Total Tayangan Halaman

Senin, 28 Maret 2022

SLENDHANG KUNING (006)


 6.

Ora adoh saka omahe Waginem kuwi ana warung ayu, nadyan satemene praktek palanyahan sing dicakne ing warung kuwi ditindakne kanthi sesidheman lan digawe wadi banget, nanging kanyatane barang sing kaya ngono kuwi mau wis akeh sing mangerteni, malah keneng dikandhakne nek meh saben wong sing manggon neng kiwa tengene papan kuwi wis ngerti kabeh. Ngerti sapa sing kulina bukak dhasar adol tresna sakeplasan uga ngerti sapa wong lanang b ejad sing seneng saba mrono. Lan Waginem ya kerep weruh nek tepungane sing jeneng Munir kuwi ya kerep saba menyang warung kono. Sok dhewe sok bareng-bareng karo kancane, nek wis teka kono ora let suwe banjur metu karo wong wadon sing kulina nyewakne sawah sakedhok sing ditawakne neng warung kono kuwi, menyang hotel utawa menyang papan sing dianggep aman liyane.

 

Waginem uga tau dijak ngrasani Munir dening mBak Muji, waranggana senior ing grup Prasaja Laras kono.

"Awakmu tau dijak rembugan mirunggan dening Mas Munir kae apa ora Wag?" ngono mBak Muji nakoni Waginem, wektu kuwi lagi wae rampung olehe padha gladhen. mBak Muji lagi wae dipamiti dening Satini salah sijine waranggana sing rupane klebu ayu, nek arep bali dhisik jarene mulihe diterne Munir.

 

"Ora tau ki mBak" wangsulane Waginem apa anane "ana apa ta mBak?".

 

"Ya wis, ora ana apa-apa" kandhane mBak Muji aweh wangsulan "Satini kae jane wis wola-wali tak kandhani supaya ngati-ati. Muga-muga wae bocahe tetep eling karo welingku. Merga akeh waranggana sing tau melu gladhen neng grupe dhewe iki nanging ora suwe banjur metu, merga ya gampang kepilut ujar manis. Sing ora tak senengi kuwi, merga dheweke sing ora kuwat nampani panggodha bareng wis kenekan tenan banjur ngluputne karawitane, jare karawitan kuwi papane wong seneng ngumbar hawa nepsu. Kamangka karawitan kuwi wujude budaya sing adi luhung, mung merga tingkahe menungsa-menungsa sing dhasare bejad, ndadekne kuceme seni karawitan lan sak jane ya ora kabeh pandhemen karawitan kuwi seneng lelemeran. iya apa ora?".

 

"Iya mBak, aku wis ngerti saiki" wangsulane Waginem .

 

"Ngerti piye?" mBak Muji takon maneh, sajak nodhi karo karepe Waginem.

 

"Ngerti nek aku kudu ngati-ati, aja nganti ngambah ing alaming pasrawungan sing nglirwakne angger-anggering kasusilan lan paugeraning agama sing tak rasuk. Rak ya ngono ta mBak?".

 

"Bagus, ya kuwi sing tak karepne" mBak Muji wangsulan karo mesem sajak seneng atine merga ngerti karo tekade Waginem.

 

Mulane oleh kabar saka mBah Rawan sing ngandhakne nek Munir kuwi mambu ati marang dheweke, Waginem ya olehe nanggapi mung karo glopa-glape. Karepe ngono ya arep muni emoh, utawa nulak apa sing dikarepne Munir lumantar mBah Rawan kuwi. Nanging, kanggo njagani murih ora mbubrahne olehe sesrawungan, Waginem olehe wangsulan ya digawe samudana dijaga aja nganti nuwuhne rasa sing ora kepenak ing atine sing ngajak omong.

 

Waginem ya ngrumangsani banget nek dheweke kuwi miturut panyawange wong liya, mbok menawa sing seneng karo sing ngremehne luwih akeh sing nyepelekne dheweke. Mangkono kuwi ora merga lupute sing nyawang, nanging pancen kegawa saka crita jaman biyene. Papan sing dipanggoni Waginem saiki iki, biyene kondhang tekan ngendi-endi nek klebu papan palanyahan sing gedhe. Akeh wong sing ngarani jenenge papan kono kuwi Kedhung Bathok malah ora arang sing banjur diplesetne tembung Bathok dadi tembung sing saru lan lekoh. Wong tuwane wadon Waginem dhewe, sing jenenge Sadikem, sadurunge dirabi dening Sadiran Blantik Sapi, ya bapake Waginem, biyen ya kondhang minangka salah sijine primadonane para wong ayu sing bukak dhasar neng papan cedhake pasar kewan kuwi. Ponatun, mbakyune Waginem, merga saka kahanan, ditinggal mati dening bapake nalika isih kelas siji SMP, saking ora kuwat ngempet rasa rekasane dadi wong kesrakat uripe, banjur katut setan ambyur ing jagade palanyahan. Leren olehe dadi "wong nakal" sawise Ponatun diopeni sawijining priyayi, Kontraktor Bangunan sing sugih, jenenge Samirin, didadekne mbok nom utawa bojo simpenan. Nanging ya ora suwe, sawise duwe anak siji mbarengi karo Samirin nggarap proyek neng Kutha liya, Ponatun sansaya arang lan tambah arang diulihi, wekasane ora diulihi babar pisan. Samirin embuh lunga menyang ngendi, ora diweruhi papane maneh.

 

Unen-unen "Buah jatuh tidak jauh dari pohonnya" utawa "Kacang mangsa ninggala lanjaran" pranyata isih kuwat tumancep neng atine wong pirang-pirang. Mula sanadyan Waginem kuwi klebu bocah wadon sing kena diarani suci, ewa dene panganggep sing tuwuh saka unen-unen ing ngarep mau. ora sethithik sing padha ngugemi. Waginem kuwi anake Sadikem, adhine Ponatun, pancen ora bisa diselaki. Lan nganti dina iki Waginem ora leren olehe berjuang kepengin aweh bukti marang jagad yen panganggep yen buah jatuh tidak jauh dari pohonnya kuwi durung mesthi nek bener, merga satemene isih akeh buah jatuh merga diundhuh dening wong apik sing duwe niyat sing becik. Mula sanadyan bebasan mung kanthi sangu tekad, Waginem niyat ora kepengin mandheg olehe golek kapinteran, sing ndadekne wulan ngarep bakal diwisuda dadi Sarjana Pendidikan ing Pawiyatan Luhur sing manggon ana kutha Ngawi.

 

"Kok kendel wae ki apa sayah ta Dhik?" gragap!. Lamunane Waginem ambyar, Munir sing lungguh ana kursi sisihe dumadakan takon.

 

"Ora kok Mas, mung rada ngantuk" wangsulane Waginem dora sembada "mau bengi ki merga kasengsem ngobrol karo ponakanku neng kos-kosane ora krasa nganti meh esuk".

 

"Oo, putrane mBak Ponatun kae saiki neng Yogya ta? Kuliah apa nyambut gawe? sapa kae jenenge?" Munir takon maneh.  

 

"Jenenge Srirahayu Mas" wangsulane Waginem "kuliah lagi semester telu iki, neng UII".

 

"Lha mBak Ponatun kae saiki neng ngendi Dhik?"

 

"Neng Taiwan Mas, golek dhuwit wong wragat kanggo kuliah anake ki ya ora sethithik" wangsulane Waginem .

 

"Iya pancene" kandhane Munire ngenaki rembug "nek mung nyambut gawe neng kene wae ya nglengkara bisa nguliahne anake neng kutha. Eh, ngomong-omong Dhik Wagi ki rumangsaku saiki kok kerep ora melu gladhen neng Prasaja Laras ta? gajege saben aku teka Dhik Wagi kok ora enek?".

 

"Kuwi ta Mas? Pancen dhek emben kae aku kerep pamit, merga ngrampungne skripsiku dhisik Mas" wangsulane Waginem bares "mengko nek wis bar wisuda ya bali ora bola-bali pamit".

 

"Wisudane kapan ta Dhik? dhek emben kae sampean njupuk jurusan apa?"

 

"Sasi ngarep Mas, aku njupuk Bahasa dan Sastra Indonesia" Waginem aweh wangsulan "mbok menawa suk emben Mas Munir pirsa ana formasi kanggo kuwi neng SMP apa SMA , aku dikabari Mas".

 

"Perkara kuwi gampang Dhik" wangsulane Munir karo mesem "Formasi ki kena digawe, kapan-kapan tak nemoni kancaku sing dadi Kepala SMP".

 

"Matur nuwun ya Mas?" Waginem semaur karo mesem.

 

"Dhik Wagi tau kepethuk mBah Rawan?" dumadakan Munir perkara liya.

 

Jantunge Waginem krasa rada kedher, kelingan karo tembunge mBah Rawan dhek wingenane sing jare dikongkon dening Munir. Apa mBah Rawan durung nekakne wangsulan saka dheweke?.

 

"Wingenane mBah Rawan mampir warunge Simbok Mas, tuku rokok" wangsulane Waginem neja ora arep ngandhakne apa sing dikandhakne mBah Rawan marang dheweke.

 

"Kober jagongan karo slirane apa ora?" Munir mburu nganggo pitakonan maneh, wangune Munir selak kepengin ngerti sing dikongkon wis nindakne pakone apa durung.

 

"Ya lumrah jagongan sedhela, mBah Rawan ngabari nek jare kanca-kanca wis kangen, merga aku bola-bali ora teka ing gladhen" wangsulane Waginem lumrah-lumrah wae.

 

"mBah Rawan ora kandha bab liyane?" Munir takon maneh, suwarane keprungu nek ngandhut rasa rada cuwa.

 

"Iya, mBah Rawan ya kandha jare sasi Besar suk emben, akeh sing arep nanggap karawitan Prasaja laras, karo jarene arep dijak gabung karo karawitane Dhalang  saka Sala, jarene Dhosen ISI ngono apa piye? jarene nganggo gamelan saka Sala, wong-wong Prasaja Laras sing kon nyekel Slendrone, ngge ngiringi olehe Mayang neng Gendhingan, jare sing dipilih warangganane aku karo mBak Muji" Waginem wangsulan rada akeh nanging babar pisan ora nyenggol pesene Munir sing digawa mBah Rawan.

 

"Nek bab kuwi aku ya ora ngerti" Munir semaur alon suwarane keprungu yen sansaya cuwa "wong aku dudu wong Prasaja Laras, mung sekedhar penggembira wae. Tak kira nek mBah Rawan ngandhakne perkara liyane?".

 

Waginem ora semaur, mung ing jero atine banjur kelingan karo weling sing tau dirungokne saka mBak Muji, supaya ngati-ati nek  Munir ngajak rembugan kanthi mirunggan ing babagan sing sipate pribadi.

 

Bus sing ditumpaki Waginem menggok neng salah sijine Rumah Makan sadurunge mlebu Kutha Ngawi. Kanthi pawadan wegah kesuwen ngenteni, Nalika Munir ngajak mudhun mlebu Rumah makan kuwi, Waginem malah pamitan marang Munir yen arep mudhun kono wae, mengko ngetane arep numpak Bentor utawa Ojek, kareben cepet olehe tekan omah.  Gaweyan sing ditinggal isih akeh sing kudu enggal dirampungne.

 

ana candhake.

SLENDHANG KUNING (005)

 

5.

Waranggana kuwi katon luwes, alus lan manis polatane. Suwarane empuk kepenak dirungokne, pacakane ya beda karo waranggana ing padatane yaiku nganggo kebayak lan jaritan, gelunge ditambahi sambungan gelung sing meprok amba ngana kae. Nanging waranggana neng video sing ditonton Sampr karo Simpen nganti ora kedhep iki, sandhangane beda banget, nganggo jilbab prasaja, kaya busanane santriwati neng Pesantren, ora nganggo wedhak sing nyolok neng panyawang. Nanging olehe gegendhingan keprungu kepenak dirungokne. Rada suwe Sodik mandheg, ngadeg neng cedhak amben sing dilungguhi Sampir karo Simpen sing lagi kasengsem karo karawitan sing ditonton. Sodik melu nyawang waranggana sing prasaja kuwi, klambine ireng jilbabe soklat, gedhe nutupi sirah lan dhadhane, lungguh timpuh neng klasa, pangkone ketutupan jakete sing ora dienggo.

"Boten sios sare ta Mas?" bareng Sampir noleh memburi lagi ngerti nek juragane ngadeg ana cedhake, banjur takon kanggo abang-abang lambe.

"Wis tangi kok Lik" wangsulane Sodik karo mesem "karawitan sing sampean puter kok apik temen? dirungokne ya kepenak neng kuping, disawang ya bisa madhangne mripat".

"Enggih Mas, niku napa, karawitan gladhen angsale ndownload yogane Kasmin teng Youtube" Sampir wangsulan aweh katrangan karawitan sing lagi diputer.

"Apik ngono kok, karawitan ngendi kuwi?" Sodik takon karo mripate panggah nyawang marang karawitane.

"Anu saking Ponorogo Mas, pesindhene sing ayu niku namine mBak Dwi, Mahasiswi STAIN Ponorogo" Sampir nambahi katrangane.

"Sing endi sing lagi nembang kuwi pa?"

"Enggih. sing kudhunge coklat niku lho nek sing rasukane pethak niku pelatihe lan sing ngangge kudhung biru niku namine Mamik nembe kelas kalih SMA" wangsulane Sampir.

"Sampean kok apal temen Lik?" Sodik takon karo ngguyu.

"Lha wau saderenge wiwit rak disiarne kalih Borege Karawitan".

"Iya, tak kira nek karawitan saka Ngawi utawa saka cedhak-cedhak kene, jebul saka Ponorogo ta?".

"Enggih Mas" wangsulane Sampir maneh "jane teng Ngawi nggih enten sing kelase ngoten boten kawon kalih grup niki, ndelalah pesindhene suwarane nggih luwih kepenak malih, tiyange sabrebetan memper kalih mBak Duwi niku, namine mBak Wagi tiyange nggih jilbaban rapet ngoten niku, benjing kula tak ngampil Flasdis-e Kang Kasmin, wetan mriku".

Dheg!. Tratab!. Dhadhane Sodik kedher maneh, jeneng sing lagi wae diunekne dening Sampir kuwi, ngelingake maneh marang bocah wadon sing dhek esuk lungguh neng sisihe, wiwit saka Sala nganti tekan Sidowayah. Waginem.

"He eh Lik, kapan-kapan nyiliha, nek pas sampean puter aku kandhanana tak melu nonton" kandhane Sodik sawuse geter neng dhadhane ilang. Sodik pancen penasaran karo apa sing lagi wae dikandhakne Sampir mau. Pancen bisa wae, jeneng Waginem dicekak dadi jeneng Panggung Wagi. Nek Pesindhen Wagi kuwi jebul Waginem sing dhek esuk ditepungi, ateges isih ana pengarep-arep bisa weruh ngendi omahe, isih legan apa wis omah-omah. Merga mbuh apa sing marahi, dina kuwi Sodik rumangsa yen lagi ketaman lungiting panah asmara sing nunjeming jero atine, ati sing wis rada suwe anyep kaya banyu es ora kober kampiran rasa sengsem marang wong wadon merga isih bingget ketaman lelakon jaman semana.

Nedhenge Sodik jagongan karo Sampir sing uga ditunggoni Simpen neng pawon sinambi nonton video karawitan kuwi, Sodik ya ora ngerti kedadean sawise dheweke mudhun saka bus neng Sidowayah mau esuk. Mudhun saka bus ninggalne Waginem sing nerusne lakune menyang Ngawi. Sing cetha sawise Sodik mudhun, kursi sing ana sisihe Waginem wis kothong ora ana sing nglungguhi. Dadi Waginem lungguh dhewe, ora ana sing ngancani omong-omongan maneh.

Nanging kang mangkono kuwi jebul mung sedhela, merga bareng karo mudhune Sodik saka bus ana wong sing munggah, ya iku Munir, sedulure Sodik dhewe sing mau ora kober omong-omongan luwih dhisik ketang kabeh padha olehe kesusu. Tekan jero Bus, mripate Munir weruh nek kursi mburine sopir isih kothong, ora kesuwen Munir ya banjur nyedhak arep nglungguhi. Atine Munir luwih seneng maneh bareng weruh sing lungguh neng sisihe kursi kothong kuwi bocah wadon sing katon yen ayu rupane.

"Lho, iki rak Dhik Waginem ta?" aloke Munir sawise cedak karo kursi sing arep dilungguhi "saka tindak ngendi iki mau mBak? Wayah mene kok wis tekan kene?".

"Oh, Mas Munir ta?" Waginem semu kaget olehe aweh wangsulan, ora ngira nek arep kepethuk tepungane neng jero bus sing lagi ditumpaki "nggih Mas, anu saking Yogya, wong saking Giwangan wau taksih peteng dados yah menten nggih mpun dugi mriki. Mas Munir badhe tindak pundi? Kok boten ngasta kendharaan piyambak?".

"He he he" Munir ngguyu renyah karo mapan lungguh, ngenggoni kursi sing mau dilungguhi Sodik "arep menyang Jombang Dhik, timbang nyetir dhewe kepenak ngebus bisa karo ngge nglereni tenaga karo utek sing panas".

"Kok saged panas Mas? kenging napa?" Waginem takon karo mesem.

"Lha iya no" wangsulane Munir karo mesem seneng "lha wong lungaku neng Jombang iki arep nangani kasuse Klinku neng Pengadilan, mesthi wae mengko bakal nemoni masalah sing manasne utek. Ya abot-abote wong wis saguh ngemban jejibahan dadi Lawyer Dhik".

Waginem wis ora semaur maneh, malah banjur ketungkul maca pesen-pesen sing mlebu ana jero ha-pe ne. Pancen Munir kuwi klebu kerep ketemu karo Waginem, merga Munir kerep nemoni Surya tukang shoting sing ngrangkep dadi tukang Sound sing nyambut gawe bebarengan karo pakumpulan karawitan sing dieloni Waginem. Ora mung karo Waginem wae Munir dadi akrab, nanging karo kabeh kulawarga pakumpulan Karawitan "Prasaja Laras" sing markase neng Karangasri Ngawi kuwi ya wis akrab kabeh. Kerep wae nek Karawitan Prasaja Laras nuju pentas, Munir melu teka ngendhangi, kumpul karo para yaga lan penabuhe. Uga ora arang nek Praja Laras nuju gladhen ngana kae, Munir uga melu teka.

Marang wong-wong Prasaja Laras Munir pancen ngaku nek nyambut gawe dadi Lawyer, dodolan kabisan kanggo aweh pitulungan marang wong sing mbutuhne jejege keadilan. Maneka warna kasus jarene kerep ditandangi lan ajek menange. Ya Kasus Pidana utawa Perdata, malah kerep wae Munir lungguh neng kursi persidangan Pengadilan Agama, jejer dadi wakile Penggugat sing njaluk pegat utawa makili Pemohon sing kepengin megat bojone, uga ora arang dhapuke dadi wakil tergugat utawa dadi termohon neng Pengadilan Agama Ngawi, Magetan, Madiun lan isih akeh maneh. Mula ya ora dadi gumune wong - wong ing paguyuban Prasaja Laras kono, nek cak-cakane Munir kuwi katon nek bregas, mobil sing dadi tumpakane kerep solan-salin sing kabeh mesthi mobil sing larang regane.

Waginem dhewe ya ngerti nek Munir kuwi mambu ati marang dheweke, merga lumantar mBah Rawan sing neng grup kono dhapuk nyekel Siter, Waginem dikandhani nek dikongkon Munir supaya ngandhakne pepenginane Munir olehe kepengin luwih cedhak olehe kekancan karo Waginem.

"Kowe kuwi klebu beja lho Nem" kandhane mBah Rawan marang Waginem sawuse ngandhakne apa sing dadi karepe Munir "Mas Munir kae wonge jan bagus, pinter lan pinter golek dhuwit. Deloken mobile wae kerep gonta-ganti, wis duwe iki kurang marem njur diijolne sing kae, kuwi genah nek nandhakne yen Mas Munir kuwi wong sing dhuwite kandel. Kandha nek kepengin luwih cedhak olehe kekancan karo kowe kuwi tegese wonge seneng karo awakmu. Nek kowe klakon dadi bojone Mas Munir, uripmu mesthi dadi lan mulyane, samubarang sarwa kacukupan, bisa mubra mubru blabur madu tenan".

"Nggih mBah, kula pikire riyin" wangsulane Waginem wektu kuwi, pancen sing dingerteni Waginem tumrap Munir, sing dikandhakne mBah Rawan kuwi akeh benere lan kasunyatane pancen mangkono. Nanging nek ngelingi lelakon sing disandhang dening Ponatun sedulure wedok, sing saiki urip neng mbuh nggone sawise ditinggal sing lanang mbuh parane, Waginem milih ngati-ati olehe arep mecaki dalan sing arep diliwati kanggo nuju dina ngarepe. Waginem ora kepengin nemoni lelakon kaya sing dialami dening Ponatun, mbakyune.

"Wong wis genah, cetha nek apike ngono kok ndadak arep dipikir maneh ta Nem?" kandhane mBah Rawan nutugne pituture "tak kandhani ya, kowe kuwi aja seneng kakehan milang-miling olehmu golek tandhing, merga ora arang kedadeyane wong sing kakehan olehe milang-miling kuwi entek-entekane malah oleh wong sing dhengkling. Wis ta nek nggugu omongku, angel lho golek wong lanang bregas lan brajag kaya Mas Munir kae".

"Nggih mBah" wangsulane Waginem karo mesem "criyose sing namine siji pesthi, loro jodho, telu wahyu, papat pangkat, lima kanugrahan niku empun digarisne dening Sing Maha Kuwasa?  Dadi nggih sing sabar mawon riyin, ampun grusa-grusu kersane boten kepathu, nek pancen mpun ginaris Mas Munir nika dados jodhone kula, mengke rak nggih ketekan dhewe. Rak nggih ngoten ta mBah?".

"Iyane ki iya, nanging kabeh kuwi kudu disranani, merga sing jenenge ngelmu iku wae katekane nganggo laku" mBah Rawan panggah ngeyel.

"Nggih mBah, lekase rak nggih lawan Kas ta? tegese Kas nyentosani?" Waginem wangsulan karo ngguyu. Merga Waginem kajaba weruh kaluwihane Munir sing kerep ditutuhne, uga weruh kekurangane Munir sing tenane rada ditutup-tutupi.

 

ana candhake.


Minggu, 27 Maret 2022

SLENDHANG KUNING (004)


4.

Susiana ora semaur apa-apa krungu kandhane Munir sing keri dhewe kuwi mau. Mung ing batin takon-takon ya gene Munir kok ora gelem mundur olehe duwe karep tresna marang dheweke? Kamangka wis dikandhakne lan Munir ya wis ngerti nek wektu kuwi Susiana wis duwe sesambungan tresna karo Sodik sing uga isih duwe sesambungan sedulur karo Munir, enek sing ngarani nek Munir kuwi isih misanan nek karo Sodik. Kajaba saka kuwi Susiana ya ngerti nek cedhake sesambungan paseduluran antarane Keluargane Pak Hari, wong tuwane Munir karto Keluargane Bu Kaji Ali, wong tuwane Sodik kuwi olehe cedhak ora mung mandheg neng pangaran-aran thok, nanging uga katon ing pasrawungan saben dinane. Mula sawuse kandha marang Munir bab sesambungane karo Sodik sing wis kena diarani mateng, sanajan Munir isih nyoba guneman kanggo nutugne sedyane Susiana pilih meneng ora semaur.

"Iki tenan Dhik" wasana Munir mbaleni tembunge "olehku kepengin nyambung talining tresna karo slirane iki ora mung merga kepengin nuruti hardhaning karepku thok, nanging uga ngeman marang Dhis Sus supaya aja nganti getun ing tembe mburine, aku uga kepengin njaga kawibawane jeneng kulawargaku lan kulawargane Budhe Kaji"

"Kok bisa ngono Mas?" Susi takon.

"Iya jalaran Mas Sodik sing satremene kuwi kaya apa, kabeh durung padha ngaweruhi kanthi sanyatane. Ngertine Mas Sodik kuwi wong bagus, alus, sopan, pinter, soleh lan sapiturute. Kamangka aku minangka sedulure Mas Sodik sing kerep awor lan kumpul wiwit cilik, ngerti dhewe yen Mas Sodik kuwi kejaba sinung kabecikan kaya sing tak kandhakne mau uga duwe cacat sing mungguhku cacat sing luwih mbebayani" wangsulane Munir karo praupan sing ketok nek tenanan.

"Apa kuwi Mas?" Susi wiwit kena kepancing karo critane Munir, banjur mburu nganggo pitakonan.

"Sak jane aku ora pati mentala ngandhakne" wangsulane Munir "nanging gandheng kanggo kabecikane Dhik Susi lan kabecikane kulawargaku uga kulawargane Mas Sodik dhewe, kapeksa aku arep blaka bab cacate sedulurku kuwi Dhik".

"Lha ya , cacate Mas Sodik kuwi apa?" Susi rada anyel karo wangsulane Munir sing dianggep mbulet.

"Mas Sodik kuwi ora bisa yen weruh bathuk sing klimis Dhik" wangsulane Munir karo mesem.

"Ora bisa piye ta Mas?"

"Kuwi mung unen-unene Dhik, Mas Sodik kuwi gampang "jatuh cinta" marang sapa wae. Dadi kajaba duwe sesambungan karo Dhik Susi, sak jane Mas Sodik kuwi ya duwe sambung katresnan karo prawan liyane lan ora mung siji loro, nanging akeh" Munir aweh wangsulan karo suwara sing digawe rada alon nuduhne yen sing dikandhakne kuwi barang sing wadi.

"Mosok ta Mas?" Susi sansaya kasengsem ngrungokne apa sing dadi kandhane Munir.

"Kandhani kok" wangsulane Munir karo mesem "aku iki sedulure Mas Sodik wiwit cilik lan aku ya weruh dhewe nganggo mripatku iki, Dhik Sus ngerti dhewe ta nek Mas Sodik kuwi duwe daya pikat sing ampuh marang wong wadon? Jujur wae, prawan ngendi sing ora kepencut weruh tindak-tanduke Mas Sodik sing kajaba kasinungan rupa bagus uga sopan unggah-ungguhe katambahan pinter pisan?".

Susi manthuk-manthuk, atine mbenerake karo apa sing lagi wae dikandhakne Munir, yen Sodik kuwi kajaba bagus uga kabeh tindak-tanduke sarwa nengsemake marang sapa wae sing weruh, luwih-luwih marang bocah wadon.

"Kamangka Dhik Sus ya pirsa ta nek Mas Sodik kuwi uripe rina wengi tansah dirubung karo prawan-prawan ayu sing sepirang-pirang akehe? Gek dhasare Mas Sodik duwe cacat kaya sing tak omongne mau, ora bisa weruh bathuk klimis. Aku ngerti dhewe kuwi, wong sak ploke Mas Sodik manggon neng Pondhok dadi Ustadz kuwi aku wis bola-bali niliki mrana, dadi ya weruh dhewe kahanan sing sanyatane. Critaku iki dudu dongeng sing tak gawe-gawe" kandhane Munir nutugne critane.

Ya wiwit kuwi, Munir dadi luwih kerep sanja ing omahe Susi lan ora arang bocah loro metu bareng dolan-dolan ing sambi kalane preinan. Kamangka sasuwene duwe sesambungan katresnan karo Sodik, durung tau Sodik kuwi ngajak Susi lunga saka omah mung bocah loro tanpa kanca, malah nek pas Sodik ndolani Susi ngana kae, ajek Sodik nembung marang Bapak utawa Ibune Susi supaya melu ngancani jagongan neng ruang tamu.

Lan crita kabeh kuwi dingerteni dening Sodik saka layange Susi marang dheweke sing pirang-pirang lembar dikirimne bareng, nyritakne kabeh lelakon sing banget gawe ngeresing ati. Ya kuwi layang njaluk pangapura marang Sodik, merga awit ora kuwat tekane godha bareng karo ditulise layang kuwi, wis ana petung dadi antarane kulawargane Pak Hari wong tuwane Munir lan kulawargane Pak Wardi, wong tuwane Susiana, yen Munir kudu cepet-cepet dinikahne karo Susi kanggo nutupi wirang merga tumindake bocah loro sing wis ngliwati watesing pager kasusilan.

Nalika kuwi, atine Sodik krasa kaya diiris-iris, nanging bawane wong sing weruh marang takdir lan pangwasane Gusti Allah, lara ing jeroning atine isih bisa disamudana. Malah pas ijabane Susi karo Munir, Sodik uga ngelangake bali melu mangayubagya olehe omah-omah sedulur karo tilas pacare kuwi. Marang Ibune Sodik kandha nek pancen Gusti Allah wis ngersakne Susi kuwi pancen jodhone Munir. Neng omah Sodik ya ora bisa suwe, rampung resepsi ya banjur bali maneh menyang Pondhok nindakne kuwajibane. Kabeh wong sing weruh lan kober pethuk omong-omongan karo Sodik padha gumun lan eram, meruhi Sodik sing babar pisan ora susah utawa gela weruh prawan sir-sirane dirabi dening sedulure dhewe. Malah esem grapyake babar pisan ora uwal saka lambene lan guyune isih keprungu renyah kaya padatane. Nanging wong-wong kuwi kabeh ora weruh tatu sing mengangah ing jero atine nom-noman bagus sarjana weton saka negara Mesir kuwi.

Ngancik tahun katelu olehe ngabdi ing pondhoke, Sodik dikabari dening Ririen, mbakyune nek Ibune lagi gerah rada santer. Sodik ya banjur daya-daya bali menyang ndesane. Jebul gerahe Bu Kaji pancen nemen tenan, nganti olehe ngrawat neng Rumah Sakit Sala ana sepuluhan dina luwih. Bareng Bu Kaji wis waras, ya jenenge warase wong sing wis sepuh panggah wae ora bisa ditegakne. Kamangka anake lanang ya mung Sodik dhewe, mula kanthi pawadan arep nindakne bekti marang Ibune, Sodik banjur matur marang Kyai Pondhoke, mundur olehe dadi Ustadz lan arep bali menyang desane maneh supaya bisa cedhak karo wong tuwane sing mbutuhne kawigaten mirunggan saka dheweke. Pak Kyaine Sodik sing tuhu wicaksana kuwi uga marengake malah kepara njurung apa sing dadi panyuwune Sodik, mung wae Pak Kyai uga pesen supaya sabisa-bisa Sodik mbudidaya murih bisa nular-nularne ngelmu lan kawruh sing olehe entuk saka Pondhok marang wong liya sing mbutuhake.

Klakon Sodik bali menyang omah maneh kumpul karo Ibune. Awit saka panjurung saka Kahar, Ririen banjur masrahake kabeh warisan tinggalane sawargi bapake sing wujud sawah karotengah bahu lan omah sapekarangane marang Sodik. Lan sawuse neng omah rada sauntara, Sodik banjur ditekani salah siji saka sanakane sing njaluk tulung supaya Sodik gelem melu mulang Bahasa Inggris lan Bahasa Arab ing sawijining sekolahan sing lagi dirintis ing Ngawi, ora adoh karo panggonane Sodik. Dadi nganti saiki, kajaba ngopeni sawah lan Sapi sarta wedhuse, Sodik uga duwe samben mulang neng sekolahan dadi Guru sing ora saben dina mlebu.

Sing sok-sok ndadekne Sodik krasa ora kepenak ki, nalika Sodik krungu kabar yen durung nganti setahun olehe omah-omah Munir karo Susi, wong loro kuwi wis pegatan. Ya iku sawise Susi nglahirake anake sing ora gelem ngenger, banjur Munir milih bali menyang omahe wong tuwane maneh, Susi ora dijak lan ora diolehi ngetutne, wekasane Susi banjur milih lunga saka omah. Kabare melu dadi TKW neng luwar negeri.

Ora sida turu, sawise ngglethak karo nglamun dumadakan Sodik kelingan karo Waginem sing mau esuk bareng sak bus karo dheweke. Sodik mesem, bola-bali atine aweh pangalembana marang Waginem, Tukang Laundry sing omahe Ngawi. Bocah kuwi nyata wis ndudut atine, bocah kuwi nyata ayu rupane, bocah kuwi nyata alus solah bawane, bocah kuwi nyata sopan lan nengsemake nalikane guneman. Nanging, omahe Waginem kuwi ngendi? Ngawi, Ngawi penere sisih ngendi?.

Alon-alon Sodik tangi, metu saka kamar arep golek ngombe menyang pawon. Jebul neng pawon, Sampir karo simpen lagi muter VCD, sing diputer karawitan. Satleraman Sodik nyawang gelar karawitan sing wis gawe sengseme Sampir karo bojone kuwi. Dumadakan atine Sodik rada nratab, waranggana ing karawitan sing lagi nembangne Gendhing Pangkur Irama Lamba, wis ndudut kawigatene, sabrebetan memper banget karo Waginem sing lagi wae ngranuhi sajroning pikire.

 

ana candhake.

 

SLENDHANG KUNING (003)

 


3.

Kaya padatan nek teka saka lelungan, sawise nglebokne pit motore neng papane Sodik banjur mapan lungguh neng kursi. Sampir sing tinanggenah tunggu omah lan makili Sodik sasuwene ora ana omah gageyan nyedhak arep nglapurake apa-apa sing prelu dingerteni dening juragane. Mligine ing babagan gaweyan sing nalika Sodik aep budhal dipasrahne kabeh marang Sampir. Simpen sing wis suwe olehe ndherek ing kulawarga kuwi ya banjur tanggap, ora suwe sawise Sodik mapan lungguh daya-daya Simpen ngladekne kopi pahit kanggo Sodik lan kopi sing legi kanggo bojone. Pancen wis rada suwe Sodik kuwi nek ngombe kopi seneng sing ora nganggo gula.

"Ana sing nggoleki aku apa ora Lik sasuwene tak tinggal wingi kae?" Sodik miwiti guneman ngajak omong sing arep aweh lapuran.

"Enggih enten Mas, ning nggoih kula warah nek panjenengan tindak Yogya dados nggih boten sios madosi" wangsulane Sampir.

"Sapa? butuh apa?" Sodik takon maneh.

"Sartana dikengken bapakne" wangsulane Sampir

"Sartanane Om Hari ta? dikongkon apa?" durung tutug olehe kandha Sampir, Sodik wis munggel rembug nganggo pitakonan maneh.

"Enggih, jane ajeng ngrepoti Mas Sodik ken ngeterne Bu Sarmun teng Rumah Sakit, tiang Bu Sarmun criyose dirujuk teng Rumah Sakit Sala" wangsulane Sampir.

"Lha mobil tak tinggal neng omah lho? wong sampean ngerti dhewe Ibu wingi ngersakne nitih Bus Patas, kuncine rak tak titipne Lik Simpen ta? nek enek wong njaluk tulung mobile keneng dienggo, waton ana sing nyetiri. Lha Lik Simpen apa gak omong nyang sampean?" Sodik wangsulan nganggo pitakonan.

Pancen ing lingkungan kono kuwi, sanajan sing duwe mobil kuwi ya klebu rada akeh, nanging sing kondhang enthengan kuwi mung Sodik. Mligine nek kanggo ngeterne wong lara sing arep mertamba, ora arep metung wektu, mbuh esuk mbuh tengah wengi pisan, Sodik mesthi kanthi legawa gelem ngeterne kanthi lelahanan alias gratis, ora tau gelem nampani nek sing njaluk tulung aweh dhuwit kanggo ijole bensin. Ngono kuwi ditindakne Sodik wiwit duwe mobil sing sepisanan wujud Suzuki Carry biyen nganti ganti mobil ping telu saiki rupa Terios modhel sing anyar dhewe.

Sing diarani Bu Sarmun kuwi isih sedulure bojone Om Hari, sedulur tunggal simbah nek karo Bu Kaji, ibune Sodik. Dadi nek karo Sodik isih keneng diarani kadang katut

"Jane Make lare-lare nggih criyos" Sampir wangsulan sawise meneng rada suwe "nanging lha wong sing saged nyetir niku namung Mas Munir, gek ndelalah pas Ibune Cilik sakit niku, Munir dipadosi boten enten, gek Sartana piyambak SIM-e mpun pejah, dados nggih boten wantun. Siose nggih lajeng ngengken Ramuji Wonokerto mriku".

"Ya wis nek ngono, bakune sing lara wis diterne nyang Rumah Sakit" kandhane Sodik sabanjure "mau aku ya pethuk Munir neng Sidowayah kana, nanging ya ora kober omong-omongan wong pas aku mudhun saka bus, dheweke munggah, dadi ya simpangan, embuh arep lunga menyang ngendi aku ya ora kober takon, ketoke arep lunga adoh wong sing ditumpaki Bus patas jurusan Surabaya".

"Enggih, beneke ajeng ngurus damelan teng Jombang napa pripun ngoten"

"Ya wis, lha urusan gaweyan sing tak pasrahne sampean wingi piye?" Sodik genti takon urusane dhewe.

"Sedaya beres Mas" wangsulane Sampir karo mesem ketok nek atine lagi mongkog "sedaya galengan sabin empun dipopok sedaya, malah kedhokane nggih mpun dados garon, pupuk kandhang sing dicawisne teng wingking griya nika mpun disebarne sedaya dados nggih mpun ketutup kalih lendhut garon, toyane kula gung, mengke mawon nek mpun wancine angkler kalih ngalusne kantun mbedhahi lak-ane".

"Sokur nek pancen ngono, wong olehe tandur isih sepasar maneh ta?" Sodik mangsuli lapurane Sampir karo seneng.

"Enggih, anu Mas wingi Mantri Bambang mriki, criyose panjenengan dhawuhi nyuntik lembune?" Sampir nutuigne olehe lapuran.

"Iya, piye? wis disuntik apa durung? kok wiwit mau aku durung krungu olehe bengah?" Sodik takon maneh.

"Empun, bar disuntik wingi nika nggih terus mingkem boten bengah malih, ketoke dados niku, wong Mantri Bambang wingi nggih criyos nek wekdale nyuntik empun pas wektune, mugi-mugi mengke pedhete jaler nggih Mas?" Sampir wangsulan karo mesem.

"Ya muga-muga wae" kandhane Sodik nglegani tembunge Sampir "Ya wis nek ngono, ketoke mripatku isih rada ngantuk gek awakku ya isih rada kesel aku tak leren dhisik nek ngono".

"Nggih Mas"

Sodik ngadeg banjur mlebu kamare, salin genti nganggo sarung mapan ngglethak neng dhipane. Karo ngglethak Sodik kober nggagas critane Sampir sing ngabarne nek Bu Sarmun digawa menyang Rumah Sakit Sala mau. Sak jane ngono, neng atine Sodik kuwi isih ana rasa bingget karo kulawargane Om Hari, Pakne Cilik kuwi. Nanging merga Sodik bisa nggunakne nalar lan nata atine kanthi becik, binggeting atine bisa digawe samudana sing ndadekne ora ketara.

Biyen sawise rampung olehe kuliah neng Al-Azhar Cairo, Mesir Sodik tau duwe sesambungan tali katresnan karo prawan ayu tangga desa sing jenenge Susiana, kaya sing dikandhakne Ririen pas jagongan mau bengi kae. Sambunging katresnan antarane Sodik karo Susi kuwi satemene wis suwe, wiwit Sodik arep lulus saka Madrasah Mualimin Gontor Ponorogo biyen. Wektu kuwi Susi isih kelas telu SMP. Nganti Sodik lulus lan oleh gelar LC saka Al-Azhar, lan bali menyang desane, sesambungan katresnan kuwi mlaku kanthi becik-becik wae.  Sesambungan katresnan antarane putune Nabi Adam loro kuwi dadi pedhot banjur bubrah ora nggenah bareng Sodik lunga ninggalne desane, nindakne pengabdian marang almamatere yaiku Pondok Modern Gontor, dadi Ustadz ing salah sijine Pondok Gontor Putri sing manggon neng sawijining kutha ing Jawa Timur.

Ditinggal lunga rada suwe, Susiana kena godha. Sing dadi panggodha ora ana liya kajaba sedulure Sodik dhewe, sing sadurunge Susiana gandheng karo Sodik, wis suwe olehe ngendhem rasa seneng marang prawan ayu sing merak ati kuwi. Ya kuwi Munir, anake lanang Om Hari, Pak Cilike Sodik dhewe.

Wiwitane tekane Munir sing ndolani Susi neng omahe ya ditampa lumrah dening Susi. Nalika Munir ngandhakne apa sing dadi isen-isening atine, Susi kanthi sabar lan sareh aweh wangsulan yen Susi ora duwe niyat arep nampik katresnane Munir marang dheweke, nanging aweh wangsulan :

"Ngene ya Mas Munir, oraa tak kandhani mesthine panjenengan ya wis pirsa lan mireng dhewe nek sesambungan tresna antarane aku karo Mas Sodik kuwi dingerteni wong akeh. Bapak karo Ibuku ya wis pirsa lan uga wis nayogyani sesambungan kuwi, samono uga Ibune Mas Sodik uga wis pirsa lan uga wis sarujuk. Mung kari ngenteni lamaran kanthi resmi wae. Dadi ya aja dadi penggalih panjenengan yen aku ora bisa nampa katresnan panjenengan marang aku".

"Nanging sadurunge disekseni Pak Naib lan diijabne neng ngarepe para seksi, Dhik Susi kuwi isih legan lho Dhik. Sapa wae wenang ngayunake dadi sisihane Dhik Susi, klebu aku sing suwe ngendhem rasa tresna marang slirane" wangsulane Munir nalika Susi ngandhakne yen ora bisa nampa katresnane Munir sing dikandhakne ing ngarepe.

"Iya Mas, aku matur nuwun banget marang Panjenengan sing wis kagungan rasa tresna marang aku, nanging ya pangapurane panjenengan wae sing gedhe ya Mas? jalaran aku kapeksa ora bisa nimbangi katresnan panjenengan marang aku. Rasa tresnaku marang Mas Sodik lan rasa tresnane Mas Sodik kuwi wis dipirsani dening Bapak Ibu lan uga Ibune Mas Sodik, dadi ora mung aku sing kepengin diwengku dadi garwane Mas Sodik lan Mas Sodik kepengin ngepek bojo aku, nanging malah wis luwih saka kuwi, Bapak karo Ibuku wis kepengin banget duwe mantu Mas Sodik lan Ibune Mas Sodik ya wis kepengin banget duwe mantu aku. Dadi sepisan maneh tak suwun marang Mas Munir, kersaa murungake olehe kagungan kersa arep mengku aku dadi garwa panjenengan ya Mas?" kanthi tatag lan tembung sing cetha Susiana aweh wangsulan marang Munir sing sajake arep nekad apepawadan dumeh durung ana janur ajur sing dadi pratandha yen sesambungan katresnan antarane Sodik karo Susi isih bisa diowahi.

Krungu wangsulane Susi ngono kuwi, jebul Munir ora gelem mundur olehe nelakake rasa tresnane. Dikandhani nganggo tembung sing becik ngono kuwi, Munir ora mendha nanging malah sansaya ndadra. Malah banjur arep nekad nibakne srana nganggo tembung sing manis nanging tenane mawa wisa sing banget mbebayani. Munir meneng rada sauntara, pikirane wiwit makarya, atine dikongkon ngrakit ukara sing bisa dadi srana kanggo medhotne rasa tresna ing atine Susi marang Sodik.

"Ngene ya Dhik" kandhane Munir sawise kasil nata ukara ing sajroning atine "aku ngerti nek Bapak Ibu kene kuwi wis cocok karo Mas Sodik, nanging aku dadi mesakne banget marang Bapak Ibu kene, luwih-luwih marang Dhik Susi, yen klakon Dhik Susi kebacut dadi bojone Mas Sodik. Kang mangkono kuwi mau, merga mung jalaran mBak Susi uga Bapak lan Ibu malah kepara Budhe Kaji kae pisan, durung pirsa sapa satemene Mas Sodik lan kepiye mungguh sing dadi pakulinane Mas Sodik wektu iki".

 

ana candhake

Sabtu, 26 Maret 2022

SLENDHANG KUNING (02)


 2.

Mudhun saka Bus Sodik kepethuk karo Munir sedulur nakdulure, nanging mung padha esem-eseman thok minangka tandha sapa aruhe, ora merga piye-piye mung sabab merga Sodik kesusu selak mudhun sauntara Munir kesusu arep munggah melu nunut bus sing mau ditumpaki Sodik. Bareng karo Sodik mudhun saka dalan aspalan arep mlaku menyang papan penitipan sepedhane, bus sing mau ditumpaki wis adoh olehe mlayu. Karo mesam-mesem minangka wangsulan marang Tukang Ojek sing padha ngrubung ngetutne lakune, Sodik bablas menyang penitipan sepedha.

 

"Mbeta pit piyambak kok Mas" kandhane Sodik marang para Tukang Ojek sing ora marem mung disauri karo esem lan tembung "boten". Lagi bareng diwangsuli mangkono kuwi mau Tukang-Tukang Ojek lagi gelem padha sumingkir ngalih. Tekan nggon penitipan sepeda, Sodik ora kesusu mlebu njupuk pit montor sing dititipne neng kono. Nanging malah mapan lungguh neng dhingklik dawa sing diselehne dening sing duwe neng ngarep omah sisihe lawangan mlebu. Ngrogoh sak ngetokne rokok karo korek. Sodik wiwit nyedhot rokoke, olehe ngempet rasa kepengin udut wis rada suwe. Pas neng omahe mBakyune olehe udud ndadak kudu metu saka omah rada adoh, ben ora kaweruhan Ririen, mBakyune utawa Kahar, kangmase ipe. Merga wong loro kuwi, banget olehe ora seneng nek ngerti Sodik ngrokok. Lumrah wong Ririen kuwi Dosen neng FKIP lha Kahar kuwi dokter neng Rumah Sakit PKU.  Ketambahan mau sing ditumpaki Bus sing nganggo AC, dadi ya ora bisa ngrokok. Mula bareng wis mudhun saka Bus, olehe ngrokok jan dikepenakne tenan ngana kae, ora kesusu njupuk sepedha motor sing dititipne banjur bablas mulih menyang omahe.

 

"Lho sampun kundur ta Mas?" lagi wae Sodik ngematne enake pega udut tanpa weruh sangkan parane, Pak Kawit sing duwe titipan sepedha wis linggih neng sisihe karo takon "lha keng Ibu pundi?".

 

"Nembe mawon Pak Kawit, sareng Eka niku wau napa?" wangsulane Sodik karo noleh nyawang Pak Kawit "Ibu taksih kantun dhateng Yogya".

 

"O enggih, paling Bu Kaji taksih dereng mantun kangene kalih wayah-wayahe"  kandhane Kawit sabanjure. Pancen wong sing wis kulina srawung karo kulawargane Sodik ki nek ngarani Ibune Sodik akeh sing nganggo tembung Bu Kaji, merga sawargi Pak Ali, bapake Sodik karo Bu Siti, Ibune Sodik, pancen wis tau ngibadah Haji sadurunge Sodik lahir biyen.

 

"Pinten Pak? Sedinten kalih sedalu lho?!?" Sodik takon karo ngelungne dhuwit limang ewon marang Kawit sing wis nuntun pit motore Sodik menjaba.

 

"Biasa Mas, sekawan ewu" wangsulane Kawit karo nampani dhuwit sing dilungne Sodik "sekedhap nggih?  susuke kula pendhetne riyin".

 

"Sampun Pak Kawit, matur nuwun" wangsulane Sodik karo mapan lungguh nyetater pit motore.

 

"Nggih sampun, matur nuwun lho Mas" Pak Kawit ngaturne panuwune.

 

Ora let suwe Sodik ya banjur wiwit nggelak sepedhane  tumuju omahe. Olehe mlaku blas ora banter, wong disambi karo ngrokok. Lagi bareng rokoke wis entek lan uthise dibuwang neng pinggir ratan, olehe ngepit Sodik rada dibanterne. Nanging ya ora banter kaya lumrahe bocah-bocah nom numpak pit motor ngana kae.

 

Karo numpak pit motore, dumadakan Sodik kelingan Waginem, bocah wadon sing mau lungguh neng sisihe wiwit saka Sala nganti tekan Sidowayah. Ana rasa aneh sing nggremet ing jero dhadhane Sodik, nadyan mung tepung neng dalan, nanging ana rasa aneh ing atine Sodik marang bocah wadon sing omahe Ngawi kuwi mau. Nek rupane pancen ya keneng diarani ayu, nanging jaman saiki apa ana ta bocah wadon sing ora ayu?. Nyandhang nganggone sing prasaja nanging mantesi, tembung-tembunge sing alus lan grapyak, slaga lan tingkahe yen rembugan olehe katon sopan lan ruruh, ndadekne Sodik kasengsem. Ora krasa karo nyetir pit motore Sodik mesem dhewekan.  Satleraman wewayangane Waginem bali ngaton ana angen-angene, disusul karo wewayangane Ririen, mBakyune sing mau bengi rada taneg olehe ngajak jagongan dikancani Kahar sisihane.

 

"Umurmu saiki iki wis ngancik telung puluh lho Dik" kandhane Ririen mau bengi "dadi aja mbok anggep isih nom wae. Kowe kuwi wis wayahe mikir golek sisihan, aja nganti ketuwan olehmu arep rabi. Mesakna anak-anakmu mbesuk".

 

"Iya Yu, tak ndang golek sisihan" wangsulane Sodik karo mesem "ning ya kudu sabar, wong jenenge tekane jodho kuwi ora kena didadak, kabeh mung manut purbane sing ngecet lombok".

 

"Alaah, kowe kuwi saben-saben dielingne supaya ndang mikir golek bojo, mesthi wangsulanmu ngono kuwi" kandhane Ririen sabanjure "apa kowe durung bisa nglalekne si Susi? apa malah kebacut jinja banjur mbok gebyah uyah padha asine, kabeh bocah wedok mbok anggep padha karo dheweke?. Aja kaya ngono kuwi ya Le, emanen awakmu dhewe, apa kowe ki ora mesakne Ibu sing wis kepengin banget direwangi olah-olah neng pawon karo mantune?".

 

"Yu Rien ki kok ya bisa wae lho?" Sodik wangsulan karo ngguyu "aku iki blas wis ora kelingan karo tilasane Munir sing saiki lunga nyang luwar negeri kae, malah aku rak ya wis bola-bali kandha nek aku pedhot karo Susi jaman semana kae, ora musibah nanging malah kepara oleh berkah, dadi tak jaluk Yu Rien aja nyebut-nyebut bab bocah kae maneh, ora becik.  Jane aku ki ya kepengin banget bisa gawe renane penggalihe Ibu sing  saben-saben tansah dhawuh supaya aku iki enggal omah-omah, nanging ya kuwi mau Yu, jenenge siji pesthi, loro jodho, telu wahyu, papat pangkat, lima kanugrahan kuwi kabeh karegem ana pangwasane Gusti. Rak ya ngono ta Mas?" Sodik genti nyawang marang Kahar, kangmase Ipe.

 

"Kuwi bener Dhik Sodik" wangsulane Kahar karo mesem "pancen ana unen-unen, gegarane wong akrami kuwi dudu bandha dudu rupa, amung ati pawitane, yen gampang luwih gampang, yen angel-angel kelangkung. Nanging saben wong sing isih legan, kuwi kasampiran nduweni panjangka supaya ing mbesuke bisa nuwuhake turun, lha sranane kudu omah-omah. Dadi bisane omah-omah kuwi kena diarani panjangka, lha bisane kasembadan panjangkane kudu dijangkah, ora mung meneng ora obah".

 

"Rungokna kuwi Dik" Ririen numpangi rembug "kowe kuwi kudu mbudidaya murih enggal bisa ndang oleh jodho, ora kok mung ketungkul mikir gaweyan banjur lali sembarang kalire ngono kuwi. Gajege kowe biyen sadurunge iki ya tau mbudidaya nyedhaki Susi sanajan wekasane sambunging atimu karo Susi banjur bubrah ora nggenah, nanging kowe ora bisa selak nek kowe tau duwe rasa tresna marang bocah wadon. Lan saiki, sing luwih baku, kowe kudu luwih pinter ngandhani rasamu, neng donya sing jembare ora winates iki, bocah wadon kuwi cacahe akeh banget, dadi ya ora mung Susi dhewe, uga merga cacahe wong wadon sing tanpa wilangan akehe, watak, wantu lan tekune mesthi wae dhewe-dhewe, ora kabeh kaya Susi. Kuwi kowe kudu ngerti".

 

"Iya, iya Yu" Sodik wangsulan sareh "aja kuwatir, ya tulung atune Ibu, nek aku arep mbudidaya nggoleki bocah wadon sing gelem tak dadekne jodhoku, ora liwat aku nyuwun tulung Mas kahar karo Yu Rien, tulung aku dibantu donga, muga-muga Gusti Allah paring kasembadan marang apa sing dadi panjangkaku".

 

"Iya Dhik Sodik" Kahar luwih dhisik wangsulan "tak dongak-dongakne muga-muga jodhone Dhik Sodik enggal ketemu. Aamiin".

 

"Aamiin" Sodik melu ngamini.

 

"Nek aku ora mbok jaluk, mesthi wis luwih dhisik ndongakne Dik" Ririen genti sing aweh wangsulan "nanging ya kuwi mau, donga lan panyuwunan marang Gusti Allah kuwi ora kena mung mandheg neng ndona lan nyuwun thok, kudu disranani mbudidaya lan setiar".

 

"Iya Yu, aku ngerti" .

 

Sodik mesem maneh, karo ngangen-angen apa sing dirembug karo mbakyu lan mase ipe mau bengi, wewayangane Waginem bola-bali ngaton ing sela-selaning angen-angene.

 

"Apa kira-kira mBak Waginem mau bisa dadi jatu kramaku ya?" karo rada isin karo atine dhewe Sodik nakoni  awake dhewe.

 

"Lha kowe gelem apa ora upama Waginem kae dadi jodhomu ngono?" suwaraning ati saka sisih liyane genti nakoni.

 

"Ketoke ya gelem" wangsulane atine dhewe "ning sing kana gelem apa ora ya? gek apa wis duwe calon apa durung?".

 

"Upama Waginem kae mau gelem karo kowe, banjur olehmu arep nyambungne atimu karo atine kepriye? Ngawi kuwi kuwi amba, kamangka kowe ya durung ngerti omahe? Kowe kuwi ya kebacut kok, jaman saiki kok ora gelem takon nomer ha-pe ne?" suwara saka ati sisih kana mau genti takon karo melehne. Sodik kangelan olehe arep wangsulan.

 

Sauntara kuwi, ora krasa lakune pit motor sing disetiri jebul wis menggok neng plataran omahe. Tekane Sodik dipapagne karo ngguya-ngguyu sajak seneng dening Sampir, rewange sing kulina dikon ngrewangi ngopeni sapi lan nggarap sawahe. Sampir bojone Simpen, rewange Ibune sing saben dina dadi kongkonane Bu Kaji yen ngersakne apa ta apa.

 

ana candhake.

 

 

 

SLENDHANG KUNING (01)

 

dening : immir

 

1.

 

Satemene ya wis ngerti lan ya wis apal nek mengko neng Terminal Tirtonandi Sala, bus-e mesthi leren rada suwe. Nanging Sodik milih semaur nek mudhun Sidowayah, nalikane Kondhektur bus mubeng njaluki ongkos marang penumpange. Pancen esuk kuwi Sodik rumangsa yen ngantuk, dadi munggah bus Patas Yogya - Surabaya saka Terminal Giwangan ya banjur sendhen kursi mripate diremne, mapan turu. Pikire Sodik nadyan mengko neng Sala buse ngetem suwe ya ora apa-apa, buse leren dheweke ya arep melu leren. Kaya padatan Bus sing mau kebak, bareng tekan Sala kari sethithik sing ora mudhun. Sodik ngalih enggon golek kursi sing dadi senengane ya kuwi kursi sing pas mburine sopir. Batine Sodik mengko nek wayahe mudhun ben cedhak lawang, dadi ora kesuwen.

 

Karo mangku tas ransele Sodik mapan turu, sendhen neng bangku sing dilungguhi. Bakul-bakul asongan sing munggah bus nawakne dagangane ora ana sing direken. Wohe jagongan karo mbakyune lan mase ipe mau bengi sing nganti tekan wengi ditambah durung mlebu wayah subuh wis tangi, ndadekne Sodik ngantuk sing angel olehe ngampet. Lagi lungguh sedhela wis angler olehe turu, nglilir-nglilir bareng bus wis rada adoh ninggalne terminal. Sodik nyawang menjaba, tekan Palur batine. Nglirik mengiwa, kursi ing sisihe sing mau ora ana sing nglungguhi saiki wis kisenan penumpang, bocah wadon sandhangane brukut jilbaban.

 

Pas Sodik nglirik karo ngulat-ulati sing lungguh neng sandhinge kuwi, mbarengi sing dilirik noleh nyawang prenahe Sodik. Atine Sodik nratab, sunaring mripate tempuk karo sunar mripate bocah wadon sing rumangsane Sodik duwe daya tarik tersendiri kuwi. Gageyan bocah wadon kuwi ngalihne panyawange, samono uga Sodik uga banjur ndhingkluk nyawang jogane bus sing ditumpaki.

 

"Badhe tindak pundi mBak?" kanggo nutupi rasa kagete Sodik ngajak omong bocah sing lungguh neng jejere kuwi.

 

"Badhe dhateng Ngawi" wangsulane Bocah wadon kuwi, suwarane empuk miturut panampane kupinge Sodik "lha Mase?".

 

"Ngawi?" Sodik genti wangsulan "kula namung dugi Sidowayah mawon kok. mBake daleme Ngawi napa badhe tuwi sedherek dhateng Ngawi?".

 

"Badhe wangsul Mas" kandhane bocah wadon kuwi semanak "niki wau saking niliki ponakan ingkang Kost teng Yogya. Lha Mase daleme Sidowayah ta?".

 

"Kedunggalar mBak" Sodik aweh wangsulan "nuwun sewu tepangaken kula Sodik Salim, mBake ngagem asma sinten?".

 

"Kula Waginem Mas" wangsulane bocah wadon kuwi karo mesem "awon nggih Mas? namine tiyang ndhusun".

 

"Sami mawon mBak" wangsulane Sodik karo mesem "nami paringane tiyang sepuh niku sae sedaya mBak, niku nami asli jawa, nek jeneng kula niki rak semu ke arab-araban".

 

"Inggih Mas, tiyang rumiyin criyosipun Simbok kula lair pas dinten Wage, mangsa nem" Waginem guneman nggenahne asal-usule dijenengne Waginem.

 

Ora krasa wong loro sing lagi wae kepethuk kuwi wis ketok akrab, banjur padha crita akeh-akeh nyritakne saka olehe padha lelungan saka Yogya. Waginem crita yen bubar ngendhangi anake mbakyune sing kost neng Yogya merga isih kuliah neng UII. Olehe ngendhangi merga dikongkon mBakyune sing wis limang tahun luwih manggon neng Negara Taiwan dadi TKW, lan sasuwene kuwi anake wedok sing mung siji dititipne wong tuwane, banjur saiki dikongkon kuliah neng Fakultas Ekonomi UII Yogya. mBakyune Waginem sing jeneng Ponatun dhewe, olehe lunga menyang Taiwan dadi TKW kuwi sabubare rumah tanggane buyar, ditinggal sing lanang sing ora karuwan parane. Gandheng Ponatun duwe panemu yen anake kudu pinter ora kaya dheweke, Ponatun kepengin supaya anake bisa sekolah sing dhuwur, lan kanggo supaya pinter yegti mbutuhne wragat, mula Ponatun wani nekad budhal menyang Luwar Negeri kanggo golek dhuwit supaya anak sing wis ora dipikirne bapakne kuwi bisa sekolah sing pinter. Lha wragat kanggo nyukupi kabutuhane anake kuwi saben wulan dikirim saka Taiwan menyang adhine sing jeneng Waginem kuwi.

 

"Dados entrane ngoten niki kalih sinau dadi tiyang sepuh Mas" kandhane Waginem mungkasi critane "tiyang gadhahane Yu Pon niku kajawi yogane estri nggih kantun kula kalih simbok, gek simbok nggih mpun sepuh pisan".

 

"Oo, keng Bapak sampun boten wonten nggih mBak?" Sodik wangsulan nganggo piakonan.

 

"Sampun Mas" wangsulane Waginem "bapak kula niku tilar donya nalika kula taksih alit, nembe ajeng mlebet SD. Dados kula niki anak Randha wiwit alit Mas".

 

"Kok sami nggih mBak?" Sodik wangsulan karo mesem "kula nggih anak randha lho? Malah kula dereng nate sumerep bapak kula piyambak, tiyang Bapak seda niku nalika kula nembe umur tigang tahun".

 

"Mas Sodik putra waruju nggih?" Waginem genti sing takon.

 

"Leres mBak, putranipun Ibu niku namung kalih mbajenge mBakyu kula sak niki dhateng Yogya, sampun gadhah anak kalih sing setunggal sampun SMP sing setunggal sampun TK, lajeng ragile kula".

 

Sodik ya ba njur crita yen wingi olehe menyang Yogya kuwi merga ndherekne Ibune sing kajaba wis kangen karo putu-putune uga arep mriksakne kesehatane nyang Rumah Sakit papane Mas-e Ipe nyambut gawe, mbakyune Sodik dhewe nyambut gawene mulang dadi ASN ing salah sijine Perguruan Tinggi neng Yogya.

 

"Lha kok keng Ibu dipun tilar Mas?" Waginem takon sawuse Sodik rampung olehe nyritakne olehe menyang Yogya.

 

"Inggih, murugaken teng griya nggih gadhah open-open ingkang boten saged ditilar dangu-dangu mBak" wangsulane Sodik karo mesem "jane nggih boten patos tega nilar Ibu, nanging Ibu piyambak paring dhawuh murih kula wangsul, supados boten dangu-dangu damel repotipun tangga ingkang dipun titipi damelan griya, kula nggih kapeksa wangsul rumiyin".

 

"O Makaten nggih Mas?" Waginem nanggapi wangsulane Sodik karo mesem "teng dalem sambenipun Mas Sodik menapa ta?"

 

"nGgih kados limrahipun tiyang dhusun neh mBak" wangsulane Sodik karo rada ngguyu "sareng Ibu sansaya sepuh mila lajeng kangge ngopeni sabin tilaranipun sawargi Bapak dipun pasrahaken dhateng kula, kalih katambah kalih ngopeni ayam kampung kalih Lembu tuwin menda".

 

"Wadhuh hebat nggih?" Waginem nyelani rembug karo mesem "jebul Mas Sodik niki Petani ngrangkep Peternak nggih?".

 

"Petani napa ta mBak?" wangsulane Sodik karo ngguyu "Petani niku nek sabine wiyar, lha sabin tilarane Bapak niku namung cekap kangge maem tiyang sagriya, nyopak boten perlu nempur wos mawon. Gek Lembu sing kula openi nggih namung kalih, mendane namung pitu pasadhiyan disade nek wancine wulan Besar, nggih kangge tambah-tambah nyekapi kabetahaning gesang mBak, najan ayame Ibu niku namung babon tiga kalih kemanggang pinten nika, nanging rak nggih betah dipun kandhangaken nek wancine sonten?".

 

"inggih Mas" kandhane Waginem krungu wangsulane Sodik sing ngono kuwi "niku namine nggih mpun lumayan, kula piyambak teng nggriya namung njagakne buruh umbah-umbah kalih nyetlika dhateng tiyang-tiyang ingkang kengkenan kok Mas, kalih sekedhik-sekedhik ngrencangi Simbok sadeyan pracangan ing griya".

 

"Inggih mBak" wangsulane Sodik "sedaya menika menawi dipun lampahi kanthi remening manah linandhesanngagengaken raos syuikur dhateng Gusti Allah, insya'allah badhe murakabi awit bierkahan dening Gusti Allah".

 

"Amiin, leres menika Mas"

 

Ora krasa lakune Bus Patas jebul wis ngliwati dalan cedhake Monumen Surya, Sodik wis wayahe arep mudhun sedhela maneh wis tekan Sidowayah. Ora let suwe Sodik pamitan nek arep ndhisiki mudhun, marang Waginem.

 

"Inggih Mas, ndherekaken sugeng tindak, ngatos-atos lho Mas!".

 

"Inggih Matur nuwun mBak" wangsulane Sodik karo ngadeg, banjur mlaku nyedhaki lawang Bus sing ditunggu dening Pak Kenek.

 

 

ana candhake.

Selasa, 08 Maret 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (102) TAMMAT

102.

Oleh panantang saka wong jubah putih sing praupane ketutupan topeng kuwi, Panembahan Alit sakala muntap kanepson wae, meh nyundhul mbun-mbunane. Panembahan Alit ngerti nek wong jubah putih kuwi olehe nyebut jenenge cetha nek mung sakepenake wae, dijumbuhne karo gegaman sing lagi dicekeli, ya iku pange wit gulun, carang wreksa kuwi tegese rak pange kayu. Ora nganggo guneman maneh kanepson sing mau arep disuntak marang Tumenggung Tirtayasa genti diarahne marang paraga sing lagi teka sing cetha nek wis ngremehne dheweke, Cis pusaka sing isih gumlethak neng lemah dijupuk banjur maju arep dienggo ngadhepi wong sing wis lancang nampel gegamane mau.

 

Sing ora kalah kagete karo Panembahan Alit Dewa Danu ya Puthut Jayandaga. Epek-epeke sing panas merga pedhang sing wis diulurne arep nembus dhadhane mungsuhe ditamplek dening wong sing dumadakan teka, sing sandhangane jubahan warna ireng kathik praupane ditutupi topeng sing digawe saka klikane kayu jati.  Kanthi trengginas Puthut Jayandaga njupuk pedhange sing gumlethak neng lemah banjur mencolot memburi, nguwasne wong sing lagi teka karo takon :

 

"Keparat !, sapa kowe menungsa ora tata, wani nladhung lawaran tanpa sesumbar? solahmu kaya pitik tukung diumbar ing padaringan he?" .

 

"Sing gedhe pangapuramu Puthut Jayandaga" wangsulane wong jubahan ireng sing praupane tutupan topeng kuwi ayem "aku ora nyana yen jebul kowe kuwi durung prigel nyekel gegaman, tiwas mau tak tampek nganggo oyot tungkul iki he he he. Ditepungne wae jenengku Tungkul Ireng, dene tekaku kene arep njajal sepira kasektene muride Ki Gedhe Tangen sing jeneng Puthut Jayandaga. Mula aku mau namplek pedhangmu jalaran aku kuwatir lekasku arep njajagi sepira jerone ngelmumu kuwi ora keturutan merga kaselak kowe dadi bandane Bendaraku, Panji Bantaran".

 

"Setan kowe Tungkul Ireng" Puthut Jayandaga semaur karo misuh banter "mripatmu pancen wois picak, upama pedhangku ora mbok tamplek kanthi licik, sing mbok arani Bendaramu kuwi mesthi wis jebol dhadhane. Teka kowe wani guneman nek aku bakal dadi bandane Bantaran he?".

 

"He he he " Tungkul Ireng ngguyu lirih "aja ngawur kowe Jayandaga, apa rumangsamu dhadhane Bendaraku kuwi ulet godhing lumbu ngono apa piye? nek mung pedhangmu kuwi wae cetha nek ora bakal tumama nek ditadhahi jajane Panji Bantaran. Saiki ayo dibuktekne, nek pancen kowe sekti mandraguna ayonana iki Tungkul Ireng andhahane Panji Bantaran sing ngisor dhewe, yen pedhangmu kuwi bisa ninggal tatu neng ragaku, lagi kowe pantes ngadhepi Panji Bantaran, nanging ya kuwi entek-entekane kowe mesthi dadi bandan".

 

Puthut Jayandaga wis ora bisa ngempet nesune maneh, tumuli mencolot maju. Pedhange diputer kaya kitiran, ngepung wonmg sing ngaku jeneng Tungkul Ireng kuwi. Sauntara Panji Bantaran sing wis lolos saka bebaya, tumuli njupuk pedhange sing mau tiba neng lemah, banjur tumandang ngadhepi prajurit rucah murid-muride panembahan Dewa Karkatha saka Paguron Tangen.

 

Tumenggung Tirtakusuma sing mau wis nyipta yen bakal tumekeng pati ing madyaning paprangan, kanthi ditulungi dening prajurit andhahane, wis bisa ngadeg maneh. Tangane panggah isih nyekeli gagang pedhange.  Tumenggung sing sekti mandraguna kuwi ora ngira yen nyawane isih ana sing nylametake, mung emane kanthi ndelok sandhang panganggone sarta praupan sing ketutupan topeng, ndadekne Tumenggung Tirtakusuma durung ngerti sapa wong sing wis aweh pitulungan marang dheweke kuwi.  Luwih gumun maneh senapati pethingan saka Mataram kuwi bareng meruhi, wong sing aweh pitulungan mau saiki gulet adu kasekten karo Panembahan Alit. Kekarone wis padha dene olehe nggunakne ngelmu-ngelmu simpenane, saking cepete nggone padha obah, wong loro sing lagi perang kuwi wis ora katon maneh wujude, sing katon mung kaya angin gambul ing mangsa ketiga nyedhaki mangsa labuh, cahya putih lan cahya ireng sing mubeng-mubeng klawan suwara sing nggegirisi.

 

Panembahan Alit sing kasektene mung kacek sausap ing ngisore Panembahan Dewa Karkatha, rumangsa gumun ngadhepi mungsuhe. Kabeh pangabaran sing diwetokne tansah bisa kanthi gampang disirep dening wong sing ngaku jeneng Carang Wreksa kuwi. Sakehing aji jaya kawijayane wis disok kanggo nglumpuhne mungsuhe, parandene tumibane aji jaya kawijayan kuwi kaya atusan geni tumper sing nyemplung menyang jerone blumbang sing kebak banyune. Malah aji sing kanggo ngayomi ragane murih ora kena disenggol dening serangane mungsuhe, ya iku aji Lembu Sekilan sing wiwit mau wis dicakne, jebul babar pisan ora ana gunane. Wis wola-wali sikil utawa tangane Carang Wreksa wis tumiba ing ragane sing nuwuhake rasa lara. Wekasan Panembahan Alit tumuli matak aji pamungkase sing uga sinebut Aji Bajrageni. Aji iki mbutuhake surungan hawa murni sing gedhe, sing bisa nguras tenagane sing nggunakne. Nanging sapa sing ketiban dayane aji Bajrageni, mbuh lumantar sadhukan sikil utawa pupuhan tangan sarta lumantar Cis pusaka sing digawa, mesthi bakal lebur dadi awu.

 

Carang Wreksa sing ngerti nek mungsuhe wis nggunakne aji pamungkase, ora gelem yen nganti kecolongan, tumuli ngetogne kekuwatane. Tumibane dugangan utawa sudukan Cis Pusaka saka Panembahan Alit ora diladeni, iki dhadha endi dhadha, nanging Carang Wreksa milih nggunakne kacepetaning obahe sarta kekuwataning tenagane sing dipunjerne neng pang kayu gulun sing dadi gegamane. Kesit ngungkuli that-thit, cukat ngluwihi kilat, Carang Wreksa tumandang, pang kayu gulun kanthi nuli-nuli disabetne menyang wentis kiwane Panembahan Alit sarta balung garese sisih tengen. nDadekne sing disabet remuk bebalunge. Panembahan Alit njerit kelaran, banjur gumebrug tiba neng lemah ora eling apa-apa maneh, semaput klawan mengkurep kaya arep ngrangkul lemah.

 

mBarengi Panembahan Alit rubuh ing bumi, Puthut Jayandaga sing uga wis ngetog kabeh aji jaya kawijayane kapeksa rubuh neng lemah, merga kedhisikan pundhak kiwa lan pundhak tengene kena disabet nganggo Oyot Tungkul sing digawa dening Tungkul Ireng, ndadekne balung pundhake Puthut Jayandaga kuwi tugel. Kaya dene Panembahan Alit, Jayandaga wis ora bisa obah semaput ngathang-athang ana dhuwur lemah.

 

Para murid Paguron tangen sing uga weruh yen Panembahan Alit lan Puthut Jayandaga rubuh neng lemah dadi padha kaweden, banjur tanpa ana sing aba, prajurit-prajurit kuwi mlayu memburi arep ninggalne palagan, golek slamet dhewe-dhewe. Prajurit Mataram nututi nguber ing mburine.

 

Sauntara kuwi, ing tengah-tengahing barisan Wasi Nagasekti sing wis nemu kalodhangan, tumuli nglebokne tangan kiwane menyang tutuk, ngetokne suwara suwitan, aweh sasmita marang para pendhereke supaya ninggalne palagan, bablas bali menyang Patalan. Jalaran Wasi Nagasekti wis kentekan akal kanggo ngadhepi kasektene Ki Gedhe Pelanggolan. Janggan Nagatingkir, Janggan Nagaluwing lan Janggan Nagaemprit sing uga rumangsa kangelan ngadhepi mungsuhe, bareng krungu sasmita saka Wasi nagasekti sing ngajak oncat ninggal palagan, tumuli padha mencolot mundur banjur mlayu ninggalne mungsuhe dhewe-dhewe.

 

Panembahan Dewa Karkatha sing rumangsa ditinggal dening para sekabate, dadi sansaya nesu. Luwih-luwih pranyata Ki Lasma sing diadhepi kuwi jebul dudu mung wong loro saudhon telu saurupan, nanging tansah bisa ngimbangi aji jaya kawijayan sing dicakne. Panembahan Dewa Karkatha tumuli matak aji Bajrageni kaya sing mau dicakne Panembahan Alit, nanging wis mapan ing trap-trapan dhuwur dhewe.  Pangarsane Paguron Tangen kuwi kepengin ndadekne ragane Ki Lasma lebur dadi sawalang-walang ketiban ajine.

 

Pangeran Singasari sing uga nguningani aji sing arep ditamakne dening Panembahan Dewa Karkatha kuwi, sakala nratab. Ana rasa tidha-tidha, apa Ki Lasma kuwawa nadhahi apa ora. Nanging bawane satriya tama, Pangeran Singasari ora wani mrentah Ki Lasma supaya masrahne mungsuhe marang panjenengane. Ki Lasma dhewe uga ngerti apa sing arep dicakne dening Panembahan Dewa Karkatha lan uga ngerti apa sing kumlembar ing angen-angene Pangeran Singasari. Ki Lasma mesem, sajroning atine, wong tuwa tilas prayangan kuwi duwe lekas arep gawe mareme Pangeran Singasari sing pranyata duwe rasa pangeman marang dheweke. Ki Lasma tumuli matak ajine sing aran Saritirta, aji sing ditampa saka sawargi Raden Sengkan ya Kyai Bantar Jati duk ing uni.

 

Nalika Panembahan Dewa Karkatha maju lan namakne aji Bajrageni sing dipounjerne ing tapak tangane, Ki Lasma mapagne nganggo aji Saritirta uga nganggo tapak tangane. Tapak tangan loro sing beda asale kuwi tempuk, Panembahan Dewa Karkatha kontal memburi watara limang jangkah, adege dadi rada sempoyongan. Sauntara Ki Lasma sing temene bisa mbalekne kekuwataning aji Bajrageni kuwi ngglundhungake awake mangiwa, gulung-gulung nyedhaki papane Pangeran Singasari. Sawuse bisa mapan lungguh neng lemah, Ki Lasma karo nyembah guneman marang Pangeran Singasari :

 

"Nyuwun sanjata pitulungan Gusti Pangeran, borong anggen badhe paduka murba Ki Gedhe Tangen ingkang sampun boten saged kula atasi malih".

 

"Lerena Ki Lasma" wangsulane Pangeran Singasari alon "genti tak adhepane menungsa ora tata sing wis kumawani nganggo sebutan Panembahan Dewa Karkatha kuwi".

 

Saka kadohan wong sing nganggo jubah putih lan jubah ireng ngaweruhi kabeh apa sing wis ditindakne Ki Lasma kuwi mau. Kekarone padha mesem.

 

"Adhi, sajake gaweyan sing dadi kuwajiban ing papan kene iki wis rampung" kandhane sing nganggo jubah putih.

 

"Kersane Kakang?" sing jubah ireng takon.

"Ayo bali menyang Bengawan, nerusne laku supaya enggal tekan papan kanggo miwiti mlaku ndharat ngunggahi sukune Gunung Lawu" wangsulane si Jubah Putih.

 

Wong loro kuwi daya-daya mlaku menyang Bengawan tumujuu prau getheke sing wis pirang-pirang dina dicancang neng pinggiring gisik. Nanging sepira kagete Rangga lan Marga bareng ngerteni kahanan praune sing wis morak-marik ora karuwan. Nanging olehe kaget ora suwe, merga kuwi sasmitaning jagad, supaya muride Ki Tanparupa loro kuwi wiwit mlaku liwat dharatan, ngunggahi gunung Lawu sing saka papan kono wis katon gagah adege.

 

 

sigeg.

 

salajengipun menawi wonten wekdal saged kasambet SMW VI.

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...