16.
Nalika samana srengengene wis ngglewang mangulon, srengenge mangsa ketiga panase kaya arep ngobong jagad saisine. Jungkung ngrasakne gorokane garing, wetenge krasa luwe, wiwit esuk mau dheweke mung mubeng-mubeng ngideri desa, nawakne tenagane mbok menawa ana sing mbutuhake. Nanging dina iki mau sajake dina sing ora becik tumrape Jungkung, saben-saben menggok menyang omahe warga desa, tawa bau, kabeh padha wangsulan yen ora mbutuhne tenagane. Mungguhe Jungkung sing wetenge wiwit sambat njaluk diiseni kuwi ora patia ndadekne susahe, Jungkung wis kulina ora mangan merga ora ana sing dipangan. Sing dipikirne Jungkung awan kuwi mung siji, piye carane bisa oleh dhuwit kanggo nggolekne tamba biyunge sing wis sawatara dina lara, tambah dina ora suda nanging sajake sansaya ndadra. Wingenane Jungkung wis ngundang Dhukun supaya aweh tamba marang wong tuwane sing kari siji kuwi. Dening mBah Dhukun Jungkung dikandhani supaya biyunge digawekne selametan tebusan lan njaluk pangapura marang mBah Jenggot sing mbaureksa Belik Umbul papan kanggo ngangsu wong-wong ing desane. Jarene mBah Dhukun, Biyunge Jungkung kuwi wis kesiku karo mBah Jenggot, merga pas golek banyu neng kono nindakne kaluputan sing ora dingerteni. Wujude slametan sarana caos dhahar marang mBah Jenggot rupane Panggang Ayam Putih Mulus karo Sega Buceng sarta kuluban gegodhongan pitung warna. Jungkung nyaguhi bakal nggolekne sarat sing dikandhakne mBah Dhukun kuwi, merga Jungkung ora kepengin lola. Bapake Jungkung wis suwe olehe mati, yaiku nalika Jungkung isih wayah demolan, bapake Jungkung mati kesundhang kebo benthunge Ki Bekel sing lagi berik karo Kebo benthunge Ki Playangan, Bapake Jungkung sing kabeneran dadi buruh angone Ki Playangan diprentah dening bendarane supaya misah kebo benthung sing lagi tarung rebutan kebo babon neng ara-ara pangonan.
Nanging ndelalah wiwit esuk mau Jungkung bocah umur sepuluh tahun sing panggaotane mung bisa adol tenaga, babar pisan durung oleh asil. Durung ana wong sing gelem aweh gaweyan marang dheweke. Merga petenging pikir ditambah rasa kesel, luwe lan ngelak dadi siji, bareng ngliwati kali sing kulina dienggo adus lan langen bocah-bocah sabarakane, Jungkung kepengin nyelup sikile sing krasa panas menyang kali kuwi. Neng kali kono ana bocah papat sing lagi padha bluron adus karo dolanan langen. mBarengi Jungkung teka, bocah papat kuwi wis arep padha mentas saka kali. Jungkung wis tepung karo bocah-bocah sing umur-umurane pantarane kuwi, sing siji saka bocah papat kuwi anake Ki Lurah desa kono. Ki Lurah sing sugih sawah, sugih kebo, sugih sapi lan sugih apa-apa.
Ora karo muni apa-apa Jungkung mapan lungguh neng padhas pinggir kali, sikile dicelupne neng banyu banjur dikum ben krasa adhem lan bisa ilang kesele. Bocah papat sing mau adus karo bluron wis lunga saka kono kabeh. Karo ngekum sikile neng banyu, Jungkung kelingan biyunge sing ngglethak tanpa daya neng omah. Jungkung kelingan yen kudu enggal bisa oleh dhuwit kanggo nambani biyunge. Nanging menyang ngendi?.
"Lho iki rak Jungkung ta?" dumadakan tanpa weruh sangkane ana wong teka neng mburine Jungkung karo takon.
"Enggih Yung, kula Jungkung enten napa nggih?" Jungkung noleh banjur wangsulan karo takon.
"Anu arep tak kongkon ngundhuhne krambil" wangsulane wong wadon setengah tuwa sing lagi teka kuwi "mung rong uwit kok, nanging janjangane akeh gek wis padha tuwa-tuwa wis wayahe diudhunke arep tak gawe lenga. Karo mengko arep tak kon ngusungi kayu bong saka latar ngarep menyang pawon. Bisa ta?".
"Nggih saged Yung, kula peneke sak niki mawon kelapane, wite sing pundi ta?" Jungkung sing bingung sakala dadi padhang polatane, ora ketang mbuh sepira cacahe dina iki bakal oleh asil.
"Wite krambil neng tegal mburi omah, ayo tak tuduhne" kandhane wong kuwi mau maneh "lambemu ketoke garing, wetengmu nglempet, kowe mau durung madhang ya? Ben ora ndhredheg nek menek glugu, ayo madhang dhisik wae".
Jungkung banjur ngetutne wong wadon mau, sing malu mulih arep njupukne mangan kanggo Jungkung luwih dhisik. Tekan omahe wong wadon kuwi, Jungkung dikongkon lungguh neng amben pawon, karo sing duwe omah Jungkung arep ditatakne mangan. Kanthi senenging ati Jungkung ngenteni, atine Jungkung senenge ora karuwan, dina iki mengko wetenge bakal wareg lan mulih mesthi nggawa opah.
Ora letsuwe sing duwe omah wis rampung olehe natakne mangan, banjur karo ngulungne layah isi sega sak lawuhane wong wadon setengah tuwa kuwi kandha :
"Iki ndang dipangan, saanane wae, wong dina iki mau aku ya ora olah apa-apa, enenge mung jangan menir karo bothok lirih. Wis gek ndang dientekne wae".
"Nggih, nedha nrima sanget lho Yung" wangsulane Jungkung karo nampani sega pawewehe sing duwe omah.
Nanging durung nganti Jungkung muluk segane, kedhisikan ana wong teka mara nggoleki dheweke. Leya rewange Ki Lurah sing ditutne bocah telu sing mau bareng adus karo anake Ki Lurah neng kali.
"Bener kowe ya sing jenenge Jungkung kuwi?" tanpa ngrewes sing duwe omah, Leya nyedhaki Jungkung karo takon kanthi suwara banter kepara kasar.
"Enggih Ki?" karo semu wedi Jungkung wangsulan.
"Kowe sing nemu ali-aline Gus Kuncung putrane Ki Lurah sing ceblok pas dienggo adus neng kali mau ya? saiki ali-aline mbok selehne ngendi?" Leya takon maneh karo suwara sansaya keprungu kereng.
"Ali-ali napa ta Ki? kula boten ngerti niku?" karo ndhredheg semu ngewel Jungkung wangsulan nek ora ngerti karo sing ditakone Leya.
"Ora ngerti apa ethok-ethok ora ngerti He?" Leya nggetak karo mripate mencereng. Banjur genti noleh menyang bocah telu sing ngetutne dheweke mau karo takon "Piye? bocahe bener iki apa dudu?".
"Leres Ki" salah siji saka bocah telu kuwi semaur "wong mau boten enten lare liyane Jungkung kok".
"Piye Kung?" Leya bali nyawang Jungkung karo mmencereng "ndang tuduhna ali-aline saiki neng ngendi? apa isih mbok gawa? ndang wenehna aku kene, kowe mengko ora tak kapak-kapakne, ning nek kowe mbulet ora ngaku, ya tak pala banjur tak seret menyang ngarepe Ki Lurah ben diadili neng kelurahan banjur minangka paukumane dikethok tanganmu wates ugel-ugel, ben gak bisa maling maneh".
"Sabar dhisik ta Ki Leya, mbok aja kesusu nesu, perkarane kuwi apa?" wong wadon sing duwe omah kuwi nyelani rembug, kandha marang Leya "karo maneh Jungkung kuwi lagi arep madhang, aja digetak-getak dhisik".
"nDika ora ngerti perkarane Nyai" wangsulane Leya marang sing duwe omah "becike ndika meneng, ora sah ngrewangi bocah climut iki".
"Aku ki ora arep ngrewangi Jungkung" wangsulane sing duwe omah "nek Jungkung mbok dakwa nemu ali-aline Kuncung anake Ki Lurah, kuwi sing weruh sapa?"
"Bocah telu iki lho Nyi seksine!" Leya wangsulan karo rada mbengok "nek ndika nekad arep ngrewangi Jungkung, mengko wae nek olehe ngadili wis diwiwiti, saiki becik ndika meneng dhisik!".
"Piye kowe gelem ngaku apa ora he?" Leya genti mencerengi Jungkung.
"Saetu Ki, kula boten ngertos kalih ali-aline Kuncung sing ilang niku" wangsulane Jungkung karo prembik-prembik arep nangis.
Weruh Jungkung arep nangis, Leya ora thukul welase malah sansaya mundhak nesune. Jungkung dijambak rambute digeret mengarep nganti Jungkung tiba saka amben ndlosor neng jogan. Jungkung mbengok sambat lara, nanging malah digetak Leya karo diincim :
"nDang nangisa sing banter!, tak suwek-suwek lambemu pisan mengko, ben sansaya banter olehmu nangis!".
Diincim ngono kuwi Jungkung dadi wedi, ora wani nangis maneh. Banjur krengkangan arep tangi. Nanging lagi wae Jungkung tangi sepisan maneh Jungkung tiba, tangane Leya luwih dhisik ngaplog raine. Ora mindhon gaweni, raine Jungkung dadi bengeb, rupane malih dadi biru. Jungkung tiba semaput, ora eling. Ngerti bocah cilik kuwi semaput Leya banjur kongkonan bocah telu kancane Kuncung golek banyu, Jungkung disiram banyu awake. Ora let suwe Jungkung bali eling, banjur digeret ditangekne dening Leya, karo ditakoni :
"Piye kowe gelem ngaku apa ora? ali-aline Kuncung mbok dhelikne neng ngendi he?".
Jungkung wis ora bisa semaur, bisane mung gedheg minangka tandha yen dheweke ora ngerti. Diwangsuli karo gedhegan sirah, Leya entek rasa sabare, Jungkung dijambak banjur dilarak, karo guneman :
"Ya wis, ayo saiki melu aku nyang kalurahan ben diadili Ki Lurah dhewe!".
Jungkung wis ora bisa suwala, bisane mung kari manut dilarak dijak menyang Kalurahan. Sing duwe omah weruh Jungkung digawa menyang kalurahan ora bisa apa-apa, kajaba mung petrek-petrek karo jelih-jelih dhewe.
ana candhake.