Total Tayangan Halaman

Senin, 27 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 49

 

 

49.

Jebul padhusunan ingkang nami Gunungwijil punika boten patos tebih saking wana papanipun Pancuran ingkang criyosipun gadhahanipun Eyang Kepuh niku wau. Watawis namung let sewu jangkah kemawon. Pramila namung sakedhap anggenipun sami mlampah, sampun dumugi griyanipun Wiguna ingkang nglurahi padhusunan mriku niku. Bangkenipun sima ingkang dipun gotong rame-rame dening kanca-kancanipun Wiguna kala wau lajeng dipun selehaken ing plataranipun kalurahan Gunungwijil, ingkang ugi griyanipun Lurah Wiguna piyambak. Sanaosa wancinipun sampun radi dalu, nanging dupi mireng bilih wonten sima ingkang saged kapejahan lan bangkenipun dipun selehaken ing plataran kalurahan, para warga nunten kathah ingkang ndugeni namung saperlu kepengin sumerep wujudipun sima kewan galak ingkang dados rajanipun para buron wana punika. Radin-radin ingkang sami sumerep lajeng sami eram awit saking agengipun sima ingkang meh sak maesa punika. Langkung-langkung nalika dipun criyosi bilih sima punika pejah awit kapupuh mawi tangan lamba dening nem-neman ingkang nami Darim, tiyang-tiyang ugi lajeng sami kepengin sumerep menggah wujuding nem-neman kala wau. Pramila plataran Kalurahan punika sansaya dalu dados sansaya rame.  Sami ningali tiyang-tiyang ingkang nguliti saha ngopeni bangkenipun sima, nanging ugi sami ningali saking katebihan wujudipun Darim ingkang nembe linggih ing jogan pendhapa jejagongan kaliyan Lurah Wiguna lan sawatawis Bayan lan pamonging desa sanesipun.

Dalu punika boten namung tiyang-tiyang jaler ingkang sami rame, nadyan tiyang estri inggih kathah ingkang dipun damel repot, awit Ki Lurah Wiguna nunten mrentahaken dhateng Nyai Lurah supados olah-olah kangge nyugata Darim ingkang kanggep minangka tamu wigatos, ugi kangge tedhanipun para-para ingkang suwau ndherek dhateng pancuran kepuh lan titiyang ingkang samangke ngupakara bangkenipun sima.

Nalika samanten Ki Lurah Wiguna lan para pamong sami rerembagan kaliyan Darim prakawis kawingitanipun Pancuran Kepuh tuwin asringipun Eyang Kepuh ndhawahaken walat dhateng warga ing Gunungwijil, jalaran wonten tiyang ingkang sampun wantun mendhet toyanipun pancuran utawi tumindak ingkang kaanggep lepat dening Eyang Kepuh. Kamangka ingkang nindakaken awisan kala wau dede tiyang Gunungwijil, nanging ingkang nampi walatipun tiyang Gunungwijil.

"Dados Eyang Kepuh punika nggadhahi kasekten ingkang sakalangkung inggil inggih Ki?" Darim nyelani takon marang Ki Lurah Wiguna.

"Mila makaten Anakmas, ugi wadya balanipun Eyang kepuh punika boten saged kawilang cacahipun sedaya sami nggadhahi kadigdayanlangkung-langkung ing babagan nyebar teluh" wangsulanipun Ki Lurah Wiguna.

"Mangke rumiyin Ki Lurah" Darim wicanten malih "ing ngajeng Ki Lurah ngendikakaken bilih Eyang Kepuh punika remen ndhawahaken walat dhumateng tiyang ing Gunungwijil mriki. Punapa estu bilih walat punika estu-estu saking Eyang Kepuh? manawi dede saking Eyang Kepuh, harak sami kemawon Ki Lurah lan para warga sami ndakwa boten sae dhateng Eyang Kepuh? Inggih punapa boten? Kados ingkang kula aturaken dhateng Ki Lurah sonten wau nalika Ki Lurah badhe ndhawahaken pidana dhateng kula, estunipun Eyang Sepuh punika boten bodho lan kagungan sipat ingkang wicaksana, boten remen ganggu damel dhateng tiyang ingkang boten tumindak dosa. Nanging menawi dipun dakwa awon, inggih limrah menawi Eyang Kepuh lajeng dados duka".

"Punika makaten anakmas" wonten salah satunggaling Bayan ingkang sampun radi sepuh nigas rembag wicanten dhateng Darim "pamanggih bilih titiyang ingkang sakit utawi sanesipun punika awit kadhawahan walatipun Eyang Kepuh punika mawi dhasar dados boten namung waton ndakwa".

"Dhasaripun punapa Ki?" Darim gentos pitaken.

"Ing wanci dalu menawi Eyang Kepuh ndhawahaken walatipun punika, ketingal saking mriki wonten kados kembang api ingkang minggah dhateng nginggil wongsal-wangsul, punika tandha ebahing walat" Kabayan Sepuh wau suka wangsulan.

"Kembang api minggah saking ngandhap manginggil? kawastanan tandha teluhipun Eyang Kepuh punika sinten ingkang criyos? punapa wonten ingkang dipun paringi sumerep dening Eyang Kepuh? awit saged ugi punika dede ebahing teluh, nanging tandha sanesipun" Darim wicanten malih nanggapi wangsulanipun Kabayan sepuh wau.

"Ingkang paring pirsa menawi punika tandhanipun teluh punika siswanipun Eyang Kepuh piyambak Anakmas, dados kula lan warga mriki inggih lajeng pitados" ingkang wangsulan gentos Ki Lurah Wiguna.

"Siswanipun Eyang Kepuh? saestu punapa namung tiyang ingkang ngaken-aken minangka siswanipun Eyang Kepuh Ki Lurah? Awit sangertos kula, Titahipun Gusti ingkang sajinis kaliyan Eyang Kepuh makaten punika gadhah wewatakan ingkang meh sami kaliyan kula lan panjenengan, boten ngawur suka midana tiyang ingkang boten dosa" Darim gentos mangsuli wangsulanipun Ki Lurah.

"Lha menawi punikia kula ingkang dereng ngertos Anakmas" wasana Ki Lurah waleh "siswanipun saestu punapa sanes sepisan malih kula boten ngertos, nanging kula pitados jalaran ajrih dhateng piyambakipun".

"Nuwun sewu Ki Lurah" Darim wicanten sareh "siswanipun Eyang Kepuh punika tiyang pundi? asmanipun sinten? kok kula taksih kirang pitados menawi piyambakipun punika estu siswanipun Eyang Kepuh?".

"Inggih Anakmas, asmanipun Ki Ratasu manggenipun ing sabranging Benawi, menawi anakmas ngersakaken kepanggih kaliyan panjenenganipun Anakmas saged tindak mrika".

"Sapa sing kepengin weruh jenengku lan ngendi omahku Lurah Wiguna?" dumadakan wonten tiyang setengah yuswa ingkang minggah ing pendhapa, tanpa taha-taha lajeng nyuwanten sora pitaken dhateng Ki Lurah Wiguna.

Sadaya ingkang sumerep sami pucet praupanipun, ketingal menawi sami ajrih, awit tiyang kala wau ngetingalaken bilih piyambakipun nembe muring. Kawontenan sakala dados tintrim, sepen, boten wonten ingkang wantun cemuwit. Sareng radi dangu boten wonten ingkang nyuwanten, tiyang kala wau taksih kalih ngadeg ngunus pusakanipun wujud wangkingan panjang mawi luk dhapur Nagageni, kalih wicanten :

"Ayo sapa sing nggoleki aku? He aja padha mbidheg wae, tuduhna aku kepengin ngerti wujude menungsa sing degsura kumawani nakokne muride Eyang Kepuh. Kowe kabeh aja ndadak ngenteni nesuku luwih dhisik".

Tiyang sapendhapa sansaya ajrih, malah tiyang-tiyang ingkang wonten ing plataran ugi sami katut ajrih. Sumurup kedadosan makaten kala wau, Darim lajeng ngadeg sarwi ningali tiyang ingkang nembe dugi niku, Darim lajeng wicanten kaliyan suwanten sajak ngece :

"Ooo, ndika ta sing wani-wani ngaku dadi siswane Eyang Kepuh kuwi?".

"He sapa jenengmu Bedhes?" tiyang ingkang naminipun Ratasu punika nggetak kaliyan taken dhateng Darim.

"Nek omong aja seneng bengak-bengok Ki Ratasu, sing kok takoni ora ana sing suda rungon" wangsulanipun Darim kepireng radi muring.

"Ditakoni ora ngaku malah omong kaya wong edan, nek gak budheg kupingmu, ngakuwa sapa jenengmu He?" Ratasu sansaya nemen anggenipun muring.

"Pancen tak sengaja, aku ora mangsuli pitakonmu, merga nek kowe temen-temen muride Eyang Kepuh kowe mesthi wis ngerti sapa sejatining aku, sebab kabeh siswane iya sing bangsa manungsa iya sing bangsa jim kabeh mesthi wis ngerti lan weruh sapa jenengku. Saiki ketok cetha nek kowe mung ngaku-aku lan wis ngapusi wong sak Gunungwijil kabeh, sing luwih gedhe dosamu kowe wis bola-bali gawe pitnah ngucemake asmane Eyang Kepuh kok dakwa seneng nyebar teluh lan nibakne walat marang wong sing tanpa dosa. Kowe kudu nampa pidana Ki Ratasu".

"Keparat setan alas kowe, ngakuwa sadurunge tak sudhet wadhukmu nganggo Kyai Nagageni sing wis ngelak kepengin selak ngombe getih iki" Ki Ratasu nggetak kaliyan ngethungaken wangkinganipun dhateng Darim.

Darim gumujeng latah-latah, babar pisan boten ngreken dhateng Ki Ratasu ingkang praupanipun sampun mbrabak abang mangar-mangar kados ulam yuyu kacemplung ing toya umub.

 

ana candhake.

 


SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 48

 


48.

Estunipun sima ingkang nembe dugi puniku sampun mendhet ancang-ancang, watawis let kalih dhepa saking papanipun tiyang ingkang dipun arah badhe katubruk, sima punika nggereng sarwi ngrindhik. Awit mireng pambengokipun Data, sima dados radi kaget lan nyumenekaken anggenipun badhe nglumba mangajeng. Tiyang-tiyang andhahanipun Wiguna boten kawon kagetipun mireng pambengokipun Data tuwin solahipun, sansaya wewah kaget kacampuran ajrih sareng noleh dhateng papan ingkang dipun tudingi Data. Sedaya ndheprok tanpa daya, kawon perbawa kaliyan panggerengipun Sima Gembong ingkang agengipun meh sak maesa benthung.

Boten kirang kagetipun inggih pun Darim, sanaosa nalika samanten nembe aben ajeng kaliyan Wiguna ingkang sampun siyaga kaliyan dedamelipun, nanging raos kamanungsanipun Darim pranyata saged ngawonaken sadayanipun. Namung sapandurat Darim kaget, nanging tumunten saged mangwasani raos lan pangraosipun malih.  Namung salebeting wekdal sagebyaran Darim angatag aji Bledheg Saleksa wewarah saking Kitab tilaranipun Pangeran Handayaningrat, lajeng cukat kadya kilat Darim mlumpat nyaketi papanipun Sima Gembong ingkang sampun badhe nubruk mangsanipun.

"Kanthi asma Dalem Dzat Ingkang Maha Mirah lan Asih, tan ana daya kekuwatan kajaba awit peparinge Dzat Kang Maha Luhur lan Agung" saking dhasaring manahipun Darim angucap donga panuwunan dhateng Gustinipun.

Sima mlumba mangajeng nubruk salah satunggal saking andhahanipun Wiguna ingkang wiwit wau sampun dipun rindhik, nanging saderengipun sukunipun sima ingkang kukunipun siyaga anyengkerem mangsanipun punika, tanganipun Darim langkung rumiyin saged amupuh sirahing sima. Sima nggero sakayangipun, badanipun kontal mencelat watawis setunggal dhepa, kejet-kejet ing siti lajeng kendel. Pejah.

Tiyang-tiyang ingkang suwaunipun sampun telas manahipun ketang raos ajrih lan miris sumerep sima ingkang luwe betah mangsa, sakala sami unjal ambegan landhung. Raosing badanipun kados nembe kemawon anguwali barang awrat ingkang nembe kemawon angentepi badanipun. Tanpa kraos lan kados nyupekaken anggenipun badhe paring paukuman dhateng Darim tiyang-tiyang wau sami nyaketi bangkenipun Sima ingkang pecah sirahipun awit kapupuh mawi tanganipun Darim. Wiguna piyambak ingkang suwaunipun aben ajeng kaliyan Darim kanthi nggegem kenceng danganan pedhangipun ugi tumut nyelak kempal kaliyan para andhahanipun ingkang taksih dereng ical raos eramipun dhateng sima gembong ingkang meh samaesa agengipun puniku.

Sauntawis titiyang sami ngrembag bangkening sima, alon-alon Darim mundur lajeng mapan linggih ing sela ageng sacaketipun. Darim rumaos getun dene kesesa ngginakaken Bledheg Saleksa ingkang wekasanipun damel pejahipun Sima ingkang dipun pupuh. Mesthinipun kala wau boten lajeng katamakaken dhateng sirahipun sima anggenipun mupuh, nanging cekap dipun damel ajrih kemawon murih sima mlajar lan boten dumugining pejah. Awit badhea kados punapa, sima punika kawulanipun Gusti ingkang tinitahaken dening Gusti murih sansaya mewahi kasaenaning bawana. Nanging sadaya sampun kasep, lan sima sampun kebacut pejah. Pramila Darim lajeng ngunjukaken donga panyuwunan dhateng Gusti, panyuwunan tumuruning sih pangaksami awit saking anggenipun sampun kesesa temah sembrana wasana sampun damel pepejah.

Pranyata nalika Darim nembe ndedonga nyuwun pangaksami dhumateng Gusti anyarengi Wiguna anyaketi papanipun temah sumerep punapa ingkang dipun tindakaken dening Darim.

"Nuwun sewu Anakmas" Wiguna wicanten alon dhateng Darim, wicantenipun alus benten tebih kaliyan kala wau saderengipun wonten sima dugi ing papan mriku.

"Inggih Paman ?" Darim mbikak mripatipun ingkang suwaunipun merem.

"Estu sampun bawur mripat kula, sampun kuwur manah kula, temah sampun wantun badhe damel cilakanipun Anakmas Darim" Wiguna wicanten alon-alon sajak ajrih semu kuwatos menawi ngantos Darim nandukaken piwales dhumateng piyambakipun.

"Sampun Paman" wangsulanipun Darim kaliyan mesem "samangke punapa ingkang ndika kersakaken? Badhe nglajengaken amidana kula? Kula boten purun Paman menawi kula kapidana pejah".

"Nyuwun pangapunten Ngger" Wiguna glagepan anggenipun suka wangsulan "kula ingkang lepat, kula estu nyuwun dhumateng Anakmas Darim mugi kersa paring pangaksami dhumateng Wiguna".

"Estu boten siyos badhe ngerut kula ing wit ageng lan ngremuk bebalungan kula?" kaliyan semu ngguyu Darim pitaken malih dhateng Wiguna.

"Nyuwun pangapunten Anakmas, saestu kula ngakeni lepat, kula nyuwun pangapunten" Wiguna wangsulan kaliyan suwanten ingkang memelas.

"Inggih sampun" Darim lajeng wicanten "Samangke Paman wiguna kula aturi rembagan kaliyan paman-paman ingkang taksih nenggani bangkenipun sima nika. Prayoginipun bangke sima punika dipun punapakaken?".

Boten wangsulan, Wiguna lajeng noleh dhateng kancan-kancanipun lajeng mungel kanthi suwanten ingkang radi sora :

"Kana-kanca kabeh, coba nyedhaka mrene iki ana dhawuh saka Anakmas Darim kanggo awake dhewe".

"Inggih Lurahe" tiyangt-tiyang sami wangsulan sarta lajeng sami nyaket.

Kados patrapipun Wiguna tiyang wolu andhahanipun Wiguna punika ugi lajeng linggih nglesot ing siti ing sawingkingipun Wiguna madhep dhateng Darim. Sasampunipun sedaya rencangipun mlempak, Wiguna lajeng wicanten malih :

"Kanca-kanca kabeh, iki mau aku lagi wae asok kaluputan marang Anakmas Darim merga saka degsuraku marang panjenengane mau. Sabanjure awake dhewe kudu ngaturaken panuwun marang Anakmas Darim, awit saupama ora ana panjenengane, aku ora ngerti mbuh sapa saka awake dhewe iki mau, mesthi wis tumekeng pati dadi mangsane macan gembong sing bangkene saiki gumlethak kuwi" .

"Inggih" tiyang wolu andhahanipun Wiguna mangsuli sesarengan kalajengaken wicanten dhateng Darim "kula ngaturaken panuwun dhateng ndika Den Mas. Den Mas Darim sampun  nyambung nyawa kula sedaya".

"Iya Paman, tiba sapadha-padha" wangsulanipun Darim "wis dadi kalumrahan wong urip pancen kudu tulung-tinulung. Lan aja kenemenen anggon ndika ngucap, aku ora nyambung nyawane sapa-sapa, merga pati uripe manungsa kuwi dumunung ana astane Gusti, nek Gusti isih ngersakne ndika kabeh urip, upama aku ora tumindak apa-apa mesthi ana pitulungan liyane mbuh apa wujude sing murungake Macan mau nubruk ndika. Kosok baline yen Gusti ngersakne ndika kapundhut bali, sanadyan aku wis mbudidaya mesthi pambudidayaku cabar wigar tanpa guna".

"Kasinggihan Anakmas" Wiguna wicanten makili kanca-kancanipun, lajeng pitaken "samangke, gegayutan kaliyan dhawuhipun Anakmas prakawis bangkenipun sima punika wau kados pundi? Anakmas kula aturi paring dhawuh dhateng kula lan kanca-kanca".

"Paman-paman kabeh" Darim nunten wangsulan "nadyan aku sing dadi lantaran matine si macan kuwi, nanging sadurunge bangkene macan kuwi tak pendhem utawa tak buwang kareben ora nuwuhake ganda sing ora enak, paman-paman iki ana sing mbutuhake karo bangke kuwi mau apa ora? awit aku sok weruh, ana wong sing seneng ngopeni lan nyimpeni kulit, balung lan uga untune macan sing rada gedhe ngono kuwi. Yen pancen ora ana sing mbutuhake, ya bangke macan kuwi arep tak buwang sing adoh utawa tak larung neng bengawan dimen keli tekan segara dadi pangane buron banyu".

Wiguna kaliyan kanca-kancanipun lajeng sami gumrenggeng, ngrembag panarinipun Darim ingkang makaten kala wau. Sareng sampun sawatawis anggenipun sami rembagan kaliyan gumrenggeng makaten wau, lajeng Wiguna madhep dhateng Darim kaliyan wicanten :

"Sepisan malih kula sakanca ngaturaken gunging panuwun dhateng andika Anakmas Darim, bangkenipun sima punika badhe dipun beta wangsul dhateng Gunungwijil kemawon, kulit, balung, kuku, brengos, untunipun badhe sami dipun rawati. Salajengipun, gandheng wancinipun sampun radi dalu, kula sakanca nyuwun wonten dhanganing panggalihipun Anakmas, kersaa Anakmas dalu punika lerem ing Gunungwijil, awit wonten prakawis ingkang badhe kula aturaken dhateng Anakmas prakawis walatipun Eyang Kepuh ingkang wau sonten kula aturaken".

"Manawi makaten inggih Paman, mangga kula dherekaken" wangsulanipun Darim ingkang lajeng murugi kapalipun badhe diunculi panancangipun lan badhe katuntun kaajak dhateng Gunungwijil muruti pamintanipun Ki Wiguna.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 47

 


47.

Wicanten makaten punika kala wau dening Darim dipun wongsal-wangsuli ngantos kaping kathah sanget. Darim babar pisan boten maelu dhateng Wiguna sakancanipun ingkang muringt-muring, malah wiwit kathah ingkang sami misuh-misuh boten kantenan, labet saking nesunipun. Wiguna ingkang minangka pangajenge tiyang wolu sanesipun, ingkang manggenipun caket piyambak kaliyan Darim sampun boten kiyat ngampet panasing manahipun. Darim dipun purugi lajeng saking wingking Wiguna ngebahaken tanganipun badhe ngampleng sirahipun Darim. Nanging Darim babar pisan boten maelu, ewa samanten nalika tanganipun Wiguna kirang sakecu saking sirahe Darim, dumadakan Darim majeng sajangkah kaliyan mbungkukaken badanipun. Pangamplengipun Wiguna lepat, namung ngengingi angin. Gandheng pangampleng kala wau boten sawantahing pangampleng, nanging pangampleng ingkang sinurung daya kekiyatan kebak,ndadosaken Wiguna kaseret dening tenaganipun piyambak, temah meh kemawon dhawah miring mangering, nut lampahing tangan kanan ingkang ngampleng angin.  Wiguna glayaran sakedhap nanging ingghih lajenhg saged nata adegipun malih. Nyarengi makaten punika Darim kendel anggenipun wicanten, lajeng nginger adegipun gentos madhep dhateng Wiguna.

"Lho kenging punapa Paman Wiguna?" Darim api-api boten mangertos kedadosan ingkang nembe kemawon niku, lajeng semu nambong nakeni Wiguna ingkang nembe kemawon saged jejeg sasampunipun adegipun sempoyongan.

"Keparat kowe Darim" Wiguna wangsulan kaliyan langkung rumiyin misuhi Darim "jebul kowe pancen wis niyat gawe onar ing papan kene. Mula kowe kudu mati sarana dicencang neng wit lan bebalungmu diremuk luwih dhisik".

"Lho ndika niku pripun ta Paman? wau ngengken kula damel luwangan, dereng ngantos kula tandangi malah ngincim badhe ngerut badan kula lan ngremuk balung kula. Boten, Paman kula boten purun dipejahi ngangge cara napa mawon" wangsulanipun Darim kanthi tembung ingkang babar pisan boten nedahaken raos ajrih.

Mripatipun Wiguna ingkang kepadhangan dening latuning obor, ketingal murup praupanipun ketingal mbrabak abang. Lajeng criyos :

"Kanca-kanca kabeh, kepungen papan kene iki aja nganti menungsa keparat iki bisa tinggal glanggang colong playu, dosane menungsa iki wis ora karuwan akehe ora mung wani nyolong banyu pancurane Eyang Kepuh lan jengkang jengking neng plataran kratone wae, kowe kabeh wis padha krungu dhewe si Keparat iki wis wani njangkar Eyang Kepuh sakepenake udele dhewe, nek ora enggal dicekel lan diremuk bebalunge aku kuwatir awake dhewe lan wong-wong Gunungwijil bakal ditumpes dening Eyang Kepuh merga saka klakowane menungsa keparat iki".

Tiyang wolu andhanipun Wiguna nunten siyaga kaliyan dedamelipun ngepung Darim, ingkang ngadeg dipun adhepi dening Wiguna ingkang sampun siyaga kaliyan pedhangipun. Darim nggagas bilih boten prayogi menawi kedangon anggenipun dolanan kaliyan Wiguna sakancanipun punika, mila lajeng mendhet Kampak ingkang kulina kangge mbabad wana ingkang dipun slempetaken ing lempengipun.

"He Paman Wiguna lan paman-paman kabeh" Darim wicanten kaliyan tanganipun kenceng nggegem dangan kampakipun "padha sumurupa, yen sing ndika arani Eyang Kepuh kuwi ana lan ora ngolehi sapa wae njupuk utawa nggunakne banyu pancurane sarta wong jajagan neng platarane, mesthine ndika kabeh ora perlu wedi nampa walate. Sebab Eyang Kepuh kuwi ora goblog, duwe nalar, bisa mikir. Ora seneng ngganggu gawe marang wong kang tanpa dosa, yen tumindakku kuwi mau dianggep luput mesthine sing nampa pidana kuwi aku, aku mesti wis mati mau-mau diklethak sirahku utawa ditekak guluku. Eyang Kepuh mokal gelem tumindak ngawur, ngatut-ngatutne ndika kabeh lan wong-wong Gunungwijil sing ora ngerti apa-apa. Dadi sasuwene iki nek ana walat sing tumiba marang ndika utawa wong Gunungwijil saka Eyang Kepuh, kuwi kabeh ora merga Eyang Kepuh ora karenan ana wong ngambah plataran kratone sarta nggunakne banyu pancurane. Nanging merga Eyang Kepuh duka, duka merga wis ndika dakwa bodho ora bisa mikir, seneng ngawur, midana wong tanpa dosa. Kamangka tenane Eyang Kepuh kuwi sabar, ora seneng gawe cilakane sapa wae, dhemen tetulung marang sapa wae, gandheng ndika dakwa duwe teku sing ala mulane Eyang Kepuh duka marang ndika kabeh. Nyatane, aku ya ora dikapak-kapakne, merga aku ngajeni Eyang Kepuh, malah mau aku ya wis kandha kaya sing ndika melu rungokne, supaya Eyang Kepuh ora duka maneh marang ndika.............".

"Keparat kakehan cocot!" dereng ngantos Darim ngrampungaken wicantenipun Wiguna sampun langkung rumiyin majeng sarwi mbabataken pedhangipun ngarah dhateng  gulunipun Darim. Darim kaget, awit ebahing sabetanipun pedhangipun Wiguna sakalangkut cukat lan cepet, boten wonten wekdal kangge ngendhani. Wiguna piyambak ugi nginten Darim badhe pedhot gulunipun awit kasabet mawi pedhang ingkang kondhang landhepipun punika. Pedhang warisan saking Gurunipun nalika Wiguna sinau ulah kanuragan dhuk jaman nem-nemanipun.

"Trang.........!!!" kepireng suwanten banter, sinartan wonten pletikan latu ingkang padhangipun ngungkuli petikaning latu thithikan. Kasusul Wiguna kontal dhateng wingking watawis tigang jangkah lajeng dhawah ing siti, meh kemawon pedhang ing tanganipun ucul saking gegeman.

Nalika pedhangipun Wiguna kirang sakilan saking gulunipun, Darim ngebahaken kampak ingkang  wiwit wau sampun dipun gegem kenceng dangananipun. Awit  Darim rumaos sampun boten wonten wekdal kangge endha, gigiring kampang namplek wilahing pedhangipun Wiguna sinartan nyedhot kekiyataning Wiguna piyambak kangge ngenggokaken tumibanipun pedhang. Sakala nuwuhaken suwara banter lan pletikan latu ingkang sakalangkung mbalerengi mripat. Punika nedahaken bilih pedhangipun Wiguna punika kadamel saking waja pinilih. Temah boten ngantos putung sanadyan dipun thuthuk kaliya Kampakipun Darim, Kampak peparingipun Bagindha Kilir ingkang tuhu nggadhahi kalangkungan. Dene Wiguna ingkang kaseret dening menggokipun pedhang manginggil boten saged ngendheg awit, tenaganipun sampun dipun sok dhateng ebahing pedhang. Wiguna kontal dhateng wingking antawis tigang jangkah lajeng dhawah kalenggak.

Nadyan boten dangu lajeng saged tangi malih, nanging Wiguna kedah nata ambegan langkung rumiyin. Wiguna boten nginten babar pisan menawi pambabatipun boten angsal damel. Wiguna ugi boten sumerep kenging punapa dene pedhangipun dumadakan menggok manginggil lan nyurung piyambakipun dhateng wingking.

"Piye Paman Wiguna?" dumadakan Darim wicanhten kaliyan mesem "ngerti dhewe ta? Awit saka pambiyantune Eyang Kepuh aku ora sida mati kebabad dening pedhangmu?. Ndika nek bisa mikir mesthine ngerti, nek plataran kratone wae ora dililakne kapidak-pidak dening wong ora genah tujuwane, iki malah arep ndika angge bedhigasan pamer kaluwihan ing babagan kanuragan. Mesthi wae Eyang Kepuh ora lila lan banjur duka marang ndika".

"Ngoceha sasenengmu sedhela maneh bakal klakon tak cacah-cacah kuwandhamu" wangsulanipun Wiguna kaliyan nggereng. Tanganipun ingkang kering dipun ebahaken nyukani sasmita dhateng rencang-rencangipun murih sareng ngebyuk dhateng Darim ingkang namung ijen.

Estunipun kanca-kancanipun Wiguna sampun wiwit nggagas kaliyan ingkang dipun ucapaken dening Darim, ingkang menawi kanalar kanthi saestu langkung saged mlebet ing nalar. Mila lajeng tuwuh raos ajrih dhateng Eyang Kepuh, ajrih menawi nampi walat kados ingkang dipun ucapaken Darim lan Wiguna kala wau. Nanging tiyang wolu punika ugi ajrih dhateng lurahipun, ajrih menawi ngantos lurahipun nesu, boyen wurung badhe ndhawahi paukuman ingkang awrat dhumateng piyambakipun. Salebeting rangu-rangu makaten kala wau, dumadakan wonten Data ingkang wau nyumet obor, sumerep wonten sima ageng, inggih macan gembong ingkang mlampah sarwi ngrindhik badhe nubruk kancanipun saking wingking. Data njerit kamigilan semu ajrih boten kantenan, tanganipun nudingi dhateng sima ingkang ketingalipun nembe dugi.

 

ana candhake.

 


Minggu, 26 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 46

 


 

46.

Darim ingkang manawi sampun rampung nglampahi panembah padatanipun nadyan sakedhap nindakaken dzikir, wekdal puniku boten kober . Awit kaselak ngulati tiyang-tiyang ingkang nyaketi papanipun sarta lajeng sami angupengi piyambakipun. Gageyan Darim ngukuti sorban ingkang kala wau dipun jeber kinarya lemek sembahyang, kalebetaken malih ing pethukan. Nunten ngadeg kaliyan nambahi kawaspadaning dhiri.  Samangke Darim saged sumerep kaliyan cetha, pranyata ingkang ngepung lan ngupengi piyambakipun sedaya wonten sanga, sadaya sami nyepengi pedhang. Sedaya sami nedahaken sikep ingkang boten angenaki manah. Dumadakan salah satunggal saking tiyang sanga punika, ingkang nggadhahi pawakan ageng inggil, brengosipun crapang sarta jenggotipun ketel, ingkang katingalipun dados pangajenging tiyang-tiyang niku, mlangkah majeng tigang jangkah temah sansaya caket kaliyan Darim.

"He, Gus sapa jenengmu lan ngendi omahmu? dene kowe wani-wanine gawe onar ing papan kene? ngakuwa sadurunge tak tugel gulumu He" tiyang ingkang apangawak ageng inggil punika pitaken dhateng Darim kanthi anggetak-getak. Darim rumaos ngungun, awit piyambakipun rumaos boten tumindak punapa-punapa, nanging tiyang punika ketingal nesu saha sampun mastani bilih piyambakipun nsampun adamel onar.

"Nyuwun pangapunten Ki" Darim ingkang ngrumaosi bilih umuripun taksih langkung sakedhik menawi katandhing kaliyan ingkang dipun adhepi punika wangsulan mawi basa krama "menawi andika ndangu dhateng kula, nami kula Darim, griya kula ing Kademangan Kedhungtuwung. Kula nyuwun pangapunten menawi kula sampun kaanggep damel onar ing papan punika, awit kula boten mangertos tumindak kula ingkang pundi ingkang ndika kersakaken damel onar punika?".

"Ha-ha-ha" Tiyang ingkang pitaken wau gumujeng "wasis kowe micara, dosamu kok gendhong kok indhit ewa samono api-api ora ngerti, keparat. Sapa sing aweh palilah marang kowe keceh ing pancuran kono kuwi mau? Lan apa sing kok tindakne lagi wae ing kene iki mau? Umak-umik jengkang jengking sakepenakmu dhewe, kok anggep apa papan kene iki he?".

Darim lajeng nggagas bilih tiyang-tiyang niku namung badhe waton sulaya, liripun namung waton nglepataken dhateng piyambakipun ingkang nindakaken sesuci lan sembahyang tanpa ngganggu kamardikanipun sinten-sinten. Manahipun Darim kraos radi panas, awit tumindakipun ingkang makaten kala wau dipun anggep damel onar. Nanging Darim taksih boten nedahaken raos boten remenipun, malah lajeng wangsulan :

"Oh, nyuwun pangapunten Paman kula wau boten keceh saha boten mangertos menawi pancuran niku kagungan ndika, gandheng kala wau kula mbetahaken sesuci lan pancuran punika kula kinten inggih namung pancuran limrah, kula lajeng sesuci boten mawi nembung dhateng sinten-sinten jalaran pancuran punika boten wonten ingkang nenggani lan mapanipun ing wana ingkang tebih saking padhusunan. Dene anggen kula ingkang ndika wastani umak-umik jengkang jengking niku wau, estunipun kula nembe nindakaken panembah nut kapitayan ingkang kula rasuk lan rumaos kula anggen kula manembah ugi boten ngganggu tiyang sanes. Nuwun sewu menawi dhangan ing panggalih keparenga paring ngertos dhumateng kula, ndika miwah sadherek-sadherek punika sinten lan dalemipun pundi?".

"Piye? jenengmu mau sapa ? Darim ya?" Tiyang wau nggetak malih.

"Inggih kula Darim".

"Ngertiya pancuran kuwi pancen dudu duwekku, nanging Pancuran kuwi Pancuran sing wis ana sadurunge jagad iki ana lan dening sing yasa, pancuran kuwi ora oleh dienggo wijik, adus, utawa dijupuk banyune dening sapa-sapa yen nganti ana sing wani-wani wijik, adus utawa njupuk banyu pancuran kuwi tanpa oleh palilahe Eyang Kepuh, Eyang Kepuh bakal duka lan nibakne wewalat marang wong-wong Gunung Wijil, yaiku padhukuhan kidule alas iki. Samono uga papan kene iki, persise rong pambalang sakupenge pancuran kuwi iki papan suci, merga kene iki isih klebu plataran kratone Eyang Kepuh. Ngerti?" Tiyang wau wicanten nyariyosaken bab pancuran lan papan punika.

"Oh, makaten?" Darim wangsulan kaliyan plenggang-plenggong sajak gumun kaliyan wicantenipun tiyang punika.

"Makaten... makatenmu kuwi" Tiyang wau nggetak malih "saiki kudune kowe wis ngerti, dosa lan kaluputanmu sing wis ngundang bebaya lan kasangsaran marang wong-wong ing Gunung Wijil merga kowe wis kumawani sakkepenakmu reresik awak neng pancuran kuwi, kapindho kowe wis sakepenakmu dhewe jengkang-jengking sing kok arani manembah kuwi mau. Kuwi mengko mesthi sing nampa pidana lan walat saka Eyang Kepuh aku karo wong-wong iki sarta wong-wong ing Gunung Wijil kabeh, sauntara kowe sing tenane sing tumindak dosa wis adoh minggat menyang negaramu kana, ngendi mau ? Kademangan Kedhungtuwung?".

"Dados kula ndika anggep lepat? menawi makaten punapa pidananipun Paman? Paman sinten asmanipun?" Darim wangsulan kanthi tatag.

"Iya, Aku Wiguna" wangsulanipun tiyang punika, suwantenipun boten nggetak-nggetak malih "gandheng kowe wis ngrumangsani luput lan wis gelem nampa pidana, ana pangentheng-entheng kanggo kowe Darim, merga aku lan wong-wong Gunung Wijil ya ora seneng sakepenake nibakne pidana".

"inggih Paman Wiguna kula matur nuwun saderengipun" Darim nyauti kaliyan suwanten limrah "lajeng pidana punapa ingkang kedah kula lampahi, menawi cundhuk kaliyan kalepatan kula tartamtu kula badhe legawa nglampahi paukuman punika".

Wiguna gumujeng sora, lajeng semaur :

"Darim, kudune nek ndelok kaluputanmu iki mau, kowe dipidana kanthi dierut neng wit-witan, sikilmu loro pisan kudu diremuk bebalunge lan ditinggal nganti sak matimu. Nek kowe wis mati bathangmu kudu dicacah dibuwang neng alas ben dadi pakane kewan-kewan galak sing mbaureksa alas kene. Nanging gandheng kowe wis rumangsa luput lan gelem nampa pidana, mangka kowe mung bakal nampa pidana pati kanthi kebak rasa kamanungsan, lire jantungmu bakal tak suduk nganggo pedhang kareben ora kesuwen nggonmu ngrasakne lara, lan yen kowe kepengin mayitmu dirukti kanthi salumrahe sadurunge jantungmu tak suduk, kowe tak wenehi wektu gawe luwangan kanggo mendhem mayitmu. Wis saiki ndang gaweya luwangan tak enteni neng kene".

Rampung wicanten ngaten punika, Wiguna lajeng prentah dhateng andhahanipun :

"Tampa, Darim silihana piranti kanggo gawe kuburane lan kowe Data nyumeta obor sacukupe, sedhela maneh peteng iki mengko!".

"Nggih Ki Lurah" tiyang kalih ingkang nampi prentah saking Wiguna lajeng sami semaur, tiyang ingkang nami Tampa majeng nyaket mbeta pacul lajeng dipun uncalaken ing sacaketing Darim. Dene ingkang nami Data lajeng nithik watu damel latu kangge nyumet obor ingkang sampun cemawis.

Dumadakan Darim gumujeng latah-latah, kaliyan nyepengi doran pacul ingkang wonten ngajengipun. Sareng  sampun rampung anggenipun gumujeng, Darim lajeng madhep dhateng wit Kepuh ingkang wonten sanginggiling pancuran ingkang jejer kaliyan wit waringin, lajeng wicanten sora :

"Hee, mBah Kepuh sing gedhe pangapuramu lan aja gampang nesu, aku sing njalukne pangapura marang ndika jalaran wong sing jeneng Wiguna lan kanca-kancane iki kabeh ora duwe niyat utawa karep kanggo ngremehne ndika luwih-luwih nganggep ndika kuwi wong Pengung sing ora bisa nggunakne nalare, jalaran Wiguna sakancane iki wong bodho sing ora kulina nggunakne nalar kanggo mikir. Mula sepisan maneh tak jaluk ndika aja nesu lan aweh paukuman marang Wiguna lan wong-wong sing wis ngremehne ndika kaya sing tak ucapne mau. Ngerti mBah ?".

Suwantenipun Darim sora temah ngumandhang kabendalaken wongsal-wangsul dening keteling wana, suwantenipun Darim kados dipun terokaken dening tiyang sanes, namung kapireng sora nanging kirang cetha. Wiguna lan nkanca-kancanipun ingkang mireng pambengokipun Darim makaten kala wau sakala muntab, langkung-langkung sareng dipun wastani dening Darim bilih tiyang-tiyang kala wau tiyang ingkang bodho, tiyang ingkang boten saged migunakaken nalaripun kangge mikir.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 45

 


 

45.

Sasampunipun nampi serat kekancingan ingkang dipun tapak astani dening Sultan Trenggana, Darim lajeng pamitan wangsul. Nanging anggenipun wangsul boten laju dhateng Kedhungtuwung, Darim langkung rumiyin mampir sowan Kanjeng Sunan Kudus langkung rumiyin. Darim ngrumaosi bilih anggenipun saged nyumerepi sinten sejatosipun tiyang sepuhipun, inggih awit saking pitedahipun Sunan Kudus. Sunan Kudus sakalangkung rena penggalihipun nampi sowanipun Darim ingkang ngaturaken lelampahan ingkang dipun panggihi wiwit bidhal saking Demak dumugi ing papan ingkang samangke nami Kademangan Kedhungtuwung punika. Lelampahan lan sedaya kedadosan ingkang dipun panggihi salebetipun mbabad wana awit nindakaken dhawuhipun Kanjeng Sultan Trenggana ugi dipun cariyosaken sadaya.

"Aku melu bungah dene keng slira bisa lebda ing karya Darim" dhawuh pangandikanipun Kanjeng Sunan Kudus "mung welingku, keng slira kudu tansah eling yen satemene kabeh kang sinandhang dening titah ing ngalam donya iki tuhune amung pacoban sarta ujian saka ngarsaNe Kang Maha Adil lan Maha Asih. Iya sandhangan kang awujud papa cintraka apa dene kang arupa kamulyan lan kaluhuran. Rikalane titah sinandhangan ing papa ing kono Gusti anyoba sepira gedhene kasabarane titah lan nalika Gusti anyandhangi kamulyan tuhune Gusti anyoba sepira gedhene rasa panarimanira. Mula poma poma dipoma, sabegja-begjaning titah ing jagad padhang iki ora ana kajaba titah kang tansah eling marang Gusti, temah bisa tansah manunggal klawan karsaNe, ya ing kono iku dununge manunggaling Gusti lan Kawula, kawula lawan Gustine. Mung manungsa kang tan kendhat nggone eling marang Gusti, kang sinebut Wali, yaiku kerataning basa saka tembung uwal saka ing lali, yaiku lali ora bakal cumondhok ing atine manungsa, awit tansah eling marang Gustine, lire eling marang kabeh dhawuhe, eling marang apa kang dadi pepacuhe".

"Kawula nuwun" Darim atur wangsulan dhateng Sunan ing Kudus "pangestunipun Kanjeng Sunan ingkang tansah kula suwun, mugi kula saged dados tiyang ingkang kalebet tiyang beja, kados ingkang dipun dhawuhaken Kanjeng Sunan punika".

"Iya Darim" dhawuh pangandikanipun Kanjeng Sunan Kudus "ora liwat ayo padha donga-dinonga, padha nyenyuwun lan nyuwunake sedulure marang Gusti, murih bisa bareng-bareng kuwawa nindkane kuwajibane klawan becik. Gandheng ing Kedhungtuwung, keng slira wis diantu-antu dening kuwajiban kang ana kana, mula Aku ora wani nyandhet lakumu supaya leren dhisik kangen-kangenan ing panti Kudus kene. Nanging, sadurunge keng slira bali menyang Kedhungtuwung mampira luwih dhisik menyang Pengging, dadi manungsa poma aja dhemen lali lelabuhaning Kang wus aweh lelabuhan marang awake dhewe. Lan aku uga percaya, lamun dongane Ki Ageng ing Pengging tumrap kamulyanira bakal luwih gampang kinabulake dening Dzat Kang Maha Nasa".

Kairing donga tuwin puja pangestu saking Kanjeng Sunan Kudus, Darim nglajengaken lampahipun badhe dhateng Pengging langkung rumiyin. Dumugi ing Pengging, Darim katampi dening Ki Ageng Kebo Kenanga kanthi suka gambira. Langkung-langkung sareng Darim ngaturaken sedaya lelampahanipun, kawewahan kaliyan pitutur saking Kanjeng Sultan Trenggana miwah Kanjeng Sunan Kudus dhateng piyambakipun.

"Pancen bener apa sing dingendikane Sunan ing Kudus marang awakmu Darim" ngendikanipun Ki Kebo Kenanga dhateng Darim "ing alam kang gumelar iki pancen papane pacoban, lire pacoban saka Gusti marang kawulaNe. Yen ta kawula bisa lulus saka pacoban mangka bakal kabukak lawanging dalan kang bakal anjog ing papan baline mbesuk, yaiku bali marang mula mulane. Kosok baline yen manungsa ora lulus nggone nampa pacoban, ing kono lakune manungsa bakal ngambah dalan sasar, kesasar nggone lumaku temah ora bisa bali marang asal mulane, klambrangan sing ora cetha parane bebasan kaya uwuh kang montang-manting katempuh dening ombak ing satengahing samodra laya. Lan adhakane wong sing lali iku ora gampang bisane bali eling, jalaran ora rumangsa lali. Nalika lakune ngambah dalan kang sasar, ora gampang dienggaki, jalaran rumangsane dalan sing diambah kuwi wis bener. Kang mangkono iku awit saka ora bisane ngrumangsani lamun si titah wis ora mangeran marang Gusti kang nitahake, nanging mangeran marang hawa nafsu, nalar lan karsa priyanggane. temah asamNe Gusti kang den ucapake muhung mandheg tumeka gorokan walaka, ora bisa rumesep sajroning sanubarine".

"Kawula nuwun  nuwun inggih Ki Ageng" wangsulanipun Darim sarwi ngrumesepaken pituturipun Ki Kebo Kenanga dhateng manahipun "mugi Gusti tansah paring kekiyatan dhumateng pun Darim temah boten ngantos supe dhateng pitedah punika".

"Kang luwih baku sira ngerteni Darim" Ki Ageng nglajengaken pangandikanipun "miturut warta lelakoning manungsa wiwit jaman kuna makuna, akeh manungsa kang lulus nalikane tampa pacoban rupa kasangsayan jroning uripe, nanging banjur lali marang Gustine bareng kasangsayaning urip disalini dening Gusti klawan rupane Kamulyan lan Kaluhuran. Mangkono uga suwalike, akeh manungsa kang wasis anyukuri kanikmatan nalika kaparingan nugrahaning Gusti, nanging ora pinter malah kepara bodho, ora bisa nglakoni sabar nalikane kakemulan klawan kasangsayaning urip. Mula Darim, pawelingku marang awakmu, sepisan maneh dadiya kaya kang wus didhawuhake dening Sunan ing Kudus, yaiku dadiya WALI , yaiku awakmu kudu bisa uwal saka lali temah tan ana wektu ing sajroning uripmu kajaba tansah manunggal klawan Gusti".

Sasampunipun pitutur saha wejangan ingkang kathah saking Ki Ageng ing Pengging, Darim lajeng katundhung wangsul dhateng ing Kedhungtuwung. Jalaran Ki Ageng Kebo Kenanga ugi uninga bilih estunipun ing Kedhungtuwung taksih kathah prakawis ingkang kedah dipun ayahi dening Darim. Sami nalika liraken Kudus, Ki Kebo Kenanga ugi nguntabaken bidhalipun Darim saking Pengging inggih kasurung dening puja pangestu miwah pandonga dhumateng Gusti Allah, murih Darim tansah kinayoman dening Dzat Ingkang Maha Nasa.

Ing salebeting lumampah wangsul dhateng Kedhungtuwung, Darim boten mandheg-mandheg kajawi namung menawi badhe nglerenaken kapal ingkang dipun tunggangi murih nyenggut rumput lan ngombe sacekapipun. Lan punika ajeg kalampahan anyarengi menawi wekdal kangge manembah dhumateng Gusti sampun dumugi. Dados nalikanipun kapal nedha lan leren, Darim nindakaken panembah.  Anuju ngajengaken wancinipun serap surya, lampahipun Darim sampun dumugi sacaketipun benawi ageng ingkang toyanipun nedheng bena. Darim ngendhegaken lampahing kuda, nunten mandhap, kudanipun dipun tuntun sinambi  ngulat-ulati mbok bilih wonten toya ingkang bening ingkang sae menawi kangge sesuci. Boten dangu Darim mkireng wonten suwanten kumricik, suwantenipun toya pancuran ingkang dhumawah ngengingi sela-sela padhas ing ngandhapipun. Darim nunten nyancang kapalipun ing wit alit lan ingkang ing mriku kathah suket ingkang ijem seger ledhung-ledhung, lajeng Darim mlampah nyaketi toya pancuran ingkang medal saking sela ingkang mangku witing waringin. Sasampunipun nindakaken sesuci Darim wangsul dhateng papanipun nancang kapalipun, lajeng anggelar sorban peparing saking Sunan Kudus kangge lemek anggenipun nindakaken lampah panembah.

Salebeting manembah dhateng Gusti Allah, Darim boten nyipta punapa-punapa kajawi muhung nynyuwun dhumateng Allah nut lan jumbuh kaliyan pocapan-pocapan ingkang dados wajibing pocapan salebeting manembah dhumateng Allah. Temah Darim ugi boten maelu sakanan keringipun ingkang pranyata wonten pinten-pinten pasang netra ingkang anguwasi anggenipun nglampahi wajib sembahyang ing wanci maghrib.  Nembe sasampunipun Darim rampung anggenipun sembahyang kanthi noleh manengen miwah mangering, Darim sumerep saking waliking gegrumbulan sami medal tiyang-tiyang ingkang ngliga gegamanipun lan anyaketi papanipun linggih.

 

ana candhake.


Sabtu, 25 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 44

 

 

44.

Sumerep tingkahipun tiyang-tiyang ingkang ngaken saking Paguron Gunung Bancak makaten punika, Darim kaget. Salebeting manah boten nginten manawi badhe kedadosan ingkang kados makaten kala wau. Satunggal-satunggal tiyang gangsal punika dipun tamataken kanthi setiti, katingal ing praupanipun tiyang gangsal wau bilih punapa ingkang dipun ucapaken tulus dumugining manah. Sok makatena Darim boten suda ing kaprayitnan, dumadakan sukunipun ingkang tengen dipun gedrugaken dhateng siti temah nuwuhaken horeg ing sakanan keringipun. Tiyang gangsal ingkang nembe linggih amarikelu punika, ngraosaken geter ing manahipun awit saking horegipun siti ingkang dipun linggihi.

"Kisanak kabeh, tak jaluk ndika kabeh padha ngadeg!" Darim wicanten kanthi suwanten ingkang sora, nedhi supados tiyang gangsal wau ngadeg . Nanging tiyang gangsal wau boten wonten ingkang ebah, malah anggenipun linggih sansaya amarikelu nedahaken raos ajrihipun.

"nDika wong lima kuwi, nek arep rembugan karo aku ora ngono kuwi carane" sareng pangatagipun boten dipun lampahi, Darim lajeng wicanten malih "saiki padha nyedhaka mrene, ayo rembuan sing kepenak".

"inggih Guru" tiyang gangsal wangsulan sesarengan, lajeng sami ngadeg nyaketi papanipun Darim ngadeg.

Sareng titiyang sami nyaket, Darim lajeng mapan linggih, tiyang gangsal niku ugi lajeng sami linggih ing ngajengipun Darim, linggihipun jejer sedaya sami ndhingkluk kanthi sikep kurmat dhateng ingkang wonten ngajengipun.

"Karep ndika padha ndadekne aku guru ndika kuwi kepriye? nDika kabeh mesthine ngerti, umur-umuranku luwih nom yen ditandhing karo ndika kabeh? Lan nDika uga wis padha duwe Guru ing Paguron ndika kana,  kok dumadakan ndika banjur arep maguru marang aku tanpa palilah saka guru nDika, apa lekas ndika iku ora jeneng degsura marang Guru sing wis akeh paring tuntunan lan kabecikan marang ndika kabeh?" Darim wicanten, ngemutaken dhateng tiyang gangsal kala wau, bilih lekasipun nyuwita dhateng piyambakipun makaten kala wau boten leres, malah sampun kalebet tumindak ingkang degsura dhateng gurunipun.

"Nyuwun pangapunten Guru" Sambada tiyang ingkang sepuh piyambak lajeng wangsulan "estunipun nalika kula sakdang badhe mandhap saking Gunung Bancak rumiyin dening Guru kula inggih Ki Bancaksaidi kadhawuhan makaten : Heh murid-muridku kabeh, ngelmu sing tak duweni wis tak turunake marang sira kabeh. Nanging sira kabeh kudu sumurup, ngibarate gegaman ngelmu kuwi bakal dadi kethul lamun ora saben dina diasah, kamangka ngelmu sing padha sira duweni kuwi isih anyar kaya dene gegaman ingkang lagi metu saka pandhen, mula dimen luwih bisa digunakne kudu diasah ing watu ungkal sing becik. Aku minangka Pandhene gegaman, ora kabotan kepara malah seneng yen gegaman sing tak pandhe iki padha diasah dening sing tak titipi, lan aku bakal rumangsa eman yen sing tak titipi gegaman iki mung digunakne ngono wae tanpa diasah kanthi becik. Dene ing ngendi olehmu padha arep ngasah gegaman, aku ora ngerti dununge mung wae aku meling yen bisa goleka papan pangasahan ingkang becik, murih gegamanmu ora gampang rusak. Lan sira kabeh kudu weruh, murih luwih ana ngunane gegaman sing lagi metu saka pepandhen iku, luwih becik yen sira padha njangkepi wujuding gegaman klawan gagang utawa danganan, warangka lan sapiturute.

Makaten menggah dhawuhipun Guru kula Ki Bancaksaidi dhumateng kula sakadang, samangke sareng kula sakadang kepanggih kaliyan Guru, kula sakadang nyuwun wontena rilaning panggalih,  Guru kepareng nampi pasuwitan kula sakdang murih kula sakadang saged nindakaken pawelingipun Guru kula ingkang rumiyin nenggih Ki Bancaksaidi, ingkang makaten kala wau".

Cekaking cariyos, wiwit dinten punika tiyang gangsal babaran Paguron Gunung Bancak punika nunten dados siswa-siswanipun Darim. Ingkang lajeng sami yasa papan kangge palereman piyambak-piyambak sarta lajeng sami ngrencangi Darim nindakaken kuwajiban nglajengaken anggenipun badhe mbabad wana lan yasa padhusunan. Sareng anggenipun sami babad sampun radi wiyar, papan punika nunten kadenangan tiyang-tiyang ingkang kaleresan ngliwati papan mriku. Lan warta bilih ing papan mriku kabikak padhusunan enggal nunten sumebar dhateng pundi-pundi lan kathah ingkang sami ndugeni papan mriku nembung badhe ndherek mbabad lan mangayom dhateng Darim. Darim piyambak ugi boten kawratan awit wontenipun tiyang-tiyang ingkang sami nembung badhe ndherek babad wana punika. Mesthi kemawon mawi prajanjen bilih sadaya kedah tundhuk dhateng punapa ingkang dipun kejengaken dening Darim ingkang nggadhahi kawenangan murba misesa papan mriku cundhuk kaliyan ungelipun Layang Kakancingan saking Kasultanan Demak Bintara.

Boten dangu namung antawis Setunggal tahun langkung sakedhik ing papan mriku sampun wonten padhusunan alit ingkang warginipun antawis seketan somah. Pategilan ugi sampun dados lan sampun kenging kawastanan wiyar . Tiyang-tiyang enggal ingkang ndugeni papan punika lan nembung badhe mangayom dhateng Darim, kados toya ingkang mili inggih taksih wonten kemawon. Sareng sampun jangkep kalih tahun, Darim lajeng sowan dhateng Demak, marak ing ngarsa dalem Kanjeng Sultan Trenggana saperlu ngaturaken kawontenan ing papan babadanipun.  Kajawi punika Darim inggig ngaturaken wiwit piyambakipun dumugi ing papan mriku, bab anggenipun nyupena kepanggih lan kaparingan gegaman kampak dening Bagindha Kilir. Sadaya cariyos saking Bagindha Kilir ingkang dipun tampi salebeting pasupenan boten wonten ingkang kacicir sadaya kaaturaken dhateng Kanjeng Sultan Trenggana.

"Dadi saiki wis ana kira-kira satus somah sing ana ing tilas alas sing kok babad kuwi Darim?" Kanjeng Sultan ndangu dhateng Darim.

"Kasinggihan Sinuhun" atur wangsulanipun Darim.

"Banjur papan kono kuwi wis kok tengeri nganggo sebutan apa? minangka araning padesan?" Kanjeng Sultan paring pandangu malih.

"Cadhong duka Gusti" Darim matur "ngaturi uninga bilih papan punika dereng wonten sebatanipun, ambok bilih kaparengaken abdi paduka pun Darim nyuwun berkah dalem, mugi Gusti kula kepareng paring nami dhateng papan babadanipun abdi dalem pun Darim".

Kanjeng Sultan sakalangkung rena penggalihipun, ketitik lajeng paring dhawuh :

"Darim Ingsun kagungan pangira Lemah babadanira iku ing tembene bakal dadi papan sing subur lan reja. Kanggo pepeling labuh labetira marang wong akeh sing bakale padha manggon lan mangayom ing papan kono, sarta minangka pakurmatanira marang wong tuwanira sing sira ngerteni mung kari wujud crita sing didhawuake Kanjeng Nabi Khidir ing impenira, papan kono jenengna Tuwung. Iki dijupuk saka arane wong tuwanira wadon sing aran Kitu, dijupuk wanda sing keri yaiku Tu, lan arane wong tuwanira lanang sing jeneng Sawung, uga dijupuk wanda sing keri yaiku Wung. Dadi jangkepe papan kono kena diarani Tuwung utawa Kedhungtuwung, awit nggonmu mbabad sira wiwiti saka cedhaking Kedhung".

"Ngunjukaken genging panuwun ingkang tanpa pepindhan Sinuhun" Darim atur sembah kanthi gambiranipun manah "dhawuh saha berkah dalem estu badhe kula pundhi ing salami-laminipun".

"Sabanjure" Kanjeng Sultan paring dhawuh maneh "sira Ingsun keparengake njembarake padhukuhan ing kono nganti seket pambalang mubeng ambane, lan sira Ingsun parentahake supaya nata papan kono kadidene nagara sing wis ana, gandheng sira suwe mapan ing Pengging entranen tataning parentah ing Tuwung memper tataning parentah ing Pengging. Mung sebutane sing nyekel punjering parentah ora Ki Ageng, nanging Ingsun lilani nganggo sebutan Demang lan papan kono dadiya Kademangan Tuwung lan Kademangan iki kebawah Kasultanan Demak. Sira uga Ingsun paringi purba wasesa, milih sapa sing kudu didegake dadi Demang lan para praboting Kademangan Bisa sira dhewe uga bisa sapa wae sing sira piji".

"Sendika Gusti" Darim atur sembah.

"Entenana sedhela, bakal Ingsun yasakaken Layang Kekancingan minangka paugeranira nindakne dhawuh Ingsun iki, dimen ditulis dhisik dening abdi kapanyarikan".

 

ana candhake.


Jumat, 24 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 43

 


 

43.

Tiyang gangsal ingkang sumerep kekiyatan ajinipun Darim sami cingak lan ngungun,  sami mengkeret manahipun, kajawi Anggara. Anggara namung sakedhap ngraosaken kaget, salajengipun malah gumujeng ngece. Anggara pancen nate mireng bilih wonten ngelmu ingkang namung dhapur wewayangan semu, inggih punika ngelmi ingkang namung apus-apus, ngapusi panyawanging tiyang sanes murih miris lan ajrih, nanging salugunipun namung semu kemawon. Makaten ugi ngelmi ingkang nembe kemawon dipun tingali, Anggara boten pitados menawi Darim gadhah kekiyatan ingkang ngedab-edabi kados makaten kala wau, nanging Anggara pitados bilih Darim nggadhahi ngelmi wewayangan semu, dados ingkang katingal sela item ajur katamplek epek-epekipun Darim punika kaanggep dening Anggara namung ngelmu apus-apus kemawon.

"Ha...ha...ha....." Anggara gumujeng kenceng lajeng kasambet kaliyan wicanten ingkang kapireng ngece "mung bocah cilik sing gumun weruh wewayangan sing nggegirisi sing nyatane mung ngapusi mripate wong akeh".

Darim ingkang dipun guyu dening Anggara radi panas manahipun, mila lajeng wangsulan :

"Sakarepmu anggon ndika arep ngarani, aku mung ngelingake  wae lan ora niyat pamer mung aku duwe pangeman marang tanganku aja nganti gawe cilik lara gedhene tatune wong sing ketibanan".

"Aja kakehan wuwus Darim, ayo kene dicoba dhisik" wangsulanipun Anggara kalih siyaga "tak wenehi wektu sepuluh jurus, nek kowe isih bisa ngadeg tak guroni kuwandhamu".

"Iya ta yen ngono, sepuluh jurus ta? limang jurus sing ngarep nek ndika bisa nyenggol kulitku, aku ngaku kalah. Limang jurus sing mburi nek ndika kuwat nangkis utawa ngendhani seranganku, ndika tak anggep wis menang. Piye yen ngono?" Darim wangsulan ugi kaliyan nata kuda-kudanipun.

Anggara sansaya kemropok manahipun, tanpa taha-taha tumunten ngrangsang Darim mawi sikil kananipun ngarah dhateng padharan. Kados ingkang dipun sumbaraken, Darim boten niyat nangkis, malah namung ngendhani mawi ebahing raga ingkang boten ngawistarani, inggih punika namung mawi miring sakedhik, panyerangipun Anggara sampoun saged dipun endhani. Ngertos menawi panyadhukipun namung ngengingi angin, Anggara sansaya muntab, lajeng mangsuli anggenipun ngrangsang. Tangan lan sikilipun ebah sareng, cepet kados ebahing kitiran ingkang katempuh angin . Ing wiwitan taksih ketingal limrah, nanging sansaya dangu sansaya cepet, temah ingkang katingal ing mriku namung wewayangan ingkang ngemu perbawa, kados lesus ingkang dados gambul muser boten wonten pedhotipun. Ewa samanten panggah kemawon, seranganipun Anggara ingkang kados lesus makaten kala wau boten wonten ingkang saged ngengingi raganipun Darim, labet saking pas anggenipun Darim ngecakaken ngelmi ingkang dipun angsu saking Kebo Kenanga ing Pengging. Sareng pangrangsangipun Anggara ingkang tansah lepat, langkung saking sedasa jurus. Darim mletik manginggil lajeng kaliyan njungkir walik radi nebih saking papanipun Anggara. Sasampunipun ngadeg jejeg ing siti, Darim nunten wicanten :

"Kisanak Anggara, tak anggep wis cukup nggonku tansah ngendhani pangrangsangmu. Saiki genti aku sing miwiti, seksenana nek nganti limang jurus ndika bisa ngendhani utawa kuwawa nangkis seranganku, ndika tak anggep menangake tetandhingan iki".

"Ora ah kakehan gunem Darim, ayo kene tibakna seranganmu, ora-ora nek aku bakal mundur nadyan mung sajangkah" wangsulanipun Anggara sarwi siyaga.

Darim lajeng maju, tanganipun kumlawe boten katingal cukat, ngarah sirahipun Anggara, boten banter namung alon kemawon. Anggara ingkang rumaos dipun remehaken , nedya nangkis seranganipun Darim. Nanging jebul ebahing tanganipun Darim benten kaliyan ingkang dipun nyana dening Anggara, panangkisipun Anggara boten ndadosaken tanganipun Darim kandheg, nanging bablas, driji temunggulipun Darim, kabantu driji jempolan, ebah nylenthik godhoh kupingipun Anggara. Sanaosa namung sak slenthikan, suprandene ndadosaken Anggara kados kapupuh mawi gada ing talinganipun, Anggara mencolot mundur sarwi nekem kupingipun mawi tangan.

"Siji" Darim wicanten banter. Anggara rumaos sansaya dipun remehaken, lajeng tata-tata malih, boten namung badhe nangkis utawi ngendhani panyerangipun Darim, nanging malah badhe mangsuli anggenipun badhe nyerang, nyadhuk mawi sikil utawi mupuh mawi tangan.

Nalika Darim badhe ngecakaken serangan dumadakan Anggara mencolot mengajeng sarwi ngirimaken sadhukan ngarah padharan, Darim kaget nanging inggih namkung sagebyaran, saderengipun sukunipun Anggara dumugi padharanipun, sikut kananipunpun Darim langkung rumiyin  ebah ngadhang lampahing sukunipun Anggara, saantawis lengenipun Darim ingkang kering kadamel nyangga mikuwati sikut kanan. Tumapaking suku ingkang nempuh sikut linambaran lengen, ndadosaken Anggara mencelat mundur ngantos tigang jangkah langkung, balung garesipun kraos sakit ingkang boten kanten-kantenan. Temah adegipun Anggara dados sempoyongan.

Darim mencolot maju mburu mangajeng, lajeng sukunipun ngirim sadhukan dhateng lambungipun Anggara. Sukunipun Darim nanggor balung iga, Anggara njerit banter awit boten kober endha, temah rebah ing siti, gulungt-gulung ing pangangkah badhe radi nebih saking pun Darim. Nanging Darim boten nyukani kalodhangan babar pisan dhateng Anggara. Nalika rampung anggenipun Anggara gulung-gulung lan nedya tangi, jebul ing ngajengipun Darim sampun siaga badhe mupuhaken tanganipun utawi badhe nyadhukaken sukunipun. Anggara wurung anggenipun badhe tangi, namung jaga-jaga badhe nangkis sawanci-wanci seranganipun Darim dumugi.

Darim ngepelaken tanganipun kanan, Anggara ngtinten manawi badhe kapupuh praupanipun, lajeng tata-tata badhe nangkis. Darim lajeng ngebahaken tanganipun ingkang sampun ngepel kenceng, nanging boten siyos kapupuhaken dhateng Anggara. Ing sacaketing Anggara wonten tunggak kajeng ingkang ageng , inggih tunggak sisaning babadanipun Darim. Kepelanipun Darim kadhawahaken dhateng tunggaki kala wau, wonten suwanten jumlegur, tunggak kobong mulat-mulat kados dipun besmi, oyotipun rungkat, tunggak ngalih papanipun.

"Yen iki kabeh isih ndika anggep wewayangan semu, aja ngluputake aku yen tunggak sing kobong kuwi genine nylomot lan ngobong kulit ndika" sarwi wicanten makaten Darim lajeng ngungkuraken Anggara ingkang taksih ngglethak kamitenggengen, Darim mlampah badhe dhateng papanipun nyambut damel malih.

Dumadakan Anggara wicanten seru nanging boten kepireng kados suwantenipun tiyang ingkang nembe nesu.

"Aja ngalih dhisik Kisanak, aku tulungana........!".

Darim lajeng mandheg, noleh dhateng wingking lajeng semaur :

"Aja ngalem kaya bocah cilik, ndika ora tatu lan ora apa-apa, mosok ora bisa tangi dhewe?".

Anggara kalih krengkangan nunten tangi, sasampunipun ngadeg lajeng maju nyaketi Darim, lajeng wicanten malih :

"Kisanak Darim, kaya sing wis tak ucapne ing ngarep mau. Yen sajroning sepuluh jurus, isih bisa ngadeg, aku bakal meguru marang ndika. Samengko wis kebukten, kliwat saka selawe jurus ndika panggah isih ora kurang sawiji apa, malah aku sing upama ana tegane ndika mesthi wis dadi bathang. Mula jagad saisine mugi neksenana........."

Anggara ndhawahaken awakipun ing siti, nunten dheprok ngapurancang sarwi wicanten :

"Guru mugi wonten sarjuning panggalih kaparenga nampi pasuwitan kula, prasetya kula pun Anggara, nadyan lebur kinarya sesawur, nadyan putung kinarya bebalang, Anggara boten badhe kawratan sauger Guru kepareng nampi pasuwitan kula".

"Mengko dhisik" Darim rumaos kaget kaliyan tingkah tuwin pangucapipun Anggara ingkang makaten kala wau . Nanging saderengipun Darim nglajengaken wicantenipun, Anggara sampun langkung rumiyin wicanten sora dhateng kanca-kancanipun :

"Kakang-kakangku lan adhi-adhiku saka Gunung Bancak, sing gedhe pangapuramu yen ndika arep nerusne laku aku mung bisa ngaturaken sugeng tindak, aku ora bisa melu maneh. Aku arep nyuwita marang Guruku Ki Darim neng papan kene".

Kanca-kancanipun Anggara ingkang cacah sekawan kala wau, dupi mireng wicantenipun Anggara lajeng sami mlampah nyaket, sasampunipun dumugi sacaketipun Anggara nunten sami ndheprok ing siti lan nindakaken kados lekasipun Anggara :

"Guru, kula Lampit"

"Kula Sambada"

"Kula Guritna"

"Kula Kartika"

"Nyuwun rumentahing sih kawlasan mugi Guru Kersa nampi pasuwitan kula. Mugi Bumi lan Langit anekseni, kula badhe nuhoni sadaya dhawuhipun Ki Darim inggih Guru kula".

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...