Total Tayangan Halaman

Sabtu, 04 Desember 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (003)

 


3.

Puguh sing weruh yen sedulure wis tumandang, nuli pasang kuda-kuda arep ngringkus Rangga sing lagi ngguyu merga weruh Panggah sing tiba krungkeb disusul gunemane Marga sing ngarani olehe tiba Panggah mau merga kepengin ngrebut Uwi Alus sing lagi arep dipangan dening Marga. Ora kaya Panggah, nadyan Puguh weruh yen Rangga babar pisan ora lagi siaga ngadhepi bebaya, nanging Puguh ora sembrana, kanthi petung sing mateng tangane sing wis dikepelne kuwi diobahne ngarah marang uwange Rangga. Puguh ngira yen kepelane bakal ngendheg guyune Rangga lan malih dadi sambat ngaruara. Nanging jebul pangirane Puguh luput, kaya lupute kepelane sing diarahne uwange Rangga. Rangga kanthi cukat ngeblagne awake memburi banjur njengkelit, muter awake sepisan wis dadi ngadeg karo nata kuda-kudane. Nyerang sepisan bisa diendhani, Puguh nggereng ora ndadak nganggo omongan maneh, sikile Puguh genti klawan cepet nyadhuk ngarah lambunge Rangga. Rangga ora nglilani sikile Puguh nyenggol lambunge, dhengkule Rangga diangkat kanggo mapag sikile Puguh, disusul tangane diobahne mengarep lurus ngener dhadhane mungsuh. Puguh kaget, dugangane ketanggor dhengkul kiwane Rangga sing disangga dening adeging sikil tengen sing bakoh kaya mancep neng lemah, ndadekne Puguh kontal memburi lan nalika weruh kepelane Rangga ngener ngarah dhadhane, Puguh ora kober endha, tujune wae awake mau ws mental memburi luwih dhisik dadi kepelane Rangga ora wutuh bisa ngenani dhadhane. Ewa samono panggah wae Puguh kesurung memburi nganti patang jangkah, karo awak sempoyongan.  Nanging Puguh nyata siswa Paguron Tangen sing wis mumpuni ulah kanuragan, dheweke wiwit ngerti yen nom-noman sing diadhepi kuwi dudu nom-noman lumrah, nanging nom-noman sing tau sinau ulah kanuragan. Mula Puguh banjur wiwit ngecakne ulah kanuragane ing tataran sing rada luwih dhuwur maneh.

 

Ora suwe sabanjure, wong papat sing mau kober basan binasan nganggo tembung sing alus ngajeni, banjur malik grembyang . Bola-bali keprungu pisuhane Puguh karo Panggah diselani karo sumbar pangancam sing jare arep gawe cilakane nom-noman sing mau kober aweh suguh Wi Alus Bakaran. Sansaya suwe anggone padha kerengan dadi sansaya rame, wis bola-bali Puguh lan Panggah ngundhakne tataran ngelmu kanuragane, ewa dene babar pisan durung katon ana asile, Rangga apa dene Marga durung bisa ditelukne.  Puguh lan Panggah sing kulina nelukne mungsuh-mungsuhe ora nganti ngentekne wektu suwe, dadi sansaya anyel. Saben wong loro kuwi ngunggahne tataran ngelmune, Rangga lan Marga ajeg  bisa ngimbangi, malah ora arang Rangga lan Marga kasil ndheseg memburi sing ndadekne Puguh lan Panggah rada kacipuhan.  Sansaya suwe, sansaya ilang kesabarane Puguh lan Panggah, siwane Ki Ageng Tangen loro kuwi, sing kekarone duwe pangira sing kuwat yen nom-noman loro sing lagi kerengan karo dheweke kuwi telik sandi utawa andhahane Ki Julung Geni, maune isih duwe rasa eman yen nganti Rangga lan Marga mati ana tangane. Jalaran weling saka Gurune wis ngandhakne nek Ki Ageng Tangen ora kepengin memungsuhan karo Ki Julung Geni. Mula yen nganti Rangga lan Marga kuwi mati ing tangane, mesthi ndadekne kriwikan dadi grojogan, Ki Julung Geni mesthi bakal ora trima karo patine andhahane lan bakal males ukum marang Paguron Tangen. Beda yen Rangga lan Marga mung dikalahne ora nganti dipateni, yen ana nesune Ki Julung Geni isih bisa disabarake kanthi pawadan yen mau wis ana kedadeyan salah paham sing isih bisa dilurusne. Nanging bareng bola-bali Puguh lan Panggah digawe lara kena sikil utawa tangane Rangga lan Marga, rasa pangeman kuwi mau banjur ilang. Welinge Ki Gedhe Tangen dadi kelalen. Puguh lan Panggah wis ngliga gegamane dhewe-dhewe.

 

"Sajake wis dadi garising pepesthen Rangga" kandhane Puguh sing wis kenceng nggegem dangan pedhange "ing gisik bengawan kene gulumu kudu tugel merga kliwatan pedhang sing ana tanganku iki".

 

"Ah, omonganmu ngawur Puguh" wangsulane Rangga karo ngguyu ngece "lha wong lading kurang sepuhan ngono kok arep mbok ngge nugel guluku, sing ana mengko malah ladingmu kuwi dadi mlethot kabeh. Nanging kanggo ngajeni kowe, aku ya arep nggunakne pusakaku kanggo ngadhepi ladingmu kuwi, senadyan satemen ladingmu babar pisan ora mbebayani kanggoku"

 

Muni ngono kuwi Rangga banjur ndudut pusakasing disengkelitne neng lempenge, bongkotan pring kuning sing sajempolan sikil gedhene, limang kilan dawane. Puguh sing krungu olehe semaur Rangga dadi sansaya nesu, luwih-luwih bareng weruh bongkotan Pring Kuning sing mung sajempolan gedhene kuwi, sing dening Rangga jarene kuwi pusakane. Ora sranta Puguh banjur muter pedhang pusakane, jurus-jurus pedhang saka Paguron Tangen sing nggegirisi, wiwit dituduhne marang mungsuhe. Pedhang neng tangane Puguh wis ora katon wujude, sing ana mung kari cahya putih mobat-mabit ing awang-awang, mawa perbawa suwara sing gumuruh kaya suwarane angin lesus sing ngiringi cleret tahun sing pedhot ing mangsa labuh.

 

Beda maneh karo Panggah, padha-padha siswa saka Paguron Tangen, nanging gegamane Panggah ora rupa pedhang kaya gegamane Puguh. Panggah wis nglolos rante wesi sing dawane meh sadhepa, ing pucuke rante ana trisulane sing katon mawa pamor mencorong, nuduhne yen kuwi dudu trisula lumrah, nanging trisula pusaka. Rante sing mawa mripat trisula kuwi diputer kenceng dening Panggah, temah nuwuhake suwara sing nggegirisi. Ora mung diputer ing awang-awang nanging wis ngupengi papane Marga ngadeg, temah kaya-kaya Marga wis kinepung dening ewon trisula sing arep ngranjab marang awake.

 

"Eman banget heh wong anom" kandhane Panggah karo ngguyu, merga Marga sajak gumun weruh katiyasane Panggah anggone wasis nyolahne rantene "sanadyan kowe nduweni kanuragan sing lumayan, nanging kapeksa dina iki kudu pupus teka samene wae nggonmu ngecakne ngelmumu. Jalaran sedhela maneh kowe kudu mati kanthi tatu arang kranjangkeranjab dening trisula sektiku. Wis saiki, enggal kowe nenuwuna muga-muga kowe enggal bablas menyang neraka, supaya mengko rohmu ora gentayangan dadi memedi ing pinggir bengawan kene".

 

"Lucu banget tembungmu Panggah" wangsulane Marga ayem "lha wong dolanan kaya ngono wae kok mbok ngge ngedeni aku bocah sing wis gedhe, jeneh mbok ngge ngedeni bocah sing lagi demolan wae, trisulamu kuwi mung bakal digeguyu tak kandhani".

 

"Aja kakehan wuwus kowe Marga" panyaute Panggah banter "ing kalangan sisih kono mau tak sawang sedulurmu gemang mati tanpa nuduhne gegamane, mula mumpung isih ana wektu, tumuli wetokna gegamanmu ora ana sing ngarani aku mateni wong sing tanpa nggawa gegaman kanggo ngadhepi trisulaku".

 

"Tak turuti sing dadi karepmu Panggah" wangsulane Marga karo nglolos cemethi sing disabukne ing bangkekane. Gagange cemethi wis dicekel kenceng dening Marga, banjur diseblakne mendhuwur nuwuhake suwara jumlegur sing ndadekne suwara gumuruh sing ditokne dening rantene Panggah ilang kasilep dening suwarane seblakan pecut.

 

Ora let suwe sabanjure, papan kono dadi rame dening suwara gumuruh sing kala-kala diselani dening suwara jumlegur. Meh kaya suwarane sindhung riwut ing mangsa labuh sing diiringi bledheg kang magunturan. Nanging pranyata wong loro sing diadhepi Rangga lan Marga kuwi, babar pisan dudu mungsuh sing abot tumrap muride Ki Tanpa Rupa loro kuwi. Sanadyan jurus-jurus pedhang sing dicakne Puguh nyata-nyata mbebayani, pucuking pedhang kaya duwe mata tanpa kendhat ngarah peranganing awake Rangga sing mbebayani, suprandene ora kangelan Rangga ngendhani utawa nangkis serangane Puguh. Samono uga sanadyan saking cepeting Puguh muter pedhange nganti kena diparibasakne saupama ana udan tumurun saka langit ora bakal bisa nembus mengisor merga bakal ketangkis dening jurus pedhang saka Paguron Tangen kuwi, nanging pranyata kerep wae tekene Rangga bisa nyenggol peranganing ragane Puguh.

 

Nanging Rangga lan Marga meneng-meneng wis nyawijekne karep, sanadyan mungsuhe kene dipesthekne yen mesthi bakal kalahe, nanging nom-noman loro kuwi wis padha sarujuk ora arep gawe cilakaning mungsuhe, nom-noman loro kuwi ora asep cilike tatu sing abot gedhene nganti gawe patine Puguh lan Panggah. Pendekar loro murid saka Paguron Tangen kuwi arep diumbar, kentekan tenaga dhewe.  Puguh lan Panggah sing ora ngerti karepe Rangga lan Marga, sansaya gemreget anggone kepengin enggal bisa ngrubuhne mungsuhe, wekasane tenagane Puguh lan Panggah sansaya cepet olehe kakuras, merga nuruti karepe dhewe. Sansaya suwe tandange Puguh lan Panggah sansaya kendho, serangan-serangane dadi sansaya ngawur. Rangga lan Marga uga ngimbangi klawan nuruti apa sing dicakne Puguh lan Panggah, klawan api-api uga wis kesel lan kentekan tenaga.

 

Dumadakan wong papat kuwi dikagetne dening suwara guyu sing banter, disusul ana wewayangan loro sing cumlorot saka dhuwur banjur ngadeg karo malangkerik ing antarane sing lagi padha perang tandhing.

 

ana candhake. 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (002)

 

2.

Puguh karo Panggah inget-ingetan padha kanca, wong loro kuwi pancen lagi krungu sepisan iki sing jenenge Desa Jurug. Wangsulane Rangga sing ngaku yen asale saka Jurug kuwi ndadekne wong loro kuwi ora percaya, lan nganggep Rangga wis nganggo guyon olehe aweh wangsulan. Kamangka olehe takon Puguh mau, takon sing tenanan ora takon guyonan, nek diwangsuli nganggo wangsulan guyonan padha wae sing aweh wangsulan kuwi wis ngremehne marang pitakone. Kamangka sasuwene iki, durung ana wong sing wani guyonan karo Puguh apa dene Panggah, siswane Ki Ageng Tangen sing pinercaya dening Gurune temah bisa ngerehne siswa tangen sing atusan cacahe. Nanging awan kuwi, ana nom-noman loro sing pacakane mung sarwa prasaja, ewadene wis wani sembranan karo Puguh lan Panggah. Kamangka olehe takon Puguh mau wis nggunakne basa sing alus, malah kepara gelem basa marang nomnoman loro sing durung ditepungi kuwi.

“Nuwun sewu Adhi” kandhane Puguh nanggapi wangsulane Rangga, tetep nganggo unggah-ungguh sing komplit “dhusun Jurug niku menapanipun Dhusun Tumang?”

Sing dikarepake Puhuh Desa Tumang kuwi, padhukuhan cilik nanging kondhang merga dadi padhepokane Ki Julung Geni, priyagung sing duwe kasekten keliwat dhuwur lan duwe andhahan meh ewon cacahe, wektu iki kabar sing sumebar Ki Julung Geni lagi ngelar jajahan nelukne desa-desa saurute bengawan Uluayu. Kanthi nakoni Rangga sing mangkono kuwi mau, tenane Puguh wis nduwe pangira yen Rangga lan Marga kuwi andhahane Ki Julung Geni.

“Nyuwun pangapunten Kakang” Rangga wangsulan karo tatakrama sing genep nimbangi unggah-ungguh sing dituduhne dening Puguh “Jurug punika padhukuhan alit ingkang kabawah Kadipaten Pajang, lan boten patosa tebih dunungipun kaliyan Kitha Pajang,  dados inggih radi tebih menawi saking mriki. Malah menawi dhusun Tumang ingkang ndika sebat kala wau, kula malah nembe sepisan niki mireng”.

Krungu wangsulane Rangga sing mangkono kuwi, atine Puguh dadi sansaya ora seneng, emono uga atine Panggah. Wong loro kuwi duwe panemu nek nom-noman loro sing ngaku jeneng Rangga karo Marga iki cetha nek duwe karep ngremehne dheweke sing wis ngaku minangka siswane Ki Ageng Tangen. Kang mangkono kuwi, merga miturut petungan nalare Puguh apa dene Panggah, wangsulane Rangga kuwi cetha wangsulan sing ngawur, mokal yen nom-noman loro kuwi saka laladan Kadipaten Pajang. Merga mau sadurunge ngonangi Rangga lan Marga mbakar Uwi Alus, Puguh lan Panggah wis ngonangi luwih dhisik yen nom-noman loro kuwi padha nunggang gethek cilik sing mlakune mung manut karo ilining banyu bengawan. Lan yen ndelok wujude gethek sing ditumpaki nom-noman loro kuwi, mokal yen wis digunakne wiwit saka sacedhake Pajang nganti tekan papan kono nanging kahanane isih wutuh, merga gethek kuwi sanadyan sing digawe saka kayu nanging katon yen carane nggawe mung sarwa prasaja, malah karo prau-prau sing kulina digunakne kanggpo nyabrangne wong-wong saka brang kidul menyang brang lor lan suwalike kae, isih luwih prasaja maneh.

“Heh Kisanak” dumadakan Puguh ngadeg karo guneman sing suwarane beda karo mau “aku wis nyoba, takon kanthi sikep sing kaliwat becik marang kowe bocah loro sing pantes tak sujanani, nanging wangsulanmu wiwit mau sarwa geseh lan ora tinemu ing nalar. Saiki tinimbang ana salah kedaden antarane kowe sakloron karo aku, tak jaluk kowe wong loro enggal-enggal bali munggah menyang prahumu maneh lakokna prahumu nurut lakuning banyu bengawan, ora tak idini kowe leren ngendhegne prahumu sajroning wektu sedina punjul sawengi”.

“Mengke rumiyin Ki Puguh” Marga sing wis apal karo watak wantune Rangga sing ora sabaran kuwi ndhisiki guneman sadurunge Rangga mangsuli ucape Puguh “wiwit panggih sepisanan wau, rumaos kula Kakang kula punika anggenipun mangsuli pitaken saking ndika sampun mawi tata krama jangkep lan sampun wangsulan cundhuk kaliyan ingkang ndika tangkletne. Kok dumadakan ndika wicanten kados makaten kala wau, estunipun punapa ingkang ndika kersakaken?”.

“He bocah nom” Panggah sing uga wis ngadeg neng sisihe Puguh genti sing semaur mangsuli tembunge Marga “rungokne sing bener ya? Laladan sadawane bengawan iki, mendhuwur lakon sedina lan mengisor lakon sawengi, kuwi dadi tanggung jawabku karo Kakang Puguh. Satemene jumbuh karo jejibahan sing tak emban, laladan sing dadi tanggung jawabku iki ora kena ana wong sing dudu warga laladan kene saba utawa mlebu laladan kuwi. Mau aku lan kakang Puguh weruh kowe bocah loro numpak prahu nurut lakune banyu, mau tak sengguh nek kowe mung butuh liwat, ora tak aru biru babar pisan, nanging jebul kowe malah leren lan munggah ing dharatan, kanthi ndeleng wujudmu sing mung kaya ngono lan mung bocah loro, aku apa dene Kakang Puguh isih gedhe rasa welase, kowe ora tumuli tak gusah supaya enggal lunga, malah tak sanak kanthi becik, jebul wangsulane sedulurmu kuwi nalika ditakoni Kakang Gupuh malah ketok nek nyepelekne. Mula sepisan maneh rungokna, tak wenehi wektu sapanginang kowe bocah loro tumuli tata-tataa lan tinggalna papan kene kaya sing dikandhakne Kakang Puguh mau”.

“Kisanak Puguh lan nDika Kisanak Panggah” isih karo lungguh Rangga genti sing guneman “Pancen bener kaya sing ndika kandhakne mau, satemene aku karo adhiku pancen mung niyat arep liwat, oraa ndika prentah nek wis cukup anggonku leren ing dharatan ya mesthi banjur nerusne laku, nanging ndika kudu ngerti sapa wae ing jagad iki sing wenang mranata anggonku leren utawa nerusne laku, klebu ndika wong loro”.

“Dadi kowe bocah loro wis wani mbantah apa sing dadi prentahku?” Puguh takon karo mripate wiwit mencereng.

“Ki Sanak Puguh, ndika aja dadi kaya wong mendho ngono kuwi” Rangga wangsulan karo ngguyu “sing bisa mbantah utawa nurut prentah ndika kuwi mung andhahan ndika lan sing sing bisa ndika prentah utawa ndika penging kuwi winates mung andhahan ndika wae. Aku karo adhiku iki selawase durung tau lan ora bakal dadi andhahan ndika, dadi ndika ora wenang mrentah utawa menging marang aku lan adhiku”.

“Keparat, kowe bocah loro wis nantang marang aku?” Puguh sansaya nesu.

“Lha nek saiki sansaya cetha” Marga melu ngguyu krungu suwarane Puguh sing ngono kuwi “ndika kuwi ora kya wong mendho, nanging pancen ndika kuwi wong goblog!”.

“Piye?” Panggah guneman, Marga digetak karo suwara sereng.

“Apa kurang cetha karo sing tak kandhakne?” Marga ngguyu ngece “menungsa wis disuguhi Uwi Alus Bakaran, kok malah ngarani sing nyuguh nantang, kuwi wong goblog apa wong sing ora duwe nalar? coba ndika wangsuli pitakonku sing keri iki, ndika klebu goblog apa klebu wong sing ora duwe nalar?”.

“Keparat kowe bocah” ora bisa ngempet nesune, Panggah sing wis ngadeg ora adoh karo papane Marga sing isih lungguh kuwi ngobahne sikile klawan cepet kanggo ndugang praupane Marga.

Wis keneng dipesthekne upama sing didugang dening Panggah kuwi mung wong lumrah, mesthi wis klumah, bisa uga wis semaput, merga olehe ndugang, Panggah sengaja diarahne pernah lambene Marga. Panggah sanadyan satemene wis duwe pangira yen nom-noman loro kuwi nduweni ngelmu kanuragan, nanging Panggah ora ngerti nek sing didugang kuwi Marga, nom-noman sing tau dadi muride Pangeran Benawa lan siswane Ki Tanpa Rupa. Temah Panggah ora ngira yen klawan gampang Marga ngendhani sikile Panggah sing meh wae gawe bengepe praupane kuwi kanthi nginger adheping sirahe. Keseret dening tenagane dhewe, Panggah dadi goyah adege. Lan sadurunge Panggah sadar nek adege wis goyah, kanthi cukat sikile Marga sing kiwa diobahne nyrampang sikile Panggah. Panggah mbengok kaget, nanging tetep wae Panggah ora bisa awake dhewe tiba krungkeb mengarep ngambung pasir ing gisike bengawan kuwi. Marga mencolot nisih manengen, karo ngadeg sedulure angkat Raden Rangga kuwi banjur guneman maneh :

“Saiki luwih cetha maneh kowe Panggah, kajaba goblog uga lucu. Lha wong arep ngrebut Uwi Alus sing lagi tak pangan kok malah nganggo sikil, mesthi wae ya luput. Wis ngerti nek luput malah isih nekad, wedhi pinggir kali malah ditubruk arep dibrakot, kuwi wedhi Nggah, dudu Uwi!”.

Karo tangi Panggah misuh-misuh ora karuwan, banjur tata-tata maneh arep ngrangsang Marga sing uga wis siaga ngadhepi bebaya.

ana candhake.

Jumat, 03 Desember 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (001)

 

1.

Alon-alon Marga nginggirake prau gethek sing ditunggangi, Rangga luwih dhisik mencolot menyang daratan lagi disusul Marga. Ora kaya padatan prau cilik kuwi ora dicancang ing wit, merga pancen bengawane nuju ora banjir, dadi ora dikuwatirake yen bakal keli katut lakune banyu. Nom-noman loro kuwi padha tolah-toleh ngiwa nengen, ngulatne dharatan pinggir bengawan sadhuwure gisik sing sepi kuwi.  Ora suwe Rangga lan Marga banjur nggelar ikete neng pasuketan kanggo lambaran sujud manembah marang Gusti Allah. Merga wektune pancen wis manjing luhur, srengenge mangsa ketiga wis ngglewang mangulon.

Rampung olehe padha sembahyang, Rangga pamit arep golek pala kependhem sing kena dipangan ing alas sacedhake papan kono kuwi.

“Aku tak golek uwi utawa gembili neng alas kene iki Dhi” kandhane Rangga karo ngadeg lan nglempit iket sing mau digelar kanggo sembahyang “aku wis kangen karo rasane pala kependhem bakaran, sawise meh sepasar mung mangan iwak bengawan dibakar thok”.

“Iya Kakang” wangsulane Marga “nek ngono aku tak ndang cethik geni, dadi pas Kakang teka mengko bedhiyange wis dadi”.

Rangga ora semaur maneh, banjur mlaku mengalor nitik panggonan sing padatan kethukulan pala kependhem alas sing enak dipangan. Marga ngulati Rangga saka mburi, batine Marga gumun karo lakuning urip sing dilakoni sasuwene iki. Rangga sing sejatine putra Panembahan Senapati Ing Alaga, kang mangwasani bumi Tanah Jawa iki, krasa lucu yen dinalar, arep ngisi wetenge sing luwe wae direwangi luru pala kependhem ing alas luwih dhisik, yen ora ngono ya kudu slulup neng bengawan gogo iwak sing banjur dibakar lan mung dibumboni uyah, olehe mangan ya ora tau bisa nganti wareg. Cara urip sing mangkene iki mesthi adoh bedane karo adhi-adhine Rangga sing butuh apa-apa mung kari aba, ing kiwa tengene ajeg ana paraga sing siaga ngladeni kanthi senenging ati.Nanging Rangga nate kandha, jarene urip sing paling rekasa kuwi ora ana sing ngungkuli rekasane dadi putrane ratu, merga uripe kebak pranatan sing bisa nyiksa kamardikaning jiwa, yen nganti pranatan kuwi diterjang tan wurunga bakal nampa deduka munggahe bisa kapidana. Biyen Rangga tau ngarani urip mulya kuwi ora ana sing ngungkuli panguripane Marga, arep tumindak apa wae kena waton ora cengkah karo paugeraning negara, lan Rangga tau kandha yen upama oleh milih ngono, Rangga milih dadi Marga sing mung anake wong desa tinimbang dadi putrane Ratu Mataram.  Mula nalika Raden Rangga kudu nglakoni paukuman nindakne laku pangumbaran menyang bumi brang wetan, tumrape Rangga kuwi ukuman sing nyenengake. Kanthi nggagas kang mangkono kuwi Marga banjur oleh dudutan yen satemene rekasa utawa mulyaning urip kuwi manggone ana sing atine sing ngrasakne. Jumbuh karo dhawuh sing nate ditampa saka gurune Ya Ki Tanpa Rupa kang ngandhakake yen kepengin ngrasakne suawarganing urip ora ana dalan sing luwih becik kajaba nggedhekne rasa panarima, linandhesan pasrah marang purbaning kawasa.

Alon-alon Marga menyat, banjur njupuki lan pang-pang garing sing ana sacedhake diklumpukne, digawa menyang gisiking bengawan arep disumet digawe bedhiyang. Bareng wis akeh sing dadi mawa, Rangga teka karo nggawa uwi alus salengen-lengen gedhene,  kira-kira limang kilan dawane, ora mung siji nanging ana lima.

“Wis ndang dibakar, wetengku wis luwe iki” kandhane Rangga karo nyelehne Uwi Alus sing digawa ing cedhake geni mawa. Olehe muni ngono kuwi Rangga nganggo suwara sing rada banter.

“Kok akeh temen Kakang? Uwi Alus pisan, enak lan gurih, mung kuciwane mung medhok nek isih panas, nek wis adhem dadi bantat” wangsulane Marga sing banjur njupuk Wi Alus loro banjur dipendhem ing geni mawa.  Marga ngerti yen anggone Rangga kandha nganggo suwara sing banter kuwi, Rangga duwe karep aweh weruh marang Marga yen Rangga meruhi nek ing sacedhake papan iku ana wong liya sing lagi nguwasi. Mula Marga anggone wangsulan uga karo suwara sing banter, minangka sasmita yen Marga wis ngerti karo apa sing dikarepake Rangga.

“Kira-kira ireng apa putih Kakang? cacahe akeh apa sethithik?” Marga banjur takon marang Rangga karo suwara sing alon.

“Mung wong loro, ora ana tandha-tandha yen panunggalane wong seneng laku cidra, kira-kira prajurit sandi sing lagi nindakne kuwajibane” Rangga aweh katrangan marang sedulur angkate kuwi ngenani wong loro sing wis sauntara anggone ngulati dheweke “ya sing ngati-ati wae, njagani nek panggraitaku mleset”.

“Iya Kakang” wangsulane Marga “ya dienteni wae ana kene, apa karepe wong loro kuwi, awake dhewe kari ngladeni”.

Nom-noman loro kuwi banjur padha meneng karo nunggoni olehe mbakar Uwi Alus. Kekarone api-api ora weruh yen mripat papat sing ana walike grumbul ora kedhep anggone tansah maspadakne sapari polahe.  Bareng Uwi Alus sing dibakar wis mateng, Marga menyat marani getheke, njupuk kendhi digawa nyedhak bedhiyang.

“Kowe kuwi piye ta Dhi?” Rangga takon karo suwara sing bisa dirungokne saka kadohan “jaremu Uwi Alus kuwi enake mung nek panas? lha kok olehmu mbakar malah loro? Lha wong mbakar siji wae dipangan wong loro turah kok”.

“Iya Kakang” wangsulane Marga nganggo suwara sing padha “Kakang rak ya kerep ngandhani aku ta? nek wong mangan neng sawah utawa neng alas ngene iki, duwe kuwajiban tawa-tawa marang wong sing ana sacedhake. Iki ya ngono, najan neng kene ora ana wong liya, aku mung jaga-jaga mbok menawa pas awake dhewe mangan ndelalah ana wong golek kayu bong utawa wong ngarit liwat kene, rak awake dhewe wajib nawani ta Kang? Lha nek mung mbakar siji, ndelalah ana wong liwat ditawan banjur gelem, rak sida ora wareg awake dhewe mengko? Lha nek mbakar loro ngene iki, sing siji rak keneng dienggo nyuguhi nek ana wong liwat kaya sing tak omong mau”.

Olehe omong nganggo suwara banter nom-noman loro kuwi pancen disengaja, minangka sasmita marang wong loro sing ampingan grumbul. Yen pancen duwe sedya sing ora ala lan ora arep gawe cilakne Rangga lan Marga supaya gelem padha mara lan ora sah ndadak nganggo dhedhep-dhedhepan kaya ndhedhepi maling ngono kuwi. Pranyata bener, pancingane Rangga lan Marga oleh tanggapan. Wong loro kuwi kanthi lon-lonan mlaku nyedhaki papane Rangga lan Marga leren karo mangan Uwi Alus bakaran.

“Nuwun sewu Kisanak ……..” sawise cedhak salah siji saka wong loro kuwi alok sapa aruh.

“Mangga, mangga Kisanak” wangsulane Rangga karo nginger lungguhe dibacutake nawakne panganane “mangga pinarak mriki, niki lho Wi Alus Bakar rumpukan, eca kok, mangga ndika mendhet”.

“Matur nuwun Kisanak” wong sing lagi teka kuwi wangsulan karo melu mapan lungguh ing sandhinge Rangga. Marga nyandhak Uwi Alus sing isih siji banjur diselehne neng ngarepe wong kuwi karo kandha :

“Mangga Kisanak, sampun ndadak mawi rikah-rikuh”.

“Inggih, inggih Adhi, matur nuwun, mila estu kajawi ugi ngraosaken radi luwe, kula inggih remen kok kaliyan Uwi Alus bakar ngaten punika” wong sing sijine melu wangsulan karo nyandhak Wi Alus sing wis ana ngarepe, ditugel setelon banjur turahane diulungne marang kancane.

“Nuwun sewu Adhi” sing diulungi tugelen Wi Alus guneman marang Rangga lan Marga “Adhi kekalih punika napa sedherek saking tebih? kok kula ketingale dereng nate tepang?”.

Rangga noleh nyawang wong sing nakoni dheweke kuwi, banjur genti takon :

“Lha Kakang punika sinten? Dalemipun pundi? kok dereng tepang kaliyan kula lan adhi kula niki niku?”.

Pitakone Rangga kuwi katone sepele, nanging satemene kanggo naker apa bener yen wong loro kuwi wong sing manggone ana ing padhukuhan sacedhake papan kuwi. Jalaran yen wong loro kuwi warga padhukuhan kono lan dudu telik sandi, mesthine olehe nyedhaki dheweke sakloron ora ndadak nganggo cara kanthi dhedhemitan kaya mau. Lan saupama wong loro kuwi telik sandi, mangka Rangga uga kepengin ngerteni telik sandi saka ngendi, ana sambung rapete karo paprentahan ing Mataram apa ora?.

“O, inggih Adhi” ora krasa nek lagi dijajagi wong kuwi mau wangsulan “dipun tepangaken kemawon, kula Puguh lan niki adhi kula Panggah siswa saking Paguron Tangen, siswanipun Ki Ageng Tangen. Sanadyan kula kekalih niki dede tiyang ing Grumbulan mriki, nanging gandheng sampun sawatawis dangu kula ngemban kewajiban ing mriki, pramila kula kekalih sampun apal kaliyan warga ing Grumbulan mriki sedaya. Samangke adhi kekalih punika wingking saking pundi lan ngagem asma sinten?”.

“Inggih, inggih Kakang Puguh lan Kakang Panggah” Rangga genti aweh wangsulan, nanging tetep ora ngaku sapa sanyatane dheweke “nami kula Rangga lan niki adhi kula Marga, dene asal kula, punika saking Dhusun Jurug”.

ana candhake.

Kamis, 02 Desember 2021

GEMBILI ING PAGER SATRU (tammat)

 

- tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Kahanan dadi krasa sepi nanging kenceng, kabeh ora ana kaya digambarake sadurunge. Sadurunge ora ana sing ngira nek Juragan Kadirin sak bojone bakal kelingan Hajir, malah Sihmirah sing tau rumangsa dosa gedhe marang Marti merga wis percaya karo kandhane kakange, nganti tegel nundhung Marti supaya minggat, jane wis rada lali, nanging banjur bali eling merga tembunge kakangane sing dhek mau kober maido lan ngremehne Marti sing satemene ora ana sambung rapete karo sing lagi dirembug. Sing banjur dadi bingung lan ngrasa ora kepenak kuwi malah Lasmini, ora kepenak marang wong Hajir lan wong tuwane, merga Lasmini wis kadhung crita menyang Hajir yen wong tuwane mung kepengin wanuh lan tetepungan karo Hajir luwih dhisik, nanging bareng tekan kene Hajir lan wong tuwane malah banjur disuguhi crita sing ora ana gandheng cenenge karo tekane Hajir neng omah kuwi babar pisan.

Beda maneh karo sing dipikirne Astuti apa dene Haryadi lan Harun, mau Marti kober ngajak supaya ora mbacutake olehe arep dolan mrene, merga katon nek Marti isih duwe rasa cuwa marang tilas juragane, uga rasa wedi samar yen nganti Marti nampa pangina kaya jaman semana. Nanging wekasan Marti dadi manut marang Astuti, kanthi cara kaya sing wis dicakne. Lan sajake olehe nyingidake Marti supaya ora konangan tilas juragane kuwi wis kasil, nanging jebul malah ana crita sing babar pisan ora digambarake sadurunge. Astuti kepengin ngajak rembugan karo Marti luwih dhisik kanggo nyikepi kahanan sing saiki iki, awit kanyatane Juragan Kadirin lan sisihane wis blaka nek tau tumindak sing luput marang Marti, uga wis ngandhakne mungguh gedhene rasa getun sing wis nyiksa atine.

 

"Nuwun sewu inggih Bapak, Ibu" Astuti guneman rada banter nanging ora kasar "punapa kepareng inggih menawi kula badhe ndherek dhateng wingking? Anu nuwun sewu, murugaken niki wau boten kober mampir pom bensin".

 

Kahanan sing sepi bali krasa urip maneh.

 

"Inggih, mangga-mangga Ibu" Kadirin gurawalan olehe wangsulan" banjur disambung prentah marang anake wedok "Kana Las, Ibumu didherekne menyang mburi".

 

"Inggih" Lasmini wangsulan "Mangga Ibu, kula dherekaken".

 

Astuti mbisiki Marti supaya melu dheweke sing pamit arep menyang mburi. Marti sing satemene uga kepengin ngajak omong Astuti ing babagan sing lagi diadhepi iki, ya banjur ngadeg ngetutne Astuti mlaku menyang kamar mandi diterne Lasmini.

 

Sawise nuduhne kamar mandhi sing manggon neng cedhak karo pawon, Lasmini banjur lungguh neng amben pawon ngenteni.

 

"Piye Mak?" Astuti nakoni Marti "ketoke Panjenengan isih gela apa wis bisa ngapura marang tilas juragane panjenengan kuwi?".

 

"Nek ndelok karo sing diunekne Juragan loro-lorone mau, ora ana pawadan kanggoku kanggo ora ngapura kaluputane juragan marang aku Bu" wangsulane Marti bisik-bisik.

 

"Siiip" Astuti ngethungne jempole "iki mengko acarane ora mung dolan wae nek ngono Mak".

 

"Lha piye, aja ngrembug urusane Hajir saiki Bu, aku durung siap, iya nek iya?" Marti ngandhakne ora mathuke marang Astuti.

 

"Ora bab kuwi Mak" Astuti wangsulan karo mesem "nanging, acarane Make tilik bumi kelahiran, ngiras halal bi halal karo tilas juragane".

 

"Kok halal bi halal ta Bu?" Marti takon "iki sasine wis sapar lho? mosok halal bihalal kok sasi sapar?".

 

"Ya pokoke, saling memaafkan ngono kuwi lah, apa kuwi istilahe? Nek Make wis setuju, mengko aku tak ndang omong blaka marang Pak Kadirin".

 

"Ngono ya kenek Bu, nanging aku tak ya gawe kejutan".

 

"Kejutan apa maneh kuwi Mak?" Astuti takon.

 

"Panjenengan ndang mbalik nyang kursi maneh, banjur panjenengan critakne saknyatane, sauntara kuwi aku tak nemoni kanca-kancaku sing nyambut gawe neng pawon kae, wong wedok loro sing neng pawon kae, kancaku kabeh" wangsulane Marti karo mesem.

 

"Ya wis mathuk kuwi, ayo selak dienteni Lasmini kae lho" Astuti banjur mlaku arep mbalik menyang panggonan jagongan mau, sing ngliwati omah pawon.

 

Lasmini sing lungguh neng amben pawon, bareng weruh nek Astuti wis rampung olehe menyang kamar mandhi ya banjur ngadeg arep ndherekne bali menyang kursine maneh. Nanging Lasmini banjur ora sida ngetutne Astuti, merga Lasmini ngerti nek isih ana siji maneh sing durung metu saka kamar mandi.

 

Pas Marti ngliwati pawon, ndelalah Saminah mbarengti arep metu, wong loro kuwi simpangan. Saminah mundhukne awake, aweh kurmat marang tamune juragane karo mesem. Gage wae tangane Marti nyaut tangane Saminah, karo takon :

 

"Yu mosok sampean pangling karo aku ?".

 

Saminah kaget, Marti praupane Marti disawang.

 

"Eeee.....ee... Make.... Hajiiiiir?!?" Saminah meh wae njerit merga kaget campur seneng, ora ngira yen bakal kepethuk maneh karo kancane sing wis luwe minggat ora ana kabare.

 

"St.... aja banter-banter, nek krungu Juragane" kandhane Marti karo ngrangkul Saminah sing nangis kebak rasa bungah "ayo lungguh neng amben kana lho, karo Giyem sampean kandhani nek aku kangen karo wonge".

 

Lasmini sing weruh Saminah karo Marti padha rerangkulan karo tangisan kuwi banjur nyedhak, ing atine wiwit bisa maca sapa satemene Wong Ayu sing nganggo kaca mata kuwi.

 

"Nuwun sewu Ibu" Lasmini guneman alon  karo nyawang praupane Marti .

 

"Nak Lasmini bingung ya?" Marti takon karo mesem "ben ilang bingune ayo lungguh neng amben kae lho, wong amben iki biyen sing nukangi ya sawargi Pake Hajir, bongkotan pring iku olehe negor neng sawah kulon kali".

 

"Dados Ibu niki Ibunipun Pak Hajir?" sawise padha lungguh neng amben pawon kuwi, Lasmini nakoni Marti.

 

"Dudu" wangsulane Marti karo mesem "Ibune Hajir kuwi Bu Astuti kae, lha nek aku iki Make".

 

"Kula kok malah bingung ta Bu?" kandhane Lasmini.

 

"Ora sah bingung Nak Lasmini" wangsulane Marti sabar "padha, biyen sadurunge Nak Lasmini lahir, Ibune Hajir ki ya sing saiki dadi Ibune Nak Lasmini kuwi, lha aku iki Make Hajir. Lha sawise Hajir pindhah menyang Madiun, banjur duwe ibu maneh, yaiku Bu Astuti kae, Lha Pak Haryadi kae Hajir nek ngaturi Bapak Klegen, merga daleme Bu Astuti karo Pak Har kuwi Klegen. Bapake sambung Hajir sing lenggahe cedhak Pak Har kae, asmane Pak Harun daleme Oro-Oro Ombo, Hajir nek ngaturi Bapak Oro-Oro Ombo. Dadi Bapake Hajir kuwi loro, Ibune siji, Make siji. Lha mengko, nek ndelok sing dingendikane Juragan mau, mesthine sedhela maneh, mbuh kuwi Nak Lasmi sida gandheng karo Hajir mbuh ora, Hajir bakal duwe Bapak telu, Ibu loro, Make panggah siji".

 

Krungu wangsulane Marti sing dawa ngono kuwi, Lasmini dadi mudheng. Ora sranta, anake wedok Juragan Kadirin kuwi banjur ngrubuhne sirahe menyang pangkone Marti, karo sesenggrukan.

 

"Pangabekti kula nggih Mak" kandhane Lasmi ing sela-selane tangise "kula boten ngertos saestu menawi Panjenengan punika tiyang sepuhipun Pak Hajir, nyuwun pangapunten nggih Mak".

 

"Ora apa-apa Nak" wangsulane Marti karo ngelus-elus rambute Lasmini "wong pancen ya durung ngerti, wis aja nangis, ora becik".

 

Saminah karo Giyem sing ana kono mung bisa plonga-plongo kaya wong bingung.

 

"Kowe thik gak nyalami aku ta Yem?" karo ngguyu Marti nakoni Giyem "mosok karo mbakyune dhewe kok ora gelem salaman".

 

"ee anu.... " Giyem blankemen ora sida guneman, tangane wis disaut Marti digegem kenceng, sauntara pangkone Marti isih dienggo ungke-ungkeb Lasmini.

Apan, Bayu karo dhika sing maune jagongan neng emper pawon, bareng ngerti ana rame-rame banjur padha nyedhak. Wong lanang telu kuwi padha pating plenggong, ora ana sing ngira nek dina kuwi bakal kepethuk Marti. Kabeh banjur padha lungguh ngubengi Marti sing isih lungguh karo ngrangkul Lasmini.

 

Sihmirah kusung-kusung mlebu pawon, banjur marani Marti. Marti sing isih rangkulan karo Lasmini kuwi ditubruk, karo ditangisi.

 

"Make Hajir, sing gedhe pangapuramu ya? aku wis tega lan mentala marang kowe karo Hajir anakmu........" kandhane Sihmirah karo nangis.

 

"Sampun Gan, sampun" Marti nyandhak awake Sihmirah karo wangsulan "sing empun nggih empun, sedaya mugi saged dados kaca brenggala ingkang saged kagem pasinaon kangge nglampahi sisaning gesang salajengipun".

 

"Inggih Matur Nuwun, Bu Harun, matur nuwun........" kandhane Sihmirah karo ngusapi eluhe.

 

Kabeh sing ana kono rumangsa melu seneng. saking senenge ora ana sing ngerti, Hajir mlaku ing sandhinge, bablas menyang mburi omah, arep ndelok tegal sing tau dadi duweke, Gembili ing pager satru.

 

 

cuthel.

 


GEMBILI ING PAGER SATRU (36)

 

- tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Kamdi pancen ya banjur ora semaur maneh, nanging atine panas, ana rasa mangkel marang Kadirin sedulure ipe, sing dianggep dumeh sugih wae banjur seneng ngremeehne dheweke. Kamdi uga kelingan jaman semana bola-bali Kadirin wis ngrusuhi nggone arep seneng karo Marti, temah kabeh sing ditempuh Kamdi kanggo nelukne atine Marti kandhas merga saka pokale Kadirin. Nadyan meneng, menenge Kamdi nggembol angen-angen kepengin males marang Kadirin, mbuh mengko piye carane. Kadirin dhewe ya banjur ora omong maneh, pikirane wis bali menyang pikiran sing mau, ya iku ya gene nganti yah mene kok dhayohe durung teka?. Ana rasa kuwatir sajroning atine Kadirin, nguwatirake yen ana apa-apa ing ratan gedhe sing diliwati calon mantune sarombingane.

 

Kahanan ing omah mburi kuwi dadi sepi, semu angker. Sihmirah ngrasakne, menenge Kakange merga anyel karo tembunge sisihane, lan menenge Kadirin merga pegel karo apa sing wis dikandhakne Kamdi.

 

"Pancen bener kok Pakpuh" Sihmirah nyoba mecah kahanan sing krasa ora kepenak kuwi "jenenge calone Las ki pancen jenenge Hajir, putrane Bu Astuti karo Pak Haryadi, Guru SMA neng Madiun kana, iya ta nDhuk?".

 

"Nggih Bu" sing nyaut dhisik Lasmini "Bapake Pak Hajir niku Guru SMA menawi Ibune Guru SD".

 

Kamdi sing krungu wangsulane Lasmini kuwi ya banjur manthuk-manthuk.  Asmi bojone Kamdi arep semaur, karepe kepengin supaya kahanan malih bali sansaya padhang maneh, nanging ora sida, merga Apan sing mau jagongan karo Bayu lan Dhika neng emper mlebu menyang omah mburi.

 

"Anu, dhayohe wis teka Kang" kandhane Apan marang Juragan Kadirin "saiki isih markir mobile, durung padha mudhun".

 

"Ya" wangsulane Kadirin sing banjur ngandhani bojone supaya ngalih menyang omah ngarep kanggo nemoni dhayohe "ayo Bu ndang mengarep".

 

Lasmini gage wae, setengah mlayu ninggalne kursine arep methuk tamune. Kadirin metu menyang ngarep ditutne Sihmirah, Kamdi karo Asmi. Sauntara Apan ya banjur bablas menyang Pawon arep ngandhani Saminah sakancane supaya enggal nyepakne suguhan sing arep ditokne kanggo nyuguh dhayohe.

 

Nuruti rerigene Astuti, kacamatane Marti ya wis dienggo, jilbab sing nutupi sirahe isih dirangkepi nganggo selendhang polos sing dikalungne neng gulu, yen disawang sagebyaran wong bakal pangling karo Marti, merga wis katon beda karo padatane. Hajir banjur mudhun, ditutne Astuti karo Haryadi sing padha nyangking gawan oleh-oleh kanggo sing diparani, banjur disusul Harun lan Marti. Bareng wis tekan panggonan sing diparani, Hajir banjur eling karo jaman cilikane, wewangunan sing ana kono durung akeh bedane karo jaman Hajir isih ana kono biyen.

 

 

"Bekti kula katur Ibu, Bapak" kandhane Lasmini pas nyalami lan ngambung tangane Astuti karo Haryadi. Banjur genti nyalami Harun lan Marti karo kandha :

"Ngaturaken kasugengan sarawuhipun ing rompoke tiyang sepuh kula, Bapak kaliyan Ibu".

 

Kadirin mapag dhayoh-dhayohe ing emper dikancani Sihmirah, Kamdi karo Asmi uga melu mapag.

 

"Ngaturaken kasugengan sarawuhipun ing gubug kula mriki, Bapak lan Ibu sedaya" sawuse padha lungguh Kadirin mbagekne tamu-tamune "inggih dipun tepangaken kemawon, kula Kadirin bapakipun Lasmini Indraswari, niki semah kula Ibunipun Lasmini, ingkang punika Pakpuh saha Budhenipun Lasmini" muni ngono kuwi Kadirin karo nudingi wongt-wong sing disebutne genti-genti.

 

"Inggih Matur nuwun Bapak" sing wangsulan Astuti, banjur nudingi Hajir "punika anak kula Hajir, kula Ibunipun nami kula Astuti lha ingkang punika Pak Haryadi, bapakipun Hajir".

 

Astuti sengaja ora nepungake Harun lan Marti marang sing duwe omah, kanggo nyingidake Marti supaya ora diwaspadakne dening Kadirin.

 

Satemene, mau pas salaman karo Marti, Kadirin lan Sihmirah rada kaget, merga wong loro kuwi nadyan rada pangling, nanging  ngerti nek wong wadon nganggo kaca mata kuwi Marti. Nanging arep ngarani nek kuwi Make Hajir wong loro kuwi ora wani, kuwatir nek kleru wong sing madha rupa. Ora mung Kadirin karo Sihmirah wae sing ngono kuwi, Kamdi mbatin nek salah siji saka dhayohe adhine kuwi jebul Marti, nanging saiki wis malih dadi mundhak resik lan mundahk ayu senajan umur-umurane wis luwih tuwa tinimbang sadurunge lunga biyen. Lasmini, sing lagi sepisan iki kepethuk karo Harun lan Marti,  babar pisan ora ngerti nek satemene kuwi wong sing wis nglahirne Hajir, merga sangertine Lasmini Ibune Hajir kuwi ya Astuti lan Bapake Haryadi. Mula Lasmini dadi rada gumun nalika ngerti Bapak lan Ibune sarta Pakpuhe bola-bali nglirik wong wadon sing nganggo jilbab gedhe kalungan selendhang, nganggo kaca mata, sing rumangsane Lasmini luwih anggun lan luwih ayu kuwi. Sauntara sing lagi bolak-balik dilirik malah mung pijer ndhingkluk ora migatekne kiwa tengene.

 

Apan teka ditutne Bayu karo Dhika, ngladekne Teh karo gembili godhogan lan kacang godhogan lan panganan liyane.  Banjur dening Haryadi dititipi supaya gawane digawa mlebu.

 

"Mangga Bapak Ibu, Nak Hajir, dipun unjuk, saha dipun kedhapi" kandhane Kadirin ngacarani dhayohe "teng dhusun boten wonten dhaharan ingkang miraos, ingkang wonten namung Gembili godhog".

 

"Wah, niku malah remenan kula lho Bapak" wangsulane Astuti karo mesem "kok ketingal ageng-ageng, gembili punika taneman piyambak inggih Pak?".

 

mBuh merga bubar eyel-eyelan karo Kamdi merga ngrasani Hajir mau, mbuh merga weruh nek dhayohe ana sing mirip karo Make Hajir, dumadakan Sihmirah ora sranta mangsuli pitakone Astuti :

 

"Inggih Bu, gembili niki gembili taun, nanem sepisan kangge selawase. Tiyang niku asil tanemanipun anak kula, kakangane Lasmini".

 

"Oh, inggih ?" Astuti mangsuli, banjur nyawang Lasmini "jebul mBak Lasmini niku taksih gadhah sedherek malih ta? ande pas ketemu neng Malang kae kok ora crita nek duwe Mas?"

 

"Lha kula piyambak boten ngertos menawi gadhah Mas kok, Ibu" Lasmini semaur .

 

"Niku criyosipun rak ngaten ta Bu" Kadirin genti sing omong, suwarane alon sajak ana rasa sing ngebot-eboti pikirane "rumiyin saderngipun Las niki lahir, kula rak gadhah yoga pupon, naminipun sami kaliyan putranipun Ibu punika, Hajir. Hajir punika anakipun ingkang ngrencangi kula nyambut damel, naminipun Taslim. Lha Taslim niku ninggal nalika Hajir taksih alit, gandheng kula boten gadhah anak, kangge tuntunan murih gadhah anak Hajir lajeng kula pupu. Lha simbokipun Hajir inggih tetep ngrencangi nyambut damel Ibunipun Lasmi, leres sareng kula mupu Hajir, boten dangu semah kula lajeng nglahiraken Lasmi niki. Andilalah, salah satunggaling wekdal wonten kesalah pahaman antawisipun Ibune Lasmi kaliyan Ibunipun Hajir, Ibunipun Hajir lajeng kesah Hajir dipun jak. Let pinten wulan ngaten, nembe ngertos bilih antawisipun Ibune Las kalih Ibune Hajir niku namung salah paham, nanging Hajir sak ibunipun sampun kelajeng kesah boten kantenan purugipun, dipun padosi teng pundi-pundi boten kepanggih".

 

"Oo, criyosipun makaten?" Astuti wangsulan karo nglirik Hajir, Harun, Haryadi lan Marti genti-genti.

 

Ora ana sing mangsuli kandhane Astuti sing keri dhewe kuwi, mung Kamdi ketok sing rada beda praupane. Mau dheweke kober kuwatir nek nganti Kadirin mbukak wadine neng ngarepe dhayohe, jebul ora. Mula Kamdi ya banjur ndhingkluk.

 

"Nuwun sewu Bapak" dumadakan Hajir guneman marang Kadirin.

 

"Inggih, dos pundi Nak Hajir?" Kadirin groyok mangsuli.

 

"prekawis criyos lami kala wau, punapa leres menawi jebul Hajir kaliyan tiyang sepuhipun boten lepat nanging kelajeng kesah?" Hajir takon.

 

"Leresipun mila makaten Nak" sing wangsulan malah Sihmirah "malah nek digagas sing tenan ngono sing luput dadine malah Ibune Lasmini iki".

 

Bar muni ngono kuwi, Sihmirah banjur ndhingkluk, pikirane dadi ketok nek lagi sedhih. Kahanan dadi sepi maneh, Kadirin wis lali olehe mau ngacarani dhayohe supaya ngrahabi suguhane. Kamdi karo ndhingkluk batine misuh-misuh, nganggep adhine kuwi wis goblog tenan. Batine Kamdi ya wis ngancam, yen nganti Kadirin utawa Sihmirah mbukak wadine, mangka Kamdi arep males piye carane murih Lasmini sing arep oleh Dhosene sing anake priyayi sugih saka Madiun kuwi, bisa gagar wigar ora sida kelakon.

 

ana candhake.

 


Rabu, 01 Desember 2021

GEMBILI ING PAGER SATRU (35)

 

- tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Wong sak  mobil dadi kaget lan sansaya tambah gumun ora ngerti ya gene Marti nganti nangis ngguguk ing pangkone Atuti ngono kuwi. Tujune sing ana mobil kuwi kabeh nyambut gawene padha olehe dadi Guru sing nguwasani ngelmu kajiwan utawa ngelmu psikologi. Dadi ngadhepi sikep lan slagane Marti sing owah dadakan kuwi, ora grusa-grusu lan ora nuduhne sikep gugup . Kantghi sabar Astuti ngusap-usap tangane Marti, ora karo guneman apa-apa, Harun lan Haryadi mung padha meneng ora ana sing cemuwit babar pisan, merga kabeh wis percaya yen Astuti mesthi enggal bisa ngatasi sikepe Marti sing ngono kuwi. Temenan bareng wis rada sauntara, Marti meneng dhewe olehe nangis, malah banjur tangti maneh lan njaluk pangapura marang Astuti.

 

"Nyuwun ngaupra lho Bu" kandhane Marti sawise bisa nguwasani rasa pangrasane maneh "aku kaget bareng Thole ngandhakne nek sing arep diparani iki jebul nggon sing kudu ora tak parani selawase".

 

"Iya Mak, sing sabar" wangsulane Astuti sabar "Lha omah sing dikandhakne Hajir mau sak jane ngono omahe sapa ta? apa omahe sapa mau? Kamdi?".

 

"Dudu Bu, kuwi dudu omahe Mas Kamdi" wangsulane Marti "nanging kono kuwi omahe Juraganku sing biyen sadurunge aku ngabdi neng daleme Bapake Hajir Klegen. Ya kono kuwi daleme Juragan Kadirin kakunge Juragan Sihmirah sing wis nundhung aku karo Hajir jaman semana"

 

Banjur Marti nakoni anake lanang :

 

"Mosok kowe wis lali karo omah sing panggonane mbok kandhakne mau ta Le?"

 

Hajir ora semaur, pancen jaman lunga saka kono Hajir isih cilik, lagi kelas siji dadi lumrah wae, nek banjur wis lali. Nanging Hajir panggah kelingan nek dheweke duwe dhakonan tegal gembili sing manggon neng mburi omah, sadawane pager satru.

 

"Apa kancane Hajir ki jebul putrane Juragan Kadirin Dhik?" Harun nyelani takon.

 

"Inggih kinten-kinten mawon makaten Mas" wangsulane Marti "tiyang jaman semanten Juragan Dirin niku yogane nggih estri, nanging namine sinten kula nggih mpun lali".

 

"Nanging ya durung karuwan lho Mak" Haryadi melu urun rembug "bisa wae, pekarangane Juragan Kadirin kuwi wis ganti sing nduweni, lha juragane dhewe wis ngalih neng panggonan sing luwih apik. Kaya pomahane wong tuwaku sing neng Kidul Stasiun Kedunggalar kono kuwi".

 

"Nek wis ngene iki banjur kepiye Nang?" Harun genti nakoni Hajir "diterusne olehe arep dolan lan tepungan karo wong tuwane kancamu kuwi, apa ora?".

 

"Dos pundi inggih Bapak?" wangsulane Hajir dadi ewuh aya "nek dilajengaken mengke pripun kaliyan manahe Make, upami boten gek-gek mengke kados ingkang dingendikane Bapak Klegen wau?"

 

"Lha ya? Piye iki kepenake Dhik?" Harun genti nakoni Marti.

 

"Pripun nggih Mas?" Marti bingung olehe wangsulan banjur nyawang Astuti karo takon "Piye Bu?".

 

Astuti unjal ambegan landhung, banjur wiwit guneman, tembunge dingati-ati banget :

 

"Upama iki diterusne kabeh mesthi padha nguwatirake rasa sing ana penggalihe Make Hajir, nanging sing nek ora dibacutne sing ora kepenak mesthi banjur Hajir, merga olehe ora sida dolan mrana kuwi dadakan banget. Lasmini mesthi banjur ndakwa Hajir sing ora-ora, kamangka mau wis kandha nek olehe dolan dikancani wong tuwane papat. Lha wong tuwane Lasmini uga mesthi banjur gawe dudutan nek Hajir lan wong tuwane kuwi seneng ngremehne wong liya".

 

Astuti meneng sedhela, Marti, Harun, Haryadi lan uga Hajir padha nunggu bacute.

 

"Upama ngene kepiye?" Astuti nyambung kandhane "wong olehe dolan iki mung saderma silaturrahim, tak kira ya ora ana alane dibacutne wae. Lha mengko Make Hajir ben awor aku, lan ora sah melu guneman dhisik sadurunge ngerti nek sing kagungan dalem iku dudu Juragan Kadirin. Nek Make Hajir ora melu ngendikan, upama sing kagungan dalem kuwi jebul Juragan Kadirin tenan, ben wonge ngira nek ana wong sing duwe praupan lan pawakan memper banget karo Make Hajir. Merga kaya sing wis dingerteni Lasmini sasuwene iki, Ibune Hajir ki rak aku? Bapake ya Bapake Klegen kuwi?".

 

"Lha mengko nek konangan piye Bu ?" Marti takon.

 

"Ya kari ngimbangi apa sing dadi kersane wong kana ta Mak? Nek pancen isih duwe rasa mungsuhi Make, ya awake dhewe ndang pamitan, tak kira Hajir ya emoh nyambung talining katresnan karo anake wong sing ngremehne lan mungsuhi Make, aku dhewe ya ora lila kok nek nganti Hajir sesambungan karo anake wong sing seneng nglarani atine sedulurku wedok" wangsulane Astuti "lha nek pancen rasa memungsuhan kuwi wis ilang, tak kira ya ora ana alane nek Make nggedhekne rasa pangapura marang Juragan Kadirin sak garwane, merga arepa kaya apa Juragan Kadirin karo garwane kuwi ya tau duwe kabecikan marang Make, iya ta?".

 

"Iya  Bu, nek ngono aku manut Ibune Hajir wae" wekasane Marti manut.

 

Sauntara kuwi sing neng daleme Juragan Kadirin. Sing olehe padha ngenteni tekane dhayoh saka Madiun sing bakale arep dadi calone Lasmini disambi jagongan, olehe jagongan dadi telung panggonan. Sing sapantha, Juragan Kadirin karo Sihmirah sing njagongi Kamdi karo Asmi, olehe jagongan neng omah mburi. Ketok nek wong-wong kuwi wiwit gerah, rumangsane sing dienteni suwe ora teka-teka.

 

"Jarene mau budhale saka Madiun jam pira ta nDhuk?" Kamdi karo nglirik jam tangane nakoni Lasmini "iki wis meh jam sanga lho?!?".

"Ngendikane Pak Hajir wau enjing Jam Pitu kirang sampun bidhal niku Pak Puh?" wangsulane Lasmini sing uga rumangsa suwe olehe nunggu "duka menawi ndadak mampir teng pundi ngoten?".

 

"Jarene Pak Hajir? Pak Hajir kuwi sapa?" Kamdi takon karo mesem.

 

"Nggih niku sing ajeng mriki, kula nek ngaturi Pak Hajir, wong niku Dhosen kula" Lasmini wangsulan nggenahne marang Kamdi.

 

"Dhosen koki jenenge kaya jenenge cah ndesa ngono neh nDhuk?" Kamdi takon semu ngece "atake mengko sing teka Hajir sing biyen melu minggat Make saka kene kae?".

 

"Sinten ta niku Pak Puh? kula kok boten mudheng niku?" Lasmini takon, ora mudheng karo sing dikandhakne Pak Puhe.

 

"Lha nek pancen sing teka mengko kuwi Hajir anake Taslim ya ora apa-apa ta Puh, nek tarah saiki wis dadi Dhosene Las?" sadurunge Kamdi mangsuli pitakone Lasmini, Sihmirah luwih dhisik mangsuli sing dikandhakne Kamdi sing dhek mau.

 

"Piye?" Kamdi mlengak krungu wangsulane adhine ragil ngono kuwi mau "lha nek kowe arep besanan karo Marti, kuwi mengko upama wong mikul ngono apa ora abot sesisih? apa gak njomplang? Lha wong kowe kuwi bojone Dhik Kadirin wong utun sing ngibadahe kenceng, lha kok trima arep besanan karo Marti wong wedok sing ora pati cetha kelakuwane".

 

"Mengke riyin Kang" krungu Kamdi muni ngono kuwi, ora sranta Kadirin mangsuli karo suwara sing rada ora kepenak "sampean niku ampun seneng nggugah kremi sing mpun angler angsale turu. Sampean nggih ampun nambahi rasa getune Ibune Lasmi, Ibune Lasmi niku getune setengah mati sareng ngertos nek crita sing sampean omongne teng piyambake nika jebul boten bener. Nanging Make Hajir kebacut kesah sing boten kantenan puruge. Ibune Lasmi nggih mpun ngertos, nek sasampune Make Hajir kesah nika, sampean madosi lan takon-takon teng pundi-pundi. Dadi kula jaluk sampean boten sah ngrembag niku melih, tiwas mengke sampean kewirangan dhewe".

 

Krungu omongane Juragan Kadirin sing ngono kuwi, Kamdi sing rumangsa jejer dadi sedulur tuwa, najan neng atine ngakoni nek sing dikandhakne Kadirin kuwi bener anane, nanging Kamdi panggah ora narimakake dheweke sing jejer dadi sedulur tuwane Sihmirah, wis diwaneni karo sedulure ipe.

 

 

ana candhake. 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...