94.
Pangeran Singasari ngerti nek wong sing nyuwara tanpa ngatonake ragane kuwi lagi ngecakne aji panglemunane, sanadyan satemene Pangeran sing jumeneng minangka Senapati Agung Mataram kuwi ora seneng karo wong sing dianggep mamerake kaluwihane kuwi, nanging Pangeran Singasari ora enggal aweh wangsulan. Malah genti ngecakne aji panglemunane sing wis dingerteni kabeh para Tumenggung lan wong-wong Mataram liyane, yen aji gadhuhane Pangeran Singasari kuwi wis nyedhaki ing tataran kasampurnan, mung kacek sausap neng dibandhing karo sing digadhuh dening Panembahan Senapati dhewe. Mula wong-wong sing mau wis padha ngecakne aji panglemunan kanggo meruhi wong sing lagi teka nanging ora gelem nuduhne ragane kuwi, nanging ora kasil ngaweruhi apa sing pengin dingerteni, bareng padha weruh yen Pangeran Singasari wis ngecakne aji panglemunane banjur padha mbadhe yen wong sing lagi mamerne aji pangloemunane kuwi bakal kisinan awit ora nggandra sepira yen dijejerne karo ngelmu gadhuhane Sang Senapati Agung.
Nanging Pangeran Singasari dadi rada kaku atine, jebul ngelmu sing dicakne babar pisan ora tumama. Lire panggah wae yen ora bisa ndulu rerupan sing ana suwarane nanging ora katon wujude kuwi. Kesurung ati panas, Pangeran sing sekti mandraguna kuwi tumuli nyikut keris sing ana lempenge, siaga arep digunakne kanggo aweh paukuman marang sing lagi nggadhang perkara ing ngarepe.
"He, wong sing nyuwara tanpa nuduhne rupa ing ngarepku, yen nyata perwira aja kaya bocah cilik adhepana aku, iki Pangeran Singasari macane wong Mataram" kumlanthang suwarane Pangeran Singasari nyumbari marang wong sing lagi teka nanging durung katon wujude kuwi.
"Sewu nyuwun gunging pangaksami Gusti" wangsulane Ki Lasma saka alam prayangan lan panggah durung ngatonake wujude "saestu kula boten badhe pisan-pisan wani kalih Gusti Senapati Agung Mataram, jalaran kula ngertos yen sok sintena wantun aben ajeng nantang dhateng Pangeran Singasari tartmtu badhe lebur tanpa dadi, inggih awit kasurung raos ajrih dhateng kasekten paduka Gusti Pangeran, anggen kula sowan ing ngarsa paduka boten wantun ngatilaken raga kula, kuwatos menawi sowan kula boten mranani panggalih lajeng pikantuk pidana saking Gusti Pangeran Singasari".
"He, yen ngerti kasektene Pangeran Singasari ya gene kowe wani njarag pamer kabisan ing ngarepku He?" Pangeran Singasari wangsulan setengah nggetak ketang nesune.
"Sepisan malih boten ateges kula wani njarag Gusti" wangsulane Ki Lasma kanthi suwara sareh "kula namung ngatos-ngatos, estunipun kula kautus dening Ki Gedhe Pelanggolan saha Ki Lurah Grumbulan, magepokan kalih kawontenan ing Paguron Tangen. Menawi Gusti Pangeran Singasari ngeparengaken kula marak lan ngaturaken wosing dhuta, kula inggih badhe wantun ngatingalaken raga kula, nanging menawi Gusti Pangeran Singasari boten kepareng nampi sowan kula, inggih sampun kula badhe wangsul malih lan ngaturaken ingkang ngutus kula bilih Gusti Pangeran boten kepareng nampi sowan kula".
Pangeran Singasari dadi rada legeg penggalihe, nitik basane sing runtut wong sing ora ngatonake wujude kuwi ora sepi saka anggone aweh pangaji-aji marang dheweke. Lan maneh wong kuwi olehe ora ngatonake wujude ora jalaran kagawa kepengin mamerne kasektene, nanging jalaran wedi yen nganti ora ndadekne sarjuning penggalihe.
"Dadi ndika utusane Ki Gedhe Pelanggolan lan Lurah Grumbulan sing nggawa kabar kahanan Paguron Tangen wektu iki?" Pangeran Singasari takon, suwarane wiwit mudhun lan keprungu rada sareh.
"Kasinggihan Gusti" wangsulane Ki Lasma.
"Yen mangkono aja kesuwen enggal lungguha ing kandhakna apa wigatining kabar saka Ki Gedhe lan Lurah Grumbulan kuwi!" Pangeran Singasari tumuli aweh prentah supaya Ki Lasma ngatonake wujude.
Pangeran Singasari lan para Tumenggung sing mlumpuk ing pasanggrahane Pangeran Singasari kuwi padha mlengak, jebul sing nyuwara tanpa ngatonake wujude kuwi mau wis lungguh sedheku amarikelu ing ngarepe Pangeran Singasari.
"nDika rak Ki.............?" Pangeran Singasari takon karo suwara rada kaget.
"Inggih Gusti" wangsulane Ki Lasma tanpa ndengengekne sirahe "kula abdi paduka pun Lasma, ingkang nate nyarengi Ki Gedhe Pelanggolan nalika kautus Raden Rangga sowan ing Dalem Kepatihan Mataram".
"Iya, iya aku eling" Kandhane Pangeran Singasari sabanjure "ana kabar apa saka Ki Gedhe lan Ki Lurah Grumbulan Ki Lasma? diage ndika andharne kanthi cetha lan trawaca".
"Inggih Gusti" Ki Lasma aweh wangsulan, banjur disambung karo kabar yen Ki Gedhe lan Ki Lurah Grumbulan arep nggawa siswa lan prajurite nyawiji karo Barisan saka Mataram. Mung wae sadurunge perang kawiwitan, prajurit saka Grumbulan lan siswa-siswa saka Paguron Jatigrowong isih mapan dadi cucuking barisan saka Paguron Tangen. Lan samangsa-mangsa perang kawiwitan, bakal malik tingal genti ngadhep mapanake dhiri dadi mungsuhe barisan Tangen.
"Menika kala wau menawi Gusti Pangeran Singasari ngeparengaken, dene menawi boten dipun keparengaken Gusti Pangeran Singasari kasuwun kersa paring dhawuh menapa ingkang kedah katindakaken dening Prajurit Grumbulan ingkang tinindhihan Lurah Kuwera saha Siswa-siwa Paguron Jatigrowong ingkang dipun suhi dening Ki Gedhe Pelanggolan" Ki Lasma mungkasi ature marang Pangeran Singasari.
"Iya kabar sing ndika gawa wis tak ngerteni mungguh sing dadi karepe" wangsulane Pangeran Singasari karo suwara sing keprungu sareh lan ngati-ati "nanging sadurunge aku aweh wangsulan marang ndika, magepokan karo panyuwune Ki Gedhe lan Lurah Grumbulan kuwi. Aku kepengin takon marang ndika".
"Mangga enggal kadhawuhna Gusti, Gusti Pangeran badhe mundhut pirsa bab menapa dhateng kula?" Ki Lasma wangsulan karo pitakonan apa sing arep ditakokne dening Senapati Agung Mataram kuwi.
"Pira cacahe Prajurit saka Desa Grumbulan lan kepriye ngenani katiyasane? lan pira cacahe siswa sing dikerigake dening Ki Gedhe Pelanggolan kabeh?" Pangeran Singasari nakokne kekuwatane Ki Gedhe Pelanggolan apa dene prajurit saka Grumbulan.
"Kekiyataning prajurit Grumbulan namung wonten wolung dasa tiyang kawewahan para Bebau lan sapukawating padhusunan gunggung kepruk dados setunggal atus tiyang Gusti, dene kasagedanipun ing reh kanuragan, kenging kawastanan nggadhahi bobot ingkang timbang kalih siswa limrah ing Paguron Tangen" Ki Lasma aweh wangsulan kanthi cetha "dene siswanipun Ki Gedhe Pelanggolan wonten cacah satus kalih dasa kawewahan siswa ingkang sampun boten mapan ing Paguron liripun sampun mapan ing dhusunipun piyambak-piyambak wonten kalih atus kalih welas tiyang, dados sedaya bregadanipun Ki Gedhe wonten tigang atus tigang dasa kalih, menika ingkang saking bangsa manungsa wonten setunggal atus seket, dene sisanipun kedadosan saking bangsa manungsa setengah siluman".
"Manungsa setengah siluman Ki Lasma?" Pangeran Singasari takon semu ora pati percaya.
"Kasinggihan Gusti" wangsulane Ki Lasma "mila manawi kadulu sagebyaran, inggih boten wonten bentenipun kalih manungsa limrah, nanging menawi sampun dangu anggenipun maspadakaken inggih badhe katingal menawi sayegtosipun menika dede manungsa limrah, menika dumados saking anak putunipun titiyang ingkang kesasar ing margi lan nembe anglampahi darma murih saged pulih dados manungsa malih".
Krungu kandhane Ki Lasma mangkono kuwi Pangeran Singasari manthuk-manthuk bisa ngerteni apa sing dikandhakne Ki Lasma. Karo sajroning angen-angene Pangeran Singasari ngetung-etung pira tambahan prajurit sing dibutuhake saka Kutha Gedhe murih prajurit Mataram ora nganti karoban lawan ing Paguron Tangen mengko.
"Ugi mugi kaparenga matur malih Gusti" Ki Lasma guneman maneh "nanging menika dede bageyan saking wosing utusan saking Ki Gedhe menapa dene Ki Lurah ".
"Iya arep matur apa Ki Lasma, ndika kandhakne wae!" Pangeran Singasari aweh wangsulan.
"Ngengingi kekiyatanipun Ki Gedhe Tangen utawi Panembahan Dewa Karkatha ingkang kasiyagakaken kangge nempuh barisan saking Mataram" Ki Lasma nutugne ature.
"Iya kepiye kahanane?" Pangeran Singasari katon kasengsem karo atur sing keri iki.
"Cacahing kekiyatan Paguron Tangen ingkang sampun kula sumerepi, inggih menika para gegedhug utawi agul-aguling paguron utawi senapati piniji, menika wonten antawis kalih dasa tiyang inggih menika para siswa ingkang sampun radi dangu anggenipun ngangsu kawruh ing Paguron Tangen. Lajeng ingkang sajak nggadhahi kasantikan mirunggan, nenggih Ki Gedhe tangen utawi Panembahan Dewa Karkatha piyambak, nanging menika cetha boten badhe nggandra sepintena menawi kepanggih Gusti Pangeran Singasari, lajeng Panembahan Alit utawi Ki Dewa Danu rayinipun Panembahan Dewa Karkatha, lajeng Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga lan kawewahan Tamu saking Patalan inggih menika Wasi Nagasekti lan sekawan malih siswa pilihanipun Panembahan Nagawilis utawi Nagajiwa saking Patalan. Dene prajurit rucah ketingalipun radi kathah, inggih menika wonten antawis sewu kalih atus tiyang, nanging ingkang sampun radi prigel nyepeng gegaman boten langkung saking wolung atus tiyang, sisanipun namung para siswa enggal betanipun para siswa Paguron Tangen ingkang saking jawi lan dereng dangu anggenipun sinau ulah kanuragan. Dados menawi katandhing kalih kekiyatanipun Gusti Pangeran Singasari, inggih boten sepintena mutawatosi, awit kala wau kula kober milang kekiyatan ingkang wonten gajegipun prajurit ingkang andherekaken Gusti Pangeran Singasari wonten gangsal atus sekawan dasa kalebet prajurit ingkang tinanggenah yasa dhaharan lan prajurit ingkang kajibah ing reh pangopen dhateng prajurit ingkang nandhang tatu ing palagan sadaya cacah sekawan dasa, lan mangke menawi kawewahan prajurit sakig Grumbulan lan Paguron Jatigrowong, gunggung kepruk kekiyataning Mataram ing mriki wonten sangang atus pitung dasa kalih, boten kalebet para Tumenggung lan para prajurit sandi".
ana candhake.