Total Tayangan Halaman

Selasa, 07 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (011)

 

11.

Makara banjur tak ajak mlebu ing panggonan sing padatan tak gunakne kanggo nemoni wong-wong yen butuh ketemu Rama Tumenggung. Nanging Makara ora gelem merga jarene ora ana bab sing wigati sing arep dikandhakne marang aku. Tekane Makara ora ana sambung rapete karo jejibahanku minangka wakile Rama Tumenggung, nanging mung arep ngajak aku menyang desa sing ora adoh karo Dalem Katemenggungan ing omahe salah sijine warga.

"Nyuwun pangapunten Gus" wangsulane Makara nalika tak ajak mlebu mau "estunipun boten wonten prakawis ingkang wigatos sanget tumrap jengandika Gus Wanda, namung badhe ngaturi uninga bilih sanakan kula ingkang griyanipun Pajaringan, dalu niki ngawontenaken tirakatan kanthi nanggap ringgit ing griyanipun, mbok bilih Gus Wanda lodhang saha dhangan ing panggalih saha menawi kersa badhe kula dherekaken tindak mrika mirsani ringgit".

"O ngono ta? Lha sanakan ndika kuwi duwe gawe apa ? teka nanggap wayang barang?" wangsulanku, lan kanggo nglegani atine Makara aku ya nyaguhi arep nuruti apa sing lagi wae dikandhakne "pancene wengi iki aku ya nuju ora ana pagaweyan sing kudu tak tandangi, dadi ya bisa wae nek wengi iki dienggo nonton wayang, ngiras pantes kanggo nyegerake pikiran".

"Ngaturaken genging panuwun Gus" Makara katon sansaya kalegan atine ngerti nek aku gelem dijak metu ndelok wayang "sanakan kula niki gadhah damel milujengi tiyang sepuhipun ingkang sampun ngajal, dalu menika dhawah sewu dintenipun". 

Sidane wengi kuwi aku bareng-bareng karo Makara teka ing Pajaringan melu tirakatan ing omahe Wuyungan blantik kebo sing sugih mblegedhu, sing wengi kuwi wayangan nanggap dhalang sing kondhang ing laladan Majapahit. Dhasar Wuyungan kuwi wong sing sugih bandha ya sugih kanca, srawunge jembar tekan ngendi-endi. mula ya ora nggumunake yen wengi kuwi tamu sing teka melu tirakatan ya akeh banget. Pendhapane Wuyungan sing wangun limasan kuwi kebak kepara jejel riyel dening wong-wong sing padha nonton wayang kanthi ujub melu tirakatan. Kajaba sing padha nonton wayang ing pendhapa, ing omah jero uga ora sethithik tamu sing milih panggonan ana kono, wong-wong sing neng jero omah kuwi ora padha melu nonton endahing wayang, nanging anggone tirakatan disambi karo dolanan neka-neka sing uga diudhoni kanggo ngabotohan cilik-cilikan, ujube kanggo cagak melek.

Wis dadi pakulinan, wong sing duwe gawe nylameti wong tuwane sing wis mati kuwi, mesthi dibarengi karo ngetokne dana driyah sing akeh. Kajaba dana driyah kanggo para wong sing nandhang kekurangan, urip sing sekeng, uga dana driyah kang dienggo nyugata para tamu sing padha melu tirakatan. Mula akehe sugihan sing banyu mili saka jero omah kanggo para tamu, temen-temen ora ana kendhate. Sakehing jinis panganan padha metu kabeh, ya panganan sing empuk ya panganan sing renyah ora ana sing kliwatan, kabeh ana lan ora sethithik cacahe.

Mung sing aku ora pati bisa ngetrepne lungguhku kuwi nalikane omben-omben sing bisa gawe wuru uga katut disuguhne. Adat sing wis kulina ing papan kono, ngombe ciu kuwi minangka omben sing ngemu pakurmatan. Kagawa saka jejerku minangka punggawa dalem Katumenggungan, mangka kudu ngombe luwih dhisik sawuse sing duwe omah ngombe, samangsane omben Ciu disuguhake. Kamangka wiwit cilik dening biyungku, ya Nyi Panewu wis diweling supaya aja pisan-pisan wetengku klebon omben panunggalane Ciu utawa arak ngene iki. Dadi pancen aku ora kulina ngombe arak utawa Ciu. Kamangka minangka pakurmatan, ing omahe Wuyungan sing duwe gawe iki, aku kudu ngombe dhisik dhewe lan ora mung sasloki utawa rong sloki, nanging saben oleh saubengan, dibaleni maneh olehe ngombe arake lan diwiwiti saka Wuyungan, banjur aku disambung Makara lan mubeng tamu-tamu liyane.

Tujune tekaku mau sing ngajak Makara lan Makara lagi ngerti yen satemene aku ora kulina ngombe omben sing bisa marakne wuru kuwi.  Kamangka ing desa kono, wis dadi unen-unen yen ana bocah nom sing gampang mendem, lire lagi ngombe sethithik wis mendem, kuwi diarani bocah nom sing ringkih lan banjur dadi poyokane wong akeh. Luwih-luwih yen ana wong sing ora wani ngombe amerga kuwatir yen nganti mendem, mangka wong sing mangkono kuwi bakal dadi bebakalaning geguyonan dening kanca-kancane. Mula kanggo nutupi wirangku, Makara sing banjur maju. Saben-saben aku kebageyan ngombe arak, mangka dening Makara arak sing diulungne aku mesthi banjur ditampani lan diombe. Dadi aku ora klebon omben sing bisa gawe mendem kuwi babar pisan.

"Aku wis matur marang Gus Wanda lan uga wis diparengake, yen bengi iki aku sawutuhe dikeparengake ngemum unjukane Gus Wanda, dadi kabeh unjukan sing kagem Gus Wanda sing kudu ngombe ya mung aku dhewe" kandhane Makara marang juru ladi sing ngladeni unjukan sing bisa marakne mendem kuwi. Babagan ngemum (ngalap berkah) kuwi pancen wis kaprah dtindakne dening andhahan marang ndhuwurane, dadi wong-wong sing krungu nek wengi kuwi Makara ngemum omben sing kanggo aku, kabeh iya banjur padha bisa nampa kanthi legawa, ora nggagas lan ora ngarani aku neka-neka merga ora gelem ngombe omben sing disuguhne.

Nadyan ta mangkono aku sing rumangsa ora kepenak karo Makara, merga olehe ngombe arak Makara dadi tikel kaping pindho. Bageyanku karo bageyane dhewe. Mula nalika ngarepake parak esuk aku karo Makara pamitan bali marang Wuyungan, praupane Makara katon abang mangar-mangar mratandhani yen dheweke wis mendem kegawa saking akehe arak sing wis diombe. Mung sing ndadekne gumune atiku, olehe mendem Makara beda karo wong-wong liyane sing banjur mutah cecek ora karuwan, ana sing banjur ngglethak karo ngompyang ngeler wewadine dhewe barang. Nanging kahanane Makara wektu kuwi, mung nek mlaku katon sempoyongan, nanging ora nganti rubuh neng lemah, tembung-tembung sing diucapne isig turut kaya wong sing ora mendem.

"Sampun kuwatos Gus Wanda" karo bisik-bisik Makara isih kober kandha marang aku nalika aku bebarengan mlaku mulih tekan ratan sing tumuju Dalem Katumenggungan "kula niki nggadhahi kalangkungan tinimbang tiyang limrah ing babagan ngunjuk arak. Sanadyan ketingalipun kula menika sampun wuru, nanging pikiran kula taksih bening kados dene malaming tawon lan kula boten badhe rubuh utawi nutah cecek kados titiyang kala wau, mangke menawi sampun dumugi griya kula engge tilem sakedhap tartamtu kula sampun pulih malih".

"Iya, aku percaya" wangsulanku panggah karo mlaku "aku weruh dhewe yen anggon ndika ngunjuk arak mau wis ngliwati wates, aku ya ngerti satemene awit ndika wis ngeman aku murih ora dadi guyone wong akeh, utawa murih Wuyungan lan wong-wong Pajaringan ora kleru tampa marang aku merga aku ora wani ngombe arak sing disuguhne, ndika wis ngorbanake dhiri ndika kanthi pawadan ngemum, arak-arak sing kudune tak ombe malah ndika unjuk kabeh. Ya pancen kudune aku wiwit sinau ngombe omben ngono kuwi, ora kanggo seneng-seneng utawa mendem-mendeman, nanging kanggo ngadhepi yen ana lelakon sing kaya ngene iki mau".

"Menawi menika ingkang jengandika kersakaken, jengandika sampun kuwatos Gus" Makara wangsulan "benjing kemawon kula tedahi caranipun ngunjuk arak utawi ciyu supados boten saged wuru".

"Lho apa ana carane murih ora wuru kaya ndika ngono kuwi, Kakang Makara?"  aku takon.

"Inggih mawi dipun gladhi mbaka sekedhik Gus" wangsulane Makara karo ngguyu "benjing kemawon kula aturaken cara-caranipun".

Ora krasa mlaku karo omong-omongan, aku karo Makara wis tekan Dalem Katumenggungan. Makara tak ajak supaya turu neng papan paleremanku, ora gelem. Pilih bablas bali ing omahe wong tuwane. Karo pamitan Makara kandha yen mengko olehe teka ing Dalem Katumenggungan nindakne wajib kaya saben dinane, mbok menawa rada kasep merga kira-kira mengko dheweke bakal kerinan anggone tangi saka turune. Aku aweh wangsulan, nek pancen dina mengko ora bisa teka ing Dalem Katumenggungan kaya padatan ya ora dadi baya pangapa jalaran aku ngerti yen olehe makara kerinan anggone tangi mengko, merga kakehan ngombe arak sing kudune tak ombe, nanging merga Makara ngeman aku banjur diombe dhewe.

 

ana candhake.


Minggu, 05 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (010)

10.

Bapa Tumenggung uga wis pirsa yen Ki Suwela nduweni rasa kaya kang tak kandhakne mau, kamangka aku ya ora matur babagan iki marang panjenengane. Malah Bapa Tumenggung sing nimbali aku lan maringi pitutur supaya aku luwih ngati-ati menawa srawung karo Ki Suwela lan anake lanang sing aran Makara, jalaran Rama Tumenggung pirsa yen satemene Ki Suwela lan Makara kuwi wong sing julig lan duwe jiwa sing licik.

 

"Awakmu wae sing ngati-ati lamun ana cedhake Ki Suwela lan Makara kuwi, Suwanda" dhawuhe Rama Tumenggung sawuse paring dhawuh yen Ki Suwela ora seneng merga aku sinengkakne dadi putra angkate Rama Tumenggung sarta kaparingan jejibahan amakili panjenengane yen panjenengane nuju ora ana dalem Katumenggungan "tembung satembung kudu sing ngati-ati lan aja mbok katonake lamun satemene kowe ora seneng marang wong loro kuwi, becik rangkulen kanthi raket nanging aja nganti ninggal prayitnaning batin".

 

"Dhawuh jengandika Rama Tumenggung saestu badhe kula estoaken kanthi sak sae-saenipun" wangsulanku, karo jroning ati ngaturake rasa panuwun awit kabecikane Rama Tumenggung marang aku sing terus ambanyu mili.

 

Dhawuh pituture Rama Tumenggung Jatikusuma mau tak tindakne temenan, nggonku srawung karo Makara sing umur-umurane sapantaran karo aku banjur tak raketi. Samono uga srawungku marang Ki Suwela wong tuwane Makara. Ing sambikalane nganggur, aku kerep sanja ing omahe Ki Suwela, kajaba ngajak jejagongan karo Makara uga kerep wae aku njaluk pitutur marang Ki Suwela ing babagan sing magepokan karo jejibahan sing kudu tan tindakne. Wong loro kuwi katon seneng lan sikepe marang aku dadi owah. Makara dadi luwih kerep nemoni aku lan ngajak bawa rasa maneka warna perkara. Ki Suwela uga kerep aweh pituduh marang aku murih anggonku nindakne kuwajiban bisa luwih sampurna. Rasa gela lan cuwaning atine wong loro kuwi merga kawicaksanane Rama Tumenggung sing maune dianggep ora adil lan ora ngajeni lelabuhan sing wis ditindakne dening Ki Suwela lan Makara marang Dalem Katumenggungan, wis ora ana tabet-tabete maneh.

 

Rama Tumenggung sing sanadyan sansaya akeh ayahan sing kudu ditindakne, nanging anggone migatekne aku babar pisan ora suda kuwi, uga pirsa owah-owahan sikepe Ki Suwela lan Makara marang aku.  Rama Tumenggung uga uninga yen saiki Makara apa dene Ki Suwela dadi mundhak sregep anggone nindakne gaweyane minangka abdi lan punggawa Dalem Katumenggungan.

 

Anuju sawijining kalodhangan aku ditimbali dening Rama Tumenggung kanthi mirunggan.

 

"Suwanda apa awakmu isih eling karo pituturku let sepasar sawuse awakmu tak pasrahi jejibahanmu sing saiki iki kae?" Rama Tumenggung mundhut pursa marang aku bab pitutur sing tau diparingake marang aku nalika semana.

 

"Saestu sedaya dhawuhipun Rama Tumenggung dhateng kula, boten adhe ical saking engetan kula Rama" wangsulanku karo suwara sing alus kebak rasa panuwun "lan sedaya dhawuh jengandika Rama saestu badhe kula estokaken kanthi sak sae-saenipun".

 

"Sokur yen pancen mangkono" ngendikane Rama Tumenggung sabanjure "aku ya ngerti olehmu ngecakne pituturku babagan tata gelar sing mbok cakne marang Suwela lan anake, kang mangkono iku aku uga wis bisa ngarani yen olehmu ngecakne wis pas lan wis trep tur bener, ketitik saka asile nggonmu ngecakne pitutur kae, saiki Makara apa dene wong tuwane, kena diarani wis malik grembyang sikep lan lageyane marang awakmu lan marang gaweyane".

 

"Mila leres dhawuh jengandika menika Rama" aturku nanggapi pangandikane Rama Tumenggung sing ngrembug sikepe Ki Suwela lan Makara "tiyang kalih kala wau samangke ketingal langkung sae lan langkung tinggen anggenipun ngayaji kuwajibanipun ing Dalem Katumenggungan mriki, kula ugi ngertos bilih sadaya menika inggih awit saking pitedah-pitedahipun Rama dhumateng kula".

 

"Iya, nanging kuwi tata gelar kang sipate kasat mata sing gampang disawang lan dingerteni sok sapa wae" Rama Tumenggung paring dhawuh maneh "sing prelu tak kandhakne marang awakmu samengko ing babagan tata batin, lire apa sing katon ing lahir durung karuwan padha karo sing ana jero batin, kena diparibasakne awakmu disuguhi panganan sing sarwa enak lan sarwa mirasa, kuwi yen sinawang gelar wujude merga sing nyuguhi awakmu kuwi duwe pamrih becik ya iku gawe senenging atimu lan murih awakmu luwih kuwat, nanging yen sing aweh suguhan kuwi duwe pamrih sing seje, awakmu bisa wae dadi lan cilakne, ya kuwi ing suguhan sing mbok tampa ana panganan sing diwenehi upas utawa wisa, sing bisa ndadekne awakmu tiwas utawa cilaka. Kuwi sing prelu dadi kawigatenmu, aja nganti awakmu tiba ing juranging katiwasan mung sabab kena apus krama sing diwungkus mawa sikep sing anoraga. Wiwit jaman kuna makuna akeh kedadeyan Macan gembong sing gagah prakosa bisa dikalahake ora nganggo kekuwataning lahir nanging bisa dijiret sing tuwuhe saka kekuwataning pikir. Welingku marang awakmu, sepisan maneh aja nganti awakmu pegat kaprayitnan".

 

"Inggih Rama, dhawuh jengandika badhe kula emut-emut mugi-mugi saged dados pangayoman kula salebetipun nindakaken darmaning gesang menika" wangsulanku karo ngangen-angen mungguh benere apa sing didhawuhne Rama Tumenggung iki mau.

 

"Sabanjure rungokna ngger" Rama Tumenggung Jatikusuma paring pitutur maneh "kajaba ora pisah karo laku pangati-ati murih rahayu uripmu, awakmu kudu bisa minterne ati, wujude sapisan aja seneng nampa pangalembana lan serik lamun diwada, jalaran ora sethithik kawiwitan seneng nampa pangalem suwe-suwe banjur dadi mendem, wusanane banjur rumangsa pinter dhewe, rumangsa sugih dhewe, rumangsa bener dhewe, rumangsa bagus dhewe lan sapiturute. Kamangka wong sing seneng rumangsa pinter dhewe kurang-kurang bejane bisa ndadekne keblinger uripe, rumangsa sugih dhewe bisa nuwuhake entek bandhane, rumangsa bener dhewe adhakane banjur ora weruh yen lakune wis nalisir saka garising Widhi, rumangsa bagus dhewe bisa ndadekne kumalungkung sing wekasane kabentus-bentus merga polahe dhewe. Kosok baline Suwanda, sing pamada sing tumiba marang awakmu iku ora kabeh ndadekne tunamu, ana kalane pamada utawa panacad sing mbok tampa kuwi satemene pitutur luhur sing sing sinamudana, kanthi pancad bisa ndadekne awakmu mulat salira, mawas dhiri bener utaawa orane unine panacad klawan kahananmu sing satemene, lamun pranyata jumbuh kuwi minangka korining lakumu kanggo ndandani kakuranganmu murih dadi sampurnane, dene manawa ora jumbuh yekti ora ana kapitunan sing mbok sandhang merga tumibane pamada utawa panacad, awit kanyatan kuwi ora bisa diselaki".

 

"Inggih Rama" wangsulanku karo sansaya ndhingkluk kurmat marang wong tuwaku angkat sing banget kasok tresnane marang awakku.

 

"Sabanjure awakmu kudu ora kena dhemen melik marang duweke liyan, aja gampang muring utawa nesu. Wong sing dhemen melik marang darbeke liyan sok nuwuhake tekad wani tumindak sedheng, nyingkur paugeran mung nuruti rasa kepengine, temahane bakal nemu bilahi. Wong sing gampang nesu kuwi nkerep nuwuhake getun ing tembe mburine. Dadi manungsa kuwi  aja kendel-kendel sing adhakane gampang ndadekne uripe cuthel, nanging ya aja jirih-jirih sing bisa nuwuhake jiwa lan ragamu dadi ringkih. Sranane wong ngalab rahayu kuwi bisoa ngecakne urip sing samadya. Pituturku dina iki cukup samene dhisik, gagasen kanthi weninging ati, sing jumbuh karo nalarmu bisa mbok gugu dene yen miturut nalarmu ora bener becik takokna luwih dhisik sadurunge mbok buwang adoh" Rama Tumenggung mungkasi nggone paring pitutur.

 

Nganti suwe anggonku nggagas pituture Rama Tumenggung mau, siji wae miturut panemune nalarku ora ana sing kleru. Aku temen-temen wis kasengsem karo kabeh pitutur sing tak tampa mau. Nganti suwe aku ora ngalih saka panggonanku lungguh ngadhep ing ngarsane Rama Tumenggung mau. Kamangka wis sauntara Rama Tumenggung jengkar saka papane mlebu ing paleremane.

 

Aku lagi duwe karep ngalih saka papan kono bareng saka pendhapa keprungu suwarane abdi katumenggungan omong-omongan rada banter karo wong sing lagi teka, ya iku Mukara sing arep nemoni aku. Gageyan aku menyat, arep nemoni Makara mbok menawa ana perkara sing wigati sing mbutuhne gage-gage ditandangi.

 

"Wis suwe apa nggin ndika teka iki mau Kakang Makara?" pitakonku karo nyedhaku Makara sing lagi linggih ing dhingklik ing pendhapa sisih ngarep lagi jagongan karo Titir abdi ing Katumenggungan.

 

"Nembe kemawon kok Gus" wangsulane Makara karo mesem sajak seneng atine.

 

ana candhake.

 

Sabtu, 04 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (009)

 

9.

mBah Tambak lajeng nata anggenipun lenggah, sasampunipun nyedhot ambegan radi panjang kaping tiga menapa kaping sekawan, lajeng miwiti anggenipun carios :

"Biyen kanthi tinengeran karo jenang abang dening wong tuwaku aku diwenehi tetenger utawa jeneng Suwanda. Miturut ujare wong tuwaku, jeneng Suwanda kuwi dijupuk saka layang kuna yen ing jaman biyen ana satriya sing ambeg bawa leksana lan tansah anetepi kasatriyane. Kanthi menehi jeneng aku Suwanda kuwi wong tuwaku kepengin mbesuke yen aku wis diwasa bisa nulad lekase Raden Suwanda sing kocap ing layang kuna kuwi, ya iku dadi satriya sing lelabuhane ginulung ing telung perkara yaiku guna, kaya lan purun sing kanggo nuhoni trah utama.

Pancen wong tuwaku kuwi klebu wong sing duwe kalungguhan sing kinurmatan dening sapepadhaning wong. Dening Kanjeng Sinuhun ing Majapahit kaparingan kaparcayan ngerehake kawula ing Majapahit kurang luwih cacah sewu kulawarga kanthi pangkat Panewu. Nek neng padhukuhan sing dilungguhi wong tuwaku, pangkat panewu kuwi pangkat sing dhuwur, nanging yen wis digawa ing paseban agung, pangkat panewu kuwi mung kaya dene bledug ing satengahing krikil lan watu sing ana gisiking kali. Ora ana apa-apane yen ditandhing karo pangkat Demang, Panji utawa Rangga luwih-luwih nek dijejerne karo pangkat Tumenggung, blas ora ana ajine. Mula ing jagading pasrawungan, aku sing anak Panewu manawa nuju ing padesan reh-rehane wong tuwaku, prasasat saben bocah sing sapantaranku padha wedi lan ngajeni marang aku. Nanging yen metu saka laladan reh-rehane wong tuwaku utawa ing kutha gedhe Majapahit, aku iki ya ora ana ajine babar pisan. Kasoran pamor karo putrane para penggedhe.

Merga wong tuwaku duwe gegayuhan supaya ing tembene aku bisa luwih mukti lan luwih wibawa tinimbang wong tuwaku sing mung dadi Panewu, aku banjur disuwitakne marang priyagung ing Kutha Raja Majapahit, ya iku Tumenggung Jatikusuma. Ing Katumenggungan Jatikusuman, kajaba ngladeni Gusti Tumenggung lan rerewang nandangi kang dadi jejibahane nDara Menggung, aku uga diweleg kawruh tata carane dadi abdining negara sing becik. Aku dhewe rumangsa seneng nglakoni sing dadi rerigene wong tuwaku kuwi. Mula kabeh gaweyan sing diparingake marang aku dening nDara Menggung tak tandangi kanthi senenging ati linandhesan rasa ikhlas ing lahir tumusing batin. Mula ora aneh yen kabeh sing dadi dhawuhe ndDara Menggung, bisa tak wujudi klawan becik lan sampurna, jumbuh karo sing dadi kersane bendaraku ya iku nDara Menggung Jatikusuma.

 nDara Menggung sing dhasare ora kagungan putra kuwi banget asih marang aku, malah saking asih lan tresnane nganti kaya-kaya aku iki dianggep putrane dhewe. Ora mung kuwi, aku tau krungu rerasanane nDara Menggung karo Nyi Menggung, yen aku arep diunjukne ing ngarsane Gusti Patih supaya jenengku cinathet ing layang kekancinganing negara minangka putrane nDara Menggung Jatikusuma, pamrihe ing mbesuke supaya aku bisa oleh sihing Dalem kaparingan pangkat ing paprentahan Majapahit. Lan rerasanan kuwi wekasane dening nDara Menggung uga dikandhakne marang aku.

"Suwanda" dhawuhe nDara Menggung sawijing esuk nalika aku lagi nindakne kuwajiban minangka abdi ing katumenggungan "nyedhaka mrene aku arep kandha marang awakmu".

"Badhe kaparingan dhawuh menapa Gusti?" aturku sawuse lungguh ngapurancang ing ngarasane nDara Menggung "abdi jengandika pun Suwanda tansah siayaga ing dhiri lan sawega ing gati".

"Wiwit dina sesuk kowe tak dhawuhi supaya manggon ing dalem Katumenggungan, awit kowe arep tak paringi jejibahan sing luwih abot yen ditimbang karo jejibahan sing mbok ayahi nganti dina iki" dhawuhe nDara Menggung karo nyawang aku sing lungguh amarikelu ing ngarsane.

"Minangka abdi ingkang tuhu boten gadhah pepundhen kajawi namung jengandika Gusti Menggung,andi jengandika kula namung nadhe ngestokaken dhawuh, mugiya kula saged lebda ing karya, ngayahi jejibahan peparingipun Gusti Tumenggung".

"Sumurupa Suwanda" nDara Menggung nutugne olehe ngendika "sesuk kuwi kajaba bakal tak unjukne ing ngarsane Gusti Patih bab jejibahanmu sing anyar iki mengko murih ana undhak-undhakan blanja saka negara marang awakmu, uga bakal tak unjukake supaya jenengmu cinathet mlebu dadi peranganing kulawargaku, ya iku kowe tak dhaku dadia anakku, sing ing tembene supaya awakmu bisa marisi apa-apa sing dadi tinggalanku samngsane aku wis teka watesing janji sokur bage menawa dening Gusti Patih kowe dirigenake murih kaparingan pangkat saka Kanjeng Sinuhun Prabu, dadi bisa luwih cetha kang dadi dina tembemu".

"Samanten agenging sih katresnan jengandika Gusti Menggung dhateng pun Suwanda, inggih awit saking menika gandheng kula ngrumaosi bilih boten badhe kongang menawi ta kula kepengin atur piwales dhateng jengandika Gusti kula, mugi kaparengna kula aprasetya  lan mugi Hyang Widhi paring kasembadan, sanadyan badhe nemahana putung kinarya bebalang utawi lebur kinarya sesawur, sauger menika awit nglampahi dhawuh jengandika Gusti kula Kanjeng Tumenggung, badhe kula lampahi kanthi suka gambiraning manah" wangsulanku marang bendaraku wektu kuwi, iya awit saka senenging atiku lan minangka atur panuwun marang ndara Menggung.

"Iya Suwanda" nDara Menggung "saiki rungokna apa tambahing jejibahan sing kudu mbok lakoni sawuse mengko kowe ngalih manggon ing sajroning Dalem Katumenggungan. Kang kapisan, gandheng kowe ngerti dhewe yen wektu iki gaweyanku minangka Tumenggung luwih akeh katindakne ing sajabaning Dalem Katumenggungan, nanging kepara luwih akeh ing satengahing panguripane para kawula, mula kanggo ngladeni kabutuhane kawula kang teka ing dalem Katumenggungan, tak sampirake marang awakmu ladenana kawula kang teka kanthi becik, rampungna perkara kang kudu dirampungake kanthi asmaku minangka Tumenggung Jatikusuma".

"Kawula nuwun, ngestokaken dhawuh"

"Kaping pindho" Dhawuhe nDara Tumenggung sabanjure "awakmu tak keparengake, ngaturi aku ora kaya padatane yaiku Gusti Tumenggung utawa nDara Menggung, nanging nganggowa sesebutan Bapa marang aku lan Ibu utawa Biyung marang Nyai Menggung. Sabanjure aku nitip prentah, awakmu uga kudu nglakoni apa-apa sing dadi dhawuhe Ibumu ya Nyai Menggung kanthi sabencik-becike, ora tak keparengake awakmu kumawani ndaga dhawuhe".

"Ngaturaken sewu genging panuwun Gusti, eh Bapa Tumenggung, sedaya dhawuh jengandika badhe kula lampahi kanthi sukarenaning manah".

"Cukup semene dhisik dhawuhku marang kowe" ndara Menggung mungkasi dhawuhe "tutugna nggonmu nindakne jejibahan dina iki, sedhela maneh para paraganing Katumenggungan bakal yeka lan mlumpuk ing dalem Katumenggungan kene saprelu nampa prentah saka aku, magepokan karo sing lagi wae tak dhawuhake marang awakmu iki mau".

Dina iku uga, ing Katumenggungan dikepyakne dening nDara Menggung babagan jejibahan lan kalungguhanku sing anyar, klebu anggone nDara Menggung wis kepareng mupu aku dadi putra angkate. Para punggawa katumenggungan akeh sing padha nampa kanthi seneng nanging jenenge manungsa akeh, mesthi wae ana sing beda, mligine sing umure sapantaran karo aku sing anggone ngabdi ing Katumenggungan luwih dhisik tinimbang aku. Nanging sanajanta satemene ora sarujuk karo kang dadi kersane nDara Menggung, sing kasebut keri iki ora ana sing gelem ngandhakne olehe ora sarujuk, kabeh mung padha meneng, malah kepara padha wangsulan yen sing didhawuhne nDara Menggung kabeh wis bener lan wicaksana sing tanpa cacad babar pisan. Wong-wong sing nduweni teku ing antarane keplasing lathi ora padha karo sing ana jero ati ngene iki mapan akeh kapranggulan ing saben jaman lan meh ing saben panggonan. Lan yen wis ngira ora bakal kapireng dening kang kagungan putusan sing satemene ora disarujuki kuwi, lagi padha pating klesik rasan-rasan maido karo wong-wong sing satemene ora weruh perkarane. Aku dhewe sing dening nDara Menggung wis dituturi yen mengkone bakal nemoni wong-wong sing ngono kuwi, kudu bisa momong ati, ora kena nimbangi karo laku sing padha karo sing dicakne wong-wong kang mangkono iku. Kudu bisa tumindak sing wicaksana murih wong sing satemene wis kleru tampa kuwi bisa nglenggana lan mbalik dadi becik, ora kedlarung-dlarung olehe padha salah tampa. Mula aku ya mbudidaya murih bisa nglakoni kaya apa sing dadi pituture marang aku, kabeh punggawa katumenggungan tak rengkuh padha, malah aku api-api macak ora ngerti yen satemene ana sing duwe rasa gela utawa malah kepara rasa gething sing mburu sengit marang aku sing tuwuhe merga kanugrahan sing tak tampa saka nDara menggung sing saiki wis dadi wong tuwaku angkat.

Ki Suwela,  Punggawa Katumenggungan sing yuswane sapantaran karo Bapa Tumenggung kang uga kagungan putra sing olehe ngabdi ing Katumenggungan luwih dhisik tinimbang aku, salah sijine wong sing satemene ora sarujuk karo dhawuh sing ditibakne dening Bapa Tumenggung Jatikusuma  magepokan karo lanugrahan sing tak tampa iki.


Jumat, 03 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (008)


 


8.

mbah Tambak lajeng nyaketi papanipun Ki lan Nyi Sarkara ingkang kamitenggengen ningali Ki Tambak ingkang samangke ketingal kados dene priyagung kanthi busana ingkang dipun agem.  Ki Tambak sareng lajeng wicanten dhateng Ki Sarkara lan Nyi Sarkara :

 

"Kowe Sarkara lan kowe Setiti, yen pancen kowe padha gelem tak ajak jagongan, saiki anakmu sing lagi turu kuwi gendhongen. Ayo melu aku jagongan neng jero omah wae lan bobukna anakmu ing papan sing luwih prayoga neng jero omah kana".

 

Ki Sarkara lan Nyi Sarkara sami ngungun ing salebeting manah, jalaran tiyang kalih menika babar pisan boten sumerep griya ingkang wonten sacaketing papan mriku. Lajeng menapa ingkang dipun kajengaken dening Ki Tambak griya kala wau? makaten pitakenan ingkang ngrenggani manahipun Ki lan Nyai Sarkara.

 

Kados mangertosi menapa ingkang nembe dipun gagas dening Ki Sarkara lan Nyai Sarkara, Ki Tambak dumadakan gumujeng radi seru lajeng tanganipun nuding dhateng papan ing pengkeripun tiyang kalih ingkang dipun ajak rembagan kalih wicanten :

 

"Sajake kowe wong loro mau olehe padha ngrasakne luwene weteng nemen banget, nganti padha ora weruh yen ing kidul Sendhang kuwi ana omah, ya omah kidul sendhang kuwi omah sing dadi panggonanku, Sarkara. Ayo diage padha mlebu".

 

Tanpa kraos Ki lan Nyai Sarkara sami noleh ningali papan ingkang dipun tudingi dening Ki Tambak. Tiyang kalih wau sansaya mlengak, awit kekalihipun sami sumerep wewangunan griya ingkang nadyan boten ageng nanging ketingal cekli lan asri. Griya wangun srotongan ingkang mangku latar boten patos wiyar nanging resik lan asri awit kinupengan taneman sesekaran ingkang manekawarni.  Nanging Ki lan Nyai Sarkara boten saged dangu anggenipun nggumuni tetingalan ingkang nembe kemawon sipun sumerepi wau, jalaran kekalihipun kados dipun tarik daya kekiyatan ingkang aneh murih ngetut lampahipun Ki Tambak ingkang mlampah tumuju korining griya ingkang wiyar menganipun.

 

Sasampunipun dumugi salebeting griyanipun Ki Tambak, Ki lan Nyai Sarkara sansaya ngungun malih, awit jejoganing griya kadamel saking tatanan blabag-blabag kajeng jati ingkang sinerut alus, ing mriku sampun ginelaran babut permadani ingkang sakalangkung endah, ing sisih kiwaning jogan wonten dipan kanthil ingkang rinengga mawi ukiran ingkang remit.

 

"Anakmu Pradapa kuwi bobukna ing amben turonku dhisik, banjur padha lungguha neng klasa sing wis digelar kuwi" Ki Tambak wicanten kalih nudingi dipan kanthil ingkang mapan ing pering kering.

 

Kados gudel kineluhan, Nyai Sarkara lajeng nilemaken Pradapa ing dipan ingkang endah awit saking ukir-ukiranipun menika, dipan ingkang ginelaran permadani menika ngganda arum mangambar-ambar kados gandanipun sekar melathi.

 

"Aku ora gumun nek kowe padha gumun amarga anane kedadean sing rumangsamu aneh iki" wicantenipun Ki tambak sasampunipun Ki lan Nyi Sarkara mapan linggih ngadhep piyambakipun.

 

"Nyuwun pangapunten mBah Tambak" Ki Sarkara mantun-mantunaken manahipun kangge pitaken dhateng Ki Tambak ingkang miturut Ki Sarkara kalebet tiyang ingkang aneh menika "kula kalih semah kula boten namung rumaos gumun manggihi lelampahan dinten niki wau, nanging kepara dados bingung jalaran boten saged mikir awit anehing lelampahan ingkang kula panggihi, sepisan malih nyuwun pangapunten, mugi kacethakna dhateng kula kekalih, kula kekalih menika nembe ing alam pasupenan menapa malah sampun ngalih dhateng alam kalanggengan liripun kula kekalih lan anak kula pun Pradapa sampun sami dumugi pejah nanging boten ngrumaosi menawi sampun ngalih alam?".

 

"He he he he......" Ki Tambak gumujeng lajeng suka wangsulan "aja kaduk ati bela panampa pangrasamu Sarkara. Padha sumurupa, kowe sakloron lan anakmu ora lagi ngimpi lan uga durung padha mati, Sendhang Tambak sesajen neng ancak kae mau cetha yen mapan ing alam kang nyata, ya iku alaming jalma manungsa. Dadi sing padha mbok ombe mau, bener-bener banyune sendhang lan sing padha mbok pangan mau temen-temen sega sing diolah dening manungsa. Nanging nek omah iki saisine klebu klasa sing padha mbok lungguhi lan amben sing kanggo turu anakmu kuwi, mula pancen mapan ing alam sing panggonane ing sisihe alam kang kasat mata utawa alaming titah kang asipat wadhag. Ya kene iki sing diarani jagad sonyaluri utawa jagade para prayangan".

 

"Dados kula sabatih menika sampun mlebet alaming para prayangan mBah? Lajeng dosa menapa ingkang sampun kula lampahi temah kula pikantuk pidananing Gusti kedah dados prayangan kados makaten menika?" Ki Sarkara pitaken manahipun sedhih lan susah ingkang boten kantenan, awit nginten menawi piyambakipun tuwin semah lan yoganipun sampun dados prayangan.

 

"Aja banjur susah ngono kuwi atimu Sarkara" Ki tambak suka wangsulan kalih mesem nanging kraos esem ingkang pait, kados nyingidaken raos sesdhih ing manahipun "dudu kowe sa anak bojomu sing wis kesiku ing Gusti temah dadi prayangan, nanging sing nampa lagi nampa benduning Allah kuwi aku, menungsa sing kakehan polah kesurung lekas nuruti pangajake hawa napsu sing srakah, temah wekasane nampa benduning Allah, dadi prayangan sing uripe ora genah".

 

Ki Tambak lajeng ketingal njetung, lenggahipun dheleg-dheleg kados tiyang ingkang nandhang gegetun. Radi dangu anggenipun kendel. Ki sarkara lan semahipun rumaos welas sumerep Ki Tambak ingkang makaten menika, nanging kekalihipun ugi ajrih kaworan bingung manahipun, boten saged wicanten menapa-menapa.

"Puluh-puluh wis dadi lakonku" sareng sampun saantawis anggenipun kendel anjetung, Ki Tambak lajeng wicanten malih "jenenge lakon wajibe iya dilakoni, digetunana yekti tanpa pedah. Ngertia Ki Sarkara, kowe apa dene anak lan bojomu isih panggah wujud manungsa lumrah lan tak pepuji muga-muga ing dina ngarepmu kabeh ora padha kleru nggonmu padha mlaku temah ngambah dalan sing dudu samesthine kaya sing wis tak lakoni iki".

 

"Inggih mBah, pangestunipun mBah Tambak mugi-mugi dadosa srana rahayuning gesang kula sabatih" Ki Sarkara atur wangsulan kanthi suwanten ingkang alus lan ngaosi sanget dhateng Ki Tambak.

 

"Saiki aku arep waleh utawa blaka marang kowe Sarkara" Ki Tambak lajeng wicanten malih "ya aku njaluk pangapuramu, tenane sing nuntun lakumu nganti tekan Sendhang Tambak iki mau ora ana liya kajaba aku dhewe, pancen wis puluhan malah mbok menawa atusan tahun nggonku seneng nuntun lakune wong sing lagi ngumbara utawa lelungan sing sangu kasusahan menyang Sendhang Tambak kene iki. Nanging ajeg wae, kabeh wong sing tau tak tuntun tekan kene, jebul ora ana asile apa-apa tumrap aku lan tumrap wong sing tak tuntun mlaku mrene kuwi mau. Nadyan ta mangkono aku ora tau rumangsa kemba, awit aku percaya marang Maha Welas Asihe Allah sing satuhu ora winates olehe kagungan tresna asih marang kawulaNe sing nedya mertobat bali marang dalan kang sabenere. Ya muga-muga wae, kowe lan anak bojomu dadia wong pungkasan sing tak tuntun menyang Sendhang  Tambak kene, awit yen wis klakon kasembadan pepenginanku sing tak sranani nuntun lakune wong sing lagi lelungan sing sangune kasusahan iki, mangka aku bakal luwar saka sikuning Allah lan ora bakal manggon ing papan kene iki".

 

Anggenipun wicanten Ki Tambak makaten menika wau benten tebih kalih anggenipun nyuwanten ing saderengipun ingkang kepireng aneh, nanging wicanten ingkang menika kapireng kados suwantenipun tiyang sepuh ingkang nembe paring pitutur dhateng anakipun.

 

"Nyuwun pangapunten mBah Tambak........" Ki Sarkara nyelani wicantenipun Ki Tambak badhe pitaken.

 

"Aku ngerti Sarkara" dereng ngantos rampung anggenipun Ki Sarkara badhe pitaken, langkung rumiyin Ki Tambak sampun munggel rembagipun "kowe mesthi bingung karo sing tak karepake klawan apa sing lagi wae tak kandhakne iki mau".

 

"Mila leres makaten mBah" Ki Sarkara atur wangsulan.

 

"Tenane ngono nggonku nuntun wong lelungan sing sangu kasusahan menyang Sendhang Tambak iki, klebu kowe lan anak bojomu,  mung saprelu arep tak jaluki pitulungan sarta arep dak tuduhne dalan murih kowe sa batih tumuli enggal oleh pitulungan" Ki Tambak nglajengaken anggenipun wicanten.

 

"Inggih mBah" Ki Sarkara nyelani rembag malih "saestu kula sakalangkung matur nuwun lan nedha nrima dhateng ndika, menawi ndika kepareng badhe nedahaken marginipun kula pikantuk pitulungan. Lajeng pitulungan menapa ingkang ndika kersakaken saking kula miwah anak lan semah kula mBah Tambak?".

 

"Kanggo mangsuli pitakonmu iki mbutuhake wektu rada sauntara Sarkara" Ki Tambak suka wangsulan "jalaran mula rada dawa critane. Murih cethane bakal tak kandhakne kabeh marang kowe, apa kowe ora kabotan ngrungokake ?".

 

"Babar pisan kula boten kawratan mBah" Ki Sarkara atur wangsulan "suwawi kadhawuhna sawetahipun murih kula saged mangertosi kanthi cetha, kula mlan semah kula badhe anyemak saha migatosaken sedaya ingkang badhe ndika dhawuhaken".

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (007)

 

7.

Tiyang ingkang dugi lajeng gumujeng sarta maido dhateng Ki Sarkara menika katingal radi aeng, boten klamben lan ngangge clana maro kentol, jarikipun kawung nanging anggenipun ngangge inggih namung sasekecane kemawon. Tiyangipun sampun ketingal sepuh, ketitik rambutipun sampun pethak sedaya, iketipun gadhung mlathi nanging inggih namung kaiketaken sesel suwel kemawon, brengos saha jenggotipun panjang nanging arang-arang.  Tiyang wau lajeng mapan linggih ing pasuketan, sarwi mesam-mesem kados patrapipun tiyang ingkang boten jangkep nalaripun. Dupi sumerep tiyang ingkang makaten kala wau, Pradapa ingkang waunipun nangis lajeng mendel, inggih awit rumaos ajrih ningali kawontenanipun tiyang aeng ingkang nembe dugi menika wau. Makaten ugi Ki lan Nyi Sarkara, kekalihipun boten wicanten menapa-menapa, namung mripatipun boten kedhep nguwasi tiyang sepuh ingkang badanipun taksih katingal kiyeng menika. Salebeting manahipun tiyang kalih wau, wonten raos uwas nguwatiraken menawi tiyang ingkang kakinten kirang waras nalaripun menika ngamuk.

 

"Eh, kowe wong salakirabi sing lagi susah atimu, tak takoni padha ngakuwa kajaba yen kowe wong loro duwe pangira nek aku iki wong edan sing lagi kluyuran" dumadakan tiyang aeng wau dumadakan wicanten katujolaken dhateng Ki lan Nyi Sarkara .

 

"Boten Kyai, kula boten gadhah panginten menawi Kyai menika tiyang ingkang gerah engetan" mireng wicantenipun tiyang aeng kala wau, Ki Sarkara kalihan raos ajrih suka wangsulan mawi basa krama, awit Ki Sarkara dumadakan ngraos menawi tiyang aeng menika dede salimrahipun tiyang, saged ugi golonganing Brahmana utawi Waliyullah ingkang nembe nindakaken tapa ngrame "Kyai ngersakaken mundhut pirsa menapa dhateng kula lan semah kula?".

 

"Jenengmu Sarkara ya? lan bojomu kuwi jenenge Setiti ning sawise dadi bojomu banjur karan Nyai Sarkara. Apa pancen bener mangkono?" dumadakan tiyang kala wau nlemak naminipun Ki Sarkara miwah Nyai Sarkara. Mesthi kemawon tiyang kalih niku dados wewah ngungunipun, sampun pinten-pinten wulan sadangunipun nilar griyanipun dereng nate wonten tiyang nyebat naminipun tiyang kalih menika. Nanging tiyang ingkang ketingalipun kados tiyang sakit engetan menika kanthi teteh saged nyebat naminipun Ki Sarkara ugi nami alitipun Nyi Sarkara/ Mila Ki Sarkara sansaya ngandel anggenipun gadhah panginten bilih ingkang wicanten kalih piyambakipun menika cetha menawi unusaning janmi ingkang nembe nglampahi tapa ngrame.

 

"Mila leres dhawuh ndika menika Kanjeng, kula pun Sarkara lan menika semah kula pun setiti" kalih wicanten makaten Ki Sarkara lajeng suka sasmita dhateng semahipun kaajak sareng-sareng ngaturaken bekti dhateng tiyang aeng menika, Nyi Sarkara ingkang nggadhahi panggraita ingkang lantip, sampun tanggap kalihan menapa ingkang dados sasmitanipun ingkang jaler, kekalihipun lajeng nutugaken anggenipun wicanten sinartan atur sembah  "kula kekalih ngaturaken pangabekti Kanjeng".

"He he he he......." tiyang sepuh niku gumujeng nunten ngadeg, nyaketi ancak ingkang kala wau disumerepi dening Pradapa. Ancak ingkang isi sekul jangkep salawuhipun dipun angkat, dipun beta ing ngajengipun Nyai Sarkara kalih wicanten "Setiti, anakmu sing jeneng Pradapa kuwi dulangen dhisik, sajen kuwi duwekku dadi aja kowe kuwatir bakal kuwalat, merga sing ngongkon mangan kuwi aku. Nek anakmu wis wareg kowe ya melua mangan pisan. Aku tak jagongan karo bojomu dhisik".

 

"Ngaturaken genging panuwun Kanjeng, awit peparingipun tedha dhateng anak kula lan kula menika" Nyai Sarkara kanthi gemeter ngaturaken panuwun dhateng tiyang ingkang dereng dipun ngertosi sinten naminipun menika.

 

"He he he aja konjang kanjeng ngono kuwi, aku dudu bangsa Kanjeng jenengku Tambak, wong-wong nek ngundang aku Simbah Tambak utawa mBah Tambak lan sendhang sing mbok ombe banyune kuwi mau jenenge Sendhang Tambak, dijumbuhake karo jenengku sing nduweni jejibahan ngreksa sendhang kuwi" Tiyang sepuh ingkang jebul nami Tambak utawi mBah Tambak menika suka wangsulan dhateng Nyai Sarkara "Uwis saiki gage anakmu ndang didulang selak sansaya kaliren, nek wis kowe ya mangana sawaregmu nek turah bojomu ya si Sarkara kuwi kongkonen mangan pisan ben duwe tenaga, aku tak adus neng sendhang dhisik".

 

"Mangke rumiyin Kanje.... eh, mBah Tambak" Ki Sarkara gentos wicanten "kala wau ngendikanipun badhe mundhut pirsa dhateng kula tuwin badhe ngajak jagongan?".

 

"He Sarkara" mBah Tambak wicanten radi seru "sing duwe karep kuwi aku dudu kowe!. Dadi ya sakarepku ta? mau aku kepengin nakoni kowe, nanging saiki aku kepengin adus dhisik. Lan olehku kepengin ngajak jagongan kowe kuwi ya ora meksa, kowe kena ngladeni karepku ya kena nulak kuwi wewenangmu, nek kowe gelem tak jagongan ya entenana nganti rampung olehku adus, nanging nek kowe ora gelem tak jagongan kowe kena wae lunga saka kene sadurunge aku rampung adus, aku ya ora arep meksa supaya kowe nuruti karepku. Ngerti?".

 

Dipun suwanteni seru makaten menika sakala Ki Sarkara rumaos ajrih lan getun dene sampun kumawantun nyaruwe dhateng mBah Tambak ingkang badhe siram.

 

"Nyuwun pangapunten mBah Tambak" Ki Sarkara wicanten kanthi suwanten gemeter ketang ajrihipun  "mangga menawi ndika ngersakaken badhe siram, saestu kula kanthi lila legawaning manah badhe nuhoni dhawuh ndika, kula purun malah kepara rumaos remen menawi saged jagongan kalih ndika".

 

mBah Tambak boten wangsulan, nanging malah lajeng mlampah njegur dhateng Sendhang. Ki Sarkara boten wantun ngalih saking papanipun lenggah. Sawatawis Nyai Sarkara lajeng ndulang anakipun mawi sekul ingkang wonten salebeting ancak. Dhasar sekulipun saking wos sosohan pethak, pantun menthik urang, wangi tur pulen. Kawewahan lawuhipun ulam ayam ingkang dipun panggang, sambel klapa ingkang dipun gangsa mawi sela bakaran, kulubanipun roning kates ingkang taksih nem. Menapa malih kawontenaipun Pradapa mila sampun sakalangkung ngelihipun, pramila dipun dulang biyungipun anggenipun nedha pun Pradapa inggih telap-telep, sakedhap-sakedhap mangap nedhi murih tutukipun dipun isi, Nanging boten dangu inggih lajeng kraos tuwuk lan wicanten dhateng biyungipun bilih wetengipun sampun wareg.

 

Sasampunipun rampung anggenipun ndulang Pradapa, Nyai Sarkara ugi lajeng nedha ngantos tuwuk. Salebeting manahipun Nyai Sarkara wonten raos ngungun, awit sanadyan sekul ing ancak kala wau ketingalipun namung sakedhik, nanging sareng dipun engge ndulang Pradapa saha dipun tedha piyambak, ketingal menawi sekul menika boten kirang, malah kados-kados taksih wetah jangkep kalihan lelawuhanipun.

 

"Kula sampun nedha lan sampun tuwuk Pakmu" wicantenipun Nyai Sarkara dhateng ingkang jaler "gentos ndika mangga dhahar rumiyin".

 

"Kowe kuwi apa lali ta mBokmu?" Ki Sarkara wangsulan kalihan pitaken "wiwit manten anyar biyen, aku iki nek mangan didhisiki bojoku, neng ati iki ana rasa sing ora kepenak banget banjur nyawang panganan kuwi rumangsaku kok banjur babar pisan ora nengsemake ngono lho? dadi pilih luwe timbang mangan panganan sing ora nyenengake".

 

Nyai Sarkara kraos kaget mireng wicantenipun ingkang jaler makaten kala wau. Sapandurat tiyang estri menika njetung, kedhuwung dene sampun lancang, ngrumiyini anggenipun nedha saderengipun ingkang jaler nedha. Nanging Nyai Sarkara ugi kemutan, menawi kala wau mBah Tambak anggenipun wicanten supados piyambakipun nedha rumiyin lan menawi turah nembe kapurih ngengken ingkang jaler supados nedha.

 

"Nyuwun pangapunten nggih Pakmu?" wasana kanthi suwanten ingkang alus lan alon Nyai Sarkara lajeng wicanten dhateng ingkang jaler "ingkang kula angge ndulang Thole lan ingkang sampun kula tedha niki wau saestu dede gadhahan kula piyambak, nanging sekul kagunganipun mBah Tambak, kala wau mBah Tambak paring dhawuh menawi Thole sampun tuwuk lan kula sampun nedha, supados ndika gentos ingkang nedha. Samangke kantun ndika purun nedha menapa boten sakersa ndika. Menawi kula kaanggep lepat awit sampun ngrumiyini nedha saderengipun ndika dhahar, kula nyuwun pangapunten dene menawi kedah nampi pidana kula saestu lila anglampahi........".

 

"Uwis mBokmu, uwis" Ki Sarkara wangsulan kanthi suwara groyok "sing gedhe pangapuramu, aku sing luput. Uwis saiki aku tak genti mangan, ketoke segane kok pulen lan lawuhe uga sajak gurih".

 

Ki Sarkara lajeng nedha kanthi dhokoh, telap-telep ketingal seger anggenipun nedha. Nyai Sarkara namung kendel mirsani anggenipun ingkang jaler nedha, kekalihipun boten ngertos menawi Pradapa sampun kala wau, angler anggenipun tilem ing pasuketan, ing wingkingipun Nyai Sarkara.  Anyarengi Ki Sarkara ngraosaken tuwuk padharanipun, mBah Tambak sampun mentas saking sendhang. Boten kados wau anggenipun nyandhang, samangke ketingal ngrasuk jarik trungtum, dipoun wiru endah, ngagem rasukan cemeng, anggenipun iket-iketan dipun jilid, rikmanipun dipun sisihaken dhateng wingking ketingal sakalangkung wibawa.

 

ana candhake.


Kamis, 02 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (006)

 

6.

Nalika samanten lampahipun Ki Sarkara lan kulawarganipun sampun tebih nilaraken laladan nagari Pajang. Inggih labet pados slamet ngendhani pangincim saking tiyang-tiyang awon ingkang dipun sraya dening Ki Dangsa, sodagar ingkang rumaos ewa dhateng Ki Sarkara. Inggih gandheng bidhalipun saking Pajang tiyang-tiyang menika boten mbeta sangu menapa-menapa, kajawi sandhangan ingkang tumemplek ing raganipun, pramila kangge mbudidaya murih boten pejah kaliren, langkung-langkung tumrap Pradapa ingkang rikala samanten nembe umur kinten-kinten tiga utawi sekawan tahun, Ki Sarkara tuwin semahipun sami gresek-gresek menapa ingkang saged katedha. Malah menawi kapepet ugi sok mantunaken manah, ngemis dhateng tiyang sanes. Anggenipun ngemis inggih namung kangge nyekapi murih anakipun boten pejah kaliren kemawon, dados menawi sampun pikantuk setunggal wungkus tetedhan inggih sampun. Kedadosan makaten menika lumampah ngantos pinten-pinten wulan, temah kawontenan raganipun titiyang menika sampun ewah tebih. Tilas-tilas menawi Ki Sarkara menika nate dados tiyang ingkang sugih bandha donya labet nggadhahi pakaryan dados sodagar alit-alitan, babar pisan boten ketingal tabetipun. Sedaya katingal kera-kera saha boten pakra, inggih kados limrahipun kere-kere ingkang boten cetha kandhangipun ngaten menika.

 

"mBok kendel rumiyin ta Pakne, suku kula kok kraos theklok sanget kados makaten" nalika lampahipun Ki Sarkara sabrayat dumugi satunggaling bulak ingkang wiyar, dumadakan Nyi Sarkara sambat sayah lan ngajak semahipun kendel.

 

"Iya leren ya leren, nanging ya golek enggon sing rada kepenak, ora neng panasan ngene iki" wangsulanipun Ki Sarkara sarwi nyawang semahipun ingkang ketingal sampun sayah sanget, inggih wiwit wau saderengipun pletheking surya ngantos samangke srengenge sampun ngglewang mangilen, mila dereng kendel anggenipun sami mlampah lan wiwit wingi inggih dereng sami nedha menapa-menapa, kajawi pun Pradapa ingkang wau kober nedha sekul wadhang tirahan kala wingi. Wekdal niku Pradapa dipun gendhong dening bapakipun.

 

"Inggih Pakne" wangsulanipun Nyi Sarkara kalih mripatipun nyawang mengajeng, watawis seket jangkah saking mriku ketingal wonten wit-wit ageng ingkang ngrembuyung pang-pangipun.

 

Saestu sasampunipun dumugi ing ngandhaping wit-witan ingkang ageng kasebat, ingkang pranyata wit Munggur. Ing ngandhaping wit menika wonten sendhang ingkang toyanipun bening lan ketingal nyarong.

 

Ing salebeting batos Ki Sarkara ngraos ngungun, dene ing papan ingkang tebih saking padhusunan makaten menika, teka wonten sendhang ingkang ketingalipun resik, mracihnani menawi asring kaambah dening tiyang. Nanging raos gumun kala wau enggal ical, awit sanaosa tebih saking padhusunan, nanging papan mriku dipun kupengi dening ara-ara ingkang jembaripun boten kantenan. Sanaosa wekdal niku ara-ara kala wau namung bera, nanging Ki Sarkara nggadhahi panginten menawi ing wanci boten mangsa ketigen, ara-ara menika tartamtu dipun olah lan dipun tanemi dening ingkang gadhah. Inggih ambok bilih kemawon, titiyang ingkang nggadhahi siti ing sakupenging sendhang menika ingkang asring saba dhateng mriku menawi mbetahaken toya.

 

Ki Sarkara sasampunipun ngandhapaken Pradapa saking gendhongan tumuli mlampah, mandhap dhateng sendhang lajeng ngunjuk toyaning sendhang sakatogipun. Nyi Sarkara ugi makaten, inggih boten maiben tiyang kekalihipun menika nembe kaliren, dados kangge ngisi padharanipun inggih lajeng sami ngunjuk. Benten kalih Pradapa sanadyan wetengipun ngelih nanging boten kados ngelihipun tiyang sepuhe. Nalika Ki lan Nyi Sarkara sami mandhap dhateng sendhang, Pradapa milih dolanan ing sacaketing sela ageng ingkang wonten sacaketing wit Trembesi ingkang ageng wau. Sela wau awangun kados pipisan nanging ageng, lan ing sandhingipun wonten sela alit ingkang wangun gandhik. Wonten malih sela ingkang wujudipun kados lumpang lan ing caketipun wonten sela ingkang awangun kados alu.  Dumadakan Pradapa ingkang nembe kasengsem ningali sela-sela ingkang rumaosipun aneh awit benten kalihan salumrahing sela menika, sumerep wonten ancak ing sangandhaping sela ingkang awangun lumpang. Ancak menika isi tetedhan maneka warna, wonten sekul jangkep salawuhipun, wonten tetedhan rupi kupat kalih lepet lan jajanan sanesipun. Lajeng ing sisihipun ancak wau wonten ancak malih ingkang isinipun pisang raja satangkep, dipun sisihi apem . Ing mriku ugi wonten Kendhi ingkang kucunipun sunumpetan mawi ron pisang.

 

Nyumerepi kawontenan makaten kala wau, boten sranta Pradapa lajeng mlajar murugi tiyang sepuhipun ingkang nembe kendel ing satepining sendhang.

 

"Alon-alon Dapa, aja mlayu mengko nek tiba?" Nyi Sarkara ingkang nguwatosaken menawi yoganipun dhawah awit playon ing papan ingkang radi miring, nuturi Pradapa.

 

"mBok aja dilokne, nek tiba mengko rak ya tangi" Ki Sarkara ingkang suka wangsulan dhateng semahipun "bocah lanang kuwi upama tiba merga playon utawa penekan kuwi lumrah".

 

"Anu Bapa, aku weruh anu......." Pradapa criyos dhateng Ki Sarkara bilih nembe kemawon sumerep tetedhan ingkang wonten ancak kala wau, nanging boten saged nyebat naminipun ingkang dipun sumerepi.

 

"Anu apa? Ula? Kadhal? apa.... apa?" Ki Sarkara semaur kalih mesem sumerep solahipun Pradapa ingkang ketingal lucu menika, sakeplasan raos ngelih lan sayahing badan saged kaslimur.

 

"Dudu kuwi Bapa" wangsulanipun Pradapa kalih mrengut.

 

"Lha apa? Kucing ? Rase apa liyane?" Ki Sarkara gumujeng alon.

 

"Ya dudu, deloken ta Bapa, ketoke enak lan legi Bapa" Pradapa nyobi nyethakaken menapa ingkang dipun criyosaken "deloken ta, kae lho neng ngisor wit!".

 

"mBok cobi ditingali ta Pakmu!" Nyi Sarkara numpangi rembag "kok sajak nyalawadi".

 

Ki Sarkara ngadeg, lajeng mlampah nuruti lampahipun Pradapa ingkang semu nggeret tanganipun.

 

Sareng dumugi panggenan ingkang dipun kajengaken dening Pradapa lan sumerep ancak sarta isinipun, Ki Sarkara sakala mlengak. Nitik kawontenanipun ancak saisinipun menika dereng dangu anggenipun sumeleh wonten mriku. Nanging sinten ingkang nyelehaken? ing mriku boten ketingal menawi wonten tiyang sanes kajawi namung piyambakipun tuwin semah lan anakipun kemawon.

 

"Ketingalipun menika kok sesajen ta Pakmu?" Nyi Sarkara ingkang ugi sampun sumerep ingkang wau dipun criyosaken Pradapa pitaken dhateng semahipun. Ki Sarkara boten semaur, namung manthuk ngleresaken pangucaping semahipun.

 

"Kuwi dipek banjur dimaem oleh ya Bapa?" sareng dipun tengga radi dangu Ki Sarkara namung kendel kemawon, Pradapa ingkang ngraosaken wetengipun sansaya ngelih, lajeng pitaken dhateng tiyang sepuhipun.

 

"Inggih Pakmu" Nyai Sarkara mbumboni pitakenipun Pradapa, awit Ki Sarkara boten enggal paring wangsulan "menawi menika sesajen, padatanipun menawi sampun dipun tilar dening ingkang yasa, rak lajeng kenging dipun surut?".

 

"Mengko dhisik ta Bokmu" wangsulanipun Ki Sarkara sajak ngatos-atos "aja gampang melik barang kang melok kesusu selak muluk, awake dhewe kudu eling unen-unen sing mulangake yen Desa mawa cara, negara mawa tata, ngana kae".

 

"Kajengipun pripun niku Pakmu?" Nyi Sarkara ketingal dereng mudheng kalih ingkang dipun kajengaken sing jaler.

 

"Yen cara nggone dhewe biyen, pancen bener kaya sing mbok kandhakne mau" kanthi sabar Ki Sarkara nuturi estrinipun "sesajen kuwi nek wis ditinggal dening sing nyelehne, wong liyane sing weruh lan kepengin njupuk sesajen kuwi pancen ora ana sing ngluputake, jenenge nyurut. Nanging kuwi cara ing nggone dhewe, lha nek neng kene, cara ngono kuwi padha cak-cakane apa ora? kuwi awake dhewe rak durung ngerti ta? dadi ya aja kesusu tinimbang mengko dadi kleru".

 

Nyi Sarkara namung kendel boten wangsulan, piyambakipun ngertos kalih ingkang dipun criyosne dening ingkang jaler.

 

"Gage ta Bapa, ndang dijupuk, wetengku wis luwe banget lho!" Pradapa ingkang sampun kepengin nedha kasurung dening raos ngelih ing wetengipun, boten maelu dhateng rembagipun bapa tuwin biyungipun, ngengken Ki Sarkara murih enggal mendhet sesaji ing ngandhaping wit Munggur menika.

 

"Aja ya Le, ora becik" Ki Sarkara gage anggenipun mangsuli "njupuk lan mangan barang sing dudu duweke kuwi jenenge laku sing ora becik, bisa kuwalat!".

 

"Nanging kuwi rak ora ana sing duwe ta Bapa?" Pradapa panggah ngeyel.

 

"Barang kok ora ana sing duwe ki piye ta Le?" Ki Sarkara sabar mangsuli ucapipun Pradapa "kabeh barang kuwi mesthi ana sing duwe, awake dhewe wae sing durung ngerti sapa sing nduweni panganan kuwi kabeh, sing cetha dudu awake dhewe lan upama nganti awake dhewe njupuk lan mangan panganan kuwi bisa kuwalat".

 

"Nanging wetengku wis luwe banget lho Bapa?" Pradapa wiwit prembik-prembik arep nangis ketang anggenipun sampun sawatawis dangu ngampet raos ngelihing wetengipun.

 

Nyi Sarkara ingkang estunipun nggadhahi pamanggih meh sami kalih Pradapa namung kendel boten wantun nyaulu ingkang jaler, ajrih menawi Ki Sarkara nesu, mila lajeng wicanten ngajak nglajengaken lampah murih boten kegodha melik sesajen ing ngadhap wit Trembesi wau.

 

"Mangga Pakmu ndang nglajengne lampah mawon, mugi-mugi enggal panggih tiyang ingkang purun nglintoni tenaganipun piyambak kalih sekul kangge tedhanipun si Thole" lajeng Nyi Sarkara gentos ngandhani yogane "ayo Nang, mlaku maneh sedhela engkas Bapa rak ndang oleh sega, nek neng kesuwen neng kene ya sapa sing arep menehi?".

 

"Nanging saiki aku wis luwe banget Biyung......" Pradapa semaur sajak taksih kepengin saged nedha panganan sesajen ingkang dening bapakipun boten angsal dipun pendhet kala wau.

 

Radi sawatawis Ki Sarkara nuturi lan mbujuk Pradapa supados boten rewel lan murih purun dipun ajak nerasaken lampah, nanging Pradapa boten nggega malah lajeng nangis sambat ngelih.

 

"He he he..... iki ana wong ngerti nek anake luwe kok malah dipeksa dijak mlaku? Kok bodho temen, wong neng kene ana panganan sing keneng dipangan kok malah arep ditinggal lunga?" boten ngretos sangkan paranipun, dumadakan Ki Sarkara sabrayat dipun kagetaken dening suwantenipun tiyang gumujeng lan maido dhateng Ki Sarkara, kawasatanan bodho . Tanpa sranta Ki Sarkara lajeng tumoleh ningali sinten ingkang nembe dugi menika.

 

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...