Total Tayangan Halaman

Senin, 27 Desember 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (030)

 


30.

Krungu jenenge Gurune disebut lan dikandhakne yen kena paekane Resi Wresaya, Sima Loreng kaget. Widaru wis ngarani lan ngakoni yen Sima Abang nyata yen wong sekti mandraguna nanging merga kajulikane Resi Wresaya ndadekne Sima Abang dadi lan apese. Sima Loreng ngerti yen Gurune kuwi duwe kaprayitnan sing luwih tinimbang wong lumrah, nanging bisa kena pambujuke wong sing licik, pambujuk apa sing ditibakne marang Sima Abang dening Resi Wresaya gurune Ki Dhadhap sing lagi wae ditepungi iki mau.

 

"Watara setahun kepungkur" Widaru guneman maneh "ana wong sing sekti mandraguna, mudhun saka puncak gunung wilis, jenenge Ki Sima Abang sing arep nggoleki Muride Syekh Jumadil Kubra, nanging diapusi dening Resi Wresaya".

 

"Dipun apusi pripun Ki Sodagar?" pitakone Sima Loreng "kok kepireng aneh, ingatase Resi kok purun ngapusi, menika rak inggih kepireng aneh?".

 

Widaru ngguyu krungu pitakone Sima Loreng sing mangkono kuwi. Banjur wangsulan karo mesem :

"Keneng diarani aneh lan lucu, kuwi nek Wresaya kuwi Resi sing temenan, lire Resi sing nggilut agama kanthi bener. Nek aku ngarani, Resi Wresaya kuwi dudu Resi, nanging wong sing macak cara Resi lan arep gawe kuceme agamane Para Resi sing tenanan".

 

"Cethanipun kados pundi Ki?" Sima Loreng sansaya gumun karo wangsulane Widaru.

 

"Cethane ngene" Widaru banjur guneman maneh alon-alon sing mung bisa dirungokne dening Sima Loreng "wiwit biyen sing ora seneng karo Para Resi kuwi wis ana, ya iku bangsane para Denawa, tegese denawa kuwi titah sing seneng ngeden hawa utawa buta, tegese titah sing duwe watak buteng mung nuruti pangajake hawa nepsu, lha wong-wong sing ngono kuwi sing dhemen ngganggu gawe marang para Brahmana sing mulang muruk murih wong-wong padha gelem memayu hayuning bawana. Kanthi sumebare agama sing digawa dening para Wali, para bangsa buta lan denawa kuwi rumangsa oleh tambahan mungsuh, amerga agama sing diwulangake par Wali iku diarani agama Islam, sing duwe teges slamet lan nylametake lire kabeh sing ngrasuk agama Islam wajib nyebarake sipat Maha Welas lan Maha Asihe Gusti Allah, ora kena gawe kisruh, nyenyahak darbeking liyan lan sapiturute. Mula para denawa kuwi gethinge kepati-pati marang para Wali, kaya gethinge marang para Brahmana. Para Buta lan Para Denawa nuli golek cara kepriye antarane Brahmana lan Wali sarta para Ngulama padha memungsuhan. Nek ndika rungokne japa mantra sing diucapne dening wong sing jeneng Dhadhap kae mau saben-saben arep nambani wong, mesthi diwiwiti klawan nyebut Asmane Allah, Allah kuwi sesembahane wong Islam, dadi Dhadhap kae dudu wong Islam nanging macak dadi wong Islam kanggo gawe kuceme para Wali lan para Ngulama, sranane aweh tamba nanging mung apus-apus. Lha Gurune Dhadhap sing ngaku jeneng Wresaya kuwi, dudu Resi nanging macak Resi kanggo gawe kucem asmane para Resi".

 

"Lha sambung rapetipun kaliyan Ki Sima Abang kados pundi Ki ?" Sima Loreng nutugne pitakone.

"Kuwi critane rada dawa Ki Sima Loreng" wangsulane Widaru.

 

"Nanging Ki Sodagar rak inggih pirsa ta lelampahanipun Ki Sima Abang ingkang kapaeka kala wau?".

"Ngerti, nanging aku ora bisa nyritakne saiki. Aku ya ora wani crita bab kuwi neng papan kene iki. Dadi nek ndika arep melu Dhadhap nemoni Resi Wresaya, aku ya ora bisa nyritakne lelakone Ki Sima Abang marang ndika maneh. Aku ora menging ndika ngetutne Dhadhap, nanging aku mung meling sing ngati-ati, jalaran Ki Sima Abang wae sing kapinterane luwih akeh bisa kena kapaeka".

 

Sima Loreng ora wangsulan maneh, merga bakune dheweke kepengin ngerti ing ngendi papan sing dipanggoni gurune wektu iki. Nalika jagongan karo Dhadhap mau Sima Loreng duwe panemu nek Resi Wresaya bakal bisa ditakoni ing ngendi Gurune saiki manggon. Nanging bareng oleh critane Widaru sing mangkono kuwi mau, Sima Loreng uga banjur duwe gagasan nek Widaru uga ngerti ing ngendi Gurune mapan wektu iki. Bareng wis rada suwe anggone nggagas, wasanane Sima Loreng banjur kandha marang Widaru yen kepengin ngerti dedongenane Ki Siam Abang kena paeka. Sima Loreng uga kandha nek arep nemoni Dhadhap ing dhasarane luwih dhisik, kanggo ngandhakne nek niyate olehe arep puruita marang Resi Wresaya diwurungake.

 

"Nanging aku ora menging ndika lho Ki Sima?!?" wangsulane Widaru "aku mung aweh weling supaya ndika ngati-ati wae".

 

"Inggih Ki Sodagar" wangsulane Sima Loreng karo mesem "waleh-waleh menapa, estunipun anggen kula gadhah niyat manggihi Resi Wresaya menika namung badhe taken prekawis Ki Sima Abang, lan ketingalipun boten sah mawi sowan Resi Wresaya badhenipun kula badhe angsal wangsulan saking pitaken ingkang badhe kula tangkletaken dhateng Resi Wresaya kala wau".

Krungu wangsulane Sima Loreng ngono kuwi, Widaru ketok kaget. Bathuke ketok njengkerut sajak lagi mikir banter.

 

"Mengko dhisik Ki Sima Loreng" kandhane Widaru ngati-ati banget "ana sambung rapete apa ndika karo Ki Sima Abang?".

 

Sima Loreng gumuyu lirih, banjur aweh wangsulan cekak :

"Nyuwun pangapunten Ki Sodagar, kula boten saged ngaturaken bab menika ing papan mriki".

 

"Oh, ya wis yen mangkono" Widaru wangsulan karo mesem, sajake dheweke wis tanggap karo wangsulane Sima Loreng sing mangkono kuwi mau. Sima Loreng ya banjur ngadeg ninggalne dhasarane Widaru arep bali nemoni Dhadhap.

 

Nanging Sima Loreng dadi rada gumun, nalika dheweke tekan panggonan dhasarane Ki Dhadhap, wong kuwi sajak ora pati nggatekne maneh marang Sima Loreng. Bola-bali Sima Loreng aweh sasmita njaluk wektu sedhela kanggo ngandhakne sedyane, nanging Ki Dhadhap lan andhahane babar pisan ora ngrewes, api-api ora ngerti. Malah tekane Sima Loreng neng kono dianggep kaya wong sing lagi padha antri arep njaluk tamba. Kanggo njaga pangrasane Ki Dhadhap kapeksa Sima Loreng ngenteni longgare Ki Dhadhap, sauntara wong sing antri kari wong telu. Pangirane Sima Loreng, nek wong telu kuwi wis digarap kabeh, Ki Dhadhap mesthi gelem nemoni dheweke. Nanging pangirane Sima Loreng jebul luput, sawise wong telu kuwi rampung digarap, Ki Dhadhap malah banjur nandangi gaweyan liyane, yaiku nata barang-barange lan bareng ana wong sing teka maneh, Ki Dhadhap ya banjur genti nggarap wong sing lagi teka kuwi mau.

 

"Nuwun sewu Ki Dhadhap" saking ora kuwat ngempet sabare, Sima Loreng banjur nyedhaki Ki Dhadhap karo omong "kaparenga kula badhe matur sakedhik".

 

"He Molor......." Ki Dhadhap wangsulan karo suwara sing nuduhne nek ora seneng atine "mripatmu kuwi bisa nyawang apa ora ta jane? aku iki lagi repot!. Aja nyela-nyela kaya wong ora duwe suba sita ngono kuwi!".

 

Diwangsuli karo suwara sing ora kepenak dirungokne nganggo kupinge, Sima Loreng dadi gela. Nanging pikirane isih menging supaya ora kesusu nesu marang Ki Dhadhap, dheweke banjur mundur alon-alon bali mapan lungguh awor wong-wong sing lagi padha teka arep mertamba. Sansaya suwe wong sing teka sansaya akeh. Kang mangkono kuwi ndadekne Sima Loreng mikir yen ngenteni longgare Ki Dhadhap, mangka bisa-bisa nganti surup durung longgar.

 

"Ngeten mawon Ki Dhadhap" wasana Sima Loreng bali nyedhaki Ki Dhadhap karo guneman rada seru "kapeksa kula nyela wekdal, sakedhap namung ajeng criyos nek mangke kula boten sida tumut ndika".

 

"Piye ?" dumadakan Ki Dhadhap wangsulan karo nggetak.

 

"Kula boten sida tumut ndika, damelan kula ingkang dereng rampung taksih kathah, nyuwun pangapunten" wangsulane Sima Loreng .

 

"Dadi kowe arep ngajak guyon aku ya Molor?" Ki Dhadhap mencereng, wong sing lagi ditambani diculne, ditinggal ngadeg karo nyedhaki Sima Loreng "aku wis ngerti kowe wis keneng bujuke wong sing ora seneng karo aku. Ya, titenana wae, arep nemoni apa kowe mengko!".

 

"Sakersa anggen ndika mastani, Ki Dhadhap" Sima Loreng sing wis ora bisa sabar maneh wangsulan sakepenake, banjur ngalih ninggalne dhasarane Ki Dhadhap arep bali menyang dhasarane Widaru. Wektune wis sansaya awan, pasare sansaya sepi. Wong-wong sing menyang pasar wis akeh sing bali. Bakul-bakul akeh sing wis padha ngukudi dagangane dhewe-dhewe, tata-tata arep bali, klebu Widaru sing uga wis aba marang rewang-rewange supaya ngringkesi barang-barang dagagangane.

 

Widaru kandha marang Sima Loreng yen sadurunge surup dheweke arep nerusne laku. Sima Loreng uga banjur melu ngrewangi para rewange Ki Widaru.

 

ana candhake.


Rabu, 22 Desember 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (29)

 


29.

Wis telung dina bareng lan awor karo Ki Widaru nanging Sima Loreng mung dhapuk dadi tukang ngrungokne crita wae. Durung ana kalodhangan kanggo nakokne crita sing ana gegayutane karo Gurune, jalaran Ki Widaru olehe ndongeng babar pisan durung nyenggol-nyenggol jenenge gurune. Nanging Sima Loreng kemba nggone katon seneng ngrungokne kojahe Ki Widaru sing sajak seneng yen Sima Loreng kasengsem karo crita-critane. Sima Loreng percaya suwe-suwe mengko Widaru mesthi crita pengalamane olehe wis akeh srawung karo wong -wong digdaya kuwi bakal nyebut jenenge gurune. Nek wis ngono lagi Sima Loreng bakal takon ing ngendi dununge Gurune.

 

Kajaba sarana ngrungokne critane Widaru, saben-saben Widaru ngajak mandheg ing pasar sing diliwati Sia Loreng sing duwe jejibahan ngrewangi dodolan Widaru, ajeg disambi kulak prungu lan golek kabar ing ngendi Ki Sima Abang saiki manggon. Kaya esuk kuwi, sawise rampung ngrewangi ndhasarne dagangan, Sima Loreng nembung marang Widaru arep mlaku-mlaku ngubengi pasar sing ketoke jembar lan rame.  Widaru uga wis ngidini, malah kepara mrayogakne banget yen Sima Loreng mlaku-mlaku, supaya Sima Loreng tambah kawruhe.

 

"Nanging sing ngati-ati Ki Sima Loreng aja seneng nyampuri urusan sing dudu urusane" welinge Widaru nalika Sima Loreng pamitan "nek ana apa-apa enggal bali mrene maneh".

 

"Inggih Ki Sodagar" wangsulane Sima Loreng "kula namung badhe ningal-ningali kawontenan ingkang benten kaliyan sesawangan ingkang nate kula sumerepi kemawon kok".

 

Sima Loreng mlaku-mlaku neng jero pasar, sing dipilih nggon-nggon sing bakule padha nggelar dagangane neng papan sing jembar. Neng kono ora mung wong dodolan barang wae, nanging ana uga sing nawakne kapinteran nenambani sakehing lelara ora nganggo tamba sing rupa jamu utawa omben-omben lan bobokan, nanging cukup disuwuk karo diusapi, endi nggon sing lara tumuli waras. Sing antri njaluk ditambani sapirang-pirang, malah ana wong sing wuta barang melu antri, merga kondhange Bakul Jamu sing ora dodol jamu kuwi bisa marasake sakehing lelara, klebu wong sing nandhang wuta, lumpuh lan liya-liyane. Sing luwih mencutake maneh Bakul Jamu sing ngaku duwe jeneng Ki Dhadhap kuwi ora njaluk opah marang sing ditambani. Mung wae upama ana sing aweh kanthi sakalire, iya ora ditampik. Neng kono dicepaki tampah kanggo wadhah dhuwit saka wong-wong sing duwe karep aweh atur panuwun sakalire.

 

"Sedulur-sedulur kabeh" kandhane Ki Dhadhap kanthi suwara sing banter marang wong-wong sing padha ngrubung dheweke, ing sela-selane nambani wong-wong sing njaluk tamba "aku babar pisan ora ngarep-arep paweweh saka ndika kabeh lan iya saka sapa wae, olehku nindakne gaweyan iki mligi nggonku kepengin nyebar kabecikan marang sapepadhaning titah sing lagi nandhang lara. Dene dhuwit tembaga utawa perak sing padha ndika selehne neng tampah kuwi mengko uga ora arep tak nggo nutupi kabutuhanku dhewe, nanging bakal tak pasrahake marang Resi Wresaya sing lagi ngayahi kuwajibane ya iku numpes wong sing nyebar lelara ing Pulo Jawa iki".

 

"Ki Wresaya niku sinten Ki Dhadhap?" krungu omongane Bakul Jamu sing ora dodol jamu ngono kuwi Sima Loreng banjur nyedhak karo takon "lha sing nyebar sesakit teng Tanah Jawi niku sinten?"

 

"nDika sapa?" Ki Dhadhap mandheg olehe nambali wong sing lagi arep digarap banjur nyawang marang Sima Loreng.

 

"Kula Molor Ki" wangsulane Sima Loreng dora sembada "padamelan kula tukang usung-usung barang teng peken mriki".

 

"Ya pangapurane wae ya Kisanak Molor" Ki Dhadhap guneman karo ngguyu "aku mau rada kaget, tak kira ndika kuwi tunggalane Sima Abang, merga caramu omong rada memper karo Sima Abang. Resi Wresaya kuwi Guruku sing saiki mertapa neng Alas Jati sacedhake Bengawan Tempur kana, lha nek ndika kepengin ngerti sapa sing wis nyebar lelara neng Tanah Jawa iki, ndika kudu ninggalne pagaweyan ndika sing saiki iki. Banjur mengko bareng karo aku tak sowanke neng ngarsane Resi Wresaya saperlu suwita lan puruita marang Panjenengane, mengko ndika bakal dituduhi sapa wae sing ora mung sing nyebar lelara neng Tanah Jawa kene iki wae, nanging uga menungsa-menungsa sing kudu ditumpes merga arep gawe rusaking tatanan neng Tanah Jawa kene".

 

"Lha menawi kula kedah nilar padamelan kula, mengke pripun Ki carane kula saged nedha?" Sima Loreng nyoba takon maneh njajagi karepe wong kuwi.

 

"Aja samar Ki Molor" wangsulane Ki Dhadhap sabanjure "perkara manganmu saben dinane sajrone ndika necep ngelmune Resi Wresaya kuwi dadi tanggunganku".

 

Ketang kepengine ngerteni panggonane gurune, Sima Loreng banjur nyaguhi apa sing dikandhakne Ki Dhadhap, nanging Sima Loreng uga kandha nek arep taren lan pamitan marang juragane luwih dhisik. Nek dientuki dening Juragane, mangka mengko arep mbalik mrono maneh, nanging nenk ora dililani ya kapeksa ora sida melu Ki Dhadhap ngadhep Resi Wresaya, neng Alas Jati sacedhake  Bengawan Tempur.

 

"Iya, Ki Molor aku nunggu kabar saka ndika, aku arep ninggalne papan kene iki telung dina maneh lan aku nginep neng daleme Ki Lurah dadi ndika bisa nemoni aku neng Kalurahan yen aku nuju ora ana Pasar kene" Ki Dhadhap mangsuli pamitane Sima Loreng.

 

Sima Loreng banjur bali arep nemoni Ki Widaru sing lagi nunggoni rewang-rewange nyambut gawe dodolan dagangane. Ki Widaru rada gumun dene Sima Loreng kok mung sedhela olehe mlaku-mlaku.

 

"Jarene ndika mau kepengin ndelok-ndelok kahanan sakiwa tengene Pasar iki Kisanak Sima Loreng?" pitakone Widaru durung nganti Sima Loreng mapan lungguh neng sandhinge.

 

"Empun cekap kok Ki Sodagar" wangsulane Sima Loreng karo mapan lungguh "niki malah ajeng matur ndika".

 

"Arep omong bab apa?" Widaru takon semu gumun, merga praupane Sima Loreng ketok nek tenanan.

 

"Anu kula ajeng dijak Tiyang sing damelane nambani tiyang sakit teng tengah peken nika" wangsulane Sima Loreng blaka.

 

"Diajak menyang ngendi? diajak mider apus-apus turut pasar ngana kae?" kandhane Widaru semu nuturi Sima Loreng "wong sing ngaku jeneng Dhadhap kae gaweyane apus-apus, Ki Sima. Wong sing ketoke waras sawise ditambani kae, paling suwe sajroning wektu sepasar larane bali maneh malah kepara luwih nemen tinimbang karo sadurunge ditambani Dhadhap. Wong kae ya seneng ndongeng crita sing ngayawara, dheweke lan gurune sing jarene jenenge Resi Wresaya kuwi malah wani ngaku-aku nek isih trahe Patih Maudara sing madeg wiku neng Paluamba jaman Majapahit biyen. nDika ngerti sapa Patih Maudara utawa Wiku Paluamba kuwi?".

 

"Dereng Ki Sodagar" wangsulane Sima Loreng karo nggagas kandhane Widaru sing uga baud ndongeng kuwi.

 

"Patih Maudara kuwi bapake Raden Damarwulan ya Sri Brawijaya Wikramawardana garwane Ratu Ayu Kencana Wungu. Lha wong sing ngaku jenenge Dhadhap karo Resi Wresaya kuwi ora mudheng karo lelakone Resi Paluamba, nanging malah wani ngaku jare isih trah utawa turune. Wong kuwi gaweyane ngajak wong-wong supaya ora ngakoni yen Kanjeng Sultan Trenggana kuwi Raja sing sah ing Tanah Jawa kene. Kamangka genah nek wis cetha Sultan saiki iki, iya Kanjeng Sultan Trenggana kuwi nerusne paprentahan saka Majapahit biyen, jalaran Sultan Trenggana kuwi putrane Adipati Patah, Adipati Patah putra Prabu Brawijaya kalima, sing sumare neng Gunung Lawu. Dadi nek nggugu aku, luwih becik nek ndika ora sah gampang percaya karo Dhadhap kae, tan wurunga ndika bakal diajak ngambah dalan sing sasar lan  bakal didadekne kurban" Widaru akeh-akeh anggone nuturi Sima Loreng murih ora nggugu critane Ki Dhadhap sing arep ngajak dheweke puruita menyang Resi Wresaya neng cedhake Bengawan Tempur.

 

Sanajan Sima Loreng uga bisa percaya karo sing dikandhakne Widaru, nanging Sima Loreng olehe arep melu Ki Dhadhap kuwi ora kok jalaran kepengin nyecep ngelmune Resi Wresaya, nanging mung kepengin ngerti ing ngendi dununge Ki Sima Abang.

 

"Inggih Ki Sodagar" wangsulane Sima Loreng sawisae meneng karo mikir "murih langkung cethanipun kalih ingkang ndika dhawuhne niku wau, kula kok kepengin saged mbuktekaken piyambak kanthi tetapangan kaliyan Resi Wresaya punika. Mangke menawi sampun cetha bilih ingkang dipun dhawuhaken Ki Sodagar menika saestu, kula inggih badhe kesah nilaraken Resi Wresaya lan Ki Dhadhap sarta kanca rowangipun sedaya".

 

Krungu wangsulane Sima Loreng sing ngono kuwi Widaru ngguyu lakak-lakak, kaya ngguyu dhagelan sing lucu.

 

"Aku mung elik-elik thok Ki Sima" kandhane Widaru sawuse guyune meneng "aku ya ora bisa menging sedya lan karep ndika, nanging nek ndika gelem ngrungokne kandhaku, ndika arep tak kandhani, aku ngerti karep ndika kuwi mung arep nyoba ngerteni Resi Wresaya nek apik ya diterusne puruita nek nyatane kaya sing tak critakne banjur mundur rak ngono ta?  Ya nuwunm sewu lho Ki Sima Loreng, nadyan asmane ndika kuwi Sima Loreng, nanging biyen tau ana wong sing nganggo asma Sima sing kaektene kena diarani punjul ing apapak, ewa dene kena karti sampekane Resi Wresaya, temah dadi lan apese, ya iku Ki Sima Abang".

 

 

ana candhake.


Selasa, 21 Desember 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (28)

 


28.

Merga diterne Sima Loreng sing uga tetep ngajak Gana karo Sidi, bakul-bakul kuwi padha slamet saka gangguane para begal sing ngadhang laku. Kaya sing ditindakne Sima Abang, begal-begal sing padha ngadhang lakune para bakul kuwi luwih dhisik digawe miris dening Sima Loreng sarana nuduhne katiyasane ing reh kanuragan. Sima Loreng mlaku neng ngarep dhewe karo ngecakne aji pangrungune, yen sajake ing kono ana Begal sing lagi umpetan karo ndhendhepi, mangka luwih dhisik Sima Loreng nuduhne katiyasane, kaya upamane mbithi watu gedhe sing ana pinggir dalan sing banjur dadi sumyur. Mesthi wae kanthi weruh kang mangkono iku ndadekne para begal mengkeret luwih dhisik lan banjur padha giris, lumayu nginthar ora sida nindakne kadurjanan. Yen miturut panrawange dalan sing diliwati ora ana bebaya apa-apa, Sima Loreng nyedhaki Juragan-juragan sing lungguh ana cikare, genti - genti, aweh kabar yen dalane aman, sinambi ngajak omong golek sisik melik sing dibutuhne.

 

"Sajake brandhal-brandhal sing kulina ngadhang laku ing margi mriki niki niku klebet brandhal alit Ki Jalu" kandhane Sima Loreng nalika nyedhaki Ki Jalu Bakul sing cikare gedhe sing dhek mau ngajak Kliwon melu cikare "ketitik nembe digurak sakedhik kemawon sampun sami mlajeng".

 

"Nggih Ki Sima Loreng" wangsulane Ki Jalu  "cara sing ndika cakne niku kados sing dicakne Ki Sima Abang, dados boten nganti mawi kerengan begal-begale mpun miris rumiyin".

 

"Nuwun sewu Ki Jalu" kandhane Sima Loreng sabanjure "Ki Sima Abang niku sinten? Lha sak niki wonten pundi kok boten kasuwun pambiyantu murih ngeterne para bakul-bakul niki?".

 

"Kula piyambak boten pati cetha Ki Sima Loreng" wangsulane Ki Jalu "Ki Sima Abang niku tiyang sekti mandraguna saking puncak Gunung Wilis, criyosipun kaprentah dening Jagad lumantar wangsit ingkang dipun tampi rikala maneges ing puncaking Redi Wilis, murih madosi Waliyullah ingkang asalipun saking nagari Ngerum ingkang nami Syekh Jumadil Kubra. Lha salebeting lelana madosi Waliyullah niku, Ki Sima Abang ngliwati margi mriki lan mangertosi bilih kathah begal ingkang remen ngganggu para bakul lan tiyang kekesahan. Mila Ki Sima Abang lajeng paring pambiyantu dhateng para bakul, para begal lan brandhal sami dipun gurak kados anggen ndika nggurak niki. Antawis tigang wulan Ki Sima Abang tansah ngayomi para bakul lan tiyang ingkang kekesahan saking pangganggunipun para brandhal, lan saestu margi mriki boten wonten malih ingkang naminipun Brandhal. Lajeng Ki Sima Abang nglajengaken lampah mangilen, awit margi-margi sampun aman. Nanging let sawulan saking kesahipun Ki Sima Abang, brandhal-brandhal ingkang suwaunipun sampun ngalih, lajeng dugi malih. Lajeng kula lan para kanca Bakul sami nedhi tulung dhateng Ki Pedhut kalih kancanipun kalih Gana kalih Sidi niku. Nanging inggih benten raosipun boten kados menawi ingkang ngayomi niku Ki Sima Abang".

 

"Lha ingkang maringi wangsit Ki Sima Abang niku sinten Ki? lan Ki Singa Abang kesah mengilen niku kinten-kinten dhateng pundi?" Sima Loreng takon.

 

"Niku kula boten ngertos Ki Sima Loreng menawi ingkang paring wangsit dhateng Ki Sima Abang menika mesthinipun nggih ingkang yasa Gunung Wilis niku" wangsulane Ki Jalu blaka "Lha sak niki kula ajeng matur pisan dhateng ndika Ki Sima Loreng".

 

"Badhe dhawuh napa Ki?" Sima Loreng rada anyel, durung wae oleh sisik melik sing digoleki malah arep dijak rembugan bab liya, nanging gandheng Sima Loreng isih mbutuhne katrangan liya saka bakul-bakul kuwi, Sima Loreng ya ora nuruti anyele.

 

"Kula wau mpun rembugan kalih kanca-kanca bakul sedanten" wangsulane Ki Jalu "kanca-kanca sami ajeng nedhi tulung ndika, puruna ndika nggentosi Ki Sima Abang dados pangayomane para bakul sedaya. Perkawis redananipun kula sakanca manut".

 

Sima Loreng mesem, dheweke bisa nampa nek bakul-bakul kuwi duwe panjaluk sing ngono kuwi, nanging Sima Loreng genah nek ora bisa nuruti, merga tekane kono kuwi Sima Loreng ora arep golek pengasilan nanging arep nggoleki lan nusul gurune sing jebul wis ora manggon neng puncake Gunung Wilis maneh, malah jarene wis lunga mangulon nggoleki Waliyullah.

 

"Nyuwun pangapunten nggih Ki Jalu" kandhane Sima Loreng  aweh wangsulan karo panjaluke Ki Jalu "bares kemawon estunipun kula niki sampun gadhah padamelan piyambak. Dados menawi Para kadang Bakul sami ngersakne supados kula teng mriki terus, kula nggih boten sagah. Nanging kula gadhah cara sanes, murih sedanten saged sami mlampahe".

 

"Pripun Ki?" Ki Jalu takon.

 

"Ngeten" wangsulane Sima Loreng "salebeting tigang wulan kula badhe ngancani ndika sakanca, boten perlu kathah-kathah ndika sakanca anggenipun nyukani opah dhateng kula. Lha salebeting tigang wulan niku, Ki Pedhut, Ki Gana miwah Ki Sidi kersane ngrencangi kula sinambi sinau lan niru lekas kula ngadhepi begal-begal niku. Mengke sasampunipun tigang wulan, kapeksa kula tilar. Kula nggih ajeng kesah mangilen, sami kalih Ki Sima Abang kula nggih ajeng madosi Syekh Jumadil Kubra. Pripun?"

 

Sawuse nggagas rada suwe Ki Jalu banjur wangsulan makili kanca-kancane para bakul yen nyarujuki karo sing ditawakne Sima Loreng kuwi.

 

Telung sasi suwene Sima Loreng leren neng sukuning Gunung Wilis kono, kajaba aweh bebantu marang para bakul lan aweh tuntunan sathithik ing reh kanuragan marang Pedhut, Sidi lan Gana, Sima Loreng uga ora kendhat nggone takon-takon marang wong sing ditemoni sing sakira bisa aweh tambahing katrangan sing magepokan karo Ki Sima Abang, Gurune.

 

Anuju sawijining dina Pasar sing mapane ana sukune Gunung Wilis kuwi katekan sodagar sugih sing dodolan barang-barang saka kutha. Sodagar kuwi numpak kreta lan nggawa cikar lima kanggo nggawa dagangane. Tekane ora ijen, nanging uga nggawa rewang cacah sepuluh sing ngrangkep njaga keslametane sodagar mau lan barang dagangane. Ki Sodagar dhewe sajake uga wong sing nduweni ngelmu kanuragan sing cukup.

 

Para bakul akeh sing banjur padha nyedhak lan tepungan karo Sodagar sugih kuwi, saperlu kulak barang-barange Ki Sodagar kanggo didol menyang pasar-pasar liya panggonan. Ki Sodagar sing duwe jeneng Ki Widaru kuwi dadi seneng, dagangane cepet kalonge lan Ki Sodagar uga banjur genti nukoni barang-barang dagangane bakul-bakul sing ana pasar kono kanggo digawa lan didol menyang kutha.

 

"Dagangan olehku kulakan saka kene iki mengko tak ecer ing pasar-pasar sing tak liwati Ki" kandhane Ki Widaru nalika Sima Loreng takon, apa barang-barang sing dikulak dening Ki Widaru kuwi ora bosok yen digawa nganti tekan kutha sing wektune nganti sasen. Olehe takon ngono kuwi Sima Loreng mung arep dienggo wiwitan olehe arep takon perkara liya sing magepokan karo anggone nggolek kabar sing magepokan karo gurune "dadi sadurunge tekan Pajang, barang-barang sing ora kuwat suwe panyimpene kudu wis entek".

 

"Makaten nggih Ki Sodagar?" Sima Loreng wangsulan "dados Ki Sodagar menika dalemipun Kitha Kadipaten Pajang?"

 

"Bener Ki Sima Loreng" wangsulane Ki Widaru ramah "apa Ki Sima Loreng kepengin nonton rejane papan-papan liya ing kulon kana? Mengko bisa bareng karo lakuku, perkara mangan neng dalan aja kuwatir aku nggawa sangu sing cukup, ning ya kuwi minangka ijole Ki Sima Loreng kudu ngrewangi aku nek aku mampir neng pasar-pasar sing tak liwati kanggo adol barang-barang iki".

 

"Inggih Ki Sodagar, matur nuwun sanget dene kula dikeparengaken ndherek Ki Sodagar" wangsulane Sima Loreng seneng.  Sima Loreng sida melu bareng Ki Widaru, gaweyan ngayomi para bakul dipasrahne bali marang Pedhut, Sidi karo Gana.

 

Jebul sanadyan katone nek guneman ketara yen wong angkuh, Ki Widaru duwe kabecikan sing ora sethithik. Kajaba wis gelem aweh laku sak mangane marang Sima Loreng, sasuwene ing dalan Sima Loreng uga dikongkon tunggal sakreta karo Ki Widaru. Karo mlaku Ki Widaru crita akeh-akeh perkara kutha-kutha gedhe sing ana tanah Jawa. Kajaba saka iku uga nyritakne pengalamane sasuwene nindakne laku dagang saka kutha siji lan sijine, saka padesan siji menyang padesan liyane. Ora arang Ki Widaru ing dalan kepethuk Begal neng paran ketemu brandhal sing kabeh bisa diatasi merga Ki Widaru sing duwe rewang sepuluh sing kabeh pinter lan prigel ing babagan ulah kanuragan, kabeh rewange Ki Widaru kuwi isih kaprenah sedulur nom tunggal sapaguron karo Ki Widaru, padha-padha siswane Ki Gedhe Cupuwatu. Ki Widaru duwe pangira yen Sima Loreng kuwi mung wong sing pagaweyane dodol tenaga marang para bakul sing mbutuhne tenagane. Mula yen crita bab kaluwihane para rewange nalika ngadhepi para brandhal utawa para begal sok diwuwuhi nganggo bumbu-bumbu sing terkadhang ora tinemu ing nalar. Sima Loreng ya mung manthuk-manthuk karo nelakake rasa erame, sanadyan kala-kala sajroning atine krasa kemudu-kudu ngguyu merga critane Ki Widaru sing kerep dianggep lucu.

 

 

ana candhake.


Minggu, 19 Desember 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (027)

 

 

27.

Panemune Wimba sing keri dhewe kuwi pancen bener, nanging Sima Loreng uga banjur nggagas, yen panemu iki dituruti padha wae ora budi daya kanggo bisa nusul lan nggoleki gurune. Malah biyen Sima Abang tau meling yen nganti rong tahun ora bali, mangka Paguron Parangabang sawutuhe dadi tanggung jawabe Sima Loreng. Yen dheweke ora enggal bisa nemoni Gurune, padha wae karo dheweke wis gelem madeg dadi Pangarsaning Paguron. Kamangka Sima Loreng isih mbutuhne tuntunan saka Gurune, tanpa gurune sing tansah aweh tuntunan dheweke rumangsa kangelan kanggo mikir Pagurone.

 

"Adhi Wimba" kandhane Sima Loreng sawise sauntara padha meneng-menengan "biyen Bapa Guru aweh kaparcayan marang aku kanggo ngurus Paguron iki mbaka sethithik, banjur suwe-suwe dipasrahi kaparcayan sing luwih jembar lan omber, mula lekase Guru marang aku kuwi saiki arep tak cakne marang si Adhi. Wiwit sesuk si Adhi kudu tata-tata bakal nampa tuntunan kanuragan saka aku sing luwih akeh. Iya kanggo matengne ngelmu sing wis ana ing si adhi, uga kanggo nambahi ngelmu-ngelmu sing durung adhi kaweruhi. Cekake, wiwit sesuk, sajroning wektu telung sasi bakal tak gembleng, murih si adhi bisa madhani aku, perlune si adhi supaya luwih siap nampa kaparcayan kanggo ngurusi pagurone dhewe iki".

 

"Sabanjure Kakang arep lunga nusul lan nggoleki Guru?" Wimba takon.

 

"Kuwi ya durung karuwan, muga-muga wae sajroning aku matengne ngelmune si adhi mbarengi karo rawuhe Guru neng Parangabang kene" wangsulane Sima Loreng.

 

Wekasane, saben dina kaya ora ana lerene Wimba digladhi dening Sima Loreng ing Sanggar. Sanajan asile ora kaya nalika Ki Sima Abang nggembleng Jungkung sing banjur dadi Sima Loreng, nanging wis akeh undhak-undhakane Wimba ing reh ulah kanuragan. Tata carane nyawijekne lan nggunakne hawa murni uga wiwit katon bisa luwih tumata. Jebul wektu telung sasi kaya sing dikandhakne Sima Loreng kuwi durung cukup, dening Sima Loreng ditutugne nganti oleh nem sasi lan asile dadi sansaya maremake. Wimba wis keneng dijagakne butuh, kadigdayane wis kena dijibne kanggo njaga adege Paguron. Sauntara Sima Loreng uga sansaya akeh anggone bisa mekarake ngelmu-ngelmu sing ditampa saka gurune lan nglahirne ngelmu-ngelmu anyar sing durung tau ana. Sing mangkono iku sansaya ndadekne kadigdayane Sima Loreng wuwuh luwih dhuwur maneh.

 

Sawuse lungane Ki Sima Abang saka Parangabang luwih saka rong tahun, kadigdayane para murid sing ditinggal uga sansaya luwih akeh undhake, mangkono kuwi merga ya saka tlataten lan tumemene Sima Loreng anggone nindakne kabeh welinge Ki Sima Abang. Kanthi pawadan kahanan sing sansaya nyenengake kuwi, Sima Loreng banjur pamitan marang sedulur-sedulure arep nusul lan nggoleki Gurune menyang puncake Gunung Wilis. Kanggo sauntara ditinggal lunga kuwi, suhing Paguron dipasrahake marang Wimba, kaya jaman Ki Sima Abang masrahne Paguron marang Sima Loreng biyen. Wimba ya wis ora suwala maneh, nanging panggah meling supaya olehe lunga, Sima Loreng ora suwe-suwe.

 

Kanthi tekad sing wis gilig, Sima Loreng budhal nusul lan nggoleki Gurune menyang puncake Gunun Wilis. Saka Parangabang dheweke mlaku ngalor ngulon, luwih akeh ngliwati alas katimbang ngliwati padesan. Kanthi sangu kaluwihan ing ulah kanuragan ndadekne lakune Sima Loreng bisa luwih cepet, mung mbutuhne wektu sepasar kanthi diselani leren sacukupe, lakune Sima Loreng wis tekan sukune Gunung Wilis pereng kidul. Jroning atine Sima Loreng nggagas ora nganti ngentekne wektu rong dina maneh, dheweke mesthi wis bisa nggayuh puncake Gunung Wilis lan mider nggoleki ing ngendi Gurune nindakne laku samadi kaya lumrahe wong sekti sing nyampurnakne ngelmune.

 

Esuk kuwi, sadurunge budhal arep ngunggahi Gunung, Sima Loreng mampir ing sawijining warung panganan sing manggon neng sawijining pasar sacedhake dalan munggah menyang Gunung. Warung kuwi rame, merga akeh bakul-bakul sing padha andhok sawise dagangane payu dituku wong-wong sing blanja neng pasar kono. Wis jamake wong bakulan ngono kuwi padha sugih dhuwit, luwih-luwih sing olehe tekan pasar kono padha nggawa Cikar dhewe sing digeret sapi kanggo nggawa dagangane. Bakul-bakul sing ngono kuwi omongane luwih banter lan sok nuduhne yen luwih pinter tinimbang bakul liyane sing olehe nggawa dagangane mung nganggo Cikar Sewan sak Bajingane (Bajingan=Kusir Cikar, dudu bajingan penjahar. rust), luwih-luwih bakul sing mung bisa nggawa dagangane sarana dipikul dhewe. Sima Loreng milih golek panggonan neng pojokan warung ora pati adoh karo lungguhe bakul-bakul sing olehe omong kaya banter-banteran kuwi.

 

"Won...... Kliwon...." Bakul gedhe dhuwur sing brengose nylaprang nyeluk bakul sing lagi wae arep mlebu warung, suwarane banter.

 

"Nggih Gan?" sing diceluk semaur alon nanging wong sak warung ya wis krungu kabeh, karo ngingeti sing nyeluk.

 

"Kowe wis oleh Cikar pa rung? pun-punan karo sapa wae? Wong pira?" wong sing nyeluk kuwi takon, suwarane panggah banter.

 

"Nek sios ngangge Cikare Jiya, kalih Kang Dimun, Man Lasa, Jithut tiyang sekawan, ning duka criyose dagangane Jithut radi kathah, nek boten cekap nggih kula pikul mawon wong namung sakedhik mawon" wangsulane Kliwon karo mapan lungguh ora adoh karo nggone lungguh wong sing brengose claprang kuwi "lha enten napa ta Gan?".

 

"Aku mung oleh dagangan sethithik, Cikarku ora kebak" wangsulane wong mau "nek cikare Dimun wis kebak, kowe angur melu aku wae. Ora sah opah, ning aku mengko melu amul kinangmu ya? aku ki seneng karo jambemu sing semu legi kuwi lho!".

 

"Nggih Juragan, matur nuwun" wangsulane Kliwon.

 

"Lha iki mengko sidane sing arep ngeterne sapa, Kang Jalu?" dumadakan mlebu maneh bablas marani wong sing brengose nylaprang kuwi karo takon "Pedhut pamit merga nunggoni bojone sing arep nglahirne, nek sin budhal mung Sidi karo Gana thok, wong-wong mau jarene isih mamang, merga sak jege Ki Sima Abang ora ana iki, brandhal-brandhal kabeh kaya ompakan, merga wis ora ana sing diwedeni maneh, wong wis diterne Pedhut wae sok-sok brandhal-brandhal kae ya isih ana sing nyoba nyegat kok. Dadi ya lumrah nek wong-wong banjur mamang nek sing ngeterne mung Sidi karo Gana".

 

Krungu jenenge gurune diucapne Sima Loreng dadi kepencut, kepengin luwih ngerti karo sing diomong bakul-bakul kuwi. Mau wong sing lagi teka kuwi kandha nek gurune saiki wis ora ana. Menyang ngendi?. Sajake kanggo nyukupi butuh saben dinane sasuwene mapan neng puncak Gunung Wilis kuwi gurune golek dhuwit sarana aweh pangayoman marang bakul-bakul sing budhal lan bali menyang pasar, saka gangguwane para brandhal.

 

"Lha iya?" wong sing jeneng Jalu kuwi wangsulan njengkerutne bathuke "Upama golek gantine Pedhut ngono kira-kira apa ora ana ya? lha ya, wong Pedhut wingi pas ngeterne budhal kae ya ora crita nek bojone arep nglahirne, marahi".

 

"Ketoke ya angel Kang" wangsulane wong sing lagi teka mau "nek pancen dina iki Pedhut ora bisa, ya kapeksa ngenteni sak bisane Pedut wae, koplakane Ki Dira ben mundhak laris he he he".

 

"Nuwun sewu Ki Juragan" bareng wis sauntara bakul-bakul kuwi padha meneng mikir golek cara murih ora ndadak nginep maneh Sima Loreng kandha.

 

"Nggih enten napa Kisanak?" Jalu sing lungguhe ora adoh karo nggon lungguhe Sima Loreng takon.

 

"Kula sagah nggentosi padamelane Kisanak Pedhut sadangune piyambake taksih repot" kandhane Sima Loreng nggenahne karepe. Sima Loreng kepengin aweh pitulungan marang bakul-bakul kuwi ngiras pantes arep golek sisik melik neng ngendi Ki Sima Abang manggon.

 

"Iki gaweyan sing ora entheng Kisanak, totohane nyawa" wangsulane Jalu "ndika kuwi sapa ta? lan apa ndika wis kulina ngadhepi begal sing duwe kasekten neka-neka?".

 

"Nggih ditepangne mawon" wangsulane Sima Loreng karo nglirik bakul barang weton pandhe sing nggelar dagangane ora adoh ing ngarep warung kuwi "nami kula Jungkung, tiyang-tiyang nek nyeluk nami kula Sima Loreng, menawi ndika sangga rugi dhateng kula, ndika tingali rumiyin sepinten kekiyatan kula".

 

Bubar muni ngono kuwi Sima Loreng banjur metu marani bakul barang weton pandhe, njupuk linggis siji banjur dicandhak disabetne kentole, sakala linggis kuwi dadi bengkung. Banjur nyandhak linggis siji maneh, kanthi gampang linggis kuwi ditekuk-tekuk kaya wong nekuk papah gedhang. Banjur njupuk bendho sing bebakalane saka waja, bendho kuwi dislenthik nganggo driji, pedhot dadi loro. Bubar kuwi, Sima Loreng njupuk dhuwit perak saka kanthongane cacah telu banjur diuncalne neng ngarepe sing dodolan barang-barang sing wis dirusakne kuwi karo kandha :

 

"Nyuwun pangapura Ki, iki gantine barang-barang ndika sing wis tak rusakne".

 

Bakul barang weton pandhe kuwi ora bisa kumecap, saking erami weruh kadigdayan sing dituduhne Sima Loreng. Wong-wong sing ana jero warung, sing uga padha weruh sing ditindakne Sima Loreng padha keplok rame, padha ngalembana marang Sima Loreng, rumangsa eram weruh kadigdayane.

 

ana candhake.


Sabtu, 18 Desember 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (026)

 


26.

Dina gumanti dina, sasi gumanti sasi jroning nindakne kabeh sing diwelingne dening gurune ora ana sing kecicir, malah kepara luwih apik maneh. Sima Loreng saben dina tansah ngudi murih ngelmu sing ditampa saka gurune bisa luwih sampurna maneh lan kanthi mangkono jebul malah bisa ndadekne Sima Loreng nemokne ngelmu-ngelmu anyar minangka mekaran saka ngelmu dhasar sing ditampa saka gurune. Jroning nguwasani hawa murni uga wis luwih sampurna maneh. Sedulur-sedulure tunggal sapaguron uga wis akeh sing mundhak becik ulah kanuragane, sanajan nek dibandhing karo Sima Loreng isih kalah adoh ing sangisore.

 

Kanggo nyukupi kabutuhan saben dinane, nekani susuh-susuh brandhal panggah ditindakne. Malah saiki wis ora ana maneh brandhal-brandhal sing olehe masrahne jatah kanggo Paguron Parangabang sing ndadak nganggo dipeksa. Kabeh wis luwih dhisik ngrumangsani yen ora nuruti panjaluke Sima Loreng karo kanca-kancane mesthi luwih akeh kapitunane tinimbang bathine. Malah saiki jatah sing dijaluk dening Paguron Parangabang luwih akeh maneh tinimbang sadurunge, jalaran saka panjaluke sedulur-sedulure, Sima Loreng wis gelem nampa murid anyar sing kepengin sinau kanuragan ing Parangabang. Murid-murid anyar sing teka kuwi ora liya ya saka krandhahe sedulur-sedulur tunggal gurune Sima Loreng.

 

Ora krasa olehe lunga Ki Sima Abang saka Paguron Parangabang wis setahun luwih lan durung bali menyang Paguron maneh. Sing mangkono kuwi tumrap murid-murid Paguron Parangabang ora pati dadi gagasan, beda karo sing ana pikirane Sima Loreng. Yen sedulur-sedulure ora pati nggagas jalaran sing nggenteni kuwajibane Gurune wis ana, ya iku Sima Loreng. Nanging nek neng pikirane Sima Loreng, kanthi ora anane Guru sing didadekne pandoming laku, kerep wae Sima Loreng sok tidha-tidha sajroning nibakne pilihan kanggo mlaku murih tambah becike tata paguron. Kajaba saka iku, Sima Loreng uga isih rumangsa kurang anggone necep ngelmu saka gurune, sing rumangsane Sima Loreng, Sima Abang kuwi menungsa sing ora duwe pangapesan babar pisan. Ora ana sing bisa ngalahne ing babagan ngelmu kanuragan lan kawicaksanan sajrone nglakoni urip. Mungguhe Sima Loreng, Sima Abang sumbering daya kekuwatan lan sumbering bebener, ora ana sing bener kajaba sing jumbuh karo panemune Sima Abang. Mula bareng wis setahun luwih Ki Sima Abang durung ana tandha-tandha bali menyang Parangabang, Sima Loreng dadi sansaya bingung pikire.

 

"Kakang Sima Loreng" nalika ing sawijining dina Sima Loreng lagi nggagas gurune sing ora teka-teka, karo lungguh sendhen watu gedhe ing iringan pondhoke, Wimba, adhine tunggal paguron sing tuwa dhewe marani karo takon "pirang-pirang dina iki tak sawang Kakang kerep meneng kaya wong sing lagi bingung. Satemene ana apa ta Kakang?".

 

"Ora ana apa-apa ki Dhi?" wangsulane Sima Loreng karo mesem, atine krasa seneng dene sedulure jebul migatekne dheweke "Adhi Wimba ora sah nguwatirake aku, aku ora apa-apa. Sing baku si adhi aja nganti klendran nggone aweh piwulang marang para murid lan nindakne kuwajiban paguron liyane".

 

"Iya Kakang" kandhane Wimba sabanjure "aku ora nguwatirake Kakang, merga aku ngerti nek Kakang wis sarwa cukup ing reh kanuragan. Nanging nek Kakang kerep meneng, banjur arang gelem guneman nalikane nonton olehku aweh tuntunan marang para murid uga nalikane aku lan adhi-adhi padha aweh palapuran sawise bali saka njupuk jatah saka susuh-susuhe brandhal, ngono kuwi ndadekne aku karo adhi-adhi padha wedi, kuwatir nek ana tumindak sing ora mranani ing atine Kakang, nanging Kakang ora gelem aweh panyaruwe merga ora tega nek nganti gawe gelane adhi-adhimu kabeh, Kakang. Tak jaluk Kakang kudu gelem aweh panyaruwe yen ana tumindake adhi-adhimu sing ora pas, dadi ora banjur kebacut olehe ora bener".

 

"Ora Dhi" wangsulane Sima Loreng karo mesem sareh "yen aku ngerti ana sing ora pas karo tumindake adhi-adhiku, aku mesthi aweh panyaruwe murih pase. Dadi olehku nganti kaya wong bingung iki ora ana gandheng cenenge karo tumindake adhi-adhiku kabeh. Pancen bener wektu iki kena diarani aku lagi bingung utawa sedhih, dene sing dadi jalaran, amarga aku kelingan karo Gurune awake dhewe, ya iku Bapa Sima Abang sing nganti saiki durung kundur menyang Parangabang kene, kamangka olehe jengkar saka kene biyen nganti saiki wis setahun luwih. Mung kuwi Dhi sing ndadekne pikiranku kerep dadi bingung".

 

"Tak kira antarane aku karo Kakang Sima Loreng kuwi padha, Kakang" Wimba nanggapi wangsulane Sima Loreng "lire padha olehe ngrasakne kangen karo Guru, nanging sadurunge Guru jengkar biyen rak wis masrahake Paguron iki marang Kakang? dadi waton Kakang ora nyidrani apa sing dadi piwulange Guru lan nyatane Kakang uga wis nindakne kabeh kuwajiban sing didhawuhne Guru, kakang ora perlu sedhih lan bingung sing kebanjur-banjur, mundhak ora becik kedadeyane".

 

"Kuwi bener Dhi, nanging Guru biyen uga dhawuh, nek olehe ninggalne Parangabang iki ora nganti suwe, aku nguwatirake Guru nemoni kedadeyan sing ora prayoga, temah ora kundur-kundur iki".

 

"Kakang nguwatirake Guru kepethuk mungsuh banjur Guru digawe cilaka dening mungsuh kuwi?" Wimba takon.

 

"Ora kuwi" wangsulane Sima Loreng "tak kira neng lumahing bumi iki ora ana wong sing kadigdayane bisa mapaki kadigdayane Guru, mokal mana manungsa sing bisa ngalahake Guru. Sing tak kuwatirake, Guru neng paran nemu papan sing anyar sing luwih nengsemake katimbang Parangabang iki, banjur Guru katrem ana kana, ora kersa kundur mrene maneh. Kuwi sing tak kuwatirake Dhi, kamangka aku ngarep-arep Guru enggal kundur lan nambahi piwulang-piwulang anyar marang awake dhewe. Wong ngendikane Guru marang aku biyen tindake iki arep ngunggahi Gunung Wilis saperlu matengake ngelmune neng kana, lha nek ngelmune Guru wis sansaya mateng rak ya dadi wajibe Guru banjur muwuhi anggone paring ngelmu marang murid-muride ta Dhi?".

 

Wimba manthuk-manthuk rumangsa mathuk karo panemune Sima Loreng sing dikandhakne keri dhewe iki. Sanajan miturut pamawase Wimba, Sima Loreng kuwi wis keneng diarani duwe kasekten sing durung ana sing ngluwihi, ketitik durung tau ana bangsa brandhal sing ora bisa dikalahake dening Sima Loreng, malah sing ana brandhal-brandhal sing kondhang duwe kasekten lan kadigdayan nyatane kanthi gampang bisa ditundhukne dening Sima Loreng. Nanging yen Gurune bali banjur aweh wuwuhan ngelmu marang Sima Loreng lan adhi-adhine kabeh, kuwi bakal luwih dadi lanbecike tumrap Paguron Parangabang.

 

"Mula saka kuwi Adhi" kandhane Sima Loreng sabanjure "aku duwe gagasan, murih rasa bingungku ora kedlarung-dlarung, rasa kuwatirku ora kebacut dadi kasunyatan, aku kepengin budhal nusul lan nggoleki Guru menyang Gunung Wilis. Saiki piye panemune si Adhi karo gagasanku iki?".

 

"Kakang arep ninggalne Parangabang?" Wimba takon suwarane nuduhne rasa kuwatir.

 

"Iya" Sima Loreng wangsulan "nanging si Adhi ora prelu kuwatir, aku janji nek wis kepethuk Guru, aku mesthi banjur bali, sokur bage bisa bebarengan karo Guru, nanging yen Guru isih kepareng mbacutake anggone nyampurnakne ngelmune, saora-orane baliku menyang Parangabang kene wis bisa nggawa wuwuhan ngelmu sing bisa tak tular-tularne marang adhi-adhiku kabeh. Kepriye?".

 

Wimba meneng sedhela, sajake lagi nggagas lan nimbang-nimbang apa sing   dikandhakne Sima Loreng kuwi. Bareng   wis rada sauntara olehe mikir, Wimba banjur guneman, ngandhakne sing dadi panemune :

 

"Satemene aku mathuk banget karo niyate Kakang iki, merga kanthi mangkono Kakang bisa nambahi ngelmu-ngelmu anyar marang aku lan adhi-adhi kabeh. Nanging, yen Kakang Sima Loreng lunga, banjur Parangabang iki piye dadine? Jalaran aku ngrumangsani lan uga ngerti, sanajan padha-padha bareng olehe sinau ulah kanuragan marang Guru, kanyatane kabisanku lan kabisane adhi-adhi kabeh isih adoh karo kabisane Kakang Sima Loreng. Aku kuwatir yen nganti Kakang lunga saka kene, aku lan adhi-adhi ora bisa mrantasi gawe sajroning nindakne kuwajiban, mligine sing ana sambung rapete karo para brandhal sing sasuwene iki mung bisa diatasi dening Kakang Sima Loreng. Dadi aku durung bisa nyarujuki karo gagasane Kakang Sima Loreng nusul lan nggoleki Guru menyang Gunung Wilis kuwi".

 

Panemune Wimba sing keri dhewe iki pancen tinemu ing nalar. Sima Loreng uga ngerti yen isih akeh brandhal-brandhal sing olehe gelem teluk lan aweh jatah marang Paguron Parangabang kuwi merga saka kasekten lan kaluwihane Sima Loreng. Tanpa Sima Loreng, Wimba lan sedulur-sedulur liyane ora bakal bisa mrantasi gawe, nelukne para brandhal-brandhal kuwi kabeh. Sima Loreng banjur meneng sedhela, pikirane seser mikir murih bisane ngrampungne perkara iki. Ya iku kepriye murih dheweke bisa lunga nusul lan nggoleki Ki Sima Abang menyang Gunung Wilis, sauntara Paguron Parangabang panggah bisa nelukne para brandhal sing dijagakne jatahe kanggo ngragadi adege Paguron.

 

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (025)

 


25.

Mingkur sing wis ndudut keris saka wrangkane sing uga diterokne Ki Lurah karo Ki Bekel, ora enggal tumandang, para andhahane isih ngenteni aba saka Mingkur, sanajan satemene wis ana rasa giris luwih dhisik ing sajroning atine dhewe-dhewe. Sima Loreng panggah ora obah saka papane, ora ana tandha-tandha siaga arep kerengan babar pisan, tangane sing tengen ditumpangne neng bangkekan, lambene isih mesam-mesem sajak ngece karo wong sing ngepung karo gegaman neng tangan.

 

"Kowe Mingkur Bajingan licik, saiki kancamu wis mlumpuk ngenteni prentahmu, kowe ya wis ngunus keris malah Lurah nggladrah karo Bekel Bosok kuwi ya wis padha nyekeli keris kabeh, nek pancen arep njajal gojeg karo Sima Loreng ya gene ora enggal tumandang he?" karo ngece Sima Loreng nakoni wong sing ana sandhinge kuwi.

 

"Mengko dhisik Ki Sima Loreng" wangsulane Mingkur ngati-ati "bares wae, aku tau duwe gagasan ora arep wani karo Paguron Parangabang sing ndika pandhegani kuwi, nanging rasane dadi saru nek aku kesusu pasrah lan dadi telukan ngono wae, kamangka aku durung ndika wenehi pituduh ing reh kanuragan. Mula gandheng ndika wis teka kene, mesisan aku karo kanca-kancaku ndika wenehi pituduh carane gelut luwih dhisik, yen nyata piwulang ndika kuwi becik mesthi aku sakanca bakal sumpah setya gelem dadi telukan ndika, nanging yen jebul Sima Loreng kuwi mung sak macan rembah, tak kira ora ana gunane aku tepung karo Paguron Parangabang".

 

"Bagus!" Sima Loreng wangsulan banter "yen ngono aja kesuwen, ayo tak enteni neng latar".

 

Muni ngono kuwi Sima Loreng banjur ngalih mlaku ninggalne pendhapa, Jodhog sakancane sing ngadeg neng ngarep pendhapa klawan gegaman sing jangkep kuwi padha nisih aweh dalan metu marang Sima Loreng.  Mingkur banjur nyedhaki Jodhog sakancane kabeh, dikandhani piye carane supaya bisa mateni Sima Loreng sing mung wong ijen. Ora suwe wong-wong kuwi banjur nusul nututi Sima Loreng sing wis ngenteni ana latar.

 

Sima Loreng sing ora nyekel gaman apa-apa kuwi, dumadakan nglirik wit sawo sing pange pirang-pirang. Ora sranta Sima Loreng mencolot karo nggunakne tangane nyempal salah sijine pang sawo sing gedhene sa jempolan sikil dawane kira-kira limang kilan, sawise disempal pang kuwi dicoklek pucuke kanthi gampang, banjur dicekel kaya wong nyekel gagange pedhang.

 

"Aku njaluk pangmu sawo Mingkur" Kandhane Sima Loreng karo nyawang wong-wong sing wis siaga arep ngebyuk nyerang dheweke "iki mung tak ngge cara ngajebi kowe kabeh sing wis padha nyekel gaman".

 

Mingkur ora wangsulan, tangane obah aweh sasmita marang kanca-kancane supaya bareng ngebyuk saka kiwa tengen ngarep lan mburi. Dikrubut wong rolas sing bareng maju ngrangsang saka iring kiwa lan tengen, ngarep lan mburi kanthi gegaman landhep kabeh, Sima Loreng mung ngetokne suwara saka irunge. mBuh piye carane endha, kang ana ora ana gegaman sing bisa nyenggol kulite Sima Loreng. Serangan kapisan luput, Jodhog sakancane ora kemba, banjur mbaleni ngrangsang maneh klawan serangan sing luwih nggegirisi. Nanging kanthi gampang, serangan-serangan kuwi diendhani dening Sima Loreng sing katone ora obah saka papane. Mingkur sing durung tumandang lan mung nyawang saka kadohan dadi sansaya getem-getem, banjur maju mengarep arep melu kanca-kancane ngrubut Sima Loreng sing mung mesam-mesem ora ngawaki yen lagi arep diranjab gegaman dening mungsuh-mungsuhe. Mangka ora suwe sabanjure, neng latar kuwi wis rame suwarane sikil sing  gedebag-gedebug tumiba ing lemah, kala-kala diselingi suwara sambat campur pisuh sing disaut karo suwara guyu-guyu ngece.

 

Ki Lurah lan Ki Bekel sing ora melu ngrubut Sima Loreng nanging melu nyawang sing lagi padha kerengan kuwi rumangsa eram weruh tandange Sima Loreng, mung ijen nanging ora kethetheran dikrubut wong telulas sing padha nggawa gaman sing landhep kabeh kuwi. Ki Bekel nyedhakne lambene menyang sandhing kupinge Ki Lurah, Ki lurah manthuk-manthuk. Embuh apa sing diucapne Ki Bekel marang Ki Lurah kuwi, ora ana sing ngerti. Padha karo Ki Bekel lan Ki Lurah sing uga ora ngerti, sanajan dikrubut wong telulas sing ora leren olehe genti-genten aweh serangan sing mbebayani, nanging pranyata Sima Loreng isih weruh yen Ki Bekel mbisiki kupinge Ki Lurah.

 

"He Bekel bosok karo Lurah nggladrah" ing sela-selane ngadhepi mungsuhe Sima Loreng nyuwara banter ditujokne Ki Bekel lan Ki Lurah "nek ndika wong loro niyat arep nglungani papan kene sadurunge genah petunge, ndika mengko mesthyi bakal getun dhewe".

 

Krungu kandhane Sima Loreng ngono kuwi, sapandurat sing padha ngrubut noleh marang pernahe Ki Lurah lan Ki Bekel. Nanging ya mung sedhela, banjur bali aweh serangan marang Sima Loreng sing dianggep wis cawang kawigatene, ya iku kawigaten marang gegamane mungsuh-mungsuhe lan uga kawigaten marang Ki Lurah lan Ki Bekel sing arep lunga ninggalne papan kono. Malah serangan sing keri iki kepara luwih nggegirisi maneh, merga wong-wong kuwi selak kepengin bisa natoni Sima Loreng sing wis wola-wali nglarani awake sarana tumibane kepelan lan sadhukan sing nyenggol perangan awake. Ki Lurah lan Ki Bekel sing mau kaget oleh pangincim saka Sima Loreng mandheg sedhela, arep murungne karepe nggone arep nglungani papan kuwi, nanging bareng weruh yen Mingkur karo andhahane ningkatne serangane marang Sima Loreng, Ki Lurah lan Ki Bekel ilang rasa kuwatire. Ora ngrewes karo pangincime Sima Loreng, wong loro kuwi mencolot mlaku kanthi rikad nyedhaki papan anggone nyencang jarane.

 

"Setan alas" wong loro sing arep mlayu kuwi babar pisan ora ngira nek Sima Loreng bisa obah luwih cukat mencolot ninggalne mungsuh-mungsuhe lan saiki wis ngadeg karo mencereng ngadhang lakune karo guneman sing keprungu sereng "ora nggugu kandhaku, iki jalukanmu!".

 

Rampung anggone muni ngono kuwi, prasasat mung mbutuhne wektu sagebyare that-thit, pang sawo sing ana gegemane Sima Loreng kuwi wis disabetne sikile Ki Bekel sing sisih tengen lan sikile Ki Lurah sing sisih kiwa. Sakala wong loro sing arep mlayu kuwi mbengok banter sambat lara bareng karo awake rubuh tiba neng lemah, banjur munyer-munyer kaya pitik bubar disembeleh, suwarane banter sambat ngaruara.

 

Bubar ngrubuhne Ki bekel lan Ki Lurah, kaya wong lagi kesurupan Sima Loreng genti mencolot bali nemoni mungsuh-mungsuhe maneh karo ngobahne pang sawo sing ana tangane kanggo mbabati wong-wong sing lagi ngarah patine. Merga tandange Sima Loreng sing kaya wong kesetanen., ndadekne andhahane Mingkur sing cacahe wong rolas kuwi padha mencelat memburi watara limang jangkah tiba neng lemah karo mbengok kelaran, tangan sing nggoceki garan pedhang lan gaman liyane padha pepes balung lengene kebabat pang sawo sing diobahne Sima Loreng. Sauntara Mingkur sing manggone rada adoh misah karo andhahane, wis rubuh neng lemah karo kejet-kejet balung garese wis remuk disabet nganggo pang sawo gegamane Sima Lorek.

 

Weruh mungsuhe wis rubuh kabeh, Sima Loreng banjur leren, lungguh neng oyot sawo sing karo mbukak klambine, arep ngesatne kringet. Kira-kira sapanginang sabanjure, wong-wong sing maune padha polah wis padha ora obah maneh, sambate ya wis ora banter maneh mung padha gereng-gereng karo ngglethak neng lemah. Sima Loreng banjur nyedhaki Mingkur sing uga gereng-gereng ngempet lara, dicandhak tangane sesisih banjur digeret dilarak dicedhakne Ki Lurah lan Ki Bekel sing uga isih nggereng merga ngrasakne lara neng sikile.

 

Sima Loreng banjur ngetokne bumbung sing disimpen neng kanthongane, njupuk barang bunder-bunder sing gedhene watara sa endhog cecak. Mingkur dicangap banjur cangkeme dicemplungi barang bunder kuwi siji, karo muni.

 

"Diuntal!, ben tatumu ora pati krasa lara!".

 

Marang Ki Lurah lan Ki Bekel, Sima Loreng uga tumindak sing padha . Banjur genti nyedhaki andhahane Mingkur, kabeh diwenehi barang bunder kuwi supaya padha diulu. Rampung menehi jamu sing bisa nyuda rasa lara kuwi, Sima Loreng banjur bali nyedhaki Ki Lurah, Ki Bekel lan Mingkur sing wis ora sambat maneh.

 

"Mingkur, karo ndika Ki Lurah lan Ki Bekel" kandhane Sima Loreng sawise cedhak karo wong telu kuwi "kudune ben adil, ndika wong telu iki tak kethok sikilmu sesisih karo tanganmu sesisih, ben ora bisa tumindak duraka maneh. Nanging aku ora arep nibakne ukuman kuwi marang ndika kabeh. Saiki padha rungokna, paling suwe sepuluh dina maneh, ndika wis padha bisa waras nadyan yen dienggo mlaku isih rada krasa lara. Lan yen wis, prentahku marang ndika kabeh kudu ndika lakoni. Sing sepisan, bandha tinggalane Biyung Dirah sing wis ndika rebut saka tangane Jungkung kudu ndika balekne dadi kas kayaning desa kanggo aweh pitulungan marang warga sing lagi kesrakat. Kaping pindho, marang kowe Mingkur bandhane Taju saka desa Serut sing wingenane mbok dum karo Lurah lan Bekel Serut, kudu mbok balekne kanthi wutuh. Lima las dina maneh aku karo bocah-bocah Paguron Parangabang bakal nekani papan iki maneh. Nek nganti prentahku padha mbok lirwakne, aja padha takon dosa nek padha nampa pidana".

 

"Nggih Ki Sima Loreng, dhawuh ndika badhe kula estokne" wangsulane Mingkur isih karo ngglethak.

 

"Lha ndika pripun Ki Lurah kalih Ki Bekel?" Sima Loreng genti nakoni Lurah lan Bekele.

 

"Nggih Kisanak, weling ndika badhe kula lampahi".

 

Wis ana rasa rada lega ing dhadhane Sima Loreng, ora suwe ana kono banjur lunga, arep nerusne nggone golek sisik melik ing ngendi ana susuh brandhal sing durung tau diparani.

 

 

ana candhake.

 


Jumat, 17 Desember 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (024)

 


24.

Kanthi nggunakne ngelmu kebat angin, yaiku ngelmu kanggo mlaku sing cepet, ora nganti setengah ari lakune Sima Loreng wis tekan panggonan sing dituju. Sing diarani susuhe Brandhal Mingkur kuwi beda adoh karo susuhe brandhal-brandhal liyane. Sanadyan manggone ndhelik neng tengah alas, nanging wewangune ora kalah karo wewangunan ing padesan. Ana omah sing gedhe-gedhe jejer telu, pendhapane wangun limas ketok jembar mrebawani, platarane jembar, resik, pratandha saben dina ana sing nyaponi, ora adoh saka plataran ana gedhogane jaran, ketok ing kono ana jaran sing gedhe-gedhe cacah lima, sajake gedhogan jaran kuwi uga kopen. Kanthi nyawang nek neng gedhogan ana jarane, Sima Loreng bisa oleh dudutan yen Mingkur lan para sing mbaureksa papan kuwi ora lagi lelungan. Nanging Sima Loreng ora tumuli munggah menyang pendhapa nggoleki Mingkur, malah banjur singidan ing walike wit gedhe sing ora adoh saka papan kuwi, kupinge Sima Loreng krungu ana suwara tracak jaran saka kadohan sing nyedhaki papan kono. Suwara tracak jaran sing lagi mlayu kuwi sansaya keprungu cetha.

 

Ora suwe sabanjure, Sima Loreng weruh ana wong loro nunggang jaran mlebu plataran banjur nyancang jarane neng cancangan sing wis cemawis. Sima Loreng ora pangling, wong loro sing lagi teka kuwi Ki Bekel lan Ki Lurah sing biyen bareng-bareng karo Mingkur wis ngrekadaya lan ngrebut bandha sing kudune dadi duweke, yaiku bandha tinggalane mBok Randha Dirah wong tuwane pupon.

 

Tekane Ki Lurah karo Ki Bekel dipapagne dening andhahane Mingkur sing banjur mlayu nyedhaki wong loro kuwi, Sima Loreng isih apal karo andhahane Mingkur kuwi, ya iku sing meh wae ngiris gulune nganggo golok, sing banjur dipenging dening Ki Sima Abang, gurune.

 

"Ki Lurah saha Ki Bekel badhe kepanggih Lurah kula?" pitakone andhahane Mingkur kuwi marang dhayohe sing lagi teka.

 

"Iya, Ki Jodhog" wangsulane Ki Lurah "Ki Mingkur rak ya ana ing pasanggrahane ta?".

 

"Inggih wonten Ki" wangsulane wong sing jeneng Jodhog kuwi karo manthuk kurmat "mangga pinarak dhateng pendhapa, Lurahe kula kula aturane".

 

Wong telu kuwi banjur bareng mlaku menyang pendhapa. Sima Loreng banjur ngecakne aji Sapta Pangrungu, supaya bisa luwih cetha nggone arep ngrungokne apa sing arep dirembug Ki Lurah lan Ki Bekel sing mara neng papane Mingkur kuwi. Ora suwe Sima Loreng weruh Mingkur metu menyang pendhapa nemoni dhayohe, wong telu banjur padha mapan lungguh neng klasa sing lagi wae digelar Jodhog. Jodhog dhewe banjur nyingkrih memburi, ora wani melu jagongan karo Lurahe sing lagi nemoni dhayohe.

 

"Wonten wartos napa Ki Lurah kalih Ki Bekel? napa wonten Kutuk nglubuk sing betah kula damelne layang kekancingan ? Napa wonten kidang sing mlebet pategilan sing betah kula cepengne?" karo mesam-mesem sajak seneng Mingkur nakoni dhayohe.

 

"Nek Kidang sing mlebu tegalan satemene ya akeh Ki Mingkur" sing mangsuli Ki Bekel "nanging dening Ki Lurah isih durung dikeparengake dicekel. Nek kutuk sing nglubuk neng siwakan pancen ana, ya iku anak mantu sing ditinggal mati maratuwane".

 

"Mantune niku jaler napa estri Ki Bekel?" Mingkur takon maneh.

 

"Lanang, bojone wis mati sadurunge wong tuwane mati, kamangka anake ya mung siji kuwi" genti Ki Lurah sing aweh wangsulan "piye? bisa ta digawekne layang kekancingan?".

 

"Gampil Ki Lurah" wangsulane Mingkur karo mesem seneng.

 

"Nanging, mengko olehe ngedum kudu diowahi Ki Mingkur" Ki Bekel nrambul gunem "aja kaya padatane ngana kae".

 

"Diowahi pripun Ki Bekel?" Mingkur takon karo mesem.

 

"Aku krungu, ndika wingi karo Lurah Serut jare ya nyekel Kutuk sing nglubuk neng siwakan? sapa jenenge ? Taju?".

 

"Nggih leres, Taju"

 

"Lha, aku karo Ki Lurah mengko njaluk bagean sing padha karo bagean sing ndika wenehne Lurah karo Bekel Serut, jarene wonge ndikia bagei separo?" Ki Bekel nggenahne karepe.

 

"Leres Ki Bekel" wangsulane Mingkur karo ngguyu "amargi teng Serut kala wingi niku kutuke boten gadhah patil, dados lare-lare kula boten kula wedalne, benten kalih jaman nggarap teng siwakane mBok Randha Dirah siyen, nika kutuke kuru tur patile radi landhep. Lha Kutuk sing ajeng dicepeng niki mengke pripun?" .

 

"Ketoke wonge ringkih Ki Mingkur, nanging lemu lagi ngendhog pisan, dadi Ki Mingkur ora perlu nggawa kanca akeh-akeh, nek ana apa-apane aku sing saguh nandangi" wangsulane Ki Bekel .

 

"Nek ngoten nggih kula manut Ki Bekel, sepalih nggih sepalih, nanging kangge tumbas satane lare-lare kula sing kula ken ngancani ndika tanggel nggih?" Mingkur nyaguhi panjaluke Ki Bekel nanging mawa sarat "boten kathah kok, namung lare tiga napa sekawan".

 

"Ora bisa!" sadurunge Ki Bekel aweh wangsulan, dumadakan ora weruh sangkane ana wewayangan mencolot sing banjur ngadeg neng cedhake wong telu sing lagi jagongan kuwi karo malangkerik, aweh wangsulan marang Mingkur.

 

Wong telu sing lagi jagongan kuwi padha kaget, banjur padha ora kedhep ngulati sapa sing lagi teka, karo mripat sing murup merga nesu, rumangsa wis diganggu olehe lagi padha rembugan dening wong sing ora duwe deduga lan suba sita.

 

"Pangling karo aku he Ponakane mBok Randha Dirah?" Sima Loreng mesem ngece karo nakoni Mingkur.

 

Mingkur meneng ora wangsulan, pancen Mingkur wis lali karo rupane Jungkung, biyen olehe kepethuk mung pas dheweke teka karo Ki Lurah lan Ki Bekel menyang omahe mBok Randha Dirah saperlu ngrebut bandha warisane.

 

"Kowe...Jung.....kung?" Ki Bekel sing apal karo rupane Jungkung takon semu kaget, merga jaman semana ki Bekel wis dikandhani Mingkur nek Jungkung kapeksa dipateni dening andhahane merga ana niyat arep bali lan ngrebut bandha sing dipaeka dening Ki Lurah, Ki Bekel lan Mingkur.

 

"He he he sanes Ki Bekel" wangsulane Sima Loreng karo ngguyu nyepelekne "Jungkung empun mati disembeleh Jodhog andhahane Mingkur si Bajingan elek kancane Lurah nggladrah karo Bekel bosok saka desa Weru".

 

Mingkur sing wis bisa ngilangne rasa kagete tumuli njedhirne lambene, ngetokne suwara singsut nyeluk andhahane supaya mara menyang pendhapa kanthi siaga gegaman.

 

"Klumpukna kabeh andhahanmu Mingkur, kareben aku ora ndadak mindhon gaweni" kandhane Sima Loreng bareng ngerti Mingkur singsut ngundang andhahane.

 

"Setan alas kowe Jungkung" wangsulane Mingkur karo ngadeg, ditutne Ki Lurah lan Ki Bekel sing uga banjur ngadeg. Sauntara iku andhahane Mingkur wis padha teka kabeh, ana wong wong rolas sing padha nyekel gegamane dhewe-dhewe, siaga ngepung pendhapa.

 

"Ha ha ha..... " Sima Loreng ngguyu lakak-lakak krungu pisuhane Mingkur lan weruh andhahane Mingkur sing wis padha siaga.

 

"Ngapa kowe ngguyu Jungkung?" Mingkur nggetak karo mlilik nuduhne nesune.

 

"Kupingmu pancen budheg tenan Mingkur" wangsulane Sima Loreng sawise meneng guyune "wis kupingmu budheg isih ditambah matamu ya picek".

 

"Aja kakehan cocot kowe Jungkung" wangsulane Mingkur sing sansaya mundhak olehe nesu merga dilokne budheg karo picek "sedhela engkas, klakon tak suwek cangkemmu tenan kowe".

 

"Ha ha ha....." Sima Loreng bali gumuyu maneh banjur disusul wangsulan "kupingmu budheg merga ora krungu kandhane Jodhog karo kancane papat kae, Jungkung wis mati disembeleh neng alas. Matamu ya picek, merga kowe ora weruh sapa aku sing saiki ngadeg neng ngarepmu, lekna mripatmu ben weruh, jembrengen kupingmu ben bisa krungu sing ana ngarepmu iki Sima Loreng saka Paguron Parangabang. Ngerti?".

 

Mingkur lan andhahane padha kaget krungu jeneng Sima Loreng diucapne. Wong-wong kuwi pancen wis suwe krungu yen Sima Abang wis duwe wakil sing jenenge Sima Loreng, kasektene Sima Loreng ora pati adoh kaceke karo kasektene Sima Abang. Wis akeh susuhe para brandhal ditekani dening Sima Loreng dijaluki jatah kanggo ngragadi pagurone. Lan kabeh para benggolan brandhal padha ora ana sing bisa ngalahne kasektene Sima Loreng. Mingkur sing susuhe ndhelik durung konangan wong Paguron Parangabang, pancen durung tau diparani Sima Loreng. Malah Mingkur dhewe tau rerasanan karo andhahane yen nganti pandhelikane konangan dening wong Paguron Parangabang, lan diparani Sima Loreng, wis duwe niyat yen ora arep nglawan, arep manut apa sing dikarepne wong-wong Paguron Parangabang kuwi. Saiki kelakon, Sima Loreng wis tekan papan pandhelikane tenan. Mingkur dadi wiwit mikir, sida pasrah lan menehne apa sing dibutuhne Sima Loreng apa nglawan, merga tekane Sima Loreng mung ijen?.

 

Beda maneh karo sing ana angen-angene Jodhog karo wong papat kancane sing biyen tau arep mateni Jungkung. Jodhog karo wong papat kuwi kelingan, wis nggorohi Lurahe, kandha yen Jungkung wis dipateni lan bathane dibuwang neng jero jurang. Kamangka satemene, nalika samana Jungkung ora sida dipateni merga tekane Sima Abang . Apa kira-kira Jungkung banjur dipupu Sima Abang dadi muride? Sing wekasane duwe kasekten sing ngedab-edabi lan jenenge diganti nganggo jeneng Sima Loreng?.

 

 

ana candhake.

 


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...