padha nekseni apa sing diucapne Bu Kardiman lan Sujud lagi wae mau. Sanadyan ana sethithik  rasa cuwa ing atine mBok Ti, Bu Kristin karo Andhik, nanging telu-telune bisa nampa kanthi legawa. Bu Kristin banjur aweh sasmita marang mBok Ti . Sing disasmitani tanggap banjur alon-alonan mlebu nyedhaki sing lagi padha kalegan atine.

"Ana apa mBok?" Bu Kardiman takon.

"Anu Bu Kristin, rawuh mriki" wangsulane mBok Ti.

"Ya diaturi mrene ngono" Bu Kardiman wangsulan karo mesem.

"Assalamu'alaikum" Bu Kristin uluk salam karo arep mlaku mlebu.

"Alaikum salam, mangga Bu Kristin" Bu Kardiman grapyak semanak nampa tekane tanggane sing merlokne sanja kuwi.

Bu Kristin mara banjur nyalami siji-siji sing ana kono kuwi kabeh. Nanging, sepira kagete Srimurni nalika weruh sing lagi teka kuwi sapa?. Padha karo Srimurni, nalika Bu Kristin nyawang praupane Srimurni.

"Sri........." Bu Kristin njerit alon. Banjur ngrangkul Srimurni, karo diambungi.

"Iya Bulik, ora nyana awake dhewe bisa ketemu maneh ana kene" wangsulane Srimurni uga karo kembeng-kembeng tangis.

Bareng wis rada sauntara Bu Kristin wis lungguh neng kursine, lagi banjur kandha marang Bu Kardiman :

"Nyuwun pangapunten Bu, jebul kula kepanggih ponakan kula piyambak, Srimurni semahe Daryana. Kula punika adhikipun wuragi sawargi ibunipun Daryana. Kula kepanggih pungkasan kaliyan Srimurni punika selapan dinten sasampunipun Daryana kaliyan Sri nikahan, dugi sepriki nembe panggih punika".

Tembange Sing Cemplang sansaya alon, not-not sing asli wiwit dipapanake ing samesthine. Banjur apa sing ndadekne Sri Subekti banget rumangsa kepotangan budi, malah jare kepotangan nyawa karo Yang Yem?

Yen ana wektu lan kalodhangan muga-muga bisa diaturake ing crita candhake.

Tammat.

 

Tlas sinerat ing Maladi Hening, Ngarengan Kidul Sepur, Ahad Wage, 27 Sura 1955 Tahun Alip, Windu Sancaya, Mangsa Katelu, Wuku Landep. Sinengkalan : Panahing Yaksa nembus bantala. Ambneri klawan tanggal kaping lima sasi September Tahun 2021.

Sabtu, 04 September 2021

TEMBANG CEMPLANG 51

 

dening: IMMIR

 

51.

Sawise gaweyane rada longgar, mBok Ti pamitan Bu Kardiman arep menyang omahe Bu Kristin sedhela, ngeterne oleh-olehe Yung Yem. mBok Ti blaka marang bendarane nek dheweke nembung marang Mur supaya Bu Kristin sing wis apik srawunge karo mBok Ti lan Mur kuwi diwenehi oleh-oleh saka ndesa kuwi. Bu Kardiman ya bisa nampa klawan seneng marang lekase mBok Ti sing luwih bisa akrap srawunge karo tangga, tinimbang Bu Kardiman dhewe sing luwih akeh repote merga gaweyan sing diayahi luwih akeh.

"Akrap karo tangga kuwi ya apik mBok" kandhane Bu Kardiman pas mBok Ti pamitan mau "nanging aja nganti kakraben, banjur seneng ngrumpi ngrasani tangga liyane".

"Inggih, Buk-e" wangsulane mBok Ti "kalih Mur kula nggih sampun dicriyosi ngoten niku kok. Mangke paling kula bakda ngelungne niki nggih lajeng wangsul".

"Iya" Bu Kardiman nerusne rembuge "Ya nek ana wektu longgar, nek Bu Kristin kepengin tepungan karo Ibune Mur diaturi tindak mrene sedhela ta. Mur kuwi ora mung ponakanmu dhewe mBok saiki, nanging ya ponakanku barang. Wong Bu Daryana ibune Mur kuwi isih mBakyuku dhewe, mBakyuku sing ilang pirang-pirang tahun digoleki nyang ngendi-endi ora ketemu, jebul malah ora sengaja teka dhewe marani aku. Dadi Mur kuwi saiki nek nyeluk aku ya kudu malih ora Ibuk-e maneh, nanging Bulik".

"O, jebul ngaten ta Buk-e?" mBok Ti lagi rada mudheng.

"Iya, wis ndang budhal"

Karo mlaku mBok Ti ngangen-angen karo apa sing mentas dikandhakne bendrane kuwi mau. Kareben wong-wong kancane nyambut gawe ndherek Pak Kardiman, ora nyawang Mur sakepanake dhewe, mBok Ti niyat mengko arep ngandhani wong-wong kuwi kabeh. Nek Mur kuwi jebul ponakane Bu Kardiman, anake mBakyune sing banget diajeni dening Bu Kardiman.

"Matur nuwun banget lho mBak" Bu Kristin nampani oleh-oleh kuwi karo mesem sajak seneng atine, banjur takon "dadi mBok-e Nak Mur niliki anake mrene?"

"Inggih Buk" wangsulane mBok Ti "jebul Ibunipun Mur punika taksih mBakyunipun Ibuk-e, ngendikanipun Ibuk-e wau, duka kenging punapa, boten dangu sasedanipun Bapakne Mur, lajeng ngical. Dipadosi pinten-pinten tahun boten kepanggih, lha kok dumadakan ngetingal piyambak".

"Lha ya lelakon kok nganti bisa kaya ngono ya mBak?" Bu Kristin nanggapi critane mBok Ti.

"Wau, Ibuk-e nggih meling, mbok menawi wonten wekdal lan Bu Kristin ngersakaken tepangan kaliyan Ibunipun Mur, katuran tindak mrika" kandhane mBok Ti maneh, nerokne welinge bendarane.

"Oh, ya ya, matur nuwun mBak" Bu Kristin semaur seneng "mengko wae, nek bar potong-potong tak ngidul".

mBok Ti banjur pamitan, Bu Kristin nguntapne tekan emper ngarep. Sauntara iku, neng Pos jagan, dikupengi Singgih, Marsana karo Sadirun, Andhik lagi ngethuprus crita. Ngomongne warta anyar anggone nguping neng mburi lawang karo mBok Ti.

"Nek ngono Budhe Narti karo Mas Sujud kae dudu wong baen-baen" kandhane Marsana sawuse Andhik rampung crita.

"Lha kok Budhe Narti karo Mas Sujud Mas?" Andhik takon.

"Wong loro kae cetha nek nduweni indera keenam, panggraitane landhep banget, nanging ora gelem ndhisiki kersaNe Sing Kuwasa" wangsulane Marsana.

"Piye ta? aku kok malah sansaya bingung ki?" Singgih genti takon.

"Sadurunge Mak-e, eh Ibune Mur teka, wong loro kae sikepe marang Mur jarene Andhik wis beda, malih dadi ora kaya sikepe marang rewang. Malah nek nyeluk Mur Budhe Narti malih dadi Nak Mur, banjur Mas Sujud nek nyeluk nganggo tambahan Dhik. Iya apa ora?" Marsana nggenahne karepe.

"Iya, ya Mas?" Andhik manthuk-manthuk.

"Lha saiki, mBak Mur kuwi apane Boss wedok?" Singgih genti sing takon. Andhik ora bisa wangsulan, merga olehe nguping mau ora krungu bab kuwi. Wong papat banjur meneng kabeh. Nanging banjur padha kaget, bareng ana sing mangsuli :

"Mur kuwi Pulunane Ibuk-e" wong papat noleh bareng menyang asale suwara wangsulan kuwi. Jebul mBok Ti sing lagi wae saka omahe Bu Kristin mampir menyang Pos.

"Iya ta mBok?" Marsana genti takon menyang mBok Ti.

"Lagi wae, Ibuk-e mau crita nyang aku. Bu Daryana ya Ibune Mur, kuwi isih mBakyune Ibuk-e. Lha Bu daryana kuwi biyen lunga saka omah ora pamit sapa-sapa, ngerti-ngerti ilang tanpa lari, lha dhek mau malah ngetok dhewe, wonge ki mesthi ora ngira nek anake wedok malah ngabdi marang adhine dhewe" mBok Ti nggenahne critane.

"Dadi critane ngono kuwi?" Andhik takon "kok bisa nganti kaya ngono ya?".

"Ya bisa wae ta Mas Andhik" Sadirun sing wiwit mau mung meneng genti semaur "mbok menawa Ibune mBak Mur kaya neng crita-crita jaman biyen ngana kae".

"Crita apa maneh kuwi Om?" Singgih takon.

"Critane Wong gedhe sing namur laku, merga lagi nglakoni prihatin, napakne anak putu mbesuk ben dadi wong sing mulya uripe, jenenge lakon tapa ngrame ngana kae".

"Lha nek ngono, sasuwene iki awake dhewe iki sing ora ngerti sapa satemene mBak Mur. Merga ora ngerti nganti wani ngandhani sing ora-ora sing ndadekne nesune mBak Mur" Marsana omong maneh.

"Bener kuwi Mas" Andhik wangsulan "Gek kuwi sing paling nemen aku? tujune mBak Mur olehe nesu mung sak gradagan thok, terus mandheg. Kapok tenan aku".

"Kapok? dadi saiki wis ora tresna maneh karo Mur?" mBok Ti takon karo mesem kecut.

"Tresnane ki ya tresna mBok, nanging aku genah nek ora bakal wani nembung" wangsulane Andhik karo ngguyu-ngguyu anyel.

"Nanging nek aku ditari mBakyune Boss wedok, apa gelem ngrabi anake ngono aku ya ora bakal nolak kok" Singgih sing genti semaur.

"Kuwi jenenge ketiban kanugrahan Mas Singgih" Sadirun nanggapi karo ngguyu "mbok sapa wae mesthi rindik asu digitik nek ditari ngono kuwi, kok istilahmu ora nulak?".

"Nek aku panggah ora wani Om" Marsana sing genti omong "rabi anake wong gedhe kuwi kena diupamakne kaya wong nyunggi lumpang kentheng".

"Lumpang Kentheng ki apa Mas?" Andhik takon.

"Lumpang Kentheng, kuwi lumpang sing digawe saka watu gedhe. Wong nyunggi lumpang kentheng kuwi entuk-entukane mung dialembana wong sing weruh, diarani rosa. Nanging kurang-kurang bejane, sirahe bisa pecah, gulune coklek, merga saking abote barang sing disunggi".

Wong papat, lima mBok Ti padha ngguyu bareng.  mBok Ti banjur ngalih arep bali menyang omah, isih ana gaweyan sing kudu ditandangi. Karo mlaku mulih mBok Ti nggagas, atine krasa ayem, bocah-bocah sing maune padha rebutan kepengin ngrebut atine Mur sajake wis padha mendha. Sing dipikirne mBok Ti kari Tanta karo Bu Kristin, kira-kira mBoke Mur gelem nampa apa ora saupama Bu Kristin nembung Mur arep dipek mantu?.

"Ah, ya gene aku kudu melu mumet mikirne butuhe wong liya sing ora ana sambung rapete karo aku?" bareng olehe mikir rada suwe mBok Ti banjur mupus dhewe.

Pas lakune mBok Ti ngliwati cedhak lawang butulan menyang ruang tengah, mBok Ti kober nglirik neng ruang tengah, bendarane karo tamu-tamune lagi padha gumyak jagongan, karo ngadhep teh, pacitane jadah karo wajik klethik. mBuh apa sing lagi padha dirembug.

 

ana candhake.  

TEMBANG CEMPLANG 50

 

dening: IMMIR

 

50.

Esuk kuwi sarapan sing dicakne kulawargane Bu Kardiman nganggo cara ndesa, dudu roti bakar karo ndhog godhong kaya padatane sing dicawisne. Nanging sega pecel, komplit sak lawuhane. Esuk kuwi pancen Bu Kardiman niyat nyambut tekane tamu sing ora dikira-kira sadurunge jebul klebu tamu sing istimewa tumrap Bu Kardiman. Lan Bu Kardiman wis apal karo sarapan sing disenengi tamune kuwi, mula mau prentah mBok Ti supaya nyiapne sarapan sing cocog karo selerane tamune. Neng ruang makan wis mlumpuk sing arep sarapan bareng, Bu Kardiman, Bu Narti, Sujud karo Yang Yem. Lagi wae arep wiwit sarapan Bu Kardiman kelingan nek esuk iki durung nelpon anak-anake sing wektu kuwi ora ana omah kabeh, Doni lagi KKN neng cedhake Gunung Pangrango, Angga lagi ngisi liburane munggah gunung bebarengan karo kanca-kancane. Mula banjur njupuk Hapene telpon anak-anake supaya ora lali anggone padha sarapan lan njaga kuwarasane.

"Nyuwun Pangapunten Bu Daryana" bubar telepon Bu Kardiman kandha marang Yang Yem "niki nembe ngelingne Doni, kalih Angga bocah loro niku nadyan sampun ageng, nanging mBokne sok ora teganan, saben dinten napa-napa kedah dipun emutaken".

"Inggih, makaten punika mila limrah, inggih naminipun tiyang sepuh dhateng putra" wangsule Yang Yem "kula kemawon waunipun kalih Mur niku nggih sok boten tega, sareng kula mireng saking Dhik Nita menawi ingkang dipun dhereki Mur punika priyantunipun sae, nembe kula negakaken. Alhamdulillah jebul ingkang dipun criyosaken Dhik Nita leres".

"Kagungan putra kados Nak Mur ngoten niku klebet beja tur sekeca Jeng" Bu Narti melu omong "larene sampun ngertos kuwajibanipun piyambak, niki kula boten pamer upami lare jaler ngaten nggih kados anak kula si Sujud niku. Jane ponakan kula Doni kalih Angga niku nggih klebet lare ingkang taat, nanging Ibunipun kemawon ingkang boten teganan, lha wong ya jenenge Ibu".

"Inggih mBakyu" Bu Kardiman wangsulan, banjur kandha ngajak sarapan "mangga enggal dipun kedhapi sarapan damelanipun mBok Ti niki, ditinggal omong-omongan wae mengko rak boten siyos sarapan".

"Ketingalipun kok dereng jangkep ta Bulik?" dumadakan Sujud nyela rembug.

"Bener Mas" Bu Kardiman tanggap sing dikarepne ponakane "Mur mau nyang ngendi maneh? kok Ibune ora dikancani sarapan ki piye? sik tak celuke sik, paling neng pawon karo mBok Ti bocah iki".

Bu Kardiman ngadeg arep nyeluk Mur, Sujud gage melu ngadeg karo omong :

"Sampun Bulik, kula kemawon ingkang madosi Dhik Mur" ora ngenteni wangsulan Sujud banjur mlaku menyang pawon arep nggoleki Mur. Bu Kardiman bali lungguh maneh, nglirik Bu Narti karo mesem ngemu teges. Bu Narti ya melu mesem.

Ora ngenteni tekane Mur karo Sujud, wong telu kuwi banjur padha wiwit nyidhuk sega. Ora suwe Sujud karo Mur teka banjur nusul mapan lungguh neng kursi arep melu sarapan.

"Awakmu kuwi piye ta Mur?" karo njupuk lawuh Bu Kardiman nakoni Mur "wis didhawuhi supaya ngancani Ibune, kok malah ngrewangi mBok Ti neng pawon".

"Nyuwun pangapunten Buk-e" Mur wangsulan "lha wau Mak-e nembe kaliyan Ibu Gunung Putri kok, lajeng kula tilar ngancani mBok Ti".

"Ya wis, anu wiwit saiki awakmu aja ngundang Ibuk-e marang aku ya? merga jebul awakmu kuwi isih ponakanku dhewe, ngerti?" Bu Kardiman kandhane Bu Kardiman sabanjure. Mur meneng, plenggang-plenggong, ora mudheng karo sing diomongne bendarane. Bu Kardiman mesem, banjur nutugne rembuge :

"Wiwit awakmu durung lahir biyen, Ibumu kuwi wis tak anggep mBakyuku dhewe. Biyen jaman durung ndherek Pakdhe Sakun neng Gunung Putri, aku iki ndherek Pakdheku neng Klaten kana, lha Bapak karo Ibumu kuwi daleme cedhak karo daleme Pakdheku sing tak dhereki kuwi. Srawunge Bapak - Ibumu kuwi karo Pakdheku, ya karo wong-wong kana kabeh apik banget, malah upama ora ana ibumu iki, biyen tak kira aku wis dadi pangane cacing neng kuburan kana".

"mBok sing kuwi ora sah diomong ta Dhik" ora sadar Yang Yem nyaut omong, ora nganggo basa krama lan ngundang Bu Kardiman "dhik", lagi bareng krasa nek kleru Yang Yem banjur nututi rembug "nyuwun pangapunten, klentu Bu ingkang punika mbok inggih boten dipun dhawuhaken malih, tiyang sampun dangu kedadosanipun lan nalika samanten inggih namung limrah kemawon, sampun dipun ageng-agengaken".

Kabeh sing ana kono padha pating domblong, ora ana sing ngerti karo sing diomongne Bu Kardiman lan Yang Yem. Bu Narti sing nadyan wis suwe dadi mBakyune Ipe Bu Kardiman, jebul ya ora weruh nek antarane adhine ipe karo Yang Yem kuwi wis luwih suwe anggone padha tepung. Semono uga Mur, sasuwene iki sing dingerteni jenenge mbok-e kuwi ya Yang Yem ngono wae, selawas-lawase Mur durung tau krungu wong ngundang mbok-e kuwi nganggo sebutan Ibu utawa Jeng kaya esuk iki, sing lumrah nyeluke ya Mak utawa Yem, mung kala-kala wae dheweke tau krungu Bu Mandhor sok nyebut jenenge mbok-e kuwi nganggo jeneng Srinthil. Nek Sujud, pancen durung ngerti babar pisan bab wong tuwane Mur, dadi ya lumrah nek ora ngerti.

"Sampun, sampun sak niki sarapan riyin mawon" kandhane Bu Kardiman nanggapi swasana sing wis ndadekne wong-wong padha pating plenggong kuwi "mangke mawon bakda sarapan dipun lajengaken malih".

Muni ngono kuwi Bu Kardiman karo nyontoni tamu-tamune nyendhok sarapane. Wong liyane ya banjur padha nyandhak piringe dhewe-dhewe. Wong-wong kuwi kabeh ora ana sing padha ngerti, klebu Murjiyati lan Bu Kardiman, yen satemene wiwit Mur karo Sujud mlebu menyang ruang makan mau, ana kuping papat sing ngrungokne kabeh sing diomongne wong-wong sing arep sarapan kuwi, saka mburi lawang. Wong loro sing nyolong suwara kuwi pancen sengaja nguping, ora merga arep neka-neka, nanging wong loro kuwi mung pengin anane owah-owahan sing krasa aneh mungguhing wong loro kuwi. Owah-owahan sing aneh wiwit tekane Bu Narti karo Sujud pas sanja dhek dina Ahad kae, banjur ditambahi maneh esuk iki mau, ya iku sawise Mur bali saka anggone mapag simbok-e neng Stasiun Gambir.

"Aku sansaya ora mudheng karo sing padha diomong kae ki mBok?" ing mburi lawang Andhik bisik-bisik ngomongi mBok Ti.

"Padha" wangsulane mBok Ti ya karo bisik-bisik.

"Ketoke Mur kae ya ora mudheng tenan kaya sing diomongne pas sampean takoni mau" Andhik bisik-bisik maneh.

"Ketoke ya ngono" wangsulane mBok Ti "nanging sing cetha, awake dhewe dadi ngerti nek Mur kae jebul dudu wong sembarangan".

"Dudu wong sembarangan piye mBok?" Andhik takon.

"Wong tuwane isih ana sambung-rapet karo Ibuk-e utawa karo Budhe Narti, lan kuwi sajake lagi wae padha dingerteni" mBok Ti wangsulan.

"Iya, iya tak kira nek dudu wong sembarangan ki nek duwe kasekten kaya sing neng pilem horor neng tivi kae?" Andhik ngguyu nggleges.

"Wis mumpung rung konangan ayo ngalih, jadah karo wajik sing neng piring biru neng meja kae digawa nyang Pos kana" mBok Ti prentah nyang Andhik.

"Kae mau jajane mak-e Mur ya mBok?"

"Duuuuuk"

"Lha saka ngendi?"

"Oleh-olehe Ibune MBAK MURJIYATI saka Kedunggalar, Ngawi" wangsulane mBok Ti karo mesem.

 

 

ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...