Total Tayangan Halaman

Jumat, 10 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (015)

 

15.

Nanging jebul pituture Rama Tumenggung sing gampang dirungokne lan bener yen dinalar kuwi pranyata angel olehe nindakne.  Jalarane ya mung sepele, wujude kesandhung dening rasa ewuh lan pekewuh, sing tundhone mung nguwohne rasa getun sing tanpa ana gunane. Merga sawuse aku diwenehi jimat sing bisa marakake kalis saka dayane arak dening Ki Suwela  kuwi, Makara karo Brosot lan Gathuk banjur nyebar kabar tekan ngendi-endi, yen aku iki duwe kakuwatan sing ngedab-edabi ing babagan ngombe omben panunggalane arak lan ciyu. Tata gelar kabar sing disebar kuwi ngunggulake jenengku, nanging uga ndadekne tuwuh panyana saka wong-wong yen sasuwene iki aku klebu wong sing kumalungkung ora pinter srawung, ketitik saben-saben ana pasamuwan sing ana adicara ngombe arak, aku ajek milih ora gelem ngombe. Mula kanggo ngilangne panyana sing ora bener kuwi aku duwe tekad "ndandani" kelakuwan kanthi ngilangne ambeg gumendhungku sarana gelem ngumpuli wong-wong sing dhemen ngombe arak.

Temenan, meh saben dina sawuse rampung nindakne jejibahan, Makara mesthi teka lan ngajak nekani papan-papan sing ing kono ana adicara ngombe arak, tuwak lan sapanunggalane. Aku ora bisa nulak apa sing dadi pangajake Makara kuwi, ujubku idhep-idhep nggladhi raga murih kulina lan bisa ngecakne srawung kanthi becik marang sapepadhaning wong.  Aju uga wiwit nyimpen arak-arak pilihan neng papan paleremanku, tak ombe yen nuju kalane nganggur kanthi ora nggunakne jimat pawehe Ki Suwela, kanggo nglatih raga, dadi ora njagakne katiyasane jimat. Welinge Biyungku sing ana ndesa uga pituture Kanjeng Ibu Nyi Menggung sing menging aku supaya ngedohi omben sing marakne wuru kuwi, wis ilang saka pangeling-elingku. Satemene aku ora duwe panemu yen welinge biyung sarta pituture Ibu Menggung kuwi luput, nanging gandheng karo kahanan sing kudu tak adhepi ing bebrayan gedhe, kapeksa weling lan pitutur kuwi kanggo sauntara arep tak sisihne dhisik. Mengko yen aku wis "bisa ngombe" kanthi becik, pakulinan ngombe arak utawa ciyu lan sapanunggalane kuwi ya bakal tak singkiri, ngombe-ngombe ngono kuwi mung arep tak tindakne samangsane dibutuhake wae. Nanging jebul, petunge nalarku sing keri iki mleset, malah wekasane kaya sing dikuwatirake Biyung apa dene Ibu Menggung, aku nemu cilaka merga omben sing marakne mendem iki.

"Gus Wanda sampun uninga?" nalikane sawijining esuk aku nyedhaki papane Makara nindakne jejibahane minangka abdi Dalem Katumenggungan, Makara takon.

"Apa kuwi Kakang ?" merga durung ngerti sing ditakokne Makara, aku genti mbalik takon.

"Ing sacaketing prasekawan peken, samangke wonten wande enggal, ageng ugi jangkep isen-isenipun" Makara nggenahne apa karepe.

"Durung Kakang" wangsulanku "sapa sing yasa? lan apa wae sing dadi isen-isene? muga-muga kanthi anane warung anyar kuwi bisa murakabi tumrap sing duwe lan tumrap tangga teparone".

"Mila makaten Gus, boten namung tangga tepalihipun kemawon ingkang sami ndugeni wande menika" kandhane Makara maneh "rinten dalu wande menika tansah ketingal reja, jalaran kathah tiyang ingkang nyaba, kajawi riang ingkang griyanipun sacaketing wande mriku, ugi kathah ingkang griyanipun tebih-tebih sami ndugeni wande wau, mliginipun para nom-noman anakipun tiyang ingkang sugih".

"Ya sokur ta nek papan kono dadi reja merga anane warung anyar kuwi" wangsulanku banjur tak tutugne nganggo pitakonan "apa wae sing dicawisne ing warung kuwi? mesthine bangsa sing mencutake lan disenengi wong akeh, yen ora mesthine ya ora bakal ndadekne wong-wong padha gelem saba mrono".

"Leres Gus" wangsulane Makara "estunipun wande menika boten namung wande limrah, nanging wande yasanipun tiyang sugih saking Kitha Raja Majapahit. Wande menika dumados saking griya tiga ageng-ageng, jejer saking ngajeng dumugi wingking. Griya ingkang ngajeng piyambak kangge nyawisititiyang ingkang mbetahaken nedha lan nginum, ing mriku wonten unjukan kopi, dhawet, dawegan lan sapiturutipun. Ugi wonten tetedhan manekawarni sekul lan lelawuhanipun, wonten gule, sate, pecel, rawon lan sanes-sanesipun".

"Warung sing genep tenan isen-isene" aku nyela rembug "dadi ora bakal mbalekne wong sing butuh nggoleki pakaremane".

"Inggih Gus" Makara nutugne kandhane "lajeng ing griyawingkingipun, kacawisaken maneka warni unjukan lan trambulipun, wiwit tuak, ciyu ngantos arak ingkang saking manca nagari wonten sedaya. Mila kathah nem-neman utawi tiyang ingkang kepengin nelakaken raos panuwun kanthi nyugata kanca rowangipun mawi adicara ngunjuk arak, sami ngajak kanca rowangipun dhateng wande menika, jalaran inggih ing mriku sampun jangkep, badhe ngersakaken unjukan kados menapa kemawon, sampun wonten jangkep kaliyan uba rampenipun. Awit ing sisihipun papan kangge ngunjuk menika ugi dipun gelar gamelan jangkep saledhek lan sindhenipun, ingkang ayu-ayu saha sekeca suwantenipun. dados menawi wonten tamu ingkang ngersakaken mbeksa ing mriku ugi saged dipun ladosi kanthi sak sae-saenipun".

Aku ora semaur, mung meneng karo nggambarake ing angen-angen kaya apa wujude warung anyar sing dikandhakne Makara iki. Genah nek sing yasa kuwi wong sing sugih tenan, olehe mbukak warung ora mung kanggo nyukupi kabutuhaning urip saben dinane, nanging tak kira wis wujud pambudidaya kanggo numpuk bandha nambahi kasugihane. Mesthine kanthi anane warung anyar iki bakal bisa aweh gaweyan marang wong liya sing ora mung siji loro, lan aku duwe pangarep-arep muga-muga sing nyambut gawe ing warung sing pepak kuwi bisowa wong-wong sing omahe ora adoh saka papan kono. Dadi anane warung iki temen-temen bisa aweh guna marang wong kono, ora wong adoh sing ditekakne kono. Dadi sing yasa warung kuwi bisa andum kabegjan marang wong sakiwa tengene, ora mung ngeruk bandhane wong kiwa tengene supaya nglarisne dagangan lan bebathene dipek dhewe.

"Lha lajeng niki Gus" Makara guneman maneh "niki ingkang langkung dados pamikat dhateng para nem-neman".

"Apa maneh kuwi?" aku takon.

"Para sindhen lan para ledhek ingkang kula aturaken wau ugi wonten ingkang saged kaagem dening para tamu ingkang ngersakaken lelipur sanesipun, lha kangge babagan menika griya ingkang wingking piyambak kacawisaken minangka papan kangge sesukan ingkang linadosan dening wanita-wanita ingkang dados ledhek utawi sindhen ingkang saged kaagem kala wau. Ing griya wingking piyambak niki, ugi wonten wanita-wanita dede ledhek lan dede sindhen, nanging kacawisaken wonten mriku mligi kangge ngladosi para tamu ingkang mbetahaken panglipuring manah" Makara nggenahne kahanane omah mburi dhewe saka warung kuwi.

Tak gagas iki sing aku ora mathuk lan ora sarujuk. Warung iki jenenge ora warung lumrah, nanging wis dadi warung palanyahan. Lan iki bisa mbebayani tumrap bebrayan. Kajaba bisa ndadekne wong lanang sing wis duwe bojo banjur gampang tumindak sedheng, uga bisa mulang nom-noman dadi wong lanang sing cluthak, seneng mbuwang asil olehe nyambut gawe kanggo seneng-seneng nguja hawa nepsu, mburu kasenengan sing mung sagebyaran. Yen kahanan ngono kuwi diumbar, tak kira bakal gedhe kapitunane tumrap warga sing manggon ing katumenggungan kene kabeh.  Awit dipagerana kanthi rapet pisan, wong sing wis kabidhung lan dikuwasani hawa lan napsu, mesthi bakal wani nekad. Malah ora mokal ketang kepingine nuruti hawa lan napsu banjur akeh sing ora ndulu kekuwatane, dhuwit sithik-sithik sing kudune kanggo nyukupi kabutuhaning kulawarga bisa muspra tanpa tanja merga digawa menyang warung palanyahan iki, malah yen ora ana sing digawa kangge sangu banjur nekad gelem colong jupuk barang sing dudu darbeke kanggo ngragati panyurung hawa nepsune.

"Nyuwun pangapunten Gus" lagi wae aku meneng nggagas sing dicritakne Makara ngono kuwi, dumadakan Sungsang, salah siji saka abdi Katumenggungan sing duwe jejibahan tunggu regol ngarep teka karo kandha marang aku.

"Iya, ana apa Sungsang?" pitakonku gupuh.

"Wonten tamu ingkang ngersakaken sowan jengandika Gus Wanda" wangsulane Sungsang.

"Sapa?" aku takon.

"Ngakenipun nami Waraka, warga enggal ing mriki, griyanipun sacaketing prasekawan peken Katumenggungan" Sungsang nggenahne sapa sing jarene tamu kuwi mau.

Aku meneng sedhela, gagasan sing ana angen-angenku ngira yen wong sing jare duwe jeneng Waraka kuwi wangune wong sing duwe warung anyar sing lagi wae tak rembug karo Makara iki mau. Mripatku genti nyawang Makara,  Makara males nyawang aku karo sorot mripat sing kaya-kaya mbenerake karo apa sing lagi tak gagas.

"Tak enteni ing pendhapa" wekasan aku kandha marang Sungsang "wong sing jeneng Waraka kuwi kandhanana!".

Sungsang mbalik mlaku tumuju regol ngarep.

 

ana cdandhake.


Kamis, 09 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (014)


 13.

Nalika gendul pungkasan diiling isine menyang sloki, Makara wis dhingkluk ora nanggapi maneh,  lungguhe semendhe ing tembok mripate diremne, praupane mbrabak  abang nganti tekan kuping-kuping pisan. Sauntara Brosot karo Gathuk wis ora kuwat obah, kekarone  gumlethak neng jogan, mripate merem. Wong telu kuwi wis nemen banget anggone mendem. Mung kari aku karo Ki Suwela sing panggah kaya mau-maune.  Wekasane gendul pungkasan kuwi mung aku karo Ki Suwela sing ngombe arak sing ana jerone.

"Sampun cetha ta Nakmas?" Ki Suwela nakoni aku karo mesem "gampil sanget ta menawi ngersakaken murih boten wuru?".

"Inggih Ki" aku wangsulan karo mesem "nyata nggegirisi saestu sawabing kematipun Ki Suwela ingkang kaampilaken kula menika".

"Arak ingkang nembe kemawon telas niki dede arak limrah Anakmas" kandhane Ki Suwela sabanjure "menawi namung arak-arak ingkang kulina dipun segahaken ing pasamuwan tiyang kathah ngaten menika boten wonten sapraseketipun menawi katandhing kalih arakipun piyambak niki wau. Mila inggih limrah menawi lare tiga niku sampun sami klenger awit mendem, menawi namung arak limrah kemawon tartamtu Gathuk lan Brosot menika boten badhe kraos menapa-menapa, tiyang kekalihipun menika sampun kondhang kekiyatanipun menawi nginum ciu utawi arak, makaten ugi kalih pun Makara".

"Inggih Ki Suwela" wangsulanku karo noleh wong telu sing isih ora obah kabeh kuwi "langkung-langkung kula, menawi boten kaampilan kemat saking Ki Suwela, mbok bilih kemawon dereng ngantos kalih sloki tartamtu sampun njengkilang".

"Inggih awit saking menika Anakmas, mugi jengandika kepareng nampi talining sih saking kula dhateng anakmas Suwanda, ingkang wujud kemat ingkang jengandika agem kala wau" Ki Suwela banjur guneman maneh "sanaosa boten mbejaji nanging mbok bilih saged kaagem anakmas kangge srana menawi nuju ngrawuhi sedhahan saking para kawula ingkang mawi segahan arak".

"Kula namung saged ngaturaken genging panuwun Ki" wangsulanku "lajeng minangka srikawin saking kemat menika kula kedah ngaturi pinten dhateng Ki Suwela? Lan menapa ingkang kedah kula sirik murih kemat peparing ndika niki boten cabar?".

"Ealaaaah.... anakmas Suwanda" Ki Suwela mesem amba "kok kados kalih sinten kemawon lho? kula kalih Makara menika rak inggih abdi jengandika anakmas ta? Dados sampun menggalih prakawis srikawinipun barang ingkang boten mbejaji menika. Saestu anakmas Suwanda sampun kepareng ngagem pisungsung kula niku kemawon kula sampun rumaos mongkog salebeting manah, jer inggih namung menika ingkang saged kula aturaken dhateng anakmas Suwanda ingkang sampun kathah paring kadarman dhateng kula lan kulawarga kula. Dene sirikanipun menapa sadangunipun Anakmas Suwanda ngagem kemat menika? boten wonten ingkang kedah dipun sirik Ngger. Namung kemawon prayoginipun Anakmas sampun namung ngagem kemat menika kemawon, nanging inggih sanadyan saking sakedhik prayogi sanget menawi ugi anglatih dhiri, murih boten kidhung menawi ngunjuk arak".

"Inggih, Ki Suwela" wangsulanku karo nglolos salah siji kancing gelungku sing digawe saka mas, banjur tak ulungake marang Ki Suwela "sepisan malih kula namung saged ngaturaken panuwun dhateng Ki Suwela miwah Kakang Makara ingkang tuhu tresna dhateng kula, samangke mugi Ki Suwela ugi kepareng nampi tandha raos kurmat lan katresnan kula dhateng ndika, sampun kapirsanan menggah ajinipun nanging mugi karaosna bilih menika raosing kurmat lan tresna kula dhateng ndika Ki Suwela".

"Ngaturaken genging panuwun Anakmas" karo polatan katon seneng Ki Suwela nampani pawewehku  banjur kandhane "peparingipun anakmas menika mugi saged dados jimat lan sageda mewahi kayuwanan kula sakulawarga. Estunipun Anakmas......".

"Inggih menapa Ki Suwela?"

"Estunipun kemat ingkang kula aturaken dhateng Anakmas Suwanda menika, radin-radin tiyang ingkang umuripun sapantaran kula sami nyimpeni, kalebet Gusti Tumenggung Jatikusuma ugi kagungan, namung kemawon kagunganipun Gusti Tumenggung langkung ageng malih menggah daya lan kasiyatipun" .

"Ooo makaten inggih Ki Suwela?" wangsulanku karo manthuk-manthuk, jroning batin aku lagi rumangsa ngerti wewadine Rama Tumenggung sing selawase ora tau wuru nalika ngunjuk arak sanadyan sepira wae akehe.

Gandheng wektune wis rada wengi, aku ya banjur pamitan marang Ki Suwela. Ki Suwela nguntapne baliku nganti tekan regol ngarep, sauntara Makara isih semendhe ing tembok orea obah, ing sandhinge pating glinting Brosot karo Gathuk sing uga isih mendem.

Tekan dalem Katumenggungan aku dadi rada kaget kaworan gumun. Rama Tumenggung jebul lenggah ing pendhapa, ijen tanpa rowang, sauntara para abdi kang duwe jejibahan rondha, padha mlumpuk ing regol ngarep, Alon-alonan aku mlaku nyedhak banjur ngaturake bekti marang Rama Tumenggung lan mapan lungguh ing ngarsane.

"Kok nganti rada wengi nggonmu sanja ing omahe Suwela, ngrembug apa wae Ngger Suwanda?" Rama Tumenggung ndagu aku "gek iki aku kok mambu gandane arak singgahan, apa Suwela aweh suguhan arak marang keng slira?".

"Kasinggihan Rama" aku atur wangsulan, ditlemak kaya mangkono kuwi mau aku ya banjur matur apa anane. Wiwit aku teka nganti aku pamitan saka omahe Ki Suwela, ora ana sing kecicir, kabeh tak aturake marang Rama Tumenggung. Klebu bocah telu sing pating jengkilang mendem sawuse ngombe arak suguhane Ki Suwela lan katiyasanku sawise nggembol kemat olehe menehi Ki Suwela mau.

"Kados makaten menika lho Bapa, jimat ingkang dipun sukakne Ki Suwela dhateng kula, temah kula kalis saking wuru".

Rama Tumenggung manthuk-manthuk, jimatku olehe menehi Ki Suwela dicandhak banjur dipirsani sedhela banjur diselehne maneh.

"Keng slira ngerti kuwi barang apa Ngger?" Rama Tumenggung mirsani praupanku karo paring pandangu.

"Babar pisan kula dereng ngertos Rama" aku matur blaka.

"Sumurupa Suwanda" Rama Tumenggung paring dhawuh, olehe ngendika alon nanging ngemu perbawa "kuwi jimat yasan utawa jimat rekan sing digawe dening manungsa. Mula pancen ya ana guna lan dayane, nanging sanadyan olehe yasa barang kuwi biyen linandhesan ngelmu gaib, nanging ya mung winates ana sajroning ngelmu karang, tegese asil karangane bangsa kan tan kasat mata, ngelmu karang mono kena disanepakne boreh, tegese ora manjing sajroning jiwa, mung manggon ana raga perangan njaba, utawa banter-bantere ya mung teka sajroning kulit nangi panggah sajabaning daging. Dadi ya ora kena banget-banget dijagakne ing butuh, ora arang yen kapengkok ing pancabaya ubayane kerep ambalenjani".

"Tadhah duka Rama" aku matur nyelani dhawuhe Rama Tumenggung "inggih labet saking taksih cetheking kawruh kula, mugi Rama Tumenggung kepareng paring dhawuh murih cethanipun".

"Ngene ya ngger" Rama Tumenggung nutugne olehe ngendika "pancen barang sing mbok tampa saka Suwela kuwi nyata duwe daya, bisa ngalisake sok sapawa sing nggembol saka mendem nalikane ngombe omben sing bisa mendemi, ora mung arak wae, malah mbok menawa sanadyan sing diombe kuwi kecaruban upas pisan, yen nggembol jimat iki ora bakal mendem. Ya merga daya kekuwatan sing ana sajroning jimat kuwi, sok akeh sing banjur nuwuhake lali marang sing ndarbeni. Lali marang pangwasaning Hyang Agung, malah banjur duwe panganggep yen jimat kuwi sing bisa aweh slamet. Kamangka jimat kuwi mung barang yasane manungsa sing diselehi ngelmu, mung emane ngelmu sing diselehne neng kono ya mung ngelmu karang, karangane para lelembut, bisa jim setan lan sapiturute. Mula ora mokal yen ana kalane lagi kaparingan kabegjan dening Hyang Agung, sanadyanta ngombe upas pisan wong sing kabeneran nggembol jimat iki bakal slamet. Nanging nalikane mbarengi tumibane apes, jimat sing dipercaya bisa aweh kaslametan kuwi ora duwe daya apa-apa, sabab ngelmu sing ana jerone babar posan ora kuwawa ngadhepi kersaning Hyang Agung, satemah kena ingaran nalika kapengkok ing pancabaya ubayane mbalenjani. Temah sanadyan nggembol jimat, yen mbarengi tumibane apes panggah bakal nandhang kewirangan merga mendem ngombe arak sing dhasare pancen mendemi. Mula welingku marang keng slira, jimat kuwi kena wae mbok rawati, kena wae mbok gunakne, nanging aja banget-banget nggonmu percaya banjur mbok ngge sesongaran, pamer mrana -mrene yen keng slira bisa kalis saka dayaning arak lan omben sing nuwuhake mendem. Prayoga yen kapeksa wae jimat kuwi olehe nggunakne, kuwi wae aja nganti pegat nggonmu eling lan nyuwun pangayoman marang Hyang Siksma sing ngregem beja lan cilakaning manungsa".

"Inggih Rama, dhawuhipun Rama saestu badhe kula estokaken". atur wangsulanku karo sajroning ati mbenerake kabeh sing didhawuhne Rama Tumenggung. Lan aku kudu tansah eling yen manungsa kuwi kesandhangan, beja, cilaka, bungah, susah, lali sarta apes. Yen Hyang Suksma ngersakne manungsa kudu nyandhang salah siji saka sandhangan kuwi, mangka manungsa ora bisa suwala.

 

ana candhake.

13.

Nalika gendul pungkasan diiling isine menyang sloki, Makara wis dhingkluk ora nanggapi maneh,  lungguhe semendhe ing tembok mripate diremne, praupane mbrabak  abang nganti tekan kuping-kuping pisan. Sauntara Brosot karo Gathuk wis ora kuwat obah, kekarone  gumlethak neng jogan, mripate merem. Wong telu kuwi wis nemen banget anggone mendem. Mung kari aku karo Ki Suwela sing panggah kaya mau-maune.  Wekasane gendul pungkasan kuwi mung aku karo Ki Suwela sing ngombe arak sing ana jerone.

"Sampun cetha ta Nakmas?" Ki Suwela nakoni aku karo mesem "gampil sanget ta menawi ngersakaken murih boten wuru?".

"Inggih Ki" aku wangsulan karo mesem "nyata nggegirisi saestu sawabing kematipun Ki Suwela ingkang kaampilaken kula menika".

"Arak ingkang nembe kemawon telas niki dede arak limrah Anakmas" kandhane Ki Suwela sabanjure "menawi namung arak-arak ingkang kulina dipun segahaken ing pasamuwan tiyang kathah ngaten menika boten wonten sapraseketipun menawi katandhing kalih arakipun piyambak niki wau. Mila inggih limrah menawi lare tiga niku sampun sami klenger awit mendem, menawi namung arak limrah kemawon tartamtu Gathuk lan Brosot menika boten badhe kraos menapa-menapa, tiyang kekalihipun menika sampun kondhang kekiyatanipun menawi nginum ciu utawi arak, makaten ugi kalih pun Makara".

"Inggih Ki Suwela" wangsulanku karo noleh wong telu sing isih ora obah kabeh kuwi "langkung-langkung kula, menawi boten kaampilan kemat saking Ki Suwela, mbok bilih kemawon dereng ngantos kalih sloki tartamtu sampun njengkilang".

"Inggih awit saking menika Anakmas, mugi jengandika kepareng nampi talining sih saking kula dhateng anakmas Suwanda, ingkang wujud kemat ingkang jengandika agem kala wau" Ki Suwela banjur guneman maneh "sanaosa boten mbejaji nanging mbok bilih saged kaagem anakmas kangge srana menawi nuju ngrawuhi sedhahan saking para kawula ingkang mawi segahan arak".

"Kula namung saged ngaturaken genging panuwun Ki" wangsulanku "lajeng minangka srikawin saking kemat menika kula kedah ngaturi pinten dhateng Ki Suwela? Lan menapa ingkang kedah kula sirik murih kemat peparing ndika niki boten cabar?".

"Ealaaaah.... anakmas Suwanda" Ki Suwela mesem amba "kok kados kalih sinten kemawon lho? kula kalih Makara menika rak inggih abdi jengandika anakmas ta? Dados sampun menggalih prakawis srikawinipun barang ingkang boten mbejaji menika. Saestu anakmas Suwanda sampun kepareng ngagem pisungsung kula niku kemawon kula sampun rumaos mongkog salebeting manah, jer inggih namung menika ingkang saged kula aturaken dhateng anakmas Suwanda ingkang sampun kathah paring kadarman dhateng kula lan kulawarga kula. Dene sirikanipun menapa sadangunipun Anakmas Suwanda ngagem kemat menika? boten wonten ingkang kedah dipun sirik Ngger. Namung kemawon prayoginipun Anakmas sampun namung ngagem kemat menika kemawon, nanging inggih sanadyan saking sakedhik prayogi sanget menawi ugi anglatih dhiri, murih boten kidhung menawi ngunjuk arak".

"Inggih, Ki Suwela" wangsulanku karo nglolos salah siji kancing gelungku sing digawe saka mas, banjur tak ulungake marang Ki Suwela "sepisan malih kula namung saged ngaturaken panuwun dhateng Ki Suwela miwah Kakang Makara ingkang tuhu tresna dhateng kula, samangke mugi Ki Suwela ugi kepareng nampi tandha raos kurmat lan katresnan kula dhateng ndika, sampun kapirsanan menggah ajinipun nanging mugi karaosna bilih menika raosing kurmat lan tresna kula dhateng ndika Ki Suwela".

"Ngaturaken genging panuwun Anakmas" karo polatan katon seneng Ki Suwela nampani pawewehku  banjur kandhane "peparingipun anakmas menika mugi saged dados jimat lan sageda mewahi kayuwanan kula sakulawarga. Estunipun Anakmas......".

"Inggih menapa Ki Suwela?"

"Estunipun kemat ingkang kula aturaken dhateng Anakmas Suwanda menika, radin-radin tiyang ingkang umuripun sapantaran kula sami nyimpeni, kalebet Gusti Tumenggung Jatikusuma ugi kagungan, namung kemawon kagunganipun Gusti Tumenggung langkung ageng malih menggah daya lan kasiyatipun" .

"Ooo makaten inggih Ki Suwela?" wangsulanku karo manthuk-manthuk, jroning batin aku lagi rumangsa ngerti wewadine Rama Tumenggung sing selawase ora tau wuru nalika ngunjuk arak sanadyan sepira wae akehe.

Gandheng wektune wis rada wengi, aku ya banjur pamitan marang Ki Suwela. Ki Suwela nguntapne baliku nganti tekan regol ngarep, sauntara Makara isih semendhe ing tembok orea obah, ing sandhinge pating glinting Brosot karo Gathuk sing uga isih mendem.

Tekan dalem Katumenggungan aku dadi rada kaget kaworan gumun. Rama Tumenggung jebul lenggah ing pendhapa, ijen tanpa rowang, sauntara para abdi kang duwe jejibahan rondha, padha mlumpuk ing regol ngarep, Alon-alonan aku mlaku nyedhak banjur ngaturake bekti marang Rama Tumenggung lan mapan lungguh ing ngarsane.

"Kok nganti rada wengi nggonmu sanja ing omahe Suwela, ngrembug apa wae Ngger Suwanda?" Rama Tumenggung ndagu aku "gek iki aku kok mambu gandane arak singgahan, apa Suwela aweh suguhan arak marang keng slira?".

"Kasinggihan Rama" aku atur wangsulan, ditlemak kaya mangkono kuwi mau aku ya banjur matur apa anane. Wiwit aku teka nganti aku pamitan saka omahe Ki Suwela, ora ana sing kecicir, kabeh tak aturake marang Rama Tumenggung. Klebu bocah telu sing pating jengkilang mendem sawuse ngombe arak suguhane Ki Suwela lan katiyasanku sawise nggembol kemat olehe menehi Ki Suwela mau.

"Kados makaten menika lho Bapa, jimat ingkang dipun sukakne Ki Suwela dhateng kula, temah kula kalis saking wuru".

Rama Tumenggung manthuk-manthuk, jimatku olehe menehi Ki Suwela dicandhak banjur dipirsani sedhela banjur diselehne maneh.

"Keng slira ngerti kuwi barang apa Ngger?" Rama Tumenggung mirsani praupanku karo paring pandangu.

"Babar pisan kula dereng ngertos Rama" aku matur blaka.

"Sumurupa Suwanda" Rama Tumenggung paring dhawuh, olehe ngendika alon nanging ngemu perbawa "kuwi jimat yasan utawa jimat rekan sing digawe dening manungsa. Mula pancen ya ana guna lan dayane, nanging sanadyan olehe yasa barang kuwi biyen linandhesan ngelmu gaib, nanging ya mung winates ana sajroning ngelmu karang, tegese asil karangane bangsa kan tan kasat mata, ngelmu karang mono kena disanepakne boreh, tegese ora manjing sajroning jiwa, mung manggon ana raga perangan njaba, utawa banter-bantere ya mung teka sajroning kulit nangi panggah sajabaning daging. Dadi ya ora kena banget-banget dijagakne ing butuh, ora arang yen kapengkok ing pancabaya ubayane kerep ambalenjani".

"Tadhah duka Rama" aku matur nyelani dhawuhe Rama Tumenggung "inggih labet saking taksih cetheking kawruh kula, mugi Rama Tumenggung kepareng paring dhawuh murih cethanipun".

"Ngene ya ngger" Rama Tumenggung nutugne olehe ngendika "pancen barang sing mbok tampa saka Suwela kuwi nyata duwe daya, bisa ngalisake sok sapawa sing nggembol saka mendem nalikane ngombe omben sing bisa mendemi, ora mung arak wae, malah mbok menawa sanadyan sing diombe kuwi kecaruban upas pisan, yen nggembol jimat iki ora bakal mendem. Ya merga daya kekuwatan sing ana sajroning jimat kuwi, sok akeh sing banjur nuwuhake lali marang sing ndarbeni. Lali marang pangwasaning Hyang Agung, malah banjur duwe panganggep yen jimat kuwi sing bisa aweh slamet. Kamangka jimat kuwi mung barang yasane manungsa sing diselehi ngelmu, mung emane ngelmu sing diselehne neng kono ya mung ngelmu karang, karangane para lelembut, bisa jim setan lan sapiturute. Mula ora mokal yen ana kalane lagi kaparingan kabegjan dening Hyang Agung, sanadyanta ngombe upas pisan wong sing kabeneran nggembol jimat iki bakal slamet. Nanging nalikane mbarengi tumibane apes, jimat sing dipercaya bisa aweh kaslametan kuwi ora duwe daya apa-apa, sabab ngelmu sing ana jerone babar posan ora kuwawa ngadhepi kersaning Hyang Agung, satemah kena ingaran nalika kapengkok ing pancabaya ubayane mbalenjani. Temah sanadyan nggembol jimat, yen mbarengi tumibane apes panggah bakal nandhang kewirangan merga mendem ngombe arak sing dhasare pancen mendemi. Mula welingku marang keng slira, jimat kuwi kena wae mbok rawati, kena wae mbok gunakne, nanging aja banget-banget nggonmu percaya banjur mbok ngge sesongaran, pamer mrana -mrene yen keng slira bisa kalis saka dayaning arak lan omben sing nuwuhake mendem. Prayoga yen kapeksa wae jimat kuwi olehe nggunakne, kuwi wae aja nganti pegat nggonmu eling lan nyuwun pangayoman marang Hyang Siksma sing ngregem beja lan cilakaning manungsa".

"Inggih Rama, dhawuhipun Rama saestu badhe kula estokaken". atur wangsulanku karo sajroning ati mbenerake kabeh sing didhawuhne Rama Tumenggung. Lan aku kudu tansah eling yen manungsa kuwi kesandhangan, beja, cilaka, bungah, susah, lali sarta apes. Yen Hyang Suksma ngersakne manungsa kudu nyandhang salah siji saka sandhangan kuwi, mangka manungsa ora bisa suwala.

 

ana candhake.

Rabu, 08 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (013)

 

13.

Bareng aku teka wong loro kuwi banjur padha ngadeg mapagne, aku digandheng Ki Suwela banjur dilungguhne neng babut si digelar, nyangga dhampar wadhah jejeran gendul isi arak-arak kuwi.  Sawuse aku lungguh, Makara ngadeg menyat ngalih metu saka omah liwat lawang iringan, embuh menyang ngendi aku ora ngerti parane. Merga olehe pamit mung karo mesem muni dipun rantos sekedhap nggih Gus ngono. Maune aku arep takon nanging Makara kebacut metu saka omah.

"Makara sampun criyos dhateng kula, bilih jengandika Gus Dapa ngersakaken sinau kados pundi caranipun murih saged boten wuru nalikanipun ngunjuk unjukan panunggalanipun arak" Ki Suwela guneman nalika weruh aku ora noleh-noleh nyawang papan lungane Makara.

"Mila leres makaten Ki" aku wangsulan karo nyawang praupane Ki Suwela "awit bares kemawon, kula kepengin sanget saged anyrawungi sadhengah tiyang kanthi margikaning manah, kamangka sadangunipun menika, gandheng kula boten nate nginum unjukan panunggalanipun arak, kula lajeng dados kikuk lan kidhung menawi anuju wonten ing adicara ingkang ing mriku wonten pasegahan ingkang rupi arak".

"Menika tuhu leres lan ambeg ingkang wicaksana Anakmas" Ki Suwela wangsulan karo mesem amba "awit nalaripun tiyang kathah menika sok boten sami, wonten ingkang menawi anggenipun atur pasegahan rupi arak menika dipun tampik liripun boten dipun unjuk dening ingkang dipun segahi, inggih boten ngraos cuwa malah lajeng gadhah dudutan menawi ingkang dipun aturi menika mila boten ngunjuk unjukan ingkang makaten menika. Nanging ugi kathah ingkang gadhah pamanggih bilih tamu langkung-langkung priyagung ingkang nampik dipun segahi arak, menika dipun anggep ngremehaken dhateng ingkang nyegahi lan tamu utawi priyagung menika lajeng dipun wastani tiang ingkang nggadhuh watak kumenthus ngendelaken dumeh nggadhuh drajat ingkang inggil".

"Inggih awit saking menika Ki Suwela" wangsulanku nimbangi rembug "dupi kula sumerep Kakang Makara ingkang sanadyan anggenipun ngunjuk arak sampun ngliwati wates suprandene panggah boten wuru, kula lajeng kepengin saged kados Kakang Makara menika. Awit rumiyin kula nate nyobi nglangga arak, namung setunggal sloki, nanging sirah kula sampun kraos kliyengan malah lajeng ngraosaken lemes ing sakujuring badan, kula lajeng kapok dugi sapriki boten wantun ngombe unjukan ingkang makaten menika".

"Menika leres Anakmas" Ki Suwela guneman karo ngguyu lirih "estunipun anggen jengandika kliyengan sasmpunipun ngunjuk rumiyin menika, namung jalaran saking dereng kulina kemawon. Menawi dipun ambali sasampunipun raos kliyenganipun ical, boten badhe kliyengan malih, malah lajeng saged mewahi daya kekiyatan. Saged kliyengan utawi ngantos wuru menika menawi anggenipun ngunjuk nglangkungi ingkang sampun dipun unjuk, upami boten inggih boten badhe kliyengan menapa malih wuru. Upaminipun menawi ingkang pungkasan anggenipun ngunjuk sasloki, menawi ngunjuk malih namung sasloki inggih boten badhe kraos menapa-menapa kajawi nambahi segering salira, menawi ngantos kalih sloki inggih badhe ngraosaken kados nalika sepisanan ngunjuk menika".

"Dados makaten inggih Ki Suwela?" aku lagi mudheng karo sing dikandhakne Ki Suwela "manawi makaten murih kiyat kados Kakang Makara ngaten menika kedah dipun gladhi mbaka sakedhik inggih Ki?".

"Mila makaten Anakmas" Ki Suwela mesem amba "nanging menika radi dangu cak-cakanipun, menawi Makara menika kajawi sampun linatih anggenipun nginum, ugi kula gadhuhi gembolan kemat ingkang nggadhahi daya kekiyatan boten badhe wuru menawi ngunjuk arak sanadyan nglangkungi wates".

Ki Suwela ngetokne barang sing gedhene sadriji jempolan, dawane kira-kira telung nyari dibuntelk nganggo mori rupane putih, banjur diselehne neng ngarepku karo kandha :

"Kados menika wujudipun, Anakmas. Menawi jengandika kersa, kemat menika saged jengandika agem. Dene dayaning kemat menika inggih kados ingkang sampun kula aturaken wau, Anakmas saged ngunjuk arak ingkang kados menapa kemawon wujudipun lan sepinten kemawon cacahipun, bebasan ambok sagenthong dipun unjuk ijen ing wekdal sapalenggahan Anakmas boten badhe ngraosaken menapa-menapa".

"Makaten inggih Ki Suwela?" aku ora pati percaya karo sing dikandhakne Ki Suwela kuwi, nanging aku ora wani blaka.

"Inggih Anakmas" wangsulane Ki Suwela wangune ngerti yen batinku nggorohne karo apa sing dikandhakne "mangke saged dipun cobi, ing dhampar menika wonten arak ingkang cacahipun kalih welas gendul. Mangke saged kangge pacoban, Anakmas Wanda kula aturi ngagem utawi nganthongi kemat menika rumiyin. Niki wau Makara nembe nimbali rencangipun ingkang sampun kulina nginum arak, nanging boten nate mbekta kemat kados kemat ingkang makaten menika. Mangke, kula jengandika, saha Makara lan rencangipun ingkang nembe dipun purugi, sareng-sareng nelasaken arak ingkang wonten dhampar menika. Mangke Anakmas Suwanda saged pirsa piyambak menapa ingkang kelampahan. Menawi ngantos Anakmas alitipun ngliyeng agengipun ngantos wuru menawi ngunjuk arak menika, kula sagah kapatrapan pidana saawrat-awratipun".

Aku manthuk-manthuk, jroning batin rumangsa getun dene mau wis nggorohake apa sing dikandhakne Ki Suwela. Kemat sing mau diselehne neng ngarepku banjur tak jupuk lan tak lebokne ing jero gembolanku. Pas kuwi mbarengi tekane Makara sing ditutne bocah nom-noman loro sing uga wis tau tak tepungi sadurunge. Yaiku Brosot anake Kebayan Driya karo Gathuk anake Molang Wirya. Nom-noman loro kuwi pas Wuyungan duwe gawe nyewu uga katon melu teka ana kana.

Kanthi sikep sing kurmat nom-noman loro kuwi genti-genti atur bekti marang aku lan Ki Suwela, banjur mapan lungguh njejeri Makara karo ndhingkluk amarikelu, sajak pekewuh merga lungguh sapajagong karo aku.

Ki Suwela katon ngedhepi Makara, aweh sasmita apa aku ora ngerti. Makara sing tanggap karo karepe wong tuwane banjur wiwit guneman :

"Kaya sing wis tak kandhakne mau Brosot karo kowe Gathuk, wengi ki bakal tak buktekne ing ngarepmu bocah loro, yen anggonku ngemum unjukane Gus Wanda ing omahe Wuyungan kae, temen-temen ngemum. Ora kaya sing mbok kandhakne nek Gus Wanda kuwi nom-noman kacangan sing mung wani nglangga banyu kendhi utawa nyruput wedang kopi".

"Nyuwun pangapunten Gus, kula kekalih estunipun namung gujengan salebetipun nembe mendem. Saestu kula kekalih nyuwun pangapunten" Gathuk nugel rembuge Makara asok kaluputan lan njaluk pangapura marang aku.  Aku ora wangsulan mung mesem karo manthuk-manthuk minangka sasamita yen aku ora nesu.

"Bengi iki, wis tak cepakne rolas gendul arak lawas simpenane Bapa Ki Suwela warisan saka mbah buyutku biyen, dadi mung kacek sethithik karo arak sing disuguhne Wuyungan pas nyewu wong tuwane kae. Arak iki tak unjukne ing ngarsane Gus Wanda, minangka atur panuwunku dene aku wis dikeparengake ngemum unjukane ing omahe Wuyungan kae, lan murih regeng maneh aku karo Bapa uga arep ndherekne anggone ngunjuk Gus Wanda lan kowe bocah loro wis tak suwunake palilah Gus Wanda murih dikeparengake ndherek ngombe" Kandhane Makara nutugne olehe nyethakne karepe.

"Ngaturaken genging panuwun Gus Wanda" Gathuk karo Brosot bareng-bareng ngaturne panuwun marang aku. Aku mung wangsulan karo mesem. Aku wiwit ngerti apa karepe Makara lan Ki Suwela wengi iki. Pancen bener-bener julig sing babar pisan ora ngawistarani.

"Menika makaten Anakmas" Ki Suwela banjur guneman maneh "gandheng arak-arak ingkang wonten menika kalebet arak singgahan lami, prayoginipun inggih kedah saged katelasaken ing dalu menika murih boten kedangon anggenipun kanginan pramila sengaja niki wau namung kula pendhetaken ingkang wonten ing guci alit kemawon, dados namung wonten kalih welas gendul".

 

"Inggih Ki Suwela" aku keseret melu ngrewangi kajuligane Ki Suwela lan Makara kanthi guneman ing ngarepe Brosot lan Pethuk, api-api ngerti lan mbenerne karo sing dikandhakne  Ki Suwela "inggih kula ngaturaken genging panuwun, murih saged telas mangke awakipun piyambak, mliginipun kula supados dipun rencangi dening Brosot lan Gathuk ingkang dipun dugekaken dening kakang Makara menika".

Ki Suwela mesem katon nek lega, samono uga karo Makara. Brosot lan Gathuk wola-wali ngaturake panuwun marang aku lan marang Ki Suwela.

Adicara ngombe arak singgahan lawas kuwi nuli kawiwitan, cangkir siji wis dicawisake kanggo gentenan ngombe arak singgahan kuwi, diwiwiti saka aku banjur disusul Ki Suwela lan Makara. Brosot lan Gathuk tiba oleh giliran keri dhewe. Diwiwiti saka gendul kapisan nganti entek banjur disusul gendul kapindho lan sabanjure. Ing kene aku klakon bisa mbuktekne kabeh apa karo sing dikandhakne dening Ki Suwela mau. Nalika wis nyandhak wiwit ngiling arak ing gendul kang kaping lima, tak sawang Makara wiwit mbrabak abang praupane,  Gathuk lan Brosot wiwit wani guneman sing ora karu-karuwan, mratandhani nek padha wis wiwit mendem. Sauntara aku, babar pisan ora krasa apa-apa, weteng uga ora krasa mbeseseg kaya lumrahe wong kakehan ngombe banyu kendhi ngana kae. Malah neng awak krasa sansaya seger. Ki Suwela nyawang aku karo mesam-mesem, aku nimbangi lan nuduhne yen wis ngandel lan percaya karo apa sing dikandhakne Ki Suwela mau.

 

ANA CANDHAKE


SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (012)


12.

Jebul Makara olehe kasep nggone teka ing papan pagaweyane ora pati kawanen, malah kepara kena diarani ora kasep merga sing tekane luwih awan tinimbang Makara uga ana. Tapet-tapete yen mentas mendem kakehan ngombe arak, babar pisan ora ana. Malah esuk kuwi Makara katon luwih seger lan luwih sumunar cahyane. Mangkono uga solah bawane uga luwih trengginas ora klentrang-klentreng kaya wong yen lagi kurang turu ngana kae.Suwarane keprungu gandhang tak rungokne saka papanku nyambut gawe, Makara lagi omong-omongan karo kancane.

"Elho? ora sida kasep teka ndika Kakang Makara?" Makara tak cedhaki banjur tak takoni "apa mau ora sida leren turu? Nanging katone ndika tambah seger lan sumringah lho?".

"Kala wau dumugi griya kula inggih lajeng tilem kok Gus" wangsulane Makara karo mesem "gandheng tilem kula boten wonten ingkang ngresahi, inggih lajeng bleg-sek ;an saged ngraosaken tuwuk nalika kula tangi".

"O ngono?" aku nimbangi eseme "malah aku sing kebablasen durung turu nganti seprene, lha wong lagi wae arep mapan kedadak Gusti Menggung wis tata-tata arep budhal menyang negara, dadi aku ya ora sida turu".

"Inggih?" Makara wangsulan karo nyawang aku "nanging jengandika boten katingal menawi arip lho Gus, malah kepara ketingal seger".

"Nek kuwi ya ora nggumunake" wangsulanku karo mesem "jeneh wong olehku melek mau bengi kuwi mung melekan lumrah, ora kambon omben sing marakne wuru kae babar pisan, ya beda karo ndika sing kudu ngalingi pengapesanku banjur aweh pangayoman kanthi ngentekne jatah sing kudune jatahku, upama larihan mau bengi ora ana ndika, aku ora bisa nggambarake kaya apa dadine awaku ing esuk iki".

"Walah mandhak namung makaten kemawon kok wongsal-wangsul dipun dhawuhaken ta Gus- Gus" karo ngguyu lirih Makara wangsulan "malah menawi kagagas kanthi saestu, dede kula ingkang ngalingi jengandika Gus Wanda, nanging malah kula ingkang nampi kanugrahan saged ngemum unjukan jengandika ngantos tuwuk".

Punggawa Dalem Katumenggungan sing olehe nyambut gawe cecaketan karo papanku jagongan karo Makara padha pating plenggong, katone durung padga ngerti  sing lagi tak rembug karo Makara iki.

"Critane ki ngene lho kanca-kanca" Makara guneman ngandhani kanca-kancane sing pating plenggong ora mudheng karo sing lagi wae tak omong "mau bengi kuwi aku rak nampa kanugrahaning Bathara?"

"Kanugrahane Bathara? Ki Makara?" salah siji saka wong sing ana kono takon.

"Iya, aku oleh kalodhangan bisa ngemum unjukane Gus Suwanda nganti saktuwuke" Makara nutugne olehe guneman "mau bengi kuwi, sanakanku si Wuyungan Blantik Kebo Pajaringan kae rak nyewu wong tuwane? nanggap wayang pisan, banjur Bagus Suwanda tak dherekne mrana".

"Lha banjur?" kancane Makara sumela takon.

"Mesthi wae Wuyungan rumangsa seneng lan marem awit karawuhan Gus Suwanda, putra angkate Gusti Menggung. Mula banjur ngetokne pasuguhan sing mirunggan, arak sagenthong ditokne kanggo ngurmati rawuhe Gus Suwanda. Para tamu melu seneng, merga padha ngerti nek arak sing ditokne Wuyungan kuwi simpenane mBah Buyute, sing embuh wis pirang puluh tahun suwene, arak sagenthong dileboni anak kidang lan anak menjangan, banjur dipendhem nganti pirang-pirang puluh tahun. Lagi diwetokne mau bengi kuwi, merga karawuhan priyagung saka Katumenggungan kene".

"Waaa, nek ngerti ndika ndherekne Gus Wanda, jathuka aku rak nusul" kandhane kancane makara nyelani rembug "jeneh aku ora oleh uleman, sing oleh malah wong tuwaku nanging ora bisa budhal merga lagi keneng panastis".

"Ngerti yen ana omben sing langka ngono kuwi mau, aku banjur nembung marang Gus Wanda supaya aku dikeparengake ngemum unjukane, ketang welase karo aku Gus Wanda ngeparengake kabeh unjukan sing katur panjenengane tak ombe, mula olehku ngombe ya rada sawatara akehe".

"Sing kebangeten kuwi tenane rak aku?" aku banjur melu nrambul gunem "lha wong mung ngombe arak wae, jebul aku iki ora wani. Merga wiwit biyen aku durung tau weruh rasane, jalaran pancen dening biyungku neng ndesa kana aku diweling aja nganti ngombe tunggalane arak ngono kuwi, dadi aku mau bengi kuwi bares wae wedi nek nganti aku mendem lan dadi guyone wong akeh. Tujune mau bengi kuwi ki ana Kakang Makara sing saguh dadi tamengku, upama ora kira-kira embuh dadine karo awakku, kira-kira ya mendem neng omahe Wuyungan dadi guyonane bocah-bocah cilik merga mutah cecek gumlethak neng lemah".

Wong-wong sing krungu olehku guneman padha meneng, sajake duwe rasa pekewuh menawa arep nanggapi karo apa sing tak kandhakne kuwi.

Bengine aku pamitan marang Rama Tumenggung nek arep sanja ing omahe Ki Suwela. Kaya padatan Rama Tumenggung Jatikusuma paring weling supaya aku ora ninggal kaprayitnan lamun jagongan karo Ki Suwela lan anake lanang, Makara. Olehku sanja ing omahe Ki Suwela kuwi mung prelu sepele, ya iku arep njaluk warah marang Makara supaya bisa kaya dheweke anggone kuwat ora nganti mendem menawa nuju ngombe arak utawa ciyu. Aku mula kepengin banget bisa ngumpuli kabeh kanca-kanca apa dene kawula ing sakiwa tengene dalem Katumenggungan kanthi wutuh. Kalebu kepengin bisa nimbangi samangsa-mangsa kudu ngadhepi suguhan arak utawa ciyu. Aku ngerti yen nalikane aku ora gelem ngombe nalika disuguhi arak ing pasamuan ngana kae, ora ana wong sing kawetu maido marang aku, nanging aku wedi karo wewayanganku dhewe, kuwatir yen nganti ana sing mbatin yen olehku ora gelem ngombe inuman sing bisa marakne wuru kuwi, merga kasurung rasa angkuhku. Kamangka aku ora kepengin ana wong sing duwe pangira yen aku iki wong sing angkuh utawa wong sing duwe watek gumedhe sing seneng ngrenmehake sapepadhaning wong. Babagan iki temene uga nate tak aturake marang Rama Tumenggung lan Ibu Nyai Menggung. Nanging Rama Tumenggung babar pisan ora mrayogakne aku supaya sinau ngombe arak utawa ciyu. Malah Panjenengane dhawuh, ora ana tunane nek mung dikira gumedhe mung sabab nampik suguhan arak ing pasamuwan, merga Rama Tumenggung kagungan panemu kaya panemune Biyungku sing ana ndesa, ngombe arak utawa inuman sing bisa ndadekne wuru kuwi luwih gedhe kapitunane tinimbang kabecikane. Kamangka aku ya weruh dhewe yen mung perkara ngunjuk inuman bangsane arak ngono kuwi, Rama Tumenggung prasasat ora ana sing bisa nandhingi mungguh kakuwatane, enteka pirang-pirang guci ora bakal Rama Tumenggung wuru. Nanging kanyatane, pituture marang aku ya ngono kuwi mau. Malah Nyai Menggung sing uga tresna lan asih banget marang aku, paring dhawuh :

"Ngene lho Ngger, awakmu kuwi wis becik-becik ora tepung karo arak utawa Ciu. Dadi wis bener kaya sing didhawuhne ramamu mau, aja wedi nek mung dikira kumalungkung mung sabab nulak disuguhi arak. Jalaran dununge angkuh, gumedhe lan kumalungkung kuwi ora manggon neng kono, nanging manggon ing darma bhektimu marang negara lan Sang Prabu, lumantar nggonmu aweh leladi marang kawula Majapahit kang uga kawulane Sang Prabu. Jumbuh karo jejibahanmu sing didhawuhne ramamu marang awakmu. Yen anggonmu aweh leladi kuwi becik ora mbedak-mbedakne kawula siji lan sijine, linandhesan kukum adil kang mijil saka suka rilaning ati, mangka kumalungkung, gumedhe utawa angkuh kuwi bakal sirna saka atimu. Kosok baline yen olehmu ngladeni kawula Majapahit mung sasenengmu dhewe, mangka kuwi ora bisa mbok aling-alingi yen nyatane kowe pancen wong sing kumalungkung ngendelne dumeh lagi kasampiran panguwasa".

Mula bener apa sing dingendikakne Ibu lan Rama Tumenggung marang aku kuwi, nanging bareng aku weruh kadibyane Makara sing babar pisan ora mendem sawuse ngentekne pirang-pirang cangkir arak, aku temen-temen kepengin bisa kaya dheweke. Aku ngagas yen alane wong ngombe arak utawa ciyu kuwi manggon ing pas mendem sing banjur ilang nalare ngana kae. Mula nadyanta ngombe nek ora nganti mendem kuwi ora ana alane, malah kepara bisa nuduhne kabecikane, bisa ngumpuli sanak mitra ing pasamuwan. Mula wengi kuwi aku budhal sanja ing omahe Ki Suwela saprelu sinau kepiye carane ngombe arak sing becik sing ora ndadekne wuru.

Jebul Makara lan wong tuwane wis ngerti yen tekaku wengi kuwi mung kepengin sinau carane ngombe arak. Ketitik aku wis dicawisi gendul jejer-jejer ditata neng dhuwur dhampar. Gendul-gendul kuwi kabeh kebak isi arak. Sauntara Ki Suwela apa dene Makara isih lungguh anteng ing sacedhake.

 

ana candhake. 

Selasa, 07 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (011)

 

11.

Makara banjur tak ajak mlebu ing panggonan sing padatan tak gunakne kanggo nemoni wong-wong yen butuh ketemu Rama Tumenggung. Nanging Makara ora gelem merga jarene ora ana bab sing wigati sing arep dikandhakne marang aku. Tekane Makara ora ana sambung rapete karo jejibahanku minangka wakile Rama Tumenggung, nanging mung arep ngajak aku menyang desa sing ora adoh karo Dalem Katemenggungan ing omahe salah sijine warga.

"Nyuwun pangapunten Gus" wangsulane Makara nalika tak ajak mlebu mau "estunipun boten wonten prakawis ingkang wigatos sanget tumrap jengandika Gus Wanda, namung badhe ngaturi uninga bilih sanakan kula ingkang griyanipun Pajaringan, dalu niki ngawontenaken tirakatan kanthi nanggap ringgit ing griyanipun, mbok bilih Gus Wanda lodhang saha dhangan ing panggalih saha menawi kersa badhe kula dherekaken tindak mrika mirsani ringgit".

"O ngono ta? Lha sanakan ndika kuwi duwe gawe apa ? teka nanggap wayang barang?" wangsulanku, lan kanggo nglegani atine Makara aku ya nyaguhi arep nuruti apa sing lagi wae dikandhakne "pancene wengi iki aku ya nuju ora ana pagaweyan sing kudu tak tandangi, dadi ya bisa wae nek wengi iki dienggo nonton wayang, ngiras pantes kanggo nyegerake pikiran".

"Ngaturaken genging panuwun Gus" Makara katon sansaya kalegan atine ngerti nek aku gelem dijak metu ndelok wayang "sanakan kula niki gadhah damel milujengi tiyang sepuhipun ingkang sampun ngajal, dalu menika dhawah sewu dintenipun". 

Sidane wengi kuwi aku bareng-bareng karo Makara teka ing Pajaringan melu tirakatan ing omahe Wuyungan blantik kebo sing sugih mblegedhu, sing wengi kuwi wayangan nanggap dhalang sing kondhang ing laladan Majapahit. Dhasar Wuyungan kuwi wong sing sugih bandha ya sugih kanca, srawunge jembar tekan ngendi-endi. mula ya ora nggumunake yen wengi kuwi tamu sing teka melu tirakatan ya akeh banget. Pendhapane Wuyungan sing wangun limasan kuwi kebak kepara jejel riyel dening wong-wong sing padha nonton wayang kanthi ujub melu tirakatan. Kajaba sing padha nonton wayang ing pendhapa, ing omah jero uga ora sethithik tamu sing milih panggonan ana kono, wong-wong sing neng jero omah kuwi ora padha melu nonton endahing wayang, nanging anggone tirakatan disambi karo dolanan neka-neka sing uga diudhoni kanggo ngabotohan cilik-cilikan, ujube kanggo cagak melek.

Wis dadi pakulinan, wong sing duwe gawe nylameti wong tuwane sing wis mati kuwi, mesthi dibarengi karo ngetokne dana driyah sing akeh. Kajaba dana driyah kanggo para wong sing nandhang kekurangan, urip sing sekeng, uga dana driyah kang dienggo nyugata para tamu sing padha melu tirakatan. Mula akehe sugihan sing banyu mili saka jero omah kanggo para tamu, temen-temen ora ana kendhate. Sakehing jinis panganan padha metu kabeh, ya panganan sing empuk ya panganan sing renyah ora ana sing kliwatan, kabeh ana lan ora sethithik cacahe.

Mung sing aku ora pati bisa ngetrepne lungguhku kuwi nalikane omben-omben sing bisa gawe wuru uga katut disuguhne. Adat sing wis kulina ing papan kono, ngombe ciu kuwi minangka omben sing ngemu pakurmatan. Kagawa saka jejerku minangka punggawa dalem Katumenggungan, mangka kudu ngombe luwih dhisik sawuse sing duwe omah ngombe, samangsane omben Ciu disuguhake. Kamangka wiwit cilik dening biyungku, ya Nyi Panewu wis diweling supaya aja pisan-pisan wetengku klebon omben panunggalane Ciu utawa arak ngene iki. Dadi pancen aku ora kulina ngombe arak utawa Ciu. Kamangka minangka pakurmatan, ing omahe Wuyungan sing duwe gawe iki, aku kudu ngombe dhisik dhewe lan ora mung sasloki utawa rong sloki, nanging saben oleh saubengan, dibaleni maneh olehe ngombe arake lan diwiwiti saka Wuyungan, banjur aku disambung Makara lan mubeng tamu-tamu liyane.

Tujune tekaku mau sing ngajak Makara lan Makara lagi ngerti yen satemene aku ora kulina ngombe omben sing bisa marakne wuru kuwi.  Kamangka ing desa kono, wis dadi unen-unen yen ana bocah nom sing gampang mendem, lire lagi ngombe sethithik wis mendem, kuwi diarani bocah nom sing ringkih lan banjur dadi poyokane wong akeh. Luwih-luwih yen ana wong sing ora wani ngombe amerga kuwatir yen nganti mendem, mangka wong sing mangkono kuwi bakal dadi bebakalaning geguyonan dening kanca-kancane. Mula kanggo nutupi wirangku, Makara sing banjur maju. Saben-saben aku kebageyan ngombe arak, mangka dening Makara arak sing diulungne aku mesthi banjur ditampani lan diombe. Dadi aku ora klebon omben sing bisa gawe mendem kuwi babar pisan.

"Aku wis matur marang Gus Wanda lan uga wis diparengake, yen bengi iki aku sawutuhe dikeparengake ngemum unjukane Gus Wanda, dadi kabeh unjukan sing kagem Gus Wanda sing kudu ngombe ya mung aku dhewe" kandhane Makara marang juru ladi sing ngladeni unjukan sing bisa marakne mendem kuwi. Babagan ngemum (ngalap berkah) kuwi pancen wis kaprah dtindakne dening andhahan marang ndhuwurane, dadi wong-wong sing krungu nek wengi kuwi Makara ngemum omben sing kanggo aku, kabeh iya banjur padha bisa nampa kanthi legawa, ora nggagas lan ora ngarani aku neka-neka merga ora gelem ngombe omben sing disuguhne.

Nadyan ta mangkono aku sing rumangsa ora kepenak karo Makara, merga olehe ngombe arak Makara dadi tikel kaping pindho. Bageyanku karo bageyane dhewe. Mula nalika ngarepake parak esuk aku karo Makara pamitan bali marang Wuyungan, praupane Makara katon abang mangar-mangar mratandhani yen dheweke wis mendem kegawa saking akehe arak sing wis diombe. Mung sing ndadekne gumune atiku, olehe mendem Makara beda karo wong-wong liyane sing banjur mutah cecek ora karuwan, ana sing banjur ngglethak karo ngompyang ngeler wewadine dhewe barang. Nanging kahanane Makara wektu kuwi, mung nek mlaku katon sempoyongan, nanging ora nganti rubuh neng lemah, tembung-tembung sing diucapne isig turut kaya wong sing ora mendem.

"Sampun kuwatos Gus Wanda" karo bisik-bisik Makara isih kober kandha marang aku nalika aku bebarengan mlaku mulih tekan ratan sing tumuju Dalem Katumenggungan "kula niki nggadhahi kalangkungan tinimbang tiyang limrah ing babagan ngunjuk arak. Sanadyan ketingalipun kula menika sampun wuru, nanging pikiran kula taksih bening kados dene malaming tawon lan kula boten badhe rubuh utawi nutah cecek kados titiyang kala wau, mangke menawi sampun dumugi griya kula engge tilem sakedhap tartamtu kula sampun pulih malih".

"Iya, aku percaya" wangsulanku panggah karo mlaku "aku weruh dhewe yen anggon ndika ngunjuk arak mau wis ngliwati wates, aku ya ngerti satemene awit ndika wis ngeman aku murih ora dadi guyone wong akeh, utawa murih Wuyungan lan wong-wong Pajaringan ora kleru tampa marang aku merga aku ora wani ngombe arak sing disuguhne, ndika wis ngorbanake dhiri ndika kanthi pawadan ngemum, arak-arak sing kudune tak ombe malah ndika unjuk kabeh. Ya pancen kudune aku wiwit sinau ngombe omben ngono kuwi, ora kanggo seneng-seneng utawa mendem-mendeman, nanging kanggo ngadhepi yen ana lelakon sing kaya ngene iki mau".

"Menawi menika ingkang jengandika kersakaken, jengandika sampun kuwatos Gus" Makara wangsulan "benjing kemawon kula tedahi caranipun ngunjuk arak utawi ciyu supados boten saged wuru".

"Lho apa ana carane murih ora wuru kaya ndika ngono kuwi, Kakang Makara?"  aku takon.

"Inggih mawi dipun gladhi mbaka sekedhik Gus" wangsulane Makara karo ngguyu "benjing kemawon kula aturaken cara-caranipun".

Ora krasa mlaku karo omong-omongan, aku karo Makara wis tekan Dalem Katumenggungan. Makara tak ajak supaya turu neng papan paleremanku, ora gelem. Pilih bablas bali ing omahe wong tuwane. Karo pamitan Makara kandha yen mengko olehe teka ing Dalem Katumenggungan nindakne wajib kaya saben dinane, mbok menawa rada kasep merga kira-kira mengko dheweke bakal kerinan anggone tangi saka turune. Aku aweh wangsulan, nek pancen dina mengko ora bisa teka ing Dalem Katumenggungan kaya padatan ya ora dadi baya pangapa jalaran aku ngerti yen olehe makara kerinan anggone tangi mengko, merga kakehan ngombe arak sing kudune tak ombe, nanging merga Makara ngeman aku banjur diombe dhewe.

 

ana candhake.


Minggu, 05 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (010)

10.

Bapa Tumenggung uga wis pirsa yen Ki Suwela nduweni rasa kaya kang tak kandhakne mau, kamangka aku ya ora matur babagan iki marang panjenengane. Malah Bapa Tumenggung sing nimbali aku lan maringi pitutur supaya aku luwih ngati-ati menawa srawung karo Ki Suwela lan anake lanang sing aran Makara, jalaran Rama Tumenggung pirsa yen satemene Ki Suwela lan Makara kuwi wong sing julig lan duwe jiwa sing licik.

 

"Awakmu wae sing ngati-ati lamun ana cedhake Ki Suwela lan Makara kuwi, Suwanda" dhawuhe Rama Tumenggung sawuse paring dhawuh yen Ki Suwela ora seneng merga aku sinengkakne dadi putra angkate Rama Tumenggung sarta kaparingan jejibahan amakili panjenengane yen panjenengane nuju ora ana dalem Katumenggungan "tembung satembung kudu sing ngati-ati lan aja mbok katonake lamun satemene kowe ora seneng marang wong loro kuwi, becik rangkulen kanthi raket nanging aja nganti ninggal prayitnaning batin".

 

"Dhawuh jengandika Rama Tumenggung saestu badhe kula estoaken kanthi sak sae-saenipun" wangsulanku, karo jroning ati ngaturake rasa panuwun awit kabecikane Rama Tumenggung marang aku sing terus ambanyu mili.

 

Dhawuh pituture Rama Tumenggung Jatikusuma mau tak tindakne temenan, nggonku srawung karo Makara sing umur-umurane sapantaran karo aku banjur tak raketi. Samono uga srawungku marang Ki Suwela wong tuwane Makara. Ing sambikalane nganggur, aku kerep sanja ing omahe Ki Suwela, kajaba ngajak jejagongan karo Makara uga kerep wae aku njaluk pitutur marang Ki Suwela ing babagan sing magepokan karo jejibahan sing kudu tan tindakne. Wong loro kuwi katon seneng lan sikepe marang aku dadi owah. Makara dadi luwih kerep nemoni aku lan ngajak bawa rasa maneka warna perkara. Ki Suwela uga kerep aweh pituduh marang aku murih anggonku nindakne kuwajiban bisa luwih sampurna. Rasa gela lan cuwaning atine wong loro kuwi merga kawicaksanane Rama Tumenggung sing maune dianggep ora adil lan ora ngajeni lelabuhan sing wis ditindakne dening Ki Suwela lan Makara marang Dalem Katumenggungan, wis ora ana tabet-tabete maneh.

 

Rama Tumenggung sing sanadyan sansaya akeh ayahan sing kudu ditindakne, nanging anggone migatekne aku babar pisan ora suda kuwi, uga pirsa owah-owahan sikepe Ki Suwela lan Makara marang aku.  Rama Tumenggung uga uninga yen saiki Makara apa dene Ki Suwela dadi mundhak sregep anggone nindakne gaweyane minangka abdi lan punggawa Dalem Katumenggungan.

 

Anuju sawijining kalodhangan aku ditimbali dening Rama Tumenggung kanthi mirunggan.

 

"Suwanda apa awakmu isih eling karo pituturku let sepasar sawuse awakmu tak pasrahi jejibahanmu sing saiki iki kae?" Rama Tumenggung mundhut pursa marang aku bab pitutur sing tau diparingake marang aku nalika semana.

 

"Saestu sedaya dhawuhipun Rama Tumenggung dhateng kula, boten adhe ical saking engetan kula Rama" wangsulanku karo suwara sing alus kebak rasa panuwun "lan sedaya dhawuh jengandika Rama saestu badhe kula estokaken kanthi sak sae-saenipun".

 

"Sokur yen pancen mangkono" ngendikane Rama Tumenggung sabanjure "aku ya ngerti olehmu ngecakne pituturku babagan tata gelar sing mbok cakne marang Suwela lan anake, kang mangkono iku aku uga wis bisa ngarani yen olehmu ngecakne wis pas lan wis trep tur bener, ketitik saka asile nggonmu ngecakne pitutur kae, saiki Makara apa dene wong tuwane, kena diarani wis malik grembyang sikep lan lageyane marang awakmu lan marang gaweyane".

 

"Mila leres dhawuh jengandika menika Rama" aturku nanggapi pangandikane Rama Tumenggung sing ngrembug sikepe Ki Suwela lan Makara "tiyang kalih kala wau samangke ketingal langkung sae lan langkung tinggen anggenipun ngayaji kuwajibanipun ing Dalem Katumenggungan mriki, kula ugi ngertos bilih sadaya menika inggih awit saking pitedah-pitedahipun Rama dhumateng kula".

 

"Iya, nanging kuwi tata gelar kang sipate kasat mata sing gampang disawang lan dingerteni sok sapa wae" Rama Tumenggung paring dhawuh maneh "sing prelu tak kandhakne marang awakmu samengko ing babagan tata batin, lire apa sing katon ing lahir durung karuwan padha karo sing ana jero batin, kena diparibasakne awakmu disuguhi panganan sing sarwa enak lan sarwa mirasa, kuwi yen sinawang gelar wujude merga sing nyuguhi awakmu kuwi duwe pamrih becik ya iku gawe senenging atimu lan murih awakmu luwih kuwat, nanging yen sing aweh suguhan kuwi duwe pamrih sing seje, awakmu bisa wae dadi lan cilakne, ya kuwi ing suguhan sing mbok tampa ana panganan sing diwenehi upas utawa wisa, sing bisa ndadekne awakmu tiwas utawa cilaka. Kuwi sing prelu dadi kawigatenmu, aja nganti awakmu tiba ing juranging katiwasan mung sabab kena apus krama sing diwungkus mawa sikep sing anoraga. Wiwit jaman kuna makuna akeh kedadeyan Macan gembong sing gagah prakosa bisa dikalahake ora nganggo kekuwataning lahir nanging bisa dijiret sing tuwuhe saka kekuwataning pikir. Welingku marang awakmu, sepisan maneh aja nganti awakmu pegat kaprayitnan".

 

"Inggih Rama, dhawuh jengandika badhe kula emut-emut mugi-mugi saged dados pangayoman kula salebetipun nindakaken darmaning gesang menika" wangsulanku karo ngangen-angen mungguh benere apa sing didhawuhne Rama Tumenggung iki mau.

 

"Sabanjure rungokna ngger" Rama Tumenggung Jatikusuma paring pitutur maneh "kajaba ora pisah karo laku pangati-ati murih rahayu uripmu, awakmu kudu bisa minterne ati, wujude sapisan aja seneng nampa pangalembana lan serik lamun diwada, jalaran ora sethithik kawiwitan seneng nampa pangalem suwe-suwe banjur dadi mendem, wusanane banjur rumangsa pinter dhewe, rumangsa sugih dhewe, rumangsa bener dhewe, rumangsa bagus dhewe lan sapiturute. Kamangka wong sing seneng rumangsa pinter dhewe kurang-kurang bejane bisa ndadekne keblinger uripe, rumangsa sugih dhewe bisa nuwuhake entek bandhane, rumangsa bener dhewe adhakane banjur ora weruh yen lakune wis nalisir saka garising Widhi, rumangsa bagus dhewe bisa ndadekne kumalungkung sing wekasane kabentus-bentus merga polahe dhewe. Kosok baline Suwanda, sing pamada sing tumiba marang awakmu iku ora kabeh ndadekne tunamu, ana kalane pamada utawa panacad sing mbok tampa kuwi satemene pitutur luhur sing sing sinamudana, kanthi pancad bisa ndadekne awakmu mulat salira, mawas dhiri bener utaawa orane unine panacad klawan kahananmu sing satemene, lamun pranyata jumbuh kuwi minangka korining lakumu kanggo ndandani kakuranganmu murih dadi sampurnane, dene manawa ora jumbuh yekti ora ana kapitunan sing mbok sandhang merga tumibane pamada utawa panacad, awit kanyatan kuwi ora bisa diselaki".

 

"Inggih Rama" wangsulanku karo sansaya ndhingkluk kurmat marang wong tuwaku angkat sing banget kasok tresnane marang awakku.

 

"Sabanjure awakmu kudu ora kena dhemen melik marang duweke liyan, aja gampang muring utawa nesu. Wong sing dhemen melik marang darbeke liyan sok nuwuhake tekad wani tumindak sedheng, nyingkur paugeran mung nuruti rasa kepengine, temahane bakal nemu bilahi. Wong sing gampang nesu kuwi nkerep nuwuhake getun ing tembe mburine. Dadi manungsa kuwi  aja kendel-kendel sing adhakane gampang ndadekne uripe cuthel, nanging ya aja jirih-jirih sing bisa nuwuhake jiwa lan ragamu dadi ringkih. Sranane wong ngalab rahayu kuwi bisoa ngecakne urip sing samadya. Pituturku dina iki cukup samene dhisik, gagasen kanthi weninging ati, sing jumbuh karo nalarmu bisa mbok gugu dene yen miturut nalarmu ora bener becik takokna luwih dhisik sadurunge mbok buwang adoh" Rama Tumenggung mungkasi nggone paring pitutur.

 

Nganti suwe anggonku nggagas pituture Rama Tumenggung mau, siji wae miturut panemune nalarku ora ana sing kleru. Aku temen-temen wis kasengsem karo kabeh pitutur sing tak tampa mau. Nganti suwe aku ora ngalih saka panggonanku lungguh ngadhep ing ngarsane Rama Tumenggung mau. Kamangka wis sauntara Rama Tumenggung jengkar saka papane mlebu ing paleremane.

 

Aku lagi duwe karep ngalih saka papan kono bareng saka pendhapa keprungu suwarane abdi katumenggungan omong-omongan rada banter karo wong sing lagi teka, ya iku Mukara sing arep nemoni aku. Gageyan aku menyat, arep nemoni Makara mbok menawa ana perkara sing wigati sing mbutuhne gage-gage ditandangi.

 

"Wis suwe apa nggin ndika teka iki mau Kakang Makara?" pitakonku karo nyedhaku Makara sing lagi linggih ing dhingklik ing pendhapa sisih ngarep lagi jagongan karo Titir abdi ing Katumenggungan.

 

"Nembe kemawon kok Gus" wangsulane Makara karo mesem sajak seneng atine.

 

ana candhake.

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...