Total Tayangan Halaman

Rabu, 30 Maret 2022

SLENDHANG KUNING (009)

9.

Gaweyan sawah wis rampung, tegese wis bar tandur, Sodik wis rada ayem awit senajan kanggo nandangi pagaweyan nggarap sawah kaya tunggalane macul, ngurusi banyu lan liya-liyane luwih akeh ditandangi Sampir karo tenagane wong liyane, nanging tanggung jawab panggah ana pundhake Sodik minangka sing duwe. Nek gaweyan ngopeni Rajakaya pancen ora ana bedane, saben dina ya padha wae lire kena disambi karo nandangi pagaweyan liyane. Esuk kuwi Sodik ngepasi anceran mulang, mula isih esuk ya wis tata-tata, dinane Rebo. Mengko wiwit jam pelajaran kapisan nganti jam kawolu Sodik babar pisan ora leren. Jam Kapisan tekan jam kapapat mulang neng kelas siji sing cacahe ana rong kelas, banjur jam kelima lan kaenem mulang kelas loro, sisane mulang kelas telu. Jatahe Sodik neng sekolahan kono kuwi seminggu mung rong dina, nanging kebak kabeh. Rebo mulang Bahasa Inggris lan Kemis mulang Bahasa Arab. Beda karo guru-guru liyane sing repot ngurusi sertifikasi lan sapanunggalane, nek Sodik milih repot ngurusi liyane, merga tumrape Sodik sanajan ora nampa sertifikasi nanging kanggo nyukupi kabutuhan liyane Sodik wis duwe sumber dhewe.

 

Nanging lagi wae Sodik nuntun sepedhane menyang njaba arep dipanasi, Tarna, tanggane sing omahe let telung surup sawetane omahe Bu Kaji mara lan bablas nyedhaki papane Sodik manasi sepedhane.

 

"Mas Sodik enjing niki badhe tindakan ta?" tanpa nganggo kula nuwun, Tarna nakoni Sodik.

 

"Iya, nyang sekolahan, ana apa ta?" Sodik wangsulan ganti takon.

 

"Nggih empun nek ngoten, boten siyos mawon" Tarna wangsulan karo suwara sanadyan disingidne nanging keprungu nek rada cuwa.

 

"Ora sida piye ta? awakmu mau arep kongkonan aku apa?" kepengin ora gawe cuwane tanggane Sodik mburu nganggo pitakonan.

 

"Wong sir kula wau ajeng ngrepoti sepedhane, ajeng kula ampil damel ngeterne Maratuwa kontrol teng Rumah Sakit" wangsulane Tarna "ning tibake Mas Sodik ajeng mucal, nggih empun Maratuwa mengke kersane numpak angkudes mawon".

 

"O ngono ta?" Sodik wangsulan karo mesem "numpak angkudes ki rak ya repot banget dadine, wong saiki angkudes karo angkota ki padha sepi kabeh, olehe ngenteni bisa kesuwen. Ora apa-apa, pitku gawanen wae, mengko nyang sekolahan aku tak nggawa grobak wae".

 

"Ngoten Mas?" Tarna takon suwarane keprungu semangat "nggih matur nuwun sanget nek ngoten".

 

"Iya padha-padha" wangsulane Sodik "mumpung isih esuk gek ndang mangkat wae".

 

Karo muni ngono kuwi Sodik ngrogoh kanthongan clanane ngetokne dhompet arep njupuk STNK ne motore. SIM sing dislempitne neng tekukan STNK didudut diiling-ilingi sedhela.

 

"Lho tibake SIM C ku wis wayahe nganyarne ta?" alon-alon Sodik grenengan dhewe.

 

"Napa Mas?" Tarna takon.

 

"Ora!, iki STNKne gawanen, mbok menawa neng dalan ana cegatan" wangsulane Sodik "SIM mu isih urip ta? wong jebul SIMku iki minggu ngarep wis mati, wis wayahe ngenyarne".

 

"Enggih Mas, SIM kula enggal kok, nembe tigang wulan" wangsulane Tarna karo nampani STN sing diulungne Sodik.

 

Saungkure Tarna sing nggawa pit motore, Sodik banjur genti manasi mobile arep digawa menyang sekolahan papane mulang. Sepuluh menit sadurunge jam pelajaran kapisan diwiwiti Sodik wis tekan sekolahan, njujug ruang guru nusul kanca-kancane sing wis padha mlumpuk lungguhan neng kono. Sodik dadi rada gumun weruh guru-guru sing dina iku ketok beda karo padatan. Guru-guru sing lanang, padha nganggo hem putih lengen dawa, padha nganggo dhasi, kabeh ketok rapi. Mung Sodik dhewe sing nganggo klambi kothak-kothak kuning serete ireng.  Karo mapan lungguh neng kursine, Sodik clingukan nyawang kanca-kancane.

 

"Pak Sodik rak boten tugas ngawasi ta?" Pak Ratman nyedhaki Sodik karo takon, ketoke Pak Ratman pirsa nek Sodik rada ora kepenak merga nganggo sandhangan sing beda karo guru-guru liyane.

 

"Boten Pak" wangsulane Sodik karo nyawang Pak Ratman "ngawasi napa ta?".

 

"Walaah, Pak Sodik ki durung sepuh kok ya wis gampang lali lho?" Pak Ratman mesem karo wangsulan "wiwit Senin dumugi Sabtu benjing, lare-lare rak ujian semester pendhek? Lha kala emben Pak Sodik dhawuh nek boten saged ndherek dados Pengawas ta? Wong jarene repot ngurusi sabin, dados inggih boten kula lebetaken ing daftar Pengawas".

 

"Adhuuuuh, kula supe saestu Pak Ratman, nyuwun pangapunten" Sodik wangsulan, karo neng batin nggreneng dhewe "gara-gara kakehan nonton videone mBak Waginem ndadekne aku kaya wong pikun".

 

"Inggih sampun boten napa-napa Pak Sodik" wangsulane Pak Ratman sabanjure "menawi supene Pak Sodik ngeten niki rak malah kaleresan ta? Pak Sodik nadyan boten tugas sampun kersa rawuh ing sekolahan, lha upama boten supe rak boten rawuh he he he?".

 

Sodik mung cengar-cengir ngempet isin. Merga ora ana tugas mulang, dina kuwi Sodik ya banjur pamitan nek arep menyang Polres, nganyarne SIM sing sedhela maneh arep entek masa berlakune.

 

Kaya wong liyane sadurunge ndaftarne nek arep nganyarne SIM C, luwih dhisik Sodik mara menyang papan pemeriksaan kesehatan. Ora nganti limang menit wis metu banjur mlaku menyang loket nggon kangge ndhaftarne apa sing dadi karepe. Sawise nampani formulir sing kudu diiseni, Sodik banjur mapan lungguh neng kursi sing wis dicawisake.

 

"Lho niki rak Mas Sodik Kedunggalar nika ta?" lagi wae Sodik ketungkul njingglengi formulir sing kudu diisi, dumadakan ana suwara alus sing mlebu kupinge, nakoni dheweke.

 

"Enggih....." karo ndhangak nyawang sing nakoni, Sodik aweh wangsulan "mBak Waginem nggih? nggih mBak, niki napa ajeng nganyarne SIM".

 

"Menawi makaten sami kalih kula no Mas?" wangsulane Waginem sing uga banjur mapan lungguh neng kursi cedhake Sodik "sampun dugi Ngawi, mangke menawi sampun, katuran pinarak ing sudhung kula Mas Sodik".

 

Diampirne dening wong sing meh saben dina leledhang neng angen-angene kuwi, ndadekne atine Sodik seneng kaworan mongkog ora karuwan.

 

"Nggih kula mengke tak mampir" wangsulane Sodik karo mesem seneng "lha dalemipun mBak Wag niku pundi ta?".

 

"Griya kula radi ngidul sakedhik Mas" Waginem aweh wangsulan "sacakete tilas Peken Kewan. Mangke sareng kula mawon, kersane Mas Sodik pirsa gubuge tiyang sepuh kula".

 

"Oo ngoten nggih sae mBak, matur nuwun sanget, wong desa kados kula dipun keparengaken  sowan teng dalemipun mBak Wag".

 

"Walaaah, Mas Sodik niku kok saged mawon lho" Waginem wangsulan karo mesem ngujiwat "sanes dalem Mas, nanging gubug, dede gubug kula nanging gubugipun Simbok".

 

Kira-kira sak jam antri, wong loro kuwi wis rampung olehe padha nganyarne SIM-e dhewe-dhewe. Kaya sing dikandhakne mau, sidane Sodik banjur ngetutne Waginem arep mapir menyang omahe wong tuwane Waginem sing manggon neng sakulone tilas pasar kewan.  Bareng wis tekan omahe Waginem, artine Sodik dadi krasa yen rada ora kepenak. Sodik ngerti nek laladan kono kuwi biyen kondhang papane para widadari padha ngobral nikmating katresnan sacleraman. Nanging Sodik ora kepengin Waginem weruh yen atine krasa ora kepenak. Mula ya banjur kanthi sikep sing ora owah, Sodik mapan lungguh neng kursi ruang tamu omah sing prasaja kuwi.

 

"Mas Sodik ngersakne ngunjuk kopi menapa Teh Mas?" Waginem nari dhayohe, kang mangkono kuwi aran wis lumrah merga ora sethithik wong saiki padha nyirik ngombe kopi utawa nyirik ngombe teh.

 

"Sampun repot-repot lho mBak" wangsulane Sodik karo mesem "kula niki boten nyirik napa-napa sauger boten patos legi".

 

"Boten repot kok Mas" kandhane Waginem sabanjure "nuwun sewu dipun sekecakaken rumiyin, kula tilar sakedhap".

 

Lungguh ijen mripate Sodik lirak-lirik ngiwa nengen, Sodik dadi ngerti yen Waginem kuwi bener kaya sing dikandhakne pas ketemu neng bus dhek emben kae, bukak usaha Loundry neng omahe. Ketitik ing sisihe omah karo neng latare akeh sandhangan sing padha dihanger lagi rampung dikumbahi. Sajake usahane Waginem katon nek akeh pelanggane. Menang-meneng Sodik ngalembanana marang usaha laundryne Waginem iki.

 

"Ngaturaken sugeng sarwahipun Gus" dumadakan ana wong wadon wis rada tuwa nyedhak karo mbagekne tekane Sodik "tepangaken, kula Sadikem, simbokipun Gendhuk Waginem".

 

"Inggih awit saking pangestunipun Ibu, wilujeng" wangsulane Sodik karo nampani tangane mBok Sadikem sing ngajak salaman "kula Sodik Ibu, Sodik Salim, rencangipun mBak Waginem".

 

"Inggih, inggih" wangsulane mBok Sadikem sajak seneng "menawi nimbali kula ampun Ibu, Gus. Kula niki tiyang dhusun  langkung trep menawi ditimbali mBok, nama Mak ngaten mawon sampun Ibu".

 

"Sami kemawon kok Bu, eh Mak, griya kula malah langkung ndhusun malih, Kedunggalar mrika" Sodik wangsulan karo rada ngguyu.

 

ana candhake.

 

 

 

SLENDHANG KUNING (008)

 

8.

Bu Kaji manggut-manggut sajak pirsa lan nyarujuki apa sing dikarepake putrane sing mbarep kuwi. Pancene wis rada suwe kae, ngepasi Ririen tilik menyang daleme Ibune ing Kedunggalar, tanpa dingerteni Sodik, Bu Kaji ngendika marang Ririen yen olehe bola-bali gerah kuwi kira-kira kegawa saka pikiran. Pikiran sing kebanteren temah ora jumbuh karo lakune ati sing ora bisa mlayu kaya obahing pikir, kang mangkono kuwi kira-kira wae sing ndayani ilining getih ing sarandhuning raga, temah nuwuhake rasa sing ora kepenak marang awak lan wekasane ndadekne lara.

 

"Lha Ibu niku jane ngoten menggalihaken menapa ta Bu?" ngono pitakone Ririen sawise dicritani dening Ibune bab olehe kerep lara "menapa murih boten tansah kabidhung ing penggalih ingkang kirang prayogi, Ibu lenggah dhateng Yogya kemawon, ngiras nenggani wayahe?".

 

"Pindhah neng Yogya? kuwi ora bakal bisa ngendheg lakune pikirku nDhuk" wangsulane Bu Kaji "malah kira-kira sansaya ndadi, wong sing ngribeti pikirku kuwi manggone ora bisa dipisahne karo atiku".

 

"Lha inggih menapa menika Bu?"

 

"Apa maneh, nek ora adhimu si Sodik kae?" Bu Kaji wangsulan suwarane digawe sansaya lirih murih ora ana sing krungu kajaba sing dijak ngendikan "Ibu ki nduweni rasa samar, sakploke pedhot karo Susi pirang tahun kepungkur kae, adhimu kuwi katone kacondhokan rasa kanji, jinja karo lelakon sing tau dialami. Kamangka umure saiki wis sansaya tuwa, nanging saben-saben Ibu ndangu kapan olehe arep omah-omah, wangsulane panggah mung mlengeh karo muni yen durung wayahe. Kamangka minangka wong tuwa, suwargane Ibu kuwi bisa dirasakne nek wis weruh anak-anake padha mentas kabeh, banjur diparingi putu sing gemrayah kanca wong liyane kae. Lan maneh Ibu ki ya krasa risi nek dadi rerasane tangga-tangga, Sodik anake Bu Ali sing jarene wong pinter kae jebule nganti gerang gaplok ora payu rabi........".

 

"Inggih Bu, sampun, sampun dilajengaken malih" Ririen munggel ngendikane Bu Kaji "kula nggih saged ngraosaken sepinten sekeling penggalihe Ibu menawi menggalih adhi kula Sodik. Estunipun boten namung Ibu ingkang kagungan raos ingkang makaten kala wau, nadyan kula inggih sami, kacondhokan raos kuwatos kaliyan lelampahanipun Sodik".

 

"Lha iya? mbok tulung nek ana wektu adhimu ki kandhanana ta ndhuk" Bu Kaji paring dhawuh maneh "sokur-sokur nek awakmu bisa mbantu nggolek-nggolekne jodho adhimu kareben bisa nglalekne lelakon sing wis kawuri, mosok ingatase Sodik kuwi tau sekolah neng Negara Mesir, lha kok arep keseret rasa getun merga ditinggalne Susi, bocah wedok sing kendho kembene kae?".

 

"Inggih Bu" wangsulane Ririen "sampun ngendika makaten ta Bu, ingkang sampun inggih sampun, dadosa napa-napa Dhik Susi nika nadyan boten dangu inggih nate kawengku dening pulunanipun Ibu piyambak, Dhik Munir".

 

Ya merga saka rerembugan kuwi, ora suwe sawise Ririen bali menyang Yogya Bu Kaji banjur ngajak Sodik sanja ing omahe mBakyune. Sing dienggo pawadan Bu Kaji Ali, kajaba wis kangen para wayahe uga ngersakne berobat menyang Rumah Sakit sing luwih kumplit alat-alate. Kamangka sak jane ngono, kuwi mung pawadan thok. Nek ora nganggo pawadan kuwi, Sodik mesthi mung semaya wae nek dijak menyang Yogya. Lan sing baku olehe tindak Yogya kuwi, merga sadurunge Ririen bali dhek emben kae, Ririen matur nek ana tanggane sing isih legan, bab rupa lan tekune ora pati nguciwani, Ririen duwe karep nyoba arep njodhokne Sodik karo tanggane kuwi. Nanging murih luwih cethane maneh, Ririen nyuwun marang Ibune supaya kersa ngajak Sodik sanja menyang Yogya.

 

"Sak jane ngono Ibu kuwi ora duwe panjaluk sing aneh-aneh kok nDhuk" Bu Kaji ngendika aweh wangsulan marang Ririen sing lagi wae matur yen wis kongkonan Restu supaya ngrewangi olah-olah neng omahe, murih Ibune luwih cetha anggone mirsani kahanane Restu sawutuhe "watone adhimu wis cocog lan ya wis rumangsa mathuk, ibu mesthi bisa nampa kanthi becik, sanadyanta kaya apa wae kahanane".

 

"Inggih Bu, kula nggih sampun ngertos menawi Ibu niku tiyang sepuh ingkang wasis momong putra-putranipun, nanging kajeng kula niku menawi Ibu langkung rumiyin pirsa calon mantunipun rak langkung sae?" wangsulane Ririen sabanjure.

 

Dina candhake klakon meh setengah hari Bu Kaji cecaketan karo Restu si Bu Guru TK sing kajaba ayu, shalihah uga pinter ngecakne cara srawung sing becik. Mula nadyan lagi wae tepung, wong loro kuwi wis bisa akrab. Menang-meneng Bu Kaji dadi kepencut tenanan karo Restu, olehe kepengin bisa duwe mantu Bu Guru TK kuwi sansaya makantar-kantar. Jroning batine Bu Kaji, saupama klakon Restu bisa dadi mantune, Bu Kaji mesthi bakal ngrasakne urip sing tentrem. Merga manut petunge Bu Kaji, Bu Kaji wis ora diboboti kudu mikirake lan nguwatirake kahanane putrane kakung, Sodik mesthi dadi kopen lan kajen nek bisa duwe bojo Restu.

 

"Keng rama lan keng ibune Nak Restu ki rak ya isih padha sehat kabeh ta?" pitakone Bu Kaji ing sela-selane obrolan.

 

"Alhamdulillah Bu" wangsulane Restu kanthi suwara sing alus lan sopan banget "Bapak kalih tahun malih insya'allah pensiun menawi Ibu taksih radi dangu, tiang yuswanipun Bapak kalih Ibu niku kaotipun sangang tahun".

 

"O ngono ya? Bapak karo Ibu ki ngastane neng ngendi ta Nak?" Bu Kaji takon maneh.

 

"sedaya dados Guru Bu, namung ngastanipun benten sekolahan" Restu aweh wangsulan "Bapak mucal dhateng MAN menawi Ibu dhateng MTsN".

 

"Ooo neng Kemenag kabeh ya?" Bu Kaji ngendika maneh "sawargi Bapake Ririen biyen ya neng Kemenag biyen isih diarani Depag nanging ora dadi Guru, ngastane neng Bimas Islam karo Urusan Haji".

 

"Makaten inggih Bu?" Restu semaur semu nambongi.

 

"Iya, nanging durung nganti tekan pensiun Bapak wis kesusu dipundhut dening Gusti Allah, wektu kuwi si Sodik, adhine Ririen lagi umur telung tahun let sewulan saka anggone kundur saka Mekah, gerah terus seda" Bu Kaji nyritakne lakon sedane kakunge, banjur ditutugne karo takon ngenani Restu "Lha nek Nak Restu ki sedulure kabeh pira? Nak Restu putra nomer pira?".

 

"Kula menika anak tunggal Bu" wangsulane Restu karo mesem.

 

"Lho dadi Nak Restu mung ijen? ora kagungan sedulur tunggal rama ibu?" Bu Kaji mundhut pirsa karo suwara sing semu kaget.

 

"Boten makaten Bu" wangsulane Restu karo mesem sansaya amba "anak tunggal menika, tunggalipun kathah, sedaya wonten sekawan kalebet kula, ingkang jaler tiga, ingkang estri namung kula piyambak, ndelalah dhawah anak ingkang alit piyambak".

 

"Oalaah, Nak Restu ki kok ya pinter temen lho gawe istilah anak tunggal?" Bu Kaji semaur karo ngguyu "lha sing durung krama isih pira?".

 

"Ingkang sampun emah-emah nembe Mas ingkang mbajeng Bu, dereng angsal setunggal tahun anggenipun nikah, samangke manggen wonten Menado mrika dados Jeksa. Lha Mas sanesipun ingkang setunggal wonten Semarang ingkang setunggalipun wonten Salatiga, kalih-kalihipun sami dados abdining nagari dados Dosen".

 

"Wong tuwane Nak Restu ki jan wong tuwa sing hebat tenan, putra-putrane dadi wong kabeh" Bu Kaji ngalembana marang wong tuwane Restu. Ing lathi ngalembana, nanging sajroning batin ana rasa rada cuwa, nek Restu ki anak ragil, ora mokal menawa wong tuwane banjur duwe pepenginan supaya mbesuk yen wis kawengku ing kakung, ora metu saka omah, misah ninggalne wong tuwane. Kamangka Bu Kaji ya duwe pepenginan sing ngono kuwi, yen Sodik oleh jodho, aja nganti Sodik banjur kaya jago sing katut babon, Sodik kudu panggah mbengkoni omah tinggalane wong tuwane, luwih-luwih Sodik kuwi anak lanang sing digadhang-gadhang mbesuk bisaa genti dingengeri samngsane Bu Kaji wis sansaya tuwa. Nanging, nek nyawang umur-umurane wong tuwane Restu sing durung tuwa, kira-kira bisa wae wong tuwane Restu duwe panemu sing beda karo pepenginane Bu Kaji. Lire ora mokal, wong tuwane Restu ora kabotan putrane wadon kuwi diboyong kakunge bali menyang desane. Nanging apa kira-kira Restu gelem upama dijodhokne karo Sodik? Lan apa Sodik ya gelem upama diolehne karo Restu, sanajan nek disawang kekarone kuwi upama dijodhokne kena diarani nduweni bobot sing wis timbang.

 

Penggalihe Bu Kaji banjur nglambrang adoh tekan ngendi-endi, nganti ora pati mireng nalika Restu atur wangsulan awit olehe Bu Kaji ngalembana marang wong tuwane :

 

"Alhamdulillah Bu, kantun kulaputranipun Bapak ingkang dereng patos cetha tembe wingkingipun, inggih mugi-mugi kemawon Gusti Allah enggala paring pitulungan dhateng kula".

 

 

ana candhake.


Selasa, 29 Maret 2022

SLENDHANG KUNING (007)


 7.

Mau olehe kandha marang Munir nek ngetane arep numpak Bentor utawa Ngojek kareben enggal tekan omah, nanging satemene  olehe numpak Bentor ora nganti tekan omahe, tekan Terminal Kertonegoro mudhun merga sepedha motore dititipne neng kono.  Saka Terminal ya banjur sepedhahan dhewe menyang omahe. Karo sepedhahan batine Waginem kober nggagas olehe lagi wae kepethuk lan jagongan karo Munir wiwit Sidowayah nganti tekan Watualang. Waginem dhewe ya sansaya ngerti nek Munir pancen mbudidaya bisa luwih cedhak karo dheweke, nanging ya kuwi mau, merga wis rada akeh ngerti tindak-tanduke Munir sasuwene iki, ndadekne Waginem ngandhani atine dhewe supaya sansaya ngati-ati.  Ing tengah-tengahe Waginem nggagas lan ngandhani atine gegayutan karo slagane Munir, dumadakan ing angen-angene katon kumlembar wewayangan anyar, wewayangane nom-noman sing mau bareng wiwit saka terminal Sala nganti tekan Sidowayah, Sodik Salim.  Waginem ora ngerti, ya gene dumadakan sajroning atine ana rasa sing angel dicritakne nalika dheweke kepethuk Sodik Salim mau, sing cetha mau nalika kekarone padha isih ana Bus lan omong-omongan Waginem ngrasakne seneng lan rumangsa betah jagongan karo bocah lanang sing ngakune mung nyambut gawe dadi Buruh Tani nyambi open-open rajakaya neng omahe. Nek nitik karo sing dikandhakne Sodik mau, urip saben dinane mung sarwa prasaja lan ora neka-neka, nanging nuduhne yen uripe tentrem lan ayem. Ora krasa Waginem ngentha-entha ing sajroning atine, mendah senenge yen bisa urip kaya Sodik Salim kae lan kira-kira wae dheweke bakal ngrasakne beja mulya yen ing mbesuke kawengku dening priya sing kaya Sodik Salim kae.

 

"Nanging ya apa ana pria sing kaya Sodik Salim kae gelem ngrabi aku?" sajroning atine Waginem maido marang angen-angene dhewe "aja maneh kok wong sing kaya Mas Sodik, lha wong sing wong lumrah wae akeh sing nyirik, merga aku iki anak lan sedulure tilas wong nakal".

 

"Ya aja banjur rumangsa asor ngono kuwi" batin sing sesisih melu ngandhani "wong nyatane ya ana ngono lho, wong lanang sing padha kepengin cedhak karo aku?"

 

"Ah, wong sing kepengin cedhak kae rak mung merga mburu rasa seneng sagebyaran? Mung seneng karo awak lan rupaku thok? Kaya dene kumbang kang kepencut marang kembang sing akeh madune, mengko nek wis klakon nesep madu tan wurunga aku ya banjur ditinggal lunga ngono wae" batine Waginem rame eyel-eyelan dhewe.

 

Nganti tekan omah, suwara rame ing atine sing adu panemu kuwi ora rampung. Mung wae, ing telenging ati sing paling suci, Waginem ndedonga marang Gusti Allah muga-muga olehe kepengin diwengku dening pria sing kaya Sodik kae bisa kasembadan. Sokur bage yen awit saka Maha Welase Allah, Gusti Allah wis nggarisake yen Sodik Salim kae pinesthi dadi jatukramane.

 

Sauntara kuwi, karo sendhen neng jok kursi Bus sing dilungguhi, dumadakan Munir rumangsa gela kaworan cuwa marang mBah Rawan sing wis disangoni rokok rong conthong, supaya nekakne rasa tresnane marang Waginem, jebul durung dikandhakne. Ketitik saka tembung-tembung sing diucapne Waginem mau sing babar pisan ora nyenggol karo olehe wis kongkonan Tukang Sitere Karawitan Preasaja Laras kuwi. Kamangka olehe kongkonan wis rada suwe.

 

"mBah Rawan ki karepe ngono piye?" batine Munir grenengan dhewe "neng ngarepku jarene mung nggah-nggih, ning nyatane kok malah ora kepanggih. Jan nggegetake tenan kok wong tuwek siji iki. Awas suk emben nek kepethuk!".

 

Nanging kapan olehe arep kepethuk mBah Rawan? Wong nek pas ngendhangi olehe gladhen para warga Prasaja Laras ngana kae, Munir kudu numpak mobil, mbuh kuwi Mobil rentalan utawa mobil silihan, sing baku ing ngarepe para kulawarga Prasaja Laras, mligine para Warangganane bisa katon nek wong lanang sing bregas njaba jerone. Gek wektu iki Munir wis ora pati duwe serepan dhuwit maneh. Keri dhewe asil dodolan tegal warisane Ibune saka simbahe sing dhuwite ora diwenehne ibune, kabeh wis entek. Banjur olehe ngapusi Bapake nek jarene mbutuhne dhuwit kanggo ujian ben olehe dadi Lawyer bisa praktek kanthi resmi, sing dening Bapake banjur dikongkon dodolan sawah kae dhuwite wis ora ana tilase maneh. Sauntara arep golek silihan mobil marang kanca utawa sanakane kanggo adol bagus, saiki wis angel, kabeh-kabeh wis bosen diapusi lan diwenehi crita sing ngayawara. Luwih-luwih arep golek silihan dhuwit, blas ora ana thronthong-thronthong sing sajak gelem nyilihi, merga kabeh-kabeh wis apal karo pakulinane Munir nek nyilih kepenak nek mbalekne sok direwangi nganggo padu barang meksa isih angel.

 

Nadyanta mangkono, dudu Munire yen gampang pasrah marang kahanan utawa kentekan cara. Ndelalah wingi Bulike lara sing kudu dirujuk menyang Rumah Sakit Sala, iki keneng dienggo srana golek dhuwit. Tanpa dingerteni dening Pakne cilik utawa wong liyane, Munir nemu gagasan arep nemoni sedulure Ibune ya adhine Bulike sing lagi lara kuwi, sing pernah ragil, sing saiki mbengkoni pomahane Simbahe neng Jombang. Munir arep ngabari yen Bu Sarmun larane rada nemen lan olehe dirawat neng Rumah Sakit Muwardi Sala kuwi butuhne wragat sing ora sethithik, dadi mengko ya arep nembung marang Pakne Cilik kuwi supaya gelem aweh utangan kanthi pawadan kanggo nambakne Bulike. Perkara mengko nek dhuwite wis kecekel kari gampang olehe ngubetake, sing cetha mengko sebagean ya arep dilungne Paklik Sarmun Bojone Bulike lan sebagean maneh bisa digunakne kanggo nyukupi butuhe dhewe.

 

Kajaba arep golek utangan neng nggone Pakne cilik kuwi, Munir ya isih weruh terobosan kanggo golek tambahan dhuwit. Malah kira-kira sing keri iki asile bakal luwih awet lan luwih akeh maneh. Jalaran jaman Munir kerep menyang Jombang ngurusi barang warisane Ibune kae, Munir kober kepethuk karo sawijining wanita sing umur-umurane luwih tuwa tinimbang dheweke. Omahe ora adoh karo omahe Pakne cilik. Wanita kuwi wis rada sauntara dadi warandha merga ditinggal mati sisihane. Lan Wanita kuwi ditinggali bandha warisan sing ora karuwan akehe. Wanita sing jenenge Siti Saropah kuwi ketok nek kepencut marang kebagusane Munir.  Jaman semana, Munir olehe nanggapi rasa senenge Saropah marang dheweke ya mung karo cara klewa-klewa, nampik ya ora gelem ya durung. Ngono wae jaman kuwi, Saropah wis wani cucul dhuwit lan nukokne barang-barang sing regane larang kanggo gawe seneng atine Munir.

 

Marem lan seneng karo petung sing ditata neng pikirane kuwi ndadekne Munir rada ayem, olehe sendhen kursi sing dilungguhi ndadekne Munir angler keturon, manjing alaming pangimpen nurut lakune Bus patas sing ditumpaki.

 

Kang mbarengi wektune karo critane Munir sing ngimpi neng dhuwure Bus Patas, Bu Kaji Ali ibune Sodik lagi jagongan gayeng karo putrane wadon, Ririen mBakyune Sodik.

"Nggih ingkang kala wingi ngampiri kula pengajian nika lho Buk, lare sing kula criyosaken dhateng Ibu nika" kandhane Ririen marang Ibune sing lagi lenggah ngadhep Teh anget sing lagi wae diladekne dening rewange.

 

"Sing endi ta? Sing kudhunge biru apa sing kudhunge soklat?" Bu Kaji takon kepengin oleh wangsulan sing luwih cetha maneh.

 

"Nggih ingkang jilbab soklat nika ta Bu" wangsulane Ririen karo ngguyu "menawi ingkang ngagem jilbab biru nika rak Bu Rina garwane Pak Basuki ingkang daleme tingkat mriku niku".

 

"Lha rumangsaku karo-karone ki umur-umurane ya padha lho? dadi Ibu ya ora ngerti" ngendikane Bu Kaji maneh karo melu ngguyu.

 

"Bu Rina nika umur-umurane nggih kaot sakedhik menawi kalih kula Bu" Ririen nggenahne "nanging gandheng taberi ngadi salira, sregep olah raga, dhasare nggih priyantun ingkang boten kirang enthong boten kirang irus, tiyang piyambake niku Guru PNS golongan sekawan gek kakunge ngasta teng BUMN, dados nggoih ketingal awet timur".

 

"Lha sing mbok critakne nyang Ibu kae jenenge sapa? Ibu kok wis lali,  nyambut gawe apa neng omah wae?"  Bu Kaji takon maneh marang putrane.

 

"Restu Bu" wangsulane Ririen "jangkepe Restu Arumdalu, nika menawi enjing mucal lare-lare Taman kanak-Kanak lha sambenipun sadeyan busana muslim liwat online".

 

"Lha adhimu ya wis tau weruh sing jenenge Restu kuwi?"

 

"Sampun Bu" Ririen wangsulan "Sodik nggih sampun tepang sae kalih Restu niku. Lha sanajan dereng nate kula tari, ketingale Restu niku purun menawi dijodhokne kalih Sodik".

 

"Lha Sodik wis mbok warah apa durung?" Bu Kaji takon maneh.

 

"Angkah kula, Restu niku badhe kula tepangaken kalih Ibu langkung rumiyin supados Ibu pirsa kawontenanipun Restu, Ibu cocok menapa boten menawi kagungan putra mantu Restu niku, benjing larene kula celuke mriki kanthi pawadan ajeng kula kengken ngrencangi masak kangge nyugata tamu ing acara arisan RT, mbenjing Ibu rak saged ngendikan kathah kalih piyambakipun. Lha mengke menawi Ibu sampun cocok, nembe Sodik badhe kula kandhani, nanging kula inggih boten badhe nangkleti bab menika dhateng Restu" Ririen atur wangsulan ngiras nggenahne apa sing dadi rancangane.

 

 

ana candhake.

Senin, 28 Maret 2022

SLENDHANG KUNING (006)


 6.

Ora adoh saka omahe Waginem kuwi ana warung ayu, nadyan satemene praktek palanyahan sing dicakne ing warung kuwi ditindakne kanthi sesidheman lan digawe wadi banget, nanging kanyatane barang sing kaya ngono kuwi mau wis akeh sing mangerteni, malah keneng dikandhakne nek meh saben wong sing manggon neng kiwa tengene papan kuwi wis ngerti kabeh. Ngerti sapa sing kulina bukak dhasar adol tresna sakeplasan uga ngerti sapa wong lanang b ejad sing seneng saba mrono. Lan Waginem ya kerep weruh nek tepungane sing jeneng Munir kuwi ya kerep saba menyang warung kono. Sok dhewe sok bareng-bareng karo kancane, nek wis teka kono ora let suwe banjur metu karo wong wadon sing kulina nyewakne sawah sakedhok sing ditawakne neng warung kono kuwi, menyang hotel utawa menyang papan sing dianggep aman liyane.

 

Waginem uga tau dijak ngrasani Munir dening mBak Muji, waranggana senior ing grup Prasaja Laras kono.

"Awakmu tau dijak rembugan mirunggan dening Mas Munir kae apa ora Wag?" ngono mBak Muji nakoni Waginem, wektu kuwi lagi wae rampung olehe padha gladhen. mBak Muji lagi wae dipamiti dening Satini salah sijine waranggana sing rupane klebu ayu, nek arep bali dhisik jarene mulihe diterne Munir.

 

"Ora tau ki mBak" wangsulane Waginem apa anane "ana apa ta mBak?".

 

"Ya wis, ora ana apa-apa" kandhane mBak Muji aweh wangsulan "Satini kae jane wis wola-wali tak kandhani supaya ngati-ati. Muga-muga wae bocahe tetep eling karo welingku. Merga akeh waranggana sing tau melu gladhen neng grupe dhewe iki nanging ora suwe banjur metu, merga ya gampang kepilut ujar manis. Sing ora tak senengi kuwi, merga dheweke sing ora kuwat nampani panggodha bareng wis kenekan tenan banjur ngluputne karawitane, jare karawitan kuwi papane wong seneng ngumbar hawa nepsu. Kamangka karawitan kuwi wujude budaya sing adi luhung, mung merga tingkahe menungsa-menungsa sing dhasare bejad, ndadekne kuceme seni karawitan lan sak jane ya ora kabeh pandhemen karawitan kuwi seneng lelemeran. iya apa ora?".

 

"Iya mBak, aku wis ngerti saiki" wangsulane Waginem .

 

"Ngerti piye?" mBak Muji takon maneh, sajak nodhi karo karepe Waginem.

 

"Ngerti nek aku kudu ngati-ati, aja nganti ngambah ing alaming pasrawungan sing nglirwakne angger-anggering kasusilan lan paugeraning agama sing tak rasuk. Rak ya ngono ta mBak?".

 

"Bagus, ya kuwi sing tak karepne" mBak Muji wangsulan karo mesem sajak seneng atine merga ngerti karo tekade Waginem.

 

Mulane oleh kabar saka mBah Rawan sing ngandhakne nek Munir kuwi mambu ati marang dheweke, Waginem ya olehe nanggapi mung karo glopa-glape. Karepe ngono ya arep muni emoh, utawa nulak apa sing dikarepne Munir lumantar mBah Rawan kuwi. Nanging, kanggo njagani murih ora mbubrahne olehe sesrawungan, Waginem olehe wangsulan ya digawe samudana dijaga aja nganti nuwuhne rasa sing ora kepenak ing atine sing ngajak omong.

 

Waginem ya ngrumangsani banget nek dheweke kuwi miturut panyawange wong liya, mbok menawa sing seneng karo sing ngremehne luwih akeh sing nyepelekne dheweke. Mangkono kuwi ora merga lupute sing nyawang, nanging pancen kegawa saka crita jaman biyene. Papan sing dipanggoni Waginem saiki iki, biyene kondhang tekan ngendi-endi nek klebu papan palanyahan sing gedhe. Akeh wong sing ngarani jenenge papan kono kuwi Kedhung Bathok malah ora arang sing banjur diplesetne tembung Bathok dadi tembung sing saru lan lekoh. Wong tuwane wadon Waginem dhewe, sing jenenge Sadikem, sadurunge dirabi dening Sadiran Blantik Sapi, ya bapake Waginem, biyen ya kondhang minangka salah sijine primadonane para wong ayu sing bukak dhasar neng papan cedhake pasar kewan kuwi. Ponatun, mbakyune Waginem, merga saka kahanan, ditinggal mati dening bapake nalika isih kelas siji SMP, saking ora kuwat ngempet rasa rekasane dadi wong kesrakat uripe, banjur katut setan ambyur ing jagade palanyahan. Leren olehe dadi "wong nakal" sawise Ponatun diopeni sawijining priyayi, Kontraktor Bangunan sing sugih, jenenge Samirin, didadekne mbok nom utawa bojo simpenan. Nanging ya ora suwe, sawise duwe anak siji mbarengi karo Samirin nggarap proyek neng Kutha liya, Ponatun sansaya arang lan tambah arang diulihi, wekasane ora diulihi babar pisan. Samirin embuh lunga menyang ngendi, ora diweruhi papane maneh.

 

Unen-unen "Buah jatuh tidak jauh dari pohonnya" utawa "Kacang mangsa ninggala lanjaran" pranyata isih kuwat tumancep neng atine wong pirang-pirang. Mula sanadyan Waginem kuwi klebu bocah wadon sing kena diarani suci, ewa dene panganggep sing tuwuh saka unen-unen ing ngarep mau. ora sethithik sing padha ngugemi. Waginem kuwi anake Sadikem, adhine Ponatun, pancen ora bisa diselaki. Lan nganti dina iki Waginem ora leren olehe berjuang kepengin aweh bukti marang jagad yen panganggep yen buah jatuh tidak jauh dari pohonnya kuwi durung mesthi nek bener, merga satemene isih akeh buah jatuh merga diundhuh dening wong apik sing duwe niyat sing becik. Mula sanadyan bebasan mung kanthi sangu tekad, Waginem niyat ora kepengin mandheg olehe golek kapinteran, sing ndadekne wulan ngarep bakal diwisuda dadi Sarjana Pendidikan ing Pawiyatan Luhur sing manggon ana kutha Ngawi.

 

"Kok kendel wae ki apa sayah ta Dhik?" gragap!. Lamunane Waginem ambyar, Munir sing lungguh ana kursi sisihe dumadakan takon.

 

"Ora kok Mas, mung rada ngantuk" wangsulane Waginem dora sembada "mau bengi ki merga kasengsem ngobrol karo ponakanku neng kos-kosane ora krasa nganti meh esuk".

 

"Oo, putrane mBak Ponatun kae saiki neng Yogya ta? Kuliah apa nyambut gawe? sapa kae jenenge?" Munir takon maneh.  

 

"Jenenge Srirahayu Mas" wangsulane Waginem "kuliah lagi semester telu iki, neng UII".

 

"Lha mBak Ponatun kae saiki neng ngendi Dhik?"

 

"Neng Taiwan Mas, golek dhuwit wong wragat kanggo kuliah anake ki ya ora sethithik" wangsulane Waginem .

 

"Iya pancene" kandhane Munire ngenaki rembug "nek mung nyambut gawe neng kene wae ya nglengkara bisa nguliahne anake neng kutha. Eh, ngomong-omong Dhik Wagi ki rumangsaku saiki kok kerep ora melu gladhen neng Prasaja Laras ta? gajege saben aku teka Dhik Wagi kok ora enek?".

 

"Kuwi ta Mas? Pancen dhek emben kae aku kerep pamit, merga ngrampungne skripsiku dhisik Mas" wangsulane Waginem bares "mengko nek wis bar wisuda ya bali ora bola-bali pamit".

 

"Wisudane kapan ta Dhik? dhek emben kae sampean njupuk jurusan apa?"

 

"Sasi ngarep Mas, aku njupuk Bahasa dan Sastra Indonesia" Waginem aweh wangsulan "mbok menawa suk emben Mas Munir pirsa ana formasi kanggo kuwi neng SMP apa SMA , aku dikabari Mas".

 

"Perkara kuwi gampang Dhik" wangsulane Munir karo mesem "Formasi ki kena digawe, kapan-kapan tak nemoni kancaku sing dadi Kepala SMP".

 

"Matur nuwun ya Mas?" Waginem semaur karo mesem.

 

"Dhik Wagi tau kepethuk mBah Rawan?" dumadakan Munir perkara liya.

 

Jantunge Waginem krasa rada kedher, kelingan karo tembunge mBah Rawan dhek wingenane sing jare dikongkon dening Munir. Apa mBah Rawan durung nekakne wangsulan saka dheweke?.

 

"Wingenane mBah Rawan mampir warunge Simbok Mas, tuku rokok" wangsulane Waginem neja ora arep ngandhakne apa sing dikandhakne mBah Rawan marang dheweke.

 

"Kober jagongan karo slirane apa ora?" Munir mburu nganggo pitakonan maneh, wangune Munir selak kepengin ngerti sing dikongkon wis nindakne pakone apa durung.

 

"Ya lumrah jagongan sedhela, mBah Rawan ngabari nek jare kanca-kanca wis kangen, merga aku bola-bali ora teka ing gladhen" wangsulane Waginem lumrah-lumrah wae.

 

"mBah Rawan ora kandha bab liyane?" Munir takon maneh, suwarane keprungu nek ngandhut rasa rada cuwa.

 

"Iya, mBah Rawan ya kandha jare sasi Besar suk emben, akeh sing arep nanggap karawitan Prasaja laras, karo jarene arep dijak gabung karo karawitane Dhalang  saka Sala, jarene Dhosen ISI ngono apa piye? jarene nganggo gamelan saka Sala, wong-wong Prasaja Laras sing kon nyekel Slendrone, ngge ngiringi olehe Mayang neng Gendhingan, jare sing dipilih warangganane aku karo mBak Muji" Waginem wangsulan rada akeh nanging babar pisan ora nyenggol pesene Munir sing digawa mBah Rawan.

 

"Nek bab kuwi aku ya ora ngerti" Munir semaur alon suwarane keprungu yen sansaya cuwa "wong aku dudu wong Prasaja Laras, mung sekedhar penggembira wae. Tak kira nek mBah Rawan ngandhakne perkara liyane?".

 

Waginem ora semaur, mung ing jero atine banjur kelingan karo weling sing tau dirungokne saka mBak Muji, supaya ngati-ati nek  Munir ngajak rembugan kanthi mirunggan ing babagan sing sipate pribadi.

 

Bus sing ditumpaki Waginem menggok neng salah sijine Rumah Makan sadurunge mlebu Kutha Ngawi. Kanthi pawadan wegah kesuwen ngenteni, Nalika Munir ngajak mudhun mlebu Rumah makan kuwi, Waginem malah pamitan marang Munir yen arep mudhun kono wae, mengko ngetane arep numpak Bentor utawa Ojek, kareben cepet olehe tekan omah.  Gaweyan sing ditinggal isih akeh sing kudu enggal dirampungne.

 

ana candhake.

SLENDHANG KUNING (005)

 

5.

Waranggana kuwi katon luwes, alus lan manis polatane. Suwarane empuk kepenak dirungokne, pacakane ya beda karo waranggana ing padatane yaiku nganggo kebayak lan jaritan, gelunge ditambahi sambungan gelung sing meprok amba ngana kae. Nanging waranggana neng video sing ditonton Sampr karo Simpen nganti ora kedhep iki, sandhangane beda banget, nganggo jilbab prasaja, kaya busanane santriwati neng Pesantren, ora nganggo wedhak sing nyolok neng panyawang. Nanging olehe gegendhingan keprungu kepenak dirungokne. Rada suwe Sodik mandheg, ngadeg neng cedhak amben sing dilungguhi Sampir karo Simpen sing lagi kasengsem karo karawitan sing ditonton. Sodik melu nyawang waranggana sing prasaja kuwi, klambine ireng jilbabe soklat, gedhe nutupi sirah lan dhadhane, lungguh timpuh neng klasa, pangkone ketutupan jakete sing ora dienggo.

"Boten sios sare ta Mas?" bareng Sampir noleh memburi lagi ngerti nek juragane ngadeg ana cedhake, banjur takon kanggo abang-abang lambe.

"Wis tangi kok Lik" wangsulane Sodik karo mesem "karawitan sing sampean puter kok apik temen? dirungokne ya kepenak neng kuping, disawang ya bisa madhangne mripat".

"Enggih Mas, niku napa, karawitan gladhen angsale ndownload yogane Kasmin teng Youtube" Sampir wangsulan aweh katrangan karawitan sing lagi diputer.

"Apik ngono kok, karawitan ngendi kuwi?" Sodik takon karo mripate panggah nyawang marang karawitane.

"Anu saking Ponorogo Mas, pesindhene sing ayu niku namine mBak Dwi, Mahasiswi STAIN Ponorogo" Sampir nambahi katrangane.

"Sing endi sing lagi nembang kuwi pa?"

"Enggih. sing kudhunge coklat niku lho nek sing rasukane pethak niku pelatihe lan sing ngangge kudhung biru niku namine Mamik nembe kelas kalih SMA" wangsulane Sampir.

"Sampean kok apal temen Lik?" Sodik takon karo ngguyu.

"Lha wau saderenge wiwit rak disiarne kalih Borege Karawitan".

"Iya, tak kira nek karawitan saka Ngawi utawa saka cedhak-cedhak kene, jebul saka Ponorogo ta?".

"Enggih Mas" wangsulane Sampir maneh "jane teng Ngawi nggih enten sing kelase ngoten boten kawon kalih grup niki, ndelalah pesindhene suwarane nggih luwih kepenak malih, tiyange sabrebetan memper kalih mBak Duwi niku, namine mBak Wagi tiyange nggih jilbaban rapet ngoten niku, benjing kula tak ngampil Flasdis-e Kang Kasmin, wetan mriku".

Dheg!. Tratab!. Dhadhane Sodik kedher maneh, jeneng sing lagi wae diunekne dening Sampir kuwi, ngelingake maneh marang bocah wadon sing dhek esuk lungguh neng sisihe, wiwit saka Sala nganti tekan Sidowayah. Waginem.

"He eh Lik, kapan-kapan nyiliha, nek pas sampean puter aku kandhanana tak melu nonton" kandhane Sodik sawuse geter neng dhadhane ilang. Sodik pancen penasaran karo apa sing lagi wae dikandhakne Sampir mau. Pancen bisa wae, jeneng Waginem dicekak dadi jeneng Panggung Wagi. Nek Pesindhen Wagi kuwi jebul Waginem sing dhek esuk ditepungi, ateges isih ana pengarep-arep bisa weruh ngendi omahe, isih legan apa wis omah-omah. Merga mbuh apa sing marahi, dina kuwi Sodik rumangsa yen lagi ketaman lungiting panah asmara sing nunjeming jero atine, ati sing wis rada suwe anyep kaya banyu es ora kober kampiran rasa sengsem marang wong wadon merga isih bingget ketaman lelakon jaman semana.

Nedhenge Sodik jagongan karo Sampir sing uga ditunggoni Simpen neng pawon sinambi nonton video karawitan kuwi, Sodik ya ora ngerti kedadean sawise dheweke mudhun saka bus neng Sidowayah mau esuk. Mudhun saka bus ninggalne Waginem sing nerusne lakune menyang Ngawi. Sing cetha sawise Sodik mudhun, kursi sing ana sisihe Waginem wis kothong ora ana sing nglungguhi. Dadi Waginem lungguh dhewe, ora ana sing ngancani omong-omongan maneh.

Nanging kang mangkono kuwi jebul mung sedhela, merga bareng karo mudhune Sodik saka bus ana wong sing munggah, ya iku Munir, sedulure Sodik dhewe sing mau ora kober omong-omongan luwih dhisik ketang kabeh padha olehe kesusu. Tekan jero Bus, mripate Munir weruh nek kursi mburine sopir isih kothong, ora kesuwen Munir ya banjur nyedhak arep nglungguhi. Atine Munir luwih seneng maneh bareng weruh sing lungguh neng sisihe kursi kothong kuwi bocah wadon sing katon yen ayu rupane.

"Lho, iki rak Dhik Waginem ta?" aloke Munir sawise cedak karo kursi sing arep dilungguhi "saka tindak ngendi iki mau mBak? Wayah mene kok wis tekan kene?".

"Oh, Mas Munir ta?" Waginem semu kaget olehe aweh wangsulan, ora ngira nek arep kepethuk tepungane neng jero bus sing lagi ditumpaki "nggih Mas, anu saking Yogya, wong saking Giwangan wau taksih peteng dados yah menten nggih mpun dugi mriki. Mas Munir badhe tindak pundi? Kok boten ngasta kendharaan piyambak?".

"He he he" Munir ngguyu renyah karo mapan lungguh, ngenggoni kursi sing mau dilungguhi Sodik "arep menyang Jombang Dhik, timbang nyetir dhewe kepenak ngebus bisa karo ngge nglereni tenaga karo utek sing panas".

"Kok saged panas Mas? kenging napa?" Waginem takon karo mesem.

"Lha iya no" wangsulane Munir karo mesem seneng "lha wong lungaku neng Jombang iki arep nangani kasuse Klinku neng Pengadilan, mesthi wae mengko bakal nemoni masalah sing manasne utek. Ya abot-abote wong wis saguh ngemban jejibahan dadi Lawyer Dhik".

Waginem wis ora semaur maneh, malah banjur ketungkul maca pesen-pesen sing mlebu ana jero ha-pe ne. Pancen Munir kuwi klebu kerep ketemu karo Waginem, merga Munir kerep nemoni Surya tukang shoting sing ngrangkep dadi tukang Sound sing nyambut gawe bebarengan karo pakumpulan karawitan sing dieloni Waginem. Ora mung karo Waginem wae Munir dadi akrab, nanging karo kabeh kulawarga pakumpulan Karawitan "Prasaja Laras" sing markase neng Karangasri Ngawi kuwi ya wis akrab kabeh. Kerep wae nek Karawitan Prasaja Laras nuju pentas, Munir melu teka ngendhangi, kumpul karo para yaga lan penabuhe. Uga ora arang nek Praja Laras nuju gladhen ngana kae, Munir uga melu teka.

Marang wong-wong Prasaja Laras Munir pancen ngaku nek nyambut gawe dadi Lawyer, dodolan kabisan kanggo aweh pitulungan marang wong sing mbutuhne jejege keadilan. Maneka warna kasus jarene kerep ditandangi lan ajek menange. Ya Kasus Pidana utawa Perdata, malah kerep wae Munir lungguh neng kursi persidangan Pengadilan Agama, jejer dadi wakile Penggugat sing njaluk pegat utawa makili Pemohon sing kepengin megat bojone, uga ora arang dhapuke dadi wakil tergugat utawa dadi termohon neng Pengadilan Agama Ngawi, Magetan, Madiun lan isih akeh maneh. Mula ya ora dadi gumune wong - wong ing paguyuban Prasaja Laras kono, nek cak-cakane Munir kuwi katon nek bregas, mobil sing dadi tumpakane kerep solan-salin sing kabeh mesthi mobil sing larang regane.

Waginem dhewe ya ngerti nek Munir kuwi mambu ati marang dheweke, merga lumantar mBah Rawan sing neng grup kono dhapuk nyekel Siter, Waginem dikandhani nek dikongkon Munir supaya ngandhakne pepenginane Munir olehe kepengin luwih cedhak olehe kekancan karo Waginem.

"Kowe kuwi klebu beja lho Nem" kandhane mBah Rawan marang Waginem sawuse ngandhakne apa sing dadi karepe Munir "Mas Munir kae wonge jan bagus, pinter lan pinter golek dhuwit. Deloken mobile wae kerep gonta-ganti, wis duwe iki kurang marem njur diijolne sing kae, kuwi genah nek nandhakne yen Mas Munir kuwi wong sing dhuwite kandel. Kandha nek kepengin luwih cedhak olehe kekancan karo kowe kuwi tegese wonge seneng karo awakmu. Nek kowe klakon dadi bojone Mas Munir, uripmu mesthi dadi lan mulyane, samubarang sarwa kacukupan, bisa mubra mubru blabur madu tenan".

"Nggih mBah, kula pikire riyin" wangsulane Waginem wektu kuwi, pancen sing dingerteni Waginem tumrap Munir, sing dikandhakne mBah Rawan kuwi akeh benere lan kasunyatane pancen mangkono. Nanging nek ngelingi lelakon sing disandhang dening Ponatun sedulure wedok, sing saiki urip neng mbuh nggone sawise ditinggal sing lanang mbuh parane, Waginem milih ngati-ati olehe arep mecaki dalan sing arep diliwati kanggo nuju dina ngarepe. Waginem ora kepengin nemoni lelakon kaya sing dialami dening Ponatun, mbakyune.

"Wong wis genah, cetha nek apike ngono kok ndadak arep dipikir maneh ta Nem?" kandhane mBah Rawan nutugne pituture "tak kandhani ya, kowe kuwi aja seneng kakehan milang-miling olehmu golek tandhing, merga ora arang kedadeyane wong sing kakehan olehe milang-miling kuwi entek-entekane malah oleh wong sing dhengkling. Wis ta nek nggugu omongku, angel lho golek wong lanang bregas lan brajag kaya Mas Munir kae".

"Nggih mBah" wangsulane Waginem karo mesem "criyose sing namine siji pesthi, loro jodho, telu wahyu, papat pangkat, lima kanugrahan niku empun digarisne dening Sing Maha Kuwasa?  Dadi nggih sing sabar mawon riyin, ampun grusa-grusu kersane boten kepathu, nek pancen mpun ginaris Mas Munir nika dados jodhone kula, mengke rak nggih ketekan dhewe. Rak nggih ngoten ta mBah?".

"Iyane ki iya, nanging kabeh kuwi kudu disranani, merga sing jenenge ngelmu iku wae katekane nganggo laku" mBah Rawan panggah ngeyel.

"Nggih mBah, lekase rak nggih lawan Kas ta? tegese Kas nyentosani?" Waginem wangsulan karo ngguyu. Merga Waginem kajaba weruh kaluwihane Munir sing kerep ditutuhne, uga weruh kekurangane Munir sing tenane rada ditutup-tutupi.

 

ana candhake.


Minggu, 27 Maret 2022

SLENDHANG KUNING (004)


4.

Susiana ora semaur apa-apa krungu kandhane Munir sing keri dhewe kuwi mau. Mung ing batin takon-takon ya gene Munir kok ora gelem mundur olehe duwe karep tresna marang dheweke? Kamangka wis dikandhakne lan Munir ya wis ngerti nek wektu kuwi Susiana wis duwe sesambungan tresna karo Sodik sing uga isih duwe sesambungan sedulur karo Munir, enek sing ngarani nek Munir kuwi isih misanan nek karo Sodik. Kajaba saka kuwi Susiana ya ngerti nek cedhake sesambungan paseduluran antarane Keluargane Pak Hari, wong tuwane Munir karto Keluargane Bu Kaji Ali, wong tuwane Sodik kuwi olehe cedhak ora mung mandheg neng pangaran-aran thok, nanging uga katon ing pasrawungan saben dinane. Mula sawuse kandha marang Munir bab sesambungane karo Sodik sing wis kena diarani mateng, sanajan Munir isih nyoba guneman kanggo nutugne sedyane Susiana pilih meneng ora semaur.

"Iki tenan Dhik" wasana Munir mbaleni tembunge "olehku kepengin nyambung talining tresna karo slirane iki ora mung merga kepengin nuruti hardhaning karepku thok, nanging uga ngeman marang Dhis Sus supaya aja nganti getun ing tembe mburine, aku uga kepengin njaga kawibawane jeneng kulawargaku lan kulawargane Budhe Kaji"

"Kok bisa ngono Mas?" Susi takon.

"Iya jalaran Mas Sodik sing satremene kuwi kaya apa, kabeh durung padha ngaweruhi kanthi sanyatane. Ngertine Mas Sodik kuwi wong bagus, alus, sopan, pinter, soleh lan sapiturute. Kamangka aku minangka sedulure Mas Sodik sing kerep awor lan kumpul wiwit cilik, ngerti dhewe yen Mas Sodik kuwi kejaba sinung kabecikan kaya sing tak kandhakne mau uga duwe cacat sing mungguhku cacat sing luwih mbebayani" wangsulane Munir karo praupan sing ketok nek tenanan.

"Apa kuwi Mas?" Susi wiwit kena kepancing karo critane Munir, banjur mburu nganggo pitakonan.

"Sak jane aku ora pati mentala ngandhakne" wangsulane Munir "nanging gandheng kanggo kabecikane Dhik Susi lan kabecikane kulawargaku uga kulawargane Mas Sodik dhewe, kapeksa aku arep blaka bab cacate sedulurku kuwi Dhik".

"Lha ya , cacate Mas Sodik kuwi apa?" Susi rada anyel karo wangsulane Munir sing dianggep mbulet.

"Mas Sodik kuwi ora bisa yen weruh bathuk sing klimis Dhik" wangsulane Munir karo mesem.

"Ora bisa piye ta Mas?"

"Kuwi mung unen-unene Dhik, Mas Sodik kuwi gampang "jatuh cinta" marang sapa wae. Dadi kajaba duwe sesambungan karo Dhik Susi, sak jane Mas Sodik kuwi ya duwe sambung katresnan karo prawan liyane lan ora mung siji loro, nanging akeh" Munir aweh wangsulan karo suwara sing digawe rada alon nuduhne yen sing dikandhakne kuwi barang sing wadi.

"Mosok ta Mas?" Susi sansaya kasengsem ngrungokne apa sing dadi kandhane Munir.

"Kandhani kok" wangsulane Munir karo mesem "aku iki sedulure Mas Sodik wiwit cilik lan aku ya weruh dhewe nganggo mripatku iki, Dhik Sus ngerti dhewe ta nek Mas Sodik kuwi duwe daya pikat sing ampuh marang wong wadon? Jujur wae, prawan ngendi sing ora kepencut weruh tindak-tanduke Mas Sodik sing kajaba kasinungan rupa bagus uga sopan unggah-ungguhe katambahan pinter pisan?".

Susi manthuk-manthuk, atine mbenerake karo apa sing lagi wae dikandhakne Munir, yen Sodik kuwi kajaba bagus uga kabeh tindak-tanduke sarwa nengsemake marang sapa wae sing weruh, luwih-luwih marang bocah wadon.

"Kamangka Dhik Sus ya pirsa ta nek Mas Sodik kuwi uripe rina wengi tansah dirubung karo prawan-prawan ayu sing sepirang-pirang akehe? Gek dhasare Mas Sodik duwe cacat kaya sing tak omongne mau, ora bisa weruh bathuk klimis. Aku ngerti dhewe kuwi, wong sak ploke Mas Sodik manggon neng Pondhok dadi Ustadz kuwi aku wis bola-bali niliki mrana, dadi ya weruh dhewe kahanan sing sanyatane. Critaku iki dudu dongeng sing tak gawe-gawe" kandhane Munir nutugne critane.

Ya wiwit kuwi, Munir dadi luwih kerep sanja ing omahe Susi lan ora arang bocah loro metu bareng dolan-dolan ing sambi kalane preinan. Kamangka sasuwene duwe sesambungan katresnan karo Sodik, durung tau Sodik kuwi ngajak Susi lunga saka omah mung bocah loro tanpa kanca, malah nek pas Sodik ndolani Susi ngana kae, ajek Sodik nembung marang Bapak utawa Ibune Susi supaya melu ngancani jagongan neng ruang tamu.

Lan crita kabeh kuwi dingerteni dening Sodik saka layange Susi marang dheweke sing pirang-pirang lembar dikirimne bareng, nyritakne kabeh lelakon sing banget gawe ngeresing ati. Ya kuwi layang njaluk pangapura marang Sodik, merga awit ora kuwat tekane godha bareng karo ditulise layang kuwi, wis ana petung dadi antarane kulawargane Pak Hari wong tuwane Munir lan kulawargane Pak Wardi, wong tuwane Susiana, yen Munir kudu cepet-cepet dinikahne karo Susi kanggo nutupi wirang merga tumindake bocah loro sing wis ngliwati watesing pager kasusilan.

Nalika kuwi, atine Sodik krasa kaya diiris-iris, nanging bawane wong sing weruh marang takdir lan pangwasane Gusti Allah, lara ing jeroning atine isih bisa disamudana. Malah pas ijabane Susi karo Munir, Sodik uga ngelangake bali melu mangayubagya olehe omah-omah sedulur karo tilas pacare kuwi. Marang Ibune Sodik kandha nek pancen Gusti Allah wis ngersakne Susi kuwi pancen jodhone Munir. Neng omah Sodik ya ora bisa suwe, rampung resepsi ya banjur bali maneh menyang Pondhok nindakne kuwajibane. Kabeh wong sing weruh lan kober pethuk omong-omongan karo Sodik padha gumun lan eram, meruhi Sodik sing babar pisan ora susah utawa gela weruh prawan sir-sirane dirabi dening sedulure dhewe. Malah esem grapyake babar pisan ora uwal saka lambene lan guyune isih keprungu renyah kaya padatane. Nanging wong-wong kuwi kabeh ora weruh tatu sing mengangah ing jero atine nom-noman bagus sarjana weton saka negara Mesir kuwi.

Ngancik tahun katelu olehe ngabdi ing pondhoke, Sodik dikabari dening Ririen, mbakyune nek Ibune lagi gerah rada santer. Sodik ya banjur daya-daya bali menyang ndesane. Jebul gerahe Bu Kaji pancen nemen tenan, nganti olehe ngrawat neng Rumah Sakit Sala ana sepuluhan dina luwih. Bareng Bu Kaji wis waras, ya jenenge warase wong sing wis sepuh panggah wae ora bisa ditegakne. Kamangka anake lanang ya mung Sodik dhewe, mula kanthi pawadan arep nindakne bekti marang Ibune, Sodik banjur matur marang Kyai Pondhoke, mundur olehe dadi Ustadz lan arep bali menyang desane maneh supaya bisa cedhak karo wong tuwane sing mbutuhne kawigaten mirunggan saka dheweke. Pak Kyaine Sodik sing tuhu wicaksana kuwi uga marengake malah kepara njurung apa sing dadi panyuwune Sodik, mung wae Pak Kyai uga pesen supaya sabisa-bisa Sodik mbudidaya murih bisa nular-nularne ngelmu lan kawruh sing olehe entuk saka Pondhok marang wong liya sing mbutuhake.

Klakon Sodik bali menyang omah maneh kumpul karo Ibune. Awit saka panjurung saka Kahar, Ririen banjur masrahake kabeh warisan tinggalane sawargi bapake sing wujud sawah karotengah bahu lan omah sapekarangane marang Sodik. Lan sawuse neng omah rada sauntara, Sodik banjur ditekani salah siji saka sanakane sing njaluk tulung supaya Sodik gelem melu mulang Bahasa Inggris lan Bahasa Arab ing sawijining sekolahan sing lagi dirintis ing Ngawi, ora adoh karo panggonane Sodik. Dadi nganti saiki, kajaba ngopeni sawah lan Sapi sarta wedhuse, Sodik uga duwe samben mulang neng sekolahan dadi Guru sing ora saben dina mlebu.

Sing sok-sok ndadekne Sodik krasa ora kepenak ki, nalika Sodik krungu kabar yen durung nganti setahun olehe omah-omah Munir karo Susi, wong loro kuwi wis pegatan. Ya iku sawise Susi nglahirake anake sing ora gelem ngenger, banjur Munir milih bali menyang omahe wong tuwane maneh, Susi ora dijak lan ora diolehi ngetutne, wekasane Susi banjur milih lunga saka omah. Kabare melu dadi TKW neng luwar negeri.

Ora sida turu, sawise ngglethak karo nglamun dumadakan Sodik kelingan karo Waginem sing mau esuk bareng sak bus karo dheweke. Sodik mesem, bola-bali atine aweh pangalembana marang Waginem, Tukang Laundry sing omahe Ngawi. Bocah kuwi nyata wis ndudut atine, bocah kuwi nyata ayu rupane, bocah kuwi nyata alus solah bawane, bocah kuwi nyata sopan lan nengsemake nalikane guneman. Nanging, omahe Waginem kuwi ngendi? Ngawi, Ngawi penere sisih ngendi?.

Alon-alon Sodik tangi, metu saka kamar arep golek ngombe menyang pawon. Jebul neng pawon, Sampir karo simpen lagi muter VCD, sing diputer karawitan. Satleraman Sodik nyawang gelar karawitan sing wis gawe sengseme Sampir karo bojone kuwi. Dumadakan atine Sodik rada nratab, waranggana ing karawitan sing lagi nembangne Gendhing Pangkur Irama Lamba, wis ndudut kawigatene, sabrebetan memper banget karo Waginem sing lagi wae ngranuhi sajroning pikire.

 

ana candhake.

 

SLENDHANG KUNING (003)

 


3.

Kaya padatan nek teka saka lelungan, sawise nglebokne pit motore neng papane Sodik banjur mapan lungguh neng kursi. Sampir sing tinanggenah tunggu omah lan makili Sodik sasuwene ora ana omah gageyan nyedhak arep nglapurake apa-apa sing prelu dingerteni dening juragane. Mligine ing babagan gaweyan sing nalika Sodik aep budhal dipasrahne kabeh marang Sampir. Simpen sing wis suwe olehe ndherek ing kulawarga kuwi ya banjur tanggap, ora suwe sawise Sodik mapan lungguh daya-daya Simpen ngladekne kopi pahit kanggo Sodik lan kopi sing legi kanggo bojone. Pancen wis rada suwe Sodik kuwi nek ngombe kopi seneng sing ora nganggo gula.

"Ana sing nggoleki aku apa ora Lik sasuwene tak tinggal wingi kae?" Sodik miwiti guneman ngajak omong sing arep aweh lapuran.

"Enggih enten Mas, ning nggoih kula warah nek panjenengan tindak Yogya dados nggih boten sios madosi" wangsulane Sampir.

"Sapa? butuh apa?" Sodik takon maneh.

"Sartana dikengken bapakne" wangsulane Sampir

"Sartanane Om Hari ta? dikongkon apa?" durung tutug olehe kandha Sampir, Sodik wis munggel rembug nganggo pitakonan maneh.

"Enggih, jane ajeng ngrepoti Mas Sodik ken ngeterne Bu Sarmun teng Rumah Sakit, tiang Bu Sarmun criyose dirujuk teng Rumah Sakit Sala" wangsulane Sampir.

"Lha mobil tak tinggal neng omah lho? wong sampean ngerti dhewe Ibu wingi ngersakne nitih Bus Patas, kuncine rak tak titipne Lik Simpen ta? nek enek wong njaluk tulung mobile keneng dienggo, waton ana sing nyetiri. Lha Lik Simpen apa gak omong nyang sampean?" Sodik wangsulan nganggo pitakonan.

Pancen ing lingkungan kono kuwi, sanajan sing duwe mobil kuwi ya klebu rada akeh, nanging sing kondhang enthengan kuwi mung Sodik. Mligine nek kanggo ngeterne wong lara sing arep mertamba, ora arep metung wektu, mbuh esuk mbuh tengah wengi pisan, Sodik mesthi kanthi legawa gelem ngeterne kanthi lelahanan alias gratis, ora tau gelem nampani nek sing njaluk tulung aweh dhuwit kanggo ijole bensin. Ngono kuwi ditindakne Sodik wiwit duwe mobil sing sepisanan wujud Suzuki Carry biyen nganti ganti mobil ping telu saiki rupa Terios modhel sing anyar dhewe.

Sing diarani Bu Sarmun kuwi isih sedulure bojone Om Hari, sedulur tunggal simbah nek karo Bu Kaji, ibune Sodik. Dadi nek karo Sodik isih keneng diarani kadang katut

"Jane Make lare-lare nggih criyos" Sampir wangsulan sawise meneng rada suwe "nanging lha wong sing saged nyetir niku namung Mas Munir, gek ndelalah pas Ibune Cilik sakit niku, Munir dipadosi boten enten, gek Sartana piyambak SIM-e mpun pejah, dados nggih boten wantun. Siose nggih lajeng ngengken Ramuji Wonokerto mriku".

"Ya wis nek ngono, bakune sing lara wis diterne nyang Rumah Sakit" kandhane Sodik sabanjure "mau aku ya pethuk Munir neng Sidowayah kana, nanging ya ora kober omong-omongan wong pas aku mudhun saka bus, dheweke munggah, dadi ya simpangan, embuh arep lunga menyang ngendi aku ya ora kober takon, ketoke arep lunga adoh wong sing ditumpaki Bus patas jurusan Surabaya".

"Enggih, beneke ajeng ngurus damelan teng Jombang napa pripun ngoten"

"Ya wis, lha urusan gaweyan sing tak pasrahne sampean wingi piye?" Sodik genti takon urusane dhewe.

"Sedaya beres Mas" wangsulane Sampir karo mesem ketok nek atine lagi mongkog "sedaya galengan sabin empun dipopok sedaya, malah kedhokane nggih mpun dados garon, pupuk kandhang sing dicawisne teng wingking griya nika mpun disebarne sedaya dados nggih mpun ketutup kalih lendhut garon, toyane kula gung, mengke mawon nek mpun wancine angkler kalih ngalusne kantun mbedhahi lak-ane".

"Sokur nek pancen ngono, wong olehe tandur isih sepasar maneh ta?" Sodik mangsuli lapurane Sampir karo seneng.

"Enggih, anu Mas wingi Mantri Bambang mriki, criyose panjenengan dhawuhi nyuntik lembune?" Sampir nutuigne olehe lapuran.

"Iya, piye? wis disuntik apa durung? kok wiwit mau aku durung krungu olehe bengah?" Sodik takon maneh.

"Empun, bar disuntik wingi nika nggih terus mingkem boten bengah malih, ketoke dados niku, wong Mantri Bambang wingi nggih criyos nek wekdale nyuntik empun pas wektune, mugi-mugi mengke pedhete jaler nggih Mas?" Sampir wangsulan karo mesem.

"Ya muga-muga wae" kandhane Sodik nglegani tembunge Sampir "Ya wis nek ngono, ketoke mripatku isih rada ngantuk gek awakku ya isih rada kesel aku tak leren dhisik nek ngono".

"Nggih Mas"

Sodik ngadeg banjur mlebu kamare, salin genti nganggo sarung mapan ngglethak neng dhipane. Karo ngglethak Sodik kober nggagas critane Sampir sing ngabarne nek Bu Sarmun digawa menyang Rumah Sakit Sala mau. Sak jane ngono, neng atine Sodik kuwi isih ana rasa bingget karo kulawargane Om Hari, Pakne Cilik kuwi. Nanging merga Sodik bisa nggunakne nalar lan nata atine kanthi becik, binggeting atine bisa digawe samudana sing ndadekne ora ketara.

Biyen sawise rampung olehe kuliah neng Al-Azhar Cairo, Mesir Sodik tau duwe sesambungan tali katresnan karo prawan ayu tangga desa sing jenenge Susiana, kaya sing dikandhakne Ririen pas jagongan mau bengi kae. Sambunging katresnan antarane Sodik karo Susi kuwi satemene wis suwe, wiwit Sodik arep lulus saka Madrasah Mualimin Gontor Ponorogo biyen. Wektu kuwi Susi isih kelas telu SMP. Nganti Sodik lulus lan oleh gelar LC saka Al-Azhar, lan bali menyang desane, sesambungan katresnan kuwi mlaku kanthi becik-becik wae.  Sesambungan katresnan antarane putune Nabi Adam loro kuwi dadi pedhot banjur bubrah ora nggenah bareng Sodik lunga ninggalne desane, nindakne pengabdian marang almamatere yaiku Pondok Modern Gontor, dadi Ustadz ing salah sijine Pondok Gontor Putri sing manggon neng sawijining kutha ing Jawa Timur.

Ditinggal lunga rada suwe, Susiana kena godha. Sing dadi panggodha ora ana liya kajaba sedulure Sodik dhewe, sing sadurunge Susiana gandheng karo Sodik, wis suwe olehe ngendhem rasa seneng marang prawan ayu sing merak ati kuwi. Ya kuwi Munir, anake lanang Om Hari, Pak Cilike Sodik dhewe.

Wiwitane tekane Munir sing ndolani Susi neng omahe ya ditampa lumrah dening Susi. Nalika Munir ngandhakne apa sing dadi isen-isening atine, Susi kanthi sabar lan sareh aweh wangsulan yen Susi ora duwe niyat arep nampik katresnane Munir marang dheweke, nanging aweh wangsulan :

"Ngene ya Mas Munir, oraa tak kandhani mesthine panjenengan ya wis pirsa lan mireng dhewe nek sesambungan tresna antarane aku karo Mas Sodik kuwi dingerteni wong akeh. Bapak karo Ibuku ya wis pirsa lan uga wis nayogyani sesambungan kuwi, samono uga Ibune Mas Sodik uga wis pirsa lan uga wis sarujuk. Mung kari ngenteni lamaran kanthi resmi wae. Dadi ya aja dadi penggalih panjenengan yen aku ora bisa nampa katresnan panjenengan marang aku".

"Nanging sadurunge disekseni Pak Naib lan diijabne neng ngarepe para seksi, Dhik Susi kuwi isih legan lho Dhik. Sapa wae wenang ngayunake dadi sisihane Dhik Susi, klebu aku sing suwe ngendhem rasa tresna marang slirane" wangsulane Munir nalika Susi ngandhakne yen ora bisa nampa katresnane Munir sing dikandhakne ing ngarepe.

"Iya Mas, aku matur nuwun banget marang Panjenengan sing wis kagungan rasa tresna marang aku, nanging ya pangapurane panjenengan wae sing gedhe ya Mas? jalaran aku kapeksa ora bisa nimbangi katresnan panjenengan marang aku. Rasa tresnaku marang Mas Sodik lan rasa tresnane Mas Sodik kuwi wis dipirsani dening Bapak Ibu lan uga Ibune Mas Sodik, dadi ora mung aku sing kepengin diwengku dadi garwane Mas Sodik lan Mas Sodik kepengin ngepek bojo aku, nanging malah wis luwih saka kuwi, Bapak karo Ibuku wis kepengin banget duwe mantu Mas Sodik lan Ibune Mas Sodik ya wis kepengin banget duwe mantu aku. Dadi sepisan maneh tak suwun marang Mas Munir, kersaa murungake olehe kagungan kersa arep mengku aku dadi garwa panjenengan ya Mas?" kanthi tatag lan tembung sing cetha Susiana aweh wangsulan marang Munir sing sajake arep nekad apepawadan dumeh durung ana janur ajur sing dadi pratandha yen sesambungan katresnan antarane Sodik karo Susi isih bisa diowahi.

Krungu wangsulane Susi ngono kuwi, jebul Munir ora gelem mundur olehe nelakake rasa tresnane. Dikandhani nganggo tembung sing becik ngono kuwi, Munir ora mendha nanging malah sansaya ndadra. Malah banjur arep nekad nibakne srana nganggo tembung sing manis nanging tenane mawa wisa sing banget mbebayani. Munir meneng rada sauntara, pikirane wiwit makarya, atine dikongkon ngrakit ukara sing bisa dadi srana kanggo medhotne rasa tresna ing atine Susi marang Sodik.

"Ngene ya Dhik" kandhane Munir sawise kasil nata ukara ing sajroning atine "aku ngerti nek Bapak Ibu kene kuwi wis cocok karo Mas Sodik, nanging aku dadi mesakne banget marang Bapak Ibu kene, luwih-luwih marang Dhik Susi, yen klakon Dhik Susi kebacut dadi bojone Mas Sodik. Kang mangkono kuwi mau, merga mung jalaran mBak Susi uga Bapak lan Ibu malah kepara Budhe Kaji kae pisan, durung pirsa sapa satemene Mas Sodik lan kepiye mungguh sing dadi pakulinane Mas Sodik wektu iki".

 

ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...