SENDHANG
MUSTIKANING WARIH IV
kacariyosaken malih
dening : Rust Luh Getih
32.
Panjagan ing Kademangan Kedhungtuwung luwih-luwih ing wanci bengi luwih dikencengi. Kabeh punggawa Kademangan, wiwit Demang, Bebau, Jagabaya lan sapiturute genti-genten padha nganglang, klawan numpak jaran ngubengi Kademangan lan ngendhangi cakruk-cakruk parondhan aweh panyengkuyung para sing lagi padha rondha. Saben cakruk kajaba ana warga sing rondha cacah wong lima, uga dikantheni prajurit kademangan siji. Kabar anane durjana sing mlebu Kademangan pancen ora keprungu maneh, nanging kahanan Kademangan isih katon nek tintrim semu medeni. Saben-saben suwarane manuk Kulik lan Tuhu sesahutan karo suwarane kedasih sing ngasih-asih, nambahi kahanan dadi sansaya tintrim. Luwih-luwih saka kadohan ora arang keprungu suwrane asu baung sing ngalub-alub, ndadekne mrinding githoke sing padha krungu. Kanggo nyuda rasa tintrim mangkono kuwi, saben-saben saka Regol Kademangan banjur ditabuh Kenthongan uluk-uluk aweh weruh yen para kang ngayahi jejibahan rondha isih padha siaga lan ora keturon ing papan parondhane. Kenthongan uluk-uluk sing sok disambung karo kenthongan dara muluk saka Regol Kademangan, ajeg disauti dening kenthongan kang padha dening gerdhu-gerdhu parondhan liyane, ndadekne sakademangan kabeh krungu yen Kademangan Kedhungtuwung ora tau turu.
Wengi kuwi, sadurunge wanci sirep bocah Rangga lan Marga wis blaka marang Demang Kedhungtuwung yen arep nemoni Kaki-kaki tuwa sing dhek mau awan nemoni lan ngongkon supaya Rangga lan Marga nemoni ing Kali Tuwung, kali sing dianggep angker lan gawat dening wong-wong ing Kedhungtuwung kono kuwi.
"Nuwun sewu Anakmas" Kandhane Ki Demang ing Pringgitan nalika sore mau Rangga lan Marga nembung pamitan arep menyang Kali Tuwung ing wanci sepi bocah mengko "tiyang sepuh ingkang badhe dipun panggihi Anakmas kekalih punika sinten? kok kula radi mrinding, gek-gek mangke sanes menungsa punika Anakmas".
"Makaten Ki Demang" Rangga wangsulan karo mesem "kula piyambak inggih dereng mangertos sinten Kaki-kaki sepuh kala wau, nanging kula malah adreng kepengin sanget panggih murih kula mangertos sinten sejatosipun Kaki-Kaki kala wau, lan kula kepengin mangertos punapa ingkang dipun kersakaken dening Kaki-kaki sepuh kala wau. Kula pitados, piyambakipun punika upami tiyang inggih dede tiyang ingkang limrah, upami bangsa alus, kula kinten inggih bangsa alus ingkang boten lelembat ingkang dhemen ganggu damel dhateng jalma manungsa".
"Inggih Ngger" Demang Kedhungtuwung manthuk-manthuk "nanging bares kemawon, saupami kula ingkang kapurih dhateng lepen Tuwung, langkung-langkung ing wanci dalu, trus malih ing sakiduling sabrangan, kula pilih mopo kok Ngger".
"Punapa wonten bentenipun antawising Kidul Sabrangan kaliyan Ler Sabrangan Bapa?" Marga takon.
"Etunipun Anakmas" Demang Kedhungtuwung mangsuli pitakone Marga "sabrangan punika rak wates pasabanipun tiyang kaliyan pasabanipun bangsa alus ta Ngger?. Sabrangan mangandhap punika pasabanipun tiyang dene pasabrangan manginggil punika laladanipun bangsa alus ingkang mbaureksa lepen Tuwung".
"Makaten Bapa?"
"Inggih Ngger" wangsulane Demang Kedhungtuwung kuwi.
"Lha ingkang ndamel pasabrangan dados wates punika sinten Ki Demang?" Marga takon maneh.
"Kula piyambak inggih boten ngertos Anakmas" Demang Kedhungtuwung sajak kerepotan mangsuli pitakone Marga "mbok bilih kemawon, kathah tiyang ingkang mangertos menawi ing saleripun pasabrangan punika boten nate sumerep bangsa alus ingkang ngatingalaken dhiri dhateng manungsa, benten kaliyan ing sakiduling pasabrangan ingkang hawanipun kemawon sampun kraos ngajrih-ajrihi, sanadyanta punika ing wanci siang".
"Inggih Ki Demang" Marga ora takon maneh, mung batine ngguyu anane wong-wong ngarani nek neng kidul sabrangan hawane medeni, kuwi rak amarga anane rasa wedi sing luwih dhisik mlebu neng atine wong-wong kono.
"Kamangka Kaki-kaki sepuh ingkang ngersakaken Anakmas kekalih supados manggihi piyambakipun punika mapan ing tebih sanginggiling pasabrangan?, kula kinten punika dede bangsane jalma manungsa Ngger. Punapa boten saenipun Anakmas kekalih wurungaken kemawon anggenipun badhe tindak dhateng Lepen Tuwung punika? Kula kinten bebayanipun sakalangkung ageng katimbang pikolehipun ingkang namung badhe mangertosi sinten sejatosipun Kaki-kaki sepuh punika, Ngger" Demang Kedhungtuwung aweh pamrayoga supaya nom-noman loro kuwi ora sida menyang Kali Tuwung nemoni Kaki-kaki tuwa aneh sing dicritakne mau.
"Makaten inggih Ki Demang" Rangga sing banjur semaur "miturut kapitadosan kula, jagad ingkang katingal punika sedaya dening Gusti dipun cawisaken dhateng manungsa, lha cawisan kangge bangsa alus ingkang boten kasat mripat punika mapanipun inggih ing jagadipun piyambak, jagad ingkang boten saged katingalan mawi mripating manungsa limrah. Dados Lepen Tuwung punika inggih ing sakiduling sabrangan punapa salering sabrangan punika estunipun sedaya kacawisaken minangka pasabanipun manungsa. Awit saking punika, estu ndadosaken adrenging manah kula mangertosi sinten Kaki-kaki kala wau, menawi estu punika bangsanipun lelembat badhe kula emutaken murih boten remen ngganggu damel manungsa ingkang badhe saba ing jagadipun piyambak , dene menawi kaki-kaki kala wau bangsanipun manungsa kula inggih badhe nyuwun pirsa punapa ingkang dipun kersakaken dene sampun ngersakaken kula manggihi ing wanci sepibocah dalu punika".
"Anakmas boten ajrih kaliyan bangsanipun lelembat? emut Anakmas, lelembat punika wonten ingkang nggadhahi kasekten ingkang sakalangkung inggil" Demang Kedhungtuwung ngelingake Rangga lan Marga mungguh kaluwihane bangsa lelembut.
"Menawi kula tetep mapan ing jagad manungsa lan boten damel risak jagading bangsa lelembat, kula boten badhe ajrih Ki Demang. Awit saenipun manungsa punika boten ajrih dhateng sesamining titah, nanging ajriha dhateng ingkang nitahaken, asarana boten nerjang pepacuh lan tansah mbangutturut dhateng sedaya dhawuhipun, inggih kanthi sangu raos ajrih dhumateng Dzat Ingkang Nitahaken, inggih ingkang winastan ngreksa kasetyan dhateng manahipun, kala wau ingkang mahanani manungsa pikantuk pitulunganipun Gusti".
Sanajan durung ngerti karo apa sing dikandhakne Rangga, nanging Demang Kedhungtuwung kuwi wis bisa nampa karo karepe Rangga lan Marga. Mula iya banjur ora kandha apa-apa maneh, kajaba mung rupa pandonga :
"Inggih Ngger mugi-mugi Anakmas kekalih tansah kinayoman dening Gusti, tansah manggiha rahayu ing pundi-pundi".
Demang Kedhungtuwung banjur pamitan arep nindakne kuwajiban, nganglang kademangan murih ora ana bebaya sing nekani kademangan ing bengi kuwi. Rangga lan Marga uga kandha yen olehe arep menyang Kali Tuwung ora ngenteni nek wektune wis sepi bocah, nanging arep budhal rada sore, pamrihe ora nuwuhake paran pitakonan dening sing padha weruh, awit wong-wong bakal padha ngira yen lungane Rangga lan Marga ora arep menyang kali Tuwung, nanging arep mbantu Ki Demang njaga katentremaning padesan ing Kedhungtuwung kono.
Sawuse metu saka padesan lan tekan lurung sing tumuju kali Tuwung, Rangga mandheg sedhela karo kandha marang Marga :
"Wektune isih sore Dhi, kok dumadakan ana krenteg sajroning atiku, kepengin niliki tegal bera, tilasing papan tetmon awake dhewe karo wong Kluwihan wingenane kae ta?. Kepiye panumune Si Adhi?".
"Iki jenenge tumbu oleh tutup kakang" wangsulane Marga "awit aku mau meh wae matur marang kakang, yen dumadakan aku kangen karo papan sing kakang sebutake kuwi mau".
"Kok isa mangkono ya Dhi?" Rangga takon.
"Aku dhewe uga ora ngerti Kakang, becike awake dhewe menyang Tegal bera luwih dhisik, lagi yen wis wancine Sepibocah, awake dhewe menyang kali nuhoni njanji karo Kaki-kaki tuwa mau awan" wangsulane Marga sing banjur ngajak budhal menyang tegal bera.
Nom-noman loro kuwi tumuli klawan ngati-ati sarta ora tinggal kaprayitnaning batin, budhal menyang Tegalbera.
ana candhake.