kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih
11.
Wong sing lagi wae nguncalne pitakonan marang wong papat kuwi dadi nesu, amega rumangsa nek wis disepelekne. Pitakone ora diwangsuli, malah tekane mrono uga ora gigatekne babar pisan. Sing disawang wong sing takon kuwi mung Rangga lan Marga sing nyedhaki geni bedhiyang arep manggang awake sing krasa adhem kena dayane bedhidhing mangsa ketiga. Wong kuwi banjur maju telung jangkah, kancane sing papat padha melu maju. Rangga lan Marga panggah ora migatekne babar pisan, malah ketungkul anggone nyuthiki bedhiyang murih genine ngobong godhong lan pang-pang garing sing manggon neng ngisor.
"Hee........" wong sing mau takon mbengok luwih banter maneh "apa kowe wong papat ki padha budheg kabeh? ditakoni kok meneng wae? nyepelekne ya?".
"Pak Cilik nek omong aja banter-banter, ndika kuwi omongan karo sapa?" Marga noleh karo genti takon.
"Ha ha ha .... dadi ora budheg kowe?" wong kuwi ngguyu banter, banjur omong maneh "kowe kudune wis ngerti nek aku takon marang kowe sakancamu, merga aku nyebut wong papat. Kowe bisa etung-etung apa ora? He?".
"Sing cacahe papat ora mung aku karo kanca-kancaku iki, Pak Cilik" Marga wangsulan "lha neng mburi ndika kuwi cacahe ya papat, aku ya ora ngerti wong papat endi sing ndika karepne. Aku karo kancaku iki, apa wong papat sing neng mburi ndika kuwi? Nek sing ndika karepne wong papat kuwi aku sakancaku iki, mesthine ndika nyedhak dhisik banjur takon, ora bengak-bengok kaya wong suda rungon ngono kuwi".
"Bedhes elek" wong kuwi misuh, disusul karo tembunge sing santak "wangsulanmu saya ngabangne kuping keparat, omonganmu waton mangap wae, ora ngerti sapa sing kok ajak omong iki?".
"Eee, isih esuk kok wis misuh-misuh kaya wong owah ta Pak Cilik?" genti Rangga sing semaur karo ngguyu "mesthi wae adhiku iki ya ora ngerti sapa sing diajak omong, lha wong ya durung tepung sadurunge, lha ndika dhewe apa wis ngerti sapa adhiku kuwi?".
Diarani kaya wong ora waras nalare, wong kuwi wis ora bisa ngempet nesune, banjur mencolot mung telung colotan wis tekan ngarepe Rangga.
"Lambemu luwih landhep tinimbang karo lambene adhimu, keparat" wong kuwi banjur muni karo tangane kumlawe arep ngaplok lambene Rangga. Tanpa obah saka papane, tangane Rangga luwih cepet obahe. Sadurunge tangane wong keker gedhe dhuwur kuwi ngenani lambene, luwih dhisik Rangga nyaut tangane wong kuwi dipluntir, banjur diculne sawuse dijorogne memburi. Wong keker gedhe dhuwur sing maune ngira nek Rangga mesthi njerit kelaran merga lambene pecah lan bisa-bisa untune sing sisih ngarep copot kena kaplokan tangane, kecelik. Tangane sing dipluntir krasa lara, lan bareng diculne karo dijorogne, wong kuwi kesurung memburi telung jangkah. Pengarepe wong papat sing lagi teka kuwi lagi krasa yen sing diparani kuwi jebul dudu wong sembarangan.
Sawuse adege bali jejeg, wong kuwi banjur takon , suwarane ora nggetak-getak banter kaya mau.
"Mengko dhisik Kisanak, kowe wong papat iki sapa? wong saka ngendi? lan arep sumedya menyang ngendi? teka esuk-esuk wis teka kene? tak memanuki wiwit mau tengah wengi, saka lor tumuju mangidul?".
"Lha, nek ngene iki jenenge takon" Marga nyaut omongane wong kuwi karo mesem "ya ditepungne wae pak Cilik, jenengku Marga, iki Kakangku Rangga, kuwi rowangku jenenge Seger lan siji maneh jenenge Lambang.Aku wong papat iki batur utawa abdine Ki Demang Kedhungtuwung Ndika duwe asma sapa?".
"Iya, aku Gurawa" wangsulane wong kuwi tanpa nyebut jenenge kanca-kancane "sing mbaureksa alas kene iki. Lha kowe mau saka ngendi lan apa sing mau dipikul kancamu kuwi?".
"Tak jarwani ya Ki Gurawa" Rangga genti sing wangsulan karo mesem, babar pisan ora tilas nek lagi wae gawe lara tangane Gurawa "sepasar kepungkur, Kademangan Kedhungtuwung ki rak ditekani Durjana loro cacahe, durjana loro kuwi konangan mbradhat wedhuse wong Kedhungtuwung, wekasane durjana kuwi kena dicekel lan dibanda banjur diaturne Ki Demang supaya diadili, gandheng Ki Demang durung kober aweh pengadilan durjana loro kuwi banjur dilebokne ing pakunjaran Kademangan. Dina candhake, durjana kuwi jebul bisa lolos saka pakunjaran tanpa dikonangi wong-wong sing lagi rondha. Ki Kedhungtuwung banjur ndhawuhne marang wong-wong ing Kedhungtuwung, klebu marang aku, supaya durjana loro kuwi digoleki. Naaa, wekasan aku wong papat kuwi bisa nemokne si maling loro kuwi mau, nanging wis ora duwe daya babar pisan, sajake maling loro kuwi kena walate Ki Jalumampang, merga maling loro kuwi tak temokne neng cedhak Guwa Klumpit pinggir Bengawan kana, sing jarene Guwa Klumpit kuwi keratone lelembut sing disuhi dening Ki Jalumampang. Dadi sing dipikul Kakang Seger lan Lambang kuae mau, ya maling loro sing wis tanpa daya kuwi, arep disowanke marang Ki Demang".
Gurawa katon nek ora percaya karo sing dicritakne Rangga kuwi, kandhane :
"Pinter ya kowe nganggit crita sing ngayawara, kok kira gampang aku kok apusi nek sing neng tandhu kae isine maling sing sekarat?" .
"Lho nek ndika ora percaya karo critaku ya, mangga wae" wangsulane Rangga ayem "aku ora butuh ndika percaya apa ora".
"Arep tak buktekne, bener lan orane critamu marang aku iki mau, yen nganti critamu mung kanggo ngapusi aku. Aja takon dosa, kowe kudu nampa paukuman sing abot, merga wis wani omong goroh karo Gurawa" kandhane Gurawa sing banjur prentah marang andhahane "Cluring karo kowe Klanthung, deloken apa isine tandhu kae!, bocah sing jeneng Rangga iki ngapusi aku apa ora?!?".
"Mengko dhisik Pak Cilik" sadurunge Cluring karo Klanthung tumandang Rangga menging "saiki ora perlu ndika kangelan ndelok isine tandhu kae, aku ora kabotan nuduhne sarana mbukak tutupe. Nanging ana sarate, nek isine dudu wong sing lagi sekarat aku sakancaku kena ndika pidana jumbuh karo sing ndika karepne, nanging kosok baline nek nyata omonganku bener, ora ngapusi ndika kudu gelem nggenteni jejibahanku mikul tandhu kuwi nganti tekan Kademangan Kedhungtuwung, kepiye yen ngono ?".
Gurawa nggereng, atine sing dhek mau wis rada adhem, saiki bali panas maneh. Tembunge Rangga sing kaya ngono kuwi dianggep wis nyepelekne dheweke lan kanca-kancane kabeh.
"Ora ana sarat apa-apa" kandhane wiwit keprungu sugal "aku ora ngongkon kowe mbukak tutupe tandhu, nanging aku mung butuh mbuktekne bener lan lupute omonganmu".
"Tandhu saisine kuwi dadi tanggung jawabku" wangsulane Rangga teges "sapa wae ora tak lilani sakepenake ndelok apa isine".
"Nek aku nekad?" Gurawa nggetak.
"Tak kukuhi, nek keneng tak penging nganggo omongan, nek ora keneng dipenging nganggo omongan ya kapeksa ya nganggo liyane" wangsulane Rangga karo malangkerik.
"Kowe bayi wingi sore, arep nantang aku? keparat!" Gurawa sansaya nesu.
"Sakarepmu olehmu arep ngarani" wangsulane Rangga karo mesem ngece.
ana candhake.