Total Tayangan Halaman

Jumat, 17 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 24

 



24.

Pranyata petanganipun Ki Demang ingkang kadhawuhaken dhateng Kunthara punika dados kanyatan. Sanadyan boten nungkul, Ki Pujud boten nglajengaken anggenipun mangun Kraman. Piyambakipun milih lolos nilar Kademangan Kedhungtuwung, miturut pawartos ingkang nate kapireng, Ki Pujud samangke lenggah dhateng panggenanipun ingkang Paman ingkang jumeneng Demang, ing Karangbening. Titiyang Kedhungtuwung ingkang suwaunipun ndherek dados wadya Kraman dening Ki Demang kaparingan pangaksami, mawi prajanjen boten badhe mangsuli anggenipun sampun tumut ngraman dhateng parentah ingkang sah.

Sasampunipun Kedhungtuwung lepas saking dahuru, Kunthara boten tumut gurunipun wangsul dhateng Bulakbadher, nanging nembung dhateng Ki Demang murih kaparengaken cumondhok ing Kademangan Kedhungtuwung mriki, ngiras pantes badhe ndherek mikuwati tataning prajurit Kademangan, sanaosa boten kalebetaken dados Prajurit ingkang saestu.  Dening Ki Demang Kunthara kadamelaken griya ingkang mapan ing siti Kademangan, minangka tedha kaparingan siti garapan, ngelong siti bengkoipun Ki Demang.

Kunthara nyata tiyang ingkang wasis mangun sarawungan, ketitik para warga ugi kathah ingkang sami remen kekancan kaliyan Kunthara. Ing sabareng reh, ingkang magepokan kaliyan gesang bebrayan Kunthara ketingal sae, rokan punapa dene gugur gunung piyambakipun tansah tumut malah kepara manggen ing ngajeng. Pramila boten aneh menawi kathah ingkang sami remen tuwin asih dhateng Kunthara. Namung kemawon, sajakipun Ki Demang tuwinpara Bebau lan Jagabaya taksih emut kaliyan punapa ingkang nate dipun wadulaken dening Sangkan lan Paran nalika ngayahi wajib memanuki Ki Kahastha lan Kunthara rumiyin.  Langkung-langkung nalika ing sawijining dalu, Ki Bebau Krajan kanthi boten dipun sengaja mireng reraosanipun Ki Bulakbadher kaliyan Kunthara ing griyanipun Kunthara. Nalika samanten Ki Bebau badhe wonten perlu sakedhik kaliyan Kunthara, nanging nalika Ki Bau tindak murugi griyanipun Kunthara, griya punika ketingal petengan, dilahipun boten dipun sumet. Punika nedahaken menawi Kunthara nembe boten wonten ing griyanipun, Ki Bebau boten lajeng wangsul, malah mapan lenggah ing lincak ingkang wonten ing emperaning griya.

"Kuwi aku banget nyarujuki Kunthara" dumadakan Ki Bau mireng suwanten saking lebet griya, Ki Bebau boten supe bilih ingkang gadhah suwanten makaten punika nenggih Ki Kahastha gurunipun Kunthara "yen kowe bisa  ngrabeni Liyem, ateges kowe bisa mbukak dalan kanggo luwih cedhak marang Ki Demang, merga kowe bakal dadi pripeane Panjer".

"Inggih Bapa" wangsulanipun Kunthara "nanging nalika kula reraosan kaliyan tiyang-tiyang ing mriki, ngrembag bab punika, kabaripun Liyem punika sampun kapacangaken kalian Seger ingkang samangke nglenggahi bebau ing Kedhungori".

"Yen ngono, kudu dibudidaya murih pepacangan kuwi bisa pethal" Ki Kahasta wicanten malih.

"Menawi kula rebat mawi cara satataning tiyang jaler kados pundi Bapa?" Kunthara pitaken dhateng gurunipun.

"Kowe arep nekani Seger banjur Seger kok tantang gelut? nek Seger kalah Liyem kok jaluk supaya dadi pacanganmu ngono ?" Ki Bulakbadher malah gentos pitaken.

"Inggih Bapa? Kula pitados Seger boten badhe mimpang mengsah kula" wangsulanipun Kunthara kepireng dening Ki Bebau Krajan sajak ngremehaken dhateng ingkang dipun raosi.

"Kuwi mengko, yen wis ora ana dalan liya"  Ki Kahastha mangsuli rembagipun Kunthara "nek cara kuwi kok cakne saiki, ora becik dadine. Wong-wong bakal akeh sing alok, kowe wong sing dumeh duwe kaluwihan banjur kok enggo nyenyahak darbeking liyan".

"Punapa wonten cara sanesipun Bapa?" Kunthara taken malih.

"Akeh" wangsulanipun Ki Kahastha kalih gumujeng alon "wong wadon gelem dirabi wong lanang kuwi, sing akeh mung sabab : siji wong lanange duwe rupa bagus, loro duwe kaluwihan kapinteran, telu duwe kalungguhan, lan papat wong lanange kasinungan bandha sing akeh. Kamangka miturut panyawang lumrah, kowe karo Seger kuwi isih bagus kowe, isih pinter kowe, isih digdaya kowe mung wae kowe kalah ing babagan kalungguhan lan bandha donya, merga Seger kae marisi bandhane wong tuwane sing biyen bebau ing Kedhungori".

"Lajeng kados pundi Bapa?" Kunthara sumela taken dhateng gurunipun.

"Aku arep api-api ora ngerti yen Liyem kuwi wis dipacangake karo Seger" wangsulanipun Ki Bulakbadher "kapan-kapan Demang Kedhungtuwung tak paranane, adhine ipe tak tembunge nek arep tak jodhokne karo kowe. Sauntara iku, omah iki dandanana sing becik, bandha donya ing Bulakbadher usungana mrene, tuduhna marang wong-wong ing Kedhungtuwung yen kasugihane Seger Bebau Kedhungori kuwi ora ana apa-apane yen ditandhing karo keduwekane Kunthara. Banjur umukna marang kanca rowangmu ing Kedhungtuwung kene, yen kowe arep tak wisuda dadi pangarsane wong-wong sing ngayom lan manggon ing kukuban Paguron Bulakbadher".

"Makaten Bapa?"

"Iya, kanthi mangkono mbok menawa bisa ndadekne Liyem lan kulawargane malih dadi kepencut marang kowe sarta banjur murungake anggone pepacangan karo Seger".

"Inggih Bapa, kula sakalangkung mathuk kaliyan eguh saha pratikelipun Bapa ingkang makaten punika".

"Nanging kowe kudu eling" Ki Kahastha nglajengaken anggenipun wicanten "Kowe ora kena kekudhung kembene wong wadon, kalebu kembene Liyem. Kowe gelem ngrabeni Liyem kuwi ora jalaran kowe wis kesandhung rasa gandrung marang Liyem, nanging anggonmu ngrabeni Liyem kuwi, merga kowe mbutuhake ancik-ancik sing kena kok enggo pancadan kanggo mencolot ing papan sing luwih dhuwur maneh".

Ki Bebau Krajan ingkang manggen ing emper, saged mireng sedaya ingkang dipun rembag dening Ki Kahastha kaliyan Ki Kunthara ingkang makaten punika. Ki Bebau Krajan, nunten kanthi sesidheman nilaraken griyanipun Ki Kunthara, kanthi manah sakalangkung boten sekeca. Ki Bebau lajeng mlampah dhateng Kademangan, badhe ngaturaken sedaya ingkang dipun pireng dhateng Ki Demang.

Sasampunipun Ki Demang midhangetaken sadaya aturipun Ki Bebau Krajan, ing dalu niku ugi, lajeng nimbali Bebau lan Jagabaya tuwin prajurit ingkang pinilih supados mlempak ing dalem Kademangan. Para-para ingkang pinilih punika nunten kadhawuhan reraosanipun Ki Kahastha miwah Kunthara ingkang dipun mirengaken Ki Bebau Krajan kala wau. Ing Sarehne punika kalebet wewadi ageng, boten sedaya bebau lan Jagabaya tuwin Prajurit ing Kademangan dipun keparengaken ngertos. Cekap ingkang wonten ing mriku kemawon, lan boten kenging katularaken dhateng tiyang sanes kalebet dhateng kulawarganipun. Andilalah nalika samanten kula nembe kajibah jagi ing dalem Kademangan, satemah kula katut kalebet ingkang mangertosi wewadi punika.

Salajengipun, sampun kados ingkang adhi kekalih sumerepi, sampun antawis tigang wulan punika, Kademangan Kedhungtuwung wonten kedadosan ingkang ngeres-eresi manah. Inggih punika kedadosan icalipun prawan-prawan lan rumaja putri ingkang kadhusta dening durjana lan kabekta mlajar duka dhateng pundi purugipun. Para bebau lan jagabaya ingkang mangertos bilih estunipun Kunthara punika tiyang ingkang nyingidaken gegayuhanipun ingkang sakalangkung inggil, sami bisik-bisik reraosan, sami nggadhahi panginten ingkang sami, inggih punika Kunthara punia gadhah sesambetan kaliyan Durjana ingkang mlajengaken prawan-prawan kala wau. Nanging kuciwanipun titiyang kala wau dereng gadhah bukti utawi titikan kangge ngleresaken pandakwanipun dhateng Kunthara. Andilalah, kala dalu punika sasampunipun Adhi Marga saged nyepeng Durjananipun, Kunthara sampun nindakaken kalepatan kaping kalih. Ingkang satunggal badhe ndhawahaken pandakwa bilih ingkang nyidra Nini Liyem punika Ki Kedhungori, kaping kalih sampun mejahi Durjana ingkang dereng saged dipun takeni dening Ki Demang ing sangajenging pradhata Kademangan. Lha enjing punika malah damel kalepatan malih, kanthi badhe meksa ngracuni bebandan kalih ingkang kula tengga. Tujunipun Adhimas kekalih nunten dhateng lan Adhi Rangga sampun saged ngonangi racun ingkang dipun beta dening Kunthara niki wau".

"Iya Kakang" Rangga banjur aweh tanggapan marang kabeh sing dicritakne Prajurit kuwi "kedadeyan esuk iki becike, ora usah ndika critakne marang sapa wae, kajaba marang Ki Demang. Mengko yen ndika arep ngaturake bab iki marang Ki Demang, aku karo adhiku Marga bakal melu ngancani ndika wong sakloron".

"Inggih Adhi".

 

ana candhake.

Kamis, 16 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 23

 


23.

Inggih wiwit punika putranipun Ki Jatikuning sakembaran lajeng kempal sapasanggrahan kaliyan Ki Bulakbadher miwah Ki Kunthara. Nem-neman kalih punika saged mangertosi punapa ingkang dipun lampahi punapa dene ingkang dipun rembag dening Ki Bulakbadher kalihan Kunthara nalikanipun wonten tiyang sanes ingkang mirengaken. Lan sadaya ingkang dipun sumerepi dening Sangkan saha Paran tartamtu badhe dumugi dhateng Ki Jatikuning miwah Ki Demang. Lan pranyata estu punapa ingkang dipun kuwatosaken dening Ki Demang, Ki Bulakbadher saha Kunthara anggenipun malik tingal punika, boten awit ngrumaosi bilih sadangunipun punika lekasipun lepat. Nanging awit wiwit kapisanan, lekas saha sedyanipun Ki Kahastha miwah siswanipun punika mila namung badhe pados andha kangge nginggahi tataran ingkang langkung inggil malih. Mila dupi Ki Bulakbadher mireng bilih Ki Demang Kedhungtuwung badhe pikantuk bebantu kekiyataning prajurit saking Banjarsemanggi, daya-daya ki Bulakbadher lan Kunthara malik tingal, lajeng anggolong dhateng ki Demang. Awit miturut petangipun Ki Pujud saha sedaya panyengkuyungipun badhe lebur kalindhes agenging kekiyatan Kademangan ingkang dipun bantu dening Padhepokan Banjarsemanggi.

"Kunthara" tuturipun Ki Kahastha dhateng siswanipun ingkang kober kapireng dening Sangkan lan Paran ingkang api-api sampun angkler anggenipun tilem "kowe kudu ngerti yen satemene mungguhing awake dhewe, Panjer apa dene Pujud lan kabeh para rowange, kuwi padha wae. Jalaran endi sing menang, kuwi mbesuk sing bisa kanggo pancikanmu  kanggo ngranggeh kamukten sing wis tau tak critakne kae. Ngerti?"

"Inggih Bapa" wangsulanipun Kunthara "sedaya dhawuhipun Bapa boten badhe ical saking pangeling-eling kula".

"Mula aja nganti katon tidha-tidha nggonmu tumandang, sesuk tuduhna marang wong Kedhungtuwung lan wong Banjarsemanggi yen kowe nyata wong sing kena dipercaya lan pantes dadi piyandel tumrap Kademangan Kedhungtuwung. Nadyan kowe wis tau dadi panyengkuyunge Pujud nggone musuhi sedulur tuwane iki, nanging aja nganti ana rasa ewuh pakewuh ing sajroning atimu. Kowe kudu mentala gawe pepati sing saakeh-akehe ing golonganing Pujud, sokur bage yen kowe bisa nugel gulune Pujud lan sirahe kok pamerne marang Panjer" tuturipun Ki Kahastha salajengipun.

"Inggih Bapa" Kunthara namung wangsulan cekak.

Ing dinten candhakipun, wadya bala kraman ngedali jurit malih. Menawi ing dinten-dinten saderengipun kekiyatan antawisipun wadya kraman ingkang dipun pandhegani Ki Pujud kaliyan wadya bala Kademangan katingal meh imbang malah kepara wadya kraman radi unggul sakedhik. Ing dinten samangke lampahing perang dados benten, inggih labet saking wontenipun bebantu saking Banjarsemanggi, kawewahan kalih Ki Bulakbadher saha Kunthara ingkang malik tingal, nalika lampahipun surya nadyan dereng serap ing imbang kilen, sampun kapireng suwantenipun tengara bendhe saking barisanipun Ki Pujud, bilih para wadya kaparentah mundur wangsul dhateng pasanggrahanipun ing Durenan. Dupi sumerep wadya kraman sampun katarik mundur, Ki Demang ingkang jumeneng minangka senapati agung Kademangan ugi nunten dhawuh nabuh tengara murih prajurit kademangan mandheg saha ndhawuhaken supados paring pitulungan dhateng para prajurit ingkang nandhang tatu ing paprangan. Inggih Prajurit Kademangan ugi Prajurit Kraman sedaya kedah dipun ramut, murih enggal pikantuk usada. Makaten ugi tumrap prajurit ingkang kapeksa gugur, pejah ing palagan supados dipun klempakaken lan karukti samesthinipun.

Anyarengi para prajurit Kademangan sami nglempakaken para-para ingkang sampun pejah punapa dene ingkang nandhang tatu, para Bebau, Jagabaya miwah pangarsaning bregada sami rerembagan kaliyan Ki Demang lan para sesepuh, tuwin para senapatining prang.

"Sajake Pujud sakancane wis rada adoh nggone padha ninggalne palagan, sanadyan temene srengenge isih rada dhuwur" Ki Demang miwiti pangandikanipun.

"Inggih Ki Demang" Ki Bebau ing Dhusun Krajan matur minangka wangsulan dhateng pangandikanipun Ki Demang "pranyata awit pambiyantunipun Ki Jatikuning lan para warga Banjarsemanggi estu saged malik lampahing perang, kamangka dinten niki wau Ki Pujud ugi nampi pambiyantu saking Karangbening sasampunipun kendel kalih dinten boten ngedali jurit".

Mireng atur wangsulanipun Bebau Krajan ingkang semunipun langkung ngalembana dhateng kekiyataning pambiyantu saking Banjarsemanggi makaten kala wau, Ki Bulakbadher ketingal nglirik siswanipun kaliyan mesem sajak kanthi esem ingkang ngremehaken dhateng ingkang nembe kemawon matur dhateng Ki Demang. Ki Bulakbadher lajeng mawi kedheping mripat asung sasmita dhateng Kunthara murih matur dhateng Ki Demang. Kunthara tanggap kaliyan sasmitaning gurunipun, mila lajeng matur kanthi suwanten ingkang radi dipun serokaken :

"Nuwun sewu Ki Demang, punapa kula kaparengaken matur?".

"Sapa wae bisa ngandhakne sing dadi uneg-uneging atine Kunthara, waton kanggo kabecikane Kedhungtuwung. Jer kabeh sing ana kene iki duwe lekas kang padha yaiku murih rahayune Kedhungtuwung saka pangrusuhe Pujud lan kanca-kancane" wangsulanipun Ki Demang ugi kaliyan suwanten ingkang saged kapireng saking katebihan.

"Matur nuwun Ki Demang" Kunthara nglajengaken aturipun "mila estu, ing dinten punika prajurit Kademangan saged kawastanan sampun ungguling yuda, katitik nadyan dereng serap surya wadya bala kraman sampun langkung rumiyin mundur. Nanging, mugi kauningan Ki Demang lan para sedherek sedaya, sanaosa makaten kedah dipun emuti bilih paprangan punika dereng rampung, awit Ki Pujud dereng ngaturaken tandha panungkul. Dados duka benjing duka benjingipun malih prajurit kraman tamtu badhe wangsul mriki malih".

"Kuwi wis tak pikirake Kunthara" wangsulanipun Ki Demang "dadi tak jaluk marang kabeh para Jagabaya lan Para Bebau sarta para senapati tak jaluk padha ndhawuhake marang para prajurit sing dadi andhahane supaya tetep ing kawaspadan lan aja nganti ninggal kaprayitnan".

"Estunipun kala wau taksih wonten kalodhangan ingkang sae , nanging emanipun Ki Demang kesesa nuruti pikajengipun mengsah, temah kalodhangan ingkang sae kala wau inggih nunten ical tanpa tilas" dumadakan Kunthara matur semu nglepataken dhateng lekas ingkang katindakaken Ki Demang minangka senapati agung.

"Kalodhangan sing endi sing kok karepake Kunthara? Lan merga saking rasa kesusuku, awake dhewe banjur kelangan kalodhangan sing mungguhmu banget ing pangajine mau, coba kandhakna dadi sesuk maneh aku bisa mareni rasa kesusuku sing bisa gawe kapitunane wadya Kedhungtuwung".

"Nyuwun pangapunten Ki Demang" Kunthara matur kaliyan mesem "mesthinipun, nalika kapireng bendhe tengara mundur saking pabarisaning mengsah, Ki Demang boten perlu lajeng paring sasmita murih wadya Kademangan ngendeli anggenipun perang. Malah mesthinipun Ki Demang dhawuh murih bendhe katitir langkung seru, dados prajurit kraman boten saged mundur kanthi sae lan saged dipun tumpes sedaya, Kanthi makaten paprangan saged rampung dinten niki wau".

Para Bebau lan Para Jagabaya sarta para senapati kathah ingkang sami grenengan kaliyan kanca ing sacaketipun. Racak-racak sami ngleresaken pamanggihipun Kunthara ingkang makaten kala wau. Nanging ugi boten sakedhik ingkang kendel kemawon, malah wonten ingkang nyebekaken lathinipun kaliyan mbatos maiben dhateng Kunthara ingkang kaanggep sampun kaduk wani kirang dedugi, temah kumawantun maiben dhateng kawicaksananing sang senapati agung. Pirembagan ing madyaning tilas palagan lajeng dados radi kosek.  Nanging Ki Demang nyata kagungan pamanggih ingkang langkung sae, temah saged ndadosaken pamanggihipun Kunthara ingkang makaten kala wau, ketingal cetha ing lepatipun.

"Apa sing sira kandhakne iku mau ana benere Kunthara" pangandikanipun Ki Demang, para ingkang sami greneng-greneng ugi lajeng sirep "nanging aku luwih eling manawa paprangan iki, paprangan mungsuh dhengkul dhewe, dudu mungsuh wong liya. Mungguhku yen awake dhewe bisa menanga pisan, ora oleh kukuban apa-apa lan tetep nandhang kapitunan. Awake dhewe bakal kelangan akeh sanak sedulur dhewe sing gugur dadi kurbaning paprangan. Anggonku ngendheg supaya prajurit kademangan mandheg ora nerusne mbujung mundure Pujud sakancane, iku wujud pambudidaya murih ora sansaya akeh warga Kedhungtuwung sing dadi kurban, iya warga sing manunggal karo Pujud iya warga sing tetep setya marang aku. Lan kudu padha dingerteni, sing wenang ngowahi mobah mosiking atine titah kuwi mung Gusti Sing Maha Wicaksana, tata gelar aku ngumbar Pujud mundur,nanging sajroning atiku aweh kalodhangan marang Pujud lan kanca-kancane supaya nggagas tuna bathine olehe wis padha mangun kraman iki, mbok menawa ing kono mbarengi  tekaning pitulungaNe, Pujud sakancane banjur mosik pikire temah ngrumangsani ing kaluputane, banjur bali marang jati dhirine maneh, kaya lekase Ki Bulakbadher lan sira Kunthara sing dina iki wis gelem manunggal karo warga Kedhungtuwung sing tetep setya marang paugeraning Kademangan".

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 22

 


22.

Prajurit loro sing duwe jejibahan nunggu Kartagentho karo Jayaglegek, kuwi siji lan sijine padha inget-ingetan. Naluri kaprajuritane ngandhakne yen nom-noman loro iki nyata yen prajurit sandi, sing lagi nindakne kuwajiban. mBuh saka Mataram, mbuh saka Madiun. Sing cetha lagi ngulat-ulati kahanane Kademangan Kedhungtuwung kono. Ora mung ngulat-ulati wae, nanging uga bakal mbrastha para-para sing arep gawe kisruhing bebrayan agung.

"Punapa ingkang kedah kula cariyosaken Adhi?" Prajurit kuwi takon sawuse sauntara ora guneman.

"Iya, wiwit tekane Kunthara menyang papan kene mau, wiwit sadurunge aku karo Marga teka, nganti bumbunge sing keri sing jarene isi jamu mau" wangsulane Rangga "sokur-sokur yen ndika uga bisa nyritakne sapa satemene Kunthara kuwi mau".

"Inggih Adhi" Prajurit kuwi wangsulan banjur meneng sedhela, sajak nglumpukne pangeling-eling sing bisa dicritakne marang Rangga lan Marga, luwih-luwih magepokan karo tembunge Rangga sing keri dhewe, sing kepengin ngerti sapa sejatine Kunthara kuwi.

"Rumiyin nalika Ki Pujud madeg kraman dhateng Ki Demang" Prajurit kuwi miwiti crita "Kajawi dipun sengkuyung dening kulawarga saking Nyi Demang sepuh ingkang angka tiga, Ki Pujud ugi dipun dombani dening Ki Kahastha, pangarsaning Paguron Bulakbadher. Salah satunggal siswanipun Ki Bulakbadher inggih ingkang nama Kunthara kala wau.

Suwaunipun Ki Demang sawadya-balanipun ugi kenging sinebat radi kethetheran ngadhepi kramanipun ingkang rayi piyambak, inggih Ki Pujud, ingkang mangasrama ing Dhusun Durenan sa wetanipun Kedhungtuwung mriki. Mila Ki Demang nyuwun bebantu dhateng Ki Jatikuning ingkang ngesuhi Padhepokan Banjarsemanggi, kaleresan Ki Demang punika jaman timuripun nate puruita ing Padhepokan Banjarsemanggi mrika.

Angleresi badhe dumuginipun bebantu saking Banjarsemanggi, tanpa kadenangan dening Ki Pujud lan ugi boten kasumerepan dening para Jagabaya lan Bebau ing Kedhungtuwung. Ki Bulakbadher kaliyan Ki Kunthara manggihi Ki Demang ing Kedhungtuwung. Ki Bulakbadher matur dhateng Ki Demang bilih piyambakipun kaliyan Ki Kunthara ngrumaosi sampun klintu ing pamilih ing babagan rebat pnguwaos ing Kedhungtuwung punika. Klintu pamilih awit anggenipun sampun pitados kaliyan rembagipun Ki Pujud. Samangke Ki Bulakbadher sampun mangertos bilih ing prakawis punika ingkang leres inggih Ki Panjer. Pramila Ki Bulakbadher miwah Ki Kunthara matur bilih badhe malik tingal gantos nyengkuyung Ki Demang Kedhungtuwung.

"Apa wis ndika pikir kanthi wutuh Ki Kahastha?" tumanggapipun Ki Demang nalika samanten "ndika ngersakne nyawiji karo aku lan para kawula ing Kedhungtuwung kuwi mesthi ana sing ndika purih. Kamangka yen dahuru ing Kedhungtuwung kene kuwi wis rampung, lan ndelalah kersaning Gusti pinesthi aku akanca sing unggul ing yuda, ora ana sing bisa dak aturake marang Ki Kahastha miwah Kunthara, minangka pepulih awit anggon ndika wis melu labuh marang Kedhungtuwung kene. Iya sing wujud lemah palungguh apa dene kalenggahan minangka sapukawat lakuning parentah ing Kademangan kene".

"Nyuwun pangapunten Ki Demang" atur wangsulanipun Ki Bulakbadher dupi mirang pangandikanipun Ki Demang ingkang makaten kala wau "anggen kula purun nyorohaken jiwa raga kula lan jiwa raganipun anak kula Kunthara punika, boten jalaran pamrih punapa-punapa. Awit, sanadyan namung sa-ilat wiyaripun, kula inggih sampun gadhah siti garapan ing Bulak Badher, sanadyan namung drajating guru, nanging sanyatanipun sadaya warga ing Bulakbadher sami mangestu pada dhateng kula. Pramila saking punika kula suwun Ki Demang sampun menggalihaken bab pepulih utawi panyembulih dhateng kula lan anak kula Kunthara, kula kekalih babar pisan boten melik lan mbetahaken sadaya ingkang dipun dhawuhaken Ki Demang kala wau".

"Lha yen ora jalaran kaya sing dak aturake mau, banjur apa satemene sing dikersakne Ki Kahastha?" Ki Demang lajeng mundhut pirsa malih.

"Ing ngajeng sampun kula aturaken bilih kula ngrumaosi sampun nindakaken prakawis ingkang lepat awit sampun nggega rembagipun Ki Pujud. Gandheng samangke kula sampun kaparingan emut dening Gusti, kula lan anak kula niyat badhe nebus kalepatan kula kala wau kanthi manunggal lan atur pambiiiyantu dhateng Ki Demang. Inggih mugi-mugi kanthi lekas kula ingkang makaten punika, sageda nyuda dosa tuwin kalepatan kula ing ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Gesang".

Inggih awit saking aturipun Ki Bulakbadher ingkang makaten punika, Ki Demang boten saged malih nduwa kersanipun Ki Kahastha miwah Kunthara ingkang nelakaken badhe manunggal kaliyan Ki Demang. Sanaosa makaten, Ki Demang ugi boten lajeng pitados makaten kemawon. Nalika Ki Jatikuning lan bebantu saking Banjarsemanggi sampun dumugi ing Kedhungtuwung, Ki Demang ngaturaken babagan punika dhateng Ki Jatikuning sinartan panyuwunan ririgen murih saenipun.

"Yen Demange durung bisa percaya kanthi wutuh marang apa sing dikandhakne Ki Bulakbadher lan Muride sing jeneng Kunthara, kuwi jeneng wis trep lan wis pas" dhawuh pangandikanipun Ki Jatikuning sareng Ki Demang nyariyosaken bab anggenipun Ki Bulakbadher lan Ki Kunthara ingkang sakniki malik tingal.

"Lajeng prayogining lampah kados pundi Bapa?" Ki Demang lajeng nyuwun pirsa "punapa ingkang kedah kula lampahi murih dom ingkang sumurup ing toya punika boten nuwuhaken kapitunan dhateng kula miwah Kedhungtuwung?".

"Becike, saparipolahe Kahastha apa dene Kunthara kudu ana sing memanuki tanpa ana kendhate" Ki Jatikuning asung pamrayogi.

"Lajeng sinten ingkang sakintenipun saged nglampahi padamelan punika Bapa? kula kinten menawi Prajurit Kademangan tartamtu gampil kadenangan" Ki Demang sajak repot anggneipun badhe pados paraga ingkang kajibah memanuki saparipolahipun Ki Bulakbadher saha Ki Kunthara.

"Kabeneran" Ki Jatikuning tumunten ngendika "adhimu si Sangkan lan si Paran, kabeneran iki mau melu mrene. Ngiras pantes kanggo ngukur sapira kawruhe,si Kembar iki titipna marang Ki Bulakbadher, kandhakna yen bocah loro iki cantrik anyaran saka Banjarsemanggi sing nekad arep melu kepengin melu maju ing paprangan, mula murih bocah loro kuwi ora pepes atine lan ora ngrepotake lakuning paprangan mungsuh bala kraman, Demange banjur nitipne bocah loro kuwi marang Kahastha supaya diawat-awati".

"Lekas ingkang makaten punika punapa boten mebayani tumrap kasugenganipun adhi kula Sangkan miwah adhi kula Paran Bapa? ngemuti bilih adhi kekalih punika nembe yuswa sekawan welas tahun?" Ki Demang ketingal tidha-tidha.

"Aja samar Demange" wangsulanipun Ki Jatikuning kaliyan gumujeng "ora ateges aku iki kibir, yen mung nindakne pagaweyan ngono kuwi wae, adhimu ora bakal kether, sarta adhimu loro pisan kena dijibne bisa lebda ing karya, temah ora ana sing kudu dikuwatirake maneh".

Inggih awit rerigen saking Ki Jatikuning ingkang makaten punika, Ki Demang lajeng nganthi putranipun Kembar Ki Jatikuning ingkang asma Sangkan miwah Paran, dhateng papan pasanggrahanipun Ki Bulakbadher miwah Kunthara. Dhawuhipun Ki Demang dhateng Ki Bulakbadher inggih persis kaliyan ingkang dipun dhawuhaken dening Ki Jatikuning. Ki Kahastha miwah Kunthara ingkang boten nyana punapa sejatosing lekasipun Ki Demang, sakalangkung monggkog, awit rumaos sampun pinitados saestu dening Ki Demang Kedhungtuwung .

"Inggih Ki Demang" wangsulanipun Ki Kahastha nalika Ki Demang sampun rampung anggenipun masrahaken si kembar Sangkan lan Paran "mila leres ingkang kadhawuhaken Ki Demang kala wau, menawi lare kalih punika kapenggak boten kaparengaken tumut maju ing paprangan, saged ugi manahipun badhe pepes nunten kecalan greget, nanging menawi kaparengaken, saged ugi ngresahi prajurit sanesipun. Lan manawi Ki Demang masrahaken prakawis punika dhateng kula, punika sampun sak trepipun. Kula sampun kulina momong lare-lare murih ing tembenipun saged dados prajurit ingkang wudu ing tandhing lan peng-pengan ing madyaning paprangan".

"Iya yen ngono, aku mung bisa ngaturake Nedhanrima marang Ki Kahastha lan Kunthara" Ki Demang paring wangsulan, penggalihipun sakalangkung lega.

 

ana candhake.


Rabu, 15 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 21

 

21.

Katone Kunthara sansaya nesu, nanging Prajurit loro sing rumangsa duwe tanggung jawab karo jejibahan sing ditindakne kuwi puguh ora gelem ngalah, tetep ngukuhi apa sing dadi panemune. Kuntara nyilakne jarite karo ngencengi sabuke, sajake arep meksa prajurit loro kuwi nganggo kekuwataning  kanuragan. Prajurit sing ngrumangsani, mung prajurit rucah sing ora duwe kaluwihan apa-apa yen ditandhing karo Kunthara kuwi babar pisan ora wedi. Merga prajurit loro kuwi uga mikir, saupama klakon Kunthara milara dheweke wong loro, mangka mesthi enggal konangan wong akeh. Mula wong loro kuwi ya banjur ayem wae.

"Sepisan maneh aku nembung apik-apikan" kandhane Kunthara karo mencereng "aku mung kepengin wong ing Kademangan kene iki ora dikondhangake wis ora duwe peri kamanungsan maneh. Jalaran bandan loro kuwi nek tak sawang kahanane sedhela maneh mesthi mati merga kurang pangopen, dadi olehku arep aweh ngombe marang bandan loro kuwi ora merga aku kancane bandan loro kuwi, nanging aku mung kepengin bandan loro kuwi ora mati kesiksa jalaran kakurangan ngombe".

"Semanten ugi kula Ki Kunthara" salah siji saka Prajurit loro kuwi wangsulan "kula kekalih ugi boten kepengin bebandan kalih punika pejah jalaran saking sabab punapa kemawon. Wau dalu dening nem-neman ingkang asma Marga nika, bebandan kalih sampun diparingi bobok lan boreh ugi dipun tedhani jampi, lajeng nem-neman nika meling dhateng Ki Kedhungori miwah Ki Kaliumprik murih tiyang kalih punika sampun ngantos nedha utawi nginum punapa-punapa saderengipun dipun pirsani malih dening nem-neman ingkang asma Marga nika. Pramila kula inggih ngekahi punapa ingkang dipun dhawuhaken dhateng kula dening Bebau kalih kala wau".

"Dadi kowe wong loro luwih nggugu omongane wong sing durung cetha ala lan becike tinimbang marang aku sing wis akeh duwe lelabuhan marang Ki Demang apa dene marang Kedhungtuwung iki?" Kunthara wiwit ngepelne tangane karo mlilik.

"Botena kula pitados dhateng nem-neman ingkang nembe kula sumerepi wau dalu niku, kula nggih wajib pitados dhateng Ki Lambang, kajawi Ki Lambang punika mila kanca kula wiwit alit ingkang sampun kula apali teku saha sipatipun, ugi awit Ki Lambang ingkang ugi Bebau ing Kaliumprik punika cetha bilih inggilan kula ing reh tata kaprajuritan ing Kademangan mriki" wangsulane salah sijining prajurit panggah ngukuhi panemune.

Kunthara arep wangsulan maneh, nanging wurung jalaran dikagetne karo suwara dhehem-dhehem. Rangga lan Marga jebul wis ngadeg ora adoh saka papane wong telu sing lagi rebut bener kuwi.

"Mangga Den Mas" Prajurit sing uga lagi weruh nek Rangga karo Marga teka kono kuwi ngacarani.

"Ora sah nyebut aku Denmas-den masan ngono kuwi Kakang" Rangga wangsulan "cukup ndika sebut jenengku, utawa yen ndika pekewuh njangkar jenengku, ndika bisa nyeluk aku Adhi utawa Thole marang aku lan adhiku".

"Oh, inggih Adhi" Prajurit kuwi mesem karo wangsulan "mangga, pinarak ing dhingklik mriki"

"Iya matur nuwun Kakang" Rangga nanggapi rembug karo mapan lungguh neng dhingklik dawa sing ditudingi Prajurit kuwi "aku wae sing lungguh, adhiku Marga arep ngendhangi Ki Kartagentho karo Ki Jayaglegek, bebandan loro sing neng jero kuwi, wayahe nglebokne tamba".

"Oh, inggih-inggih Adhi" Prajurit kuwi ngetokne kunci gembok saka njero kanthongane, banjur marani lawang gothakan sing digembok nganggo rante "sekedhap kula uculane rantenipun".

Sauntara Prajurit kuwi mbukakne lawang gothakan kanggo Marga, ora omong apa-apa Kunthara klawan ulat sing peteng nglungani, ninggalne papan kuwi, bumbung wadhah banyu sing mau digawa kelalen ditinggal neng dhuwure dhingklik sing dienggo lungguh Rangga. Marga mlebu gothakan, banjur niti kahanane Kartagentho lan Jayaglegek, diterusne mboboki tatu-tatune wong loro kuwi.

Prajurit sing mau mbukakne lawang karo kancane banjur mapan lungguh neng dhingklik, ngancani Rangga.

"Lho iki gawane Ki Kunthara kok ditinggal?" salah sijine Prajurit kuwi alok, merga ngepasi arep mapan lungguh, weruh gawane Kunthara keri tumumpang neng dhingklik.

"Lho iya ta?" kancane nyaut rembug "jarene mau bumbung iki isine jamu ? Kok malah keri neng kene".

"Jamu apa ta jane Kang?" Prajurit sing mau alok kandha maneh "coba tak deloke, apa isine?".

"Mengko dhisik, aja sembrana Kakang" dumadakan Rangga melu omong, menging wong sing arep mbukak isine bumbung "panggraitaku ngandhakne nek bumbung kuwi isine barang sing ora becik".

Prajurit kuwi ora sida nyandhak bumbung sing tumumpang dhingklik kuwi, banjur nyawang Rangga klawan sunaring mripat kebak pitakonan.

"Ngene wae" Rangga tanggap karo sikepe Prajurit kuwi "tak bukake, ndika wong loro coba melu ndelok apa isine".

"Inggih Adhi mangga"

Rangga karo ngati-ati mbukak bumbung sing ditutup nganggo klaras garis ditaleni kuwi. Prajurit loro sing ana cedhake melu ngulati apa isine bumbung.

"Banyu" kandhane Rangga marang wong loro kuwi.

"Inggih" wong loro bareng wangsulan.

"Ndika ngerti? iki banyu apa?" Rangga nakoni Prajurit loro kuwi. Sing ditakoni mung gedheg.

"Iki banyu sing wis dicampur karo racun sing mandi, gandane arum ora ngawistarani nek iki banyu racun" kandhane Rangga aweh katrangan "coba neng kandhane Ki Demang ketoke ana Meri sing isih cilik, ndika jupuk siji ndika gawa mrene, nek ora ngono ndika golek kewan liyane ya kena".

"Kleresan Adhi" salah siji saka prajurit loro kuwi wangsulan "kala dalu kula nyepeng tikus, sak niki kula wadhahi krangkeng dereng kober kula pejahi. Pripun?".

"Woo, kuwi malah luwih apik" tumanggape Rangga karo ngguyu "coba ndika gawa mrene".

Prajurit kuwi banjur njupuk krangkeng cilik sing ana pojok gothakan, banjur diselehne neng ngarepe Rangga.

"Saiki ndika tonton" kandhane Rangga sabanjure "iki ana sada sapu salenjer, arep tak celupne banyu neng bumbung iki, banjur arep tak ngge nguthik-uthik tikus sing ana krangkeng iki. Apa sing bakal kelakon?".

Wong loro sing ditakoni Rangga ora ana sing semaur, nanging anggone ngulati sada sing dicekeli Rangga ora mandheg. Sawuse sada dicelupne neng bumbung gawane Kunthara mau, banjur dilebokne liwat bolongane krangkeng, tikus sing ana njero krangkeng kaget, rumangsa ana bebaya sada banjur ditubruk. Bubar nubruk sada sing wis dicelup neng bumbung kuwi, sakala tikus neng jero krangkeng kuwi polah ora karuwan, ora suwe banjur kaku, mati.

"Piye?" Rangga nyawang prajurit loro sing uga melu ngulati tikus sing dumadakan mati kuwi.

"Kamangka namung nyenggol sakedhik? kados makaten kedadosanipun, inggih Adhi mila racun ing bumbung punika saestu mandi" .

Marga wis rampung anggone aweh tamba marang Jayaglegek karo Kartagentho, banjur metu nyedhaki wong-wong sing lagi nyawang bathang tikus neng jero krangkeng, sing mati merga nyenggol sada sing ngemu banyu ana bumbung sing digawa Kunthara mau.

"Mengko sore, Jaya Glegek karo Kartagentho wis bisa ditakoni Kakang" Marga aweh lapuran marang Rangga.

"Apa otot suwarane wis dibukak?" Rangga takon.

"Durung" wangsulane Marga "mengko wae nek karo arep ditakoni dibukak".

"Tak kira kuwi ya luwih becik" wangsulane Rangga, dibacutne karo aweh warta "iki ana perkara anyar maneh Dhi" .

"Apa kuwi Kakang?" Marga mlenggong.

"Kunthara!" wangsulane Rangga "jebul bocah kae, lagi nglakokne dom sumuruping banyu ing Kademangan kene iki".

"Apa kakang wis nemokne buktine yen bocah kae mangkono tenan Kakang?".

"Kajaba kedadeyan dhek bengi kae, iki ana bukti anyar" Rangga aweh katrangan, banjur kandhane marang Prajurit sing ana kono "murih gamblange, coba ndika critakne ya gene mau ndika sakloron padha regejegan karo Kunthara lan apa sing digawa Kunthara mrene, marang adhiku iki Kakang Prajurit".

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 20




20.

Demang Kedhungtuwung meneng sedhela krungu wangsulane Rangga sing ngabarake ngenani pangincim sing jarene saka Paguron Kluwihan, marang Kademangan Kedhungtuwung lan Padhepokan Banjarsemanggi. Sanadyan Rangga lan Marga wis bares yen sing ngunekne tembung pangincim kuwi mbok menawa paraga sing beda, nanging Demang Kedhungtuwung duwe dudutan yen satemene pawongan sing aweh pangincim marang Padhepokan Banjarsemanggi lan Kademangan kuwi wonge ya mung siji. Utawa saora-orane wong sing sak golongan karo Panembahan Timur lan Janggan Kumala. Mangkono iku bisa diwaca saka peso=peso sing digunakne kanggo nyerang musuhe lan kanggo ngirim pesen sing padha, yaiku jurus sawatan Glathidhadhali jurus piyandel saka Paguron Kluwihan.

"Pancen julig lan rusuh tandange wong Kluwihan" Demang Kedhungtuwung grenenengan dhewe karo manthuk-manthukne janggute.

"Kados pundi Ki Demang?" Marga sing krungu gremengane Demang Kedhungtuwung kuwi nyauti rembug.

"Inggih Ngger" wangsulane Demang Kedhungtuwung karo mesem "nyata julig lan rusuh cara ingkang dipun tempuh dening titiyang saking Kluwihan punika".

Rangga lan Marga ora nyauti wangsulane Demang Kedhungtuwung kuwi, kekarone milih ngenteni rembug sabanjure sing dicapne dening Ki Demang.

"Sanaosa makaten, punika malah nedahaken bilih kekiyatan ingkang dipun gadhahi dening Paguron Kluwihan punika boten sepintena ageng, liripun boten kados ingkang asring dipun kondhangaken dening tiyang-tiyang kathah" Demang Kedhungtuwung mbacutne kandhane "inggih wongsal-wangsul, titiyang ingkang sampun kulina dora, adhakanipun boten nate netepi kasatriyanipun, Ngger. Punika ingkang sok mbebayani tumrap ingkang gampil pitados kaliyan pangucapipun tiyang ingkang remen dora ing wicara, kados tiyang ing Paguron Kluwihan ngaten punika kala wau".

"Lajeng dudutanipun Ki Demang kaliyan pawartos pangincim ingkang kula aturaken kala wau kados punapa?" Marga nyela takon.

"Ing ngajeng sampun kula aturaken" Ki Demang aweh wangsulan "bilih titiyang Paguron Kluwihan punika remen tumindak julik nanging ugi rusuh, dhemen dora ing wicara, boten  netepi jiwaning satriya. Dados boten wonten dudutan sanes kajawi namung kula miwah Ki Jatikuning kedah mewahi raos pangatos-atos Ngger".

"Menawi ingkang kadhawuhaken Ki Demang ingkang punika kula sampun ngertos, lan sampun cetha. Nanging kala wau Ki Demang ugi paring dhawuh bilih pangincimipun Panembahan Timur punika malah nedahaken bilih kekiyatanipun Paguron Kluwihan punika estunipun boten sepintena, liripun boten kados ingkang dipun kondhangaken tiyang kathah. Punika jlentrehipun kados pundi Ki Demang?" Marga takon maneh karo apa sing dikandhakne Ki Demang ing ngarep mau.

Ki Demang ngguyu alon, banjur aweh wangsulan :

"Lha rak inggih sampun cetha ta Ngger? pangincim ingkang sareng dhateng Kedhungtuwung miwah dhateng Banjarsemanggi punika mokal saged kaleksanan, awit tuhu mokal kekiyatanipun Kluwihan kabagi dados kalih pantha, ingkang sepantha ngrabasa Banjarsemanggi lan ingkang sapantha malih ngrabasa Kedhungtuwung. Menawi punika kalampahaken sami kemawon kaliyan badhe niru lekasing sulung ingkang mlebet ing geni Ngger. Tiyang ing Kluwihan inggih sampun mangertos sepinten kekiyatanipun Kademangan Kedhungtuwung ingkang menawi dipun gepuk perang dening Paguron Kluwihan paling dangu gangsal dinten inggih sampun telas. Nanging tiyang Kluwihan ugi ngertos bilih Ki Jatikuning boten badhe negakaken Kademangan Kedhungtuwung rata kaliyan siti awit tumindakipun tiyang Kluwihan. Langkung-langkung menawi ngantos kekiyatan Banjarsemanggi dipun wor kaliyan kekiyatan Kedhungtuwung, boten ngantos nelasaken wekdal setugel dinten tartamtu titiyang Kluwihan badhe telas. Awit saking punika, titiyang Kluwihan lajeng nyukani pangincim badhe ngrabasa Banjarsemanggi saha Kedhungtuwung ing wanci ingkang sami. Murih Kedhungtuwung  boten kintun kekiyatan pambiyantu dhateng Banjarsemanggi utawi sawangsulipun, Banjarsemanggi boten badhe wantun kintun kekiyatan mriki, ngemuti Banjarsemanggi piyambak ing salebeting bebaya. Perlu kauningan Anakmas, bilih antawisipun Banjarsemanggi kaliyan Kedhungtuwung punika tebihipun watawis setunggal dinten setunggal dalu lampahipun Kapal tanpa kendel, pramila sok nate kedadosan awit mbujung wekdal, kapal ingkang dipun tunggangi pejah ing margi awit dipun peksa boten kendel".

"Dados dudutanipun, ing wanci purnama sasampunipun wulan punika Paguron Kluwihan badhe ngurug perang, nanging pundi ingkang badhe dipun lurugi inggih dereng cetha. Saged Kademangan mriki, nanging inggih saged ugi ing Padhepokan Banjarsemanggi. Makaten inggih Ki Demang?" Rangga tumanggap sawuse Ki Demang ngrampungi katrangane.

"Punika inggih dereng kantenan Anakmas" wangsulane Ki Demang nanggapi dudutane Rangga "nitik julig saha rusuhipun tiyang Kluwihan, saged ugi ing wanci ingkang kasebataken wau, Tiyang Kluwihan malah enak-enak mara eca, tilem angkler ing griyanipun piyambak-piyambak. Awit estunipun boten wantun aben ajeng kaliyan Kedhungtuwung langkung-langkung Banjarsemanggi ingkang sampun siyaga ing dhiri sawega ing gati, awit badhe dhatengipun mengsah ingkang badhe ngrabasa buminipun".

"Ing pangangkah supados titiyang ing mriki miwah ing Banjarsemanggi bosen, anggenipun siyaga, Lha menawi sampun klena, nembe badhe dipun lurugi punapa makaten Ki Demang?" Marga genti sing takon.

"Leres, Anakmas" wangsulane Demang Kedhungtuwung karo mesem "punika panginten kula kanthi wewaton sipat julig miwah rusuhipun titiyang ing Kluwihan ingkang wuta ing reh kautamaning satriya".

Rangga lan Marga manthuk-manthuk krungu wangsulane Demang Kedhungtuwung mangkono iku. Satemene isih akeh arep ditakokne dening nom-noman loro kuwi marang Ki Demang. Nanging, tekane kono Rangga lan Marga uga nggawa bandan sing mbuthake pangopenan awit bebalunge isih padha remuk, yaiku Kartagentho karo Jayaglegek sing saiki diselehne neng longkangan wetan pringgitan, mula Rangga banjur kandha marang Demang Kedhungtuwung.

"Nuwun sewu Ki Demang, estunipun sanadyan kula kekalih punika namung tiyang limrah, nanging kepengin saged netepi darmaning satriya, awit saking punika estu taksih kathah ingkang badhe kula suwunaken pirsa dhateng Ki Demang. Nanging gandheng kula kaliyan adhi kula pun Marga taksih nggadhahi kuwajiban nambani bandan kalih ingkang kala wingi dipun tandu punika, keparenga kula mire sawatawis nuweni bebandan kalih kala wau".

"Oo inggih, inggih anak mas" wangsulane Demang Kedhungtuwung gupuh "nanging nuwun sewu? punapa sedaya bebandan ingkang sareng kaliyan anakmas kekalih kala dalu punika wonten sambetipun kaliyan pawongan nyalawadi ingkang kula dakwa minangka tiyang Kluwihan punika Nakmas?".

"Ingkang kalih, inggih ingkang taksih dereng saged ebah punika leres, andhahanipun pawongan ingkang nyalawadi punika. Dene ingkang gangsal dereng kula tangkleti, ingkang cetha tiyang gangsal punika ugi sami saged nyawataken peso glathi kados tiyang ing Kluwihan. Namung kemawon, tiyang gangsal kala wau kapeksa kula banda awit badhe mbegal lampah nalika kula lan Ki Kedhungori miwah Ki Kaliumprik nembe kendel ing pinggir lepen Kikik" Marga wangsulan aweh katrangan marang Ki Demang Kedhungtuwung.

"Inggih ngger manawi makaten mangga kula aturi paring tamba dhateng bandan ingkang dereng saged ebah nika langkung rumiyin, mangke menawi wonten wekdal Anakmas kekalih kula suwun ugi nenggani anggen kula badhe nangkleti bebandan ingkang gangsal kala nika" kandhane Demang  Kedhungtuwung sabanjure.

Marga ngetokne bumbung wadhah gerusan gegodhongan sing kulina dienggo mboboki wong sing balunge tatu utawa kesleo, uga ngetokne barang cilik-cilik kira-kira saendhog cecak cacah sepuluh sing rupane ireng saka kanthong cilik sing digembol. Sawuse rampung nggone tata-tata lagi nom-noman loro kuwi alon-alon mlaku nyedhaki papan kanggo nyelehne Kartagentho lan Jaya Glegek.

Nalika lakune Rangga lan Marga wis arep tekan panggonane Kartagentho lan Jayaglegek, nom-noman loro kuwi dadi rada kaget. Ing sajabaning gothakan kanggo nyeleh bebandan loro kuwi, katon Kunthara lagi regejegan karo prajurit Kademangan loro, sing kajibah njaga bandan. Sajake olehe padha regejegan padha-padha ngeyele, ketitik Kunthara wis katon mangar-mangar praupane ngempet kanempson marang prajurit loro sing lagi nindakne kuwajinbane.

 

ana candhake.


Selasa, 14 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 19

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

19.

Rampung nindakne wajib isih rada peteng, pedhute embun esuk sing mudhun saka langit isih ngemuli bumi, semribite angin esuk saka kidul wetan nambahi rasa kekes ing esuk kuwi. Rangga lan Marga tumuli mlaku arep bali menyang dalem Kademangan. Sepisan ping pindho nom-noman loro kuwi simpangan karo wong-wong tani sing arep budhal menyang sawah. Sanadyan durung padha tepunge, nanging wong-wong sing simpangan kuwi padha olehe sapa aruh, saora-orane padha mesem karo manthuk, nuduhake rasa kemrakete. Sawuse anggone mlaku wis sawantara suwene, Rangga lan Marga wis menggok menyang plataran Kademangan sing regole isih dijaga dening wong rondha sing durung padha bali.

"Saking tindak-tindak ta Den?" salah sijine wong rondha sing mau bengi wis ngerti marang nom-noman loro kuwi aruh-aruh.

"Iya Kakang" wangsulane Rangga karo mandheg neng ngarep Regol Panjagan "nglaras asrining Kademangan ing wayah esuk, ngiras golek hawa seger".

"Inggih Raden" wong Rondha kuwi nanggapi wangsulane Rangga "mila menawi taksih enjing ngaten punika dereng wonten bledug ingkang mabul-mabul kaudhal angin, kawon kaliyan mandhaping bun. Dados hawa inggih tasih kraos seger".

"Iya Kakang, aku mau ya kober reresik awak neng Kali cilik cedhak tegal bera kulon kana kae, banyune bening, iline rada banter sanadyan ing mangsa ketiga" Marga melu omong, nyritakne olehe bubar adus neng Kali Kulon Padesa.

"Raden siram ing lepen Tuwung niku?" dumadakan wong rondha kuwi takon sajak kaget semu gumun.

"Iya, adus karo sesuci pisan" wangsulane Marga sing semu gumun ngerti wangsulane wong Rondha sing suwarane keprungu nuduhne rasa kaget lan gumune "apa ana sing kliru karo anggonku adus ing kali kono kuwi?".

"Boten Raden" wong rondha kuwi aweh wangsulan "namung kemawon, awis-awis tiyang mriki ingkang wantun adus ing lepen mriku niku, langkung-langkung ing wanci taksih radi dalu ngaten punika".

"Ya gene kok mangkono Kakang?" Rangga genti sing takon.

Wong Rondha kuwi meneng sedhela, kanca-kancane sing isih padha turon ing amben pring sacedhake wiwit padha tangi lungguh melu jagongan.Pancen satemene kahanan wis padhang, mung wae srengenge pancen durung njudhul. Saka pendhapa katon ana bocah wadon mudhun menyang plataran, banjur mlaku marani wong-wong sing lagi jagongan ana regol.

"Ana apa Nok ?" wong sing durung mangsuli pitakone Rangga kuwi nakoni sing lagi teka.

"Inggih, dipun utus Ki Demang kapurih ngaturi Kakang Rangga lan Kakang Marga supados dhateng Pringgitan" wangsulane bocah wadon mau marang sing nakoni.

"Lha iki priyayine" wong rondha kuwi mesem banjur kandhane marang Rangga lan Marga "mangga Den, niku pun timbali Demange dhateng Pringgitan".

Ing Pringgitan jebul wis cumawis wedang jahe panas karo jadah bakar sing diwadhahi layah amba, kanggo Rangga lan Marga.

"Mangga Ngger, kula aturi ngunjuk, kangge anget-anget" Gupuh Ki Demang mbagekne Rangga lan Marga sing lagi wae mlebu ing pringgitan "wau kula padosi ing Gandhok kilen kok sajakipun Angger kekalih boten wonten wiwit dalu. Tindak dhateng pundi kemawon? Kula takletaken dhateng tiyang rondha sami boten sumerep anggenipun Angger kekalih miyos?".

"Nyuwun pangapunten Ki Demang" wangsulane Rangga karo malah takon sing kaya perkara seje "punapa Ki Demang pirsa sinten punika Panembahan Timur lan Janggan Kumala saking Paguron Kluwihan?".

Dumadakan Ki Demang dadi katon peteng polatane, polatane wong sing nggembol rasa wedi campur karo rasa gela lan cuwa. Nanging ora suwe uga banjur bali pulih kaya maune.

"Wonten kedadosan punapa malih ? temah angger mundhut pirsa dhateng kula, ngengingi tiyang kalih kasebat?" Ki Demang takon, suwarane isih ngemu rasa kuwatir.

Rangga ngetokne peso sing gagange dibuntel karo godhong plasa garing isi pesen sing ditampa dhek bengi nalika dheweke lan Marga arep mapan turu ing Gandhok kulon, banjur diselehne ing ngarepe Ki Demang Kedhungtuwung.

"Kula aturi mirsani Ki Demang" kandhane Rangga sawise nyelehne peso kuwi ing ngarepe Demang Kedhungtuwung "kala dalu peso punika dipun tancepaken ing korining Gandhok Kilen".

Ora wangsulan Demang Kedhungtuwung nyandhak peso kuwi diiling-ilingi sedhela, banjur lulup sing kanggo naleni godhong plasa garing kuwi diuculi. Karo njengkerutne bathuke, Demang Kedhungtuwung maca layang sing ditulis ing godhong plasa garing.

"Lajeng Angger kekalih ndugeni Tegal Bera sakilene Lepen Tuwung mrika?" pitakone Demang Kedhungtuwung sawuse rampung maca pesen neng godhong plasa garing mau. Mripate manther ora kedhep genti-genti nyawang Marga lan Rangga.

"Inggih Ki Demang" wangsulane Rangga "awit kuwatos menawi damel kagetipun tiyang kathah, kapeksa anggen kula medal saking Kademangan boten ngliwati Regol ngajeng utawi butulan wingking".

"Angger nglumpati pager sela pekarangan inggih?" Demang Kedhungtuwung takon.

"Inggih Ki Demang, nyuwun pangapunten".

"Boten dados punapa Ngger" wangsulane Demang Kedhungtuwung sing sansaya eram marang kasektene nom-noman loro kuwi "kadospundi cariyosipun sasampunipun Anakmas kekalih kepanggih kaliyan ingkang ngintun pesen punika?".

"Jebul ing mrika sampun dipun tengga, tiyang kalih ingkang ngaken tiyang saking Paguron Kluwihan ingkang nami Panembahan Timur kaliyan Janggan Kumala. Ing mriku kula boten angsal katrangan punapa-punapa, malah lajeng tuwuh pasulayan antawisipun kula lan adhi kula kaliyan tiyang kalih kala wau".

Rangga lan Marga banjur genti-genten nyritakne anggone wis kerengan karo Panembahan Timur lan Janggan Kumala.  Demang Kedhungtuwung kasengsem banget ngrungokne critane Rangga lan Marga, jroning atine Demang kuwi sansaya kagum lan eram marang kasekten lan kadigdayan sing diduweni Rangga lan Marga bocah nom-noman sing durung sepiraa umure, parandene wis bisa mapaki Panembahan Timur sing kondhang duwe kadigdayan prasasat tanpa tandhing.

"Kuciwanipun wekdal kaselak padhang Ki Demang" kandhane Rangga sawuse rampung crita "dados sepisan malih, kula nyuwun pangapunten, boten saged masrahaken bandanipun tiyang kalih ingkang miturut pamanggih kula gadhah sedya awon badhe damel onar ing Kademangan Kedhungtuwung mriki".

"Boten dados punapa Anakmas" wangsulane Demang Kedhungtuwung karo nyruput wedang jahe sing wis kari manget-manget panase, banjur ngacarani Rangga lan Marga supaya ngombe "mangga dipun unjuk rumiyin anak mas".

Rangga lan Marga nyandhak cangkire dhewe-dhewe uga terus nyruput wedang jahe sing digodhog karo gula klapa kuwi.

"Nanging lajeng wonten ingkang ndadosaken pitakenan ing manah kula Ki Demang" kandhane Marga karo njupuk jadah bakar sing wis adhem.

"Pitakenan kados pundi Anakmas?" Demang Kedhungtuwung takon.

"Bab pangincimipun Panembahan Timur dhateng Kademangan Kedhungtuwung" wangsulane Marga.

"Dados saderengipun mlajar Tiyang Kalih saking Paguron Kluwihan punika taksih kober nilar pangincim? kados pundi pangincimipun Ngger?".

"Sami kaliyan pangincimipun tiyang nyalawadi ingkang kula panggihi ing Guwa Klumpit dhateng Padhepokan Banjarsemanggi saha Ki Jatikuning kala wingi Ki Demang" sing wangsulan genti Rangga, merga Marga lagi ewuh mamah jadah bakar sing lagi wae dicokot .

"Badhe damel karang abang Kademagan Kedhungtuwung  ugi badhe mejahi kula sakulawarga?" Ki Demang takon maneh.

"Boten namung punika" Rangga mangsuli "nanging ugi wanci ingkang kasebataken. Sami. Inggih punika benjing ing wulan purnama sasampunipun wulan punika. Ing wedal ingkang kasebat punika, tiyang nyalawadi criyos menawi badhe ngobrak-abrik Padhepokan Banjarsemanggi saha numpes Ki Jatikuning lan kulawarganipun, ing wanci punika ugi Panembahan Timur badhe numpes tapis Ki Demang Kedhungtuwung sakukubanipun sarta badhe damel karang abang ing Kedhungtuwung mriki".

 

ana candhake.

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 18

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

18.

Janggan Kumala mencolot memburi kira-kira pitung jangkah, kanggo matak Aji Pegawisa sing dikandhakne Panembahan Timur kuwi, Janggan Kumala mbutuhne wektu kanggo meneng sauntara . Marga sing uga krungu pakone Panembahan Alit marang Janggan Kumala, sengaja ora nututi mundure Kumala sing arep matak ajine . Sajroning batin Marga pancen kepengin ngerti  sepira dayane Aji sing diarani Pegawisa kuwi mau. Idhep-idhep kanggo sinau, mbok menawa mbesuk-mbesuk sajroning nindakne pangumbaran karo Rangga iki bakal kepethuk karo aji kuwi. Dadine wis ora kaget maneh. Saka kadohan Marga weruh Janggan Kumala ngangkat tumbake diadhepne menyang langit karo ndremimil ngrapal mantra sing ora cetha unine. Dumadakan pucuking tumbak katon murup kaya geni tumper rupane abang, banjur Janggan Kumala bali maju nyedhaki mungsuhe.

Tekane Janggan Kumala dipapag nganggo seblakan pecut dening Marga sing kepengin ngukur sepira kekuwataning mata tumbak sing mengangah abang, yen ditandhing karo pucuking upat-upate.  Tempuking mata tumbak lan pucuk upat-upat nuwuhake suwara banter sing prasasat ngoregne bumi. Epek-epeke Marga sing kanggo nggegem dangan pecut krasa kaya keslomot geni rasane. Janggan Kumala kontal memburi nganti telung jangkah, ndadekne adege sempoyongan. Meh wae garan tumbak sing dicekel kenceng ucul saka gegeman.

"Keparat kowe Marga" Janggan Kumala misuh rumangsa ditodhi kekuwatane dening bocah sing durung akeh umure "entenana sedhela, sida tak gawe picak mripatmu lan buntet dalan napasmu".

Bubar muni mangkono iku dumadakan saka pucuk tumbake Kumala katon kumelun pega abang semu ireng , lan kanthi trengginas Kumala nggiring lakune pega ngarah marang praupane Marga.  Marga kaget kasempyok pega sing nggawa hawa panas kagila-gila kuwi. Tujune wiwit mau Marga wis ngecakne Ngelmu Panawawisa sarta ngilmu Tamengraga, peparinge Ki Tanparupa. Nadyan pega panas sing mawa wisa kuwi nyempyok rai lan ngarah marang mripate, Marga isih bisa ngempet rasa lara lan perihing mripat. Dayane aji Pegawisa sing ditamakne Kumala ora mbebayani tumrap kaslametaning nyawane. Nadyan mangkonowa, tetep wae Marga dadi kacipuhan tandange, jalaran mripat kang kena pega panas kuwi tumuli ngetokne eluh sing terus mbanjir ora ana kendhate. Kang mangkono iku, wis ngganggu panyawange Marga, temah ora cetha ing ngendi dununge mungsuh lan kaya apa obahe gegamane Kumala.

Weruh Marga katon yen panyawange kuwur merga mripat sing ketutupan banyu luh, Janggan saka Paguron Kluwihan kuwi gumuyu lakak-lakak, karo sesumbar :

"Ha.....ha....ha......., jebul ora mung mripatmu wae sing sedhela maneh bakal picak Marga. Bangkemu sedhela maneh bakal ditemu dening wong-wong Kedhungtuwung neng tegal bera kene klawan jantung sing wis jebol kliwatan Tumbak Kyai Upas Naga".

Krungu sumbare Kumala, Marga ora semaur. Mripate banjur diremne supaya ora keganggu pega panas sing arep mlebu neng jerone mripat. Luh sing mili saka mripat uga banjur mandheg merga ora ana dalane metu, sawise mripate diremne dhipet. Nanging mereme Marga ora merem lumrah, karo merem sedulur angkate Rangga kuwi ngetrepne Aji Sasrapanggraita. Lan landheping panggraitane dadi luwih landhep tinimbang panyawange mripat wantah. Kabeh solah lan polahe Kumala bisa diwaca dening panggraitane Marga. Pecut neng tangane bali disolahne maneh, malah sansaya nggegirisi mungguh daya kekuwatane. Pega panas mawa wisa sing terus kumelun saka pucuking tumbake Kumala babar pisan ora dirasakne, sanadyan pega kuwi kaya-kaya banjur ngemuli ragane. Lan Marga bola-bali wis ndadekne Kumala tiba golung koming merga ngendhani tumibaning pecut sing saiki akeh ngarah menyang perangan awake Kumala sing mbebayani yen nganti ketiban pucuking upat-upat. Saben-saben pecut diseblakne, dhadhane Kumala krasa kaya arep rontog isen-isene.

Sauntara kuwi, ora kalah serem lan ramene, ing kalangan sisihe Panembahan Timur sing wis ngetog kekuwatane lan ngetrepne ngelmu ing tataran dhuwur dhewe, ewa samono tetep kethetheran ngadhepi tandange Rangga sing tanggon, babar pisan ora kengguh karo kadigdayane musuh. Wis bola-bali pucuk kerise Panembahan Timur kasil nggarit kulite Rangga, nanging babar pisan ora ana tatu sing bisa ditinggalne. Pucuk keris sing tenane ngandhut wisa mandi kuwi, nalika nggarit kulite Rangga , mung bisa nuwuhake suwara semruwing, nanging ora nuwuhake tatu babar pisan. Awit dayane aki Tamengraga, sing kuwawa nyedhot hawa murni saka punjer pulunging ati, lan mageri ragane Rangga temah dadi atos ngungkuli atose gunung sing dumadi saka waja murni.  Mula nalika ana kalodhangan Panembahan Timur bisa nyudukne kerise marang awake Marga, sudukane ora tumama malah keprungu suwara cumengkling, kaya nanggor tameng waja.

Kosok baline, sakujur ragane Panembahan Timur wis krasa lara lan panas semu perih, merga wis bola-bali kesrempet teken pring kuning sing dicekeli Rangga. Nanging, Panembahan saka Paguron Kluwihan kuwi nyata dudu lamaking titah sawantah, nadyan ragane krasa lara lan panas nanging ora nyuda kekuwatane. Dumadakan saka padhukuhan sacedhake tegal bera kuwi wiwit keprungu rame suwarne jago kluruk sing sesautan. Panembahan Timur banjur nyawang mengetan, mega abang wiwit katon sumamburat , mratandhani  yen sedhela maneh rahina bakal tumeka, nggenteni jejibahane wengi sing sedhela maneh bakal nglereni salira, umpetan ing waliking pepadhang.

Dumadakan Panembahan Timur kuwi ngetokne tengara panyuwit saka tutuk sing dileboni drijine. Banjur ngrogoh kanthongan kanthongan klambine. Ngetokne barang sing saedhog bebek gedhene, Karo mencolot memburi watara limang jangkah, Panembahan Timur mbanting barang bunder kuwi neng lemah lan nuwuhake suwara jumlegur, disusul papan kono dadi peteng dhedhet awit akehing keluk ireng sing disebabake dening barang sing mbledhos dibanting neng lemah kuwi.  Karo mlayu nglungani, Panembahan sing ngaku saka Paguron Kluwihan kuwi isih kober ninggal suwara marang Rangga lan Marga :

"Tekane esuk jebul wis bisa ngodot umurmu Rangga lan Marga, awit tenane aku isin yen mung mungsuh bocah demolan kaya kowe bocah loro, mula sadurunge ana wong weruh kapeksa kowe tak tinggal dhisik. Welingku isih padha, yen kowe kepengin rada dawa umurmu cepet sumingkira saka Kademangan  Kedhungtuwung kene. Awit yen mangsane wis teka, yaiku ing wulan purnama sawise sasi iki bakal ana lelakon tumpes tapise Demang Panjer sarta wong-wong sing diangep nyengkuyung angkara murkane".

Kira-kira wektu sapanginang, keluk ireng kuwi ilang tanpa nisa kasedhot tumurune bun-bun esuk ing mangsa ketiga.

"Eman Kakang" Marga nyedhaki Rangga karo kandha "kudune, sadurunge ana suwara kluruking jago, wong loro mau wis bisa dilumpuhne".

"Uwis" wangsulane Rangga karo mesem, Rangga ngerti yen Marga rumangsa kacuwan atine merga ditinggal mlayu musuhe "ora perlu digetuni, lungane wong jirih getih wedi ing pati mau, iki wis padhang, sedhela maneh srengengene njudhul. Gusti isih ngeparengake awake dhewe nyebut asmaNe ing wektu kang wis ditemtokake. Gajege, mau pas mlaku mrene awake dhewe nyabrangi kali cilik sing bening banyune. Ayo mumpung wektune isih ana, enggal reresik awak lan sesuci raga, banjur nidakne dhawuhing Suksma".

"Iya Kakang" Marga wangsulan cekak.

Nom-noman loro kuwi tumuli lon-lonan mlaku mangetan nggoleki kali sing mau disabrangi. Bubar adus lan sesuci, nom-noman loro kuwi banjur nindakne wajib, nyebut asmaNe lan nyuwun kaslametan tumrap jiwa lan ragane.

 

ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...