Total Tayangan Halaman

Rabu, 08 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 07

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

7.

Wong loro sing dikongkon nembung njaluk tulung supaya ditambani marang Rangga kuwi, ngingeti Marga karo sorot mata sing nelakake bingunge. Lha piye? genah nek omong wae ora bisa, kok dikongkon padha nembung njaluk tulung. Marga ngguyu, ngguyu marang omongane dhewe sing dianggep lucu merga ora klebu ing nalar. Rangga sing mau ya krungu omongane Marga melu ngguyu. Wong loro sing ora bisa omong kuwi sansaya bingung, genti-genti mripate ngingeti Rangga lan Marga. Bareng wis meneng olehe ngguyu, Marga banjur ngandhani wong loro kuwi :

"Saiki ndika wong loro lungguh dhisik, sila. Mengko ben ditambani Kakangku".

Wong loro kuwi uga banjur lungguh, mapan sila ing ngarepe Rangga. Rangga ngobahake tangane, banjur kanthi hawa murni sing mili menyang epek-epeke, Rangga mbukak saraping suwarane wong loro kuwi.

"nDika wong loro lungguh sila neng ngarepku, padha arep ngersakne apa?" sawuse mbukak sarap suwarane wong loro iku, Rangga banjur takon.

"Kula tiyang kalih nyuwun supados dipun tambani Den" wangsulane wong loro kuwi meh bareng.

"Njaluk ditambani? nDika lagi lara? Lara apa?" Rangga takon maneh karo ngempet guyune, sauntara Marga sing ngadeg ing cedhake wis ngguyu luwih dhisik.

"Kula boten saged ngucap napa-napa Den" wong loro kuwi wangsulan.

"Ora bisa ngucap sing kepiye? nDika aja gawe bingungku ta?" Rangga ngguyu.

"Kula kekalih........" wong loro lagi krasa yen satemene nom-noman sing lungguh neng ngarepe kuwi wis rampung anggone mulihne suwarane, wekasan kandhane karo sujud neng cedhak sikile Rangga "ngaturaken panuwun Den".

Rangga ngguyu banter, wong loro kuwi banjur dikongkon lungguh maneh, banjur kandhane :

"Uwis, saiki aku arep takon nDika kuwi sapa, lan omah ndika ngendi?"

"Kula Seger lan kanca kula niki Lambang Raden" salah siji saka wong loro kuwi wangsulan "griya tebih ing Kedhungtuwung mrika".

"Kedhungtuwung kuwi ngendi?" Rangga takon maneh.

"Saking mriki lampahan setunggal dinten setunggal dalu langkung, menawi anggenipun mlampah limrah kemawon, pernahipun sisih kidul mrika" wangsulane Seger.

"Mengko dhisik Kang Seger karo Kang Lambang" dumadakan Marga melu omong.

"Inggih Den?" Seger karo Lambang padha noleh menyang Marga.

"nDika wong loro wis tak tambani lan uga ditambani Kakangku ta? saiki upama aku karo Kakangku njaluk opah marang ndika sakloron piye?" Marga takon.

Seger karo Lambang padha sawang-sawangan padha kanca dhewe-dhewe. Sing ditakokne Marga kuwi barang sing lumrah, saupama ora ditulungi Marga apa dene Rangga wong loro kuwi wis ngira yen uripe bisa tekan sesuk apa ora. Merga kanthi kahanan ora bisa obah lan ora bisa omong, neng ngisor grumbul alas, ora mokal yen sawayah-wayah bisa diparani kewan galak sing karem mangsa daging. Nanging, wong loro kuwi ya bingung olehe arep wangsulan, banjur opah apa sing dikarepne nom-noman sing wis aweh tamba kuwi.

"Nyuwun pangapunten Raden" bareng wis sauntara meneng, Lambang genti sing omong.

"Jenengku Marga lan Kakangku kuwi Rangga, ora sah nyebut Raden marang aku lan Kakangku, ndika bisa nyeluk aku njangkar, adhi,ngger apa celukan liyane" Marga nugel rembuge Lambang.

"Inggih, Ra, eh Adhi" Lambang wangsulan karo nerusne kandhane "mugi kauningan, niki wau kula kalih rencang kula pun Seger, boten mbeta napa-napa, langkung-langkung barang ingkang pangaji. Nanging teng griya najan sakedhik kula inggih gadhah simpenan, kados pundi upami kula wangsul rumiyin mendhet pisungsung kagem Adhi Marga lan Adhi Rangga?".

"Perkara kuwi gampang kena dirembug mengko-mengko Kang Lambang karo Kang Seger" Rangga nrambul gunem "saiki, aku njaluk tulung marang ndika wong loro, ndika gelem apa ora?".

"Mangga kula aturi paring dhawuh punapa, sedaya dhawuhipun Adhi Rangga lan Adhi Marga badhe kula lampahi kanthi sukaning manah" Seger sing aweh wangsulan.

"Matur nuwun" Rangga nyauti sing diomongne Seger "neng kene ana mayit pirang-pirang pating glethak, neng awake mayit-mayit kuwi katone isih ana gegaman sing tumancep, gegaman sing tumancep kuwi ndika jupuki, banjur mayit-mayit kuwi ndika kubur kanthi becik. Mesakake".

"Inggih Adhi, ngestokaken dhawuh" wangsulane Seger "ayo Dhi Lambang".

Seger karo Lambang banjur ngadeg, marani bangkene Sambega lan kanca-kancane. Peso-peso sing tumancep neng jantunge wong-wong sing wis dadi mayit kuwi dening Seger lan Lambang banjur dijabuti lan diklumpukne dadi siji.  Wong loro nuli gawe luwangan neng lemah benthak kuwi, luwangan sing amba lan jero, mayit cacah rolas kuwi arep dikubur dadi siji. Sauntara Seger lan Lambang tandang gawe gawe kuburan, Rangga nyawang srengenge sing wis ngglewang mangulon saka tengahing langit.

"Wis wayahe Dhi" kandhane Rangga alon.

"Iya Kakang" wangsulane Marga sing uga wis ngerti yen wektu dzuhur wis teka.

Nom-noman loro banjur mbalik menyang bengawan arep sesuci. Jayaglegek karo Kartagentho sing isih ngathang-athang tanpa daya disisihne neng suketan ing ngisore wit gedhe dadi ora kepanasen kena soroting srengenge mangsa ketiga.

Rampung nindakne panembah dzuhur lan ngasar sing dijamak kosor, Rangga lan Marga bali maneh menyang lemah benthak. Marga banjur ngetokne bumbung saka waliking klambine, nyedhaki Jayaglegek karo Kartagentho sing arep diupakara tatune. Rangga banjur mlaku mlebu neng jero alas. Ora suwe wis bali maneh karo nggawa uwi sing sasirah-sirah gedhene. Banjur nglumpukne pang-pang garing sing mblader ing sacedhake, disumet digawe bedhiyang kanggo mbakar uwi sing lagi wae digawa saka njero alas.

bareng lan matenge uwi sing dibakar Rangga lan rampunge Marga ngupakara tatu-tatune Jayaglegek lan Kartagentho. Seger lan Lambang mara nyedhak banjur lungguh neng ngarepe Rangga lan Marga.

"Sampun kula kubur kanthi sae dados setunggal luwangan Adhi" Seger aweh lapuran marang Rangga lan Marga "Peso-peso ingkang sajakipun ngandhut warangan kula klempakaken dados setunggal kula buntel mawi jarikipun salah satunggaling mayit wau".

"Iya nedha nrima banget Kang" wangsulane Rangga "peso-peso kuwi bisa mbebayani yen nganti ngenani manungsa, mula peso-peso liyane sing pating pececer neng kana mau klumpukna pisan, banjur mengko pendhemen sing rada jero, ben ora kidakan sikil sing liwat".

"Kaliyan badhe matur malih Dhi" Lambang genti sing kandha "kala wau, sandhanganipun para tiyang ingkang kula kubur, ingkang ketingal taksih wonten aosipun kula klempakaken, wonten jarik nenem, timangan perak tiga, timangan Dembaga wonten gangsal, pendhok saha keris kalih".

"Aku karo adhiku ora mbutuhake barang-barang kuwi kabeh" wangsulane Rangga "Lha nek pancen ndika gelem, ya barang-barang kuwi ndika dum karo Kang Seger".

"Inggih Dhi, matur nuwun sanget" wangsulane Lambang.

"Kula ugi matur nuwun Adhi" Seger melu numpangi rembug.

"Mengko arep ana sing tak takokne marang nDika wong sakloron, nanging becike saiki wetenge diiseni dhisik ben ora kaliren. Kae neng bedhiyang sajake olehku mbakar uwi wis mateng, ayo padha dipangan dhisik" kandhane Rangga karo nyedhaki bedhiyange.

Ora suwe ing kono wong papat kuwi padha pating cramuk mangan uwi bakar bebarengan.

 

ana candhake. 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 06

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

6.

Weruh ana pawongan sing teka tanpa kanyana sadurunge Marga lan Rangga siaga, nom-noma loro kuwi ora gelem kedhuwung ing mburi. Meneng-meneng padha ngetrepne ngelmu serepane dhewe-dhewe. Rangga munjerake kekuwatane marang teken bongkotan pring kuning, lan Marga ngirimake hawa murni marang pucuk cemethine. Kaya padatan yen ngadhepi musuh-musuhe, nom-noman loro kuwi ora gelem ndhisiki nyerang, pilih ngadeg klawan kuda-kuda jejeg ngenteni apa sing arep ditindakne paraga sing lagi teka kuwi. Pawongan sing sarwa ireng kuwi nyawang Marga lan Rangga sedhela, banjur genti nyawang Sambega sakancane sing isih ngglethak neng lemah, nadyan ora ana tatu neng awake sing mbebayani tumrap jiwane, nanging bawane wis kentekan tenaga, tetep durung bisa tangi. Dumadakan pawongan kuwi nggereng, karo ngrogoh kanthongan jubahe . Ora suwe keprungu suwarane pawongan sing semu serak, kandha marang Sambega lan kanca-kancane :

"Menungsa kakehan cacah tanpa paedah, ora ana gunane diingu suwe-suwe"

Sambega lan para andhahane sing krungu suwarane pawongan sing lagi teka kuwi, ketara yen kaget, nanging ora suwe. Sadurunge ilang rasa kagete, tangane wong kuwi obah lan kaya wong nyebarne winih pari ing sawah, saka tangane pawongan kuwi nyawatake peso cilik-cilik akeh banget marang Sambega saandhahane. Ora ana sing nisa, kabeh jantunge wong sing wis tanpa daya kuwi kencepan peso cilik sing disawatake pawongan sing lagi teka kuwi. Ana suwara panjerit bebarengan, nanging banjur bali sepi, Sambega lan kanca-kancane kabeh wis tumekan ing pati.

Rangga lan Marga dadi sansaya kaget, ngerti patrap sing ditindakne wong sing durung dingerteni jenenge kuwi. Nanging obahe nom-noman loro kuwi kalah cepet, pawongan sing lagi wae gawe patine Sambega sakancane kuwi mencolot mblusuk neng jero tandhu sing mau dipikul kancane Sambega. Metune wis ngempit bocah wadon sing sajake lagi turu merga kena daya panggendam. Karo ngguyu lakak-lakak pawongan kuwi kandha marang Rangga lan Marga :

"Ora sah kok critakne aku wis ngerti sapa kowe, Ora sah kok terusne ora ana gunane, yen isih bisa baliya wae, kandhakna marang wong tuwamu Si Jatikuning supaya tata-tata, yen rembulan wis purnama, ing sasi sawise sasi iki, aku mesthi teka ing Banjarsemanggi, arep nugel gulune Jatikuning lan kabeh kulawargane sarta ngratakne Padhepokan Banjarsemanggi".

Bubar muni ngono kuwi pawongan sing sandhangane sarwa ireng kuwi, ngrogoh kanthongan jubahe lan ngrutug Rangga lan Marga nganggo peso-peso cilik sing tanpa wilangan akehe. Rangga lan Marga kaget kepati, katujune nom-noman loro kuwi duwe panggraita kang keliwat landhep. Peso-peso cilik sing prasasat kaya udan tekane kuwi, ora ana siji-sijia kang mbusikne kulite. Lan nalika nom-noman loro kuwi bikut nangkis peso-peso ding disawatake, pawongan kuwi banjur kaya mabur mlayu ninggalne papan kono karo nggawa bocah wadon ing kempitane.

Marga muring ora karuwan, atine panas rumangsa disepelekne dening pawongan sing ora nepungake jenenge mau. Pecute diseblakne, ngenani wit Gulun sing saprangkul gedhene. Sakala wit gedhe kuwi rubuh, merga ceklek ketiban pecute Marga. Banjur karo nggegem kenceng gagang pecute Marga mencolot arep nguber pawongan sing wis mlayu kuwi mau.

"Mandheg dhisik Dhi" dumadakan Rangga mbengok menging adhine. Marga mandheg, banjur noleh sedulur angkate.

"Selak ora ketutan Kakang" kandhane Marga alon.

"Ora ana gunane awake dhewe nguber lan nututi, wong mau niyat ora gelem tandhing tiyasa karo awake dhewe ing wektu iki" Rangga wangsulan sareh "Kajaba saka iku, aku lan si adhi durung ngaweruhi wewadine alas ing laladan kene iki, yen awake dhewe mung nuruti ati sing panas, kurang-kurang bejane bisa kena jirete wong mau utawa banjur mlebu wuwu sing sengaja dipasang kanggo gawe cilakane aku lan si Adhi".

"Banjur saiki kepriye Kakang? Apa sing arep ditindakne sabanjure?" Marga wiwit melu sareh suwarane.

"Sing cetha, awake dhewe durung weruh, sapa sejatine wong - wong sing dhemen tumindak dudu klawan nyulik prawan-prawan sing jarene didadekne kurban kuwi. Nanging, kanggo meruhi bab kuwi, mbok menawa ana wong sing bisa aweh katrangan. Kaping pindho, wong sing mlayu mau wis duwe pangira sing luput marang awake dhewe".

"Iya Kakang wong loro sing isih lungguhan neng ngisor grumbul kulon kana mau sajake bisa ditakoni" Marga nanggapi rembuge Rangga "Aku uga krungu sing dikandhakne wong mau, awake dhewe diarani anake Ki Jatikuning saka Padhepokan Banjarsemanggi, lan wong mau cetha yen musuh bebuyutane Ki Jatikuning sing disebut jenenge kuwi mau. Nanging sapa sejatine Ki Jatikuning kuwi? Lan ing ngendi dununge Padhepokan Banjarsemanggi sing arep diratakne mbesuk yen purnama wis teka sawise sasi iki kuwi?".

"Saiki ngene wae" Rangga mesem karo wangsulan "luwih dhisik, wong loro sing ora bisa obah neng ngisor grumbul kulon kae tambanana dhisik. Nek uwis kok tambani, muga-muga bisa aweh katrangan marang awake dhewe. Nek  durung kok tambani, jeneh kok aweh katrangan, lha wong arep omong wae ya bisa".

Krungu wangsulane Rangga sing ngono kuwi, Marga ngguyu alon. Banjur mlaku marani grumbul sing dhek mau neng ngisore ana wong loro sing lagi lungguh jejagongan. Rangga uga banjur kelingan, yen dhek mau ngglethakne Karta Gentho karo Jaya Glegek neng cedhake lawang guwa. Rangga banjur ngadeg, mlaku marani papane wong loro sing wis dilumpuhne mau diglethakake.

"Aja wedi" kandhane Marga sawise tekan ngisor grumbul sing dienggo lungguh wong loro mau, Marga muni ngono kuwi mau jalaran weruh yen wong loro kuwi sansaya pucet praupane, weruh yen Marga marani panggonane "tekaku arep aweh tamba marang ndika sakloron".

Marga banjur nyeklek pucuking pang grumbulan sing gedhene luwih cilik timbang driji tangane bayi, lan dawane kira-kira telung kilan. Alon-alon cithik cilik kuwi dening Marga kanggo nyabet gegere salah siji saka wong loro kuwi, ora banter babar pisan. Aneh wong sing disabet Marga kuwi dumadakan krasa longgar otot-otote, bisa ngadeg lan bisa ngobahake kabeh anggotaning ragane. Nanging panggah durung bisa omong apa-apa.

"Minggir dhisik" Marga aweh prentah marang wong sing wis bisa ngadeg kuwi supaya nyingkrih. Banjur genti nyabet wong sing sijine. Padha karo sing dhisik, bubar disabet nganggo cuthik cilik ceklekan pang , wong kuwi banjur bisa ngadeg lan bisa ngobahake sarandhuning awake. Nanging ya durung bisa ngucap apa-apa.

"Uwis ndika sakloron wis waras, kari mulihne suwarane" kandhane Marga marang wong loro kuwi. Wong sing durung bisa omong kuwi manthuk-manthuk, soroting mripate katon yen makili lambene kanggo ngaturake panuwun marang Marga.

"Saiki supaya suwara ndika bisa pulih kaya mau-maune, ayo ngetutna lakuku" kandhane Marga sabanjure "kakangku sing saiki neng lemah benthak kae sing bisa nambani ndika sakloron supaya bisa bali bisa omong kaya mau-maune".

Marga banjur mlaku marani papane tukaran karo wong rolas sing saiki wis dadi bathang kabeh mau, wong loro sing durung bisa omong kuwi ngetutne neng mburine.

"Wis ndang padha nembung, ya iki Kakangku sing tak omong mau, ya mung dheweke sing bisa mbalekne suwaramu sing ilang musna kuwi" kandhane Marga marang wong loro kuwi karo tangane nudingi Marga sing lagi lungguh neng watu bunder. Ing cedhake katon Kartagentho lan Jayaglegek, mlumah ngathang-athang mripate kethap-kethip, nanging ora ana suwarane.

 

ana candhake

 

 

Selasa, 07 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 05

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

5.

Yen ndelok gedhene pedhang, kekere wong sing nyabetake lan kebat tumibane, mesthine Rangga ora mindhon gaweni mesthi banjur njebabah neng lemah klawan bau wis pisah lan ragane. Nanging pranyata nadyan katone Rangga ora ngira yen arep nampa serangan sing ndadak, jebul Rangga tetep prayitna. Ora kena disawang nganggo mripat wantah, Rangga bisa endha, sabetan pedhange Sambega luput lan mung ngenani angin. Sambega kaget ngerti yen Rangga bisa ngendhani panyabete, nanging Sambega mung ngira ten olehe Rangga bisa endha kuwi mau merga mung sabab kabeneran wae. Mula Sambega banjur tata-tata arep mbaleni pangrangsange. Andhahane Sambega ora gelem keri karo pangarepe, kabeh uga banjur maju ngepung Rangga karo Marga sing isih ngadeg ing panggonane. Malah wong papat sing duwe jejibahan mikul tandhu, uga banjur nyelehne sing dipikul, banjur ngunus pedhange melu maju ngepung nom-noman loro sing ndakwa yen tandhu sing dipikul isi beras jagan kanggo slametan wong tuwane.

"Saiki wis katon cetha, ndika kabeh cocog karo sing tak kira" Kandhane Rangga bareng wong rolas wis rapet ngepung dheweke lan sedulur angkate "ditakoni becik-becik, ora semaur klawan jujur, nanging malah arep gawe cilake sing nakoni".

"Ora sah kakehan wuwus" Sambega sing mangsuli "salahmu dhewe kowe bocah loro wis wani ngadhang lakuku lan ndakwa sing ora-ora marang aku, minangka pidanane ora ana liya kajaba kowe bocah loro kudu tak tugel gulumu neng papan kene iki".

"Dadi ndika kabeh tetep kukuh ora ngaku lan ora gelem mbalekne berase wong tuwaku?" digiri-giri nek arep dipateni Rangga katon ora wedi, malah tetep ngukuhi pandakwane marang wong rolas sing ngepung dheweke klawan siaga karo gegamane.

Pitakone Rangga ora diwangsuli dening  Sambega, malah pangarepe rombongan kuwi banjur prentah marang andhahane :

"Ora sah digagas apa sing diunekne bocah-bocah keparat kuwi, kareben ora kesuwen, kabeh maju ngebyuk bareng, jejuwingen ragane bocah loro kuwi ben dadi pangane kewan galak ing alas iki!".

Ora ndadak dipindhoni, kabeh andhahane Sambega maju bareng arep namakne gegamane marang Rangga lan Marga. Mesthi wae Rangga ora gelem didadekne pangewan-ewan tanpa nglawan. Karo mesem Rangga aweh sasmita marang Marga. Nalika musuhe wis sansaya cedhak, nom-noman loro kuwi dumadakan mletik mendhuwur klawan jungkir walik,mencolot metu saka kepungan. Marga mencolot ngiwa lan Rangga mencolot nengen. Saiki kahanan dadi kwalik, dudu Rangga lan Marga sing dikepung, nanging nom-noman loro kuwi sing ngapit wong rolas sing pating domblong, eram weruh kesit lan cukating tandange nom-noman loro sing umure durung sepirowa kuwi.

"Ngati-ati kanca" Sambega mbengok aweh peling marang andhahane "ketoke bocah loro iki pancen ora kena disangga lamba, ketogen kekuwatanmu kabeh, aja nganti bocah loro iki bisa ucul saka papan kene kanthi nyawa isih kelet karo ragane".

Sing nampa peling tanggap, sing lima nginger adhepe mangiwa ngarah papane Marga lan sing nenem minger nengen siaga ngadhepi Rangga. Weruh andhahane wis andum gawe, Sambega banjur nggolong marang sing ngadhepi Marga, dadi saiki wis padha, Rangga lan Marga arep diadhepi wong nem edhang.

Rangga lan Marga wis sapanemu, ora kepengin nyenyuwe olehe tandang gawe. Kekarone wis nyekeli gamane dhewe-dhewe, Rangga klawan teken bongkotan pring kuninge lan Marga uga wis nglolos pecute. Nom-noman loro kuwi uga wis sarujuk yen ora arep ndadekne wong-wong kuwi nemoni nasib kaya Jaya Glegek lan Karta Gentho sing nganti saiki isih ngglethak neng cedhak lawang guwa. Wong-wong kuwi arep dilumpuhne nganti tanpa daya, nanging aja nganti ora eling apa-apa, supaya bisa dikongkon nyritakne ngendi asale lan apa sing wis ditindakne.

"Dher......" pecute Marga wiwit diseblakne, nuwuhake suwara banter kaya suwarane bledheg mangsa sanga.

"Apik suwarane pecutmu Gus" Sambega nanggapi suwara pecute Marga karo nyedhak "nanging eman, aku kabeh dudu badhut Jathilan Reyog sing kulina dipecuti jaran kepange, uga dudu wedhus-wedhus gibas sing arep digiring mlebu kandhang merga wektune wis sore. Nanging aku sakanca iki wong sing ora seneng marang bocah sing seneng rusuh-rusuh wong nyambut gawe, kaya kowe karo kancamu kae".

"Aku ya dudu panjak Reyog utawa Bocah Angon wedhus Pak Cilik" wangsulane Marga karo ngguyu "Aku mung dikongkon wong tuwaku nguber maling sing nyolong beras jagan kanggo slametan, jebul bareng ketemu, malinge ora gelem ngaku lan moh mbalekne beras sing dicolong, mula kapeksa malinge arep tak sabeti ben  berase wong tuwaku dibalekne".

"Setan alas" Sambega misuh, banjur tangane aweh sasmita marang kanca-kancane supaya bareng ngebyuk musuhe.  Nanging Marga uga wis siyaga, ngadhepi wong  nem sing keker-keker lan nggawa pedhang kabeh kuwi, Marga panggah ora owah, eseme ora nate ilang saka lambene, mung pecute wae sing pucuke kopat-kapit kaya obahe buntut ula tapak angin, bola-bali gawe suwek  klambine musuhe lan ninggal tatu sing nggaler neng gegere sing padha ngrubut. Mangka ing sisih kiwane lemah benthak cedhak guwa klumpit kuwi, banjur dumadi perang sing cukup rame.

Sauntara kuwi, ora beda karo adhi angkate, Rangga kaya lagi jejogedan ing sela-selane sabetan lan sudukan pedhange musuh-musuhe. Kaceke, nek Marga wis nggunakne pecute kanggo nyabet sing padha ngrubut, Rangga durung mentala nibani musuh-musuhe nganggo gamane. Teken bongkotan Pring Kuning kuwi digunakne Rangga mung nek kapeksa kudu nangkis tumibane pedhang sing ora bisa diendhani wae.  Rangga lan Marga padha olehe ora aweh kalodhangan leren nata ambegan marang musuh-musuhe, pancen kekarone sengaja kepengin nglumpuhake sing padha ngrubut ora merga keneng sadhukan luwih-luwih ketaman gegaman, nanging nom-noman loro kuwi niyat arep nglumpuhne musuh-musuhe sarana meres daya kekuwatane, merga kekeselen polah sing ora ana lerene. Mula sanadyan Rangga uga kerep aweh sadhukan utawa jotosan marang musuhe, nanging panyadhuk utawa panjotose ajeg tumiba ing perangan awak sing ora pati mbebayani, malah ora arang Rangga nggunakne drijine kanggo nylenthik kupinge musuh. Ora mbebayani nanging larane ngluwih-luwihi. Semono uga sing ditindakne Marga, pucut pecute tumiba mung sinurung kekuwatan wantah, ora dilandhesi kekuawatan sing metu saka surungan hawa murni. Dadi musuhe Marga mung padha kelaran, tatau-tatu tilasing pecutan krasa panas kaya kesonyok mawa lan dadi tambah perih merga kesiram kringet sing mbajir saka awak, nanging  ora mbebayani tumrap jiwane.

Bareng kira-kira olehe padha kerengan wis oleh telung kinangan, Sambega sak andhahane wis temen-temen kentekan napas lan tenaga. mBaka siji wiwit padha tiba krungkeb neng lemah, banjur ngathang-athang ana lemah, rasane awake kaya dilolosi bebalunge. Rangga lan Marga nicil seneng, sedhela maneh wong-wong kuwi bakal dipeksa aweh katrangan sing dibutuhne. Nanging dumadakan Rangga lan Marga dadi kaget setengah mati, nalika Marga lan Rangga nyedhaki mungsuhe sing mblasah kentekan tenaga, dumadakan ana wewayangan ireng sing tumiyup, kaya abure manuk alap-alap sing mudhun neng bumi. Bareng nom-noman loro kuwi ngulati, jebul sing teka sawijining paraga sing ketutupan rapet dening jubah ireng sing dienggo, sirah lan praupane uga ditutup rapet nganggo kain ireng, mung katon mripate sing sumorot abang angatirah.

 

ana candhake.

Senin, 06 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 04

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

4.

Rangga karo Marga, uga wong loro sing ora bisa obah neng ngisore grumbul kuwi, padha ora kendhat nggone ngulati wong-wong sing mandheg neng lemah benthak, sing bola-bali ngunekne sasmita klawan niru unine manuk kedasih kuwi. Bareng wis oleh pirang-pirang rambahan sasmita sing dikirmne ora ana wangsulane, wong sing aweh sasmita kuwi wiwit mikir. Banjur nginger adhepe mbalik madhep marang kanca-kancane. Kanca-kancane padha nyawang klawan sorot mripat kebak pitakon, ya gene dina iki beneh klawan padatan. Karta Gentho karo Jaya Glegek ora enggal wangsulan, kamangka mau kanthi aji Gulung Suwara, wis aweh sasmita kanthi niru suwara panggerone macan, ngabari yen kahanan guwa wis aman ora ana apa-apa. Saiki bareng kanca-kancane teka arep ngeterne kurban menyang jerone guwa, diceluki klawan sasmita suwara kedasih malah ora enggal metu kaya adate.

"Wong loro iki kira-kira menyang ngendi parane? Apa kakehan olehe ngombe tuak banjur isih kangkleren anggone padha turu neng jero guwa?" Wong sing ngirimne sasmita suara kedasih kuwi takon marang kanca-kancane.

"Apa ora luwih prayoga didelok neng jero wae Kakang Sambega?" salah siji saka kancane nanggapi nganggo pitakonan.

"Nganti dina iki, durung ana wewenang sing diparingne aku, supaya bisa mlebu guwa kuwi" Wong sing disebut jeneng Sambega kuwi wangsulan "dadi bares wae aku ora wani, gedhe pidanane yen nganti kumawani nglangkahi angger-anggering paguron".

"Lha nek ngene iki, awake dhewe banjur kepiye?" salah siji saka sing mikul tandhu takon "Lha nek kudu ngenteni tangine wong turu merga mendem ya sida garing awake dhewe mengko".

"Piye?" Sambega mencerengi wong sing lagi wae omong kuwi "kowe mau omong apa Sogol? He? Wis bosen kowe dadi pandhereke Sang Panembahan?. Wis ping pira aku kandha? apa wae sing awake dhewe tampa saka pengarep utawa sedulur tuwa tunggal paguron, ora kena awake dhewe iki ngresula, luwih-luwih mbantah. Prentah saka Kakang Rambutkawat marang kowe lan wong-wong iki kabeh, sing lumantar aku mau apa? He?".

"Aku ngaku luput Kakang" wong sing jebul jeneng Sogol kuwi semaur keweden "kakang mrentahake supaya awake dhewe ngeterne kurban sing ana njero tandhu iki menyang Guwa Klumpit kene, ora kena bali sadurunge kurban ditampa dening Kakang Karta Gentho karo Kakang Jaya Glegek, yen nganti merga awake dhewe dianggep kleru temah Kakang Karta Gentho utawa Kakang Jaya Glegek ora bisa nampa kurban sing digawa iki, awake dhewe kabeh bakal kena pidana. Sepisan maneh aku ngakoni luput, aku ora oleh sambat kabotan luwih-luwih ngresula sajroning ngayahi kuwajiban iki".

"Bagus, kowe cepet ngerti" wangsulane Sambega "Kabeh wae kudu ngerti, yen ana salah siji saka awake dhewe iki kumawani tumindak luput, luwih-luwih wani maido marang para pangarep utawa Kakang-kakange dhewe, awake dhewe iki kabeh bakal nampa pidana".

"Saiki banjur kepiye Kakang? Awake dhewe ngenteni Kakang Jaya Glegek lan Kakang Karta Gentho neng Lemah benthak iki, apa dikeparengake ngenteni neng ngiyuban, sangisore wit kana?" Sing mau ngongkon Sambega supaya mlebu guwa takon maneh.

"Sabar" Sambega wangsulan "coba tak nyedhak menyang lawange guwa luwih dhisik, mbok menawa yen olehe leren Kakang Karta gentho utawa Kakang Jaya Glegek ana njabane guwa".

Sambega mlaku nyedhaki guwa, pedhange sing gedhe diunus kanggo jaga-jaga manawa-manawa ana bebaya. Bareng tekan ngarep lawange guwa, lan inget-inget kanan kering, Sambega sakala kaget. Wong kuwi weruh sing digoleki padha ngglethak neng lemah ditutupi gegodhongan. Sambegaalon-alon mundur, banjur mlayu mbalik menyang panggonane kanca-kancane neng Lemah Benthak. Ora omong apa-apa Sambega aweh sasmita supaya kanca-kancane padha siaga.

"Ana apa Kakang?" salah siji saka kancane takon karo bisik-bisik.

"Balik saiki" wangsulane Sambega. Kanca-kancane padha gumun semu bingung, ora ngerti karo karepe Sambega, kabeh padha pandeng-pandengan padha kanca.  Sambega wis ora sabar maneh, kanca-kancane digetak :

"Ayo saiki awake dhewe kudu nggawa kurban sing ana jero tandhu kuwi balik".

"Lho apa iki dudu aran mbadal dhawuh Kakang?" Sogol sing dhek mau kaweden merga diarani luput takon.

"Uwis, ora sah kakehan omong, mengko wae tak genahne, saiki ayo mbalik" wangsulane Sambega sajak ngemu rasa kuwatir.

Kaeh kancane mung bisa manut apa sing dadi prentahe Sambega, Tandhu bali diangkat ditumpangne pundhak wong papat , banjur sing pitu liyane padha njagani ana ngarep lan mburine, mlaku mbalik nilas tipake dalan sing mau diliwati. Karo mlaku Sambega kober printah supaya kanca-kancane padha nyiagakne gegamane. Sing diprentah sapisan maneh mung manut, kabeh padha ngunus pedhange dhewe-dhewe, kajaba sing lagi mikul tandhu. Beda karo nalika arep mrono mau, saiki lakune wong-wong kuwi mung meneng-menengan lan jangkahe dicepetne ngeloni jangkahe Sambega sing mlaku neng ngarep dhewe.

Wong loro sing mung bisa nyawang lan ngrungokne saka ngisor grumbul mau dadi padha bingung dhewe, sing didhedhepi arep lunga lan ora sida masrahne kurbane marang sing jaga guwa. Nanging wong loro kuwi pancen durung bisa obah, omong wae iya durung bisa. Dadi bisane mung meneng karo pikirane nglambrang rekan ngendi-endi. Beda karo Rangga lan Marga sing umpetan ana plogroking wit gedhe, ngerti nek sing dienteni jebul malah arep mbalik, gageyan nom-noman loro kuwi nylorot mudhun banjur nylingker mubeng  mlayu arep nyegat lakune sing arep mbalik.

"Sing ndika pikul kuwi apa Pak Cilik?" dumadakan saka walik gegrumbulan Rangga karo Marga mecungul pas ana ngarepe wong-wong kuwi.

Ngungkuli disamber bledheg kagete wong rolas sing jebul isih anadhahane Karta Gentho Lan Jaya Glegek kuwi, nalika tanpa sangkan dumadakan ana bocah nom-noman sing ngadhang ana ngarepe. Sakala sambega mandheg, kanca-kancane melu mandheg.

"He sapa kowe bocah bagus?" sawise ilang kagete Sambega genti takon "lan ana karep apa kowe ngadhang lakuku He?".

"Aku ora ngadhang Pak Cilik" wangsulane Rangga karo mesem "mung arep takon, sing dipikul Pak Cilik-Pak Cilik kuwi apa? lan arep digawa menyang ngendi?".

"Lancang banget lambemu" Sambega wangsulan rada sengol "sing dipikul kuwi apa? kuwi dudu urusanmu, nek ora kepengin babak bundhas ragamu, sumingkira aja ngganggu lakuku".

"Mengko dhisik Pak Cilik" Rangga semaur karo maju sajangkah maneh "aku iki lagi dikongkon nggoleki maling sing nyolong berase wong tuwaku, kamangka beras kuwi jagan kanggo slametan. Saiki aku weruh ndika wong akeh, mikul tandhu sing ditutup rapet. Aku wis ngerti, mesthi isine tandhu kuwi beras jagan slametane wong tuwaku. Tulung pak Cilik, ndika balekne beras kuwi, mesakna wong tuwaku sing wis ora duwe pari maneh kanggo ditutu".

"Piye?  kowe ndakwa aku sakancaku iki maling?" Sambega nggetak "sing neng jero tandhu kuwi dudu beras, nanging barang dagaganganku. Wis, kana nyingkrih!. Nek ora gelem nyingkrih sida tak gibeng tenan kowe mengko".

"Emoh, aku njaluk berase wong tuwaku ndika udhunke" wangsulane Rangga sing banjur ngandhani Marga "ayo Dhi, beras sing dipikul kae ayo direbut".

Sambega sakala muntap, rumangsa bocah nom loro kuwi ora nggugu omongane. Ora sranta pedhang sing ana tangane, disabetne ngarah pundhake Rangga.

 

ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 03

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

3.

Nanging Jaya Glegek lan Karta Gentho dudu wong sing gampang dikalahake, wong loro kuwi tumuli padha tangi lan wiwit ngetrapne aji jaya kawijayane. Mau wong loro kuwi mung waton ngobahne sikil lan tangan wae, amarga nganggep nek Marga lan Rangga mung nom-noman sing mung udhu kendel bandha wani, nanging sejatine kopong.  Sawuse ngerti yen panganggepe luput, Karta Gentho karo Jaya Glegek, uga banjur nata awake dhewe-dhewe. Wong loro kuwi panggah kepengin nyuntak rasa pegel lan anyele marang bocah nom sing dianggep ora duwe duga, wis wani ngganggu lan nyepelekne marang dheweke.  Rangga lan Marga sing uga weruh yen Jaya Glegek apa dene Karta Gentho pancen arep ngajak ngadu tosing balung wuleting kulit, uga banjur tata-tata. Rangga mencolot neng ngarepe Karta Gentho karo pasang kuda-kuda, sauntara Marga isih anteng ngenteni Jaya Glegek sing arep marani papane.

Ora suwe sabanjure ing ngarep lawang guwa kuwi dadi rame, ramene wong sing lagi kerengan, perang tandhing. Ijen padha ijen. Rangga mungsuh Karta Gentho lan Marga lumawan Jaya Glegek. Wong loro sing ngaku murid paguron Sekarjati nyata yen ngedab-edabi. Sanadyan kekarone duwe awak sing gedhe dhuwur, ewa samono duwe kaluwihan, tandange cukat, lincah lan trengginas. Obahing sikil sing nyadhuk lan obahe tangan cepet kabeh ngarah marang pernah peranganing awake mungsuhe sing dianggep ringkih. Nanging sing diadhepi dudu wong lumrah, Rangga lan Marga sanadyan durung pati akeh umure, nanging wis kerep lan kulina kerengan karo wong sing maneka warna kasektene. Nganti pirang-pirang jurus, Karta gentho apa dene Jaya Glegek durung pisan-pisana krasa marem merga serangane bisa nyenggol perangan ragane mungsuhe sing dianggep ringkih. Solahe Marga lan Rangga luwih cukat lan trengginas ngungkuli solahe manuk srikatan. Meh kabeh serangane Karta Gentho lan Jaya Glegek, bisa diendhani lan mung bisa ngenani angin, sing nguwohake sansaya kekurase kekuwatan sing diduweni. Yen ora bisa diendhani, ya dening Rangga, ya dening Marga serangane mungsuhe ditadhahi nganggo tangkisan sing pas. Ndadekne ana tumbukan adu kekuwatan. Ajeg, saben-saben dadi tumbukan, sing nangkis pranyata luwih kukuh tinimbang sing ditangkis. Bola-bali Jaya Glegek lan Karta Gentho kesurung kontal memburi, malah ora arang wong loro kuwi banjur tiba krengkangan neng lemah.

Rumangsa yen mungsuhe ora kena disangga lamba, Jaya Glegek karo Karta Gentho banjur padha ngunus pedhange dhewe-dhewe.

"He Bocah ora genah" Karta Gentho nggereng karo mencereng "kowe pancen ora keneng disabari tenan. Wis tak kalahi malah sansaya nrucak, ya aja getun yen dina iki kapeksa tak jebol wadhukmu, tak tugel gulumu nganggo pedhangku kowe Rangga".

"Ha ha ha ......" Rangga ngguyu ngakak sajak ngece "sing kok cekel kuwi pedhang apa wilah pring apus Pak Cilik?"

"Setan alas" Karta Gentho misuh karo nggetak "klakon mati tenan kowe".

Muni ngono kuwi Karta Gentho karo muter pedhange sing gedhe lan abot, nanging neng tangane Karta Gentho pedhang kuwi katon entheng wae. Rangga waspada, karo ngulati obahe mungsuh Rangga isih kober aweh sasmita marang Marga supaya ora ndedawa lakon. Awit isih bakal ana gaweyan sing sajake luwih abot.

Sanadyan lagi ngadhepi Jaya Glegek sing uga wis nggunakne gamane, Marga isih bisa nampa sasmitane Rangga klawan cetha.  Marga tanggap apa sing dikarepake Rangga, mula banjur mencolot mundur kira-kira limang jangkah, banjur nglolos pecut sing dienggo sabukan.  Jaya Glegek weruh nek Marga nyekeli pecut, sakala ngguyu lakak-lakak karo omong banter :

"He, bocah edan, kowe arep ngadhepi pedhang pusakaku iki mung nganggo pecut ngge angon wedhus kuwi? Kowe kuwi niyat arep nglalu apa pancen utekmu wis ora kena kanggo mikir, he?".

Marga ora wangsulan, mung lambene diesemake. Banjur pecute wiwit disabetne menyang awang-awang. Ora kaya padatan, Marga wis ngetrepne Jurus pecut ing tataran rada dhuwur. Pecut sing diseblakne kuwi ora nyuwara, nanging krasa yen ngetokne daya sing nggegirisi. Rangga sing weruh nek Marga wis nyeblakne pecute, mesem. Ora gantalan wektu suwe, Rangga banjur ndudut teken pring kuning sing gedhene sajempolan sikil lan dawane kira-kira limang kilan, banjur diputer kanggo ngadhepi Karta Gentho sing siaga ngrangsang karo pedhange.

Ora ndadak merlokne wektu suwe, wasana Rangga lan Marga wis bisa nglumpuhne mungsuhe dhewe-dhewe. Kesit kaya that-thit, cukat kaya kilat, pucuk pecute Marga nyaut ugel-ugel tangane Jaya Glegek sing nyekeli pedhang. Sakala Jaya Glegek njerit kelaran pedhange ceblok neng lemah, lan durung nganti ilang rasa kagete, pecute Marga wis ngalih nyabet garese. Kaya dibabat nganggo teken waja, balung garese Jaya Glegek remuk. Jaya Glegek tiba neng lemah sempaut, ora eling apa-apa maneh. Kang bareng karo rubuhe Jaya Glegek, teken pring kuning sing dicekeli Rangga mubeng seser kaya kitiran, nyampe lengene Karta Gentho bablas nyampluk pupune. Ora akeh bedane karo Jaya Glegek, Karta Gentho tiba, gulung koming neng lemah, banjur meneng ora eling.

Rangga karo Marga banjur nyeret, Karata Gentho karo Jaya Glegek sing isih semaput kuwi, diselehne neng ngarep lawang guwa, banjur ditutupi karo gegodhongan .

"Saiki awake dhewe kari ngenteni kanca-kancane wong loro iki, sing tak kira suwarane wong lagi mendem mau" kandhane Rangga marang Marga.

"Iya Kakang" wangsulane Marga karo nggubetne pecute neng bangkekan kanggo sabuk.

Nom-noman loro kuwi banjur padha singidan ora adoh saka guwa, munggah lan mapan lungguh neng plogroke wit gedhe, ora gampang kaweruhan kajaba yen ana wong ndhangak karo maspadakne , awit Rangga lan Marga sengaja nggunakne pang gedhe ing plogrok kuwi kanggo ampingan nutupi awake.

Sauntara kuwi, wong loro sing mau jejagongan ana ngisor grumbul, panggah durung bisa obah. Nadyan mangkonowa, wong loro kuwi uga ora ngrasakne kesel utawa lara babar pisan. Krikil sing digunakne Marga kanggo nglumpuhne wong loro kuwi pancen pas banget tumibane. Wong loro kuwi mung bisa weruh lan bisa krungu, nanging ora bisa obah lan ora bisa ngucap apa-apa. Mula wong loro kuwi uga ngerti kabeh apa sing wis kelakon. Wiwit Rangga lan Marga nyedhaki guwa, banjur ngobong pang garing gawe bedhiyang nganti anggone nom-noman loro kuwi kerengan karo Karta Gentho lan Jaya Glegek, ora ana sing kliwatan, kabeh kecathet neng angen-angene wong loro kuwi.

Dumadakan saka arah kidul katon gumrudug wong-wong sing mlaku tumuju guwa. Sing papat mikul tandhu sing ditutup rapet, embuh apa isine. Bareng wis tekan lemah benthak cedhak guwa, wong sing lagi teka kuwi mandheg. Salah siji saka wong-wong kuwi maju telung jangkah, tangane dicedhakne lambe. Disusul ana suwara persis kaya suwarane manuk kedasih sing lagi ngalup-alup ing wit-witan. Suwara kedasih kuwi saben oleh telung rambahan mandheg, banjur muni maneh telung rambahan, banjur mandheg maneh.

 

ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 02

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

2.

Papan benthak kaya ara-ara nanging ora pati amba kuwi wis diliwati dening Rangga lan Marga, jebul neng sisih wetane ara-ara kuwi ana ledhokan sing memper blumbang rada amba nanging garing. Temboke blumbang sing sisih lor rupa punthuk sing dhuwure kira-kira ana telung dhepane wong tuwa.  Klawan ngati-ati Rangga karo Marga nyedhaki punthuk sing ana sisih lor kuwi, miturut kandhane wong mau neng kono ana guwa ne sing cukup gedhe sing jarene tembuse teka ngisor pepadhasan perenging bengawan. Maune Rangga karo Marga ora weruh lawanging guwa, nanging bareng diulati tenanan jebul lawange guwa kuwi ketutupan godhonge wit sepreh sing manglung saka punthukan padhas kuwi.  Mau Rangga lan Marga ya krungu, nek suwara panggerone macan kuwi mung tengara saka wong sing diwenehi jejibahan naliti aman lan orane guwa, mula nom-noman loro kuwi banjur duwe dudutan yen wektu iki, neng jero guwa kono ana wonge. Wong sing nunggu tekane kanca-kancane, sing jarene wong loro mau nggawa prawan sing arep didadekne kurban.

"Becike tak mlebu menyang jero guwa iki wae Kakang" kandhane Marga semu taren marang Rangga "Kakang nunggu neng kene, karo ngenteni tekane wong-wong sing jarene wong loro mau nggawa prawan sing arep didadekne kurban".

"Apa kira-kira sing arep teka mengko iki, wong-wong sing awake dhewe kira suwarane wong mendem mau ya Dhi?" Rangga ora mangsuli tarene Marga malah takon sapa sing arep teka.

"Pangiraku ya mangkono Kakang, yen ndelok suwarane jangkahe sing tak rungokne mau kira-kira cacahe ana wong rolas" wangsulane Marga karo arep mlebu menyang jerone guwa.

"Mengko dhisik Dhi" Rangga menging Marga mlebu "awake dhewe durung ngerti isen-isene guwa iki wong pira utawa apa wae sing ana jerone, anapasangan bangsane jiretan apa ora. Mula aja kesusu mlebu dhisik, malah nek perlu sing ana jero wae dikongkon metu".

Marga mandheg, ora sida mlaku ngleboni guwa. Bocah nom adhi angkate Raden Rangga kuwi mesem, banjur ngalih ninggalne Rangga sing isih ngadeg neng sisihe lawang guwa. Ora suwe nyingkrih Marga wis bali mrono maneh karo mondhong pang-pang kayu sing wis garing, banjur nyingkrih maneh baline mondhong suket uga wis garing. Rangga tanggap banjur mencolot menyang plogroke wit Sepreh sing pang lan godhonge nglembreh nutupi lawange guwa. Rangga nyempali pang-pang kuwi di uncalne mengisor sing banjur diklumpukne Marga. Marga ngetokne thithikan watu saka njero kanthongane klambine, cethik geni. Suket karo pang garing gawane mau sing wis ditumpuk neng ngarep lawang guwa banjur disumet. Bareng genine wis murup mulad-mulad, banjur ditumpangi pang lan kayu sepreh sing mau disempal dening Rangga. Geni sing mulad-mulad ketutupan godhong lan pang teles dadi ngetokne keluk sing buleg ora karu-karuwan. Rangga ngadeg karo tapak tangane dithungne menyang sumbere keluk, keluk sing putih campur ireng kuwi digusah, kabeh mlebu menyang jero guwa. Sawuse rada sauntara, Rangga karo Marga banjur nyingkrih kira-kira sepuluh jangkah saka lawanging guwa, ngenteni apa sing bakal dumadi.

Pancingane Rangga ana asile, ora let suwe saka jero guwa ana wong loro sing nrajang bedhiyang cilik sing digawe Marga mau, genine diidak-idak nganggo sikil sajak ora krasa panas. Wong loro ngono kuwi karo misuh-misuh ora karuwan.

"Keparat, sapa sing wis edan wani  njarag Karta Gentho karo Jaya Glegek iki?" salah siji saka wong loro kuwi malang kerik neng dhuwure tilas geni sing wis mati dipindak-pidak, karo mengok banter "Sapa bangsat, ayo aja ndhelik, ketokna raimu, nek kepengin dadi iwak".

Sajake wong loro kuwi ora weruh yen ing sandhinge sing mung kaling-kalingan grumbul cilik ana nom-noman loro sing ngenteni metune wong sing ana jero guwa. Marga banjur mencolot, nyedhaki wong sing ngaku jeneng Karta Gentho karo Jaya Glegek, karo takon :

"nDika wong loro kuwi sapa? teka-teka ngamuk, bedhiyang sing ora salah apa-apa, ndika musuh? Apa ndika ora ngerti nek sing gawe bedhiyang kuwi mau aku karo Kakangku?"

Wong loro sing ora ngerti sangkane Marga karo Rangga kuwi kaget. Luwih-luwih bareng ditakoni Marga sing ngono kuwi mau. Ngerti nek sing takon mung bocah sing isih nom-noman, kira-kira umure sapantarane anake, wong loro kuwi banjur nyedhak, salah sijine banjur nggetak :

"O Bocah edan ora waras, dadi kowe sing ngobong sangkrah neng ngarep guwa kene iki mau? Sapa jenengmu? Omahmu ngendi anake sapa? He?".

"Aja nesu dhisik Pak Cilik" Rangga sing digetak ora wedi malah mesem karo kandha "nDika wong loro kuwi sapa? kathik omongane kaya wong lara weteng, bengak-bengok kaya wong suda rungon?".

"Keparat bocah edan, kowe ora ngerti nek aku iki Karta Gentho lan kuwi Kakangku Jaya Glegek, muride Panembahan Sekarjati sing dipercaya njaga laladan sauruting bengawan kene iki?".

"Oo, nDika Gentho karo sing sijine Glegek?" Rangga ngguyu ngece karo wangsulan "mesthi wae aku durung tepung, jeneh kepethuk ya lagi pisan iki. Aku Rangga lan iki adhiku Marga, Paman".

"Rangga karo Marga, omahmu ngendi anake sapa? bangsat, wangsulan kok ora genep" Karta Gentho nggetak.

"Nek ngono ndika wong anyar teka papan kene iki?" Marga genti wangsulan "nek wong wis suwe mapan neng kene mesthine wis tepung karo aku lan Kakangku kuwi. Aku karo kakangku iki putune Kyai Jalumampang sing mbaureksa wit Klumpit sing thukul ana dhuwure tembusan guwa sing kok enggo turu mau".

"Bocah edan ora genah, keparat arep nganggo dolanan siswane Panembahan Sekarjati sida modar neng tanganku kowe" dumadakan wong sing jeneng Jaya Glegek, mencolot menyang pas ngarepe Marga karo ngobahne tangane, kepelane sing sak klapa gedhene, kuwi dijotosne ngarah sirahe Marga. Upama sing dijotos kuwi liyane Marga, tegese wong lumrah ngono wae, kira-kira embuh dadine, merga kepelan karo sirah sing dikepel, gedhene ora kacek akeh. Uga cepet kumlawene tangane sing njotos, prasasat kaya kilat, upama wong lumrah genah nek ora bisa ngendhani utawa nangkis. Nanging gandheng sing dijotos kuwi Marga, sedulur angkate Rangga, Jaya Glegek sing wis ngira nek sedhela maneh neng ngarepe ana bocah tiba glangsaran kejet-kejet pecat nyawane, dadi kecelik. Marga miringne awake karo maju sajangkah, kepelane Jaya Glegek mung liwat cedhak kupinge Marga, lan sadurunge Jaya Glegek tutug pegele merga jotosane mleset, tangane Marga luwih dhisik nyamber lempenge. Lempeng sing mung ketiban epek-epeke nom-noman kuwi rasane kaya disampluk nganggo teken waja. Jaya Glegek kontal banjur tiba glangsaran neng lemah karo tangane nekem lempenge sing ora karuwan larane.

Karta Gentho sing ora weruh kanthi cetha nek olehe tiba sedulure kuwi merga kesampe tangane Marga, dadi gumun. Nanging Karta Gentho sing uga wis ngempet nesu wiwit mau, banjur nyedhaki Rangga karo ngobahne sikil kanggo njejak dhadhane nom-noman sing dianggep njarag dheweke kuwi. Ora beda adoh karo nasibe Jaya Glegek, Karta Gentho sing kepengin weruh Rangga nggeblag karo sambat-sambat kelaran kuwi babar pisan ora ngira, yen Rangga jebul luwih waspada. Sadurunge sikile Gentho teka dhadhane Rangga, wis dipapag karo tangane Rangga, epek-epeke diiringne dienggo mbabat sikile Karta Gentho. Karta Gentho sakala njerit kelaran, balung garese ketatap balung drijine Rangga. Karta Gentho mundur memburi, banjur nggeblag merga sikile sing kiwa ora kuwat nahan boboting awak sing koming merga sikile tengen krasa lara.

 

ana candhake.

Minggu, 05 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 01

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

1

Mangsa ketiga wis wiwit tumapak, suwarane garengpung sadalan-dalan tansah ditemoni dening Rangga lan Marga sing nggelak getheke, nurut iline Bengawan sing kabare sumbere saka Guwa Gelapngampar ing Gunung Lawu lan anjoge neng segara lor ing pereng wetan tanah Jawa. Amarga mangsa ketiga, banyune bengawan ketok bening, disawang rupane ijo semu biru merga mbendalake wewayanganing langit sing ana dhuwure sarta wewayanganing wit-witan sing ana ing sakiwa tengene. Lakune gethek ora bisa banter kaya yen usum banjir, merga ilining bengawan iya ora banter. Malah kala-kala Rangga lan Marga kudu mudhun nyurung getheke awit kepalang papan bantaran sing banyune ora jero. Wis ana sepasar luwih, bocah loro kuwi ora kepethuk wong, sajake sing diliwati pancen adoh karo padhukuhan sing dipanggoni wong.

"Ketoke awake dhewe ora suwe maneh bakal mlaku saka Ujunggaluh menyang Gunung Lawu Dhi" kandhane Rangga marang Marga sing lungguh ana njabaning pagedhonganing gethek, Marga pancen lagi dhedhe, ngiras ngulati lakuning gethek menawa-menawa ana pepalang sing nyegati lakune.

"Tak kira ora Kakang" wangsulane Rangga karo noleh sedulur angkate "amerga sing sok katon ing sisih kidul kae isih Gunung Lawu, kamangka miturut crita sing tau rungu sungapane Bengawan iki, sing jarene neng Ujunggaluh kuwi panggonane neng adoh banget saka Gunung Lawu lan saka kana Gunung Lawu wis ora kena disawang".

"Karepku ngene lho" Rangga metu saka pagedhongane gethek nyedhaki Marga "wis pirang-pirang dina iki, awake dhewe rak ora kepethuk wong babar pisan? dadi lakuning prau iki mesthi ora bakal mandheg-mandheg, merga ora ana sing ngudokake awake dhewe mandheg nindakne welinge Kanjeng Eyang Juru. Lan nek ndelok kahanane prau sing isih pengkuh iki, mokal banget yen nganti praune dhewe iki bakal ambyar sadurunge tekan entek-entekane iline bengawan iki".

Marga ora semaur, lamat-lmat kupinge krungu saka kadohan ana suwara panggerone macan. Aneh, iki wektune isih wayah tengange, dudu wayahe macan saba golek memangsan. Dumadakan ing  papan kono dadi rame, rame suwarane kewan-kewan sing padha mlayu kaweden, kethek-kethek padha lelumpatan mlembang saka wit siji marang sijine, ngedohi papan sing jumbuh karo parane  banyu bengawan mili.  Rangga lan Marga ngrasa yen ora adoh saka kono ana bebaya sing ndadekne wedine kewan-kewan sing padha mlayu kuwi. Ora mung kewan bangsane Kethek, kidang lan kancil sing padha kaweden, malah manuk-manuk uga akeh sing padha mabur nurut playune kewan-kewan dharatan kuwi.

Rangga aweh sasmita supaya Marga nginggirne getheke, Marga tanggap gethek diinggirne banjur dicancang ing wit sing ana pinggire bengawan. Bocah loro kuwi gentenan mlumpat menyang dharatan, banjur lon-lonan mlaku ngulat-ulati apa sing wis kedaden ing papan kuwi. Lamat-lamat Bocah loro sing wis migunakne aji Sasra Pangrungu kuwi krungu suwarane wong pating cruwet kaya ngoceh ngucapne tembung-tembung sing saru.  Yen nurut bantering suwara, suwarane wong ngoceh kuwi mapane ana papan sing rada adoh karo papane Rangga lan Marga, kira-kira ana rong puluh pambalang luwih.

"Sajake neng kana ana wong-wong sing lagi mendem kakehan nenggak tuak Dhi" kandhane Rangga alon, tangane nudingi arah asale suwara.

"Lha yen mung wong mendem wae ya gene awake dhewe ndadak arep melu-melu neh Kakang?" Marga wangsulan lirih.

"Mengko dhisik ta" Rangga nanggapi wangsulane Marga "iki wong mendem lumrah? apa wong mendem sing ngarah gawe bubrah?".

"Kersane Kakang ki ngarah mbubrah tatananing uripe wong akeh ngono apa piye?" Marga takon.

"Iya, nek mung mendem sing lumrah waton ora ngganggu gawe wong liyane tak kira ora perlu awake dhewe melu cawe-cawe, nanging welinge Kanjeng Eyang Juru, awake dhewe ora kena mung meneng lan ngumbar menawa ana wong sing duwe kaluwihan banjur kaluwihan kuwi kanggo ngrusuhi wong-wong liyane, rak ngono ta?" Rangga mangsuli pitakone Marga .

"Ya coba ayo diparani wae, banjur disawang saka kadohan apa sing ditindakne wong-wong sing pating cruwet ngucap tembung sing lekoh lan saru kae, apa merga mendem apa merga liyane" Marga ngajak Rangga marani suwara aneh sing lamat-lamat sing mung bisa dirungokne saka kono nganggo Aji Sasra Pangrungu mau.

Ora wangsulan Rangga banjur mlaku ing sela-selaning bebondhotaning alas, Marga ngetutne ana mburine. Nalika lakune pangumbara loro kuwi oleh sepuluh jangkah, dumadakan mandheg dadakan. Rangga lan Marga dikagetne karo anane suwara cetha ing sacedhake. Suwarane wong loro sing lagi omong-omongan.  Rangga lan Marga banjur ngulati arahe suwara kuwi, jebul kira-kira rong puluh jangkah saka papane, ana lemah rada benthak ora ana wit-witan sing gedhe, sing ana mung gegrumbulan wae. Neng ngisor salah sijine grumbul katon ana wong loro sing lagi lungguh neng suketan adhep-adhepan. Marga lan Rangga tumuli nilingne apa sing lagi dirembug wong loro kuwi.

"Kowe wis ngerti tenan, kene iki panggonane ?" salah siji saka wong loro kuwi nakoni kancane.

"Iya Kakang" sing ditakoni mangsuli "neng wetane grumbul iki ana guwa sing gedhe, tembus bengawan sangisore pepadhasan ngisor wit klumpit sing gedhe kae. Ya neng jero guwa kuwi prawan-prawan sing ilang kuwi disingidake lan yen wis dianggep ora ana gunane maneh banjur dipateni, bangkene dibuwang neng bengawan pas pepadhasan kae, dadi ora ana sing meruhi. Malah kira-kira bisa uga dadi pakane bajul-bajul andhahane Kyai Jalumampang sing mbaureksa wit klumpit kae".

"Nanging kok nganti wayah samene wong-wong sing kok omongne kuwi durung teka? Apa kira-kira awake dhewe wis kedhisikan wong-wong mau? Saiki wong-wonge wis neng jero guwa, nyuntak kadurakan marang prawan sing dadi kurbane?" wong sing nakoni mau takon maneh.

"Durung Kakang" wangsulane sing ditakoni "mau kakang rak krungu suwara panggerone macan ta? kuwi sasmita yen sing kajibah ndelok guwa wis teka kono lan kahanan guwa ora ana sing nguwatiri, tegese aman. Mengko nek wis rampung bakal ana suwara pambaunge asu ajak, kuwi tengara yen kurban wis dipapanke ing njerone guwa kono, wong-wong banjur padha lunga, sing teka genti benggole wong-wong mau, tekane kaya tanpa sangkan, solahe kaya bisa mabur, nganggo jubah lan raine ditutupi brukut".

"Lha jaremu wong-wong kuwi wong Kedhungtuwung?"

"Kuwi mung pangiraku Kakang, cethane sapa lan wong ngendi aku ya ora ngerti, merga kabeh nganggo topeng"

Krungu rembugane wong loro kuwi, Rangga banjur mbisiki kupinge Marga. Marga manthuk-manthuk. Rangga banjur ndhisiki mlaku arep nggoleki guwa sing dikandhakne wong loro kuwi mau. Wong loro sing lagi wae jagongan kuwi kaget, sajake weruh nek ana bocah nom-noman sing nyalawadi nekani papan kono. Nanging sadurunge kober obah, malah durung nganti ngucap apa-apa, Marga luwih dhisik tumandang. Tangane kumlawe njupuk krikil alus sing gedhene sak endhoge cecak cilik sethithik, dislenthikne menyang bangkekane wong loro kuwi, ndadekne wong loro kuwi ora bisa apa-apa. Mung kethap-kethip ora bisa nyuwara lan ora bisa obah, kekarone panggah lungguh kaya reca. Marga mesem, banjur alon-alon mlaku nusul Rangga.

 

ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...