41.
Byar padhang, Sima Loreng pamitan marang Widaru arep nerusne laku dikantheni dening Dhadhapsulasma. Senajan padha-padha olehe mlaku ngulon, nanging Sima Loreng ora bisa maneh nunut ing kretane Widaru sing iuga lagi mlaku tumuju arah kulon, jalaran yen manut weca sing ditampa Widaru saka Ki Gedhe Cupuwatu, dalan sing ditempuh dening Sima Loreng supaya bisa kepethuk gurune, kudu ngliwati pinggiring kali Uluayu. Padha dene antarane Sima Loreng lan Widaru sing durung suwe anggone tetepungan kuwi, olehe ngrasakne rasa sumendhal ing atine, jalaran anane pepisahan iki.
"Inggih boten langkung kula namung saged anyurung tindak ndika Kisanak Sima Loreng mawi donga mugi rahayua ingkang pinanggih, saha mugia saged lebda ing karya" kandhane Widaru karo nyalami tangane Sima Loreng.
"Ngaturaken panuwun Ki Sodagar" wangsulane Sima Loreng "mugo-mugi kula dalasan ndika, kaparingan nugraha panjang yuswa, temah benjing sasampunipun rampung anggen kula ngayahi kuwajiban menika saged kepanggih malih".
Kaya sing dikandhakne Widaru, pranyata mlaku munggah nurut bengawan kuwi ora gampang lan ora entheng. Ngliwati alas bebondhotan sing isih ketel lan peteng. Akeh pepalang sing ngadhang laku, bola-bali kudu mlumpati kewan gegremetan sing mawa wisa lan yen ketanggor gegremetan sing galak lan wani marang manungsa kudu diadhepi kanthi totohan nyawa. Nanging Sima Loreng babar pisan ora ngresula. Pancen rada beda karo Dhadhapsulasma sing uga tansah nyartani salakune Sima Loreng, merga Dhadhapsulasma sing wis wujud manungsa setengah prayangan kuwi kanthi gampang wae nyingkiri lan nglangkahi dalan sing diliwati.
Prasasat ora nganggo leren anggone padha mlaku, wong loro kuwi nganti pirang-pirang dina, malah pirang-pirang sasi nindakne lelaku. Nganti rupane Ki Sima Loreng ora karuwan wujude amarga kebarut gegrumbulan sing sok-sok akeh erine . Nganti ing sawijining dina, lakune wong loro kuwi tekan papan sing rada lempar, rada banar, ora ana bebondhotan nanging wujud gegrumbulan sing ora pati kerep. Wong loro kuwi banjur mandheg olehe mlaku, leren sinambi ngulat-ulati papan kuwi.
"Ketingale papan kene iki biyen tau dienggoni kadidene padhukuhan Ki Dhadhapsulasma" kandhane Sima Loreng marang kancane mlaku "ketitik siti ingkang warata, lan ing mrika-mriki kados wonten sela-sela ingkang rumiyinipun damel ompak gegriyan, ugi wit-witan agenge ketingal nisih radi tebih saking siti ingkang rata menika".
"Ketingale nggih ngoten Ki Sima Loreng" wangsulane Dhadhapsulasma "sak niki napa ingkang kedah awakipun piyambak lampahi ing papan menika Ki?".
"Nek miturut wecane Ki Gedhe Cupuwatu marang Ki Sodagar Widaru" Sima Loreng wiwit nggunakne basa ngoko merga saka rakete karo Dhadhapsulasma "sing kudu tak lakoni yen wis ketemu karo papan sing kaya ngene iki, ya iku supaya yasa padhukuhan kanthi mbabadi papan iki. Dadi tak kira olehku nurut munggah lakune bengawan wis cukup, saiki salin gaweyan ya iku mbabat alas yasa padhukuhan lan pategalan neng kene".
"Enggih Ki" wangsulane Dhadhapsulasma nganggo basa tugelan "sak niki ndika prentah mawon teng kula, apa sing kudu tak tindakne, merga aku kudu ngrewangi ndika nganti bisa kepethuk karo Guru nDika ya Ki Sima Abang, sing jarene Ki Sodagar mapane ora adoh ana sakiwa tengene papan kene iki".
"Nedha nrima sadurunge, Ki Dhadhapsulasma" kandhane Sima Loreng sabanjure "aja dadi atimu yen kapeksa aku manpangatne panandhang ndika sing wujud manungsa setengah prayangan iki kanggo ngrewangi anggonku arep nyambut gawe".
"Boten napa-napa Ki" wangsulane Dhadhapsulasma "ndika ora sah ndadak ngangge rikuh pekewuh karo kula, tata gelar kula niki ajeng ngrewangi ndika, nanging temene ngoten kula nembe nindakne dhawuhe Guru kula Raden Sengkan".
"O iya meh wae aku lali Ki Dhadhapsulasma" Sima Loreng kandha karo ngguyu "ndika kuwi rak muride Raden Sengkan ya Kyai Bantarangin alias Ki Bantarjati, mbuh endi sing luwih dhisik lan luwih tuwa anggone meguru, ndika iku tunggal guru karo Ki Sima Abang, guruku, dadi wajibe aku ngaturi sebutan Paman marang ndika. Rak ya ngono ta Paman?".
Dhadhapsulasma melu ngguyu ngakak krungu kandhane Sima Loreng sing ngono kuwi mau, nek dinalar lan dirunut pancen sing dikandhakne Sima Loreng ngono kuwi ana benere. Mula karo isih karo plengah-plengeh Dhadhapsulasma banjur guneman :
"Tak kira ngono ya ora luput Ki, eh, angger Sima Loreng. Wiwit dina iki, ndika kena ngundang aku nganggo sebutan Paman Lasma ngono wae marang aku, ora sah ndadak nganggo jeneng Dhadhapsulasma, nanging cukup Paman Lasma ngono wae".
"Ora liwat aku ngestokne dhawuh ndika Paman Lasma" wangsulane Sima Loreng uga karo ngguyu seneng.
"Saiki ngene" Lasma banjur kandha maneh "sanajan awune aku luwih tuwa, nanging jejere neng kene aku nindakne wajib saka guruku, ya iku momong ndika Angger Sima Loreng. Mula aku cadhong dhawuh apa sing kudu tak tindakne sabanjure?".
Sima Loreng meneng sedhela, mau dheweke nggagas yen kanggo yasa padhukuhan sarana mbabat alas lan gegrumbulan ing kono kuwi, kudu nggtunakne piranti sing kena kanggo mbabadi wit-witan lan gegrumbulan sarta piranti liyane. Mau, dheweke pancen wis mikir arep njaluk tulung marang Lasma supaya kanthi nggunakne kabisane bangsa prayangan ngulat-ulati lan nggoleki pasar ngendi sing cedhak dhewe karo papan kono, sing ana bakul gegaman lan piranti sing dibutuhake. Kanggo tuku barang utawa piranti sing dibutuhake kuwi Sima Loreng isih duwe dhuwit sing cukup, ya iku sangu saka Parangabang biyen.
"Sepisan maneh aku nyuwun pangapura Paman Lasma" sawuse meneng rada sauntara Sima Loreng banjur wiwit omong "ndika sing tenane klebu bangsa Prayangan, mesthi luwih gampang lan luwih cepet yen arep lelungan. Aku arep njaluk tulung marang ndika supaya nggoleki lan ngulat-ulati ngendi ana wong sing dodol pirantine kanggo babad lan yasa padhukuhan ing papan kene. mBuh kuwi neng pasar utawa ing Pandheyan".
"Kuwi wis bener Ngger" wangsulane Lasma "dadi ora sah ndika ndadak njaluk pangapura, klawan senenging ati aku arep nindakne apa sing dadi dhawuh ndika kuwi. Aku ngerti ndika dhawuh marang aku mung supaya nggoleki, merga ndika mesthi isih duwe rasa pekewuh marang aku, nanging kanggo ngrebut cukup, ndika singkirne rasa pakewuh mau, aku ndika dhawuhi wae golek piranti kanggo mbabad alas lan yasa padhukuhan neng kene iki".
"Ngono ya Paman Lasma?" tumanggape Sima Loreng trenyuh weruh katulusane Paman Gurune kuwi "yen mangkono kersane Paman Lasma, ya aku luwih matur nuwun maneh. Kajaba tak kongkon golek pirantine babad, ndika uga tak prayogakne golek tambahan tenaga mbok manawa ana wong sing kepengin golek lan gawe garapan kanggo tetanen, bisa ndika ajak melu babad ing papan kene".
Sima Loreng banjur ngetokne kanthong loro saka waliking klambine, sing siji isi dhuwit perak lan kanthong sijine isi dhuwit mas. Kanthong loro kuwi banjur dipasrahne marang Lasma kanggo nuku barang-barang sing dibutuhake kanggo sarana mbabad alas lan yasa padhukuhan.
"Iki Paman, saka Parangabang biyen aku nggawa sangu sethithik, ndika tampani kanggo nuku piranti sing tak aturne mau" kandhane Sima Loreng.
"Iya Ngger" wangsulane Sulasma "nadyan aku iki kena diarani bangsa prayangan, nanging uga isih setengah manungsa, dadi neng ngendi-endi aku ya isih nggawa sangu wujud dhuwit kaya dhuwit ndika iki, muga-muga dhuwitku landhuwit ndika iki mengko bisa cukup kanggo tuku piranti sing dibutuhne. Uwis, aku arep budhal saiki wae, mumpung wektune isih esuk".
Lasma ngadeg banjur ngecakne jiwa prayangane temah ora let suwe wis ilang saka pandulu, momor ima-ima arep nggoleki papan sing dodol barang sing dibutuhake. Sapungkure Lasma, Sima Loreng banjur nutugne olehe ngulat-ulati papan kuwi. Sawuse tutug niti priksa kahanan ing kono, Sima Loreng banjur miwiti nindakne panembah marang Gusti Allah. Sanajan wis ngrasuk agama rasul nanging gandheng Sima Loreng durung ngerti tata carane manembah miturut piwulange Kanjeng Nabi, sing ditindakne Sima Loreng manembah nganggo cara lawas, ya iku carane Agama Kapitayan sing diwulangake dening Gurune jaman semana, sing jarene manembah marang Sang Panguwasa Jagad, nut wewarehe sang Hyang Taya.
Sawise sesuci sarana adus kramas ing sawijining sendhang sing ditemu ing papan kuwi, Sima Loreng banjur golek papan sing becik, lungguh ing watu gedhe sing manggon ing ngisore wit ngrembuyung. Sedhakep saluku juga, ngeningake ciptane, nutupi babahan hawa sangane, mung siji kang kaesthi, mung sajuga kang sinedya masarahake pati uripe marang Sang Maha Tan Kena Kinaya Apa, nyuwun pituduh lan nyuwun kekuwatan murih rahayu sing tinemu sajroning ngayati kuwajibane. Sansaya suwe sansaya hening ciptane Sima Loreng, sansaya bening nalare, sansaya padhang sajroning atine, meh kabeh suwara bisa dirungu kanthi cetha tanpa ana tumpang suhe. Meh kabeh bisa kadulu tanpa ana aling-alinge. Pancen wiwit biyen Sima Loreng nyata wasis nindakne laku samadhi maladi hening.
ana candhake.