51.
Tiyang-tiyang namung sami ningali kesahipun Ki Ratasu kaliyan panyawang ingkang nedahaken boten remenipun dhateng tiyang ingkang kala wau taksih dipun aji-aji lan dipun gegga sedaya pangucapipun. Sasampunipun Ki Ratasu ical kauntal petenging dalu, Darim lajeng mapan linggih malih, titiyang inggih nunten sami linggih kepung ing joganining pendhapa kalurahan. Tiyang-tiyang ingkang kala wau wonten ing plataran ugi kathah ingkang ndherek minggah linggih pendhapa, tiyang-tiyang kala wau sami kepengin sumerep wayahipun Eyang Kepuh ingkang sampun ngatingal saha paring pidana dhateng Ki Ratasu ingkang ngaken-aken minangka siswanipun Eyang Kepuh, ingkang pranyata tiyang ingkang kekudhung asamanipun Eyang kepuh kangge mbalithuk tiyang kathah.
"Sepisan malih kula nyuwun pangapunten Raden" sareng sampun saantawis sami kendel Ki Lurah Wiguna miwiti wicanten malih "kula lan para warga Gunungwijil saestu boten mangertos menawi sampun kajlomprongaken dening Ki Ratasu temah sampun nggadhahi pamanggih ingkang klintu dhateng inkang Eyang . Kula miwah warga Gunungwijil ugi ngaturaken genging panuwun dene Raden sampun kepareng rawuh saha madhangaken pepeteng ingkang wonten ing padhusunan mriki niki".
"Mangke rumiyin Ki Lurah" Darim tumanggap kaliyan mesem "estunipun anggen kula ngantos dumugi mriki niki wau rak namung dhawah kaleresan kemawon?. Saupami kala wau sonten kula boten kadenangan sesuci ing pancuran kepuh saha nindakaken sembahyang ing siti ingkang kaanggep minangka plataraning Kraton Kepuh, kula kinten kula sampun tebih nilaraken laladan mriki".
"Inggih Raden" Lurah Wiguna suka wangsulan "nanging wajib tumrap kula lan brayat ing Gunungwijil mriki ngaturaken panuwun dhateng Raden ingkang sampun mbikak wewadinipun Ki Ratasu ingkang sampun tebih anggenipun njlomprongaken manah tuwin nalar kula lan tiyang Gunungwijil sedaya magepokan kaliyan ingkang Eyang".
"Sakniki ngaten kemawon Ki Lurah" Darim wicanten "kula nyuwun wekdal kangge ndongeng, ingkang dongeng punika mangke saged dipun penggalih dening Ki Lurah miwah para kadang ing Gunungwijil mriki murih boten gampil kajalomprong, boten gampil dipun blithuk dening tiyang ingkang pados - pados . Pripun menawi makaten Ki Lurah saha sedherek sedaya? kersa mirengaken doneng kula punapa boten?" .
"Mangga Raden kula aturi enggal kadhawuhaken kemawon" Ki Lurah wangsulan kaliyan sajak remen manahipun.
"Inggih Raden, kula sami badhe remen sanget menawi Raden kersa paring dhawuh makaten punika kala wau" saur manuk titiyang sapendhapa sami wangsulan.
Darim kendel sakedhap, nyandhak cangkir ning ngajengipun nyruput sisaning kopi ingkang kalawau kasegahaken dening rewangipun Ki Lurah. Lajeng nata anggenipun linggih, nunten miwiti wicanten malih :
"Ki Lurah lan para kadang sedaya, mila leres bilih Ki Ratasu punika meh sedaya ingkang dipun criyosaken dhateng andika sami mliginipun ingkang magepokan kaliyan kawulaning Gusti ingkang nami Eyang Kepuh, punika dora utawi goroh. Mesthinipun botena kula aturaken, ndika sadaya mesthi sampun pirsa sasampunipun Ki Ratasu wawan rembag kaliyan kula kala wau inggih napa boten ?"
"Inggih leres Raden" Ki Lurah Wiguna tuwin tiyang-tiyang sami wangsulan sareng.
"Nah, samangke gentos kula badhe pitaken dhateng andika danten, menawi samangke ndika sampun boten badhe pitados malih dhateng Ki Ratasu ingkang suwaunipun sedaya wicantenipun ndika anggep leres, lajeng kados pundi kaliyan wicanten tuwin cariyos ingkang medal saking tutuk kula? nDika pitados punapa boten?" pitakenipun Darim dhateng Ki Lurah tuwin tiyang-tiyang Gunungwijil.
"Inggih Raden kula sedaya sami pitados dhateng sedaya dhawuhipun Raden" tiyang-tiyang sami wangsulan.
"Ngaten inggih para kadang" Darim wicanten kaliyan sareh "tiyang pitados dhateng tiyang sanes ing babagan gaib, utawi prakawis ingkang boten saged dipun nalar, langkung-langkung dhumateng tiyang ingkang dereng dipun tepangi saderengipun, punika kedah ngatos-atos daos boten gampil kesasar ing pamanggih".
Darim kendel sakedhap anggenipun wicanten, tiyang-tiyang sami pating plenggong sajak kirang mangertos kaliyan punapa ingkang dipun ucapaken Darim, kalebet Ki Lurah Wiguna inggih namung ndomblong kemawon awit wangunipun inggih dereng mudheng kaliyan wicantenipun Darim.
"Gampilipun makaten" Darim lajeng nggenahaken wicantenipun "nalika kula ngaken bilih kula punika putunipun Eyang Kepuh, ndika sedaya lajeng pitados ngaten kemawon. Punika kenging menawi nuju boten ngepasi wonten kedadosan ingkang kados niki wau, utawi malih menawi kula boten gadhah pamrih punapa-punapa kajawi namung wangsulan menawi wonten tiyang taken dhateng kula : Darim kowe kuwi putune sapa? lajeng kula mangsuli putune Eyang Kepuh, ngaten punapa-punapa, nanging menawi anggen kula ngaken kados kala wau prayoginipun boten kesesa dipun pitados, kedah kanalar langkung rumiyin, cundhuk kaliyan nalar ingkang waras punapa boten. Menawi boten klebet ing nalar inggih langkung sae menawi lajeng boten dipun pitados ngaten kemawon, tinimbang damel sasaring pikiran. Samangke anggen kula ngaken bilih kula punika putunipun Eyang Kepuh mlebet ing nalar punapa boten?"
Tiyan-tiyang sami gedheg-gedheg, sansaya boten mudheng kaliyan ingkang dipun ucapaken dening Darim, temah boten wonten ingkang semaur babar pisan. Darim ngertos menawi tiyang-tiyang sami kewetan anggenipun badhe wangsulan. Pramila lajeng nyambung wicantenipun :
"Ngaten kemawon, kula badhe tangklet ingkang gampil-gampilan mawon, menawi wonten tiyang menungsa kados kula lan andika sami ngaten punika dumadakan gadhah anak cempe, utawi gudel, utawi kuthuk, makaten punika klebet nalar punapa boten ?"
"Temtu kemawon boten Raden" Ki Lurah Wiguna suka wangsulan "wiwit jaman kuna makuna naminipun manungsa punika menawi gadhah anak inggih bayinipun manungsa, dede cempe utawi gudel".
Tiyang-tiyang ugi lajeng ngguyu sareng, ngleresaken wangsulanipun Ki Lurah ingkang makaten punika.
"Leres Ki Lurah" Darim tumut gumujeng lan ngleresaken wangsulanipun Ki Lurah "sakniki kula tangklet malih, Eyang Kepuh punika kinten-kinten bangsanipun manungsa punapa sanes? menawi kula wastani bilih Eyang Kepuh punika kalebet bangsa alus, utawi jinising Jim, setan, peri prayangan kinten-kinten leres punapa boten?".
"Menawi kula pitados bilih Eyang Kepuh punika dede bangsanipun manungsa Raden" Ki Lurah wangsulan cetha "lan kula langkung pitados bilih Eyang Kepuh punika inggih kalebet bangsa alus, panunggilanipun Jim, Setan, Peri, Prayangan".
Tiyang-tiyang sami gumrenggeng malih, sami ngleresaken wangsulanipun Ki Lurah.
"Dados menawi menungsa punika anakipun menungsa, mesthinipun bangsa alus punika menawi gadhah anak wujudipun inggih bangsa alus, rak makaten ta? Sak niki ndika miturut ndika sedaya kula punika bangsa alus punapa bangsa menungsa? menawi kula bangsa alus mesthi kemawon boten saged dipun senggol, boten ngambah lemah, boten terus-terusan katingal, boten saged diajak jagongan kaliyan tiyang kathah, boten nedha sekul, ngombe wedang kados punika. Inggih punapa inggih? Lajeng menawi kula punika manungsa kados ndika sedaya, lajeng kula ngaken-aken bilih kula putunipun bangsa alus, klebet nalar punapa boten? ingkang pitados bilih bangsa alus punika gadhah anak manungsa punika nalaripun sampun pas punapa dereng?".
Darim ngendeli anggtenipun wicanten, lajeng ningali praupanipun tiyang-tiyang ingkang wonten pendhapa kalurahan kaliyan mesamk-mesem. Ki Lurah Wiguna tuwin tiyang-tiyang Gunungwijil ingkang wonten ing pendhapa mriku sami manthuk-manthuk, ugi kaliyan mesem radi kecut.
"Niki ngaten para kadang kula sedaya" Darim wicanten malih "saupami ingkang mastani kula anak dhemit punika tiyang sanes, kula mesthi badhe muring. Nanging kala wau kula malah ngaken piyambak menawi kula punika putunipun Dhemit, lucu punapa boten? Menawi lucu kok boten wonten ingkang gumujeng? Punika kala wau wonten sababipun. nDika sedaya ngersakaken pirsa sababipun punapa boten?".
"Inggih Raden, punapa sababipun?" Ki Lurah Wiguna pitaken kaliyan mesam-mesem.
ana candhake.