Total Tayangan Halaman

Kamis, 27 Januari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (062)

 


62.

mBuh pirang Pal adohe nggonku mlaku ndherekne tindake Guru, saben teka wayahe sembahyang Guru kendel banjur nindakne sembahyang, aku sing durung kesampiran kuwajiban jalaran wewujudanku isih rupa macan, ajeg melu nerokne apa samobah mosike Guru. Dening Guru aku iya ora dipenging nerokne ngono kuwi. Yen wayah bengi, uga leren anggone mlaku. Mung kerep wae yen wayah awan aku ora dikeparengake ndherekne Guru sing mampir ing padesan, nemoni wong-wong sing racak-racak wis akeh sing ngrasuk agama Rasul, dadi mampire Guru mung paring tuntunan bab laku sarengat. Olehe aku ora dikeparengake ndherek kuwi, jalaran ya mung awit saka wujudku sing bisa gawe wedine wong akeh, jeneh wis kaprah yen manungsa kuwi padha wedi lan girap-girap yen kepethuk macan gembong, luwih-luwih sing gedhene sak kebo benthung kaya aku iki. Yen wayah mangkono kuwi, aku leren ing alas karo nggladhi apa-apa sing diwulangake dening Guru, iya sing rupa ngelmu kanuragan iya sing rupa ngelmu liyane. Ing wayah pacak surup Guru ajeg wis rawuh karo ngasta pangan kanggo aku. Ngono kuwi mlaku mbuh pirang wulan suwene. Banjur Guru paring dhawuh, yen arep nerusake anggone tindak, aku ya banjur ndherekne.

 

Nalika semana tindake Guru wis sansaya adoh mangetan, kali sawur wis kaliwatan lan saben-saben kaya padatan banjur leren ing tengahing alas, yen awan Guru nindakne jejibahane aku nunggu ing alas papan kanggo palerenane. Nganti ing sawijining sore, nalika Guru rawuh beda karo padatan, Guru pasuryane Guru katon pucet, tindake semu sempoyongan, aku gagep-gage mapagne karo ati kebak pitakonan. Sawuse tekan papan sing padatan kanggo lerem, Guru banjur lenggah sendhen ing wit sing gedhe, mlebu metune napase Guru keprungu yen ora kaya padatan.

 

"Markidin" Guru nimbali aku klawan suwara sing alon.

 

"Inggih Guru?" gagean aku atur wangsulan.

 

"Sajake wis rekan titiwancine, aku lan ndika kudu pepisahan ing dina iki" dhawuh pangandikane Guru sabanjure "aku wis antuk isyarah saka Allah yen aku wis wayahe bali menyang asal-usulku sakawit. Mula aku mung bisa aweh weling marang ndika Ki Markidin, saungkurku aja nganti ndika nglalekne apa sing wis tak wulangake marang ndika. Jalaran ya mung kuwi sranane ndika bisa  nemokne apa sing sasuwene iki ndika upadi".

 

"Guru?" aku semaur semu kaget jalaran ora ngerti apa sing dikersakne Guru "Guru badhe kundur dhateng asal-usulipun Guru? menika ing pundi mapanipun? mbok inggiha wonten sih welasing Guru, kaparengna kula ndherek".

 

"Ki Markidin" Guru paring wangsulan suwarane sansaya alon "poma elinga, kaya sing wis  kerep tak tuturake marang ndika, saben titah kuwi asal-usule muhung saka Allah, lan yen wis jatahe urip ing jagad padhang iki entek kudu bali marang Allah. Mula ing pungkasaning uripku iki aku njaluk pambiyantumu dongakna marang Allah, muga-muga aku bisa bali marang Allah lan ora kesasar lakuku".

Bubar ngendika mangkono iku, lamat-lamat aku krungu Guru Kyai Bantarjati ngucapake klimah sadat lan Guru banjur kendel ora ngendika maneh. Tak grayahi sampeane Guru krasa anyep, tak sawang socane Guru dieremake, kaya lagi sare. Nanging suwepsuwe aku lagi ngerti yen jebule Guru wis seda, ninggalne aku.

 

Aku ngerti yen saben wong sing tau urip mesthi bakal nemoni pati, kalebu aku lan Guru. Nanging aku durung bisa nampa yen Guru kudu seda saiki, jalaran aku isih mbutuhake Guru kanggo nuntun nggonku nindakne laku tumuju marang kasampurnaning ngelmuku. Tuwuh osik sajroning atiku, biyen aku tau krungu yen ana wong sing bisa nguripake wong sing wis mati sing durung pesthine. Lan aku duwe panemu yen satemene Guru iki durung wancine seda, mula aku kudu mbudidaya nggoleki wong sing bisa nguripne Guru saka anggone seda. Sing dhisik liwat ing angen-angenku ya iku titahe Allah sing jare uga sanakane Guru Kyai Bantarjati, ya iku Ki Tanparupa, wong sing antuk nugrahaning Allah temah bisa ngambah alam sanga. Aku uga kelingan yen Ki Tanparupa keri dhewe ngatonake wujude marang Raden Angling lan Raden Kemuda ing Luwengan sing cedhak karo panggonan paleremane Guru jaman semana. Ora sranta, aku kepengin menyang Luwengan sing tak gawe jaman semana, saperlu nindakne riyalat supaya bisa karawuhan Ki Tanparupa.

 

Salirane Guru banjur tak candhak, tak unggahne ing gegerku tak gawa mlayu tumuju Luwengan papan ketemune Raden Angling lan Raden  Kemuda karo Ki Tanparupa. Murih ragane Guru ora tiba, buntutku sing dawa tak ubetne kanggo nggoceki salirane Guru. Kanggo ngringkes wektu, aku uga ngetrapake aji panglemunan murih luput saka panyawange wong-wong  sing nuju simpangan laku karo aku. Nanging jebul aku ora kuwawa nggawa salirane Guru ing jagad panglemunan, dadi Guru panggah katon lan kena disawang, malah buntut sing tak enggo nggoceki salirane Guru uga bisa diingeti. Aku lagi krasa nalika playuku ngliwati padesan lan bola-bali simpangan karo wong padesa. Kabeh-kabeh padha alok yen ana wong turu sing ditaleni dhadhung, nanging bisa mabur ing ndhuwur lemah kanthi cepet. Dadi Guru sing seda lan tak tumpangake gigirku kuwi katon kaya lagi sare sauntara buntutku sing nggubed nggoceki dikira dhadhung. Karo mlaku aku nggagas, wong-wong kuwi sanadyan weruh buntutku nanging ora ngerti yen kuwi buntutku, nanging dikira dhadhung. Kanggo pangeling-eling, lelakon kuwi aku banjur mandheg kanthi tetep ngetrapne aji panglemunan, nyedhaki salah sijine wong. Wong sing tak cedhaki dadi girap-girap jalaran weruh wong ngglethak ora ngambah lemah kanthi talenan dhadhung. Aku banjur kandha marang wong mau mangkene :

 

"He manungsa, sumurupa sing liwat iki satemene Waliyullah sing lagi tapa nendra, gandheng sing ndika weruhi salirane Waliyullah iki lagi talenan dhadhung, seksenana mbok menawa ana rejaning jaman papan iki karana Dhadhung".

 

Mesthi wae wong mau dadi sansaya girap-girap, jalaran krungu suwara sing ora ana rupane. Lan sadurunge wong mau sansaya cetha nggone nyawang salirane Guru, aku wis nggeblas mlayu klawan aji sepi anginku.

 

Aku terus mlayu lan mlayu, karo nggegetne untu, jalaran arepa dikaya apa atiku banget nelangsa nemoni lelakon sing kaya mangkene iki. Saking kuwate nggonku nggegetne untu, prasasat kaya ngrampal-ngrampalna untu lan gusiku. Kanggo pangeling-eling yen ing kene untuku krasa kaya rampal-rampala, karo mlayu aku nyenyuwun marang Allah muga-muga mbesuk papan kene kuwi karana Rampal.

 

Wasana playuku tekan panggonan sing tak tuju ya iku luwengan sing  biyen tak gawe lan tak gunakne kanggo ngunjara Raden Angling lan Raden Kemuda. Lon-lonan salirane guru tak udhukne saka gigirku. Aku banjur mlebu luwengan arep nindakne laku semedi kanthi panyuwunan muga-muga bisa karawuhan Ki Tanparupa. Nanging pranyata kang tak temoni sajroning nindakne laku semedi ing luweng kuwi, beda karo sing tak arep-arep. Sajronin g layap-liyep ing aluyut, aku dikagetake dening suwara sing tanpa wujud sing muni mangkene :

 

"He Macan Markidin, kowe kuwi dadi muride Kyai Ngalim kok bodhomu ora ilang-ilang. Gurumu kuwi wis seda, becike enggal dikubur ing bumi. Lha kok malah mbok gawa mloya-mlayu kaya mangkono?. Karo maneh nek kowe nggoleki Ki Tanparupa, mbok cegata nganti sewu tahun neng kene, ora bakal kowe bisa kapethuk panjenengane. Jalaran Ki Tanparupa saiki manggon ora adoh saka papan Gurumu seda".

 

Aku rumangsa serik krungu suwara sing tanpa ana wujude kuwi. Nanging aku ya percaya karo isining suwara, aku banjur munggah saka luwengan. Ragane Guru tak candhak tak unggahne nyang geger, aku banjur bali mlayu mangetan arep nggoleki Ki Tanparupa kaya unine suwara mau sing ngandhakne yen Ki Tanparupa saiki manggon ora adoh karo papan sing mau kanggo lerem Guru karo aku.

 

Playuku bali mangetan, Kali Sawur wis tak sabrangi lan wis adoh olehku mlayu ing sawetane Kali Sawur. Dumadakan gegerku sing prakosa, sing maune ora krasa apa-apa nadyan tak tumpangi salirane Guru, krasa kemeng sing ora bisa tak empet. Aku kapeksa mandheg sedhela, leren salirane Guru kapeksa tak udhukne, kanggo nglereni kemenge gigirku. Rada suwe anggonku leren ing kono, wekasan rasa kemeng kuwi banjur ilang. Ragane Guru bali tak unggahne ing geger maneh lan aku nerusne laku mangetan parane. Kanggo pangeling-eling, yen ing kono gegerku krasa kemeng, aku banjur nyenyuwun marang Gusti, muga-muga papan kono kuwi mbesuk karana Kemeng geger.

 

 

ana candhake.

 

Cathetan : mbok menawa sing diarani Dhadhung kuwi saiki padesan sacedhake Pondok Gontor Putri 1 kae, Rampal kuwi kira-kira sacedhake Mantingan  kae, lha nek Kemeng geger kuwi desa lor bengawan sing saiki jenenge Mengger. Kuwi mung kira-kiraku wae lho!. mBuh tenane!.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (061)

 


61.

Raden Angling lan Raden Kemuda manthuk-manthuk tandha yen wis bisa nampa marang apa sing dingendikakne dening Bapa Guru Kyai Bantarangin. Beda karo aku sing satemene isih kepengin ngerti luwih akeh maneh marang sapa sejatine Ki Tanparupa kuwi, nanging gandheng aku ngerti nek Bapa Guru isih arep paring dhawuh luwih akeh maneh marang Tumenggung loro kuwi, mula aku ya durung wani matur. Pikirku mengko utawa sesuk wae yen ngepasi Bapa Guru longgar aku arep nyuwun pirsa sing luwih akeh maneh.

 

"Inggih Kakang" Raden Angling banjur matur marang Bapa Guru "angkah kula kalih Adhi Kemuda inggih badhe nindakaken dhawuh pitedahipun Ki Tanparupa kala wau, jumbuh kaliyan menika mugi Kakang Kyai kepareng paring pitedah menapa ingkang kedah kula lampahi murih saged nindakaken dhawuhipun Ki Tanparupa kala wau?".

 

"Yen kuwi sing Adhi Tumenggung kersakne" Bapa Guru paring wangsulan "sing sepisan Adhi Tumenggung kudu ndandani lekas sing wis mlenceng saka tujuwan sakawit, cethane biyen sadurunge Dhimas Menggung tepung karo Raden Panji Narantaka, lekase Adhi Menggung ngabdi marang Kanjeng Sultan kuwi rak merga kepengin udhu bau lan panemu murih panguripane kawula ing Tanah Jawa dadi luwih becik?. Nanging bareng Adhi Tumenggung tepung karo Raden Panji Narantaka banjur owah lan kagungan gegayuhan arep ndherek lekase Raden Panji Narantaka sing arep ngedegne Majapahit anyar? Mula lekase Adhi Tumenggung kudu mbalik marang lekas sekawit, aja kegiwang karo pangiming-iminge Raden Panji Narantaka sing mung bisa kaleksanan ing sajroning angen-angen wae".

 

"Inggih Kakang" Raden Angling atur wangsulan "mila leres dhawuh ndika Kakang Kyai, kula kalih Adhi Kemuda estu badhe misah kaliyan Kakang Raden Panji Narantaka lan boten badhe gadhah pangangen-angen madegipun nagari enggal ing Tanah Jawi ingkang winastan Majapahit Enggal, jalaran kula sampun kaparingan sumerep dening Ki Tanparupa bilih menawi kula kekalih nggega lan nuruti lekasipun Kakang Panji Narantaka badhe lebur tanpa dadi, nanging menawi kula purun setya tuhu dhateng Kanjeng Sultan sarana sumuyud ndhateng Gusti Pangeran Benawa miwah Raden Sutawijaya, mangka kula kekalih badhe manggih kamulyaning gesang".

 

"Tak kira wis cetha apa sing dadi dhawuhe Ki Tanparupa marang Adhi sakloron" Guru Kyai Bantarjati ngendika maneh "mula rerigenku marang Adhi sakarone, Adhi Menggung tak aturi matur lan nyuwun dhawuh marang Kanjeng Sultan Pajang murih anggone Adhi Tumenggung sakloron luwih tumemen nggone ngabdi marang praja sarta marang Kanjeng Sultan, Adhi sakloron nyuwuna palilah murih dikeparengake ndherek sabiyantu marang Raden Sutawijaya sing wektu iki lagi ngayahi jejibahan mbabad Alas Mentaok. Yen panyuwune Adhi Tumenggung dikeparengake dening Kajeng Sinuhun, mbok menawa ing kono margane Adhi Tumenggung bisa nemu nugrahaning Allah".

 

"He he he......" Raden Kemuda ngguyu rada banter "matur nuwun Kakang, samangke kula sampun emut bilih Ki Tanparupa dhawuh bilih kamulyan kula kekalih kawiwitan saking wana Mentaok".

 

"Sokur ta Dhimas Tumenggung yen iku wis dadi wecane Ki Tanparupa, mula rerigenkiu marang Adhi sakloron sabanjure tak kira Adhi Tumenggung sakloron luwih prayoga yen enggal kundur menyang Pajang lan munjuk atur marang Kanjeng Sultan Adiwijaya" Bapa Guru Bantarjati mungkasi nggone paring rerigen marang Raden Angling lan Raden Kemuda.

 

Dina iku uga Raden Angling lan Raden Kemuda banjur pamit arep kundur menyan Pajang nindakne apa sing didhawuhne dening Bapa Guru Kyai Bantarjati. Sing kari ana kono mung aku karo Bapa Guru Kyai Bantarjati. Lan aku wiwit kaparingan tuntunananing urip sing jumbuh karo piwulange agama Islam dening Bapa Guru Kyai Bantarjati. Ora winates ing babagan ngelmu sarengat utawa tatacara manembah sing wis ginarisake wae, kaya dene tata carane sembahyang, tata carane pasa, tata carane jakat lan sapiturute, nanging uga tata carane urip bebrayan sing kudu ditindakne dening wong sing wis nggilut agama Islam. Dhawuhe Rama Kyai Bantarjati, agama Islam mulangake lan majibake para mukmin supaya nggedhekne rasa dhemen tetulung marang sapepadhane kang lagi nandhang kasangsayaning urip. Para Muslim, ya iku wong sing ngrasuk agama Islam, diwajibake bisa nyebar karahayon marang titah sajagad tanpa nyawang wujude titah. Lan isih akeh maneh piwulang sing tak tampa saka Bapa Guru Kyai Bantarjati.

 

Kira-kira oleh setahun aku manggon ing pondhoke Guru Kyai Bantarjati, Bapa Guru paring dhawuh marang aku yen Panjenengane kadhawuhan dening Syekh Jumadilkubra lumantar Ki Tanparupa ing pasupenane. Dene wosing dhawuh ya iku Bapa Guru Kyai Bantarjati kadhawuhan nutugne laku dakwah mangetan parane.

 

"Ki Sima Abang" mangkono dhawuhe Guru marang aku gegayutan karo sasmita sing ditampa ing pasupenane "lumantar Ki Tanparupa dening Guru Syekh Jumadilkubra aku kadhawuhan napak tilas tindake Guru, ya iku aku kadhawuhan lelana laku dakwah mangetan, ndika tak wenangake milih, pilih ndherek aku utawa pilih keri ana kene, utawa pilih misah golek dalan dhewe?".

 

"Guru" aku matur "weca ingkang kula tampi duk rikala kula maneges ing Gunung Wilis rumiyin, sagedipun kula nggayuh kasampurnaning ngelmi, kula kedah puruita dhumateng ndika Guru. Kamangka kula rumaos dereng paya-paya saged manggih kasampurnaning ngelmi kula, malah dugi titi wanci menika kula inggih dereng saged luwar saking panandhang wujud kewan menika, inggih awit saking menika kepareng boten kepareng, kula badhe ndherek lan boten saged pisah kaliyan Guru".

 

"Ki Sima Abang" Guru paring dhawuh maneh "aku rak wis bola-bali kandha ta? sing diarani kasampurnaning ngelmu iku, iya ngelmu apa wae klebu ngelmu kanuragan lan ngelmu liyane kuwi kena diarani yen ora ana. Jalaran kasampurnan kuwi mung kagungane Allah, dene yen titah kepengin luwih caket klawan sing diarani kasampurnaning ngelmu iku mung siji sing dadi carane, ya iku titah sing kagadhuhan ngelmu murih bisa mujudake yen sarana ngelmune titah kasebut kudu bisa sansaya luwih caket klawan Allah utawa pareg marang piwulange agama. Dadi aku mung bisa aweh pitutur marang ndika sing wis dadi murid lan sekabatku, aja kendhat nggon ndika mbudidaya cedhak marang Allah, becik iku nalikane ndika cecaketan karo aku utawa ora. Dadi ndika aja gumantung marang aku nanging gumantunga marang Maha Murahe Allah".

 

"Inggih Guru" aku atur wangsulan "dhawuhipun Guru estu badhe tansah kula estokaken, kula boten badhe kendel mbudidaya murih tansah pareg dhateng piwucaling agami ingkang kula rasuk menika. Nanging kula ugi dereng kepengin pepisahan kaliyan Guru, awit saking menika kula badhe ndherek Guru tindak dhateng pundi kemawon, kula ugi sampun mupus sarta nampi sedaya kodrat ingkang tumanduk ing badan kula, sanaosa mbok bilih ngantos kukuding gesang kula boten saged wangsul dados manungsa, kula inggih boten badhe ngresula".

 

"Sokur ta yen mangkono Ki Sima Abang" Guru paring dhawuh "kanthi pangucap ndika sing mangkono kuwi nuduhake yen ndika tuhu-tuhu murid sing bekti marang Guru pangucap ndika sing keri dhewe kuwi nuduhake yen ndika kukuhi lan ndika gondheli nganti puputing yuswa, nyata ndika kuwi klebu titah sing mareg marang agama, utawa mareg marang Dien. Mula kanggo pangeling-eling ngiras pantes ndedonga marang Allah murih ndika teguh ing kamusliman, wiwit dina iki ndika tak wenehi tetenger MARKIDIN sing tegese Mareg marang Agama. Sumurupa Markidin, ora ateges ndhisiki kersaning Allah mbok menawa wae mbesuk sing bisa dadi lantaran ndika pulih bali dadi manungsa kuwi ora ana liya kajaba murid ndika dhewe, mung emane murid ndika kuwi bakal genti sing dadi wujud macan kaya ndika iki, nanging ora suwe, mbesuk yen murid ndika wis kepethuk karo muride Ki Tanparupa sing wujude satriya admajaning nata sing nindakne laku lelana ing kono mbarengi murid ndika bisa pulih bali dadi manungsa".

 

Isih akeh maneh pitutur sing tak tampa saka Guru Kyai Bantarjati lan wiwit kuwi sebutan Sima Abang wis ilang lan jenengku wis ganti dadi Markidin. Dadi aku iki macan sing duwe jeneng Markidin utawa Macan Markidin.

 

Dina candhake laku lelana dakwahe Guru kawiwitan, ya iku kanthi tindak mangetan parane. Kaya sing wis dikeparengake dening Guru, aku ora pisah tansah tut wuri ndherekne tindake Guru.

 

ana candhake.

 


Rabu, 26 Januari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (060)

 


60.

Guru Kyai Bantarjati sajak kasengsem midhanget ature Raden Angling, mustakane manthuk-manthuk lan pasuryane katon sumunar padhang. Sawuse kendel rada suwe lagi, Guru ngendika alon semune mundhut pirsa marang Raden Angling :

 

"Mau Dhimas Menggung ngendikakne yen Paman Panembahan Suwelagiri disedani dening Raden Panji Narantaka? kuwi kelakone kapan Dhimas? lan ya gene Dhimas narimakne wong tuwane disedani? sarta kepiye wartane Bapa Ajar Guritwesi sawuse aku lunga lan durung kober endhang mulih ing padhepokane?"

 

"Tadhah duka Kakang" wangsulane Raden Angling karo tumungkul sajak sedhih, ing sisihe Raden Kemuda uga nuduhne sikep sing padha "estunipun let tigang wulan saking anggenipun Kakang Raden Sengkan jengkar ndherekaken Syekh Jumadilkubra, Siwa Ajar Guritwesi ugi lajeng tindak mangetan nginggahi Redi Lawu, ngendikanipun badhe nusul Kanjeng Sinuwun ingkang sampun jumeneng Sunan Lawu.  Boten dangu saking anggenipun jengkar Siwa Ajar, Kakang Raden Panji Narantaka rawuh ing Padhepokanipun Rama Panembahan, rawuhipun Kakang Raden Panji Narantaka sinartan Gurunipun, inggih Bapa Ajar Wisanaga. Sareng Kakang Raden Panji Narantaka pirsa bilih Siwa Ajar saha Rama Panembahan sampun ndherek nggilut agaminipun Syekh Jumadilkubra, Kakang Raden Panji Narantaka tuwin Bapa Ajar Wisanaga sakalangkung ing dukanipun. Lajeng Bapa Ajar dhawuh murih Rama Panembahan wangsul dhateng agaminipun ingkang rumiyin, jalaran dhawuhipun Rama Ajar Wisanaga rentahing Majapahit menika awit saking pokalipun para tiyang ingkang ngrasuk agami saking tanah manca menika. Sarta malih, anggenipun Kakang Raden Panji nata kekiyatan amangsulaken kaluhuran Majapahit mangke sasampunipun Sultan Pajang surut, boten badhe saged gangsar menawi taksih wonten titiyang ingkang nggega dhateng pangajakipun tiyang-tiyang ingkang mastani piyambakipun menika Wali".

 

"Banjur Paman Panembahan ngukuhi ora kersa nuruti dhawuhe Ajar Wisanaga? Lan Dhimas sakloron kepriye?" Bapa Guru Kyai Bantarangin nyelani rembug.

 

"Inggih Kakang" sing mangsuli genti Raden Kemuda "nalika samanten kula kalih Kakang Angling langkung pitados dhateng Kakang Raden Panji Narantaka ingkang miturut wecanipun Bapa Wisanaga sasurutipun Kanjeng Sultan, badhe jumeneng Nata ing Majapahit ingkang enggal lan Kakang Angling badhe kawisuda minangka Ratu Anggabaya dene kula badhe pinitados minangka wrangka nata, dados kula inggih babar pisan boten nggega menapa ingkang dipun ngendikaken Rama Panembahan. Salajengipun, kados ingkang ndika Kakang Kyai ngendikaken Rama Panembahan Suwelagiri puguh boten kersa nuruti dhawuhipun Bapa Ajar Wisanaga  malah ngendika menawi pangandikanipun Bapa Ajar Wisanaga menika ujar ngayawara. Wasana Kakang Raden Panji Narantaka boten saged ngampet anggenipun duka, Rama Panembahan linarihan tumbak Kyai Luring, temah dados lan sedanipun".

 

"Sabanjure kepriye Dhimas?" Bapa Guru Kyai Bantarjati mundhut pirsa malih.

 

"Salajengipun Bapa Ajar Wisanaga lajeng andum damel" Raden Kemuda nutugne crita "kula kalih Kakang Angling kadhawuhan pados warta dhateng pundi jengkaripun Kakang Sengkan ingkang ndherekaken Syekh Jumadilkubra, menawi kepanggih kadhawuhan paring pemut supados wangsul dhateng kapitayan lawas dene menawi boten purun kula kadhawuhan nyirnakaken ndika Kakang Kyai Bantarjati, temah kula kalih Kakang Angling saged pepanggihan kalih ndika Kakang antawis kalih  tahun kapengker menika. Bapa Ajar Wisanaga lajeng ngendika menawi badhe nututi jengkaripun Siwa Ajar dhateng Redi Lawu, dene Kakang Raden Panji Narantaka kadhawuhan ngkajengaken anggenipun nungsun kekiyatan ing Wana Patalan, saha boten kaparengaken tindak nilar wana Patalan menawi boten wonten prakawis ingkang langkung wigatos, jalaran inggih ing wana Patalan menika ing tembenipun badhe kawangun Kuthaning Raja Majapahit ingkang enggal".

 

Krungu critane Raden Angling lan Raden Kemuda, aku dadi ngerti ya gene wong loro kuwi wingenane wani njangkar lan nguneni kanthi basa sing ora pakra marang Bapa Guru Kyai Bantarjati. Nanging sawuse tak cemplungne ing luwengan lan tak tutup nganggo kekayon sing gedhe-gedhe, banjur katekan sing miturut Bapa Guru mbok menawa Korin saka Panembahan Suwelagiri ya wong tuwane Raden Angling lan Raden Kemuda dhewe, banjur nindakne laku tapa ngluweng pisan lan karawuhan Ki Tanparupa sing wis kuwawa malik ati lan pikirane wong loro kuwi temah malih kaya saiki iki. Banjur Ki Tanparupa kuwi sapa? Aku kepengin nyuwun pirsa marang panjenengane Guru Kyai Bantarjati, nanging mengko nek wis kahanan rada sepi.

 

"Iya-iya Dhimas Menggung, kabeh apa sing dadi pangandikane Dhimas sakloron wis tak ngerteni" Guru paring dhawuh maneh "gandheng saiki Adhimas wis percaya karo sing dikandhakne Ki Tanparupa, banjur kersane Dhimas menggung sakloron banjur kepiye?".

 

"Inggih Kakang" Raden Angling banjur semaur "saderengipun kula mangsuli atur dhateng ndika kakang Kyai Bantarjati, saestu kula kepengin mangertos sinten sejatosipun Ki Tanparupa menika? awit bares kures kula kalih Adhi Kemuda nembe kesupen kaliyan salah satunggaling dhawuhipun Ki Tanparupa dhateng kula kekalih magepokan kaliyan ingkang badhe kadhawuhaken Kakang Kyai bantarjati dhteng kula mangke, sasampunipun kula ngambali atur dhateng ndika Kakang Kyai".

 

"Ooo kuwi ta Dhimas?" Bapa Guru Kyai Bantarjati paring wangsulan karo mesem "yen kuwi, aku kudu aweh wangsulan marang dhimas Tumenggung cacah loro. Sing sepisan magepokan karo sapa satemene Ki Tanparupa kuwi? Kaping pindho perkara apa sing dingendikakne Ki Tanparupa sing saiki Dhimas menggung lagi supe".

 

"Inggih Kakang kadospundi?" Raden Angling matur maneh.

 

Aku dadi seneng krungu yen Raden Angling nyuwun pirsa Ki Tanparupa kuwi sapa? jalaran aku uga kepengin ngerti dene ana wong sing duwe kasekten malik atine Tumenggung loro kuwi.

 

"Aku pancen nate kepethuk kawulane Allah sing ngagem asma Ki Tanparupa kaya sing Dhimas kandhakne kuwi, Panjenengane Ki Tanparupa kuwi kepara asring paring pitutur sarta pitulungan marang aku. Nalika aku nyuwun pirsa marang Guruku ya Syekh Jumadilkubra, aku dingendikani yen Ki Tanparupa kuwi titahing Allah jinising manungsa sing awit saka cakete karo Allah nuli kaparingan kanugrahan bisa ngambah jagad sanga kanthi mardika" Guru wiwit paring katrangan bab Ki Tanparupa, aku melu ngrungokne kanthi tenanan.

 

"Jagad Sanga Kakang?" Raden Kemuda nyela rembug "nembe sepisan menika kula mireng ingkang winastan jagad sanga, menika menapa Kakang?"

 

"Miturut dhawuhing Guruku" Guru paring wangsulan "jagad sing digelar dening Allah kuwi upama digambarake kaya dene lembaran, dumadi saka pirang-pirang lembar saben jinising kawula ngenggoni jagade dhewe-dhewe. Kawula kang antuk nugrahaning Gusti sok bisa ngambah jagad utawa alam sing dudu jagade dhewe wae, nanging uga bisa ngambah jagade kawula jinis liyane. Kaya upamane kawulane Allah sing wujud manungsa, sing lumrah manungsa ya mung bisa weruh lan ngambah jagade dhewe sing kasat mripat pinangku ing pratiwi kaluhuran ing akasa iki. Nanging ana kalane manungsa kang wus antuk nugrahaning Allah, iya jalaran saka pambudidayaning manungsa dhewe kang dikeparengake dening Allah, temah ana manungsa sing bisa ngawruhi jagading kawulane Allah liyane, upamane jagade para Jin, jagade para Prayangan. Kosok baline uga ora sethithik bangsa Jin sing amarga antuk nugrahaning Allah temah bisa ngambah jagade manungsa. Lha pirang lembar cacahing jagad kuwi aku durung ngerti. Yen Guru ngendikakne Ki Tanparupa kuwi jinising manungsa sing antuk kanugrahan temah bisa ngambah jagad sanga kanthi merdika, kira-kira wae caching jagad kuwi luwih saka sanga".

 

"Nyuwun pangapunten Guru" ora krasa aku kumawani matur nyelani dhawuhe Guru.

 

"Iya ana apa Ki Sima Abang?" Guru ora duka malah aku didangu ana apa.

 

"Ing kapitayan kula ingkang lami, Guru kula ugi nate sakedhik cariyos bilih wonten titahing Gusti ingkang memper kaliyan Ki Tanparupa menika, dene asmanipun Sang Hyang Wilis utawa Bathara Ijo, menapa Ki tanparupa menika sami kaliyan Sang Hyang Wilis utawi Bathara Ijo menika Guru?" aku matur nyuwun pirsa, critane Guru tak cocogne karo crita sing tak tampa saka guruku sing biyen.

 

"Bab kuwi Ki Sima Abang" Guru paring wangsulan karo mesem "uga tau tak suwunake pirsa marang Syekh Jumadilkubra, Panjenengane Guru paring dhawuh yen ora pirsa, jalaran uga ana ing kapitayan liya yen biyen nganti saiki isih ana kawulane Allah sing memper karo Sang Hyang Wilis utawa Bathara Ijo kuwi, yaiku kang asma Bagindha Kilir utawa Bagindha Kidir, nanging Guru uga paring dhawuh yen sapa sing diarani Ki Tanparupa utawa Sang Hyang Wilis utawa Bagindha Kilir kuwi wong siji apa seje-seje, Guru uga durung pana".

 

"Makaten inggih Kakang?" Raden Kemuda matur marang Guru.

 

"Iya Dhimas, dadi sanadyan wangsulan sing tak wenehake marang Adhi Tumenggung sakloron iki mbok menawa durung bisa gawe mareming penggalih, tak jaluk Adhi Tumenggung sakloron bisa nampa kanthi legawa" wangsulane Guru sabanjure "saiki ndungkap wangsulan sing angka loro, bakal tak critakne sawise Adhi Tumenggung sepisan maneh mrasajakne apa sing dadi kersane sawuse ketemu karo Ki Tanparupa kuwi. Ya kanthi anyemak apa sing bakal dadi wangsulanku mengko, adhimas Tumenggung sarimbit bakal bali eling marang sing lagi disupekne".

 

 

ana candhake.


Selasa, 25 Januari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (059)


59.

Durung tutug Guru nyritakne Raden Angling lan Raden Kemuda sing pranyata Punggawa Kraton Pajang kuwi, sing dadi bebakalan rembugan wis rampung nggone reresik awak lan salin. Wong loro Kakang adhi kuwi banjur mlebu omah nusul olehku jejagongan karo Guru. Slagane Raden Angling lan Raden Kemudea banget beda karo pas lagi teka wingenane kae. Nek wingenane Raden Angling apa dene Raden Kemuda padha njangkar asmane Guru lan kober nguneni nganggo tembung kasar, dumadakan dina kuwi wong loro padha ngambung jengkune Guru sing lagi lenggah sila karo tangane ditangkepake sikep sembah.

 

"Kula ingkang sowan Kakang, pangabekti kula mugi katur" Raden Angling ndhisiki sungkem lan ngaturake bekti marang Guru, banjur diterokne Raden Kemuda kanthi sikep lan tembung kang padha.

 

"Iya Dhimas Menggung, pangabekti dhimas sarimbit wis tak tampa gawe senenging atiku" wangsulane Guru karo mesem semanak, banjur Guru genti paring dhawuh marang aku : "Ki Sima Abang, yen ndika durung tepung adhi Raden Tumenggung Angling apa dene Dhimas Tumenggung Kemuda, kekarone iki sapukawat Kasultanan Pajang, ewadene aku ora basa marang Panjenengane sakloron jalaran awune isih tuwa aku, kekarone iki putrane Bapa Pamanku dhewe, dadi isih klebu adhiku".

 

"Inggih Guru" aku wangsulan sanadyan mau wis diparingi ngerti dening Guru bab kuwi, banjur aku genti sing matur marang wong loro sing dhek mau tak luwari saka pakunjaranku "Bekti kula katur Gusti Menggung sekalihan".

 

"Maturnuwun Ki Sima Abang" sing wangsulan dhisik Raden Angling "gandheng ndika kuwi jebul siswane Kakang Kyai Bantarjati, padha karo pulunanku dhewe, dadi ndika yen ngundang aku apa dene Adhi Kemuda, aja nganggo sebutan Gusti Tumenggung, nanging luwih kepenak dirungokne yen ndika ngundang aku Paman wae".

 

"Inggih Paman, ngaturaken genging panuwun" wangsulanku.

 

Aku temen-temen ora bisa mikir anane owah-owahan sing ndadak iki mau. Raden Angling apa dene Raden Kemuda katon andhap asor sikep sing dituduhne ing ngarsane Guru Kyai Bantarjati lan gelem aweh wangsulan sing alus lan becik marang aku sing mung wujud kewan iki, malah kepara mbasakne aku marang dheweke lan adhine nganggo sebutan Paman sing ateges didhaku kaya dene kulawargane dhewe.

 

"Nuwun sewu Kakang Kyai" sawuse sauntara meneng Raden Angling banjur guneman, matur marang Guru Kyai Bantarjati "mbok menawi kemawon Kakang Bantarjati radi ngungun lan rumaos wonten ingkang aneh kalih sowan kula kekalih menika. Makaten ugi tumrap Ki Sima Abang ingkang sampun paring margi dhateng kula kekalih manggih pitedahing Gusti sarana angunjara kula kalih Adhi Kemuda ing salebeting luwangan katutup mawi kekajengan menika kala wau".

 

"Apa sing Dhimas ngendikakne pancen kepara nyata" Guru paring wangsulan "jalaran, jaman pepisahan watara rong tahun kepungkur, Dhimas Menggung sarimbit ninggal weling yen bakal bali mrene maneh saperlu nuduhne yen Adhi Menggung sakloron mesthi bisa nguntapne yitmaku menyang Yamani Loka. Nanging iki mau aku nampa ature Ki Sima Abang yen wis sawatara dina Dhimas sakloron padha nindakne tapa ngluweng lan meling marang Ki Sima Abang supaya nggone tapa Dhimas Sakloron supaya digugurake sawayah-wayah aku teka saka nggonku lelungan. Mula bares wae, lan sing gedhe pangapurane si Adhi sakloron yen aku gumun karo sikepe si Adhi marang aku apa dene marang Ki Sima Abang iki mau".

 

"He he he he" Raden Kemuda ngguyu lirih krungu ngendikane Guru ngono kuwi, banjur guneman "jebul ora mung wasis nampani ngelmu kanuragan wae Ki Sima Abang kuwi, klebu nampani sipat kawicaksanane Kakang Bantarjati uga baud. Aku mung bisa melu bungah lan marem dene duwe pulunan kaya Ki Sima Abang iki".

 

Raden kemuda jebul ora mangsuli pangandikane Guru malah aweh pangalembana marang aku, aku mung meneng karo ndhingkluk semu isin, dialem lan didhaku ponakan dening wong sing wingenane meh wae mateni aku.

 

"Ngendikane Dhimas Tumenggung Kemuda iki malah nambahi bingungku, Dhimas" bareng aku mung meneng Guru sing banjur ngendika "cethane wae piye? tulung jarwanana wong tuwa sing kangelan ngulir pikir iki he he he".

 

"Cariyosipun makaten Kakang" Raden Angling nata lungguhe banjur guneman.

 

"Iya piye Dhimas, cethakna!,  tak rungokne" ngendikane Guru paring wangsulan.

 

"Estunipun" Raden Angling miwiti crita "kados ingkang sampun dipun ngendikakaken dening Kakang  Kyai ing ngajeng, bilih anggen kula dumugi mriki menika, boten wonten tujuwan sanes kajawi badhe males wirang dhateng Kakang Kyai. Jalaran kula kalih Adhi Kemuda sampun kaweleg aji jaya kawijayan dening Kakang Raden Panji Narantaka, lan Kakang Panji Narantaka paring dhawuh menawi kula taksih kasoran mengsah Kakang Bantarjati, ateges pancen Kakang Bantarjati menika mila mapan ing margi ingkang leres. Nanging nalika kula lan Adhi Kemuda dumugi mriki, jebul Kakang Bantarjati boten wonten ing dalem".

 

"Iya bener Adhi Tumenggung" Guru nyelani critane Raden Angling "wingenane aku lagi nindakne kuwajibanku dakwah ing padesan ora adoh saka papan kene. Banjur Dhimas Tumenggung sakloron mesthine rak ya kepethuk karo Ki Sima Abang ta? Wong Ki Sima Abang tak pasrahi nunggoni pondhok paleremanku iki".

 

"Leres Kakang" Raden Angling semaur banjur nutugne critane "kula kekalih dipun panggihi Ki Sima Abang lan dados perang ingkang sakalangkung rame, antawisipun kula lan adhi Kemuda mengsah siswa ndika Kakang Kyai, inggih Ki Sima Abang menika".

 

"Dhimas sakloron tukaran karo Ki Sima Abang?" Guru Kyai Bantarjati mundhut pirsa, aku ngerti yen Guru mung nambong, api-api durung pirsa "banjur sing nandangi Ki Sima Abang, Dhimas Tuemnggung Kemuda apa Dhimas Tumenggung Angling?".

 

"He he he he ....... Ki Sima Abang kula krubut kalih Kakang Angling, Kakang Kyai" Raden Kemuda sing nyauri karo gumuyu "nanging kados timun mungsuh duren, sedaya pangabaran lan aji jaya kawijayan peparing saking Kakang Raden Panji Narantaka sampun kula suntak sedaya, ewa samanten sadaya gagar wigar tanpa karya, malah kula kalih Kakang Angling dipun damel katelasan tenaga dening pulunan kula menika. Sareng sampun boten kiyat ngglawat, kula kalih Kakang Angling lajeng kacemplungaken dhateng luwengan ingkang lebet, dipun tutup mawi kekajengan ingkang ageng-ageng. Suwaunipun kula gadhah panginten bilih Ki Sima Abang nedya damel pejah kula kalih Kakang Angling ing salebeting luwengan kala wau. Jebul mila nalar kula kemawon ingkang bodho balilu temah boten ngertos niyat saenipun Ki Sima Abang".

 

"Niyat becik sing kepiye Dhimas?" Guru mundhut pirsa. Aku dhewe ya ora ngerti karo sing dikandhakne dening Raden Kemuda kuwi, jalaran aku pancen ora duwe niyat becik, kajaba mung kepengin ngunjara Tumenggung Angling lan Tumenggung Kemuda ing luwangan kono.

 

"Ing dalu ingkang kaping tiga" Raden Angling sing genti crita "sukmanipun Rama Panembahan Suwelagiri ingkang sampun kapidana pejah dening Kakang Raden Panji Narantaka jalaran ngugemi anggenipun ngrasuk agaminipun Syekh Jumadil Kubra, dumadakan rawuh ing luwangan menika kala wau. Lajeng paring dhawuh dhateng kula kekalih, bilih siswa ndika Kakang Kyai menika boten gadhah niyat badhe mejahi kula kekalih, malah dening sukmanipun Rama Panembahan kula kadhawuhan nindakaken tapa ngluweng ing mriku, ngiras pantes nyenyuwun pitedah dhateng Ingkang Murbeng Gesang, kados pundi prayogining lampah".

 

"Sumurupa ya Dhimas" Guru paring dhawuh marang Raden Angling "gandheng Ramamu Paman Panembahan Suwelagiri kuwi gugur ing sajrone ngugemi agama suci, Sukmane Paman Panembahan sawuse kacidra dening Panji Narantaka banjur kapundhut dening Allah, saiki kendel lan sare ing Alam Barjah. Dene sing teka nemoni Dhimas sakloron kuwi mbok menawa wae Korine Paman Panembahan. Sabanjure banjur kepiye Dhimas?".

 

"Inggih Kakang" Raden Angling aweh wangsulan "dhawuh supados nindakaken tapa ngluweng menika lajeng kula lampahi kalih Adhi Kemuda. Ing dalu ingkang kaping sedasa, kula kadumugen satunggaling tiyang ingkang busananipun sarwa pethak, ngakenipun asma Ki Tanparupa. Ki Tanparupa menika estu pirsa sedaya lelampahan kula kekalih ingkang kula umpetaken temah boten wonten ingkang mangertos, nanging Ki Tanparupa saged pirsa sedaya sarta dipun tedahaken dhteng kula kekalih. Salajengipun Ki Tanparupa ugi paring dhawuh menawi kula kedah misah saking baris pendhemipun Kakang Raden Panji Narantaka, awit piyambakipun menika pranyata dede turasing Kanjeng Sinuwu Brawijaya ingkang samangke jumeneng dados Sunan Lawu, nanging maksih tedhakipun Prabu Girindrawardana. Menawi kula kepengin lestari gesang kanthi leres, dening Ki Tanparupa kadhawuhan sumuyud dhateng Gusti Pangeran Benawa miwah Putra Angkatipun Kanjeng Sultan, nenggih Raden Sutawijaya. Lan ingkang baken malih, dening ki Tanparupa kula kadhawuhan nindakaken lampah tobat lan ndherek sedaya pitedah saha piwucal andika Kakang Kyai Bantarjati".

 

Raden Angling banjur meneng, sajak ngenteni dhawuh saka Guru Kyai Bantarjati. Aku sing mung ngrungokne crita kuwi ya mung bisa meneng. Isih akeh sing ora tak ngerteni sing ana gandheng rapete karo isining crita sing dikandhakne Tumenggung Angling lan Tumenggung Kemuda kuwi.

 

 

ana candhake.

 

Senin, 24 Januari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (058)

 


58.

 

Aku bali ngadhep neng ngarsane Guru, mbok menawa ana dhawuh sing kudu tak tindakne. Kajaba saka iku, bares wae aku pancen rumangsa kangen karo Guru sawuse ditinggal pirang-pirang dina iki, aku dhewe ora ngerti ya gene aku bisa kanggonan rasa kangen sing selawase ora tau mampir neng jero atiku iki. Sajake Guru ya pirsa yen aku kangen karo panjenengane, ketitik sawuse aku madhep ing ngrasane astane singt alus kuwi kumlawe ngelus-ngelus sirahku klawan kebak rasa asih. Aku rumangsa begja lan mulya dielus-elus Guru mangkono kuwi.

 

"Ki Sima Abang" Guru banjur ndangu aku "apa priyayi loro mau wis ndika aturi yen tak enteni ana kene? Kepriye wangsulane?".

 

"Sampun Guru" wangsulanku "kala wau, Raden Angling ingkang gineman bilih badhe manggihi Guru ing mriki".

 

"Sokur ta yen mangkono" Guru paring dhawuh maneh "aku mau lali, iki ana telesan jarit karo klambi loro, Raden Angling karo Raden kemuda aturana reresik salira luwih dhisik neng kucur mburi omah kae sadurunge nemoni aku".

 

"Inggih Guru" aku wangsulan salin rong pangkon kuwi banjur tak cokot tak gawa ngalih arep tak wenehne menyang Raden Angling karo Raden Kemuda . Jebul wong loro kakang adhi kuwi wis munggah saka luwangan, praupane katon padha pucet-pucet kabeh, awake ketara yen malih dadi rada kuru.

 

"Mengko dhisik Ki Sima Abang, aku tak nata ati dhisik sadurunge nemoni Kakang BantarJati" Raden Angling guneman alus marang aku, nalika aku nyedhak arep masrahne salin .

 

"Iya Raden, mau Guru dhawuh marang aku supaya ngaturi ndika padha reresik salira ing kucur mburi omah luwih dhisik, lan iki ana telesan prasaja mbok menawa bisa ndika agem salin busana" wangsulanku masrahake salin marang wong loro kuwi.

 

"Matur nuwun Ki Sima Abang" Raden Angling wangsulan karo nampani salin sing tak pasrahne "jebul ndika kuwi muride Kakang Bantarjati ta?. Ya wis mengko wae nek wis rampung nggonku reresik lan wis ngadhep Kakang Bantarjati, tak genahne sapa sejatine aku karo Adhi Kemuda sing wis ndika kalahne lan ndika kongkon nindakne tapa luweng neng kene iku mau".

 

Bubar kandha ngono kuwi, Raden Angling banjur mlaku tumuju kucur ditutne Raden Kemuda. Aku ya banjur bali arep mlebu omah maneh, sajroning atiku tuwuh rasa gumun sing ora karuwan. Wong loro kuwi wingenane tekane kene nuduhne sipat kasar lan adol gendhung pamer kasekten, malah arep tumindak sing ora bener. Wani njangkar asmane Guru lan arep ngobong dalem paleremane Guru iki. Nanging wiwit tak bukakne dalan metu saka luwangan mau, sikepe malih dadi kosok balen karo sikep sing dituduhne aku wingenane kae.  Ora ana suwara pisuh, ora keprungu suwara panggetak, malah olehe nyebut jenengku wae nganggo sebutan Ki, nuduhne yen wong loro kuwi uga ngajeni marang aku. Ana apa? . Aku ya krungu, nek wingenane kae olehe nyebut asmane Guru mung njangkar, iki mau Raden Angling olehe ngarani Guru nganggo sebutan Kakang, kamangka nek nitik gelar wujude, Raden Angling lan Raden Kemuda kuwi luwih pas yen dadi putrane Guru sing wis katon sepuh, nanging ya gene wong loro sing tata gelar umur-umurane isih sangisorku anggone nyebut asmane Guru nganggo tembung Kakang. Apa sesambungan antarane Guru ya Raden Sengkan iki karo Raden Angling lan Raden Kemuda.

 

"Dadi wong kuwi mbok aja seneng nglamun ta Ki Sima Abang" aku kaget sakala angen-angenku ambyar, jebul olehku mlaku wis tekan ngarsane Guru lan olehku nglamun kapirsan dening Guru sing banjur dilokne.

 

"Nyuwun pangapunten Guru" gage wae anggonku atur wangsulan karo kisinan "namung nuruti pitakening manah ingang dumadakan kraos radi gumun kemawon".

 

"Dadi wong kok seneng gumunan" Guru ngendika karo mesem "saiki lungguha cedhak aku kene, tak kandhani ben ndika ora gumun maneh".

 

Aku banjur mapan lungguh ing ngarsane Guru, arep ngrungokne apa sing arep didhawuhne Guru marang aku.

 

"Priyayi loro kae, kepetung isih sedulurku nom" Guru miwiti ngendika.

 

"Kadang Timur Guru?" aku medhot gunem, matur takon.

 

"Iya" dhawuh wangsulane Guru "Dhimas Angling lan Dhimas Kemuda kuwi isih putrane Paman Panembahan Suwelagiri adhine Guruku sing lawas Bapa Ajar Guritwesi. Priyayi loro kae wis nggadhuh aji kanoman, mula sanadyan yuswane karo aku ora pati akeh kaceke nanging katone isih bregas kaya nom-noman umur selawenan tahun".

 

"Ooo makaten inggih Guru?" aku matur "nanging kenging menapa kala wingenane menika Raden Angling miwah Raden Kemuda sikepipun memengsahan kalih Guru? malah nedya ngobong dalem menika menapa?".

 

"Kuwi mergane mangkene" Guru paring wangsulan "nalika Bapa Ajar Guritwesi kepethuk karo Syekh Jumadil Kubra, utusane Kanjeng Sultan ing Ngerum, kekarone nuli padha tukar kawruh bawa rasa bab kasampurnaning urip. Nalika samana, Paman Panembahan Suwelagiri uga ngepasi tindak sanja ing padhepokane Rama Ajar Guritwesi, dadi uga nderek mirengake apa sing dingendikakne Bapa Ajar apa dene Syekh Jumadil Kubra. Bareng wis rampung anggone padha tukar kawruh lan bawarasa, Rama Ajar banjur pirsa apa sing dadi kersane Syekh Jumadil Kubra sing nyebarake agama Rasul ing tanah Jawa iki. Wasanane Rama Ajar uga banjur ngersakne ngrasuk agama sing diasta dening Kanjeng Nabi Rasulullah".

 

"Lha suwaunipun Eyang Ajar Guritwesi menika ngrasuk agami menapa Guru?" aku nyoba matur pengin ngerti agamane Gurune Guru kuwi.

 

"Maune Rama Ajar kuwi ngrasuk kapitayan kaya sing dadi kapitayan ndika sadurunge iki" Guru Kyai Bantarjati paring dhawuh wangsulan "ya iku gegebengan wewarahe Sang Hyang Taya, mung wae kajaba iku uga nindakne wewarahe para suci brahmana sing muja Sang Hyang Wisnu lan nulad lekase para wiku sing ndherek piwucale Sang Hyang Budha. Jalaran Rama Ajar kagungan pamanggih yen kabeh piwulang sing ditampa kuwi ora ana sing luput. Nanging bareng wis bawarasa karo Syekh Jumadil Kubra, Rama Ajar nuli ndherek lekase Kanjeng Eyang Sunan Lawu lumatar Syekh Jumadil Kubra, Rama Ajar banjur ngrasuk agama siji nanging wis nyukupi, ya iku Agama Islam".

 

"Makaten? Lajeng Guru ugi ndherek lekasipun Eyang Ajar Guritwesi menika kala wau?" aku banjur takon maneh.

 

"Bener" Guru paring wangsulan "malah dening Rama Ajar, aku kadhawuhan nyampurnakne ngelmuku marang Rama Syekh Jumadil Kubra sing banjur dadi guruku kuwi".

 

"Lajeng sambetipun kalih anggenipun Raden Angling lan Raden Kemuda mengsahi Guru menika kados pundi?" aku takon maneh.

 

"Ing ngarep wis tak critakne yen Paman Panembahan Suwela Giri uga nguningani anggone bawarasa Rama Ajar karo Rama Syekh Jumadil Kubra lan Paman Panembahan Suwelagiri uga wis mireng yen Kanjeng Eyang Brawijaya wis jumeneng dadi Sunan Lawu, mula Paman Suwelagiri uga banjur nelakake yen ngersakne manunggal karo Rama Ajar Guritwesi lan kanthi tinuntunan Rama Syekh Jumadil Kubra, Paman Panembahan Suwelagiri uga banjur ngucapake prasetya sing diarani kalimah Sadat, ngrasuk agama Islam. Bareng wis sauntara leren neng Padhepokane Rama Ajar Guritwesi, Rama Syekh Jumadil Kubra banjur pamitan arep nerusne laku, ya iku nindakne laku dakwah. Aku sing wis ditampa dadi siswane uga banjur ndherekne tindakne Rama Syekh, ninggalne Rama Ajar lan Paman Panembahan sing isih kendel ing Padhepokan".

 

"Kok dahwuhipun Guru menika dereng nyambet kalih panyuwunan pirsa kula ? Menika kados pundi Guru?" aku takon maneh.

 

"Mengko dhisik ta" Guru wangsulan karo mesem "dadi wong kuwi mbok ya aja seneng grusa-grusu. mBok sing sabar, anggonku crita iki durung rampung".

 

"Nyuwun pangapunten Guru" aku matur karo rada kisinan.

 

"Iya, ora dadi apa, welingku marang ndika Ki Sima Abang, yen ndika wis niyat dadi siswaku ndika kudu duwe sipat sabar ing sabarang reh" Guru paring dhawuh lan paring wejangan marang aku ing bab kasabaran.

 

"Inggih Guru, ngestokaken dhawuh" aku wangsulan karo ndhingkluk.

 

"Sabanjure sawuse aku ndherekne tindake Rama Syek oleh setahun" Guru Kyai  Bantarjati nutugne olehe crita "Rama Syekh paring dhawuh supaya aku nindakne laku dakwah ing sakiwa tengene lan saurute Gunung Gamping, klebu papan kene iki. Dene Rama Syekh mbacutake tindake mangetan. Embuh sepira lawase aku nindakne apa sing didhawuhne Rama Syekh, wekasan aku teka papan kene iki lan ya ing papan iki aku kepethuk karo Sedulurku dhewe yaiku Dhimas Raden Angling lan Dhimas Raden Kemuda sing wis jumeneng dadi punggawa Kasultanan Pajang kanthi pangkat Tumenggung".

 

"Ooo dados Raden Angling lan Raden Kemuda menika punggawa Kasultanan Pajang ingkang kagungan pangkat Tumenggung, Guru?" aku medhot critane guru karo ngaturake pitakonan. Merga bares wae, aku babar pisan ora ngira yen wong loro sing lagi wae tak luwari saka pakunjaranku kuwi jebul priyagung punggawaning Ratu Tanah Jawa.

 

"Bener" Guru paring wangsulan.

 

 

ana candhake.


Minggu, 23 Januari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (057)

 


57.

Aku uga banjur nambahi kawaspadan, aku ngerti nek wong loro kuwi cetha yen duwe ngelmu kanuragan sing dhuwur tatarane. Upama mung wong lumrah mokal kumawani teka papan kene lan nedya gawe petung karo Guruku. Nanging aku uga ora wedi, luwih-luwih aku ngrumangsani yen wis oleh kaprayan saka Guru saperlu ngreksa paleremane iki, dadi aku kudu bisa ngayomi paleremane guru iki saka tumindake wong sing arep gawe rusak.

 

"Keparat jebul kowe macan daden-daden ingon-ingone Bantarjati ya?" Raden Angling takon maneh karo nyiagakne pedhange "saiki timbang kowe mati kena gegamanku, luwih becik kowe ngakuwa Bantarjati saiki ana ngendi? Apa wonge pancen wis ora duwe kuwanen ngadhepi aku karo adhiku banjur kongkonan kowe macan daden-daden supaya ngadhepi aku karo adhiku he?".

 

"Ora ana critane Kyai  Bantarjati wedi ngadhepi menungsa kaya kowe lan adhimu kuwi, aja maneh mung loro, mbok rangkepana seket maneh Kyai Bantarjati ora bakal gigrik" wangsulanku tanpa ninggal kawaspadan "saiki nek kowe isih ngeman marang uripmu becik enggal lungaa saka kene, merga nek kowe duwe sedya ala marang paleremane Kyai Bantarjati sing dadi reksanku iki tan wurunga bakal dadi mangsaku".

 

"Keparat kowe macan pekok, nyoh iki wae tampanana!" dumadakan Raden Kemuda mencolot maju karo ngarahne tumbake menyang guluku. Tujune aku waspada kanthi gampang tumbake Raden kemuda bisa tak endhani, aku banjur mlumba mendhuwur nubruk awake wong sing numbak aku kuwi arep tak bekuk. Nanging panubrukku luput jalaran aku kedhang-dhangan pedhange Raden Angling sing uga mencolot ngadhang panubrukku nganggo pucuking pedhang, kapekas aku ngendhani pucuking pedhang ndadekne panubrukku marang Raden Kemuda luput.

 

Sabanjure ing kono klakon aku dikrubut wong loro kakang adhi kuwi. Ora suwe aku banjur weruh yen tenane kasektene wong loro kuwi isih adoh ing sangisore kasektene mungsuh-mungsuh sing wis tau tak kalahne jaman aku durung wujud macan ngene iki. Mula aku ya ora pati kabotan ngadhepi, aku uga bisa nata ati murih ora keladuk nggonku ngadhepi wong loro kuwi. Paweling sing tak tampa saka Guru bisa tak tindakne kanthi becik, ya iku aku ora kena gawe pepati.  Nanging, perang kanthi cara ora gawe cilakane mungsuh kuwi luwih angel, jalaran kudu ngati-ati olehku ngobahne awak lan sikilku, panyakar lan panggigitku ora kena sembrana, jalaran yen nganti ora ngati-ati bisa nuwuhake kacilakane wong loro kuwi. Nanging sajake wong loro kuwi ora ngerti karo karepku sing isih ngeman marang nyawane kuwi, ketitik isih nekad lan sansaya nekad anggone kepengin gawe cilakaku klawan nggunakne gegaman sing ana tangane.

 

Sansaya suwe wong loro kuwi sansaya ngawur, pedhang lan tumbake ora leren gentenan ngarah marang awakku. Pisan pindho nadyan ora mbebayani pucuke pedhang lan lancipane tumbak bisa ngenani awakku, nuwuhake rasa perih semu panas, sing ndadekne aku dadi sansaya nesu. Tujune aku isih eling, mula banjur tataraning ngelmu kanuraganku tak unggahne maneh. Aku wis ora kepengin wong loro kuwi lunga saka kene, nanging aku kepengin ngajar wong loro kuwi dimen thele-thele kentekan tenagane. Kanthi kebat aku mlumpat, nyedhaki jaran loro tumpakane Raden Angling lan Raden Kemuda sing dicancang neng latar. Jaran loro kuwi beker-beker banjur polah ora karuwan merga keweden. Nanging aku ora niyat gawe cilakane jaran sing ora ngerti perkarane kuwi. Taline jaran loro kuwi tak pedhot saka cancangan. Banjuur tak giro karo panggero sing nggegirisi, ndadekne jaran loro kuwi kaweden banjur mlayu mbuh parane, ninggalne bendarane sing tumuli nyedhaki aku karo misuh-misuh.

 

Aku karo Raden Angling lan Raden Kemuda bali perang maneh. Wong loro kakang adhi kuwi sansaya nekad, kekarone banjur ngetog aji jaya kawijayan simpenane. Nanging aku bisa maca kahanan, dadi ngerti aji apa sing arep ditrepake dening sedulur Kakang Adhi kuwi kanggo ngadhepi aku. Pranyata kekarone ngecakne aji Lembu Sekilan kanggo namengi ragane saka cakaranku, sawatara hawa murnine wis diklumpukne marang pucuking gegamane dhewe-dhewe. Pucuking tumbake Raden Kemuda lan pucuking pedhange Raden Angling, katon bola-bali mletikne geni.

 

Aku rumangsa kabeneran, kanthi wong loro kuwi ngetrepne aji Lembu Sekilan, ateges aku ora kuwatir maneh yen nganti gawe tatu sing mbebayani tumrap nyawane wong loro kuwi. Lan miturut petunganku, aji lembu Sekilane Raden Angling apa dene Raden Kemuda iki isih adoh saka sampurna, dadi senadyan bisa nduwa seranganku, nanging isih durung bisa mbalekne kekuwatanku.  Dadi aku isih bisa gawe lara awake wong loro kuwi sarana pupuhan cakarku, nadyan ora nganti ngetokne getihe. Aku tumuli matak ajiku Srigunting Reraton. Raden Kemuda lan Raden Angling arep tak pancing supaya ngetutne solahku sing muter kaya solahe manuk Srigunting lagi reratonan. Sauntara ing sikilku wis tak punjerne aji Gunung Jugrug sing yen kongsi bisa mupuh anggane wong loro kuwi bisa ndadekne sansaya kentekan tenagane.

 

Pancinganku keneng, wong loro kakang adhi kuwi klakon tak ontang-antingake merga ngimbangi solahe aji Srigunting Reraton. Kanthi cepet kekuwatane sedulur kakang adhi kuwi kekuras merga saka solahe dhewe. Ambegane dadi megap-megap, lan ing sawijining kalodhangan kanthi gampang wong loro kuwi tak tubruk banjur tak banting-bantingne neng lemah nganti ora bisa obah. Nanging aku ngerti sanajan ta mangkono, wong loro kuwi ora bakal nganti tumekaning pati.

 

Sawise wong loro kuwi ora kuwat ngglawat merga kentekan tenaga. Aku banjur ngedhuk lemah ing cedhak latar kuwi, gawe luwangan sing cukup jero lan amba. Wong loro kuwi banjur tak seret, tak cemplungne jero luwangan. Kareben wong loro kuwi ora bisa ucul ngrekel munggah, dhuwure luwangan banjur tak tutup nganggo kayu -kayu gedhe sing tak brungkat lan brukne nutupi luwangan kuwi. Raden Angling lan Raden Kemuda tak kunjara ana kono. Tekadku wong loro kuwi ora bakal tak luwari sadurunge Guru kundur menyang paleremane kene. Mengko yen Guru wis rawuh, wong loro kuwi bakal tak adhepne ing ngarsane Guru, murih diadili kanthi sabecik-becike. Nanging ya kuwi, saben dina aku duwe gaweyan anyar yaiku nggolekne woh-wohan sing enak dipangan kanggo m angane wong loro sing tak kunjara ing jero luwangan kuwi.

 

Urip neng pakunjaran jero luwangan, wong loro kuwi saben ngerti yen aku nyedhak mesthi banjur misuh-misuh aweh prentah supaya aku gelem ngluwari. Nanging kabeh ora tak gatekne malah tak wangsuli wae ya ora.  Kanthi mangkono wong loro kuwi iya banjur bosen dhewe, olehe mbengok-mbengok mung kari pisan pindho, ya iki yen aku rada kasep durung aweh panganan marang dheweke.

 

Ndelalah kersaning Allah, let limang dina saka anggonku ngunjara Raden Angling lan Raden Kemuda neng luwangan, Guru wis kundur saka anggone dakwah. Aku banjur ngaturake bab tekane Raden Angling lan Raden Kemuda sing nggoleki Guru lan arep ngobong omah merga dikira Guru ora kersa nemoni, banjur kedadean perang rame antarane aku lan sedulur kakang adhi kuwi.

 

"Lha saiki Raden Angling karo Raden Kemuda ndika delehne ana ngendi?" pandangune Guru sawuse rampung anggonku matur.

 

"Kula lebetaken pakunjaran Guru" wangsulanku.

 

"Pakunjaran apa kuwi Ki Sima Abang?" Guru Kyai Bantarjati katon gumun "Gajege ing kene aku ora tau yasa pakunjaran?!?".

 

Aku banjur ngaturake yen aku wis yasa luwangan sing tak tutupi brungkatan kayu gedhe kanggo ngunjara Raden Kemuda lan Raden Angling. Aku uga ngaturake yen saben dina wong loro kuwi uga tak wenehi pangan wujud woh-wohan anggonku golek ing jero alas. Guru manthuk-manthuk lan ora ngluputake aku, malah banjur paring dhawuh :

 

"Saiki, tulung kayu-kayu sing nutupi luwangan gaweyan ndika kuwi, ndika singkirne. Lan Raden Angling sarta Raden Kemuda kandhanana yen pancen nggoleki aku, saiki tak enteni ana njero omah kene".

 

"Inggih Guru, ngestokaken dhawuh" aku banjur metu marani papan kanggo ngunjara wong loro kakang adhi kuwi.

 

Ora mbutuhne wektu sing suwe, kayu-kayu sing nutupi luwangan wis tak singkirne. Wong loro sing ana jero kuwi mung nyawang karo mripat mentheleng marang aku, ora guneman apa-apa.

 

"He Raden Angling lan Raden Kemuda" kandhaku sawuse kayu-kayu sing nutupi luwangan tak singkirne kabeh "wingenane ndika wong loro kuwi jarene nggoleki Kyai Bantarjati?" .

 

Wong loro kuwi ora ana sing semaur, mung mripate manther ora kedhep nyawang aku.

 

"Kyai Bantarjati wis kundur saka anggone tindakan" aku nutugne aweh weruh "nek ndika kepengin kepethuk karo panjenengane, ndika dienteni ana jero daleme".

 

Wong loro kuwi banjur padha pandeng-pandengan karo kancane sedhela.

 

"Iya., matur nuwun Ki Sima Abang" wasana kanthi suwara sing alon lan ora kasar Raden Angling semaur "sedhela maneh aku tak nemoni Kyai Bantarjati neng daleme".

 

 

ana candhake.


Jumat, 21 Januari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (056)

 


56.

Midhanget aturku sing mangkono iku Kyai Bantarjati, rada suwe ora enggal paring wangsulan. Malah socane mirsani awakku sakujur ora kedhep-kedhep. Aku banjur dheg-dhegan dhewe, kuwatir yen nganti anggonku matir mau kleru sing nuwuhake Kyai sing miturut wangsit bakal bisa nuntun aku nggayuh kasampurnaning ngelmuku kuwi banjur ora kersa nampa pasuwitanku. Aku mung bisa meneng ngenteni apa sing arep didhawuhake Kyai Bantarjati, saupama ditampa pasuwitanku ya sokur, mapan kuwi sing tak karepake. Dene yen nganti pasuwitanku ditampik, aku arep nyuwun pirsa ya gene aku ora ditampa lan nganggo srana apa supaya aku bisa ditampa.

 

"Ki Sima Abang, aku percaya karo sing ndika kandhakne mau" sawuse rada suwe anggone kendel lan mirsani awakku, Kyai Bantarangin banjur ngendika "nanging aku kepengin mbuktekne sepira kasetyan ndika marang aku luwih dhisik. Apa ndika saguh minangkani?".

 

"Sedaya dhawuh ndika Guru badhe kula estokaken tanpa mawi ngraos ngresula Guru" wangsulanku seneng, jalaran kanthi wangsulan sing kaya ngono kuwi cetha nek Kyai Bantarjati bakal kersa nampa pasuwitanku.

 

"Yen pancen mangkono, ndika taki kongkon ngreksa lan njaga paleremanku iki, kanggo sawatara dina. Jalaran aku arep nindakne kuwajiban dakwah menyang padesan sing ora adoh saka papan kene" Kyai Bantarjati ngendikakne dhawuhe marang aku.

 

"Piye ndika kabotan?" Kyai Bantarjati medhot aturku.

 

"Boten Guru, boten makaten" aku gageyan matur karo suwara groyok "anu, kula badhe nyuwun pirsa".

 

"nDika arep takon bab apa?" Kyai Bantarjati mesem.

 

"Guru ngendika badhe dakwah, dakwah menika menapa Guru?"

 

"Dakwah kuwi tegese ajak-ajak" Kyai Bantarjati paring wangsulan "aku arep ajak-ajak marang wong-wong sing gelem lan mbutuhake pepadhang sing diasta dening Kanjeng Nabi kang jumeneng Rasulullah, supaya padha ngrasuk agama sing diasta Kanjeng Nabi yaiku agama Islam. Wis cetha?".

 

"Guru badhe ngajak titiyang supados ngrasuk agami Islam, kenging menapa Guru boten dhawuh dhateng kula supados ngrasuk agami Islam?" aturku ngati-ati.

 

"Ki Sima Abang" Kyai Bantarjati banjur paring dhawuh maneh "pancen kudune aku ngajak ndika ngrasuk agama kaya sing tak rasuk, nanging aku rada tidha-tidha jalaran ndika wis ngrasuk agama sing manembah marang Dzat Kang Tan Kena Kinaya Apa. Kamangka yen wis ngrasuk agama Islam, kuwi ora mung mandheg ing kapitayan wae, nanging kudu nindakne lakune agama Islam kang sinebut sarengat lan laku sarengat iki abot lakone kajaba dening wong sing wis padha iklas, lan temen utawa orane nggone nindakne laku sarengat kuwi ana titikane wujud lakuning uripe saben dinane, yen panguripan saben dinane bisa nuwuhake rasa tentrem ing dhiri pribadi lan wong sakiwa tengene, mangka nyata yen anggone nindakne laku sarengat kuwi tenanan. Kosok baline yen urip saben dinane mung tansah kisruh lan gawe kisruh marang tangga teparone, mangka olehe nindakne laku sarengat kuwi cetha nek mung lelamisan. Jalaran sing diarani agama Islam kuwi slamet, tegese bisa nylametake dhirine lan wong liyane. Mula aku ora enggal nawani ndika murih melu ngrasuk agama sing tak rasuk iki, jalaran aku durung aweh panari marang ndika ing bab iki".

 

"Inggih Guru" aturku sabanjure "kula sampun saged nampi ingkang Guru dhawuhaken, samangke mugi Guru kersa nuntun kula murih kula saged ngrasuk agami ingkang guru rasuk menika".

 

Merga aku gereng genteng nyuwun supaya dituntun mlebu agama Islam wasana dening Guru ya Kyai Bantarjati aku dituntuni maca kilimah sadat, ya iku prasetya lan ngawuningani yen ora ana Pangeran kang wajib sinembah kajaba amung Allah lan prasetya sarta anguningani yen Kanjeng Nabi Muhammad kang jumeneng Rasulullah iku utusane Allah kanggo mbabarake rahmating Allah marang sanggyaning manungsa ing bumi ngendi wae. Wiwitane nganggo cara Ngarab banjur dimaknani nganggo cara sing tak enggo guneman saben dinane iki.

 

Wiwit dina kuwi aku wis ngrasuk agama Islam, mung wae aku durung kadhawuhan nindakne laku sarengat jalaran wewujudanku dudu wewujudan manungsa. Dhawuhe Guru Kyai Bantarjati, wajibku nindakne laku sarengat mbesuk yen aku wis bali wujud kaya sakawit, yaiku manungsa lumrah.

 

Nutugne crita jejibahanku sasuwene ditinggal Guru nindakne dakwah, aku kadhawuhan ngreksa papan paleremane guru sing wujud pondhok cilik sing digedhegi epring lan kapayonan welitan alang-alang garing. Kanggo panganku, dening guru aku kawenangake mbebedhag buron alas kang lumrah dadi pangane macan, kanthi paweling ora kena ngliwati wates, kanthi lelandhesan yen kabutuhan mangan kuwi mung kinarya ngreksa raga murih ora enggal rusak wae.

 

Dina kapitu saka olehe tindak Guru ninggalne paleremane, ing kono katekan wong loro sing isih nom-noman kabeh. Sandhang panganggone nuduhne nek dudu wong padesan, wong loro padha numpak jaran sing bregas-bregas. Sawuse nyancang jarane neng plataran, wong loro kuwi banjur nyedhaki lawang pondhok sing tak bukak amba, sauntara aku lungguh neng jogane pondhok, dadi bisa nguwasi sesawangan ing plataran.

 

"Sepi Kakang" salah siji saka wong loro kuwi kandha marang kancane "nanging lawange bukakan, dadi menungsane genah nek ora lagi lunga".

 

"Awake dhewe perlu mlebu omah luwih dhisik, utawa cukup disumbari saka kene wae Dhi ?" sing diajak omong wangsulan karo takon.

 

"Coba tak celuke saka kene luwih dhisik" wong sing sepisanan omong wangsulan.

 

"He Kyai Bantarjati..... Kyai Bantarjati, gage metua aku sing teka arep nagih utang!" wong mau banjur bengok-bengok ngundang asmane Guru karo suwara kasar banget. Sajake wong loro kuwi ora weruh yen aku ana jogan lagi lungguhan. Nanging aku ora enggal semaur, merga aku duwe pangira yen tekane wong loro kuwi ora nggawa sedya becik marang Guru.

 

"Heee..... Bantarjati.........." sing sijine genti sing nguwuh-uwuh njangkar asmane Guru "kowe neng omah apa ora? Nek kowe neng omah, metua iki aku Raden Angling karo kadangku Raden Kemuda sing teka, pethukna nganggo carane satriya".

 

Krungu asmane Guru dijangkar kanthi kasar ngono kuwi, atiku sakala panas, nanging aku ora gelem semaur aweh weruh marang wong sing tak anggep murang tata kuwi, nek guru lagi ora ana papan kono. Mung wae aku wis tata-tata, samngsa-mangsa wong loro kuwi wani mlebu omah, mesthi tak tubruk  lan tak cakar-cakar awake. Nanging tak enteni nganti sauntara, ora ana tandha-tandha yen wong loro sing ngaku jeneng Raden Angling karo Raden Kemuda kuwi arep mlebu omah, dadi aku ya isih meneng wae.

 

"Ora ana metu Kakang?" dumadakan Raden kemuda kandha marang Raden Angling "apa omah iki suwung? Nek ana sing ngenggoni mesthine wis metu nemoni awake dhewe, embuh kuwi Bantarjati dhewe utawa liyane, nanging nyatane ora ana sing ngaton metu. Banjur kepriye becike Kakang?".

 

"Dienteni sedhela maneh Adhi" wangsulane Raden Angling "coba tak bengokane sepisan maneh".

 

Bubar muni ngono kuwi, Raden Angling banjur nyedhakne tangane neng ngarep lambe karo mbengok banter :

 

"Bantarjati, aku wis teka kanthi cara sing becik, nanging kowe ora wani nuduhne irungmu. Tak enteni sapanginang yen kowe ora gelem metu masrahne pati uripmu menyang aku lan kadangku, aja ngluputne aku yen kapeksa omahmu tak obong, nek kowe umpetan ana jero dimen mati dadi areng!".

 

Krungu kandhane Raden Angling sing mangkono kuwi, sakala aku wis ora bisa ngempet kanepsonku. Ora sranta aku nggero karo mlumpat metu. Raden Angling karo Raden Kemuda kaget, banjur mencolot memburi watara limang jangkah karo praupan pucet merga kaget.

 

"Keparat, iki macan tenan apa macan daden-daden ?" Raden Kemuda nglolos tumbake karo takon  embuh ditujokne marang sapa ora cetha. Aku ora semaur, mung mripatku murup nyawang wong loro kuwi karo nggereng. Arepa kaya apa aku isih eling karo welinge Guru, yen aku ora kena gawe pepati kajaba ana sabab sing adil.

 

"Sajake iki dudu macan sabaene Dhi" Raden Angling genti sing guneman, tangane tengen uga wis nggegem garan pedhange sing wis ligan "yen macan lumrah mesthine wis nubruk awake dhewe ora ndadak nganggo gereng-gereng memedeni ngtono kuwi. Coba tak takonane!".

 

Raden Angling maju sak jangkah karo sikep sing katon waspada, banjur takon marang aku :

 

"He, Macan sapa jenengmu lan duwe sambung apa karo Bantarjati sing duwe omah iki?" pitakone Raden Angling cetha yen nggunakne suwara sing disurung dening kekuwatan hawa murni sing bisa gawe getering jantung.

 

"Menungsa ora tata" wangsulanku karo nggereng ngempet nesu "jenengku Sima Abang, aku karo Kyai Bantarjati pancen dudu sanak dudu kadang, ning yen mati melu kelangan. Kowe wong loro teka kanthi ora nggawa deduga, malah arep wani gawe rusak omah palereman sing dadi reksanku, diage padha minggata sadurunge mati tak klethak ndhasmu lan kemah-kemah bebalungmu".

 

Raden Angling lan Raden Kemuda katon yen kaget krungu wangsulanku sing mangkono kuwi mau, nanging sajake wong loro kuwi ora wedi ndulu wujudku. Ketitik kekarone banjur padha siaga klawan gegamane dhewe-dhewe arep nyerang aku.

 

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...