73.
Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma banjur padha nindakne sujud marang Allah Kang Maha Agung, ngunjukne rasa sukur sarta panuwun awit wis luwar saka panandhange dhewe-dhewe. Wong loro kuwi padha ngrasakne awake sing kepenak, rasa sing salawase iki nyiksa ing perangan-perangan awake wis ilang kabeh. Nanging sing luwih gawe senenging atine wong loro kuwi ya saab wis pulih dadi manungsa maneh kuwi, kanthi mangkono sawayah-wayah Gusti ngersakne nimbali bali ing ngayunaNe, bisa sowan kanthi kahanan wujud sejatining manungsa.
"Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma" bareng karo rampunge wong loro kuwi nindakne unjuk panuwun marang Allah, Rangga guneman "wecanipun Ki Tanparupa bilih ndika kekalih badhe karuwat dening siswanipun sampun kaleksanan, samangke kula kekalih nyuwun pamit badhe nglajengaken lampah. Boten langkung andum basuki, mugi-mugi Gusti tansah paring pangayoman dhateng kula kekalih miwah ndika sami".
"Mangke rumiyin Ngger" Ki Gedhe Pelanggolan wangsulan, dheweke kaget krungu olehe pamitan Rangga mangkono iku "mugi angger kekalih sampun negakaken kula dalasan para warga ing Pelanggolan mriki, kula saestu nyuwun senjata pitulungan dhateng angger kekalih, mugi angger kekalih kersa paring tuntunan salebeting kula lan para warga ing Pelanggolan nindakaken kuwajiban ingkang wujud perang sabil kados ingkang sampun Anger kekalih dhawuhaken saderengipun kula lan Paman Lasma lepas saking panandhang kala wau".
Rangga lan Marga ora enggal aweh wangsulan marang panjaluke Ki Gedhe Pelanggolan, mbok menawa wae isih ana rasa cuwa marang tembung sing diucapne dening Ki Lurah Kuwera sing mau wis ndadekne Ki Gedhe Pelanggolan lali purwa duksina temah kelangan sipat kamanungsane lan meh wae gawe patine Lurah Grumbulan kuwi. Lurah Grumbulan lan Bebau Senggot sarta Bebau Watutanggul sing isih ngathang-athang ana pasuketan satemene wiwit mau wis padha eling, mung wae merga kanthi karucate omah saisine sing mau dienggo jagongan saka alam maya, wis ndadaekne Lurah lan bebau loro kuwi padha bingung. Mula karo ngeling-eling apa sing wis dialami wong telu kuwi isih meneng ora obah saka papane semaput mau. Wong telu kuwi uga wis krungu kabeh sing dirembug Rangga, Marga karo Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma. Mula bareng Ki Gedhe Pelanggolan aweh wangsulan marang Rangga mangkono kuwi mau, ndadekne Lurah Grumbulan kelingan yen mau dheweke wis tumindak degsura wani mbantah pituture Rangga sing ndadekne Rangga cuwa atine malah ora mung kuwi wae, Ki Gedhe Pelanggolan sing nesu merga krungu olehe guneman degsura kuwi dumadakan malih dadi Macan Gembong sing ndadekne dheweke lan Bebau Senggot apa dene Bebau Watutanggul nggeblag semaput saking wedine.
Lurah Kuwera temen kepengin ndandani kaluputane mau, mula bareng krungu yen Ki Gedhe Pelanggolan njaluk supaya Rangga lan Marga gelem aweh tuntunan sajrone ngayahi jejibahan Perang Sabil, Lurah Grumbulan kuwi banjur tangi saka anggone ngathang-athang, banjur mbrangkang nyedhaki Rangga. Karo sujud ing sikile Rangga, Lurah Kuwera guneman groyok :
"Dhuh Raden sesembahan kula, saestu awit saking bodho kula, kula sampun tumindak degsura dhateng Gusti kula Raden Rangga. Saestu kula sampun tobat Raden, mugi Raden kepareng paring sih pangaksami dhateng kula. Saestu Raden, tanpa ndika tuntun kula miwah para warga ing Grumbulan mokal saged nindakaken kuwajiban perang sabil, upami kapeksaa inggih badhe klentu awit saking bodhonipun kula tartamtu badhe gampil ancasing perang sabil ingkang suci menggok dhateng margi sasar temah badhe perang ingkang namun nuruti hardaning hawa napsu. Inggih awit saking menika Raden, mugi Angger Rangga miwah Angger Marga sampun jengkar nilaraken Padhukuhan Pelanggolan utawi Grumbulan mriki saderengipun kula lan para warga lebda ing karya anggenipun nindakaken pambudiaya sarana ngayati Perang Sabil ingkang suci, kula boten badhe wantun malih nggega bodoning manah kula temah gadhah pamanggih ingkang singlar saking kautaman".
Weruh sikepe Lurah Grumbulan sing nangis ngguguk neng sikile sarta ngasih-asih njaluk kawlasan mangkono kuwi ndadekne Rangga lilih atine. Kanthi sabar Lurah Grumbulan dicandhak pundhake banjur dikongkon bali lungguh kaya salumrahe.
"Inggih, Inggih Ki Gedhe miwah Ki Lurah" Rangga banjur guneman aweh wangsulan marang Ki Gedhe Pelanggolan lan Lurah Grumbulan "kula rumaos remen kalih lekasipun Ki Gedhe lan Ki Lasma ingkang boten nyupekaken kasagahan sanaosa sampun luwar saking panandhang. Ugi dhateng Ki Lurah ingkang cepet anggenipun enget nunten daya-daya andandosi kalepatanipun".
"Inggih Ngger" Ki Gedhe pelanggolan semaur, suwarane nuduhne yen atine wis kecondholkan rasa seneng maneh "samangke mugi Angger Rangga tuwin Angger Marga kepareng nglajengaken dhawuh ingkang kala wau sinelan jalaran langkung rumiyin nindakaken ngruwat kula kalih Paman Lasma".
"Inggih Ki Gedhe" wangsulane Rangga karo mesem, banjur kandha marang Marga "kono Dhi, tulung sing luwih cetha yen guneman, ora kaya aku sing groyok lan akeh ora sarehe iki, matura marang Ki Gedhe lan Ki Lurah dimen luwih cetha".
"Makaten Ki Gedhe lan Ki Lurah"kandhane Marga nyauti tembunge Rangga "Perang Sabil ingkang badhe kaayatan menika mbnetahaken kasabaran ingkang sakalangkung ageng. Awit tanpa nggadhuh raos sabar mokal Perang Sabil saged dipun lampahi kanthi sae. Kula suwun dhateng Ki Lurah, wiwit benjing-enjing sadaya kekiyatan perang utawi prajurit kalurahan murih dipun gladhi malih lan kasiagakaken. Makaten ugi dhateng Ki Lasma, mugi kadhawuhna dhateng lurahing para siswa ing Paguron Jatigrowong utawi Paguron Pelanggolan murih nyiagakaken sanggyaning para siswa kangge ngayati padamelan menika".
"Inggih Ngger, dhawuh ndika badhe kula estokaken" wangsulane Lurah Grumbulan karo Ki Lasma meh bareng.
"Salajengipun" Marga nutugne olehe guneman "kula badhe nyuwun tulung dhateng Ki Gedhe Pelanggolan miwah Ki Lasma ingkang sampun kagadhuhan ngelmi Sepiangin supados marak ing ngarsanipun Gusti Patih Mandaraka ing Mataram ngunjukaken nawala ingkang badhe dipun tapak-astani dening Kakang Rangga. Dene anggenipun awake piyambak suka pemut dhateng Panembahan Dewa Karkatha ing Tangen miwah Ki Ageng Julunggeni ing Ngampon, supados dipun tindakaken dening Gusti Patih utawi paraga ingkang dipun piji".
"Inggih Ngger boten langkung ngestokaken dhawuh" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan.
"Kula kinten menika rumiyin kemawon, prakawis sanesipun badhe kula aturaken manawi sampun dumugi ing wancinipun" Marga mungkasi olehe aweh prentah.
Dina iku uga, Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma budhal pangkat menyang Mataram sawuse dening Rangga digawani layang kanggo Ki Jurumartani. Murih Ki Gedhe ora kangelan anggone marak ing ngarsane Ki Juru Martani, Rangga uga aweh gawan wujud ali-ali sing mawa tandha yen iku ali-aline Rangga. Dhasare bocah rada nakal, Rangga uga aweh turur marang ki Gedhe Pelanggolan apa dene Ki Lasma supaya kekarone padha nggunakne aji Mayasamun lan lagi dirucat sawise teka ngarepe Patih Mandaraka dadi lekase Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma ora bakal kadhang-dhangan dening tata kramaning seba ing kraton utawa ing kepatihan. Kanggo sauntara Rangga lan Marga banjur mapan ing omahe Lurah Grumbulan kaya sadurunge nom-noman loro kuwi kepethuk Puthut Jayantaka lan Jayandaga neng gisik bengawan wingenane kae.
"Aku iki satemene rada anyel karo awakmu lho Dhi" kandhane Rangga nalika kekarone lagi leren ing gandhok sing dicawisake dening Lurah Grumbulan kanggo nom-noman loro kuwi.
"Ya gene ndadak nganggo anyel barang ta Kakang?" Marga takon, ora mudheng karo sing dikandhakne Rangga.
"Anyel merga wis nuruti rerigenmu, kongkonan Ki Gedhe karo Ki Lasma ngaturake lelakon iki menyang Kanjeng Eyang. Iki mengko tan wurunga awake dhewe bakal kepethuk karo Paman Pangeran Singasari sing ngasta prajurit sagelar sepapan ing papan kene" swangsulane Rangga .
"Ora Kakang" Marga mesem genti wangsulan "Gusti Pangeran Singasari sawadya balane mung tekan Paguron Tangen lan yen wis rampung anggone nindakne kuwajiban mesthi ya banjur kundur maneh menyang Mataram".
"Apa rumangsamu Paman Singasari kuwawa nundhukne menungsa sing nganggo jeneng Panembahan Dewa Karkatha kuwi he?" Rangga takon karo ngguyu sepa "lha wong lagi ngadhepi muride sing wingenane gojeg karo awake dhewe kae wae durung karuwan yen Paman Singasari bisa kanthi cepet ngalahake".
"Kakang kuwi kok isih dhemen nganggep entheng marang Gusti Pangeran Singasari ta?" Marga wangsulan "Gusti Pangeran Singasari kuwi suh jejede Mataram lan piyandele Gusti Panembahan Senapati, siswa piniji saka Gusti Patih Mandaraka, dadi Kakang ora pas yen banjur duwe tembung kaya mau kuwi".
"Dadi karepe si Adhi, mbesuk nek wis wayahe awake dhewe meneng wae utawa negakne Paman Singasari lan wadya balane nyambut gawe dhewe?" Rangga takon karo ngguyu.
"Ya ora mangkono Kakang" wangsulane Marga mesem "ya mengko ditonton wae suwasane nuduhne sing kepiye, muga-muga wae Gusti Pangeran Singasari ora kober methuki pulunane sing bagus dhewe iki".
Rangga meneng ora semaur maneh, putrane Panembahan Senapati kuwi ajeg akeh nggugu sing dadi rerigene Marga sing wis didhaku minangka sedulur lanange.
ana candhake.