Total Tayangan Halaman

Sabtu, 11 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 13

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

13.

Rangga banjur ndudut tekene bongkotan pring kuning saka sing disengkelitne neng bangkekane. Nalika Gurawa arep tangi, tekene Rangga kuwi disabetne menyang watu item sasirah kebo gedhene  sing ana cedhak sirahe Gurawa, sakala watu item kuwi sumpyur dadi glepung. Bubar kuwi sikile Rangga sing kiwa dielih, ditumpangne wetenge Gurawa, mung ditumpangne ora dipidakne nganggo tenaga, dadi iya ora gawe larane sing ditumpangi. Gurawa kaget, ora sida tangi nanging tangane isih kober grayah-grayah peso sing disengkelit neng lempenge. Rangga tanggap apa sing arep ditindakne mungsuhe kuwi, tekene diobahne tangane Gurawa sing arep ndudut peso, dithuthuk alon-alon, Gurawa nggeget untu ngempet lara, ora sida ndudut pesone.

"Gurawa" kandhane Rangga karo mentheleng "tak kira sirahmu kuwi nek karo watu item sing neng cedhakmu mau, isih empuk sirahmu. Apa perlu tak buktekne ?"

Rangga ngangkat tekene arep disamplukne sirahe Gurawa.

"Sampun Raden......" Gurawa mbengok praupane dadi pucet, banjur embunge karo setengah nangis "kula tobat, kula nyuwun gesang".

"Apa aku kudu percaya marang omonganmu?" wangsulane Rangga karo sikil sing tumumpang neng wetenge Gurawa rada dientepne "nek tanganmu kuwi isih durung tak gawe cacad, mesthi nek ana kalodhangan bakal kokenggo nyawatne peso-pesomu sing wis kowenehi upas kuwi kanggo gawe cilakaku lan cilakane wong liyane".

"Boten Raden, mugi sineksenan kaliyan Kaki Dhanyang lan Nyai Dhanyang Kali Kikik mriki, kula saestu tobat lan boten badhe nglimpe andika Raden" wangsulane Gurawa karo suwara sing kedher semu ndredheg.

"Iya, yen ngono entenana sedhela karo glethakan dhisik" kandhane Rangga sing banjur mbengoki wong papat sing lagi karepotan merga ngendhani sabetan upat-uoat pecute Marga "hee.... wong papat andhahane Gurawa, iki Benggolanmu wis teluk, kowe wong papat melu teluk apa arep nekad?"

Marga sing uga weruh kahanane Gurawa sarta krungu pambengoke Rangga marang mungsuh sing diadhepi kuwi mundur sajangkah ngendheg olehe nyolahne pecute, aweh kalodhangan marang wong papat kuwi supaya mangsuli panantinge Rangga.

Wong papat sing wis kentekan tenaga lan gegere wis rojah-rajih mili getih merga kena sabetan upat-upat pecute Marga kuwi anjur padha nyelehne gegamane dhewe-dhewe, ndheprok neng lemah karo mangsuli :

"Kula kapok Raden, kula pasrah bongkokan dhumateng Raden".

"Bagus" wangsulane Rangga ditututi prentah "yen mangkono salah siji nyedhaka mrene karo copoten iketmu!".

Salah siji saka wong papat sing manggone cedhak dhewe karo panggonane Rangga, nyopot ikete banjur marani Rangga sing lagi ngidak Gurawa.

"Tangane Lurahmu kuwi bandanen memburi nganggo iketmu!" prentahe Rangga sawuse andhahane Gurawa kuwi lungguh neng cedhake.

Ora wangsulan wong kuwi banjur naleni tangane Gurawa nganggo ikete.  Sauntara kuwi srengenge esuk wis sansaya dhuwur olehe ngunggahi langit ing sisih wetan, disawang saka papan kono wis sagenter dhuwure.  Rangga banjur kandha marang Seger lan Lambang sing uga wis mara menyang cedhake :

"Wis wayahe awake dhewe nerusake laku Kakang, ayo budhal" .

"Mangga Adhi kula dherekaken" wangsulane Ki Kaliumprik karo arep mlaku marani Tandhu ditutne Ki Kedhungori neng mburine.

"Mengko dhisik Ki Bau" kandhane Rangga menggak wong loro kuwi.

"Inggih Adhi?" Ki Kaliumprik karo Ki Kedhungori mandheg karo noleh Rangga.

"Geni bedhiyang kae tulung ndika pateni luwih dhisik, kareben ora digondhol angin, banjur nuwuhake kobongan ing alas kene" wangsulane Rangga aweh prentah.

"Inggih Adhi" sing mangsuli Ki Kedhungori.

"Banjur nek uwis, kareben sedulur-sedulur andhahane Ki Gurawa iki ora ngantuk lan keturon neng dalan, wenehana gaweyan supaya nggenteni ndika wong loro mikul Tandhu kae nganti tekan Kedhungtuwung".

"Inggih Adhi" Ki Kedhungori wangsulan, banjur ngandhani wong papat andhahane Gurawa "nDika wis krungu dhewe ta Kisanak?".

"Nuwun sewu Raden?" dumadakan salah siji saka wong papat kuwi kandha karo nyawang Rangga "punapa kula sakanca kaparengaken cucul rasukan miwah reresik awak langkung rumiyin?"

"Iya ndika tak idini nyopot klambi sing wis getih thok kuwi lan reresik menyang kalen kuwi, nanging yen nganti ndika banjur padha mlayu, patohane gulu. Ngerti?".

"Inggih Raden" wong kuwi wangsulan. Rangga banjur takon lan prentah marang Ki Kaliumprik  "Ki Bau, tulung yen barang sing ndika klumpukne wingi ana klambi sing isih kena dienggo, ndika wenehne wong-wong kuwi kareben dienggo salin".

"Inggih Adhi" wangsulane Ki Kaliumprik banjur marani Tandhu, merga barang-barang sing dikarepake Rangga kuwi diselehne neng jero tandhu.

"Lan ndika kabeh" genti Marga sing kandha marang wong papat sing mau ngrubut dheweke "yen ndika rampung reresik, kareben tatu-tatu ing geger ndika sing tenane uga ora sepirowa kuwi ora dadi borok, padha tambanana nganggo bubukan neng bumbung iki".

Muni ngono kuwi Marga karo ngulungake bumbung cilik marang salah siji saka wong papat kuwi.

"Inggih Raden, ngaturaken genging panuwun".

Nalika srengengene wis sansaya dhuwur, wong papat lima Gurawa banjur ngetutne lakune Rangga lan Marga sarta Bebau loro saka Kedhungtuwung nyabrangi Kali Kikik,  nerusne laku. Mung Gurawa sing lakune rada  kewuhan, merga ora bisa lembehan. Tangane loro pisan dibanda nganggo iket, ditaleni neng mburi gegere.

Kaya sing dicritakne Bebau loro wingi kae, mungguh adohe Kademangan Kedhungtuwung sing arep diparani kuwi. Nalika wayah sepi bocah, rombongan cilik kuwi lagi teka ing dhukuh krajane Kademangan. Murih cepet, Bebau loro kuwi ngajak nggebal dalan, ngliwati lurung sidhatan sing sepi nanging luwih cedhak. Dumadakan Rangga lan Marga sing tansah ora ninggal kawaspadan, ndhisiki mlayu mengarep karo nggegem gegamane dhewe-dhewe, Marga nyekel pecute lan Rangga nyekel teken Pring Kuninge.

Nalika playune nom-noman loro kuwi oleh sapambalang ninggalne kanca-kancane, keprungu suwara jumlegur bola-bali. Suwara pecute Marga sing sajake digunakne kanggo ngadhepi mungsuh sing ngadhang lakune. Bebau loro sing uga kajibah ngawat-awati Gurawa sakancane, banjur ngatag sing diawat-awati supaya nyepetne lakune.

Sepira kagete Ki Kaliumprik luwih-luwih Ki Kedhungori, bareng wis kasil nusul lakune Rangga lan Marga sing ndhisiki maju mau,  kanthi dipadhangi oncor cilik sing lagi wae disumet, sawise tekan kono. Wong loro kuwi weruh ana pawongan sing kroncalan neng lemah, nanging ora bisa polah merga sikile sing siji dijiret nganggo upat-upat pecute Marga. Lan ing cedhake, gumlethak lungguh anteng tanpa daya, kanthi tangan dibanda, Liyem, prawan ayu adhine Nyi Demang sing uga pacangane Ki Bebau ing Kedhungori.

"Liyem........" ora sranta Seger mbengok karo marani prawan sing dadi bandan kuwi, banjur nguculi tampar sing kanggo naleni tangane Liyem. Sing disebut jenenge ora wangsulan, isih katon lemes, mung saka mripate katon wis banjir luh bening mili nelesi pipine.

Dumadakan saka arah sing arep dituju Rangga sakancane, ana suwara rame-rame lan obor pirang-pirang sing sansaya caket marani papan kuwi. Ki Kaliumprik tanggap, banjur maju mengarep ngadeg jejeg karo nyekeli keris ligan, arep mapagne sing arep teka. Ki Kalumprik duwe pangira, yen sing rame-rame mara kuwi wong-wong Kedhungtuwung sing lagi nguber durjana.

 

ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 12

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

12.

Gurawa aweh sasmita marang kanca-kancane supaya bareng maju nyedhak, pengarepe wong papat kuwi ora kepengin mbaleni tumindak sembrana, sawuse mau kaplokane bisa ditangkis Rangga, sanajan satemene Gurawa uga duwe pangira yen anggone Rangga isa mluntir tangane lan njorogne memburi mau sebab andilalah. Kanca-kancane Gurawa padha mencolot maju, karo ngliga gegamane dhewe-dhewe. Siaga arep ngrampungi wong papat sing dianggep wis dadi mungsuhe kuwi.

Weruh Gurawa wis siaga ngajak kerengan, Rangga mesem semu ngece.

"Aku saiki ngerti sapa satemene ndika kuwi Ki Gurawa" kandhane Rangga tanpa nuduhake sikep siaga arep kerengan.

"Ngerti kepiye sing kok karepake Rangga?" pitakone Gurawa karo panggah siaga arep ngrangsang.

"nDika kuwi, senadyan dadi benggol kecu, nanging benggol kecu sing mendho tur ora duwe rasa pangeman marang kancane dhewe" wangsulane Rangga karo ngguya-ngguyu nganyelake ati "iki wektune isih esuk, ndika wis mrentah andhahan ndika supaya kerengan, ndika ora weruh apa api-api ora ngerti yen wong papat andhahan ndika kuwi isih kesel campur ngantuk? Mung benggol sing pekok sing mrentah wong ngantuk lan kesel supaya maju perang. Apa pancen ndika neja arep mblusukne andhahan ndika supaya padha mati kabeh?".

"Keparat kowe Rangga, bocah wingi sore wae wis duwe lambe landhepe ngungkuli pucuking pedhang. Kareben kowe mengko ora getun, mara enggal siaga, bakal tak suwek lambemu sadurunge tak tugel gulumu neng pinggir kali Kikik iki" Omong ngono Gurawa karo maju nyedhaki Rangga, klawan tangan sing wis nggegem gagang golok sing gedhe, kanca-kancane melu nyedhak arep ngrubut Rangga. Rangga mundur rong jangkah karo panggah katon ora siaga apa-apa.

"Goblog" Gurawa nggetak andhahane "munyuk cilik iki cukup tak rampungane dhewe, bageyanmu ngethok gulune wong telu liyane sing wis kentekan getih saking wedine kae!".

Rangga ngguyu kepingkel-pingkel krungu tembunge Gurawa sing nyrengeni andhahane kuwi.

"Eman, esuk iki aku isih aras-arasen tukaran Ki Gurawa" kandhane Rangga, banjur noleh marang Marga karo ngongkon "Marga? Pecutmu kok gawa ta? iki ana gaweyan kanggo kowe, gusahen bocah brandhalan lima iki, ben ora ngganggu anggonku karo Kakang Seger lan Kakang Lambang api-api manggang awak neng ngarep bedhiyang".

Bubar muni ngono Rangga mencolot nyedhaki bedhiyang nusul Ki Kaliumprik lan Ki Kedhungori sing wis suda rasa wedine. Karo sajak aras-arasen Marga ora ngucap apa-apa, Marga nglolos cemethi saka bangkekane, banjur mlaku myedhaki wong lima sing dipandhegani Gurawa.

"Gurawa mumpung durung tak slenthiki kupingmu, kana enggal tinggalna papan kene" kandhane Marga sawuse cedhak neng ngarepe Gurawa.

"Kenyung Iblis keparat" Gurawa misuh-misuh banjur aweh sasmita marang kanca-kancane supaya bareng ngebyuk Marga sing wis siaga karo pecut neng tangane.

Wong papat bareng maju, karo gegaman pedhang sing gedhe-gedhe arep ngremuk Marga sing mung ijen, wong papat kuwi ngira yen Marga sedhela maneh kejet-kejet neng lemah adus getih merga kena gegaman sing arep ditamakne. Nanging wong papat andhahane Gurawa kuwi kecelik, lakune dadi kandheg, dumadakan Marga nyeblakne pecute menyang awang, nuwuhake suwara jumlegur kaya suwarane bledheg nyamber mangsane. Ditututi obahaning pecut sing nglabeng nyander-nyander kaya kaya solahe ula sing arep nguntal mangsane. Nanging wong papa  andhahane Gurawa kuwi dudu kecu sing lagi ajaran wingi sore, wis suwe wong-wong kuwi melu Gurawa golek sandhang pangan sarana mrawasa pepadhaning manungsa. Mula ora suwe sabanjure neng pinggir kalen cilik kuwi dumadi kalangan paprangan, wong papat sing wis baud nyolahne gegaman ngadhepi Marga sing mung ijen lan gegaman pecut.

Sauntara iku, saka pinggir bedhiyang Ki Kaliumprik lan Ki Kedhungori wis ilang babar pisan rasa wedine marang Gurawa sakancane. Wong loro kuwi ketok seneng atine weruh anggone kekerengan antarane Marga lan andhahane Gurawa. Kaya-kaya peperangan sing kurang-kurang bejane bisa nuwuhake rajapati, dening wong loro kuwi mung dianggep tontonan adu watangan neng sawah sawuse rampung panen ing adicara metri desa. Mula ora nggununake, bola-bali wong loro kuwi keplok-keplok aweh panggunggung marang jagone. Rangga sing uga ngerti solahe wong loro kuwi dadi ngguyu lucu.

Saka papan liyane, Gurawa sing nguwasi lakune paprangan, bola-bali misuh dhewe. Misuhi andhahane sing dianggep ora becus maca obahing mungsuh lan ora becus migunakake kalodhangan sing ana, yaiku rikalane mungsuhe lena. Sansaya suwe nyawang, atine Gurawa sansaya kebranang. ora ana tandha-tandha andhahane bisa mrantasi gawe, malah kepara Gurawa krungu suwara pisuh disartani sambat pangadhuh saka lambene andhahane, kesenggol upat-upat pecute Marga. Ambak-ambak upat-upat kuwi mung digawe saka lulup kayu waru sing ditampar keker karo lulupan kayu bulu, ewa samono nalika pecut diseblakne lan upat-upat kuwi nyenggol bisa nuwuhake tatu, nadyan ora pati jeru nanging wis bisa ngilekne getih saka raga.  Wong papat andhahane Gurawa kuwi kabeh wis ketaton gegere, klmabi sing dienggo wis ketok mlerah abang, awit dayane getih sing mili saka tatune carub lan kringet sing kaya diperes metu saka sarandhuning awake.

Beda karo Ki Kaliumprik lan Ki Kedhungori sing ora kedhep nggone ngulati tarunge Marga sing rumangsane kaya tandange manuk wulung sing lagi nemu susuhing ula bandhotan. Mripate Rangga ora kedhep tansah ngulati samobah musike Gurawa, sing sajak pantes disujanani. Karo ora uwal anggone ngulati Gurawa, Rangga ngraup krikil sing gedhene sabawang-bawang lanang, oleh saraupan banjur ditadhahi nganggo jarite, diseleh ana pangkone.

Sauntara iku Gurawa wis dadi tipis pangarep-arepe anggone bisa ngrebut barang sing digawa Rangga sakancane, malah kancane papat sing ngrubut Marga sansaya suwe sansaya katon kendho tandange, wis adoh ketleyek mundur. Ora ana sing bisa dijagakne bisa gawe rubuhing Marga, kabeh mung padha mikir kepiye bisane slamet saka sentupaning pucuk upat-upat cemethine Marga. Dumadakan tangane gurawa ngrogoh kanthong gedhe sing taline disampirne neng pundhake. Tangane kiwa dilebokne lambene, banjur ngunekne suwara panyuwit, ditututi tangane tengen nyawatake peso cilik pirang-pirang diarahne marang Marga, sing katungkul njogetne pecute kanggo ngajar mungsuh-mungsuhe. Nanging Rangga ora kurang cepet obahe, nom-noman sing wiwit mau wis bisa maca apa sing arep ditindakne Gurawa iku, ora gantalan wektu karo lumepase peso-peso cilik saka tangane Gurawa, saka tangane Rangga uga ucul krikil-krikil cilik sing mau diselehne ing pangkone.

"Cring....cring.... cring........".

Peso-peso sing disawatne Gurawa ora ana sing tekan ngenggon, kabeh runtuh ketatap krikil-krikil sing disawatne Rangga. Gurawa kaget, babar pisan ora ngira yen pesone bisa diruntuhne, nanging Gurawa ora kober nerusne kagete, merga kanthi trengginas Rangga mencolot, nyedhaki. Sikile Rangga disrampangne menyang sikile Gurawa. Ora kober endha, Gurawa tiba krengkangan neng lemah. Gurawa mencolot tangi, nanging Rangga wis sumadiya karo sadhukan ngarah dhadha kanggo mapagne tangine Gurawa. Sakala Gurawa njerit, balung igane krasa padha putung kena sikile Rangga. Gurawa bali tiba krungkeb banjur nekemi dhadhane karo misuh-misuh ora karuwan.

 

ana candhake.

 

Jumat, 10 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 11

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

11.

Wong sing lagi wae nguncalne pitakonan marang wong papat kuwi dadi nesu, amega rumangsa nek wis disepelekne. Pitakone ora diwangsuli, malah tekane mrono uga ora gigatekne babar pisan. Sing disawang wong sing takon kuwi mung Rangga lan Marga sing nyedhaki geni bedhiyang arep manggang awake sing krasa adhem kena dayane bedhidhing mangsa ketiga. Wong kuwi banjur maju telung jangkah, kancane sing papat padha melu maju. Rangga lan Marga panggah ora migatekne babar pisan, malah ketungkul anggone nyuthiki bedhiyang murih genine ngobong godhong  lan pang-pang garing sing manggon neng ngisor.

"Hee........" wong sing mau takon mbengok luwih banter maneh "apa kowe wong papat ki padha budheg kabeh? ditakoni kok meneng wae? nyepelekne ya?".

"Pak Cilik nek omong aja banter-banter, ndika kuwi omongan karo sapa?" Marga noleh karo genti takon.

"Ha ha ha .... dadi ora budheg kowe?" wong kuwi ngguyu banter, banjur omong maneh "kowe kudune wis ngerti nek aku takon marang kowe sakancamu, merga aku nyebut wong papat. Kowe bisa etung-etung apa ora? He?".

"Sing cacahe papat ora mung aku karo kanca-kancaku iki, Pak Cilik" Marga wangsulan "lha neng mburi ndika kuwi cacahe ya papat, aku ya ora ngerti wong papat endi sing ndika karepne. Aku karo kancaku iki, apa wong papat sing neng mburi ndika kuwi? Nek sing ndika karepne wong papat kuwi aku sakancaku iki, mesthine ndika nyedhak dhisik banjur takon, ora bengak-bengok kaya wong suda rungon ngono kuwi".

"Bedhes elek" wong kuwi misuh, disusul karo tembunge sing santak "wangsulanmu saya ngabangne kuping keparat, omonganmu waton mangap wae, ora ngerti sapa sing kok ajak omong iki?".

"Eee, isih esuk kok wis misuh-misuh kaya wong owah ta Pak Cilik?" genti Rangga sing semaur karo ngguyu "mesthi wae adhiku iki ya ora ngerti sapa sing diajak omong, lha wong ya durung tepung sadurunge, lha ndika dhewe apa wis ngerti sapa adhiku kuwi?".

Diarani kaya wong ora waras nalare, wong kuwi wis ora bisa ngempet nesune, banjur mencolot mung telung colotan wis tekan ngarepe Rangga.

"Lambemu luwih landhep tinimbang karo lambene adhimu, keparat" wong kuwi banjur muni karo tangane kumlawe arep ngaplok lambene Rangga. Tanpa obah saka papane, tangane Rangga luwih cepet obahe. Sadurunge tangane wong keker gedhe dhuwur kuwi ngenani lambene, luwih dhisik Rangga nyaut tangane wong kuwi dipluntir, banjur diculne sawuse dijorogne memburi. Wong keker gedhe dhuwur sing maune ngira nek Rangga mesthi njerit kelaran merga lambene pecah lan bisa-bisa untune sing sisih ngarep copot kena kaplokan tangane, kecelik. Tangane sing dipluntir krasa lara, lan bareng diculne karo dijorogne, wong kuwi kesurung memburi telung jangkah. Pengarepe wong papat sing lagi teka kuwi lagi krasa yen sing diparani kuwi jebul dudu wong sembarangan.

Sawuse adege bali jejeg, wong kuwi banjur takon , suwarane ora nggetak-getak banter kaya mau.

"Mengko dhisik Kisanak, kowe wong papat iki sapa? wong saka ngendi? lan arep sumedya menyang ngendi? teka esuk-esuk wis teka kene? tak memanuki wiwit mau tengah wengi, saka lor tumuju mangidul?".

"Lha, nek ngene iki jenenge takon" Marga nyaut omongane wong kuwi karo mesem "ya ditepungne wae pak Cilik, jenengku Marga, iki Kakangku Rangga, kuwi rowangku jenenge Seger lan siji maneh jenenge Lambang.Aku wong papat iki batur utawa abdine Ki Demang Kedhungtuwung Ndika duwe asma sapa?".

"Iya, aku Gurawa" wangsulane wong kuwi tanpa nyebut jenenge kanca-kancane "sing mbaureksa alas kene iki. Lha kowe mau saka ngendi lan apa sing mau dipikul kancamu kuwi?".

"Tak jarwani ya Ki Gurawa" Rangga genti sing wangsulan karo mesem, babar pisan ora tilas nek lagi wae gawe lara tangane Gurawa "sepasar kepungkur, Kademangan Kedhungtuwung ki rak ditekani Durjana loro cacahe, durjana loro kuwi konangan mbradhat wedhuse wong Kedhungtuwung, wekasane durjana kuwi kena dicekel lan dibanda banjur diaturne Ki Demang supaya diadili, gandheng Ki Demang durung kober aweh pengadilan durjana loro kuwi banjur dilebokne ing pakunjaran Kademangan. Dina candhake, durjana kuwi jebul bisa lolos saka pakunjaran tanpa dikonangi wong-wong sing lagi rondha. Ki Kedhungtuwung banjur ndhawuhne marang wong-wong ing Kedhungtuwung, klebu marang aku, supaya durjana loro kuwi digoleki. Naaa, wekasan aku wong papat kuwi bisa nemokne si maling loro kuwi mau, nanging wis ora duwe daya babar pisan, sajake maling loro kuwi kena walate Ki Jalumampang, merga maling loro kuwi tak temokne neng cedhak Guwa Klumpit pinggir Bengawan kana, sing jarene Guwa Klumpit kuwi keratone lelembut sing disuhi dening Ki Jalumampang. Dadi sing dipikul Kakang Seger lan Lambang kuae mau, ya maling loro sing wis tanpa daya kuwi, arep disowanke marang Ki Demang".

Gurawa katon nek ora percaya karo sing dicritakne Rangga kuwi, kandhane :

"Pinter ya kowe nganggit crita sing ngayawara, kok kira gampang aku kok apusi nek sing neng tandhu kae isine maling sing sekarat?" .

"Lho nek ndika ora percaya karo critaku ya, mangga wae" wangsulane Rangga ayem "aku ora butuh ndika percaya apa ora".

"Arep tak buktekne, bener lan orane critamu marang aku iki mau, yen nganti critamu mung kanggo ngapusi aku. Aja takon dosa, kowe kudu nampa paukuman sing abot, merga wis wani omong goroh karo Gurawa" kandhane Gurawa sing banjur prentah marang andhahane "Cluring karo kowe Klanthung, deloken apa isine tandhu kae!, bocah sing jeneng Rangga iki ngapusi aku apa ora?!?".

"Mengko dhisik Pak Cilik" sadurunge Cluring karo Klanthung tumandang Rangga menging "saiki ora perlu ndika kangelan ndelok isine tandhu kae, aku ora kabotan nuduhne sarana mbukak tutupe. Nanging ana sarate,  nek isine dudu wong sing lagi sekarat aku sakancaku kena ndika pidana jumbuh karo sing ndika karepne, nanging kosok baline nek nyata omonganku bener, ora ngapusi ndika kudu gelem nggenteni jejibahanku mikul tandhu kuwi nganti tekan Kademangan Kedhungtuwung, kepiye yen ngono ?".

Gurawa nggereng, atine sing dhek mau wis rada adhem, saiki bali panas maneh. Tembunge Rangga sing kaya ngono kuwi dianggep wis nyepelekne dheweke lan kanca-kancane kabeh.

"Ora ana sarat apa-apa" kandhane wiwit keprungu sugal "aku ora ngongkon kowe mbukak tutupe tandhu, nanging aku mung butuh mbuktekne bener lan lupute omonganmu".

"Tandhu saisine kuwi dadi tanggung jawabku" wangsulane Rangga teges "sapa wae ora tak lilani  sakepenake ndelok apa isine".

"Nek aku nekad?" Gurawa nggetak.

"Tak kukuhi, nek keneng tak penging nganggo omongan, nek ora keneng dipenging nganggo omongan ya kapeksa ya nganggo liyane" wangsulane Rangga karo malangkerik.

"Kowe bayi wingi sore, arep nantang aku? keparat!" Gurawa sansaya nesu.

"Sakarepmu olehmu arep ngarani" wangsulane Rangga karo mesem ngece.

 

ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 10

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

10.

Rangga lan Marga uga mikir manawa Jayaglegek karo Kartagentho sing isih ngathang-athang kae iya mbutuhake pangupakara sing luwih pantes, awit yen mung diupakara neng papan kono kira-kira ya bakal ora bisa waras kanthi sampurna. Mula sawise ditimbang sauntara, Rangga lan Marga mutusake, nyarujuki apa sing dikandhakne Bebau ing Kedhungori keri dhewe mau.

"Yen mangkono aku kudu menyang Kedhungtuwung yen dilakoni saka kene kira-kira mbutuhake wektu sedina sawengi luwih kuwi?" Rangga takon.

"Inggih Adhi, punika miturut pamanggih kula" wangsulane Bebau Kedhungori "nanging menawi Adhi ngersakaken sanes inggih mangga, kula namung saged ndherek kersanipun Adhi kakalih".

"Tak kira panemu ndika kuwi mau uga prayoga" Rangga wangsulan "Nanging, aku uga njaluk tulung marang ndika sakloron maneh karo mlaku menyang Kedhungtuwung, ndika tak ajak ngrewangi melu mikul tandhu sing isih keri ana kene kae, karo diiseni wong loro sing isih padha durung bisa tangi kuwi, kepriye?".

"Inggih kula ndherek kemawon Adhi" panyaute Ki Kaliumprik "malah menawi kepareng, tandhunipun dipun rombak, boten kapikul tiyang sekawan nanging, cekap tiyang kalih, kula kaliyan Kakang Seger ingkang badhe mikul".

Rangga mesem, banjur kandha :

"Yen mangkono, coba ndika tata luwih dhisik tandhune kae, nek wis rampung ayo enggal budhal wae. Srengengene wis sansaya mudhun ing sisih kulon, yen mengko neng dalan butuh leren, teka Kedhungtuwung isih sesuk bengi, kuwi yen lerene ora suwe".

"Inggih Adhi" Ki Kaliumprik banjur ngadeg nyedhaki tandhu ditutne Bebau ing Kedhungori.

Ora mbutuhake wektu suwe, tandhu wis tumata, Jayaglegek lan Kartagentho wis dijunjung diunggahne neng dhuwur tandhu. Ora suwe sabanjure, wong papat kuwi banjur mlaku, budhal menyang Kademangan Kedhungtuwung.  Nalika lintang panjer sore jumedhul ing langit sisih kulon, Rangga aba supaya anggone mlaku mandheg dhisik.  Kabeneran lakune wong papat kuwi kudu nyabrang kali cilik sing banyune ora jero, watara mung sadhengkul.  Ya neng pinggir kali kono wong papat mandheg, leren. Rangga karo Marga banjur sesuci ing kali cilik sing banyune bening kuwi, banjur nindakne wajib, manembah marang Gustine, magrib lan ngisak dijamak dadi siji lan diringkes nganggo cara kosor.

Bubar nindakne sembahyang, Marga mbukak buntelan sing mau digawa saka pinggir Bengawan. Jebul isine uwi bakaran turahan mau awan. Najan wis ora anget maneh, nanging gandheng anane ya mung kuwi, rumangsane wong papat kuwi, uwi kuwi rasane ya enak, malah kepara enak banget. Lagi bareng wis padha rampung olehe mangan uwi, Rangga aba ngajak nerusne laku.

"Mengko sawayah-wayah ndika krasa sayah, ndika kandha Kakang" kandhane Marga karo mlaku ngetutne Ki Kaliumprik karo Ki Kedhungori sing mlaku neng ngarepe karo mikul tandhu.

"Inggih Adhi" wangsulane Ki Kedhungori sing olehe mikul manggon neng mburi "mangke kula tak matur, nanging ketingalipun boten kok menawi badhe kraos kesel saderengipun dumugi Kedhungtuwung".

Wong papat kuwi nutugne laku karo meneng-menengan, sajake Ki Kedhungori lan Ki Kaliumprik kuwi wis kulina mlaku liwat dalan satapak ing wanci bengi. Mula sanadyan kahanan peteng, lan mung kecolokan rembulan tanggal sepuluh, nanging tetep  bisa mlaku klawan rikat. Lagi nalika rembulan wiwit surup, wong loro sing mikul tandhu kuwi omong marang Rangga lan Marga yen mbutuhne leren sedhela. Sepisan maneh, lakune wong-wong kuwi kepethu kalen sing banyu gemrajag suwarane, merga iline banyu sing banter nanggor watu-watu sing ana kalen kono. Wong papat banjur mandheg, tandhu sing dipikul diselehne.

"nDika wong loro, nek bisa leren, dienggo leren dhisik" Marga ngandhani Ki Kaliumprik lan Ki Kedhungori "tak tunggoni karo lungguhan neng kene".

"Inggih Dhi ngaturaken panuwun" wangsulane Ki Kaliumprik sing banjur ngglethak neng dhuwur watu gedhe sacedhake kono. ki Kedhungori ora keri uga banjur mapan neng watu liyane. Ora suwe banjur keprungu suwarane wong loro kuwi wis padha turu, sajak kepenak.

Nalika bang-bang wetan wis katon, Rangga lan Marga uga banjur sesuci lan nindakne panembah. Sauntara kuwi wong loro sing mau mikul tandhu, diumbar turu nerusne impen-impene.  Bubar sembahyang Marga, mlaku nurut kalen sing mili kuwi. Rangga nglumpukne pang-pang garing arep dienggo bedhiyang . Ora suwe Marga wis teka karo nggawa iwak kutuk sing gedhe-gedhe cacah papat, wis bethetan kabeh. Marga banjur ngedhuk lempung ing pinggir kalen kuwi, kanggo mbuntel iwak kutuke, sing banjur ditumpangne mawa bedhiyang sing digawe Rangga. Nalika srengenge esuk muntup-muntup ngaton ing sisih wetan, lempung teles sing dienggo mbuntel iwak kutuk mau wis garing malah wis padha mlethek dhewe-dhewe, iku minangka titikan yen iwak kutuk sing ana jerone wis mateng lan wis enak dipangan.

Ki Kaliumprik mulet, noleh ngiwa nengen, weruh Rangga lan Marga padha ngadeg neng cedhak bedhiyang, banjur lungguh. Ki Kedhungori sing turu neng watu sandhinge digugah, wong loro banjur menyang kalen raup lan reresik awak. Mentas saka kalen banjur nusul Rangga lan marga sing lagi api-api cedhak geni, esuk kuwi hawane pancen atis, atise mangsa ketiga.

"Ayo ndang padha sarapan pisan mumpung isih esuk" kandhane Marga karo ngedum kutuk sing wis mateng dibuntel lempung pingggir kali. Nalika lempung kuwi dibukak, sisike kutuk katut melu lempung, sing ana kari daginge kutuk sing empuk.  Kutuk sing dibukak Marga dipangan wong loro karo Rangga.

Bebau Kaliumprik karo Bebau Kedhung ori tiru-tiru, njupuk kutuk siji arep didum wong loro.

"Kuwi wong siji jatahe siji Kang" Rangga ngandhani "dadi weteng ana isine, beda karo aku lan adhiku pancen yen mangan siji mesthi nek ora entek, mula siji tak dum bocah loro".

"Inggih Dhi" wangsulane Ki Kaliumprik karo njumput uyah gerusan sing diwadhahi godhong kanggo nglawuhi iwak kutuk sing dibakar kuwi.

Bubar mangan, genti marga nggawa kutuk bakaran siji, kanggo ndulang Kartagentho lan Jayaglegek sing isih ngathang-athang neng dhuwur tandhu.  Rangga mbalik lungguh neng watu panggonane leren mau, merga kupinge Rangga krungu yen ora adoh saka papan kono ana jangkah-jangkah sing mlaku nyedhaki. Ana sikil sepuluh, dadi kabeh sing ketoke arep mara mrono kuwi wong lima. Marga sing uga krungu, banjur cepet-cepet, nutup tandhu lawange tandhu. Tandhu sing diselehne kuwi banjur ora katon apa isine.  Ki Kaliumprik apa dene Ki Kedhungori sing ora ngerti apa-apa, isih kepenak anggone manggang awak neng cedhak bedhiyang.

Dumadakan wong loro sing ora ngerti apa-apa kuwi kaget bareng keprungu suwara sumiyut ing sacedhake, disusul katon ana peso telu sing mancep neng wit ndhuwur bedhiyang. Sakla wong loro kuwi ngoplok, banjur lungguh ndheprok. Dumadakan saka waliking grumbul pating pecungul, ana wong lima sing awake keker-keker, mara karo sing dadi pengarepe ngguyu banter.

"Kowe kaget Kisanak?" wong sing lagi teka kuwi takon bareng karo meneng anggone ngguyu.

Rangga karo Marga, sajak ora maelu yen ing kono ketekan wong lima sing lagi wae mamerne anggone nyawatake peso, mlaku nyedhaki Seger karo Lambang sing wis ketok pucet saking kagete.

 

ana candhake.

Kamis, 09 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 09

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

9.

Rangga lan Marga manthuk-manthuk ngrungokne critane Seger lan Lambang sing pranyata Bebau ing Kademangan Kedhungtuwung. Nom-noman loro kuwi padha olehe nggagas yen ing ngendi-endi wae, tekune manungsa kuwi meh padha. Ya sing ana kraton sing lumrah sinebut bangsa ningrat, ya sing neng padesan kang sinebut bangsa kawula lumrah, akeh sing mung merga nuruti karep, nuruti panjaluke pepenginan banjur nuwuhake dredah. Pasulayan. Kerengan. Perang. Lan yen wis mangkono nyawane manungsa prasasat ora ana ajine. Lan sing lumrah, watak lamise manusa kuwi sing kerep ngaton, sanajan akeh sing wis weruh lamun satemene olehe nuruti karep kuwi mung mburu kabutuhane pribadi, nanging keh-kehane padha kekudhung jare kanggo kabecikane wong akeh. Munafiq.

Nanging Marga lan Rangga ora banjur katrem ngangen-angen pecahing pasedulurane Kakang-Adhi, antarane Ki Panjer lan Ki Pujud sing lagi wae dicritakne dening Ki Kaliumprik apa dene Ki Kedhungori. Isih ana pitakone Marga sing durung diwangsuli dening wong loro sing lagi ditepungi kuwi.

"Dadi kanthi ngrungokne crita ndika sakloron iki mau, kena dijupuk dudutan yen alas lan laladan kene iki isih klebu wewengkon Kedhungtuwung. Pitakonku kang kapisan wis ndika wangsuli kanthi becik. Sabanjure, awit nDika klebu Bebau ing Kedhungtuwung lan Kademangan kuwi sing nduweni wewengkon kene iki, ndika sakloron neng kene mesthine ora mung lunga klambrangan, nanging lagi nindakne sawijining jejibahan kang ana sambung rapete karo kalenggahan ndika ing Kedhungtuwung, ndika wong sakloron tekan kene iki mau lagi nindakne jejibahan apa?" Marga banjur takon marang Ki Kaliumprik lan Ki Kedhungori.

"Leres ingkang Adhi Marga dhawuhaken" Ki Kaliumprik sing mangsuli luwih dhisik "anggen kula kaliyan Kakang Kedhungori dumugi mriki niki wau, estunipun taksih wonten sambetipun kaliyan ingkang kula cariyosaken ing ngajeng".

"Cethane piye kuwi?" Marga takon.

"Ing ngajeng sampun kula cariyosaken bilih Ki Pujud sampun keplajeng, nanging dereng ngakeni kawon lan lepat, mila lajeng mawi cara ingkang boten kasat-mripat anggenipun badhe ngrebat Kademangan Kedhungtuwung saking sedherekipun sepuh".

"Ora kasatmata kepiye Kakang?" Rangga nyelani takon.

"Kawon kanthi wantah, Ki Pujud lajeng pados srana sanes, inggih punika lajeng pados srayan dhateng satunggaling Guru ing Padhepokan Kluwihan ingkang kondhang ing babagan ngelmu teluh punapa dene tenung lan sapiturutipun" Ki Kaliumprik nerusne critane "Kademangan Kedhungtuwung nunten kakintunan Teluh, temah nuwuhaken pageblug ingkang nggegirisi. Kathah kawula ing Kedhungtuwung ingkang pejah jalaran sakit ingkang dadakan. Paribasan enjing sakit sonten pejah, sonten sakit enjingipun pejah. Emanipun, nalika para sesepuh matur dhateng Ki Demang, inggih Ki Panjer bilih pageblug punika awit dayanining teluh ingkang kakintunaken dening Ki Kluwihan awit saking panyuwunanipun Ki Pujud, Ki Demang boten pitados. Malah Ki Demang ndakwa bilih ingkang nggadhahi pamanggih makaten punika sengaja obor-obor murih pasatron antawisipun Ki Panjer lan Ki Pujud sansaya ndadra kemawon".

"Lha banjur apa sing ditindakne Ki Demang awit anane pageblug kuwi mau?" Rangga takon.

"Ki Demang malah ngajak para kawula mawas dhiri ambok bilih malah Ki Demang saha para kawula ingkang kathah dosanipun dhateng Gusti Ingkang Murbeng Gesang lan ngathah-athahaken panyuwunan pangapura saha pangayoman dhateng Gusti, dene pambudidaya lahir Ki Demang ngajak para kawula sami reresik jiwa tuwin raga saha papan ingkang dipun panggeni" wangsulane Ki Kaliumprik.

"Banjur Pageblug iku saiki wis ilang apa isih ana?" Marga takon maneh.

"Pageblug mila sampun boten wonten, nanging tumunten wonten dahuru sanesipun" Ki Kedhungori sing genti wangsulan.

"Dahuru apa maneh?" Rangga takon.

"Sasirepipun pageblug, watawis tigang wulan punika, sampun wonten antawis sedasa lare prawan ingkang ical kadhustha dening tiyang ingkang nyalawadi, liripun wonten rerupan kados tiyang, nanging saged ical saking pandulu ingkang ing wanci dalu ndugeni papanipun titiyang ingkang gadhah yoga estri taksih prawan, nunten mbeta mlajar lare prawan kala wau. Nalika dipun bujung, tiyang ingkang nyalawadi wau saged ical boten kasumerepan purugipun. Kamangka cacahipun tiyang ingkang makaten kala wau, langkung saking satunggal" wangsulane Ki Kedhungori karo nutugne critane "Dene anggen kula kaliyan Kakang Seger ngantos dumugi mriki niku, awit kula dipun waduli dening rewang kula ingkang pados rumput bilih piyambakipun nate sumerep lare prawan ingkang nate ical wonten ingkang dipun beta mriki dipun lebetaken dhateng salebeting guwa mawi upacara pamujan. Nalika kula buktekaken nyata ingkang dipuncariyosaken rewang kula wau leres, namung kemawon ingkang kula sumerepi lare prawan kala wau dipun beta kaliyan tandhu dening tiyang kathah lan kula boten sumerep wontenipun upacara pamujan kados ingkkkang dipun cariyosaken dening rewang kula kala wau, lajeng kula ngajak Ki Kaliumprik mriki. Nanging nalika kula dumugi mriki, kula kenging walatipun ingkang mbaureksa papan mriki, temah kula boten saged obah lan boten saged ngucap punapa-punapa ngantos Andika paringi tamba kala wau".

"Nanging mau ndika wong loro bisa weruh apa sing kedadeyan ing papan kene mau?" Rangga takon.

"Inggih leres Adhi" wangsulane Ki Kedhungori "wiwit adhi kekalih damel bedhiyang ing caket guwa, ngantos dumuginipun tiyang ingkang ngangge jubah cemeng saha kesahipun kula sumerep. Nanging ugi wonten bentenipun kaliyan ingkang nate kula tingali pas kula kaliyan rewang kula mriki rumiyin".

"Bedane ana ing ngendi Kakang?" Marga takon.

"Menawi ingkang kula sumerepi rumiyin, ingkang mbeta tandhu tiyangipun sami ngangge sandhangan sarwa cemeng, praupanipun dipun tutupi, niki wau boten" Ki Kedhungori aweh katrangan.

Rangga lan Marga meneng sedhela, nom-noman loro kuwi durung bisa oleh dudutan klawan apa-apa sing wis dicritakne Ki Kaliumprik apa dene Ki Kedhungori. Lan sajake ora ana sambung rapet antarane wong loro kuwi karo wong sing nganggo sandhangan sarwa ireng mau.

"Saiki aku arep takon maneh Ki Kedhungori karo Ki Kaliumprik" sawuse meneng sedhela Rangga omong maneh.

"Mangga Adhi, kula aturi paring dhawuh" wangsulane Ki Kedhungori.

"Mau ndika mesthine ya krungu manawa Pawongan sing nganggo jubah ireng nyebut-nyebut Padhepokan Banjarsemanggi, uga nyebut asma Ki Jatikuning. Sapa Ki Jatikuning kuwi? lan Padhepokan Banjarsemanggi kuwi mapane ana ngendi?" Rangga ngucapne pitakone.

Ki Kaliumprik karo Ki Kedhungori banjur pandeng-pandengan dhewe-dhewe, kekarone padha gedheg karo ngangkat baune, tandha yen ora mudheng karo sing ditakokne Rangga.

"Menawi bab punika kula bares dereng ngertos Adhi" wasana Ki Kedhungori wangsulan.

"nDika ora ngerti apa pancen ethok-ethok ora ngerti? Apa ki Jatikuning kuwi isih guru nDika dhewe lan Padhepokan Banjarsemanggi kuwi arane padhepokan papan ndika sinau kanuragan jaman sadurunge nDika madeg dadi Bebau?" Marga takon karo mripate rada mentheleng.

"Nyuwun pangapunten Adi" Ki Kalumprik wangsulan sajak kaweden "kula kaliyan Kakang Seger boten dora, kula boten nate sinau kanuragan dhateng pundi-pundi kajawi namung dhateng Ki Demang utawi Ki Panjer wiwit Ki Panjer dereng dados Demang".

"Inggih Adhi, kula kekalih blaka boten dora" Ki Kedhungori melu omong "kados pundi upami Adhi kekalih kula dherekaken manggihi Ki Demang Kedhungtuwung kemawon? sangertos kula, wiwit timur Ki Panjer nate meguru dhateng sajawining Kedhungtuwung, mbok menawi Ki Demang pirsa papanipun Padhepokan Banjarsemanggi punika kala wau saha uninga sinten ingkang kagungan asma Ki Jatikuning punika".

Rangga karo Marga manthuk-manthuk katone apa sing dikandhakne dening Ki Kedhungori keri dhewe iki rada tinemu ing nalar.

 

ana candhake.

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 08

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

8.

Ambak-ambak mung sak uwi, kegawa saka weteng sing wis luwe rasane krasa enak lan gurih. Ngalah-ngalahne rasane pasugatan ing pestane wong sing duwe gawe. Luwih-luwih merga hawane panas, lan ing kono dicawisi kendhi sing isine banyu sing wis imbon pirang-pirang dina, yen neng gulu krasa seret merga ngulu uwi, banjur disurung nganggo banyu kendhi rasane dadi sansaya seger.

"Nuwun sewu Dhi" karo mangan uwi Seger kandha marang Rangga lan Marga.

"Ana apa Kang Seger?" Rangga mangsuli karo pitakonan.

"Kula wau badhe matur kesupen"

"Apa sing kelalen kuwi?" Rangga takon

"Ing ngandhap wit wau kula sumerep tiyang kalih, ketingalipun rencange tiyang-tiyang ingkang kula kubur wau......".

"Iya isih urip ta?" Rangga takon karo mesem.

"Taksih Adhi" Lambang sing wangsulan "nanging meh sami kaliyan kawontenan kula pas dereng panjenengan tambani wau".

"Taksih gesang, nanging ketingalipun boten saged napa-napa, kajawi namung mripatipun plolang-plolong, nglirik nganan kaliyan ngering" Seger ngambahi rembug.

"Ya kuwi klebu salah sijine sing arep tak takokne marang ndika wong loro, nanging isih mengko, merga pitakonku iki mengko klebu rada akeh sing kudu ndika wangsuli" wangsulane Rangga karo nyandhak kendhi arep ngombe, olehe mangan uwi wis rampung.

Seger lan Lambang meneng, ora omong maneh. Mung batine ngangen-angen, apa sing arep ditakone nom-noman loro sing wis nambani dheweke mau.

Bareng wis rampung kabeh anggone padha mangan, Rangga ngajak Marga, Seger lan Lambang ngalih olehe padha jejagongan, ya kuwi neng sor wit nyedhaki Jayaglegek lan Kartagentho sing isih ngglethak ora bisa obah.

"nDika mau ngaku nek omah ndika neng Desa kedhungtuwung?" Rangga miwiti ngajak rembugan, Marga meneng karo nyemak neng sandhinge.

"Leres Dhi" Seger wangsulan "kula kekalih mila saking Kedhungtuwung, malah kepara kula kekalih punika kalebet Bebau ing Kedhungtuwung mrika, kula Bebau ing Dhukuh Kedhungori lha Adhi Lambang punika Bebau ing Dhukuh Kaliumprik. Mila titiyang ing Kedhungtuwung katah ingkang mastani kula Ki Kedhungori lan Adhi Lambang Ki Kaliumprik".

"Dadi yen ngono Ki Kedhungori karo Ki Kaliumprik wis suwe manggon neng Desa Kedhungtuwung kuwi?" pitakone Rangga maneh.

"Inggih watawis sampun tigangdasa tahun langkung Adhi" wangsulane Seger, ya Ki Kedhungori "awit kula lan Ki Kaliumprik mila lahir ing mriku, malah sawargi tiyang sepuh kula ugi lahir ing mriku".

"Saiki aku sing genti arep takon" sawuse menengg sauntara Marga genti omong.

"Inggih, mangga Dhi, badhe mundhut pirsa punapa? mugi-mugi kula saged atur wangsulan" wangsulane Lambang ya Ki Kaliumprik.

"Yen nDika sakloron kuwi Bebau ing Desa Kedhungtuwung, apa kene iki isih wewengkon Kedhungtuwung? Lan nDika wong loro padha jagongan neng papan kene iki lagi nindakne jejibahan apa? Ana sambung rapete apa ndika karo wong sing wis ndika kubur mau?" pitakone Marga pirang-pirang pitakon sing didadekne siji.

Ki Kedhungori lan Ki Kaliumprik meneng ora enggal wangsulan, sajak lagi nglumpukne pangeling-eling karo apa sing dadi pitakone Marga. Wusanane Ki Kedhungori sing ndhisiki wangsulan :

"Estunipun, wiwit jaman Pajang inggih jaman Kanjeng Sultan Adiwijaya taksih sugeng, wana punika sampun dados rebatan antawisipun Ki Panjer lan Ki Pujud, ingkang kekalihipun taksih putranipun Ki Demang ing Kedhungtuwung".

"Dadi rebutan piye? lan ya gene bisa mangkono?" Marga nyelani takon.

"Kala rumiyin Ki Sada, inggih Ki Demang ing Kedhungtuwung kagungan putra pembayun ingkang nama Rara Westhi, inggih taksih kapernah mbakyunipun Ki Panjer lan Ki Pujud" Ki Kedhungori aweh wangsulan "lajeng Rara Westhi kapundhut Kanjeng Sultan kakersakaken dados garwa ampil ing Kasultanan Pajang, minangka raos panedhanrimanipun Kanjeng Sultan lajeng paring ganjaran dhateng ki Demang Kedhungtuwung wujud wana ingkang mapan ing sisih leripun Kedhungtuwung ngantos dumugi benawi, dene wiyaripun ingkang mangetan lan mangilen, nurut wates sisih wetan lan wates sisih kilenipun Kademangan Kedhungtuwung".

"Lha kok banjur dadi rebutan?" Rangga nyelani takon.

"Inggih Adhi" Ki Kaliumprik sing genti crita "Nalika Ki Sada kapundhut dening Gusti Ingkang Murbeng Gesang, jumbuh kaliyan paugeran ingkang wonten, saha asil rembagipun para sesepuh ing Kedhungtuwung, ingkang wenang nggentosi palenggahan Demang inggih Ki Panjer, putranipun Ki Sada patutan kaliyan garwa ingkang angka kalih, jalaran garwa ingkang kapisan namung kagungan putra setunggal wujud estri ingkang lajeng kakersakaken dening Kanjeng Sultan ing Pajang".

Ki Kaliumprik leren olehe crita, banjur disambung dening Ki Kedhungori :

"Sareng Ki Panjer jumeneng dados Demang, putranipun Ki Demang ingkang rumiyin patutan kaliyan garwa ingkang angka tiga nenggih Ki Pujud, ngersakaken nyuwun bageyan warisan ingkang dipun suwun inggih wana ganjaran saking Kanjeng Sultan rumiyin. Dening Ki Demang, panyuwunipun Ki Pujud punika boten dipun keparengaken, awit miturut Ki Demang, ingkang wenang marisi sitinipun wana punika inggih namung tedhak turunipun Nyi Demang angka kapisan, dene menawi tedhak turunipun Nyi Demang angka kapisan boten wonten ingkang ngerskaken, sitining wana punika dados gadhahanipun Kademangan dede gadhahanipun pribadi, sinten kemawon sauger wargi ing Kedhungtuwung kaparengaken pados asiling wana, mbikak pategalan utawi pasabinan ing wana mriku, sauger wonten palilah saking Kademangan".

"Nek tak nalar, panemune Ki Demang kuwi wis bener" Marga nyelani rembug.

"Mila makaten Dhi" Ki Kedhungori nggenteni crita "malah pamanggihipun Ki Deamang punika ugi sampun dipun sarujuki dening para Sepuh, Mancakaki, tuwin para bebau ing Kedhungtuwung. Nanging Ki Pujud, ingkang rumaos putranipun Ki Demang ingkang rumiyin boten narimahaken, temah dados pasulayan antawisipun Ki Demang, inggih Ki Panjer kaliyan rayinipun piyambak inggih Ki Pujud. Jebul wonten mancakaki lan sesepuh ingkang cacahipun boten kathah ugi ndombani pikajengipun Ki Pujud".

"Sabanjure?" Rangga nyelani maneh.

"Salajengipun inggih dados perang alit-alitan, awit Ki Pujud ugi gadhah pandherek saking para nem-neman ing Kedhungtuwung , malah panyuwnipun Ki Pujud boten namung wana ganjaran saking Pajang punika kemawon. Nanging malah kalenggahan Demang inggih dipun suwun. Watawis wonten sepasar, Kademangan Kedhungtuwung geger, kathah nem-neman ingkang dados kurban, pejah awit mbelani ingkang dipun dhereki. Nanging wekasanipun Ki Pujud asor ing jurit lajeng mlajar sapendherekipun sedaya, ngungsi dhateng Karangbening. Kaleresan Demang ing Karangbening punika taksih kapernah Bapa pamanipun Ki Pujud, inggih rayinipun Nyi Demang ingkang angka tiga. Ki Demang Kedhungtuwung, sareng ngertos menawi ingkang rayi mlajar, inggih boten dipun bujung. Malah lajeng kintun utusan dhateng Ki Demang Karangbening, ngaturaken serat ingkang isinipun nyuwun tulung nitipaken Ki Pujud dhateng Ki Karangbening" Ki Kedhungori leren olehe crita. Ki Kaliumprik sing genti mbacutake :

"Sanaosa makaten, Ki Pujud dereng rumaos kawon lan dereng ngendeli anggneipun badhe ngrebat panguwaos ing Kedhungtuwung ngantos dumugi sapriki. Sesumbaripun, duka wancinipun menawi wonten kalodhangan ingkang pas, Kedhungtuwung badhe kagebag ing perang lan Kalenggahan Demang miwah wana ganjaran saking Pajang punika badhe dipun serik, dados gadhahanipun tuwin para pandherekipun sadaya. Dening Ki Demang, inggih Ki Panjer sesumbaripun Ki Pujud punika namung dipun anggep suwantening kodhok bangkong ing wanci dalu ing salebeting ngerong, ingkang tansah sesumbar badhe nguntal lintang-lintang ing langit".

 

ana candhake.

Rabu, 08 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 07

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

7.

Wong loro sing dikongkon nembung njaluk tulung supaya ditambani marang Rangga kuwi, ngingeti Marga karo sorot mata sing nelakake bingunge. Lha piye? genah nek omong wae ora bisa, kok dikongkon padha nembung njaluk tulung. Marga ngguyu, ngguyu marang omongane dhewe sing dianggep lucu merga ora klebu ing nalar. Rangga sing mau ya krungu omongane Marga melu ngguyu. Wong loro sing ora bisa omong kuwi sansaya bingung, genti-genti mripate ngingeti Rangga lan Marga. Bareng wis meneng olehe ngguyu, Marga banjur ngandhani wong loro kuwi :

"Saiki ndika wong loro lungguh dhisik, sila. Mengko ben ditambani Kakangku".

Wong loro kuwi uga banjur lungguh, mapan sila ing ngarepe Rangga. Rangga ngobahake tangane, banjur kanthi hawa murni sing mili menyang epek-epeke, Rangga mbukak saraping suwarane wong loro kuwi.

"nDika wong loro lungguh sila neng ngarepku, padha arep ngersakne apa?" sawuse mbukak sarap suwarane wong loro iku, Rangga banjur takon.

"Kula tiyang kalih nyuwun supados dipun tambani Den" wangsulane wong loro kuwi meh bareng.

"Njaluk ditambani? nDika lagi lara? Lara apa?" Rangga takon maneh karo ngempet guyune, sauntara Marga sing ngadeg ing cedhake wis ngguyu luwih dhisik.

"Kula boten saged ngucap napa-napa Den" wong loro kuwi wangsulan.

"Ora bisa ngucap sing kepiye? nDika aja gawe bingungku ta?" Rangga ngguyu.

"Kula kekalih........" wong loro lagi krasa yen satemene nom-noman sing lungguh neng ngarepe kuwi wis rampung anggone mulihne suwarane, wekasan kandhane karo sujud neng cedhak sikile Rangga "ngaturaken panuwun Den".

Rangga ngguyu banter, wong loro kuwi banjur dikongkon lungguh maneh, banjur kandhane :

"Uwis, saiki aku arep takon nDika kuwi sapa, lan omah ndika ngendi?"

"Kula Seger lan kanca kula niki Lambang Raden" salah siji saka wong loro kuwi wangsulan "griya tebih ing Kedhungtuwung mrika".

"Kedhungtuwung kuwi ngendi?" Rangga takon maneh.

"Saking mriki lampahan setunggal dinten setunggal dalu langkung, menawi anggenipun mlampah limrah kemawon, pernahipun sisih kidul mrika" wangsulane Seger.

"Mengko dhisik Kang Seger karo Kang Lambang" dumadakan Marga melu omong.

"Inggih Den?" Seger karo Lambang padha noleh menyang Marga.

"nDika wong loro wis tak tambani lan uga ditambani Kakangku ta? saiki upama aku karo Kakangku njaluk opah marang ndika sakloron piye?" Marga takon.

Seger karo Lambang padha sawang-sawangan padha kanca dhewe-dhewe. Sing ditakokne Marga kuwi barang sing lumrah, saupama ora ditulungi Marga apa dene Rangga wong loro kuwi wis ngira yen uripe bisa tekan sesuk apa ora. Merga kanthi kahanan ora bisa obah lan ora bisa omong, neng ngisor grumbul alas, ora mokal yen sawayah-wayah bisa diparani kewan galak sing karem mangsa daging. Nanging, wong loro kuwi ya bingung olehe arep wangsulan, banjur opah apa sing dikarepne nom-noman sing wis aweh tamba kuwi.

"Nyuwun pangapunten Raden" bareng wis sauntara meneng, Lambang genti sing omong.

"Jenengku Marga lan Kakangku kuwi Rangga, ora sah nyebut Raden marang aku lan Kakangku, ndika bisa nyeluk aku njangkar, adhi,ngger apa celukan liyane" Marga nugel rembuge Lambang.

"Inggih, Ra, eh Adhi" Lambang wangsulan karo nerusne kandhane "mugi kauningan, niki wau kula kalih rencang kula pun Seger, boten mbeta napa-napa, langkung-langkung barang ingkang pangaji. Nanging teng griya najan sakedhik kula inggih gadhah simpenan, kados pundi upami kula wangsul rumiyin mendhet pisungsung kagem Adhi Marga lan Adhi Rangga?".

"Perkara kuwi gampang kena dirembug mengko-mengko Kang Lambang karo Kang Seger" Rangga nrambul gunem "saiki, aku njaluk tulung marang ndika wong loro, ndika gelem apa ora?".

"Mangga kula aturi paring dhawuh punapa, sedaya dhawuhipun Adhi Rangga lan Adhi Marga badhe kula lampahi kanthi sukaning manah" Seger sing aweh wangsulan.

"Matur nuwun" Rangga nyauti sing diomongne Seger "neng kene ana mayit pirang-pirang pating glethak, neng awake mayit-mayit kuwi katone isih ana gegaman sing tumancep, gegaman sing tumancep kuwi ndika jupuki, banjur mayit-mayit kuwi ndika kubur kanthi becik. Mesakake".

"Inggih Adhi, ngestokaken dhawuh" wangsulane Seger "ayo Dhi Lambang".

Seger karo Lambang banjur ngadeg, marani bangkene Sambega lan kanca-kancane. Peso-peso sing tumancep neng jantunge wong-wong sing wis dadi mayit kuwi dening Seger lan Lambang banjur dijabuti lan diklumpukne dadi siji.  Wong loro nuli gawe luwangan neng lemah benthak kuwi, luwangan sing amba lan jero, mayit cacah rolas kuwi arep dikubur dadi siji. Sauntara Seger lan Lambang tandang gawe gawe kuburan, Rangga nyawang srengenge sing wis ngglewang mangulon saka tengahing langit.

"Wis wayahe Dhi" kandhane Rangga alon.

"Iya Kakang" wangsulane Marga sing uga wis ngerti yen wektu dzuhur wis teka.

Nom-noman loro banjur mbalik menyang bengawan arep sesuci. Jayaglegek karo Kartagentho sing isih ngathang-athang tanpa daya disisihne neng suketan ing ngisore wit gedhe dadi ora kepanasen kena soroting srengenge mangsa ketiga.

Rampung nindakne panembah dzuhur lan ngasar sing dijamak kosor, Rangga lan Marga bali maneh menyang lemah benthak. Marga banjur ngetokne bumbung saka waliking klambine, nyedhaki Jayaglegek karo Kartagentho sing arep diupakara tatune. Rangga banjur mlaku mlebu neng jero alas. Ora suwe wis bali maneh karo nggawa uwi sing sasirah-sirah gedhene. Banjur nglumpukne pang-pang garing sing mblader ing sacedhake, disumet digawe bedhiyang kanggo mbakar uwi sing lagi wae digawa saka njero alas.

bareng lan matenge uwi sing dibakar Rangga lan rampunge Marga ngupakara tatu-tatune Jayaglegek lan Kartagentho. Seger lan Lambang mara nyedhak banjur lungguh neng ngarepe Rangga lan Marga.

"Sampun kula kubur kanthi sae dados setunggal luwangan Adhi" Seger aweh lapuran marang Rangga lan Marga "Peso-peso ingkang sajakipun ngandhut warangan kula klempakaken dados setunggal kula buntel mawi jarikipun salah satunggaling mayit wau".

"Iya nedha nrima banget Kang" wangsulane Rangga "peso-peso kuwi bisa mbebayani yen nganti ngenani manungsa, mula peso-peso liyane sing pating pececer neng kana mau klumpukna pisan, banjur mengko pendhemen sing rada jero, ben ora kidakan sikil sing liwat".

"Kaliyan badhe matur malih Dhi" Lambang genti sing kandha "kala wau, sandhanganipun para tiyang ingkang kula kubur, ingkang ketingal taksih wonten aosipun kula klempakaken, wonten jarik nenem, timangan perak tiga, timangan Dembaga wonten gangsal, pendhok saha keris kalih".

"Aku karo adhiku ora mbutuhake barang-barang kuwi kabeh" wangsulane Rangga "Lha nek pancen ndika gelem, ya barang-barang kuwi ndika dum karo Kang Seger".

"Inggih Dhi, matur nuwun sanget" wangsulane Lambang.

"Kula ugi matur nuwun Adhi" Seger melu numpangi rembug.

"Mengko arep ana sing tak takokne marang nDika wong sakloron, nanging becike saiki wetenge diiseni dhisik ben ora kaliren. Kae neng bedhiyang sajake olehku mbakar uwi wis mateng, ayo padha dipangan dhisik" kandhane Rangga karo nyedhaki bedhiyange.

Ora suwe ing kono wong papat kuwi padha pating cramuk mangan uwi bakar bebarengan.

 

ana candhake. 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...