Total Tayangan Halaman

Sabtu, 13 November 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 48

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih


48.

Harmana karo Hartini dadi sansaya kaget bareng anake wedok ngalih mlebu kamar banjur lawange dikunci saka njero. Pancen tekune Eva wiwit cilik nganti tekan saiki kuwi durung owah. Saben - saben nesu utawa ora cocog atine banjur ngunci neng kamar lan ora metu-metu maneh nganti mari nesune. Lan nek wis ngono kuwi mbok digedhor saka njaba kaya ngapa wae bantere, ora bakal Eva gelem mbukak lawang kamare. Gandheng antarane Harmana lan Hartini wis padha apal karo lagak lagon lan lageyane Eva sing ngono kuwi mau, wekasan ya banjur meneng. Eva dijarne wae turu neng kamare.

 

Sauntara iku, Ester sing uga dadi sansaya bingung nemoni kahanan sing mangkono kuwi, uga banjur meneng. Atine dadi bali panas maneh,pranyata pandugane nek Pakdhe karo Budhene wis gawe pitnah marang Pak Arka kuwi kanyatan. Mau nalika Budhene ngomong nek Bapake Pak Arka kuwi jebul isih adhine Budhene dhewe lan Budhene kandha wis apal kabeh panguripan sak kelakuwane kulwargane Pak Arka nganti tekan simbahe, Ester wiwit rada percaya lan duwe pikiran nek wis kedadean salah tampa antarane Pakdhe lan Budhene karo Pak Arka, sing banjur ngandhani supaya Bapake murungne karepe Pak Arka olehe arep nglamar dheweke, Ester isih duwe pangarep-arep yen salah paham kuwi bisa didandani. Nanging bareng Eva teka lan ngandhakne apa sing sabenere, pangarep-arepe Ester bisa ndandani sesambungane karo Pak Arka dadi pupus. Luwih-luwih mau Eva ya ngabarake nek Pak Arka kuwi sanadyan wong sing sabar, nanging yen nganti ana wong sing ngina marang wong tuwane, mangka Pak Arka sing sabar bakal ilang pangapurane marang wong sing wani ngina wong tuwane mau. Kamangka, wingi merga dikandhanani Pakdhe lan Budhene, Bapake Ester olehe ngongkon murih Pak Arka murungake karepe, uga dibumboni pangina marang wong tuwane Arka barang. Lan Pak Arka sajake ya nesu tenan, ketitik nomer HP ne Ester wis diblock, ora bisa nyambung menyang HP ne Pak Arka maneh.

 

"Pakdhe kalih Budhe" sawuse meneng rada suwe, Ester banjur kandha marang Harmana lan Hartini sing isih durung ngalih saka kursi sing dilungguhi, suwarane Ester digawe lumrah, naging isine banget nglarani kupinge sing ngrungokne "sak niki kula ngertos, Pakdhe lan Budhe niku saking sengite dhateng adhikupun Budhe piyambak ngantos Pak Arka lan kula ingkang boten ngertos perkawis antawisipun Pakdhe lan Budhe kalih Bapakipun Pak Arka, Pakdhe lan Budhe dadosaken kurban. Kula nggih ngertos, sak niki Pakdhe lan Budhe sakalangkung marem, awit sampun damel laraning manah kula lan penggalihipun Pak Arka lumantar panampikipun Bapak dhateng Pak Arka.........."

 

"Mengko dhisik, sabarna atimu Pakdhe tak kandha" Harmana nyela rembug, medhot kandhane Ester.

 

"Sampun Pakdhe, kula sampun mboten mbetahaken pangandikan saking pakdhe lan Budhe ing prakawis punika" wangsulane Ester canthas lan cetha "kula sampun ngakeni wekdal punika Pakdhe lan Budhe ingkang mimpang, nanging kula inggih pitados yen Gusti Allah niku boten sare, lampah pagesanganing manungsa niku cakra manggilingan, sing nandur bakale ngundhuh, sing nyilih bakal mbalekne, sing utang bakale nyaur nek perlu nggih ngrenteni, perkawis pakdhe lan Budhe boten percaya babagan punika, dede urusan kula. Sampun, kula kinten boten wonten ginanipun kula dangu-dangu ing dalemipun Pakdhe mriki, kula badhe wangsul".

Tanpa ngenteni wangsulan, Ester ngadeg, mlaku metu munggah menyang mobile sing diparkir neng latar. Banjur ninggalake papan kono.

 

Harmana karo Hartini sing ditinggal padha njegreg, ngrasakne buneg. Ora rumangsa ngimpi apa-apa dina kuwi Harmana lan Hartini dinesoni dening prawan loro sing padha ditresnani, sing siji anake wedok lan siji maneh ponakane. Loro-lorone sedhela maneh bakal diwisuda dadi sarjana ing sekolahane. Anake bakal dikukuhne dadi Sarjana Ilmu Tanah dening UPN lan Ponakane bakal dikukuhne dadi Sarjana Hukum dening UGM. Karo-karone padha ninggalne wong loro kuwi, karo ulat sing padha petenge.

 

"Piye Pah?" Hartini alon nakoni bojone.

 

"Lha ya?" Harmana mung aweh wangsulan cekak, ora nyambung pisan.

 

"Lha ya piye?" Hartini takon maneh karo suwara rada sereng. Harmana ngguyu sepa.

 

"Aku kok isih durung bisa percaya karo sing dikandhakne Ester karo Eva mau ta Mah?" kandhane Harmana sawuse meneng olehe ngguyu "mosok nek mung saanake Dhik Bagus wae bisa kuliah nganti tekan Eropa barang? gek jarene Eva mau malah anake sing cilik ya wis arep budhal kuliah nyang negara Landa ?. Kok cedhak temen sing jenenge negara Landa kuwi lho?".

 

"Padha Pah" wangsulane Hartini canthas "aku blas gak percaya, bocah loro kae wis kepangan berita hoax kabeh ketoke. Lha wong sarjana kok gampang men nggugu berita sing ora cetha kaya ngono?".

 

"Nanging bab kuwi ora pati tak gagas kok Mah" kandhane Harmana maneh "malah saiki sing kudu dipikirne piye carane murih Ester kuwi  bisa lali blas karo si Arka. Kira-kira nek wis oleh pacar maneh, olehe nglalekne si Arka ya ora kangelan nemen-nemen".

 

"Oh, iya Pah, Mamah ana cerita anyar sing mbok menawa cocog karo sing digagas papah kuwi" Hartini wangsulan karo ngalihne omongan.

 

"Kabar apa kuwi Mah? Ketoke kok nengsemake ngono? Mamah weruh jago wiring kuning jalu bungalan ngono apa piye?" Harmana takon karo mesem.

 

"Dhek kapan kae, Mamah rak nekani tasyakurane Bu Narsih sing wis purna tugas saka SMP siji ta Pah?" Hartini miwiti critane sing jarene crita anyar mau.

 

"Bu Narsih sapa?"

"Oalaah, Bu Narsih S.Pd. garwane Pak Supriyadi pensiunan Dishub tilas anak buwahe Pak Murhandaka ke lho" wangsulane Hartini nggenahne.

 

"Oh iya, iya, Bu Narsih mantune Pak Lurah Tapa kae ta?"

 

"Iya neh"

 

"Terus piye ana crita piye?" Harmana nakoni bojone.

 

"Lha pas kae, mbarengi karo Mas Triyanta, adhine Pak Pri sing saiki ngasta Direktur Purimas Surabaya kae, ya teka sakulawarga pisan, garwa karo putrane loro lanang-lanang dijak kabeh".

 

"Iya, aku ngerti kuwi Mas Triyanta kuwi biyen sekolahe neng SMA Cokro terus mbacutne nyang STIESIA Surabaya. Wonge bagus, kulite kuning iya ta?"

 

"Bener Pah" wangsulane Hartini "malah nek gak ngerti ngono sak brebetan kaya cina, sing marahi mripate kae lho Pah".

 

"Iya, terus piye?" Harmana nutugne olehe takon.

 

"Putrane Mas Triyanto kae loro kuliahe neng ITS kabeh lho Pah, sing siji malah wis lulus Teknik Pertambangan, sing siji isih semester papat neng Teknik Elektro. Bocahe bagus-bagus, wong ya Bapake bagus ibune ya Ayu, garwane Mas Tri kuwi rak mBak Lilik wayahe Eyang Palil wetan masjid kauman kae ta Pah".

 

"Iya ta? lagi ngerti saiki iki aku" wangsulane Harmana "banjur terus piye?".

 

"Lha pas ngobrol ngalor ngidul karo Bu Narsih, sawise acara resmi rampung, Bu Narsih crita nek putrane Mas Tri sing gedhe kae, jenenge Alif, sing wis dadi tenaga ahli neng Pertamina, rak durung duwe pacar ta Pah. Kuwi sing ngendika Bu Narsih lho Pah, dadi Budhene Alifd dhewe, aku ya banjur matur nek aku ya duwe dagangan, bocahe ayu tur pinter, mbok menawa bisa dadi jodhone Alif" kandhane Hartini sabanjure.

 

"Daganganmu kuwi sapa? anakmu wedok Eva kuwi apa sapa?" Harmana takon.

 

"Sirku tak kon milih Pah, endi sing cocog milih Eva, nek Eva gelem ya apik wae, nek gak Eva ya Ester, mengko Dhik Bandana dikandhani. Piye Pah?"

 

Harmana manthuk-manthuk karo mesam-mesem krungu critane Hartini sing wajib dipikirake.

 

 

ana candhake.


MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 47

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 47

Eva nyalami Ester banjur mapan lungguh neng kursi sisihe. Hartini bareng Eva teka banjur nyelehne HP nhe Ester sing mau dideloki gambar lan Videone sing jarene foto lan videone Arka, Dosen bagus sing kleru ditampik dening Bandana, sadurunge nembung nglamar anake. Mau Hartini kober nggagas, nek nganti kleru olehe menehi rerigen marang Bandana supaya nampik Arka anake Karmini, nanging kleru sing ditampik malah Arka liyane, mangka Hartini wis siap nggoleki Arka Dosen, kanggo njaluk pangapura. Mesthi wae arep ngajak Bandana karo Ester. Nanging sadurunge Hartini ngandhakne sing dadi gagasane, kedadak Eva teka.

 

"Saka tindak ngendi iki mau mBak Eva?" Ester nakoni Eva.

 

"Saka metu saka omah ngono wae Dhik, golek hawa njaba" wangsulane Eva karo mesem, banjur genti takon "Lha Dhik Ester mau wis suwe ta?".

 

"Wis wiwit dhek esuk mau mBak" wangsulane Ester .

 

"Lha mbok menawa nek mBakmu Eva ngerti Pak Arka sing mbok takokne mau nDhuk?" dumadakan Harmana guneman ngongkon Ester supaya takon bab Pak Arka marang Eva.

 

"Iya mBak, mBok menawa mBak Eva tepung? Iku lho, Pak Arka Dosen UGM sing daleme Kedunggalar kene?" Ester nurut kandhane Harmana banjur takon marang Eva.

 

Eva ora enggal semaur, Eva sing wis mudheng karo sing lagi dirembug wong tuwane karo sedulur nak dulure kuwi, wiwit mikir. Arep mangsuli sing ditakokne Ester marang dheweke, ngiras pantes arep melehne marang wong tuwane sing seneng ngremehne wong liya lan isih ngingu rasa gething sing ora bener marang kulawargane mBah Jiyah.

 

"Piye Va?" Hartini genti sing omong nakoni anake wedok "ditakoni adhikmu kuwi lho, tepung apa ora? Oraa tepung mbok menawa ngerti wonge?".

 

"Dosen UGM lulusan Leiden sing isih nom, jaka, bagus tur sopan kuwi ta?" Eva mangsuli pitakone Ester sing dibaleni Mamahe.

 

"Iya, berarti awakmu wis ngerti? apa malah wis kenal?" Harmana genti sing melu takon.

 

"Eva pancen wis ngerti, ya wis tau tepung wong tau jagongan lan ngobrol bareng" wangsulane Eva kalem "nanging Eva emoh ngomongne wong kuwi".

 

"Lha kok ngono? ana apa mBak?" Ester takon, atine wiwit nicil seneng, mbok menawa nadyan nomer HP ne wis diblokir dening Arka, bisa dilurusne masalah salah tampa iki.

 

"Apa awakmu wis tau digawe gela karo wong kuwi?" Hartini melu nakoni.

 

"Ora Mah" wangsulane Eva panggah karo suwara sing santai "Mas Arka kuwi wonge apikan kok, ora gampang gawe gelane wong, kajaba nek dijarag luwih dhisik, aku tau krungu wonge tau kandha, ora ana rasa lara sing nganti gawe laraning atine, nanging nek nganti krungu wong tuwane diina utawa diremehne dening wong liya, bakal dicathet selawase ing jero atine".

 

"Nek ngono, kuwi bocah sing bekti marang wong tuwa. apik ngono kuwi" Harmana nanggapi wangsulane Eva.

 

"Iya Pah" Eva semaur santai "lha wong ya wong pinter njaba njerone kok".

 

"Nanging awakmu kok ora gelem ngrembug wong kuwi? Omahe ngendi ta? putrane sapa? mBok menawa Mamah wis tau tepung karo wong tuwane?" Hartini takon maneh.

 

"Mamah karo Papah mesthi wis tepung karo Bapak Ibune Mas Arka" wangsulane Eva "ya merga kuwi Eva wegah ngrembug Mas Arka nek karo Mamah utawa Papah, soale aku wedi nek nganti didukani Papah karo Mamah".

 

"Kowe aja guyon lo Va" Hartini nyaut kandhane Eva karo rada mencereng "sing ditakokne adhikmu Ester kuwi mau, penting banget. Dadi aja mbok tanggapi karo cengengesan, nek pancen kowe ngerti sapa wong tuwane Pak Arka kuwi mau, cepet ndang kandhakna neng kene".

 

Eva ngguyu rada banter, nanging guyune Eva keprungu rada sengak, banjur wangsulane marang Papah lan mamahe :

 

"Mas Arka kuwi putrane Om Bagus karo Bulik Karmini sing mbarep, mase Dhik Indri, biyen sekolahe neng Tsanawi banjur nerusne nyang SMA loro Ngawi, kuliahe neng UGM, lulus S1 terus entuk bea siswa nyang Leiden nganti lulus S2 lan S3 neng kana. Mamah karo Papah wis kenal apa durung karo putrane Eyang sing ragil kae?".

 

Krungu wangsulane anake wedok sing ngono kuwi, Harmana karo Hartini padha kaget setengah mati, ngungkuli kagete wong disamber gelap nanging luput, utawa wong ditubruk macan nanging ora kena. Wong loro kuwi babar pisan ora ngira nek wangsulane Eva arep ngono kuwi. Wong loro kuwi wis duwe keyakinan sing kuwat, mokal Bagus lan Karmini bisa duwe anak sing dadi wong pinter kaya ngono kuwi. Nanging saka ngendi Eva oleh kabar sing miturut Harmana lan Hartini klebu kabar sing hoax utawa ngayawara ngono kuwi?.

 

"Kowe aja ngawur lho Va" Hartini guneman suwarane keprungu sansaya sereng "sapa sing wis ngomong hoax nyang kowe ngono kuwi?  Wong nek bisa nggunakne uteke, mesthi ora arep percaya karo kabar sing ora klebu nalar ngono kuwi, mosok kelase anake Jiyah Tledhek Amen wae bisa duwe anak sing kuwat ngragati anake nganti bisa kuliah neng kutha? Ora tinemu nalar kuwi Va".

 

Eva ngguyu kepingkel-pingkel disrengeni Mamahe ngono kuwi, banjur karo isih ngguyu Eva wangsulan :

 

"Mamah kuwi lucu banget, mau takon barang? bareng diwangsuli malah sing mangsuli didukani? jane mamah kuwi mundhut pirsa apa lagi ngenekne test lesan nyang muride?".

 

"Aja cengengesan Va" Harmana melu nyrengeni anake wedok "olehe Mamah duka kuwi merga wangsulanmu ngawur, wis ngawur campur ora tinemu ing alare wong waras!".

 

Ester sing krungu lan weruh yen Budhe karo Pakdhene muring marang Eva, dadi bingung dhewe. Nanging Ester isih luwih percaya yen wangsulane Eva kuwi mau ora ngawur.

 

"Ya wis Pah nek ngono, Eva owahi jawabane, Eva ora kenal lan ora tepung karo Mas Arka sing ditakokne Mamah kuwi" Eva kandha aweh wangsulan marang Papahe "jawaban sing dikersakne Mamah karo Papah rak ngono kuwi ta? liyane kuwi dianggep kleru. Kamangka wangsulane Eva sing mau, kuwi wangsulan sing jumbuh karo kanyatan sing ana. Eva kuwi kuliahe neng Yogya, kerep kepethuk bocah Ngawi sing kuliah neng kana, klebu karo Dhik Ester iki barang" banjur Eva genti noleh menyang Ester "Iya apa ora Dhik?".

 

"Iya mBak kuwi bener" wangsulane Ester.

 

"Lha bocah Kedunggalar kene sing kuliah neng Yogya ya akeh" Eva nerusne olehe omong "ing antarane ya Mas Arka kuwi, nanging olehe kerep kepethuk Mas Arka mung sedhela, merga Mas Arka terus nerusne nyang Leiden. Lha sing isih kerep kepethuk nganti tekan saiki kuwi, malah karo Dhik Indri adhike Mas Arka sing wis lulus S1 Sastra Jawa UGM, kira-kira suk sasi ngarep Dhik Indri ya banjur nggentreni Mas Arka, nerusne kuliahe nyang Leiden, mung wae beda jurusane, merga Dhik Indri jurusan Sastra Jawa".

 

"Iya bener kuwi mBak, aku ya tepung apik karo Dhik Indri, Indri Hapsari kae ta?" Ester numpangi rembug.

 

"Pancen putra-putrane Bulik Karmini kuwi pinter-pinter kok" Eva nutugne olehe omong "wiwit semester loro, Mas Arka kuwi wis oleh Bea Siswa, Dhik Indri ya ngono. Mula nek ana sing omong nek mung anake Sopir Angkudes mokal bisa kuliah neng Kutha, kuwi jane ya klebu tembung pangina. Bisa uga, metune panemu sing ngono kuwi mau, merga ing dhasaring ati wis luwih dhisik kethukulan rasa gething mburu sengit marang wong sing dimokalake kuwi mau. Mula wangsulane Eva diralat Mah karo Papah, Eva ora ngerti sapa kuwi Arka Bhismantaka Dosen Fakultas Hukum UGM sing omahe Kedunggalar kuwi. Saiki Eva kesel, Eva arep leren dhisik, disekecakne Dhi Ester aku tak turu dhisik".

 

Bubar muni ngono kuwi Eva ngadeg banjur mlayu menyang kamare, lawange kamar dikunci saka njero.

 

 

ana candhake.

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 46

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih


46.

 

Ester mentheleng, tembung-tembunge Hartini sing  sareh lan alus kuwi, keprungu ing kupinge Ester kaya suwarane tukang glembuk sing nyebar wisa. Ester kebacut sengit, tembung alus lan sareh sing diucapne Budhene wis dianggep lamis, kanggo nutupi tumindake sing wis gawe kapitunan sing gedhe marang dheweke. Rasa panas sing kaya ngobong jantunge dadi sansaya panas, kaya-kaya getihe wis umob kobong dening panasing atine.  Kanthi sorot sing nuduhake rasa sengit, mripate Ester genti-genti nyawang Pakdhe lan Budhene. Sapandurat Ester meneng ora ngucap apa-apa, mung untune wae digegetne kenceng, kanggo ngempet nesune.

 

"Coba balenana kandhamu sing mau" Harmana guneman alus sawuse Ester mung meneng wae krungu kandhane Budhene "nek Pakdhe lan Budhemu mbok anggep luput, lupute manggon neng ngendi lan wujude kaluputan kuwi apa? Pakdhe duwe pangira, awakmu kuwi wis salah tampa karo Pakdhe lan Budhe".

 

"Pakdhe lan Budhe paring kabar napa dhateng Bapak gegayutan kalih Pak Arka Bismantaka, Dosen ingkang dipun tampik Bapak nalika badhe nglamar kula, kala wingi nika ?" Ester mangsuli pitakone Harmana, suwarane atos nanging tembunge wis digawe tumata.

 

"Sapa ? Arka Bismantaka ki Dosen? Dosene sapa?" Hartini gage nyaut wangsulane Ester karo rada ngguyu "awakmu kuwi wis arep kapusan ya nDhuk? tujune Bapakmu ngonangi, banjur takon menyang Pakdhe lan Budhe luwih dhisik sadurunge nampa lamaran kuwi, banjur dening Bapakmu Arka dikandhani supaya murungake anggone arep nglamar awakmu. Apa Pakdhe lan Budhe sing duwe niyat becik nulungi awakmu lan Bapakmu supaya ora sida kapusan kuwi mbok anggep kleru?".

 

"Napa Budhe? Pakdhe kalih Budhe nulungi kula kalih Bapak supados boten kapusan?" bali suwarane Ester nyengkrek munggah "ngangge dhasar napa Budhe kalih Pakdhe saged ngendika nek kula badhe kapusan? napa boten malah kuwalik, Budhe lan Pakdhe sing ngapusi Bapak supados anggen kula badhe jejodhowan kalih Pak Arka wurung?".

 

"Nek Pakdhe karo Budhe ngomongi Bapakmu supaya murungne olehe Arka arep nglamar kuwi pancen bener" kandhane Harmana uga wiwit nggunakne suwara sing tegas "nanging nek mbok arani Pakdhe karo Budhemu wis ngapusi Bapakmu, kuwi sing salah. Pakdhe karo Budhemu iki luwih ngerti sapa satemene Arka sing jaremu Dosen kuwi, ngertine Pakdhe karo Budhemu bab Arka ora mung waton ngira-ira ngono wae, nanging wis ngerti wiwit awakmu durung lahir utawa wiwit sing jenenge Arka kuwi isih Bayi".

 

"Ora mung Arka sing diweruhi Budhe karo Pakdhemu ndhuk, nganti sak wong tuwane malah nganti sak-embah-embahe pisan Budhe lan pakdhemu wis apal kabeh sak kelakowane pisan, dadi apa sing dikandhakne Budhe karo Pakdhemu marang Bapakmu kuwi dhasare kanyatan, ora kok gawe-gawe. Nek awakmu wis kepencut karo Arka sing ngaku dadi Dosen neng UGM kuwi Budhe lan Pakdhemu ya ora maido, merga Arka sakemboke malah sak-embahe pisan kuwi pancen wasis apus-apus, dadi wong sing durung ngerti gampang wae ngandel karo sing dikandhakne. Awakmu rak durung ngerti ta karo kulawargane Arka?" Hartini nambahi katrangane sisihane.

 

"Lha Budhe kalih Pakdhe napa sampun pirsa?" genti Ester sing malik pitakone Hartini.

 

"Genah wis apal ngono, Arka kuwi anake Karmini bakul janganan karo bakul tempe neng Pasar Kedunggalar, Lha simboke Karmini kuwi jenenge Mak Jiyah, biyen gaweyane dadi Tledhek tulang amen, mbarang dadi tledhek ider sing diiringi siter, sok-sok dadi Tandhak Tayub. Bapake Arka kuwi sopir Angkudes jenenge Bagus. Arka kuwi nek gak kleru sawise lulus MTs banjur lunga saka omah, golek gaweyan neng kutha mbuh dadi apa. Adhine Arka kuwi jenenge Indri, padha karo kakangane, sekolahe ya neng MTs, bareng wis lulus ya terus lunga nyang Kutha, mbuh mbabu mbuh dadi buruh pabrik, ora pati cetha. Omah sing dienggoni wong tuwane Arka kuwi tinggalane mBahe lanang sing jenenge Karmin Bengkring sing wis suwe mati".

 

"Budhe kok saged pirsa sedaya?" Ester takon maneh.

 

"Ya ngerti" wangsulane Hartini nggenahne kandhane "wong jane ngono Bapake Arka kuwi isih adhine Budhe dhewe, adhik sing ragil sing luput saka kudangan, mrucut saka embanan, keneng plengkete Mak Jiyah Tandhak Tayub, banjur kepencut karo anake sing jeneng Karmini, mBoke si Arka kuwi. Mula bareng Bapakmu takon menyang Budhe lan Pakdhemu sapa bakul janganan bojone sopir Angkudes, Budhe ya langsung nyandhak. Lha bareng Bapakmu takon nyambut gawene anake apa? Budhe ya banjur omong apa anane, nek anake kabeh loro lanang, wedok, bar saka MTs terus lunga nyang Kutha luru pangan. Bapak karo simboke Arka kuwi nek enek wong sing takon anake saiki neng ngendi ajeg wangsulane padha ya kuwi golek pangan neng kutha. Dadi nek Arka jarene dadi Dosen, malah Dosen UGM pisan, kuwi cetha nek ngapusi. mBok menawa nek wong kana-kana bisa diapusi, ning nek Budhe karo Pakdhemu genah ora bisa diapusi, merga wis genah njaba jerone Arka".

 

Ester suwe ora bisa kumecap kanggo mangsuli apa sing dikandhakne Budhene sing ngomongne kulawargane Arka sing jebul isih warise dhewe. Arep mbantah Ester rumangsa ora bisa, merga mokal nek Budhe lan pakdhene ngomong goroh marang Bapake, jalaran sing diomong kuwi isih pulunane Budhene dhewe. Nanging, Ester ya ngerti kanyatan saben dinane Pak Arka, nyambut gawene pancen dadi Dosen, kerep dadi nara sumber ing forum-forum ilmiah, jeneng lan foto-fotone kerep mlebu neng koran lan layang kabar, uga kerep kocap neng siaran berita Televisi. Mosok nek genah kaya ngono kok mung ngapusi? Mokal!. Apa...... atake mung sarwa ndelalah? ana wong liya sing jenenge padha karo jeneng ponakane Budhene, gek nyambut gawene wong tuwane ya padha pisan?  Uga manggone ya padha-padha neng Kedunggalare?.

 

Alon-alon Ester ngrogoh sak, ngetokne HP. Banjur mbukak aplikasi WhatsApp, ngiling-ilingi nomer kontake Pak Arka. Ester unjal mabegan landhung, nomer kuwi saiki wis ora bisa dihubungi maneh, wiwit wingi Ester wis diblokir dening Pak Arka. Banjur genti mbukak Galeri, neng kono akeh poto-poto lan Video kegiatan-kegiatan keilmuwane  Pak Arka, Intelektual muda sing gesit lan energik. Pak Arka sing neng galeri kuwi, cetha beda karo Arka ponakane Budhe Tien sing jarene lagi luru upa neng kutha gedhe kuwi mau.

 

"Piye nDhuk?" Harmana nakoni ponakane sawuse rada sauntara ora ana sing nyuwara apa-apa.

 

"Nuwun sewu Pakdhe" wangsulane Ester, suwarane wis beda karo dhek mau "napa teng Kedunggalar mriki wonten Arka sanes, liripun Arka ingkang dede pulunanipun Budhe? ingkang tiyang sepuhe ugi dados Sopir Angkudes lan Bakul janganan teng peken?".

 

Harmana njengkerutne bathuke, sajak ngeling-eling. Banjur genti noleh, nyawang Hartini, sisihane.

 

"Ora ana" Hartini guneman karo nggedhegne sirahe.

 

"Ketoke Pakdhe ya durung tau tumon ki nDhuk? Ana apa ta?" Harmana genti guneman karo nakoni ponakane.

 

Ester mbukak galeri neng HP ne, banjur dituduhne Harmana, karo kandha :

 

"Niki foto-foto lan Video kegiatanipun Pak Arka sing ditampik Bapak niku. Nek digandhengne kalih sing dingendikakne Budhe wau, niki cetha yen dede Arka pulunanipun Budhe,  nanging Pak Arka niki, daleme inggih Kedunggalar, tiyang sepuhe inggih  dados sopir Angkudes lan dodol janganan teng peken Kedunggalar. Nanging Pak Arka nipun, punika Dosen UGM Asli, Doktor lulusan saking Leiden, Walandi" Ester nggenahne poto-poto lan video sing disimpen ana jero HP ne.

 

Siji mbaka siji Foto lan video sing ana folder hp kuwi dibukaki lan diiling-ilingi dening Harmana karo bathuke njengkerut terus. Sawise rampung olehe ndeloki, HP genti disrogne neng ngarepe Hartini sing uga kepengin weruh gambare.

 

"Assalamu'alaikum" dumadakan keprungu suwarane wong uluk salam saka ngarep lawang. Ora ngenteni rampung dijawab salame, Eva mlebu omah, mlaku nyedhaki sing lagi padha jagongan.

 

ana candhake.

 


MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 45

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih


45.

 

Kahanan dadi sepi, Karmini wis rampung olehe crita lan Eva apa dene Indri ya wis ora takon - takon maneh. Wong telu kuwi padha ngumbar playune angen-angen dhewe-dhewe. Indri isih ketok-ketoke karo panalangsane Ibune sing wiwit cilik nganti tekan tuwa tansah diseepelekne dening sapepadhaning wong. Kamangka Ibune genah nek ora tau tumindak sing gawe rugi utawa kapitunane wong sing ngremehake kuwi. Nanging kajaba melu nelangsa, Indri ya kagum marang ketatagane Ibune, tatag lan sabar ngadhepi kahanan sing kaya ngapa pahite. Indri nggagas, mbok menawa ya awit saka kesabarane wong tuwane kuwi sing ndadekne, wong tuwane ora kendhat tansah nenuntun anak-anake supaya tansah ngugemi ing reh tata krama lan tansah nyaket marang Gusti Allah. Jroning atine Indri ngaturake panuwun sing ora karuwan akehe marang wong tuwane, Bapak lan Ibune.

 

Beda karo sing diangen-angen Eva, Eva sing luwih percaya marang Karmini, rumangsa gumun karo tekune wong tuwane dhewe. Ya gene duwe rasa gething sing kepati-pati marang Karmini lan wong sing duwe rasa tresna marang Karmini ?. Malah luwih saka iku, jebul kajaba gething marang wong sing dianggep wong sing ora duwe drajat, Mamahe ya murka, gelem melik marang barang sing dudu darbeke. Iki cetha yen ora bener. Lan kepiye carane, Eva janji sajroning atine, bakal mbudidaya murih wong tuwane ora kedlarung-dlarung nggone duwe teku sing tenane ora bener kuwi.

 

"mBak Eva, Bulik nyuwun supaya ora kesusu nyalahne sapa wae, sing ana sambung rapete karo critane Bulik iki mau" Karmini guneman maneh sawuse kahanan dadi tintrim "jalaran, sing dicritakne Bulik kuwi mau sumbere saka pangrasa lan panyawange Bulik dhewe. Lan kabeh sing kasebut ing critane Bulik kuwi mau, uga padha duwe pangrasa lan panyawang dhewe-dhewe, sing mbok menawa beda karo asil panyawang lan pangrasane Bulik. Bulik saiki wis ora gampang serik, nalika ana wong sing jijik utawa gila menawa cecaketan karo Bulik, mung sabab Bulik saka kulawarga sing ora cetha panguripane ing jaman biyene".

 

"Lha ,menawi sak niki napa nggih taksih wonten ta Bulik tiyang ingkang makaten punika?" Eva takon nanggapi kandhane Karmini. Merga Eva ya weruh yen sairing karo mundhak akehe wong-wong sing bisa mikir, kok sansaya langka wong sing isih ngremehne wong mung sabab dianggep turune wong sing duwe pagaweyan dadi tandhak lan sapanunggalane.

 

"Isih mBak Eva" wangsulane Karmini "malah lagi dhek wingi kuwi, pangina kaya sing Bulik kandhakne lagi wae ditampa dening Arka. Tujune Arka tatag lan ora katon kenemenen olehe gela merga wis diina dening wong sing rumangsa luwih pinter lan luwih dhuwur drajate".

 

"Lho niku cetha nek mpun kesangeten Bulik" Eva semaur "Mas Arka niku kenging diwastani tiyang ingkang linangkung, bagus, gagah, pinter, sopan, wibawa mlempak dados setunggal, Sampun Sarjana S3 wedalan Luwar Negeri, Dosen teng Perguruan Tinggi ingkang gadhah nami, asring kasuwun ngisi seminar lan diskusi-diskusi, lha kok wonten tiyang ingkang ngremehaken niku tiyang kados napa? griyane pundi? pangkate napa?".

 

"Ora sah melu emosi mbak Eva" Karmini ngandhnai Eva karo mesem "merga wong sing ngremehne lan ngina Arka kuwi ngerti nek Arka kuwi anake Bulik, putune Mak Jiyah sing tilas Tledhek Tayub. Lan mBak Eva aja kaget, wong kuwi pancen priyayi sing kagungan kalenggahan kinurmat lan isih sedulur cedhak karo mBak Eva, priyagung kuwi asmane Den Bandana adhine Keng Ramane mBak Eva dhewe".

 

Eva lagi kelingan karo crita sing digawa Papahe, wingi pas bali saka daleme Om Bandana. Eva mesem pahit banget, nanging ora kepengin ngrembug kabar yen Arka oleh panampik nalika duwe karep arep nglamar bocah wadon sing dadi pilihan atine. Mula Eva pilih aweh wangsulan marang Karmini kanthi cekak :

 

"Inggih Bulik".

 

Ora let suwe Eva ya banjur pamitan arep bali, merga wektune wis awan malah kepara nyedhaki sore. Eva ya janji nek arep kerep dolan mrono yen Indri isih neng omah, durung budhal kuliah menyang negara Walanda.

 

Sauntara iku, nalika Eva lagi ketungkul rembugan karo Karmini, neng omahe Mamahe Eva uga lagi rembugan serius karo ponakane. Dina kuwi Ester sing dening dosene dicomblangi arep digathukne karo Dosen sing isih jaka tur karire apik, nanging nalika Ester njaluk dilamar marang wong tuwane, sadurunge lamaran ditindakne kedhisikan ditampik dening wong tuwane Ester dhewe. Ester ngerti salah siji sing dienggo pertimbangan Pak Bandana, wong tuwane lanang malah kepara pertimbangan sing paling gedhe, merga pituture Pakdhe lan Budhene Ester, yaiku Harmana lan Sri Hartini. Awan kuwi Ester sengaja mara ing omahe Pakdhe lan Budhene, merga dianggep wis gawe pitnah, nyebar warta sing ora bener, gawe crita ngayawara gegayutan karo Dosen sing ditampik wong tuwane.

 

"Bares mawon Pakdhe kalih Budhe" kandhane Ester marang Harmana lan Hartini, nalika ditakoni tekane mrono mung saperlu dolan utawa sanja wae, apa duwe karep liyane "dugi kula niki wau badhe nyuwun pirsa, Pakdhe kalih Budhe kok tega ngarang crita dhateng Bapak, ngantos Bapak mentala ngrusak masa depan kula. Napa lepat kula dhateng Pakdhe lan Budhe ?".

 

"Mengko dhisik ta nDhuk" karo rada kaget Harmana mangsuli omongane Ester sing olehe ngomong blas ora ana eseme kuwi "awakmu kuwi omong apa? Crita ngayawara sing endi sing mbok karepne? Pakdhe karo Budhe iki tresna lan sayang marang kowe, dadi ora mungkin Pakdhe lan Budhe ngrusak masa depanmu kuwi, aja maneh kok sing jenenge ngrusak masa depan, lha wong lagi krungu kabar kowe lara utawa ngelu mules ngono wae, Pakdhe karo Budhe ki susahe wis ora jamak jarene".

 

"Kula ngertos" Ester semaur tetep karo suwara sing atos "sadangunipun punika Pakdhe kalih Budhe punika ketingal tresna asih dhumateng kula, lan kula nggih sampun pitados menawi Pakdhe lan Budhe sayang kaliyan Ester, nanging jebul tresnanipun Budhe lan Pakdhe dhateng Ester niku namung lamis, tata gelar pakdhe lan Budhe tresna nanging sanyatanipun kagungan raos gething lan sengit ingkang  tanpa upami. Punika ketitik saking anggenipun Pakdhe lan Budhe sampun nDurnani Bapak lan Ibuk kanthi damel crita ngayawara, malah pakdhe lan Budhe sampun damel pitnah, ngawon-awon Pak Dosen  Fakultas Hukum UGM, ingkang S3 nipun saking Leiden, temah Bapak amargi nggega kojahipun Pakdhe kalih Budhe, ngantos mastani Pak Dosen punika golonganing preman punapa. Sak niki kula ajeng takon, napa tujuwane Pakdhe kalih Budhe damel pitnah punika?".

 

Harmana ora enggal semaur, malah nyawang sisihane karo sorot mripat sing nuduhake yen ora ngerti karo sing dikarepake ponakane sing lagi nesu iku.

 

"nDhuk Ester, ponakane Budhe sing ayu" Hartini genti kandha, suwarane digawe sareh kanggo ngedhem-edhemi Ester sing lagi panas atine "Coba saiki Ester matur marang pakdhe lan Budhe sing cetha, aja banjur karo nesu ngono kuwi. Pakdhe lan Budhe dadi bingung, ora mudheng karo sing dikandhakne Ester. Pakdhe karo Budhe diarani ngrusak masa depane Ester kuwi ,masa depan sing endi? coa genahna, banjur Pakdhe karo Budhe gawe pitnah marang Pak Dhosen UGM , kuwi dhek kapan? Pakdhe karo Budhe iki ora tepung siji-sijia karo Dosen neng Fakultas Hukum UGM, tak kandhani. Dadi ya ora mungkin pakdhe lan Budhe wis gawe pitnah, madhakne Dosen UGM karo golongane Preman kaya sing mbok kandhakne kuwi mau".

 

 

ana candhake.


Jumat, 12 November 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 44

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih


44.

Diwangsuli dening Karmini sing kaya mangkono kuwi, Eva banjur mikir ya gene Om bagus ora gelem nakokne masalah kuwi menyang Tante Evie? . Kudune oraa ndadak dikongkon dening Om Tiok, Om Bagus mesthine malah sing kudu takon bab iki marang Tante Evie, yen pancen dheweke ora wani takon marang Mamhe. Sak jane ya ora perlu nganggo wedi marang sapa wae, kanggo nakokne bandha bagehan sing syah kanggo dheweke. Nek Om Bagus wong bener lan ora nyingidne cacade mesthine wani lan pancen kudu wani ngadhepi sapa wae, wong pancen merjuwangne hak-e.  Malah Om Tiok arep ngenekne tetemon kanggo merjuwangne hak-e Om Bagus sing dikuwasani Mamahe, Om Bagus ora sarujuk.  Ya gene Om Bagus wedi? apa sing diwedeni?.

 

"Kenging punapa Om Bagus boten kersa ngabaraken punika dhateng Tante Evie utawi Mamah Bulik? lan kenging punapa Om bagus boten sarujuk kaliyan lekasipun Om Tiok ingkang estnipun namung badhe ngrencangi Om Bagus supados bandha bagehanipun saged wangsul dhateng Om bagus malih?" Eva takon marang Karmini. Pikire Eva, Karmini mesthi banjur blangkemen, merga kangelan olehe arep nutupi cacad sing disingidake.

 

"Kuwi merga ngene mBak Eva" Karmini wangsulan karo mesem "pas Pakpuh Tiok ngandhani babagan kuwi marang Om Bagus, mbarengi lagi wae Eyang kundur saka Rumah Sakit. Kamangka welinge Pak Dokter, sing ngrawat Eyang, murih Eyang ora kumat gerahe, Eyang kudu bisa tentrem penggalihe. Om Bagus isih kelingan, pas Eyang kakung seda, sing dadi jalaran ya merga Eyang Kakung ora tentrem penggalihe, kamangka dening Dokter kabeh wis diweling supaya Eyang Kakung aja nganti menggalih sing abot. Lha kabeh putrane Eyang uga Eyang Putri, pas Eyang Kakung seda kuwi duwe panemu nek sing dadi jalaran Eyang kakung gerah lan dadi sedane kuwi merga menggalih Om Bagus sing lunga saka omah. Lan kabeh banjur ngluputake Om Bagus, kamangka olehe Om Bagus lunga ninggal omah kuwi merga ditundhung dening Ibu lan sedulur-sedulure. Mula Om Bagus banjur nggagas, nek nganti Om Bagus nakokne bandha sing jare bagehane kuwi, tan wurunga bakal dadi gendra lan gelem ora gelem Eyang mesthi banjur kejot penggalihe. Mula Om Bagus banjur ora nyarujuki kersane Pakpuh Tiok lan ora kersa ngaturake babagan bageha bandha kuwi menyang Budhe Evie, kuwatir yen nganti dadi jalaran Eyang gerah maneh. Bulik dhewe wektu kuwi uga matur marang Om Bagus yen wong tuwane Om Bagus iku kari siji, sing wajib dijaga kiasugengane, aja sansaya sepuh malah sansaya awrat sing ana penggalihe, sepira ta ajine bandha donya sing jare bagehane Om Bagus kuwi? sanajan Bulik durung weruh wujude lan sepira akehe, Bulik percaya yen isih aji kesehatane Eyang. Luwih-luwih, Bulik iki bisa ditampa lan diakoni minangka putra mantune Eyang kuwi ya durung suwe, ya iku pas Eyang gerah neng Rumah Sakit jaman semana".

 

Kaya didhodhog nganggo palu wesi dhadhane Eva bareng krungu wangsulane Karmini sing lancar nono kuwi. Samono rasa bektine Om Bagus lan Bulik Karmini marang Eyange, nganti ora gelem mikirne bandha sing kudune dadi hak-e, mung sabab luwih ngeman marang Eyange. Nanging lamat-lamat Eva isih kelingan, jaman Eva isih kelas siji SMP, Eva tau krungu Papahe ngendika karo Mamahe, ngrasani Om Bagus. Yaiku pas Eyange gerah neng Rumah Sakit, Om Bagus olehe niliki bareng karo tangga-tangganme sing bezuk. Ora nggawa apa-apa. Lan baline bareng karo tanggane sing bezuk kuwi. Nanging, iki mau Bulik Karmini crita yen olehe diakoni dadi putra mantune Eyange, mbarengi Eyange gerah neng Rumah Sakit, yen ngono ateges Bulik Karmini pas Eyange gerah jaman semana uga melu bezuk, sanajan isih dianggep klilip dening kulawargane Eyange. Kok wektu kuwi Bulik Karmini ora wedi?. Aneh.

 

"Nuwun sewu Bulik" Eva takon maneh, arep melehake Karmini nek nganti sing diomongne kuwi mau ora bener "pas Eyang Gerah nalika samanten, Bulik rak taksih dipun anggep tiyang sanes dening Eyang kaliyan kulawarganipun Eyang sedaya? Kok Bulik wantun bezuk Eyang dhateng Rumah Sakit lan malah ngantos saged wawan rembag kaliyan Eyang ingkang lajeng ngakeni bilih Bulik punika putra mantunipun Eyang ?".

 

"Pancen kudune wektu kuwi, Bulik ora wani nyedhak mBak Eva" Karmini aweh wangsulan marang Eva "sanajan Om Bagus wis apik karo Eyang lan Pakpuh Tiok. Nanging gandheng gerahe Eyang jaman semana kuwi merga tensi sing dhuwur banjur dhawah ing Kamar Mandhi lan kantaka, kamangka wektu kuwi Pakpuh Tiok lan Budhe Vero ora ana dalem merga nindakne tugas neng kantore, samono uga keng Ibu karo ke Rama, uga isih repot ngayahi kuwajiban saka negara, sauntara Budhe Evie daleme adoh. Dadi putrane Eyang ora ana sing pirsa yen Eyang Kantaka. Tujune rewange Eyang sing jenenge Pak Dasim banjur nyegat lan ngabari Om Bagus lan nyeluk Pak Dokter Heru sing saiki daleme pindhah neng Jalan Raden Saleh Ngawi kae. Sawise  dipriksa Pak Dokter Heru, banjur dening Pak Dokter Om Bagus dikandhani supaya Eyang dirawat neng Rumah Sakit. Wasanane Eyang sida digawa nyang Rumah Sakit, lan Bulik kadhawuhan dening Pak Dokter Heru supaya ngancani Eyang, gentenan karo Om Bagus. Lha bareng Eyang pirsa nek Bulik ana sing ngancani kuwi Bulik, Eyang banjur ngendika akeh-akeh menyang Bulik. Dhisik dhewe, Eyang dhawuh Bulik ora dikeparengake ngaturi Eyang nganggo sebutan nDara Putri lan supaya diganti nganggo sebutan Ibu, merga ngendikane Eyang wektu iku, Bulik kuwi garwane Om Bagus, dadi Bulik kuwi putra mantune Eyang".

 

Eva rumangsa getun karo olehe duwe pangira ala marang Karmini. Nek ngono olehe ngendikan Mamah karo Papah jaman semana ora bener?.

 

"Kok Bulik gentosan kalih Om Bagus niku pripun genahe Bulik?" Eva takon maneh.

 

"Iya nek esuk tekan awan Om Bagus rak duwe gaweyan nggelak angkudes? dadi ora bisa ngancani Eyang neng Rumah Sakit, mula banjur ndhawuhi Bulik. Lha kersane Om Bagus nek bengi genti Om Bagus sing ngancani Eyang, supaya Bulik genti leren. Nanging sidane ya ora sida, wong Eyang ngersakne supaya dikancani Bulik wae" wangsulane Karmini sabanjure "lha pas Om Bagus wis teka, banjur ana wong-wong sing bezuk, Bulik pamit arep sembahyang neng Mushalla Rumah sakit. Pas Bulik rampung sembahyang lan arep mbalik menyang kamare Eyang, kepethuk keng Ibu neng ngarep kamar, dening Keng Ibu Bulik dielingne lan dikandhani yen drajate Bulik kuwi gedibal sangalikur paribasane, Bulik ora dikeparengake mlebu kamar, merga wektu kuwi Keng Ibu ngira menawa Bulik arep melu bezuk kaya tangga-tanggane Eyang sing wis ana jero kamar. Bulik ya ngrumangsani nek Bulik kuwi wong sing asor drajate, Bulik banjur ngalih, ben dikira mulih dening nDara Den Ayu Hartini. Nanging Bulik ora mulih, mung lungguh neng regol ngarep. Lagi bareng nDara Den Ayu Hartini karo Den Har kundur, Bulik mlebu maneh ngancani Eyang, nganti Eyang dikeparengake kundur".

Eva ora takon maneh, merga saiki wis percaya yen apa sing dikandhakne Karmini kuwi lelakon sing saknyatane. Menang-meneng Eva, nggetuni merga tumindak lan sikepe Mamahe marang Bulik Karmini lan Om Bagus.

 

ana candhake.


MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 43

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

43.

 

Nadyan mung mangan saanane, nanging kegawa atine seneng lan cocog karo kahanan sing ana, olehe mangan Eva krasa seger. Jangan asem kecipir karo godhong mlinjo di wor karo kacang panjang, sambele tomat ora patia pedhes, kuwi uga nambahi selera mangane dadi tambah. Leren sedhela, karo ngomong entheng-enthengan, banjur ditutugne karo sembahyang dzuhur. Sepisan maneh Eva digawe dadi sansaya eram, pancen sasuwene iki olehe sembahyang Eva ora pati ajeg lan sembahyange ya mung krasa lumrah, butuhe mung umak-umik karo awake obah, iki mau pas Eva bareng-bareng karo Indri dadi makmum neng mburine Karmini, krasa nek sembahyange beda karo adate. Krasa luwih khusuk lan luwih bisa mantheng marang Gusti Allah, sing banjur nuwuhake rasa tentrem sajroning atine.  mBok menawa wae, merga saka papane kanggo sembahyang sing beda karo sing ana omahe. Nek neng omah, sing butuh sembahyang ya sembahyang neng kamare dhewe-dhewe, nanging nek neng omahe Om Bagus iki, ana kamar sing mligi kanggo sembahyang, diarani kamar pasalatan. Dadi hawane sembahyang neng kono rasane kaya pas sembahyang neng masjid utawa mushalla ngana kae.

 

Rampung sembahyang banjur padha bali lungguh neng emper mburi maneh. Karmini arep nutugne critane sing durung rampung.

 

"Pakpuh Tiok karo Budhe Vero kuwi olehe bali apik karo Om Bagus sarta gelem ndhaku nek Bulik iki isih adhine, sawise Arka kelas siji SMA lan Indri arep munggah kelas nem, mBak Eva" kandhane Karmini wiwit crita maneh "maune ya ora kersa omongan karo kulawarga kene kabeh. Nek Budhe Evie karo Pakpuh Bambang Sugeng, sak jane duwe panemu kaya panemune sawargi Eyang Kakung, nanging ya ora bisa apa-apa, kegawa daleme rak adoh?".

 

"Inggih Bulik" Eva numpangi kandhane Karmini "lha ingkang murugaken Om Tiok kaliyan Tante Vero ewah dados sae kalih kulawarga mriki niku napa Bulik?".

 

"Bulik ora ngerti sebabe" Karmini wangsulan banjur nutugne kandhane "mung nek ndelok saka ngendikane Pak Puh Tiok marang Om Bagus, sing Bulik melu ngrungokne, kira-kira merga Pakpuh Tiok bubar didukani keng Ibune mBak Eva".

 

"Om Tiok didukani Mamah, Bulik?" Eva rada gumun karo pangirane Karmini ngono kuwi "didukani Mamah kok lajeng nyaeni sesambetanipun kaliyan Om Bagus?".

 

"Iya mBak Eva" Karmini nggenahne wangsulane "critane kuwi rak ngene, sepuluh tahun sawise Eyang Kakang seda, bandhane Eyang sing wujud sawah lan tegalan dening putra-putrane Eyang, kajaba Om Bagus, sing uga disetujoni Eyang Putri, didum warata. Kabeh kebagehan padha, Om Bagus ya dibagehi, nanging lagi arep diwenehake yen Om Bagus wis gelem manut karo Eyang lan sedulur-sedulure kaya sing dikersakne jaman arep ngrabi Bulik biyen. Lha bagehane Om Bagus kanggo sauntara diasta dening keng Ibune mBak Eva. Lha, sadurunge Pakpuh Tiok kuwi bali rukun karo Om Bagus, Om Bagus jane wis bali apik sesambungane karo Eyang, merga nalika Eyang kerep rumaos kasepen, kanthi meneng-menengan lan ora dipirsani keng Mamahe mBak Eva lan Pakpuh Tiok, kerep sowan ngabekti marang Eyang. Suwe-suwe Pakpuh Tiok ya banjur pirsa lan ora masalahake, merga pancen sowane Om Bagus marang Eyang, nyata wis ndadekne Eyang karenan penggalihe. Bab iki dening Pakpuh Tiok ya banjur dikabarake marang Budhe Evie. lan Budhe Evie uga banjur melu rena penggalihe. Malah banjur ndhawuhi Pakpuh Tiok supaya matur marang keng Ibune mBak Eva, murih bagehane Om Bagus enggal diparingne. Nanging beda karo pas Pakpuh Tiok ngabari keng Ibune mBak Eva".

 

"Benten pripun Bulik?" Eva nigas rembug karo takon.

 

"Keng Ibune mBak Eva tetep ngukuhi kasepakatan sing diputusake nalika Eyang arep nundhung Om Bagus jaman semana, yaiku Om Bagus diwenangake bali menyang daleme Eyang yen wis medhot sesambungan karo Bulik lan kulawargane Bulik. Dadi nek Eyang wis ngapura Om Bagus, ora ateges Om Bagus wis kena bali menyang daleme Eyang, nek Om Bagus sok-sok sowan marang Eyang, dening keng Mamahe mbak Eva bisa dimaklumi. Nanging ora banjur ndadekne bagehane Om Bagus kudu dipasrahne, merga kang mangkono kuwi ora jumbuh karo unine kasepakatan jaman semana. Banjur kedadeyan Pakpuh Tiok karo keng Ibune mBak Eva tukaran rebut bener. Pakpuh Tiok didukani akeh-akeh, merga Pakpuh Tiok wani nakokne asil sawah bagehane Om Bagus sasuwene sawah kuwi diasta dening keng Ibune mBak Eva. Bubar didukani, Pakpuh Tiok ngabari Budhe Evie, banjur Budhe Evie, nitipne sebagean saka asil sawah tahun kuwi, bagehane Budhe Evie dhewe marang Pakpuh Tiok supaya diparingne marang  Bulik lan mbah Jiyah pawadane Budhe Evie, merga mBah Jiyah lan Bulik dianggep wis ngopeni Om Bagus, adhine Budhe Evie. Mung wae, sing keri dhewe kuwi dening Budhe Evie, Pakpuh Tiok ora dikeparengake omong marang Om Bagus luwih-luwih marang Bulik lan mBah Jiyah".

 

"Oo, inggih Buk" Indri genti sing nrambul gunem "Indri kemutan niku, pas Indri taksih kelas gangsal riyin, Pakpuh kalih Budhe nate rawuh mriki maringi Sajadah Indri, ingkang dugi sapriki sajadahe taksih niku ta?".

 

"Iya bener" wangsulane Karmini marang Indri cekak.

 

"Lha nek ngoten Mamah nggih boten bener niku Bulik" Vera numpangi rembuge Karmini, karo ngandhakne panemune "dugi sapriki sampun pinten tahun mawon, asil sabine Om Bagus sing diagem Mamah?".

 

"Mengko dhisik" Karmini mangsuli panemune Eva "mBak Eva aja kesusu ngluputne keng Ibu, merga kuwi mau rak dudutane mBak Eka sawise Bulik nyritakne kabar sing diasta Pakpuh Tiok? Lan kabar saka Pakpuh Tiok kuwi ora kudu banjur dianggep bener ngono wae, jalaran isih ana kabar sing disimpen dening Budhe Evie lan keng Ibune mBak Eva, lha nek kabar sing disimpen kuwi padha karo sing dicritakne Om Tiok, lagi bisa dikandhakne nek critane Pakpuh Tiok bener. Lha nek beda, mesthi salah siji ana sing bener lan ana sing luput, nanging durung bisa didumuk endi sing bener lan endi kabar sing luput".

 

Eva ora enggal semaur, mung batine sansaya wuwuh rasa eram lan kagume marang Karmini sing miturut kaca-matane Eva , Karmini duwe cara mikir sing nengenake ing jiwa kawicaksanan lan kadiwasan. Arang wong sing bisa mikir kaya carane karmini mikir ngono kuwi, luwih-luwih yen wis magepokan karo bandha donya utawa dhuwit. Eva uga banjur duwe pangira yen olehe Karmini bisa duwe pikiran ngono kuwi, merga saka oleh piwulang saka Om Bagus.

 

"Lha Om Bagus sampun nate ngabaraken bab punika dhateng Tante Evie punapa dereng Bulik? menawi dhateng Mamah, mbok bilih Om Bagus dereng sarju ing panggalih kangge ngabaraken" Eva takon marang Karmini.

 

"Sak jane, karo Pakpuh Tiok, Om Bagus ya didhawuhi supaya ngaturake bab iki marang Budhe Evie. Pakpuh Tiok ya ngendika nek arep ngajak Eyang, Budhe Evie karo keng Ibune mBak Eka tetemon ngrembug bab bagehane Om Bagus sing diasta keng Ibune mBak Eva iki. Nanging Om Bagus ora sarujuk karo kersane Pakpuh Tiok sing ngono kuwi mau, Om Bagus ya ngendika nek ora kersa matur bab iki marang Budhe Evie" Karmini aweh wangsulan saka pitakonane Eva.

 

 

ana candhake.


MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 42

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih


42.

 

Mangkok dhawete Eva wis disalini nganggo mangkok anyar sing isih kebak isine, sauntara Eva uga banjur njupuk jadah karo tempe sing disuguhne neng ngarepe, dipangan sethithik, dinikmati tenan ngana kae. Indri karo Ibune ya melu-melu Eva, wong telu ketok gumyak olehe padha jagongan ing emper mburi omahe Mak Jiyah kuwi. Eva ora entek-entek olehe ngalembana enake jadah pulen sing dilawuhi tempe goreng gaweyane Mak Jiyah, neng omahe arang utawa malah keneng diarani ora tau ditemoni jinis panganan ngene iki.

 

"Crita sabanjure" Karmini bali guneman nutugne olehe crita, Eva karo Indri bali nyemak  "nalika kanca-kancane Bulik padha ngerti nek antarane Om Bagus karo Bulik ana sambunging katresnan, akeh sing banjur padha ngandhani, supaya Bulik ora nglanggati katresnane Om Bagus, mumpung durung kebacut adoh manjing sajroning kedhunging katresnan lan yen wis jero Bulik ambles ing dhasaring samodra tresna, yen nganti Bulik dipeksa kudu mencelat kasempyok dening ombaking samodra temah pedhot talining tresna, mangka bakal angel tambanane".

 

"Lha kok ngaten Bulik?" Eva takon.

 

"Iya" wangsulane Karmini "jalaran sanadyan wis ora pati banter suwarane, nanging panggah wae nek Bulik iki mung anake Mak Jiyah Tandhak Tayub sing wis oleh cap dudu golongane wong becik-becik ora bisa diowahi. Kamangka Om Bagus kuwi saka kulawarga sing kinurmat, putrane nDara Asper sing isih priyagung trahing kusuma saka kraton Sala. Tanpa dingerteni dening Om Bagus, kanca-kancane Bulik padha nuturi, kabeh padha duwe pangira yen katresnane Bulik karo Om Bagus ora bakal bisa langgeng, awit anane asal-usul kulawarga sing ora padha. Saupama jinising gaman ngono, Bulik kuwi saka jinising lading sing wis teyengen sing wis dibuwang ora ana regane, lha nek Om Bagus kuwi wesi jinising keris sing digawe saka waja pinilih, sing katon mramong pamore. Upama keris sing murup pamore kuwi disandhingne karo lading teyengen, kajaba ora pantes, mesthi sing kagungan keris ora bakal lila".

 

Karmini meneng sedhela, pikirane Indri apa dene Eva padha mbenerake pituture wong-wong sing ngandhani Karmini kuwi. Ora biyen ora saiki, jenenge wong arep jejodhowan kuwi ora mung nyawijekne ati loro sing lagi padha kapanduk ing katresnan, nanging ora bisa dipisahake karo panemune kulawarga barang. Lan aran wis lumrah yen saben kulawarga kuwi yen arep njodhokne salah siji saka kulawargane milih besan sing kelase ora-orane satimbang karo kelase kulawargane.  Jalaran petung Bibit, Bobot lan Bebet  kuwi panggah dadi pagonan mungguhe wong jejodhowan.

 

"Lajeng Bulik kados pundi?" sawuse rada suwe anggone meneng, Eva takon ngiras njaluk supaya Karmini nutugne anggone crita.

 

"Bulik sarujuk karo isining pitutur-pitutur sing ditampa saka kanca-kancane mau, nanging Bulik rumangsa eman yen nganti medhot sambunging rasa tresna karo Om Bagus. Mula pitutur-pitutur mau banjur dikandhakne marang Om Bagus" wangsulane Karmini.

 

"Lha Om Bagus lajeng pripun Bulik?" Eva bali takon maneh.

 

"Om Bagus ora ngluputake panemune wong-wong sing padha nuturi Bulik mau, nanging Om Bagus kukuh ora arep medhot tali katresnan sing wis naleni atine Om Bagus karo atine Bulik temah nyawiji. Om Bagus ora nampik yen ora mokal ing mengkone Om Bagus bakal kepalangan dening kersane wong tuwane, nanging Om Bagus ngendika yen tresnane marang Bulik kuwi tresna sing suci sing lahir saka dhasaring ati, dudu katresnan semu pamembaning hawa nafsu, mula upama bakal ana sing malangi katresnane mesthi bakal ditabrak lan gandheng seneng kuwi larang regane, mula yen senenge Om Bagus kudu ditebus nganggo pangorbanan kudu dicuthat saka kulawargane, mangka Om Bagus uga wis siap" wangsulane Karmini .

 

"Waow.... Om Bagus pancen hebat!" ora krasa Eva nugel critane Karmini, ngalembana Pakne Cilik .

 

"Iya, pancen Om Bagus kuwi priya bagus sing setya netepi jiwa kastriyane, tumibaning katresnan marang Bulik tansah dijaga kasucene. Dhasare Bulik ya wis rumangsa ora bisa kapisahake karo Om Bagus, mula Bulik ya banjur manut apa sing dadi lekas lan keputusane Om Bagus" Karmini nanggapi pangalembanane Eva marang Bagus.

 

"Bulikku ya ora kalah hebat karo Omku" kandhane Eva karo mesem seneng.

 

"Bareng crita katresnane Bulik karo Om Bagus kuwi wis mlaku rada suwe, Bulik wis lulus saka SMA KP, sambung katresnane Om Bagus karo Bulik iki kapirsanan dening kulawarga Om Bagus" kandhane Karmini sabanjure "kabeh ora ana sing sarujuk yen Om Bagus duwe sesambungan tresna karo Bulik, pawadane ya padha karo sing dikandhakne kanca-kancane Bulik mau, ya iku karan ora ilok yen sutra kasandhingne karo suwekan mori, sanajan padha-padha wujud kain, lan mbuh sapa biyen sing marahi padha-padha wesine nanging tetep diarani adoh bedane antarane mas karo cuwilan wajan sing amoh, samono uga krikil kuwi ora patut disandhingne klawan mirah barleyan, sanajan ta padha watune. Keng Eyang Putri, Keng Ibu, Keng Bulik lan Pak Puh Tiok kabeh paring deduka marang Om Bagus lan ndhawuhake supaya Om bagus kersa medhot sesambunganing katresnan karo Bulik. Mung Keng Eyang kakung sing ora duka lan ora dhawuh mbacutake, merga Om Bagus nyambung tali katresnan karo Bulik".

 

"Waow.... ya Eyang Kakung iki sing diarani wong tuwa sing wicaksana!" Eva ketrucut rembug maneh, ngalembana Eyange kakung.

 

"Nanging Eyang Kakung ora bisa tumindak apa-apa, awit nalika samana kahanane wis gerah-gerahen. Lan pepunthoning rembug kulawarga, gelem ora gelem Om Bagus kudu pisah karo Bulik, yen nganti Om Bagus nekad mbacutake nggone sesambungan karo Bulik, mangka Om Bagus ora dikeparengake manggon ing Daleme Eyang. Om Bagus nuduhne bawa leksana, lire anetepi apa sing dadi pangandikane, banjur miyos saka Dalem kaya sing dikersakne Eyang Putri lan sedulur-sedulure. Om Bagus banjur mondhok neng omahe wong Batak neng Jalan Banda lor ban, sing jenenge Pak Paruntungan lan kanggo nyambung urip, Om Bagus melu nyambut gawe dadi kuline Pak Paruntungan nandangi gaweyan pasang instalasi listrik. Marang pak Paruntungan Om Bagus ora blaka yen olehe mondhok neng kono merga ditundhung dening Ibu lan sedulur-sedulure, nanging Om Bagus kandha nek kepengin sinau urip mandhiri. Lan sawuse rada suwe melu Pak Paruntungan, keng Ramane Om Bagus, ya eyang kakung seda. Kira-kira let sewulan saka sedane Eyang Kakung, mBahe lanang Indri, ya Bapakne Bulik sing jenenge Karmin Bengkring uga tinggal donya. Banjur simbah wedoke Arka, nemoni Om Bagus supaya olehe arep mundhut garwa Bulik tumuli ditindakne. Om Bagus nyetujoni, nganti saiki lan muga-muga nganti puputing umur Bulik dadi sisihane Om Bagus. Mbahe Indri ya nyuwun supaya Om Bagus kersa nggenteni kalungguhane mBah lanange Indri, minangka Kepala Keluarga ing omah iki, disaguhi nganti saiki iki" Karmini mungkasi critane.

 

"Mangke rumiyin Bulik" Eva takon "lha kok sak niki Eyang kaliyan Om Tiok  nek kalih Om Bagus lan Bulik, sae lan ketingal tresna, asih dhateng Bulik lan Om Bagus sarta dhateng Mas Arka lan Dhik Indri?".

 

"Oh, kuwi ta?" Karmini wangsulan karo mesem "kuwi ana critane dhewe. Nanging gandheng masjid nggono mBah Kyai Anas wis adzan, saiki kana In mBak Eva diajak dhahar dhisik, ya saanane wae, gajege mau mbahe gawe brengkes gerih salem karo njangan asem, nek uwis gek ndang padha luhuran dhisik. Mengko nek wis bar sembahyang, critane Bulik bisa ditutugne maneh".

 

 

ana candhake.

 


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...