Total Tayangan Halaman

Kamis, 10 Februari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (076)

 

 

76.

Patih Mandaraka lan sing padha krungu pangandikane Pangeran Singasari kuwi padha duwe dudutan dhewe-dhewe. Tumenggung-tumenggung sing duwe sesambungan raket karo Senapati Agung Nagarara Mataram kuwi padha mbenerake apa sing didhawuhne Pangeran Singasari, lan duwe panemu yen Rangga wis nggedhek-nggedhekne warta sing dirungu utawa diweruhi banjur diaturne marang Patih Mandaraka kanthi diwuwuhi emper pisan. Para Tumenggung kuwi duwe panemu nanging ora diucapake, ya iku padha karo panemune Pangeran Singasari sing nganggep yen pambalelane Panembahan Dewa Karkatha saka Paguron Tangen kuwi mung kaya dene barisane truwelu sing nyegat lakune barisane Macan Gembong, dadi kanggo ngrabasa Paguron Tangen kuwi tumrap Mataram kena diarani angel mijet wohing ranti. Kanthi mangkono, ature Rangga sing lumantar layang sing digawa dening Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma kuwi ora kudu digatekne nemen-nemen.

 

Beda maneh karo panemune Pangeran Demang Tanpa Nangkil lan para tumenggung sing ora pati raket karo Pangeran Singasari. Wong-wong kuwi duwe panemu yen Rangga kuwi nom-noman sing lantip panggraitane, apa sing diaturne marang Patih Mandaraka lumantar layang kuwi cetha yen wigati, lire kekuwataning Paguron Tangen sing wis nedya mbalela arep ngrangsang Mataram, yegti ora kena disangga entheng. Wong-wong kuwi uga duwe panemu, yen sing jeneng Panembahan Dewa Karkatha kuwi mung kaya sing didhawuhne dening Pangeran Singasari mau, mesthine ora ndadak Rangga atur layang marang Patih Mandaraka, amarga wong-wong kuwi uga ngaweruhi kanthi cetha yen tuhune kasektene Rangga kuwi mung kacek sausap ing ngisore kasektene Panembahan Senapati, luwih-luwih Rangga uga dikancani Marga, sing uga nduweni kasekten sing pilih tandhing, awit Marga ngono klebu siswane sawargi Pangeran Benawa, putra dalem Sultan Pajang kang suthik jumeneng nata.

 

Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma duwe panemu sing seje maneh, wong loro kuwi menang-meneng rumangsa sansaya serik atine marang Pangeran Singasari, sing wis banget anggone ngremehne Rangga lan Marga. Nom-noman loro siswane Ki Tanparupa, titahing Allah sing wis kasinungan kaluwihan bisa ngambah ing alam sanga, nanging dening Pangeran Singasari mung dipadhakne bocah cilik sing durung pati genep nalare. Upama ora ngelingi yen wektu kuwi manggon ing dalem Kepatihan ngono, kepengin rasane Ki Gedhe Pelanggolan maju ngadeg neng ngarepe Pangeran Singasari karo nantang yen kepengin njajagi sepira jero ngelmune Pangeran sing wis wani ngremehne Rangga lan Marga kuwi.

 

"mBok menawa sing didhawuhne Pangeran Singasari iki mau ana benere" Patih Mandaraka banjur ngendika aweh tanggapan "nanging mbok menawa uga apa sing kasebut ing layange Rangga iki pancen kahanan sing sabenere. Kabeneran ing kene ana ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma sing luwih ngaweruhi kahanan sing ana ing Paguron Tangen. Mula coba ndika Ki Gedhe critakna kahanan ing Paguron Tangen sing miturut putuku Rangga klebu kekuwatan sing gedhe sing nedya ngrangsang Mataram kuwi, kandhakna apa anane aja ndika tutupi lan aja ndika wuwuhi".

 

"Ha....ha....ha...." Pangeran Singasari dumadakan gumuyu rada banter, banjur ngendika alon kaya ditujokne marang slirane dhewe "lha wong jirih sing dhasare ngertine mung padesan cilik, kok dikongkon crita, genah ora adoh karo critane bocah cilik sing ora njawa apa-apa, kuwi mengko genah nek sansaya serem dirungokne, kucing-kucing mesthi diarani singa barong, macan rembah bakal dikandhakake Macan gembong, ula tampar sing mung bisa nguntal kodhok ya diunekne Naga Manembur nawa sing nggubed pupune Raden Bratasena ing crita wayang kae...........".

 

"Nuwun sewu Gusti Pangeran" saking ora kuwat ngempet panasing jantunge Ki Gedhe Pelanggolan nyauti pangandikane Pangeran Singasari kanthi suwatra banter lan sereng "ing ngriki kula sadermi badhe matur dhateng Gusti Patih ingkang sanayatanipun, awit saking menika kula suwun, mbok inggiha Gusti Pangeran Singasari sanaosa boten nganggep kawontenan kula, nanging kersaa angaosi dhateng Gusti Patih ingkang badhe midhangetaken atur kula".

 

"Lancang pangucapmu he wong tuwa sing ora weruh ing tata" disauri kanthi suwara sereng, sakala Pangeran Singasari muntab penggalihe, rumangsa diwaneni dening wong pidak pejarakan, kanthi suwara sereng ki Gedhe Pelanggolan digetak  "anggepmu apa dene kowe wani kumalancang kanthi suwara wengis nguneni Pangeran Singasari? Kadang Nata sing wis pinercaya dadi Senapati Agung minangka pangayomaning Negara Mataram he?".

 

"Kula ngertos ndika niku priyagung luhur ingkang sekti mandraguna lan kagungan panguwaos"  wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan ora kalah bantere "nanging kula niki tiang Mardika, dede andhahan ndika. Sanaosa kula namung tiyang tuwek elek saking ndhusun, estunipun dereng kantenan kok menawi badhe kasoran menawi namung ngadhepi kadigdayan ndika, mbenjing kemawon menawi wonten wekdal ingkang lodhang dipun cobi, sepinten kadigadayane Pangeran Singasari saged ngasoraken tiyang tuwek saking ndesa niki napa boten............."

 

"Cukup!" Dumadakan Patih Mandaraka ngendika banter kebak wibawa. Sakala Ki Gedhe pelanggolan mingkem ora nutugne olehe wangsulan marang Pangeran Singasari. Pangeran Singasari dhewe uga banjur ora ngendikan maneh, rumangsa lingsem lan kasoran prabawa karo Patih Mandaraka.

 

"Ki Gedhe Pelanggolan" Patih Mandaraka banjur ndangu Ki Gedhe.

 

"Inggih Gusti" wangsulane Ki Gedhe karo nyembah.

 

"Prentahku marang ndika mau, gajege mung tak kongkon supaya ngandhakne kahanan ing Paguron Tangen sanyatane, ora tak prentah supaya kandha liyane utawa mangsuli ucap sing ora ditujokne marang ndika, ndika ngerti apa ora?" setengah karo srengen Patih Mandaraka ngendika marang Ki Gedhe Pelanggolan "Oraa ndika kandhakne, aku ya wis uninga yen satemene ndika kuwi siswane Kyai Markidin sing kagadhuhan ngelmu kanuragan manekarupa, awit saka Kyai Markidin ndika uga diwarisi ngelmu peparinge Raden Sengkan sing kasesep saka Syekh Jumadilkubra, semono uga karo Ki Lasma sing mbuh sepira akehe tau tate dadi siswane Raden Sengkan ya Syekh Bantarjati. Dadi nadyan kaya apa aku wis ngerti nek satemene ngelmu kanuragan ndika wong loro kuwi isih luwih jero yen ditandhing karo jerone segara kidul".

 

"Dhuh Gusti Patih sesembahan kula" ora sranta Ki Gedhe Pelanggolan nubruk sukune Patih Mandaraka karo nangis sesenggrukan kaya bocah cilik sing ditinggal blanja biyunge menyang warung "kapejahana saestu kula boten badhe suwala. Kula sampun ngrumaosi ing kalepatan lan dosa kula dhateng Gusti Patih, inggih awit saking cubluking jiwa kula temah kula sampun kumawantun tumindak degsura ing ngarsa paduka Gusti Patih".

 

"Ki Gedhe lan ndika Ki Lasma" Patih Mandaraka nuli paring wangsulan "sepira gedhening kaluputan ndika, sayegtine isih gtedhe rasa tresnaku marang ndika wong sakloron. Sabanjure, iya wit saka ucap ndika marang Kanjeng Pangeran Singasari kang mangkono kuwi mau, wis ndadekne aku luwih ngerti kahanan sing satemene sing ana ing Paguron Tangen, dadi ndika ora perlu nutugne crita kahanan sing mau tak takokne".

 

"Lepat nyuwun pangaksami Gusti" Ki Gedhe Pelanggolan wangsulan karo nyembah.

 

"Aku wis ngerti, yen sing dibudhalake Mataram kanggo nyirep lekase Panembahan Dewa Karkatha sakancane kuwi mung patang atus prajurit lan mung ditindhihi dening senapati perang lumrah, nglengkara Mataram bisa unggul ing yuda" Patih Mandaraka banjur nutugne olehe ngendika "mula sabali ndika saka kene, ndika kabarne marang putuku Rangga lan sedulur angkate ya iku Marga, yen sajroning wektu kurang saka telung pasaran wadya bala saka Mataram sagelar sepapan kanthi cacah ora kurang saka patang atus prajurit bakal teka ing Paguron Tangen. Lan kanggo nindhihi para Prajurit kuwi, mengko aku Patih Mandaraka, kanthi asma Dalem Gusti Panembahan Senapati bakal nibakne prentah marang Sang Senapati Agung Mataram ya Pangeran Singasari supaya mandhegani jumeneng minangka rajaning senapati. Sanadyan satemene aku uga ngerti, Rangga lan Marga uga wis pana yen satemene, upama dililani tumandang Paguron cilik sing jeneng Paguron Jatigrowong utawa Paguron Pelanggolan, yegti Dewa Karkatha kuwi ora bakal nggandra sepira. Nanging awit kanggo njunjung kawibawan Mataram, putuku Rangga sing tuhu lantip ing budi banjur aweh kabar marang aku kanthi atur nawala sing ndika gawa kuwi mau".

 

Patih Mandaraka mungkasi nggone ngendika, kabeh sing ana kono padha ndingkluk kasoran wibawane Patih Sepuh sing kagungan kaluwihan ngelmu njaba jero sing jangkep kuwi. Bareng dirasa wis cukup, Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma banjur pamitan bali menyang pagurone. Ora kelalen sadurunge lunga ninggalne papan kono, wong loro kuwi uga matur nyuwun pangaksama marang Pangeran Singasari, awit meh wae tuwuh kedadeyan sing ora prayoga. Pangeran Singasari uga wis bisa nampa apa sing dingendikane Patih Mandaraka kuwi, mula nalika Ki Gedhe Pelanggolan pamitan wong loro kuwi banjur gapyuk rerangkulan kaya kanca lawas sing wis suwe ora ketemu.

 

 

ana candhake.


Rabu, 09 Februari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (075)

 

 

75.

Ora karo ngendika apa-apa Patih Mandaraka nampani rontal sing diaturne Ki Gedhe Pelanggolan banjur digelar lan wiwit diwaos. Bola-bali katon Patih Mandaraka kuwi njengkerutne bathuk lan ngincangne imbane, mratandhani yen layang sing diwaos kuwi  bener-bener layang kang ngemu pawarta sing wigati. Sawise rampung olehe maos, layang banjur bali digulung diselehne ing ngarsane. Ora enggal ngendika marang sing lagi wae ngaturne nawala, Ki Juru Martani malah genti mirsani wong-wong sing mau diajak rembugan, ya iku Pangeran Singasari lan para Tumenggung sing wis sauntara ora nyuwara apa-apa awit tekane wong loro sing dianggep nyalawadi, sing banjur rembugan karo Patih Mandaraka.

 

"Jebul tekane Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma iki ana gandheng cenenge karo sing lagi wae dadi rembug iki mau" ngendikane Patih Mandaraka marang wong-wong kuwi kabeh.

 

"Wonten gandheng cenengipun kados pundi Wa Juru?" Pangeran Singasari sing ora pati rena penggalihe merga mau pirsa nek wong loro sing tekane nganggo cara lelemunan kuwi kandha nek olehe mrono merga dikongkon dening Rangga. Wiwir biyen Pangeran Singasari kuwi ora pati gathuk rembug karo Rangga, jalaran miturut Pangeran Singasari Rangga kuwi seneng nggugu karepe dhewe lan saben-saben dituturi tansah ora gelem migatekake, malah kepara kerep wae yen Pangeran Singasari sing isih Pamane Rangga kuwi aweh pitutur murih becike, Rangga wangsulan sing sok gawe seriking ati. Mula Pangeran Singasari luwih remen ngadoh saka pulunane siji kuwi.

 

"Iki dina pulunan ndika si Rangga aweh kabar marang aku yen pancen nyata Paguron Tangen wis ngimpun kekuwatan arep ngrangsang Mataram lan Paguron ing Ngampon uga nata kekuwatan arep ngrabasa kadhipaten Madiun" wangsulane Patih Mandaraka "lan Rangga uga wis ngerti sepira mungguh kekuwatane Paguron Tangen sing dipandhegani dening wong sing nganggo jeneng Panembahan Dewa Karkatha kuwi, mula Rangga banjur duwe atur supaya Paguron Tangen kuwi ora luwih ngrembaka, prayogane enggal dipupus tekan semene wae nganggo kekuwatan saka Mataram".

 

"Leres menika Wa" Pangeran Singasari genti wangsulan "lan saderengipun Rangga matur dhateng Wa Patih Mandaraka, kula sampun langkung rumiyin matur malah ugi sampun kula jangkepi kaliyan sepinten cacahing prajurit ingkang kedah nyeklek turusing satru ing sakilen miwah sawetanipun Lepen Sawur menika. Dados inggih sanadyan lekasipun anak kula Rangga menika sae, nanging estunipun inggih kados nguyahi segara, jalaran tanpa piyambakipun atur kabar dhateng Wa Juru, Wa Mandaraka langkung rumiyin sampun pirsa saking prajurit sandi ingkang ngayahi prentah saking kula".

 

"Nuwun sewu Kangmas" dumadakan Pangeran Demang Tanpa Nangkil nyauti pangandilkane Pangeran Singasari "kula kinten boten wonten ingkang lepat kalih anggenipun pulunan kula pun Rangga atur uninga mawi nawala ingkang dipun asta ki Gedhe Pelanggolan miwah Ki Lasma menika".

 

"Aku babar pisan ora ngluputake Rangga, Dhimas" wangsulane Pangeran Singasari karo mesem "dadi Dhimas Demang Tanpa Nangkil aja kaduk ati bela panampa karo aturku marang Wa Juru mau".

 

"Rembag kula dereng rampung Kangmas" Pangeran Demang Tanpa Nangkil genti wangsulan, pancen dhasare putra wuragile Ki Gedhe Pamanahan kuwi yen karo Rangga banget ing tresnane, jalaran miturut Pangeran Demang Tanpa Nangkil, Rangga kuwi nom-noman sing prasaja lan ora seneng tumindak adigung ngendel-ngendelne dumeh putraning nata, uga ora seneng kandha lelamisan sing becik dikandhakne becik sing ala ya dikandhakne ala.

 

"Dhimas arep ngendikan apa maneh sing ana sambung rapete karo lekase Rangga sing tanpa ana sing prentah wis lancang ngandhani Wa Patih Mandaraka kanthi kongkonan wong sing tekane nerak subasita carane seba ing dalem Kepatihan kuwi?" Pangeran Singasari takon karo suwara sing nuduhne ora senenge marang lekase Rangga sing kongkonan Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma.

 

Ki Gedhe Pelanggolan sing uga krungu rembuge Pangeran Singasari mangkono kuwi, rumangsa kaya dinyonyok nganggo mawa ing dhadhane. Sing sepisan Ki Gedhe rumangsa gela jalaran katon yen Pangeran Singasari kuwi ngremehne marang Rangga, kaping pindho olehe marak ing ngarsane Patih Mataram kanthi nggunakne ngelmu Mayasamun dianggep nerak subasita carane seba, kamangka mau Ki Pelanggolan uga wis nyuwun pangapura marang Patih Mandaraka lan dening Ki Juru Martani uga wis dingapura. Ngelingi nek sing disowani kuwi Patih Mandaraka ing dalem Kepatihan, ora marak ing ngarsane Senapati Agung Mataram, Ki Gedhe Pelanggolan rumangsa yen wis dikilani dhadhane dening Pangeran Singasari, tanpa krasa Ki Gedhe Pelanggolan nggegetne untu kanggo ngendhaleni panasing atine. Ki Lasma sing sejatine uga ora narimakne marang pangandikane Pangeran Singasari, nanging isih bisa mikir kanthi wening. Tanggap karo owah-owahan cahyane Ki Gedhe Pelanggolan, Ki Lasma banjur njawil lempeng karo aweh sasmita mawa basa rasa, supaya Ki Gedhe ora grusa-grusu.

 

Beda maneh karo sikepe Pangeran Demang Tanpa Nangkil sing ditakoni dening sedulure tuwa kanthi basa sing nglarakne kuping kuwi. Dhasare ngono Pangeran Demang Tanpa Nangkil kuwi luwih duwe penggalih sing jembar lan sabar, sarta wis apal karo watak wantune Pangeran Singasari, mula karo suwara sing keprungu sareh lan ayem banjur wangsulan :

 

"Badhea kados menapa anakmas Rangga niku putranipun Kanjeng Panembahan Senapati ingkang lantip ing panggraitanipun, piyambakipun sumerep wonten bebaya ingkang badhe damel ing nagarinipun lajeng atur wartos dhateng Siwa Mandaraka lan kula pitados bilih aturipun Rangga lumantar nawala ingkang dipun asta Ki Gedhe Pelanggolan miwah Ki Lasma menika mesthi ngemu pedah ingkang ageng, dados boten kados ingkang Kakangmas dhawuhaken bilih lekasipun Rangga menika kados tiyang nguyahi seganten, awit kula ngertos menawi anggenipun dhawuh Wa Juru ingkang magepokan kalih seratipun Rangga kala wau dereng rampung, kesusu ndika punggel mawi tembung ingkang kados makaten kala wau".

 

Kahanan dadi rada kosek, para Tumenggung sing ana kono, meh kabeh jroning batin padha mbenerake apa sing dingendikakne Pangeran Demang Tanpa Nangkil kuwi. Nanging Pangeran Singasari rumangsa nek wis diwaneni dening kadange timur, mula pasuryane sakala mbrabak abang kaya  kembang wora-wari, nganti tekan janggane.

 

"Satemene pancen bener apa sing dingendikakne Angger Pangeran Singasari mau" weruh glagat sing kurang prayoga ngono kuwi gage wae Patih Mandaraka paring dhawuh, nutugne olehe ngendika "babar pisan ora ana sing aweh kuwajiban marang Rangga aweh kabar yen ana klilip sing nedya gawe kisruhe negara marang aku utawa marang liyane kalebu marang Kanjeng Sinuhun. Nanging uga bener kaya sing dingendikane Pangeran Demang Tanpa Nangkil mau, Rangga kuwi nom-noman sing lantip panggraitane, nduweni rasa tresna marang bumi lan negarane sing gedhe banget, dadi ya aran lumrah lan jeneng wis trep yen Rangga banjur ngaturne nawala marang aku iki mau. Lha perkara dituruti utawa orane panyuwune si Rangga kuwi kari sesa-sesa sing disuwuni, sing cetha panyuwune Rangga kuwi ora kanggo kabutuhan pribadine Rangga dhewe, nanging kanggo njaga kawibawan dalem Kanjeng Sinuhun sarta negara Mataram".

 

Mireng pangandikane Patih Mandaraka mangkono kuwi, wong-wong sing ana kono banjur padha ndhingkluk kabeh, awit kasoran prabawa karo pangandikane Patih Mandaraka sing kebak kawibawan. Pangeran Singasari dhewe uga banjur kendel ora ngendika apa-apa, ngenteni tutuging dhawuh saka Ki Juru Martani.

 

"Lha panyuwun utawi langkung trepipun pamrayogi saking anak kula Rangga menika kados pundi Wa Juru?" Pangeran Demang Tanpa Nangkil sing genti matur nyuwun pirsa.

 

"Wosing panyuwun kaya sing tak kandhakne ing ngarep, ya iku murih Mataram mbudhalake wadya bala kang cukup kanggo ngendheg karepe Panembahan Dewa Karkatha sakancane kabeh" Patih Mandaraka paring wangsulan marang Pangeran Demang Tanpa Nangkil "kajaba saka iku, Rangga uga ngabarake yen Dewa Karkatha lan Murid-muride kuwi duwe kasekten sing kena diarani punjul ing apapak, dadi tetindhihe wadaya bala saka Mataram kudu dipilihne sing sakira babag karo Dewa Karkatha lan para gegedhuge, dene kekuwataning jurit Paguron ing Tangen kuwi, miturut panyawange Rangga ora kurang saka wong patang atus, mula Rangga banjur matur luwih becik yen cacahing wadya sing dibudhalake saka Mataram saora-orane iya kanthi cacah sing padha, murih ora mindhon gaweni".

 

"Mangke rumiyin Wa Juru" Pangeran Singasari nyela atur "kok kula boten pitados dhateng anak kula Rangga niku babar pisan boten, nanging kula ngertos, anak kula Rangga niku kenging diparibasakaken nembe lare wingi sore, daos inggih limrah menawi taksih gadhah raos gumunan mireng cariyos kasektenipun mengsah. Kula inggih pitados menawi Dewa Karkatha menika mila sekti mandraguna punjul ingapapak, wudu ing tandhing, nanging menika menawi katingalan dening panyawangipun Rangga. Dados mesthi benten tebih menawi ingkang ningali Dewa Karkatha menika senapatining perang saking Mataram ingkang sampun wongsal-wangsul pinitados mbrastha satruning negara, nelukaken miwah nugel gulunipun para tiyang ingkang ngraman kawibawaning Nagari Mataram".

 

 

ana candhake.

 

 


Selasa, 08 Februari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (074)


74.

Sauntara Rangga lan Marga sing lagi rerembugan perkara piyte mengko nek nganti nom-noman loro kuwi kepethuk Pangeran Singasari, sing lagi dirasani wektu kuwi lagi rembugan bab kang wigati ing Kepatihan Mataram. Nalika iku pancen awit saka kersane Patih Mandaraka, Pangeran Singasari, Pangeran Demang Tanpa Nangkil lan para Tumenggung padha mlumpuk ing Dalem Kepatihan ngrembug bab palaporane para Prajurit Sandi sing ngayahi jejibahan ing brang wetann.

 

"Dadi ing Brang Wetan, ing wetan lan kulone Kali Sawur ana paguron loro sing ajak-ajak kawula Mataram supaya mbalela ing ratu, apa ya pancen mangkono Kanjeng Pangeran ?" Patih Mandaraka nggenahne apa sing wis diaturne Pangeran Singasari sing mbacutake kabar saka Prajurit Sandi.

 

"Leres Wa" wangsulane Pangeran Singasari "aturipun Prajurit Sandi ingkang kula tampi, Paguron kalih ingkang nami Paguron Tangen lan Paguron Ngampon menika boten kandheg ing ngajak para kawula Mataram murih wani ndaga dhawuhipun Kanjeng Panembahan Senapati, nanging ugi sampun nusun kekiyataning prajurit kangge ngraman dhateng Mataram.  Awit saking  menika, kula lajeng munjuk ing ngarsanipun Wa Mandaraka murih paring palilah dhateng ingkang kawogan ngedalaken prabeya sacekapipun kangge sangunipun Tumenggung Tirtakusuma miwah Tumenggung Dahanapati ingkang badhe bidhal mbrastha Paguron Kalih kasebat".

 

"Anakmas Pangeran arep masrahake kaparcayan kanggo ngadhepi lan mbrastha reretu sing ditindakne Paguron Tangen lan Paguron Ngampon kuwi marang Ki Tumenggung Tirtakusuma lan Ki Tumenggung Dahanapati?" Patih Mandaraka takon maneh.

 

"Inggih Wa" wangsulane Pangeran Singasari "kados ingkang sampun kacetha ing serat panyuwunan wragad perang ingkang kula tapakastani piyambak, Tumenggung Tirtakusuma lan wadya balanipun cacah setunggal atus ingkang badhe numpes Paguron Tangen lan Tumenggung Dahanapati sawadyabalanipun kanthi cacah prajurit ingkang sami, ingkang kajibah ngrabasa Paguron Ngampon".

 

Patih Mandaraka ora enggal aweh wangsulan marang Pangeran Singasari sing intine nyuwun supaya Patih Mandaraka enggal paring pasarujukan marang panyuwunan wragad perang kuwi. Ora merga Patih Mandaraka rumangsa eman yen bandhaning negara kalong kanggo ngragadi budhale prajurit Mataram sing ditindhihi Tumenggung loro piyandele Pangeran Singasari kuwi. Nanging Patih Mandaraka sing wis kliwat akeh ngerti pedhes asine kahanan Mataram kuwi, durung pati percaya karo apa sing dikandhakne Pangeran Singasari sing dhasare palaporane prajurit sandi lan banjur dijupuk dudutan dening Pangeran Singasari.

 

"Ngene ya Anakmas Pangeran Singasari" Patih Mandaraka banjur ngendika alon sajak ngati-ati "aku sarujuk banget karo lekase Anakmas daya-daya tumandang murih Paguron loro sing nedya gawe dredah ing Mataram enggal sirna, nanging apa ora luwih prayoga yen sepisan maneh Anakmas utusan Prajurit Telik Sandi kanggo ngukur sepira kekuwatane Paguron Tangen lan Ngampon kuwi? perlune aja nganti gaweyan iki ndadak mindhon gaweni amung jalaran kurang cethane warta kang katampa sing magepokan karo kekuwataning mungsuh sing arep disirnakne?".

 

Sanadyan olehe ngendika Patih Mandaraka wis dingati-ati murih ora nyenggol pangrasa, nanging bawane Pangeran Singasari sing nggadhuh penggalih getapan lan kagungan rasa percaya marang kekuwataning lahir lan batine  dhewe cukup gedhe, pangandikane Patih Mandaraka sing mangkono kuwi mau dianggep arep ngedceh-eceh wektu lan pikiran wae.

 

"Siwa Mandaraka mesthinipun langkung pana, ing babagan menika kula sampun pinitados dening Kanjeng Sinuhun Panembahan Senapati, jalaran kula sampun wongsal-wangsul caos bukti menggah ajeg leresipun petangan ingkang kula unjukaken. Lan ing prakawis mbalelanipun Paguron Tangen lan Ngampon menika, kekiyatanipun namung saben Paguron boten langkung saking kalih atus tiyang, kamangka kula ngertos bilih kekiyataning saben prajurit andhahanipun Tumenggung Tirtakusuma lan Tumenggung Dahanapati menika sampun kulina mimpang menawi dipun jilu utawi dipun jipat pisan. Nanging, menawi Wa Patih Mandaraka taksih sanggarunggi dhateng katiysanipun para Prajurit andhanipun Tumenggung kekalih kala wau, kula ugi sarujuk menawi cacahing prajurit dipun tambah  utawi dipun rangkepi malih, nanging menawi kedah utusan prajurit Sandi malih, kangge niti sepinten kekiyataning mengsah, menika kula kinten namung badhe ngedeh-eceh wekdal saha ngeceh-eceh nalar kemawon, Wa" Pangeran Singasari nelakake sing ana penggalihe marang Patih Mandaraka kanthi suwara sing banter lan cetha.

 

Patih Mandaraka ngincangake alise midhanget ature Pangeran Singasari sing intine ora bisa nampa rerigen lan pamrayoga sing dikandhakne.  Pangeran Demang Tanpa Nangkil lan para Tumenggung sing ana kono kabeh padha meneng. Satemene wong-wong kuwi luwih sarujuk karo pamrayogane Patih Mandaraka sing wiwit jaman Demak wis kulina dadi paramparane Senapati perang. Nanging wong-wong kuwi uga ngerti watak wantune Pangeran Singasari sing yen wis duwe kersa angel dipenggak utawa dienggokake, Pangeran Singasari sing kagungan kasekten sing durung ana tandhinge kuwi pancen luwih seneng percaya marang panemune dhewe tinimbang panemu saka wong liya. Lan sing sapa wani mbantah karo apa sing dadi panemune Pangeran agul-aguling Mataram kuwi, mangka bakal ndadekne serik ing penggalihe Pangeran Singasari. Mula tinimbang nuwuhake salah tampa, wong-wong kuwi milih padha meneng, ora wani melu-melu udhu panemu.

 

Kahanan dadi tintrim semu angker, Patih Mandaraka uga ora enggal guneman aweh kaputusan. Ya mbarengi kahanan sing tintrim kuwi, ing alaming lelemunan Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma wis mapan lungguh timpuh sedheku amarikelu ing ngarsane Patih Mandaraka. Iya gandheng wong loro kuwi isih ngecakne aji Mayasamun, liyane Patih Mandaraka ora ana sing padha weruh. Patih Mandaraka dhewe, nadyan wis weruh tekane wong loro kuwi, nanging milih kendel, jalaran ki Patih wis pirsa yen ing drijine Ki Gedhe Pelanggolan kanggonan kalpika ageme Raden Rangga, kang mangkono kuwi nuduhake yen tekane wong loro sing isih manggon ing alam palemunan kuwi merga diutus dening putrane Panembahan Senapati sing lagi nindakne laku lelana.

 

"Nyuwun pangapunten Gusti Patih, kapeksa sowan kula mawi cara ingkang boten jumbuh kalih tatakrama, labet saking wigatosing jejibahan ingkang kula emban" dumadakan Ki Gedhe Pelanggolan guneman nganggo suwara sing cetha temah bisa dirungokne dening kabeh sing ana papan kuwi.

 

Pangeran Singasari lan para Tumenggung sing ana kono padha kaget jalaran ana suwara sing tanpa rupa kandha nek arep marak Patih Mandaraka. Sing padha nggadhuh aji palemunan tumuli ngecakne ngelmune dhewe-dhewe, kepengin weruh sapa sing lagi guneman kuwi. Nanging ora ana siji-sijia sing kuwawa nembus aji Mayasamun sing dicakne dening Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma, dadi panggah wae, ora ana sing bisa sumurup sing lagi guneman nanging ora ngatonake ragane kuwi. Wong-wong sansaya eram awit sumurup yen sing teka kuwi duwe kasekten sing luwih dhuwur tatarane tinimbang wong sing ana kono.

 

"Pawadan sing ndika kandhakne kuwi aku wis bisa nampa Kisanak" Patih Mandaraka aweh wangsulan uga karo suwara sing cetha "diage padha ngatona, sarta ana kabar apa sing ana sambung rapete karo wayahku si Rangga?".

 

Wong-wong sing padha krungu karo sing dingendikakne Patih Mandaraka lagi padha ngerti yen Pepatih Mataram kuwi wis suwe pirsa yen ana wong sing lagi wae teka.

 

"Pangabekti kula mugi kunjuk ing sahandhaping pepada paduka Gusti Patih" karo ngantonake ragane sarana nrucat ngelmu Mayasamun, Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma padha nyembah sampeyane Patih Mandaraka.

 

"Ya wis tak tampa Kisanak" wangsulane Patih Mandaraka karo mesem "yen nitik ganda sing tak rasakne, ndika sakloron iki isih mambu riwene Syekh Bantarjati ya Raden Sengkan. nDika kuwi sapa? Lan ya gene isih kepethuk karo wayahku Rangga? Malah sajake ndika sakloron arep aweh warta marang aku gegayutan karo lakune putuku Rangga?".

 

"Lepat nyuwun sih pangaksami Gusti" Ki Gedhe Pelanggolan banjur matur "mila estu, nadyan namung sakedhap Paman kula ingkang nami Dhadhap Sulasma menika nate suwita dhateng Syekh Bantarjati siswanipun Syekh Jumadilkubra, inggih menika nalika paman kula menika nembe nampi sesikuning Allah dados prayangan. Dene kula pun Jungkung, utawi Sima Loreng utawi Ki Gedhe Pelanggolan, mila maksih kapernah siswanipun Bapa Sima Rekta utawi Ki Markidin siswanipun Sawargi Raden Sengkan inggih Syekh Bantarjati utawi Kyai Bantarangin. Salajengipun, sowan kula ing ngarsa paduka Gusti Patih menika, inggih awit ngemban dhawuh saking Gusti kula Raden Rangga kinen ngaturaken nawala kunjuk ing ngarsa Paduka Gusti Patih Mandaraka".

 

Bubar matur mangkono iku, Ki Gedhe Pelanggolan tumuli ngetokne buntelan rontal saka njero klambine, banjur diaturne ing ngarsane Patih Mandaraka. Pangeran Singasari lan kabeh sing ana kono ora ana sing padha guneman, kabeh kasengsem ndulu lan ngrungokne rembugan atarane wong loro sing lagi teka kuwi karo Patih Mandaraka. Wong-wong kuwi sansaya gumun lan eram bareng Ki Gedhe Pelanggolan ngaturake layang sing jarene saka Rangga, putrane Panembahan Senapati sing wis rada suwe ora katon ing Kutha Gedhe Mataram.

 

 

ana candhake.
 

Senin, 07 Februari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (073)

 


73.

 

Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma banjur padha nindakne sujud marang Allah Kang Maha Agung, ngunjukne rasa sukur sarta panuwun awit wis luwar saka panandhange dhewe-dhewe. Wong loro kuwi padha ngrasakne awake sing kepenak, rasa sing salawase iki nyiksa ing perangan-perangan awake wis ilang kabeh. Nanging sing luwih gawe senenging atine wong loro kuwi ya saab wis pulih dadi manungsa maneh kuwi, kanthi mangkono sawayah-wayah Gusti ngersakne nimbali bali ing ngayunaNe, bisa sowan kanthi kahanan wujud sejatining manungsa.

 

"Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma" bareng karo rampunge wong loro kuwi nindakne unjuk panuwun marang Allah, Rangga guneman "wecanipun Ki Tanparupa bilih ndika kekalih badhe karuwat dening siswanipun sampun kaleksanan, samangke kula kekalih nyuwun pamit badhe nglajengaken lampah. Boten langkung andum basuki, mugi-mugi Gusti tansah paring pangayoman dhateng kula kekalih miwah ndika sami".

 

"Mangke rumiyin Ngger" Ki Gedhe Pelanggolan wangsulan, dheweke kaget krungu olehe pamitan Rangga mangkono iku "mugi angger kekalih sampun negakaken kula dalasan para warga ing Pelanggolan mriki, kula saestu nyuwun senjata pitulungan dhateng angger kekalih, mugi angger kekalih kersa paring tuntunan salebeting kula lan para warga ing Pelanggolan nindakaken kuwajiban ingkang wujud perang sabil kados ingkang sampun Anger kekalih dhawuhaken saderengipun kula lan Paman Lasma lepas saking panandhang kala wau".

 

Rangga lan Marga ora enggal aweh wangsulan marang panjaluke Ki Gedhe Pelanggolan, mbok menawa wae isih ana rasa cuwa marang tembung sing diucapne dening Ki Lurah Kuwera sing mau wis ndadekne Ki Gedhe Pelanggolan lali purwa duksina temah kelangan sipat kamanungsane lan meh wae gawe patine Lurah Grumbulan kuwi. Lurah Grumbulan lan Bebau Senggot sarta Bebau Watutanggul sing isih ngathang-athang ana pasuketan satemene wiwit mau wis padha eling, mung wae merga kanthi karucate omah saisine sing mau dienggo jagongan saka alam maya, wis ndadaekne Lurah lan bebau loro kuwi padha bingung. Mula karo ngeling-eling apa sing wis dialami wong telu kuwi isih meneng ora obah saka papane semaput mau. Wong telu kuwi uga wis krungu kabeh sing dirembug Rangga, Marga karo Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma. Mula bareng Ki Gedhe Pelanggolan aweh wangsulan marang Rangga mangkono kuwi mau, ndadekne Lurah Grumbulan kelingan yen mau dheweke wis tumindak degsura wani mbantah pituture Rangga sing ndadekne Rangga cuwa atine malah ora mung kuwi wae, Ki Gedhe Pelanggolan sing nesu merga krungu olehe guneman degsura kuwi dumadakan malih dadi Macan Gembong sing ndadekne dheweke lan Bebau Senggot apa dene Bebau Watutanggul nggeblag semaput saking wedine.

 

Lurah Kuwera temen kepengin ndandani kaluputane mau, mula bareng krungu yen Ki Gedhe Pelanggolan njaluk supaya Rangga lan Marga gelem aweh tuntunan sajrone ngayahi jejibahan Perang Sabil, Lurah Grumbulan kuwi banjur tangi saka anggone ngathang-athang, banjur mbrangkang nyedhaki Rangga. Karo sujud ing sikile Rangga, Lurah Kuwera guneman groyok :

 

"Dhuh Raden sesembahan kula, saestu awit saking bodho kula, kula sampun tumindak degsura dhateng Gusti kula Raden Rangga. Saestu kula sampun tobat Raden, mugi Raden kepareng paring sih pangaksami dhateng kula. Saestu Raden, tanpa ndika tuntun kula miwah para warga ing Grumbulan mokal saged nindakaken kuwajiban perang sabil, upami kapeksaa inggih badhe klentu awit saking bodhonipun kula tartamtu badhe gampil ancasing perang sabil ingkang suci menggok dhateng margi sasar temah badhe perang ingkang namun nuruti hardaning hawa napsu. Inggih awit saking menika Raden, mugi Angger Rangga miwah Angger Marga sampun jengkar nilaraken Padhukuhan Pelanggolan utawi Grumbulan mriki saderengipun kula lan para warga lebda ing karya anggenipun nindakaken pambudiaya sarana ngayati Perang Sabil ingkang suci, kula boten badhe wantun malih nggega bodoning manah kula temah gadhah pamanggih ingkang singlar saking kautaman".

 

Weruh sikepe Lurah Grumbulan sing nangis ngguguk neng sikile sarta ngasih-asih njaluk kawlasan mangkono kuwi ndadekne Rangga lilih atine. Kanthi sabar Lurah Grumbulan dicandhak pundhake banjur dikongkon bali lungguh kaya salumrahe.

 

"Inggih, Inggih Ki Gedhe miwah Ki Lurah" Rangga banjur guneman aweh wangsulan marang Ki Gedhe Pelanggolan lan Lurah Grumbulan "kula rumaos remen kalih lekasipun Ki Gedhe lan Ki Lasma ingkang boten nyupekaken kasagahan sanaosa sampun luwar saking panandhang. Ugi dhateng Ki Lurah ingkang cepet anggenipun enget nunten daya-daya andandosi kalepatanipun".

 

"Inggih Ngger" Ki Gedhe pelanggolan semaur, suwarane nuduhne yen atine wis kecondholkan rasa seneng maneh "samangke mugi Angger Rangga tuwin Angger Marga kepareng nglajengaken dhawuh ingkang kala wau sinelan jalaran langkung rumiyin nindakaken ngruwat kula kalih Paman Lasma".

 

"Inggih Ki Gedhe" wangsulane Rangga karo mesem, banjur kandha marang Marga "kono Dhi, tulung sing luwih cetha yen guneman, ora kaya aku sing groyok lan akeh ora sarehe iki, matura marang Ki Gedhe lan Ki Lurah dimen luwih cetha".

 

"Makaten Ki Gedhe lan Ki Lurah"kandhane Marga nyauti tembunge Rangga "Perang Sabil ingkang badhe kaayatan menika mbnetahaken kasabaran ingkang sakalangkung ageng. Awit tanpa nggadhuh raos sabar mokal Perang Sabil saged dipun lampahi kanthi sae. Kula suwun dhateng Ki Lurah, wiwit benjing-enjing sadaya kekiyatan perang utawi prajurit kalurahan murih dipun gladhi malih lan kasiagakaken. Makaten ugi dhateng Ki Lasma, mugi kadhawuhna dhateng lurahing para siswa ing Paguron Jatigrowong utawi Paguron Pelanggolan murih nyiagakaken sanggyaning para siswa kangge ngayati padamelan menika".

 

"Inggih Ngger, dhawuh ndika badhe kula estokaken" wangsulane Lurah Grumbulan karo Ki Lasma meh bareng.

 

"Salajengipun" Marga nutugne olehe guneman "kula badhe nyuwun tulung dhateng Ki Gedhe Pelanggolan miwah Ki Lasma ingkang sampun kagadhuhan ngelmi Sepiangin supados marak ing ngarsanipun Gusti Patih Mandaraka ing Mataram ngunjukaken nawala ingkang badhe dipun tapak-astani dening Kakang Rangga. Dene anggenipun awake piyambak suka pemut dhateng Panembahan Dewa Karkatha ing Tangen miwah Ki Ageng Julunggeni ing Ngampon, supados dipun tindakaken dening Gusti Patih utawi paraga ingkang dipun piji".

 

"Inggih Ngger boten langkung ngestokaken dhawuh" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan.

 

"Kula kinten menika rumiyin kemawon, prakawis sanesipun badhe kula aturaken manawi sampun dumugi ing wancinipun" Marga mungkasi olehe aweh prentah.

 

Dina iku uga, Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma budhal pangkat menyang Mataram sawuse dening Rangga digawani layang kanggo Ki Jurumartani. Murih Ki Gedhe ora kangelan anggone marak ing ngarsane Ki Juru Martani, Rangga uga aweh gawan wujud ali-ali sing mawa tandha yen iku ali-aline Rangga. Dhasare bocah rada nakal, Rangga uga aweh turur marang ki Gedhe Pelanggolan apa dene Ki Lasma supaya kekarone padha nggunakne aji Mayasamun lan lagi dirucat sawise teka ngarepe Patih Mandaraka dadi lekase Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma ora bakal kadhang-dhangan dening tata kramaning seba ing kraton utawa ing kepatihan. Kanggo sauntara Rangga lan Marga banjur mapan ing omahe Lurah Grumbulan kaya sadurunge nom-noman loro kuwi kepethuk Puthut Jayantaka lan Jayandaga neng gisik bengawan wingenane kae.

 

"Aku iki satemene rada anyel karo awakmu lho Dhi" kandhane Rangga nalika kekarone lagi leren ing gandhok sing dicawisake dening Lurah Grumbulan kanggo nom-noman loro kuwi.

 

"Ya gene ndadak nganggo anyel barang ta Kakang?" Marga takon, ora mudheng karo sing dikandhakne Rangga.

 

"Anyel merga wis nuruti rerigenmu, kongkonan Ki Gedhe karo Ki Lasma ngaturake lelakon iki menyang Kanjeng Eyang. Iki mengko tan wurunga awake dhewe bakal kepethuk karo Paman Pangeran Singasari sing ngasta prajurit sagelar sepapan ing papan kene" swangsulane Rangga .

 

"Ora Kakang" Marga mesem genti wangsulan "Gusti Pangeran Singasari sawadya balane mung tekan Paguron Tangen lan yen wis rampung anggone nindakne kuwajiban mesthi ya banjur kundur maneh menyang Mataram".

 

"Apa rumangsamu Paman Singasari kuwawa nundhukne menungsa sing nganggo jeneng Panembahan Dewa Karkatha kuwi he?" Rangga takon karo ngguyu sepa "lha wong lagi ngadhepi muride sing wingenane gojeg karo awake dhewe kae wae durung karuwan yen Paman Singasari bisa kanthi cepet ngalahake".

 

"Kakang kuwi kok isih dhemen nganggep entheng marang Gusti Pangeran Singasari ta?" Marga wangsulan  "Gusti Pangeran Singasari kuwi suh jejede Mataram lan piyandele Gusti Panembahan Senapati, siswa piniji saka Gusti Patih Mandaraka, dadi Kakang ora pas yen banjur duwe tembung kaya mau kuwi".

 

"Dadi karepe si Adhi, mbesuk nek wis wayahe awake dhewe meneng wae utawa negakne Paman Singasari lan wadya balane nyambut gawe dhewe?" Rangga takon karo ngguyu.

 

"Ya ora mangkono Kakang" wangsulane Marga mesem "ya mengko ditonton wae suwasane nuduhne sing kepiye, muga-muga wae Gusti Pangeran Singasari ora kober methuki pulunane sing bagus dhewe iki".

 

Rangga meneng ora semaur maneh, putrane Panembahan Senapati kuwi ajeg akeh nggugu sing dadi rerigene Marga sing wis didhaku minangka sedulur lanange.

 

ana candhake.


Minggu, 06 Februari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (072)


 


72.

Ki Gedhe Pelanggolan, Ki Lasma lan Lurah Kuwera wis tanggap karo sing dikarepne Marga, ya iku wong-wong kuwi diajak nyawijekne kekuwatan kanggo ngluwari Desa grumbulan saka cengkeremane Paguron Tangen lan Paguron Ngampon sing wis suwe olehe aweh kuwajiban marang warga Desa supaya mbayar pajek sing cacahe ora sethithik. Tumrap Ki Lurah Grumbulan sing pangajak sing mangkono mau wis jumbuh karo angen-angene, Lurah Grumbulan percaya yen Ki Gedhe Pelanggolan aweh idin marang para siswane nyawiji karo kekuwatan prajurit Grumbulan, mangka ora bakal kabotan yen mung mungsuh karo para murid saka Paguron Tangen utawa Ngampon. Lha yen Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma gelem muduhun ing glangganging payudan sarta klawan dibantu Rangga lan Marga, mangka bakal bisa ngalahne para gegedhuge paguron loro kuwi.  Mula Ki Lurah Kuwera rumangsa seneng krungu apa sing dikandhakne Marga kuwi, ya kanthi dalan perang sabil mungsuh paguron sing gawe rekasaning kawula ing Grumbulan iki mangka mengko Desa Grumbulan bakal bisa luwar saka panandhang.

 

Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma, uga rumangsa cocok sarta mathuk karo sing dikandhakne Marga kuwi. Biyen Desa Pelanggolan utawa Desa Grumbulan kuwi dibabad dening Ki Pelanggolan lan Ki Lasma lan kanca-kancane jalaran duwe gegayuhan supaya bisa aweh kemakmurane para sing padha babad mudhune marang para anak putu, kanthi tumindake Paguron Tangen lan Paguron Ngampon sing wis gawe kasangsarane warga kaya saiki iki, mula wajib paguron loro kuwi diendheg, supaya ora mbacutake nggone ngrampog bandhane para warga kanthi dhasar pajek sing ora tinemu ing nalar kuwi.

 

"Mila leres ingkang dados dhawuh ndika menika Ngger" kandhane Ki Pelanggolan sabanjure "kula miwah Paman Lasma tuwin Ki Lurah Pelanggolan utawi Lurah Grumbulan, saestu badhe kanthi suka gembiraning manah menawi kadhawuhan nindakaken Perang Sabil menika. Samangke kaparenga kula nengga dhawuh saking angger kekalih, benjing menapa Perang Sabil menika badhe kaayatan?".

 

"Sabar Ki Gedhe" genti Rangga sing genti guneman "ing ngajeng sampun kaaturaken, perang kanthi ngunggar kasudiran adu tosing balung wuleting kulit ing palagan menika mapan ing pamilih kantun piyambak. Dados kula dalasan andika sami langkung rumiyin kedah nyobi suka pemut dhateng Paguron kalih kasebat, mliginipun Paguron Tangen langkung rumiyin".

 

"Suka pemut kados pundi Ngger?" genti Ki Lurah Kuwera sing takon ditutugne karo aweh panemu sing metu saka nalare dhewe "awit kula kinten Paguron kalih menika tartamtu boten badhe nggega menawi dipun sukani pitutur murih ngendheg anggenipun naris paos dhateng warga Grumbulan".

 

"Ki Lurah" Rangga semaur kanthi suwara sing rada sereng "dados ndika kagungan pamanggih boten sisah suka pemut dhateng Paguron Tangen? Menawi makaten kersa ndika, inggih mangga. Jalaran kanthi pamanggih ingkang makaten kalawau, sami kemawon ndika ngersakaken nyenyahak wewenanging Gusti ingkang tuhu wenang ngobahaken osiking manahipun para titah kalebet Panembahan Dewa Karkatha ing Tangen lan para Pandherekipun. Kaping kalih, anggen badhe dika ngayahi jejibahan perang menika mangke boten jalaran nindakaken dhawuh perang sabil, nanging perang ingkang namung mburu mimpang nuruti hardhaning hawa napsu. Manawi menika ingkang kakersakaken, kula trimah boten tumut-tumut kemawon Ki Lurah lan rembagan menika kapunggela dumugi mriki kemawon, kula kalih adhi kula badhe nglajengaken lampah".

 

Kaya disamber gelap luput rasaning atine Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma krungu wangsulane Rangga sing alon nanging keprungu rada sereng kuwi. Wong loro kuwi ngerti yen Lurah Kuwera wis tumindak degsura maneh, babar pisan ora ngrungokne apa sing wis dikandhakne Marga apa dene Rangga sing wis cetha. Malah Lurah Grumbulan kuwi nuduhne yen dheweke duwe panemu sing singlar saka bebener nerjang adeg-adege paugeran kamanungsan. Ketang ora kuwat ngempet rasa sing dumadakan ngrangsang pulung atine, Ki Gedhe Pelanggolan banjur nggereng kaya panggerenging macan lan kaya sing wis-wis, saben-saben Ki Pelanggolan nesu mangka bakal ilang sipat kamanungsane, banjur mak jleg salin wujud dadi macan gembong sing sak kebo benthung gedhene. Macan gembong kuwi ngisis siyunge arep nubruk Ki Lurah Kuwera sing dianggep wis tumindak luput jalaran kumawani mbantah apa sing dadi kandhane Rangga muride Ki Tanparupa.

 

Lurah Grumbulan lan Bebau Senggot apa dene Bebau Watutanggul ndhrodhog keweden weruh wujude Ki Gedhe Pelanggolan sing wis rupa macan gembong sing nggereng-nggereng nuduhne kanepsone. Saking mirise wong telu kuwi banjur nggeblag neng lemah, semaput ora eling apa-apa. Ki Lasma sing uga ngerti yen Ki Pelanggolan wis ilang sipat kamunungsane lan bakal tumindak kaya lumrahe macan yen lagi nesu, Ki Lasma wis ora bisa tumindak apa-apa, jalaran yen wis wujud macan mangkono kuwi Ki Pelanggolan ora bakal bisa diendheg apa sing dadi kekarepane. Ki Lasma dhewe uga ngrumangsani yen ing tata kanuragan, ngelmune Ki Pelanggolan adoh mapan ing sadhuwure ngelmune.

 

Rangga lan Marga sing mau lungguh rada adoh ing ngarepe Ki Gedhe Pelanggolan dadi rada nratab weruh kedadean sing nggisa nggegirisi kuwi. Nanging ya tumuli bisa nata atine lan nguwasani kahanan sing diadhepi. Kanthi cukat Marga nglolos cemethi sing disabukne neng bangkekane, tangane tengen wis kenceng nggpoceki gagange pecut wasiyat peparinge sawargi Pangeran Benawa kuwi. Sauntara Rangga tanpa ana sing weruh, dumadakan uga wis siaga karo teken bongkotan pring kuning sing sadriji jempolan gedhene.

 

Macan gembong malihane Ki Gedhe Pelanggolan nggero banjur mlumba mendhuwur arep nubruk Ki Lurah Kuwera sing isih gumlethak semaput. Nanging Marga ora kalah cukate, tanpa ngowahi carane lungguh uga wis ngobahne cemethine. mBarengi kurang sakecu cakar-cakare Macan gembong saka sirahe Lurah Grumbulan pucuk pecute Marga, mbledhos nuwuhake suwara kaya bledheg ing mangsa sanga oleh mangsan. Upat-upat pecute Marga wis tumiba ing awake Macan Gembong, ndadekne Macan gembong kontal mencelat. Awake Macan sing gedhene sakebo benthung kuwi natap gebyog gedhege gandhok temah jebol padha sakala, ragane Ki Pelanggolan sing wujud Macan gumebrug tiba ing jabane omah.

 

Ki Lasma sing weruh yen Ki Pelanggolan mencelat merga kena sabetan pecute Marga dadi kaget. Ngira yen Ki Pelanggolan wis tumekeng pati merga pokale Marga, sakala nesu ora sranta karo ngetog kekuwataning ngelmu prayangane banjur nubruk arep ngrangsang marang Marga sing isih lungguh ora owah saka papane. Nanging Rangga luwih prayitna, sadurunge tangane Ki Lasma sing wis dikebaki kekuwatan wutuh, kekuwatan saka alam prayangan kuwi tumiba ing ragane Marga, teken bongkotan pring kuning sing digegem pucuke luwih dhisik ngadhang ing ngarepe Ki Lasma. Sakala Ki Lasma uga mencelat nututi Ki Gedhe Pelanggolan, gumebrug tiba ing sisihe .

 

Ora karo kandha apa-apa, Rangga lan Marga banjur ngadeg, mlaku arep nyedhaki sing lagi wae padha tumiba merga ketiban upat-upat lan teken bongkotan pring kuning kuwi ing jabane omah. Dumadakan bumi dipidaki nom-noman loro kuwi horeg sansaya suwe sansaya gedhe, ana lindhu sing ora karuwan bantere, ndadekne omah sing mau dienggo lungguh jejagongan mawut ora karuwan. Sasirepe lindhu kahanan dadi malih, ora ana tilas-tilase reruntuhan omah, ora ana amben, ora ana klasa, ora ana pethi wadhah rontal. Sing ana mung lemah bera sing kethukulan suket lamur sing ketel. Ing dhuwure pasuketan, katon Lurah Kuwera lan Ki Bebau Senggot sarta Ki Bebau Watutanggul ngathang-athang kanthi sikil padha sila.

 

Ora adoh saka papane Lurah Grumbulan lan Bebaune loro kuwi, katon ana wong loro maneh sing lagi ngglethak karo mripat kriyip-kriyip kaya wong sing lagi tangi saka anggone turu. Ki Pelanggolan lan Ki Lasma. Bareng wis sauntara, wong loro kuwi banjur lungguh. Noleh ngiwa nengen, bareng panyawange weruh Rangga lan Marga sing isih ngadeg karo nggawa gegamane dhewe-dhewe, wong loro kuwi banjur alon-alonan padha nyedhak karo nuduhake sikep kurmat.

 

"Ngaturaken genging panuwun ingkang tanpa penindhan dhuh sang siswanipun Ki Tanparupa, titahing Allah ingkang kuwawi ngambah jagad sanga" ature Ki pelanggolan sing banjur ndheprok ing ngarepe Rangga lan Marga,  Ki Lasma uga banjur nerokne melu lungguh ndheprok amarikelu "inggih awit kamurahan ndika kekalih, kula sampun nampi nugrahaning Allah temah sampun karuwat wangsul pulih dados manungsa limrah".

 

"Ki Gedhe lan Ki Lasma saestu sampun pulih kados jaman rumiyin saderengipun nampi walat?" Rangga takon karo mesem.

 

"Inggih Ngger, saestu kula sampun luwar saking panandhang menika" wangsulane Ki Gedhe pelanggolan.

 

"Makaten ugi kula Ngger" Ki Lasma uga aweh wangsulan "sadaya raos sipat-sipating siluman utawi prayangan sampun lepas saking jiwa lan raga kula, kula sampun pulih dados manungsa limrah malih".

 

"Sokur alhamdulillah" Marga genti guneman "menawi makaten mangga sareng-sareng sami ngunjukaken raos sukur lan panuwun dhumateng Allah, awit inggih namung Allah ingkang sampun paring kasarasan tuwin kawaluyan dhateng ndika kekalih Ki" .

 

 

 

ana candhake.

Sabtu, 05 Februari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (071)

 

 

71.

Rangga lan Marga inget-ingetan karo sunaring mripat nuduhne yen ora mudheng karo karepe Lurah Grumbulan sing mbrebes mili, asok kaluputan sarta siaga nampa pidana ngono kuwi. Malah nek gelem ngakoni ngono nom-noman loro kuwi sing rumangsa luput, jalaran ninggalne gandhok panginepan ing omahe Ki Lurah tanpa pamitan merga nuruti panantange Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga sing wekasane nggeret jiwa ragane ing papane Ki Lasma kono kuwi. Nanging, Lurah Grumbulan babar pisan ora ngrembug perkara kuwi, malah kandha nek jarene wis tumindak degsura marang Rangga sing dikandhakne jare sesembahane. Ana apa maneh iki?.

 

"Sekedhap Ki Lurah" kandhane Marga sawise oleh sasmita saka Rangga supaya aweh wangsulan marang Lurah Grumbulan, mula Marga ya banjur takon "ndika ngendika menawi sampun tumindak lepat jalaran rumaos sampun wantun degsura dhateng sesembahan ndika niku cethane pripun?"

 

"Mugi Gusti kekalih ngagungna ing sih pangaksami dhateng kula" wangsulane Lurah Grumbulan panggah karo marikelu "saestu kula boten sumerep lan boten mangertos menawi ingkang kula suwuni pitulungan lan badhe kula ajak sowan ing ngarsanipun Ki Gedhe Pelanggolan menika putra dalem Kanjeng Panembahan Senapati ing Mataram saha siswa kinasih saking Gusti Pangeran Benawa ing Pajang. Inggih awit degsura kula kala wau mugi Gusti kula kekalih kepareng paring pangaksami nanging yen ta awit kdegsuran kula menika kedah nampi pidana, kula kanthi rilaning manah badhe nampi pidananipun Gusti".

 

"Ha...ha....ha..." dumadakan Rangga ngguyu banter medhot ature Lurah Grumbulan banjur disusul guneman sing ngemu guyu "gek ndika niku wau angsal saking dobril saking pundi ta Ki Lurah? Wiwit sapisanan kepanggih nika kula kalih adhi kula rak sampun matur, bilih namung lare alit ingkang remen dolan radi tebih saking griya? Dados boten wonten sambung rapetipun kalih sinten tiyang sepuh kula kekalih. Sampun sak niki kula wangsuli, kula boten remen menawi ing mriki wonten ingkang ngundang nami kula lan adhi kula mawi sebatan Raden utawi sebutan sanesipun ingkang mambet sebatan kraton, cekap njangkar utawi ngger, adhi, anak lan sapiturutipun. Perkawis ndika ngajak kula kalih adhi kula manggihi Ki Gedhe Pelanggolan menika saestu tebih kalih ingkang winastan degsura, pramila kula kalih adhi kula inggih boten badhe gela, nanging menawi wonten ingkang nyebut kula mawi sebatan Raden, ing mriku kula badhe nesu saestu. Ngertos?".

 

"Inggih Gust..... eh Ngger..." Lurah Grumbulan semaur groyok.

 

"Samangke kula badhe matur dhateng Ki Gedhe lan Ki Lasma rumiyin, Ki Lurah lan Ki Bebau kula suwun mirengaken rumiyin" kandhane Rangga sabanjure.

 

"Inggih Ngger, mangga!" Lurah Kuwera semaur alon.

"Inggih, kados pundi Ngger? Menapa ingkang kedah kula lampahi murih kula kalih Paman Lasma enggal saged luwar saking panandhang ingkang sampun matahun-tahun menika?" Ki Gedhe Pelanggolan nyauti rembue Rangga.

 

"Aturna marang Ki Gedhe lan Ki Lasma Dhi" Rangga ngongkon Marga supaya ngandhakne sing dadi rancangane wingi.

 

"Nuwun sewu Ki Gedhe lan Ki Lasma, kados ingkang sampun kula kalih Kakang Rangga aturaken ing ngarsanipun Ki Gedhe miwah Ki Lasma ingkang ugi wosipun sami kalih ingkang sampun kula aturaken dhateng Ki Lurah Grumbulan" Marga nata lungguhe banjur wiwit guneman "bilih ingkang saged ngentas sadaya panandhang menika namung Gusti Allah, dene kuwajibaning titah menika namung mbudidaya. Sinten ingkang boten purun mbudidaya sami mawon kalih ndaga utawi boten purun nindakaken kuwajiban saking Gusti, dene woh asiling pambudidaya menika gumantung dhateng Maha Wicaksananipun Gusti, sampun ngantos klentu ing pamanggih menawi wohing asil menika gumantung ing pambudidaya, lan sampun ngantos klintu bilih pambudidaya menika saged ngentasi sadayaning karsa. Saged dipun tampi menggah ingkang dados atur kula menika Ki Gedhelan Ki Lasma?".

 

"Inggih saged Ngger" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan "namung titah ingkang kapir ingkang boten purun nindakaken pambudidaya, jer pambudidaya menika cetha dhawuhing Allah, boten purun nglampahi dhawuhing Allah ateges kapir dhateng Allah. Ugi titah kalebet kula laih Paman Lasma wajib nyumerepi bilih pambudidayaning titah menika tan kuwawa nglangkungi Kawicaksananing Allah, saha malih sedaya Kawicaksananing Allah ingkang tumanduk dhateng titah menika namung awit saking Sih-ing Allah ingkang tumurun murih kasaenaning titah. harak inggih makaten ta Ngger?".

 

"Estu leres ingkang ndika dhawuhaken menika Ki Gedhe" wangsulane Marga karo mesem sajak seneng "inggih boten maiben lha wong Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma niku sami-sami anggenipun sampun necep ngelmining kasampurnan ingkang mijil saking tuking Syekh Jumadilkubra nunten tedhak dhateng Kyai  Bantarjati lan Ki Markidin utawi Ki Simarekta".

 

Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma sing oleh pangalembana saka Marga ngono kuwi mung ndhingkluk semu pekewuh. Beda karo Lurah Grumbulan lan Bebau Senggot apa dene Bebau Watutanggul, sing durung pati mudheng karo tembung-tembung sing diucapne Marga apa dene Ki Gedhe Pelanggolan. Wong telu kuwi pancen ya mung meneng, meneng merga durung mudheng.

 

"Nyuwun pangapunten Ngger, kula lan Ki Lasma nengga dhawuh saking angger salajengipun" Ki Gedhe Pelanggolan guneman maneh sawuse rada suwe kahanan sepi merga wong sing ana kono bareng meneng sawuse padha krungu apa sing diucapne dening Marga.

 

"Inggih Ki Gedhe, sami kaliyan Ki Gedhe, Ki Lasma miwah Ki Lurah Grumbulan, kula lan Kadang kula sepuh menika ugi nembe nindakaken dhawuhipun Gusti ingkang sinebat pambudidaya kala wau" kandhane Marga aweh wangsulan marang Ki Gedhe Pelanggolan "dene wujuding pambudidaya ingkang badhe kula lampahi sareng-sareng kaliyan Ki Gedhe Pelanggolan , Ki Lasma miwah Ki Lurah Grumbulan sawarganipun, menika kalebet pambudidaya ingkang radi awrat malah mbok bilih kemawon ugi mbetahaken pangorbanan bandha, bau, tumetesing riwe, rah malah mbok bilih ugi mbetahaken kurbaning jiwa lan raga. Menapa sakintenipun Ki Gedhe, Ki Lasma lan Ki Lurah boten kawratan menawi kula ajak sesarengan kalih sedherek kula sepuh nempuh pambudidaya menika?".

 

Rada sauntara sawuse Marga ngucapne tembung sing kaya mangkono kuwi Ki Gedhe Pelanggolan, Ki Lasma, Lurah Kuwera lan Bebau Senggot apa dene Bebau Watutanggul meneng ora enggal semaur. Malah wong-wong kuwi padha inget-ingetan karo kancane dhewe-dhewe. Sauntara Marga lan Rangga uga meneng ngenteni wangsulane wong-wong kuwi kabeh.

 

"Nuwun sewu Ngger, menapa Angger Marga lan Angger Rangga ngersakaken kula lan warga ing Pelanggolan utawi Grumbulan nindakaken Perang Sabil? lajeng mengsahipun sinten Ngger?" bareng wis rada suwe padha meneng Ki Pelanggolan banjur nyoba takon.

 

"Mila leres Ki Gedhe" wangsulane Marga "winastan perang sabil, utawi cara jawinipun perang sing ndalan, menika wujuding pambudidaya kangge nggayuh kanugrahaning Gusti dede kangge nuruti pangajaking hawa napsu, dene mengsahipun ingkang baku dede wujuding titah, namung wujuding sipat awon ingkang nalisir saking piwucaling Allah ingkang wujud angger-anggering kamanungsan. Namung kemawon mugi kauningan, sipat awon kala wau asring nemplek dhateng titahing Allah ingkang wujud manungsa, dados ing salebeting perang sabil menika kula lan andika sami namung nindakaken kuwajiban misahaken sipat awon saking panggenan ingkang boten pas, lha kangge nyekapi prakawis menika sok dipun betahaken pangurbanan ingkang ing ngajeng kula aturaken kala wau".

 

Lurah Grumbulan, Bebau Senggot lan Bebau Watutanggul katon durung mudheng karo sing dadi wangsulane Marga, mula wong telu kuwi banjur tanpa kedhep padha ngulati Ki Gedhe Pelanggolan apa dene Ki Lasma genti-genti.

 

"Inggih Ngger, kula lan Paman Lasma namung jumurung ing karsanipun angger kekalih, kula kinten Lurah Pelanggolan miwah warganipun ugi boten badhe suwala nglampahi pambudidaya menika, sanaosa kedah ngurbanaken bandha, bau, tumetesing kringet lan rah ugi jiwa lan raga ing madyaning rananggana. Kula kalih Ki Lasma estu badhe ngetapaken sadaya siswa ing Paguron Jatigrowong utawi Paguron Pelanggolan kangge nyengkuyung lekas menika" Ki Gedhe Pelanggolan tumuli aweh wangsulan marang Marga "nanging lajeng sinten ingkang kacondhokan sipat awon ingkang angger dhawuhaken menika kala wau, Ngger?".

 

"Ki Gedhe mesthinipun sampun uninga, makaten ugi tumrap Ki Lurah miwah Ki Bebau ingkang wonten mriki menika" Marga wangsulan "sampun sawatawis dangu tiyang ingkang ngagem sebatan Panembahan Dewa Karkatha ing Tangen lan para pandherekipun, inggih jalaran kepengin nuruti pangajaking hawa napsunipun nedya badhe ngrangsang kawibawan ing Mataram. Namung kuciwanipun, margi ingkang dipun liwati margi ingkang cengkah kaliyan angger-anggering kamanungsan temah damel ksangsaranipun tiyang kathah ingkang boten sumerep ing prakawisipun. Makaten ugi ingkang sampun kedadosan ing Ki Gedhe Julunggeni ing Ngampon ingkang ngiler kepengin nglenggahi dhamparing keprabon Kadhipaten ing Madiun. Inggih awit saking sipat awon ingkang cumondhok ing Panembahan Dewa Karkatha miwah Ki Gedhe Julunggeni kasebat, warga ing Padhukuhan Pelanggolan sampun kasempyok temah nandhang kacingkrangan kados ingkang sampun lumampah menika. Gegayutan kaliyan menika, awakipun piyambak kedah mbudidaya murih sipat awon ingkang nemplek ing Tangen lan ing Ngampon menika saged kapisahaken, sokur menawi saged kapisah tanpa gegaman landhep, nanging menawi kedah mawi pangurbanan ingkang sampun kula aturaken ing ngajeng, inggih kedah dipun tampi kanthi rilaning manah".

 

ana candhake.


Jumat, 04 Februari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (O70)

 


70.

Ki Lurah Grumbulan ndengengek, banjur nyawang marang pernahe Ki Lasma sing lungguh anteng ing sisihe Ki Gedhe Pelanggolan. Lurah Grumbulan kuwi mbatin, yen Ki Pelanggolan lan Ki Lasma mesthi wis tepung becik karo Rangga lan Marga, malah kira-kira uga wis raket karo Ki Tanparupa. Paraga setengah dewa loro kuwi mesthi wis ngerti menyang ngendi parane Rangga lan Marga sing ilang musna tanpa tilas pas perang mungsuh agul-agule Paguron Tangen neng gisik bengawan wingi kae.

 

"Nyuwun pangapunten Ki Lasma" Ki Lurah Kuwera anjur kandha marang Ki Lasma "mugi wonten welasing penggalih dhateng kula ingkang sampun tumindak degsura dhateng Gusti Raden Rangga niki, kula nyuwun tulung dhumateng ndika Ki Lasma mugi katedahna marginipun murih kula saged ngabyantara ing ngarsanipun Raden Rangga miwah Raden Marga".

 

"Yen iku sing dadi kersa ndika Ki Lurah" wangsulane Ki Lasma alon "aku arep mbudidaya murih ndika bisa sowan ngadhep ing ngarsane Angger Rangga, nanging kabeh mau mung bisa kasembadan yen Angger Rangga lan Angger Marga ngeparengake. Nek Angger Rangga lan Angger Marga ora ngeparengake, aku ya ora bisa meksa".

 

"Inggih Ki Lasma, kula namung ndherek menapa ingkang dados dhawuh ndika miwah dhawuhipun Ki Gedhe" Ki Lurah Grumbulan semaur karo ndhingkluk.

 

"Saiki apa wis dikeparengake Ngger?" dumadakan Ki Lasma takon marang Ki Gedhe.

 

"Iya becike mangkono Paman" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan "lan aturna pisan sing dadi lekase Ki Lurah Kuwera kuwi mau marang siswane Ki Tanparupa kae".

 

"Iya Ngger, saiki aku tak budhal apa sing dadi putusane Angger Rangga lan Marga bakal tak aturake sawuse aku oleh dhawuh saka kana" Ki Lasma banjur ngadeg, mlaku ninggalne Ki Gedhe Pelanggolan sing ish lenggah diadhep Ki Lurah Kuwewera lan Bebau Senggot lan Watutanggul.

 

Sauntara iku, ing paleremane Rangga lan Marga bali ketungkul njingglengi rontal-rontal sing ana jero pethi sing wingi kober diwaca sabageyan. Sansaya suwe nom-noman loro kuwi sansaya kepencut karo pitutur-pituture Ki Tanparupa sing ditulis ing lembaran godhong siwalan kuwi. Isine pranyata maneka warna, ora mung jurus-jurus ngelmu kanuran lan ngelmu kasarasan wae, nanging uga ngelmu kawruh agama lan kabatinan. Wiwit ngelmu sarengat kang ngrembug rerukuning agama Islam, ngelmu hakikat sing tundhone ngarah marang kapitayaning urip, nganti ngelmu makripat sing mulangake carane murih bisa mangerteni sangkan paraning titah. Kabeh katulis ing lontar-lontar kuwi kanthi cetha lan trawaca. Ya awit saka njingglengi piwulang kuwi, ndadekne Raden Rangga lan Marga sansaya rumangsa lembut yen katandhing karo jagad kang cinipta dadi dening Allah. Kekarone uga sansaya rumangsa matur nuwun marang Panembahan Senapati sing ndhawuhake nom-noman sakloron kuwi ninggalne Kutha Gedhe Mataram ngumbara ing Brang Wetan. Awit kanthi mangkono, wis ndadekne nom-noman loro kuwi sumurup yen satemene Kraton Mataram, panguwasa lan kawibawan lahir sing maune katon mencorong mbalerengi, jebul babar pisan kena diarani ora mbejaji yen katandhing karo kamulyan kang satemene ya iku sing wujud Rilaning Gusti marang kawulane. Kekarone uga banjur sumurup lamun drajat sing dhuwur dhewe tumrap titah kuwi ora ana liya kajaba drajate kawula sing setya marang Gustine lan sasar-sasaring titah kuwi yaiku kawula sing ora ngrumangsani yen dheweke kuwi kawulane Gusti sing nitahake, temah dhemen nggunakne sampiran panguwasa titipaning Gusti kanggo nguja hawa nepsune. Rangga lan Marga uga banjur sumurup yen sing diarani suwarga ing jaman kalanggengan kuwi dudu papan sing kebak buronane hawa nafsu Amarah, Aluamah, Supiyah apa dene Mutmainah. Nanging kamulyane swarga kuwi yegti tan kena ginambarake nganggo nalar wantah. Sanadyan ing piwulang suci uga disebutake sethithik gambaraning suwarga, nanging manungsa kudu pinter nggone maca sethithik gegambaran kuwi, awit yen kongsi kleru anggone maca, bisa ndadekne dhemen ngremehake kamulyaning alam kaswargan sing mung diajeni karo buroning hawa nafsu patang parkara.

 

"Thok...thok.....thok!!!" dumadakan lawange gandhok dithothok saka njero omah.

 

"Mangga mlebet kemawon Ki Lasma" Rangga sing ngerti yen sing nothok lawang kuwi Ki Lasma, gage wangsulan ngongkon Ki Lasma mlebu.

 

Ki Lasma mlebu karo nyangga dhulang kayu kanggo wadhah uwi sing lagi wae mentas saka dandang karo Teko sing isi wedang jahe panas.

 

"Kangge ampet-ampet rumiyin Ngger...." kandhane Ki Lasma karo nata cangkir bathok lan lepek cilik isi gula klapa kanggo lalapan wedang jahe sing isih kumebul ing teko.

 

"Matur nuwun sanget lho Ki Lasma" kandhane Marga karo ngiling wedang jahe ing cangkire "mangga ndika lenggah mriki, sareng-sareng ngrahabi sarapane".

 

"Inggih Ngger" wangsulane Ki Lasma alus "kula wau sampun ngrumiyini ngombe lan nedha wi dhateng pawon. Anu, kalih badhe matur sakedhik.....".

 

"Badhe paring dhawuh menapa Ki?" Rangga genti sing mangsuli, rontal-rontal sing mau diwaca wis bali dilebokne neng jero pethi maneh "mangga dingenmdikakne kemawon, sampun mawi ewuh pakewuh".

 

"Inggih Ngger" Ki Lasma guneman maneh "Ki Gedhe nyuwun pirsa, sampun kaparengaken marak menapa dereng?".

 

"Oh, inggih-inggih Ki Lasma" wangsulane Rangga karo mesem "kula sampun angsal dudutan, dinten menika Ki Gedhe lan Ki Lasma sampun saged ngrembag babagan kala wingi ingkang taksih dipun sumenekaken".

 

"Kalih niki wau, wonten titipan rembag kangge ndika Ngger" Ki Lasma guneman maneh.

 

"Titipan rembag? saking sinten Ki? menapa ingkang dados suraosipun?" Rangga takon.

 

"Inggih Ngger, saking Lurah Kuwera kalih Bebau Senggot lan Bebau Watutanggul" wangsulane Ki Lasma "tiyang tetiga kasebat sampun ngrumaosi ing dosa lan lepatipun dhateng Angger kekalih, menawi kaparengaken tiyang tiga kala wau badhe marak ing ngarsanipun Angger kekalih sareng kalih kula lan Ki Gedhe".

 

Rangga lan Marga rada kaget, jalaran ora ngerti sing dikarepake karo olehe Lurah Grumbulan wis ngrumangsani luput, luput ing babagan apa?. Nanging Rangga lan Marga ora kepengin ndedawa rembug, mula Rangga ya banjur wangsulan :

 

"Inggih Ki, menawi Ki Lurah saha Ki Bebau ngersakaken kepanggih kalih kula kekalih sareng kalih ndika lan Ki Gedhe, menika langkung prayogi".

 

Sawise ngaturake panuwun, Ki Lasma pamitan banjur mlaku metu ninggalne Rangga lan Marga sing banjur padha nrahabi suguhane Ki Lasma. Wi Bangkulit dang-dangan, ngombene wedang jahe sing dilalapi karo gula klapa. Nom-noman loro kuwi bisa ngrasakne nikmate urip, sanadyan mung wujud sarapan wi bangkulit karo ngombe wedang jahe sing cangkire bathok, nanging rasane krasa luwih nikmat tinimbang panganan sing tau dirasakne nalika isih manggon neng kutha. Pancen kanikmatan kuwi manggone ora mapan apa sing dipangan, nanging manggone ana rasa sing diduweni sing mangan. Luwih-luwih yen gelem ngecakne piwulang, makanana raga murih ora ditinggal sukma, aja makani hawa nafsu aluamah sing nek kebacut olehe nguja bisa gawe bubrah.

 

Nalika nengah-nengahi nom-noman loro kuwi ngrasakne kamulyaning urip, Ki Gedhe Pelanggolan mlebu ing jero gandhok, ditutne Ki Lasma, Lurah Kuwera , Bebau Senggot lan Bebau Watutanggul.

 

"Kula sowan malih Ngger" kandhane Ki Pelanggolan karo mapan lungguh neng jogan sing dilemeki klasa.

 

"Inggih Ki Gedhe, mangga sarapan rumiyin, uwi kalih wedang jahe yasane Ki Lasma menika estu kraos eca" wangsulane Rangga karo mudhun saka amben mapan lungguh neng klasa karo ngangkat dhulang sing ana teko lan layah isi uwi. Marga nusul karo nggawa cangkir bathok sing durung kanggo diselehne cedhak teko.

 

"Inggih Ngger, sampun-sampun, kula wau saderenge mlebet sampun disuguhi Ki Lasma wonten pengkeran" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan sing jroning atine sansaya eram ndulu slagane Rangga sing ora mantra-mantra nek kuwi putrane Panembahan Senapati .

 

"Kula ngaturaken pangabekti Gusti" Lurah Kuwera maju karo ngesot nyembah sujud ing sikile Rangga.

 

"nDika niku kenging napa Ki Lurah?" Rangga takon semu kaget "sampun kula aturi ta? menawi nimbali kula niku cekap Ngger napa njangkar nggih saged, kok niki malah nyebut Gusti barang? sampun ngowah-owahi adat ngoten niku!, boten sae".

 

Muni ngono kuwi Rangga karo nyurung pundhae Lurah Kuwera munggah, ndadekne sing diurung gelem ora gelem banjur katut bali lungguh lumrah.

 

"Kula nyadhong duka Gusti" nadyan wis bali lungguh Lurah Kuwera tetep nyebut Gusti marang Rangga "awit baliluning manah kula temah kula sampun kumawantun tumindak degsura ing ngarsa paduka sesembahan kula".

 

Karo muni ngono kuwi, katon yen Lurah Grumbulan kuwi olehe omong karo nangis, luhe dleweran nelesi pipine. Rangga karo Marga dadi gumun karo lekase Lurah Grumbulan sing olehe tepung lagi wingenane kuwi.

 

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...