Total Tayangan Halaman

Selasa, 14 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 18

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

18.

Janggan Kumala mencolot memburi kira-kira pitung jangkah, kanggo matak Aji Pegawisa sing dikandhakne Panembahan Timur kuwi, Janggan Kumala mbutuhne wektu kanggo meneng sauntara . Marga sing uga krungu pakone Panembahan Alit marang Janggan Kumala, sengaja ora nututi mundure Kumala sing arep matak ajine . Sajroning batin Marga pancen kepengin ngerti  sepira dayane Aji sing diarani Pegawisa kuwi mau. Idhep-idhep kanggo sinau, mbok menawa mbesuk-mbesuk sajroning nindakne pangumbaran karo Rangga iki bakal kepethuk karo aji kuwi. Dadine wis ora kaget maneh. Saka kadohan Marga weruh Janggan Kumala ngangkat tumbake diadhepne menyang langit karo ndremimil ngrapal mantra sing ora cetha unine. Dumadakan pucuking tumbak katon murup kaya geni tumper rupane abang, banjur Janggan Kumala bali maju nyedhaki mungsuhe.

Tekane Janggan Kumala dipapag nganggo seblakan pecut dening Marga sing kepengin ngukur sepira kekuwataning mata tumbak sing mengangah abang, yen ditandhing karo pucuking upat-upate.  Tempuking mata tumbak lan pucuk upat-upat nuwuhake suwara banter sing prasasat ngoregne bumi. Epek-epeke Marga sing kanggo nggegem dangan pecut krasa kaya keslomot geni rasane. Janggan Kumala kontal memburi nganti telung jangkah, ndadekne adege sempoyongan. Meh wae garan tumbak sing dicekel kenceng ucul saka gegeman.

"Keparat kowe Marga" Janggan Kumala misuh rumangsa ditodhi kekuwatane dening bocah sing durung akeh umure "entenana sedhela, sida tak gawe picak mripatmu lan buntet dalan napasmu".

Bubar muni mangkono iku dumadakan saka pucuk tumbake Kumala katon kumelun pega abang semu ireng , lan kanthi trengginas Kumala nggiring lakune pega ngarah marang praupane Marga.  Marga kaget kasempyok pega sing nggawa hawa panas kagila-gila kuwi. Tujune wiwit mau Marga wis ngecakne Ngelmu Panawawisa sarta ngilmu Tamengraga, peparinge Ki Tanparupa. Nadyan pega panas sing mawa wisa kuwi nyempyok rai lan ngarah marang mripate, Marga isih bisa ngempet rasa lara lan perihing mripat. Dayane aji Pegawisa sing ditamakne Kumala ora mbebayani tumrap kaslametaning nyawane. Nadyan mangkonowa, tetep wae Marga dadi kacipuhan tandange, jalaran mripat kang kena pega panas kuwi tumuli ngetokne eluh sing terus mbanjir ora ana kendhate. Kang mangkono iku, wis ngganggu panyawange Marga, temah ora cetha ing ngendi dununge mungsuh lan kaya apa obahe gegamane Kumala.

Weruh Marga katon yen panyawange kuwur merga mripat sing ketutupan banyu luh, Janggan saka Paguron Kluwihan kuwi gumuyu lakak-lakak, karo sesumbar :

"Ha.....ha....ha......., jebul ora mung mripatmu wae sing sedhela maneh bakal picak Marga. Bangkemu sedhela maneh bakal ditemu dening wong-wong Kedhungtuwung neng tegal bera kene klawan jantung sing wis jebol kliwatan Tumbak Kyai Upas Naga".

Krungu sumbare Kumala, Marga ora semaur. Mripate banjur diremne supaya ora keganggu pega panas sing arep mlebu neng jerone mripat. Luh sing mili saka mripat uga banjur mandheg merga ora ana dalane metu, sawise mripate diremne dhipet. Nanging mereme Marga ora merem lumrah, karo merem sedulur angkate Rangga kuwi ngetrepne Aji Sasrapanggraita. Lan landheping panggraitane dadi luwih landhep tinimbang panyawange mripat wantah. Kabeh solah lan polahe Kumala bisa diwaca dening panggraitane Marga. Pecut neng tangane bali disolahne maneh, malah sansaya nggegirisi mungguh daya kekuwatane. Pega panas mawa wisa sing terus kumelun saka pucuking tumbake Kumala babar pisan ora dirasakne, sanadyan pega kuwi kaya-kaya banjur ngemuli ragane. Lan Marga bola-bali wis ndadekne Kumala tiba golung koming merga ngendhani tumibaning pecut sing saiki akeh ngarah menyang perangan awake Kumala sing mbebayani yen nganti ketiban pucuking upat-upat. Saben-saben pecut diseblakne, dhadhane Kumala krasa kaya arep rontog isen-isene.

Sauntara kuwi, ora kalah serem lan ramene, ing kalangan sisihe Panembahan Timur sing wis ngetog kekuwatane lan ngetrepne ngelmu ing tataran dhuwur dhewe, ewa samono tetep kethetheran ngadhepi tandange Rangga sing tanggon, babar pisan ora kengguh karo kadigdayane musuh. Wis bola-bali pucuk kerise Panembahan Timur kasil nggarit kulite Rangga, nanging babar pisan ora ana tatu sing bisa ditinggalne. Pucuk keris sing tenane ngandhut wisa mandi kuwi, nalika nggarit kulite Rangga , mung bisa nuwuhake suwara semruwing, nanging ora nuwuhake tatu babar pisan. Awit dayane aki Tamengraga, sing kuwawa nyedhot hawa murni saka punjer pulunging ati, lan mageri ragane Rangga temah dadi atos ngungkuli atose gunung sing dumadi saka waja murni.  Mula nalika ana kalodhangan Panembahan Timur bisa nyudukne kerise marang awake Marga, sudukane ora tumama malah keprungu suwara cumengkling, kaya nanggor tameng waja.

Kosok baline, sakujur ragane Panembahan Timur wis krasa lara lan panas semu perih, merga wis bola-bali kesrempet teken pring kuning sing dicekeli Rangga. Nanging, Panembahan saka Paguron Kluwihan kuwi nyata dudu lamaking titah sawantah, nadyan ragane krasa lara lan panas nanging ora nyuda kekuwatane. Dumadakan saka padhukuhan sacedhake tegal bera kuwi wiwit keprungu rame suwarne jago kluruk sing sesautan. Panembahan Timur banjur nyawang mengetan, mega abang wiwit katon sumamburat , mratandhani  yen sedhela maneh rahina bakal tumeka, nggenteni jejibahane wengi sing sedhela maneh bakal nglereni salira, umpetan ing waliking pepadhang.

Dumadakan Panembahan Timur kuwi ngetokne tengara panyuwit saka tutuk sing dileboni drijine. Banjur ngrogoh kanthongan kanthongan klambine. Ngetokne barang sing saedhog bebek gedhene, Karo mencolot memburi watara limang jangkah, Panembahan Timur mbanting barang bunder kuwi neng lemah lan nuwuhake suwara jumlegur, disusul papan kono dadi peteng dhedhet awit akehing keluk ireng sing disebabake dening barang sing mbledhos dibanting neng lemah kuwi.  Karo mlayu nglungani, Panembahan sing ngaku saka Paguron Kluwihan kuwi isih kober ninggal suwara marang Rangga lan Marga :

"Tekane esuk jebul wis bisa ngodot umurmu Rangga lan Marga, awit tenane aku isin yen mung mungsuh bocah demolan kaya kowe bocah loro, mula sadurunge ana wong weruh kapeksa kowe tak tinggal dhisik. Welingku isih padha, yen kowe kepengin rada dawa umurmu cepet sumingkira saka Kademangan  Kedhungtuwung kene. Awit yen mangsane wis teka, yaiku ing wulan purnama sawise sasi iki bakal ana lelakon tumpes tapise Demang Panjer sarta wong-wong sing diangep nyengkuyung angkara murkane".

Kira-kira wektu sapanginang, keluk ireng kuwi ilang tanpa nisa kasedhot tumurune bun-bun esuk ing mangsa ketiga.

"Eman Kakang" Marga nyedhaki Rangga karo kandha "kudune, sadurunge ana suwara kluruking jago, wong loro mau wis bisa dilumpuhne".

"Uwis" wangsulane Rangga karo mesem, Rangga ngerti yen Marga rumangsa kacuwan atine merga ditinggal mlayu musuhe "ora perlu digetuni, lungane wong jirih getih wedi ing pati mau, iki wis padhang, sedhela maneh srengengene njudhul. Gusti isih ngeparengake awake dhewe nyebut asmaNe ing wektu kang wis ditemtokake. Gajege, mau pas mlaku mrene awake dhewe nyabrangi kali cilik sing bening banyune. Ayo mumpung wektune isih ana, enggal reresik awak lan sesuci raga, banjur nidakne dhawuhing Suksma".

"Iya Kakang" Marga wangsulan cekak.

Nom-noman loro kuwi tumuli lon-lonan mlaku mangetan nggoleki kali sing mau disabrangi. Bubar adus lan sesuci, nom-noman loro kuwi banjur nindakne wajib, nyebut asmaNe lan nyuwun kaslametan tumrap jiwa lan ragane.

 

ana candhake.

Senin, 13 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 17

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

17.

Ora mangsuli apa-apa Rangga melu ngadeg, arep ninggalne papan kono uga. Panembahan Timur lan Janggan Kumala, uga banjur ngadeg, wong loro kuwi semune rada kaget. Ora ngira yen pancingane Janggan Kumala ditampa klawan sikep sing padha dening Marga. Maune Janggan Kumala ngira sawuse ngerti yen sing diadhepi kuwi Panembahan Timur, nom-noman loro kuwi bakal manut apa sing dadi kekarepane Panembahan Timur lan Janggan Kumala tanpa ndadak nganggo takon neka-neka. Kang mangkono iku iya awit saka wis kasuwure jeneng Panembahan Timur ing laladan kono sing duwe kasekten bebasan Kadang Dewa lan Kendhitan Mimang. Nanging jebul pangirane Janggan Kumala luput, Rangga lan Marga ora wedi, malah sajak ora nggatekne karo pakone Panembahan Timur sing wis ditulis ing godhong plasa garing lan dikirimne marang nom-noman loro kuwi.

"Mengko dhisik Adhi Marga lan Adhi Rangga" Janggan Kumala nyandhet nom-noman loro sing arep lunga kuwi "ndika arep menyang ngendi?".

"Aku ora ngerti Ki Janggan" Rangga sing wangsulan "merga grenjeting atiku durung mrentahne aku kudu menyang ngendi. Bisa uga aku bali menyang Dalem Kademangan, bisa uga aku mung nglalih enggon banjur turu neng pinggir tegalan kene, utawa bisa uga aku terus mlaku-mlaku ngubengi Kademangan sing disuhi dening Ki Panjer iki".

"Dadi ndika ora migatekaken pesene Paman Panembahan Timur sing ditulis ing gadhong Plasa mau?" Janggan Kumala takon suwarane wiwit keprungu rada sereng.

"Ya gene kudu aku kudu migatekne pesen sing kanggoku ora wigati kuwi Ki Janggan?" wangsulane Rangga balik takon karo suwara keprungu rada ngece.

"Dadi kowe wis wani ngremehake dhawuhe Paman Panembahan Timur?" Janggan Kumala wiwit nesu, krungu wangsulane Rangga sing cetha nganggep pesene Panembahan Timur kuwi dudu pesen sing wigati.

"Sakarep ndika arep ngarani" wangsulane Rangga panggah karo suwara ngece "mung wae, upama aku dianggep ngremehake ya ora luput, awit sing diremehne pancen niyat njaluk diremehne. Upama ora ndadak kirim pesen klawan pamer kaluwihan kaya sing lagi wae tak tampa neng Dalem Kademangan mau, ora bakal aku ngremehne sapa-sapa".

"Yen mangkono ya gene kowe ndadak teka mrene?" Janggan Kumala sansaya muntap kanepsone.

"Lha kuwi merga aku ngajeni marang nDika lan Paman nDika sing njaluk aku teka mrene klawan suwara manuk Kedasih sing ngasih-asih. Jebul bareng aku mara, kaya sing dikandhakne adhiku mau ora ana gunane" wangsulane Rangga sajak ayem, ora kepancing karo suwarane Janggan Kumala sing wiwit nesu.

"He Rangga lan kowe Marga" Janggan Kumala wis nesu tenanan "ngertiya, aku ngongkon kowe bocah loro mrene iki mau mung supaya kowe ngerti nek sing dhawuh liwat pesen kuwi mau Paman Panembahan Timur, dudu wong sembarangan, kudune kowe matur nuwun wis digatekne dening Paman Panembahan Timur, ngelingi drajatmu mung wong lumrah sing seneng klambrangan. Bakune kowe bocah loro, Paman Panembahan ngersakne kowe enggal lunga ninggalake Kademangan Kedhungtuwung kene, awit Paman Panembahan ora kepranan ing galih yen kowe bocah loro cilike ngajeni gedhene nganti ngrewangi Demang Panjer menungsa sing mentala karo sedulure dhewe kuwi. Uwis nek arep lunga enggal lunga, aja kesuwen kowe manggon neng tlatah Kedhungtuwung kene".

"He Kumala rungokna kanthi cetha" Marga sing genti semaur "nek teka utawa lungaku neng ngendi wae, kalebu neng Kedhungtuwung kene, iku amarga aku nuruti pakoning atiku thok. Sapa wae kena ngandhani aku, nanging aja gela yen kapeksa ora tak gatekne. Selawase uripku aku wegah diprentah sapa wae, apa maneh mung diprentah dening manungsa sing mung drajate Kumala lan sing ngaku dadi Panembahan, kaya pamanmu kuwi".

Saking ora kuwat ngempet nesune, ora sranta Kumala ngobahne tangane arep nempiling sirahe Marga sing ngadeg ana ngarepe. Mesthi wae, Marga ora pasrah ngono wae arep ditempiling Kumala.  Sirahe diiringne mengiwa kanggo ngendhani tempilingane Kumala, karo kepelan tangane sing tengen njotos dhadha. Janggan Kumala sing ora ngira yen Marga bisa luwih cepet ngobahne tangane, ora kober ngendhani utawa aweh panangkis, temah dhadhane kena kepelane nom-noman kuwi. Janggan kumala kesurung memburi limang jangkah, banjur mutah getih seger, tandha yen jotosane Marga ora kalah bobote karo tempilingane Kumala sing bisa diendhani Marga.

Ora mung Janggan Kumala sing kaget ndulu cukate Marga, Panembahan Timur uga ora kalah kagete lan sansaya muntab kanepsone. Ora sranta banjur ngunus keris saka wrangkane, keris pusaka sing katon mencorong pamore. Panembahan Timur nemplekne wilahing keris neng bathuk, banjur kandha marang Kumala :

"Wektune wis sansaya lingsir Kumala, becike bocah loro sing ora kena ditata iki enggal disingkirne wae, aja nganti kedhisikan karo metune srengenge".

"Sendika Paman Panembahan" Janggan Kumala wangsulan karo ndudut tumbake, tumbake Kumala uga katon sumunar, mratandhani yen tumbak sing nduweni daya linuwih.

Rangga lan Marga tanggap, yen wong loro sing diadhepi kuwi dudu wong sembarangan. Duwe kaluwihan lan uga wis nyekel pusakane dhewe-dhewe. Malah nek ndelok omongane Panembahan Timur iku mau, cetha yen wong saka Paguron Kluwihan kuwi duwe karep enggal-enggal bisa mateni dheweke wong loro. Klawan mangkono kena dipesthekne, yen Panembahan Timur karo Janggan Kumala bakal nggunakne jurus-jurus pilihane. Mula Rangga ora tanggung-tanggung, Teken Pring Kuning nuli digegem kenceng ana tangan tengene. Semono uga Marga, klawan cepet wis nglolos pecut saka bangkekane.

"Wis meh esuk Adhi" Rangga ngandhani Marga "lintang Kemukus umpetan mega, merga lintang Jakatawa ngatonke besuse".

Marga mesem krungu sasmitane Rangga ngono kuwi, sasmita yen Marga dikongkon ngetrepne ngelmu Panawa Wisa sarta Ngelmu Tameng Raga, kekarone ngelmu peparinge Ki Tanparupa marang nom-noman loro kuwi.

Ora suwe sabanjure, neng tegal bera kuwi wis dadi rame. Rangga sing ngadhepi Panembahan Timur sing kebat lan cukat tandange, prasat bisa ora ngambah lemah sikile. Isih ditambah karo keris pusaka sing ngemu perbawa gedhe. Nanging Rangga ora kalah prayitna, kaya-kaya pikirane nom-noman kuwi bisa maca kabeh sedya mobah musike mungsuhe. Nganti oleh pirang-pirang jurus, kabeh panyerange Panembahan Timur durung ana sing bisa ngenani ragane Rangga. Kosok baline, nadyan mung rupa senggolan sing ora ngemu bebaya, sikile Marga wis bola-bali nyenggol awake Panembahan saka Paguron Kluwihan kuwi. Sansaya suwe perang tandhing iki dadi sansaya rame.

Ing sisihe, Marga katon tanggon ngadhepi pangrangsange Janggan Kumala sing nyata baud nyolahne tumbak neng tangane. Tumbak sing mung siji kuwi neng tangane Kumala katon bisa malih dadi sepirang-pirang, ana sing ngrangsang Marga saka kiwa uga akeh sing nerjang saka tengen. Nadyanta mangkono, durung ana tilase tumbak sing bisa nggarit kulite Marga. Malah siji loro pucuking upat-upat pecute Marga wis kasil gawe nggaler gegere Janggan Kumala. Tatu nggaler sing adoh nyawa, rasane panas kagila-gila lan nalikane rasa panas krasa suda, rasa perih genti sing teka, jalaran tatu-tatu sing wiwit kesiram dening banyu kringet sing mbanjir saka raga.  Sansaya suwe sansaya katon yen tataran ngelmune Janggan Kumala isih adoh yen ditandhing karo kabisan sing digadhuh Marga. Bola-bali Janggan kuwi tiba kajengkang kena sadhukan sikile Marga, lan pucuke upat-upat sansaya kerep mbeler geger lan sikile Kumala.

Panembahan Timur sing nadyan kethetheran ngadhepi Rangga, isih kober weruh kahanane Kumala sing sansaya kadheseg mundur. Panembahan Timur nyuwara seru, aweh sasmita marang Kumala :

"Aja kesuwen Kumala, enggal tamakna Pega Wisa ing pucuking tumbakmu!".

 

ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 16

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

16.

Wengi kuwi Rangga lan Marga leren neng Gandhok Kulon Kademangan Kedhungtuwung. Kaya padatan nom-noman loro kuwi ora enggal mapan turu, nanging kekarone isih padha ngrembug bab kahanan sing lagi lan bakal diadhepi ing sajroning pangumbaran iki. Rangga wiwit nicil ayem, pranyata kaya sing dikandhakne Ki Demang neng Pringgitan mau, ana sambung-rapete antarane Ki Panjer ya Ki Demang Kedhungtuwung karo Padhepokan Banjarsemanggi sing dikandhakne dening pawongan nyalawadi sing wingi diadhepi ana Guwa Klumpit.

"Satemene aku ora pati mudheng karo sing tak takokne wau ki Dhi?" kandhane Rangga klesik-klesik marang Marga. Suwarane digawe alon supaya ora ngganggu wong-wong sing padha lagi arep leren, nadyan papane rada adoh omongan wektu bengi kuwi bisa keprungu.

"Ora mudheng kepriye Kakang?" Marga nanggapi karo suwara sing ora kalah alone.

"Ya gene awake dhewe ndadak kepengin ngerti karo sapa Ki Jatikuning lan Padhepokan Banjarsemanggi kuwi? Kamangka welinge mBah Juru nalika semana, yen awake dhewe nemoni ana kadurakan ing dalan kudu mandheg melu mbrastha kadurakan kuwi. Lha nek awake dhewe ndadak takon ing ngendi dununge Padhepokan Banjarsemanggi barang kuwi rak jenenge ora nemoni kadurakan ing dalan, nanging malah nggoleki tindak kadurakan? Iya apa ora?" Rangga nggenahne rembuge.

Marga mesem, banjur wangsulan :

"Nalika awake dhewe weruh ana tumindak duraka sing ditindakne wong-wong kanthi nyidra para prawan sing jare arep didadekne kurban neng Guwa Klumpit, kuwi awake dhewe wis kena diarani nemoni kadurakan ana ing dalan iya ta? sabanjure sing dadi punjer kadurakan wingi kae, miturut panemuku ya wong sing mlayu ninggal suwara yen arep ngratakne Padhepokan Banjarsemanggi kae. Saupama wingi awake dhewe bisa nyekel lan meksa wong kae supaya nglereni tumindak angkarane, jane wis rampung perkara sing ditemu neng cedhak Guwa Klumpit iki. Nanging, gandheng awake dhewe durung bisa nyekel wong wingi kae, ya mbok menawa awake dhewe kudu mandheg rada suwe neng papan iki, ngenteni wulan purnama sawise sasi iki. Iya apa ora Kakang?".

"Bener kandhamu Dhi" wangsulane Rangga "ya, pancen lelaku menyang pucuking Gunung Mahendra iki, sajake isih rada suwe tumekane".

"Iya Kakang" kandhane Marga mbenerne sing diucapne sedulur angkate "Nanging wektu iki, sing tak pikirne sajake beda karo sing digagas Kakang Rangga".

"Beda kepiye Dhi? Apa sing lagi kok gagas?" Rangga takon .

"Kakang mesthine ya ngulati sapa nom-noman sing jeneng Kunthara mau lan apa sing wis ditindakne?" Marga mangsuli pitakone Rangga nganggo pitakonan uga.

"Bener Dhi" Rangga mbenerne rembuge Marga "sepisanan dheweke nedya gawe patine Seger, tujune aku weruh lan bisa ngalang-alangi. Kaping pindho, ya gene Ki Demang mau ora nibakne paukuman marang Kunthara, kamangka wis tumindak ngawur klawan mateni Durjana sing kudune bisa didadekne sumber katrangan magepokan karo anane dahuru ing Kademangan kene iki, kaping telu katone wong-wong uga Ki Demang nduweni rasa kurmat lan ering marang Kunthara, sapa sejatine Kunthara kuwi. Iya ta Dhi?".

Dumadakan, nom-noman loro kuwi krungu ana suwara sikil sing nyedhaki papan panggonane leren. Nom-noman kuwi ya ngerti sing duwe sikil wis nggunakne ngelmu ngenthengake awak, temah suwara jangkahe dadi alon, sing ora bisa dirungokne nanggo kuping lumrah. Rangga lan Marga meneng anggone padha rembugan, ngenteni tekane wong sing nyedhaki papane kanthi cara sing nyalawadi kuwi.  Nanging dienteni sauntara, suwara jangkah kuwi malah mandheg. Ateges wong sing mara kanthi sesidheman kuwi mandheg, ora lunga ninggalne papan kono. Rangga lan Marga dadi sansaya ngundhakne kawaspadane, ora krasa Marga wis nglolos pecut sing ditalekne neng bangkekane.  Dumadakan ana suwara semiyut disartani suwara sumiliring angin wengi. Lan.......

"Jlep!" ana barang sing tumiba ing lawang butulan Gandhok menjaba kuwi lan mancep nganti nembus tekan njero.  Rangga lan Marga tanggap, klawan ora nyuda kaprayitnan lawang butulan kuwi dibukak, barang sing tumancep ing gegodhongane lawang dijupuk digawa mlebu Gandhok.

"Apa wujude Dhi?" Rangga takon sawuse barang mau dicekeli Marga.

"Godhong Plasa Garing sing digulungne neng gagang peso lan ditaleni Kakang" wangsulane Marga karo nguculi tali duk sing naleni godhong Plasa kuwi.

Jebul wujud pesen sing ditujone marang nom-noman loro kuwi :

"Nek kena dieman, enggal tinggalna Kademangan kene saiki uga. Yen kurang cetha, tak enteni neng  tegalan bera kulon desa".

Bareng karo rampunge Rangga lan Marga maca pesen kuwi, keprungu suwarane manuk kedasih sing ngalik-alik banter, maune cedhak nanging saya ngadoh mlayu mangulon. Suwara jangkah sing nggunakne ngelmu pangentheng raga kuwi keprungu ngetutne abure manuk kedasih.

"Kepiye Kakang?" Marga nakoni Rangga.

"Dituruti wae" wangsulane Rangga "neng kene iki awake dhewe nggoleki barang sing durung weruh wujude ing sadurunge, dadi ya luwih becik panjaluke wong sing ora cetha sapa jati dhirine iki dituruti wae, mbok menawa wong iki malah bisa dadi damar kanggo madhangi pepeteng sing ana iki".

Rangga banjur ngadeg, Teken Pring Kuning sing mau diselehne digawe bantal, dicandhak disengkelit neng bangkekan sisih mburi. Marga sing wis nglolos pecute, banjur dibalekne dienggo sabukan maneh. Damar lenga jarak sing ana ajug-ajug , dikempus mati. Nom-noman loro kuwi kanthi ngecakne ngelmu pangentheng raga, metu saka gandhok nututi playune suwara kedasih sing sansaya adoh, nanging isih keprungu ngasih-asih.

Playune Rangga lan Marga wis tekan kuloning padesan, ing kiwa tengene lurung katon tanduran gaga sing sedhela maneh wayahe panen. Klawan cecolok sunaring rembulan sing meh surup ing langit imbang kulon, nom-noman loro kuwi terus mlaku nurut dawaning lurung, nggoleki sing diarani tegal bera.  Bareng tanduran gaga wis keliwatan, nom-noman loro kuwi weruh kiwa tengene lurung wis ora ana tandurane, tegal kuwi sajake bera, Nom-noman loro kuwi mandheg, suwarane manuk kedasih wis ora keprungu maneh.

"Wilujeng Wengi Sang Pangumbara" dumadakan saka waliking watu sing sagajah gedhene mecungul wewayangan loro sing banjur aweh pambagya marang Marga lan Rangga "ayo kene lelenggahan kene dhisik".

"Matur nuwun" Rangga wangsulan banjur mapan lungguh neng watu sing jejer-jejer dadi watesing lurung karo kalenan tegalan. Marga melu lungguh neng cedhake.

"Aku njaluk ngapura dene wis ngganggu kamardikan ndika kanthi ngirim pesen ing godhong plasa mau" salah siji saka wong loro kuwi miwiti omong "ditepungake wae, aku Janggan Kumala lan iki Pamanku Panembahan Timur, saka Padhepokan Kluwihan".

"Nuwun sewu Kisanak" Rangga genti takon "aku Rangga lan iki adhiku Marga. Apa sing ndika kersakne klawan pesen sing tinulis ing godhong plasa garing mau?".

"Ha ha ha" wong sing jeneng Panembahan Timur kuwi ngguyu renyah mangsuli pitakone Rangga "aja dadi atimu anakmas, temene aku wis memanuki lakumu sing numpak gethek neng bengawan, wiwit saka tikungan sing ana wite Elo neng kiwaning bengawan, nganti ndika sakloron munggah neng dharatan ing sacedhake Guwa Klumpit lan kabeh sing ndika tindakne nganti leren neng gandhok sisih kulon dalem Kademangan Kedhungtuwung iki mau".

"Lakuku ora ngemun sedya ala, nek ana sing memanuki ora tak gagas babar pisan,jer olehku mlaku ya ing wanci awan" wangsulane Rangga "aku karo adhiku mung butuh wangsulan, apa sing ndika kersakne klawan pesen marang aku mau?".

"Apa kurang cetha karo isine nawala Adhi Rangga?" Janggan Kumala genti sing takon karo mesem.

"Cethane cetha" Marga sing genti wangsulan "mung ana karep apa ing waliking aksara sing ditulis ing godhong plasa mau?".

"Yen wis cetha, ya gene ndadak teka kene Adhi Marga?" Janggan Kumala wangsulan "harak luwih becik nek banjur ditindakne wae isine pesen kuwi?".

"Aku karo Kakangku mlaku ora nurut sapa-sapa kajaba nurut grenjeting ati Ki Janggan, aku ya ora butuh banget-banget marang wangsulane pitakon sing diucapne Kakang Rangga marang ndika mau" kandhane Marga nyauti wangsulane Janggan Kumala, banjur kandhane marang Rangga "Ayo Kakang, ora ana gunane awake dhewe neng kene suwe-suwe".

Marga ngadeg ditututi Rangga, nom-noman loro kuwi katon arep ngalih ninggalne wong loro sing ngaku saka Paguron Kluwihan kuwi.

ana candhake.

Minggu, 12 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 15

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

15.

Jebul durjana sing kasil dicekel dening Marga kuwi bareng dening Marga dipasrahne marang Ki Jagabaya, tuwuh maneh kuwanene. Sanadyan tangan wis dibanda, nanging sikile isih bisa obah, Ki Jagabaya sing ora nyana tekane bebaya didugang pernah wetenge dening durjana mau. Ki Jagabaya kesurung mundur ana patang jangkah, sempoyongan. Wong-wong liyane banjur padha siaga arep ngrangket durjana sing nadyan tangane wis dibanda pranyata isih mbebayani kuwi. Durjana nuwi dikupengi, saka ngarep, mburi sarta saka ering kanan apa dene kering. Nanging sajake wis nekad tenan, karo nggereng ngulati wong-wong sing padha ngupengi.

Sauntara Ki Demang sing wis mlaku rada adoh ditutune Rangga lan Marga, bareng krungu nek neng mburine ana rame-rame banjur mandheg, noleh memburi.  Malah Rangga karo Marga ora mung noleh, nanging mbalik mara menyang papane mau, arep ndelok apa sing wis kedadeyan.

Dumadakan wong-wong dadi luwih kaget, Kunthara sing wiwit mau mung meneng wae, dumadakan nrobos wong-wong sing lagi ngupengi Durjana, lan tanpa taha-taha Durjana sing tangane wis dibanda kuwi, dijojoh pedhang saka mburi dening Kunthara. Pedhang nembus geger nganti nyenggol jantung. Durjana kuwi sempoyongan sedhela banjur rubuh neng lemah kanthi pedhang isih tumancep ing gegere.  Kunthara nyedhak, gagange pedhang dicandhak, didudut karo sikile njejak awake durjana mau. Bareng pedhang wis kasil dijabut, Kunthara durung marem, wong sing wis sekarang kuwi sepisan maneh dijojoh dhadhane.

"Ayo tangiya leganing atiku" kandhane Kunthara karo nglebokne pedhang menyang wrangkane "konangan Kunthara klakon ora dawa umurmu tenan kowe".

Wong-wong sing padha weruh lan krungu sumbare Kunthara ngono kuwi, ora ana sing semaur, kabeh mung meneng kaya kamitenggengen. Lagi bareng Ki Demang nyedhak, wong-wong lagi padha nyedhaki lan ndelok kahanane durjana sing wis tanpa nyawa kuwi.

"Kena apa wong kuwi mau?" Ki Demang sing uga melu ndelok kahanane durjana kuwi takon.

"Badhe mlajar Ki, malah Ki Jagabaya dipun dugang ngantos meh dhawah" sing wangsulan Kunthara karo sajak pamer "tujunipun wonten kula, durjana boten saged mlajar malih ketiban gaman kula".

"Ya gene wong kuwi kok pateni Kunthara?" Ki Demang wangsulan karo mentheleng "mesthine oraa kok jojoh dhadhane nganggo pedhang, wong iku mesthi bisa dilumpuhne, lha wong tangane wis ditaleni. Nanging merga sembranamu, wong iki mati, ora bisa ditakoni maneh".

"Nyuwun pangapunten Ki Demang" Kunthara ndhingkluk "kula boten kiyat ngampah raosing manah, nalika sumerep tiyang niki badhe mlajar, kula boten sengaja mejahi tiyang punika".

"Cukup!" Ki Demang wangsulan "saiki sepisan maneh tak prentahne marang para Bebau lan Para Jagabaya sarta para nom-noman kabeh, supaya wong sing wis tanpa nyawa iki sarta wong-wong sing jarene keneng kapikut dening Ki Bebau Kedhungori lan Ki Bebau Kaliumprik ing Guwa Klumpit mau, digawa menyang pendhapa Kademangan, ora ana sing kena dipilara, ayo budhal saiki bakal tak tutne saka mburi".

Ora ana sing wani semaur, kabeh banjur padha nindakne apa sing diprentahne Ki Demang Kedhungtuwung kuwi. Rangga lan Marga sing tenane lagi nglumpukne sisik melik kuwi, bareng ngerteni yen wong sing kudune bisa ditakoni nanging malah wis mati, dadi ora negakne  Guwara lan andhahane. Nom-noman loro kuwi banjur mlaku mbarengi Gurawa lan andhahane sing mikul tandhu isi Jayaglegek lan Kartagentho. Ki Kedhungori lan Ki Kaliumprik banjur melu nguwori neng kono pisan. Wong-wong kuwi mlaku neng mburine wong - wong Kedhungtuwung sing nggotong mayite wong mati merga dijojoh pedhang Kunthara kuwi. Ing sisih mburi dhewe, Ki Demang sing dikancani Jagabaya loro, lan nom-noman loro sing kajibah nggotong Liyem, nadyan wis eling nanging isih lemes dhempes ora kuwat ngglawat ngetutne saka mburi.

Tekan pendhapa Kademangan, Gurawa lan andhahane dilungguhne neng klasa sing wis digelar, dipapanke neng tengah dikupeng kaya ambeng dening wong-wong Kedhungtuwung sing uga lungguh ngubengi jogan pendhapa. Rangga, Marga lan Bebau loro Kedhungori lan Kaliumprik, milih lungguh awor Gurawa sakancane sawuse ngudhunake Jayaglegek lan Kartagentho sing banjur diglethakne neng cedhake. Bareng Ki Demang wis munggah neng pendhapa, sawuse masrahake Liyem marang Nyi Demang lan para wanita ing dalem Kademangan lan mapan lungguh neng palungguhane, Ki Kaliumprik ngadeg banjur marani. Wong loro kuwi banjur rembugan alon-alon sing wong-wong ora ana sing krungu apa sing diomong. Lagi krungu bareng Ki Demang semaur rada banter :

"Ya wis, yen ngono ajaken mlebu tak temonane neng pringgitan".

Ki Kaliumprik mundur, bali menyang papane sekawit banjur kandha marang Rangga :

"Ki Demang ngersakaken Adhi kekalih dhateng Pringgitan".

"Lha sing ngreksa kaslametane wong-wong iki?" Rangga takon.

"Para Jagabaya kersane ingkang ngancani Ki Gurawa sakanca ing mriki" wangsulane Ki Kaliumprik sing banjur ngawe Jagabaya-jagabaya supaya mara.

Ki Demang ndhisiki mlebu pringgitan, wektune wis ngancik tengah wengi. Ing Pringgitan Ki Kaliumprik lan Ki Kedhung ori gentenan nyritakne lelakone, wiwit budhake saka omah menyang Guwa Klumpit, kena walate Ki Jalumampang, perange Rangga lan Marga mungsuh Ki Kartagentho lan Ki Jayaglegek diterusne perang karo wong-wong sing nggawa tandhu sing nggawa kurban menyang Guwa Klumpit, pawongan sandhangan sarwa ireng bisa mabur sing mateni kanca-kancane sing dilumpuhne Rangga lan Marga, nganti tekan ketemu karo Gurawa sakancane lan dipungkasi klawan Marga sing wis kasil njiret durjana mau. Ki Demang manthuk-manthuk kasengsem karo kabeh sing dicritakne Bebaune loro kuwi. Ki Demang uga banjur bisa gawe dudutan yen tenane Rangga lan Marga kuwi dudu nom-noman sing sembarangan. Mula Ki Demang banjur takon nganggo basa sing alus, ora kaya pas ketemu sepisanan mau :

"Lha Anakmas Rangga tuwun Anakmas Marga punika kasatriyanipun wonten pundi?"

"Nuwun sewu Ki Demang" wangsulane Rangga sing uga ora kalah alus "kula kaliyan adhi kula punika, lare ingkang kleyang kabur kanginan tanpa dhangka ugi tanpa kayang, ingkang kula panggeni inggih ing gethek ingkang kula tumpaki, ingkang ebah nurut ilining toya bengawan".

"Makaten inggih Anakmas?" Ki Demang sansaya eram marang nom-noman loro neng ngarepe kuwi "samangke kula ngertos lan boten badhe nyuwun pirsa malih, angger kekalih punika nembe lelana nindakaken dhawuhing guru murih langkung sampurnaning ngelmu, harak makaten ta?".

"Sumangga anggenipun Ki Demang badhe mastani" Rangga wangsulan karo mesem, lega, dene Ki Demang ora nguber karo pitakonan sing aneh-aneh.

"Mila estu, menawi Angger kekalih mundhut pirsa prakawis Ki Jatikuning saha Paguron Banjarsemanggi dhumateng kula, punika sampun trep lan pas. Kula inggih sakalangkung matur nuwun dhumateng Angger kekalih ingkang paring kabar bilih wonten tiyang nyalawadi ingkang criyos bilih ing wanci purnama sasampunipun wulan punika, tiyang nyalawadi punika badhe nggebag perang dhateng Banjarsemanggi. Awit sejatosipun kula punika inggih kalebet, nadyan namung sakedhik nate nyecep ngelmu saking Ki Jatikuning" Ki Demang nerusne kandhane.

"Dados sowan kula mriki niki wau, estu kapasang yogi inggih Ki Demang?" Rangga nyela takon karo mesem seneng.

"Kenging kawastananan makaten Ngger" Ki Demang tumanggap alon "nanging gandheng wancinipun sampun langkung tengah dalu, kamangka taksih wonten padamelan sanes ingkang kedah dipun ayahi, kula kinten langkung prayogi menawi rerembagan punika kasumenekaken rumiyin, benjing kemawon dipun lajengaken".

"Inggih Ki Demang, kula ndherek kemawon ingkang dados kawicaksananipun ki Demang" wangsulane Rangga.

Ki Demang banjur dhawuh marang Bebau Kedhungori lan Kaliumprik, supaya marentahne para Jagabaya nglebokne Gurawa sakancane menyang Gandhok wetan lan dijaga. Yen wis wong-wong dikandhani supaya padha bali dhisik, sesuk wae bakal diklumpukne karo kabeh warga ing plataran kademangan saperlu nampa katrangan. Ki Demang uga mrentahne supaya nata gandhok kulon kangge leren Rangga lan Marga.

 

Ana Candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 14

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

14.

Wong sing sirah sak raine ditutup nganggo kain ireng, sing sikile dijiret nganggo upat-upat pecute Marga kuwi wis ora polah maneh. Wangune wong kuwi wis ngrasakne, samangsa polahe dinemenke mangka upat-upat sing mbanda sikile kuwi sansaya kenceng panjirete, lan sansaya lara rasane nganti tekan tembus neng jero balung kentole. Wong kuwi ya wis ora mbudidaya murih anggone mengkurep ngambung lemah bisa owah, jalaran saben-saben arep ngiringne awake, Marga nyendhal pecute sing ndadekne kaya pedhot rasane balunge.  Wusana wong kuwi mung bisa meneng ora obah-obah maneh. Rangga ngetokne tali tamparan saka lulup wit waru, banjur nyedhaki wong sing mengkurep ora bisa obah kuwi. Tangane loro pisan digeret, banjur dibanda nganggo tali tampar mau.

Sauntara iku wong-wong sing nggawa obor sansaya cedhak, lan nalika wong-wong kuwi weruh ana wewayangan sing ngadeg neng tengah dalan. Banjur nyuwara banter nakoni wewayangan kuwi :

"He.... sapa sing ngadeg ngadhang laku iki?" Ki Kaliumprik, ora pangling yen kuwi genah nek suwarane Ki Demang Kedhungtuwung. Dadi wengi kuwi, jebul Ki Demang dhewe sing nindhihi para Jagabaya lan Bebau nguber playune durjana kuwi.

"Kula Ki Demang, Bebau Kaliumprik" wangsulane Ki Kaliumprik seru "atur uninga, durjana sampun saged kapikut lan Ni Liyem saged kawilujengaken".

"Bagus" saka kadohan Ki Demang aweh wangsulan, prasasat mlayu lakune sansaya dirikatake. Nadyan mangkono, ana sawenehing nom-noman sing sajak ora sabar, banjur mlayu ndhisiki barisan sing dipandhegani Ki Demang kuwi, karo tangane wis ngliga pedhang.

"Kunthara, ngati-ati" Ki Demang mbengoki nom-noman sing wis ndhisiki laku kuwi. Nanging sing dibengoki babar pisan ora maelu. Malah sansaya dirikatake anggone mlayu nyedhaki papane Ki Kaliumprik ngadeg.

"Keparat jebul kowe Seger sing mancing neng buthekan kali he?" lagi wae tekan ngenggon nom-noman sing jeneng Kunthara kuwi takon karo nggetak Ki Kedhungori sing lagi mbudidaya murih Liyem sing lagi semaput bisa enggal bali eling "kebangeten tenan kowe Seger, kari ngenteni sesasi maneh wae, kowe wis ora sabar, malah nggege mangsa lan wani mancing ing butheking kali banjir".

"Sabar Kunthara" Ki Kedhungori semaur sareh "dudu sipatku tumindak kaya sing kok ucapne kuwi".

"Kowe arep selak?" Kunthara sansaya banter suwarane "bukti wis ngegla neng ngarep mata, nanging meksa kowe arep selak. Rasakna iki!".

Karo ngucap mangkono iku, Kunthara mencolot nyedhaki Ki Kedhungori karo ngarahne pucuk pedhange marang pernah dhadha. Ki Kedhungori sing ora ngira tekane bebaya kaget, nanging wis kasep, pedhange Kunthara wis ora bisa diendhani maneh. Wasana Ki Kedhungori mung bisa nggeblagne awake memburi sing ora pati akeh bisa nulungi saka panrajange Kunthara. Nanging dumadakan keprungu suwara :

"Trang......." pedhange Kunthara ucul saka tangan, Kunthara pringisan ngempet lara, epek-epeke krasa panas kaya nyeggol mawa sambi. Jebul Rangga sing luwih prayitna, nalika pucuk pedhange Kunthara kurang sakecu saka dhadhane Ki Kedhungori, teken Pring Kuning neng tangane Rangga luwih dhisik nyampluk pedhang kuwi saka iringan, ndadekne pedhang kuwi ucul saka gegemane sing nduwe.

"Sapa kowe he?" Kunthara kaget, karo ngempet larane isih kober mliliki Rangga, bocah nom-noman sing miturut panyawange Kunthara bocah nom lumrah sing durung akeh umure kuwi karo nggetak.

"Jenengku Rangga" wangsulane Rangga karo mripate mentheleng "ndika wis tumindak sembrana, Ki Kedhungori ora kaya sing kok dakwakake, aku karo wong-wong iki seksine".

"Sapa sudi percaya karo omonganmu he?" Kunthara wangsulan karo tangane obah arep mupuh sirahe Rangga.  Rangga dadi ilang sabare, tangane Kunthara disaut disendhal ngeget, Kunthara tiba mengarep,  sirahe ditadhahi nganggo dhengkule Rangga. Ora mung kuwi, tangane Kunthara sepisan maneh dicandhak banjur dipluntir memburi, ndadekne bocah nom sing wis kelaran kuwi mbengok-mbengok sambat .

Ki Demang sing teka bareng karo para Bebau lan Jagabaya Kademangan sarta para nom-noman Kedhungtuwung dadi kaget semu gumun weruh lan krungu bengok-bengoke Kunthara sing sambat kelaran.

"He Bau Kaliumprik, ya gene Kunthara kuwi? lan sapa nom-noman sing wani kurang ajar nglarani Kunthara kuwi?" Ki Demang karo suwara sereng nakoni Ki Kaliumprik.

"Nyuwun pangapunten Ki Demang" wangsulane Ki Kaliumprik "nembe kemawon wonten kedadosan salah tampa, antawisipun Adji Kunthara kaliyan Adhi Rangga miwah kula sadaya".

"Piye salah tampa? salah tampa bab apa? Sapa sing kok arani Rangga kuwi? lan sing kok karepake kula sadya kuwi sapa wae he?" Ki Demang Kedhungtuwung takon karo panggah suwara sereng.

"Adhi Kunthara ndakwa Ki Kedhungori ingkang nyidra Nini Liyem, kamangka Ki Kedhungori nembe mbudidaya murih Ni Liyem enget saking anggenipun semaput. Dipun wangsuli kanthi sae, Adhi Kunthara malah nyudukaken sabetipun dhateng dhadhanipun Ki Kedhungori, rahayunipun wonten Adhi Rangga, sabetipun Adhi Kunthara dipun thuthuk temah ucul saking gegeman. Upami boten wonten Adhi Rangga, kula kinten Ki Kedhungori sampun dumugining pejah kajojoh sabetipun Adhi Kunthara kala wau. Lajeng Adhi Kunthara duka dhateng Adhi Rangga, Adhi Rangga dipun tempiling, dipun tangkis lan kedadosanipun kados ingkang Ki Demang pirsani sak niki niki".

Ki Demang lagi ngerti dhudhuk-selehing perkara, banjur kandhane marang Kunthara :

"Sembrana kowe Kunthara, ayo enggal asok kaluputan marang  nom-noman sing jeneng Rangga kuwi".

Rangga banjur ngeculne tangane Kunthara. Kunthara, ndhingkluk kaweden, wedi kena dukane Ki Demang Kedhungtuwung. Banjur ngalih, klithih-klithih arep njupuk pedhange sing tiba ana sandhinge.

Ki Demang Kedhungtuwung , maju sajangkah nyedhaki Rangga, karo takon :

"Dadi Keng slira sing jeneng Rangga Ngger? Lha durjanane saiki ana ngendi?" .

"Lers Ki Demang" wangsulane Rangga alus "waunipun kula boten nyana bilih piyambakipun punika durjana, nanging nalika kula takeni kok mondhong lare estri wonten punapa? malah piyambakipun ngedalaken dedamelipun kangge mrawasa kula, rahayunipun kula boten ijen, nanging kaliyan adhi kula Marga, wekasan tiyang wau saged dipun jiret mawi upat-upat pecut dening adhi kula Marga, nika tiyangipun ingkang praupanipun dipun tutup mawi kain cemeng, lha ingkang nyepengi tanganipun punika adhi kula pun Marga".

"Aku banget nedha nrima marang anakmas Rangga lan Marga, sanadyan mbuh kepriye carane nyatane bisa nyekel durjanane lan bisa nylametne adhiku ipe si Liyem" Ki Demang kandha karo manggut-manggut "Lha kok Anakmas Rangga lan Marga bisa ketemu karo Ki Bau Kedhungori karo Ki Bau Kaliumprik iki mau critane kepiye?".

"Nuwun sewu Ki Demang" Marga genti sing aweh wangsulan "estunipun, taksih kathah prakawis-prakawis ingkang badhe kula aturaken dhateng Ki Demang saha ingkang badhe kula suwunaken pirsa dhateng Ki Demang, mbok bilih wonten sambung-rapetipun kaliyan icaling para prawan ing Kademanagan mriki. Awit saking punika, mbok bilih kaparengaken kula nyuwun rilaning penggalihipun Ki Demang nampi sowan kula ing dalem kademangan murih saged sekeca angen kula badhe matur. Jalaran, bares kemawon kajawi badhe masrahaken Durjana punika, kula inggih badhe nitipaken Durjana ingkang dipun pikut Ki Kedhungori miwah Ki Kaliumprik ing caketipun Guwa Klumpit satepining Bengawan ler mrika".

"Oh, iya-iya, nak mas" Ki Demang gurawlan aweh wangsulan "aku nyuwun pangapuramu sing mung mburu rasa kesusu selak weruh iki. Ayo saiki kabeh wae, bali menyang Kademangan kana".

Ki Demang banjur prentah marang para Jagabaya supaya Durjana sing kapikut bengi kuwi digawa menyang pakunjaran Kademangan, samono uga durjana sing dikandhakne Marga wis kepikut neng cedhake Guwa Klumpit kuwi mau.

 

ana candhake.

 

 

Sabtu, 11 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 13

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

13.

Rangga banjur ndudut tekene bongkotan pring kuning saka sing disengkelitne neng bangkekane. Nalika Gurawa arep tangi, tekene Rangga kuwi disabetne menyang watu item sasirah kebo gedhene  sing ana cedhak sirahe Gurawa, sakala watu item kuwi sumpyur dadi glepung. Bubar kuwi sikile Rangga sing kiwa dielih, ditumpangne wetenge Gurawa, mung ditumpangne ora dipidakne nganggo tenaga, dadi iya ora gawe larane sing ditumpangi. Gurawa kaget, ora sida tangi nanging tangane isih kober grayah-grayah peso sing disengkelit neng lempenge. Rangga tanggap apa sing arep ditindakne mungsuhe kuwi, tekene diobahne tangane Gurawa sing arep ndudut peso, dithuthuk alon-alon, Gurawa nggeget untu ngempet lara, ora sida ndudut pesone.

"Gurawa" kandhane Rangga karo mentheleng "tak kira sirahmu kuwi nek karo watu item sing neng cedhakmu mau, isih empuk sirahmu. Apa perlu tak buktekne ?"

Rangga ngangkat tekene arep disamplukne sirahe Gurawa.

"Sampun Raden......" Gurawa mbengok praupane dadi pucet, banjur embunge karo setengah nangis "kula tobat, kula nyuwun gesang".

"Apa aku kudu percaya marang omonganmu?" wangsulane Rangga karo sikil sing tumumpang neng wetenge Gurawa rada dientepne "nek tanganmu kuwi isih durung tak gawe cacad, mesthi nek ana kalodhangan bakal kokenggo nyawatne peso-pesomu sing wis kowenehi upas kuwi kanggo gawe cilakaku lan cilakane wong liyane".

"Boten Raden, mugi sineksenan kaliyan Kaki Dhanyang lan Nyai Dhanyang Kali Kikik mriki, kula saestu tobat lan boten badhe nglimpe andika Raden" wangsulane Gurawa karo suwara sing kedher semu ndredheg.

"Iya, yen ngono entenana sedhela karo glethakan dhisik" kandhane Rangga sing banjur mbengoki wong papat sing lagi karepotan merga ngendhani sabetan upat-uoat pecute Marga "hee.... wong papat andhahane Gurawa, iki Benggolanmu wis teluk, kowe wong papat melu teluk apa arep nekad?"

Marga sing uga weruh kahanane Gurawa sarta krungu pambengoke Rangga marang mungsuh sing diadhepi kuwi mundur sajangkah ngendheg olehe nyolahne pecute, aweh kalodhangan marang wong papat kuwi supaya mangsuli panantinge Rangga.

Wong papat sing wis kentekan tenaga lan gegere wis rojah-rajih mili getih merga kena sabetan upat-upat pecute Marga kuwi anjur padha nyelehne gegamane dhewe-dhewe, ndheprok neng lemah karo mangsuli :

"Kula kapok Raden, kula pasrah bongkokan dhumateng Raden".

"Bagus" wangsulane Rangga ditututi prentah "yen mangkono salah siji nyedhaka mrene karo copoten iketmu!".

Salah siji saka wong papat sing manggone cedhak dhewe karo panggonane Rangga, nyopot ikete banjur marani Rangga sing lagi ngidak Gurawa.

"Tangane Lurahmu kuwi bandanen memburi nganggo iketmu!" prentahe Rangga sawuse andhahane Gurawa kuwi lungguh neng cedhake.

Ora wangsulan wong kuwi banjur naleni tangane Gurawa nganggo ikete.  Sauntara kuwi srengenge esuk wis sansaya dhuwur olehe ngunggahi langit ing sisih wetan, disawang saka papan kono wis sagenter dhuwure.  Rangga banjur kandha marang Seger lan Lambang sing uga wis mara menyang cedhake :

"Wis wayahe awake dhewe nerusake laku Kakang, ayo budhal" .

"Mangga Adhi kula dherekaken" wangsulane Ki Kaliumprik karo arep mlaku marani Tandhu ditutne Ki Kedhungori neng mburine.

"Mengko dhisik Ki Bau" kandhane Rangga menggak wong loro kuwi.

"Inggih Adhi?" Ki Kaliumprik karo Ki Kedhungori mandheg karo noleh Rangga.

"Geni bedhiyang kae tulung ndika pateni luwih dhisik, kareben ora digondhol angin, banjur nuwuhake kobongan ing alas kene" wangsulane Rangga aweh prentah.

"Inggih Adhi" sing mangsuli Ki Kedhungori.

"Banjur nek uwis, kareben sedulur-sedulur andhahane Ki Gurawa iki ora ngantuk lan keturon neng dalan, wenehana gaweyan supaya nggenteni ndika wong loro mikul Tandhu kae nganti tekan Kedhungtuwung".

"Inggih Adhi" Ki Kedhungori wangsulan, banjur ngandhani wong papat andhahane Gurawa "nDika wis krungu dhewe ta Kisanak?".

"Nuwun sewu Raden?" dumadakan salah siji saka wong papat kuwi kandha karo nyawang Rangga "punapa kula sakanca kaparengaken cucul rasukan miwah reresik awak langkung rumiyin?"

"Iya ndika tak idini nyopot klambi sing wis getih thok kuwi lan reresik menyang kalen kuwi, nanging yen nganti ndika banjur padha mlayu, patohane gulu. Ngerti?".

"Inggih Raden" wong kuwi wangsulan. Rangga banjur takon lan prentah marang Ki Kaliumprik  "Ki Bau, tulung yen barang sing ndika klumpukne wingi ana klambi sing isih kena dienggo, ndika wenehne wong-wong kuwi kareben dienggo salin".

"Inggih Adhi" wangsulane Ki Kaliumprik banjur marani Tandhu, merga barang-barang sing dikarepake Rangga kuwi diselehne neng jero tandhu.

"Lan ndika kabeh" genti Marga sing kandha marang wong papat sing mau ngrubut dheweke "yen ndika rampung reresik, kareben tatu-tatu ing geger ndika sing tenane uga ora sepirowa kuwi ora dadi borok, padha tambanana nganggo bubukan neng bumbung iki".

Muni ngono kuwi Marga karo ngulungake bumbung cilik marang salah siji saka wong papat kuwi.

"Inggih Raden, ngaturaken genging panuwun".

Nalika srengengene wis sansaya dhuwur, wong papat lima Gurawa banjur ngetutne lakune Rangga lan Marga sarta Bebau loro saka Kedhungtuwung nyabrangi Kali Kikik,  nerusne laku. Mung Gurawa sing lakune rada  kewuhan, merga ora bisa lembehan. Tangane loro pisan dibanda nganggo iket, ditaleni neng mburi gegere.

Kaya sing dicritakne Bebau loro wingi kae, mungguh adohe Kademangan Kedhungtuwung sing arep diparani kuwi. Nalika wayah sepi bocah, rombongan cilik kuwi lagi teka ing dhukuh krajane Kademangan. Murih cepet, Bebau loro kuwi ngajak nggebal dalan, ngliwati lurung sidhatan sing sepi nanging luwih cedhak. Dumadakan Rangga lan Marga sing tansah ora ninggal kawaspadan, ndhisiki mlayu mengarep karo nggegem gegamane dhewe-dhewe, Marga nyekel pecute lan Rangga nyekel teken Pring Kuninge.

Nalika playune nom-noman loro kuwi oleh sapambalang ninggalne kanca-kancane, keprungu suwara jumlegur bola-bali. Suwara pecute Marga sing sajake digunakne kanggo ngadhepi mungsuh sing ngadhang lakune. Bebau loro sing uga kajibah ngawat-awati Gurawa sakancane, banjur ngatag sing diawat-awati supaya nyepetne lakune.

Sepira kagete Ki Kaliumprik luwih-luwih Ki Kedhungori, bareng wis kasil nusul lakune Rangga lan Marga sing ndhisiki maju mau,  kanthi dipadhangi oncor cilik sing lagi wae disumet, sawise tekan kono. Wong loro kuwi weruh ana pawongan sing kroncalan neng lemah, nanging ora bisa polah merga sikile sing siji dijiret nganggo upat-upat pecute Marga. Lan ing cedhake, gumlethak lungguh anteng tanpa daya, kanthi tangan dibanda, Liyem, prawan ayu adhine Nyi Demang sing uga pacangane Ki Bebau ing Kedhungori.

"Liyem........" ora sranta Seger mbengok karo marani prawan sing dadi bandan kuwi, banjur nguculi tampar sing kanggo naleni tangane Liyem. Sing disebut jenenge ora wangsulan, isih katon lemes, mung saka mripate katon wis banjir luh bening mili nelesi pipine.

Dumadakan saka arah sing arep dituju Rangga sakancane, ana suwara rame-rame lan obor pirang-pirang sing sansaya caket marani papan kuwi. Ki Kaliumprik tanggap, banjur maju mengarep ngadeg jejeg karo nyekeli keris ligan, arep mapagne sing arep teka. Ki Kalumprik duwe pangira, yen sing rame-rame mara kuwi wong-wong Kedhungtuwung sing lagi nguber durjana.

 

ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 12

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

12.

Gurawa aweh sasmita marang kanca-kancane supaya bareng maju nyedhak, pengarepe wong papat kuwi ora kepengin mbaleni tumindak sembrana, sawuse mau kaplokane bisa ditangkis Rangga, sanajan satemene Gurawa uga duwe pangira yen anggone Rangga isa mluntir tangane lan njorogne memburi mau sebab andilalah. Kanca-kancane Gurawa padha mencolot maju, karo ngliga gegamane dhewe-dhewe. Siaga arep ngrampungi wong papat sing dianggep wis dadi mungsuhe kuwi.

Weruh Gurawa wis siaga ngajak kerengan, Rangga mesem semu ngece.

"Aku saiki ngerti sapa satemene ndika kuwi Ki Gurawa" kandhane Rangga tanpa nuduhake sikep siaga arep kerengan.

"Ngerti kepiye sing kok karepake Rangga?" pitakone Gurawa karo panggah siaga arep ngrangsang.

"nDika kuwi, senadyan dadi benggol kecu, nanging benggol kecu sing mendho tur ora duwe rasa pangeman marang kancane dhewe" wangsulane Rangga karo ngguya-ngguyu nganyelake ati "iki wektune isih esuk, ndika wis mrentah andhahan ndika supaya kerengan, ndika ora weruh apa api-api ora ngerti yen wong papat andhahan ndika kuwi isih kesel campur ngantuk? Mung benggol sing pekok sing mrentah wong ngantuk lan kesel supaya maju perang. Apa pancen ndika neja arep mblusukne andhahan ndika supaya padha mati kabeh?".

"Keparat kowe Rangga, bocah wingi sore wae wis duwe lambe landhepe ngungkuli pucuking pedhang. Kareben kowe mengko ora getun, mara enggal siaga, bakal tak suwek lambemu sadurunge tak tugel gulumu neng pinggir kali Kikik iki" Omong ngono Gurawa karo maju nyedhaki Rangga, klawan tangan sing wis nggegem gagang golok sing gedhe, kanca-kancane melu nyedhak arep ngrubut Rangga. Rangga mundur rong jangkah karo panggah katon ora siaga apa-apa.

"Goblog" Gurawa nggetak andhahane "munyuk cilik iki cukup tak rampungane dhewe, bageyanmu ngethok gulune wong telu liyane sing wis kentekan getih saking wedine kae!".

Rangga ngguyu kepingkel-pingkel krungu tembunge Gurawa sing nyrengeni andhahane kuwi.

"Eman, esuk iki aku isih aras-arasen tukaran Ki Gurawa" kandhane Rangga, banjur noleh marang Marga karo ngongkon "Marga? Pecutmu kok gawa ta? iki ana gaweyan kanggo kowe, gusahen bocah brandhalan lima iki, ben ora ngganggu anggonku karo Kakang Seger lan Kakang Lambang api-api manggang awak neng ngarep bedhiyang".

Bubar muni ngono Rangga mencolot nyedhaki bedhiyang nusul Ki Kaliumprik lan Ki Kedhungori sing wis suda rasa wedine. Karo sajak aras-arasen Marga ora ngucap apa-apa, Marga nglolos cemethi saka bangkekane, banjur mlaku myedhaki wong lima sing dipandhegani Gurawa.

"Gurawa mumpung durung tak slenthiki kupingmu, kana enggal tinggalna papan kene" kandhane Marga sawuse cedhak neng ngarepe Gurawa.

"Kenyung Iblis keparat" Gurawa misuh-misuh banjur aweh sasmita marang kanca-kancane supaya bareng ngebyuk Marga sing wis siaga karo pecut neng tangane.

Wong papat bareng maju, karo gegaman pedhang sing gedhe-gedhe arep ngremuk Marga sing mung ijen, wong papat kuwi ngira yen Marga sedhela maneh kejet-kejet neng lemah adus getih merga kena gegaman sing arep ditamakne. Nanging wong papat andhahane Gurawa kuwi kecelik, lakune dadi kandheg, dumadakan Marga nyeblakne pecute menyang awang, nuwuhake suwara jumlegur kaya suwarane bledheg nyamber mangsane. Ditututi obahaning pecut sing nglabeng nyander-nyander kaya kaya solahe ula sing arep nguntal mangsane. Nanging wong papa  andhahane Gurawa kuwi dudu kecu sing lagi ajaran wingi sore, wis suwe wong-wong kuwi melu Gurawa golek sandhang pangan sarana mrawasa pepadhaning manungsa. Mula ora suwe sabanjure neng pinggir kalen cilik kuwi dumadi kalangan paprangan, wong papat sing wis baud nyolahne gegaman ngadhepi Marga sing mung ijen lan gegaman pecut.

Sauntara iku, saka pinggir bedhiyang Ki Kaliumprik lan Ki Kedhungori wis ilang babar pisan rasa wedine marang Gurawa sakancane. Wong loro kuwi ketok seneng atine weruh anggone kekerengan antarane Marga lan andhahane Gurawa. Kaya-kaya peperangan sing kurang-kurang bejane bisa nuwuhake rajapati, dening wong loro kuwi mung dianggep tontonan adu watangan neng sawah sawuse rampung panen ing adicara metri desa. Mula ora nggununake, bola-bali wong loro kuwi keplok-keplok aweh panggunggung marang jagone. Rangga sing uga ngerti solahe wong loro kuwi dadi ngguyu lucu.

Saka papan liyane, Gurawa sing nguwasi lakune paprangan, bola-bali misuh dhewe. Misuhi andhahane sing dianggep ora becus maca obahing mungsuh lan ora becus migunakake kalodhangan sing ana, yaiku rikalane mungsuhe lena. Sansaya suwe nyawang, atine Gurawa sansaya kebranang. ora ana tandha-tandha andhahane bisa mrantasi gawe, malah kepara Gurawa krungu suwara pisuh disartani sambat pangadhuh saka lambene andhahane, kesenggol upat-upat pecute Marga. Ambak-ambak upat-upat kuwi mung digawe saka lulup kayu waru sing ditampar keker karo lulupan kayu bulu, ewa samono nalika pecut diseblakne lan upat-upat kuwi nyenggol bisa nuwuhake tatu, nadyan ora pati jeru nanging wis bisa ngilekne getih saka raga.  Wong papat andhahane Gurawa kuwi kabeh wis ketaton gegere, klmabi sing dienggo wis ketok mlerah abang, awit dayane getih sing mili saka tatune carub lan kringet sing kaya diperes metu saka sarandhuning awake.

Beda karo Ki Kaliumprik lan Ki Kedhungori sing ora kedhep nggone ngulati tarunge Marga sing rumangsane kaya tandange manuk wulung sing lagi nemu susuhing ula bandhotan. Mripate Rangga ora kedhep tansah ngulati samobah musike Gurawa, sing sajak pantes disujanani. Karo ora uwal anggone ngulati Gurawa, Rangga ngraup krikil sing gedhene sabawang-bawang lanang, oleh saraupan banjur ditadhahi nganggo jarite, diseleh ana pangkone.

Sauntara iku Gurawa wis dadi tipis pangarep-arepe anggone bisa ngrebut barang sing digawa Rangga sakancane, malah kancane papat sing ngrubut Marga sansaya suwe sansaya katon kendho tandange, wis adoh ketleyek mundur. Ora ana sing bisa dijagakne bisa gawe rubuhing Marga, kabeh mung padha mikir kepiye bisane slamet saka sentupaning pucuk upat-upat cemethine Marga. Dumadakan tangane gurawa ngrogoh kanthong gedhe sing taline disampirne neng pundhake. Tangane kiwa dilebokne lambene, banjur ngunekne suwara panyuwit, ditututi tangane tengen nyawatake peso cilik pirang-pirang diarahne marang Marga, sing katungkul njogetne pecute kanggo ngajar mungsuh-mungsuhe. Nanging Rangga ora kurang cepet obahe, nom-noman sing wiwit mau wis bisa maca apa sing arep ditindakne Gurawa iku, ora gantalan wektu karo lumepase peso-peso cilik saka tangane Gurawa, saka tangane Rangga uga ucul krikil-krikil cilik sing mau diselehne ing pangkone.

"Cring....cring.... cring........".

Peso-peso sing disawatne Gurawa ora ana sing tekan ngenggon, kabeh runtuh ketatap krikil-krikil sing disawatne Rangga. Gurawa kaget, babar pisan ora ngira yen pesone bisa diruntuhne, nanging Gurawa ora kober nerusne kagete, merga kanthi trengginas Rangga mencolot, nyedhaki. Sikile Rangga disrampangne menyang sikile Gurawa. Ora kober endha, Gurawa tiba krengkangan neng lemah. Gurawa mencolot tangi, nanging Rangga wis sumadiya karo sadhukan ngarah dhadha kanggo mapagne tangine Gurawa. Sakala Gurawa njerit, balung igane krasa padha putung kena sikile Rangga. Gurawa bali tiba krungkeb banjur nekemi dhadhane karo misuh-misuh ora karuwan.

 

ana candhake.

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...