Total Tayangan Halaman

Jumat, 15 Juli 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (040)


 

40.

Aku durung kepengin atur wangsulan marang dhawuh pangandikane Rama Tumenggung kang wis nibakne putusan, pidana sing kudu tak lakoni. Jalaran aku isih ngenteni dhawuh candhake sarta pituduh liyane magepokan karo wujuding pidana sing kudu tak lakoni, kaya upamane wiwit kapan pidana kuwi lumakune. Sauntara kuwi, Wa Anggara uga meneng durung kumecap, mung panyawange wae manther marang Rama Tumenggung sajak arep ana sing disuwunake weruh.

 

“Kakang Anggara mesthine isih kemutan ta yen setahun sadurunge Rama Panembahan Kiswara kundru ing kasidan jati biyen nate paring dhawuh yen isih kagungan sedulur kapernah tuwa sing manggone neng Bumi Keduwang?” pirsa yen Ki Anggara nyunarake panyawang sing ngemu tandha pitakon, Rama Tumenggung banjur paring dhawuh, ngelingake ceita jaman sing wis adoh kawuri.

 

“Kuwi bener Dhi, malah yen ora kleru Rama Panembahan uga paring dhawuh yen Wa Panembahan Doradruwasa kuwi kasinungan nugraha dening Hyang Agung yuswa sing dawa” Ki Anggara nyauti dhawuh pangandikane Rama Tumenggung “mung emane nganti Rama Panembahan Kiswara kundru narang jaman kelanggengan, aku durung tau kepethuk karo Wa Resi Doradruwasa kuwi, dadi saupama saiki kepethuk, ya padha karo Angger Suwanda ketemu akum au, Angger Suwanda wis tau krungu sing sinebut Kebayan Bulan pandhe nanging durung pirsa menungsane. Apa si Adhi wis tau  pirsa wujude Wa Panembahan Doradruwasa sing mangasrama ing perenging Gunung Lawu sisih lor kulon kuwi?”.

 

“Yen Kakang Anggara wae durung tau kepethuk karo Wa Panembahan Doradruwasa, apa maneh aku?” Rama Tumenggung mbalekne pitakone Wa Anggara karo mesem “nanging aku percaya yen Wa Panembahan Doradruwasa kuwi isih sugeng, merga miturut dhawuh pangandikane Rama Panembahan biyen, sedane Wa Resi Doradruwasa kuwi mbesuk yen wis ana lelakon sing sinamarake nganggo pocapan Sirna Ilang Kertaning Bumi, lan nganti dina iki pocapan kuwi durung tau ana kedadeyane”.

 

“Iya Dhi, aku tau krungu weca kuwi lan tak eling-eling unen-unen Sirna Ilang Kertaning Bumi sing ngendikane Rama Panembahan yen wis titi wancine bakal kondhang dadi pocapan ing ngendi-endi, nanging nyatane nganti teka saiki pocapan kuwi durung tau tak rungu, dadi cetha yen Wa Resi wektu iki isih sugeng. Banjur si Adhi paring dhawuh marang Angger Anggara supaya sajroning wektu satus rong puluh dina kudu puruita marang Wa Resi, apa si Adhi isih rumangsa kurang anggone meleg Angger Suwanda marang ngelmu agal lan alus sing digadhuh Adhi Kunthing sala Rama Penembahan biyen ?” Wa Anggara ngaturne pitakonan nanging semune kaya melehake marang Rama Tumenggung yen mung kudu ngangsu kawruh agal lan alus wae, tenane ora kudu adoh-adoh tekan perenging Gunung Lawu sisih lor kulon, merga  Ngelmu sing digadhuh dening Rama Tumenggung ya ngelmu agal ya ngelmu alus wis kena diarani turah saka tembung pepak.

 

“Ora mengkono Kakang” Rama Tumenggung paring wangsulan “nanging ing ngarep wus tak aturake, yen putra ndika iki kudu nglakoni paukuman, nanging paukuman sing ditampa Suwanda iki mengko bakal nguwohake kawruh sing bisa nuntun marang kamulyaning urip langgeng iya ing jagad sing kasat mata iki uga ing jagad mbesuk yen wis tekan delahan. Jalaran, nek mung lupute Suwanda kaya sing wis diaturake mau, satemene luwih gampang nggone ndandani. Nanging kaluputan sing keri sing lagi mandheg ana angen-angene Suwanda, kuwi sing luwih mbebayani, mbebayani ora marang sapa-sapa nanging marang dhiri pribadine Suwanda dhewe”.

 

“Dadi kajaba nandhang luput kaya sing wis dikandhakne mau Si Adhi isih pirsa maneh kalupiutan sing mapan ana Angger Suwanda? Kaluputan apa maneh kuwi Dhi?” Wa Anggara nyuwun pirsa nanging suwarane ketara yen ora pati bisa nampa karo sing didhawuhne Rama Tumenggung. Aku dhewe dadi uga banjur krasa dheg-dhegan, mau katone Rama Tumenggung wis ora duka maneh karo aku, nanging iki lagi wae paring dhawuh yen aku isih duwe luput sing durung tak critakne, kamangka saweruhku kabeh kedadeyan ya sing wis klakon lan ya sing isih mandheg tekan angen-angen wis tak aturne ing ngarsane Rama Tumenggung, nanging iki Rama Tumenggung malah ngendika utawa kena diarani paring pandakwa yen aku isih nyingidne kaluputanku. Apa kuwi?.

 

Rama Tumenggung gumujeng alon, banjur ngendika :

“Mosok Kakang Anggara ora pirsa? Kaluputan sing ana sajroning batine putramu Suwanda?”

 

“Ya sing gedhe pangapura ndika wae Adhi” Wa Anggara semaur alon “awit saka cubluking nalarku, panggraitane si Adhi adoh ninggalake panggaritaku sing isih mapan ing papan ngisor iki”.

“Mau Kakang Anggara rak ya miring dhewe ta?” Rama Tumenggung paring dhawuh maneh “yen putra ndika si Suwanda kuwi mula pancen kepencut marang Andalu, lan aku ngerti yen kuwi kawiwitan saka Suwanda weruh tata gelare Andalu sing alus manis nengsemake, temah wis ana rasa jroning atine Suwanda yen arep nempuh apa wae supaya bisa mengku ragane Andalu, malah nek prelu arep wani nerjang apa sing dadi sirikanku. Dadi aku duwe dudutan yen anggone Anak ndika Suwanda kepengin omah-omah karo Andalu kuwi jalaran Suwanda kepencut ayune Andalu, kuwi sing taka rani luput sing ora disumurupi dening Suwanda apa dene Kakang Anggara”.

 

“Mengko dhisik Dhi” Wa Anggara nyaru wuwus nugel pangandikane Rama Tumenggung “tak kira aran lumrah yen ana pria kasengsem marang rupa ayu lan wanita kayungyun marang pria jalaran ndulu rupa sing bagus, jer kuwi wis dadi sipat sing katut lahir bareng tumemplek ing ati lan rasane saben wong. Banjur lupute Angger Suwanda ana ngendi Dhi?”.

 

Jroning batin aku mbenerake apa sing dadi panemune Wa Anggara, yen anggonku kasengsem marang Andalu iki dening Rama Tumenggung dianggep luput, mangka aku bakal weruh yen jagad iki kebak dening wong kleru. Jalaran mung pria sing ora duwe pangrasa lamun ora kepencut rupa sing ayu lan tuhu wong bodho sing ora duwe nalar yen ana pilihan loro ayu karo ala banjur milih rupa sing ala. Nanging apa Rama Tumenggung bodho?.

 

“Ngene ya Kakang, perkara wong kepencut marang rerupan sing nengsemake atine kuwi pancen lumrah, nanging dadi ora becik yen anggone omah-omah wong kuwi miung jalaran saka kayungyun endahing rupa. Jalaran bisa uga satemene Suwanda kuwi ora tresna marang Andalu, nanging Suwanda dhemen marang rupane Andalu sing saiki isih ayu, kang mangkono kuwi tuhu mbebayani tumrap Suwanda dhewe, jalaran jagad wis weruh yen ayuning rupa kuwi sipate mung sauntara yen wis kepangan dening lakuning wektu rupa bakal sirna ganti salin warna. Lan rupa kuwi sawanci-wanci bakal bisa owah merga kahanan sing ora langgeng iki, yen ayune wis entek rasa kayungyun bakal melu entek. Kajaba saka iku, akeh wong sing anggone padha omah-omah sing maune jare arep mujudne kulawarga sing bagya mulya, ning nyatane ora sethithik sawuse padha omah-omah banjur malah nandhang papa lan cntraka. Kang manhkono kuwi merga anggone padha miwiti omah-omah among linandhesan saka ubaling hawa napsu, ya napsu sing pinoles dening tembung tresna”.

 

“Iya Dhi, iya” Wa Anggara nglenggana lan wiwit bisa nampa apa sing didhawuhne dening Rama Tumenggung. Lan aku uga wiwit sethithik ngerti yen sing dikersakne Rama Tumenggung kuwi kasangsayan lan kacintrakan sing kerep diprangguli dening wong omah-omah kuwi adhakan mung jalaran nuruti hardhaning hawa. Lan aku uga wiwit bisa nyandhak yen satemene antarane katresnan kang satuhu kuwi beda karo uruping genining napsu birahi.

 

“Mulane sadurunge nindakne palakrama Suwanda tak prentah supaya gelem puruita marang Wa Resi Doradruwasa iki, aku duwe purih dimen Suwanda bisa antuk ngelmu sejatining tresna lan bisa ngecakne sing diarani katresnan jati. Jatining katresnan kuwi duwe sipat mardika lan kudu bisa disandhang dening saben titah sing kepengin nggayuh kamulyan. Tuwuhing rasa tresna kuwibisa karana sabab, nanging sing kecondhokan rasa tresna kudu bisa ndadekne mardikane katresnan, ya iku nulad sipat Maha Asihing Gusti, kang tresna marang titah ora karana apa-apa”.

 

 

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (039)


 

39.

Aku mung meneng ora bisa semaur, aku ngerti Rama Tumenggung Jatikusuma duka marang aku. Nanging Rana Tumenggung ora kelangan rasa tresnane. Muruh jejeging adil pancen aku kudu nampa pidana saka Panjenengane, sanadyan saupama aku gelem ngeyel bisa wae aku selak ngemohi tumibane pidana jalaran ora angger-anggering negara sing tak terjang, nanging aku panggah ngrumangsani yen kaluputanku iki ora marang negara, nanging marang wong tuwaku angkat ya Rama Tumenggung, dadi arepa kaya apa aku panggah luput lan saupama aku ngeyel, bisa-bisa Rama Tumenggung banjur ilang rasa tresnane marang aku temah aku ora dipidana nanging banjur dibalekne marang wong tuwaku sing ana desa lan jejer kalungguhanku minangka putrane Rama Tumenggung disuwak, aku bakal ora ana sing ngajeni maneh. Mula aku ya banjur pasrah kanthi meneng. Mau Rama Tumenggung wis ngendikakne yen aku wis gelem ngakoni luput lan kaluputan sing tak tindakne nyatane durung kebacut, dadi aku bakal nampa pangentheng-entheng sajroning nampa pidana iki.

 

“Nuwun sewu lan nyuwun pangaksami Gusti Tumenggung” dumadakan bareng wis sauntara kahanan tintrim Wa Anggara munjuk atur marang Rama Tumenggung.

 

“Ki Kebayan, wektu iki Tumenggung Jatikusuma lagi ruwet penggalihe” Rama Tumenggung paring wangsulan sadurunge Wa Anggara gubeman luwih akeh “dadi Tumenggung Jatikusuma ora bisa diajak guneman dening Kebayan utawa liyane, nanging Kunthing sing uga lagi buneg nalare mbutuhake kanca omong, mula nek Kakang Anggara arep ngajak rembugan karo Kunthing, manga tak aturi nbacutne gunem sing arep dikandhakne”.

 

“Iya Dhi, iya” Ki Anggara wangsulan karo mesem “minangka sedulur temu tuwa, aku mung bisa kandha marang siadhi supaya nggedhekne rasa sabar lan nggedhekne rasa panarima marang Hyang Maha Agung, jalaran apa kang dumadi sajroning uripe titah ora bakal kedadean kajaba awit wis oleh palilah saka pangwasane Gusti, lan satemene Gusti ora bakal kagungan kersa gawe sengsarane kawulaNe sing ora njarag ngliwati dedalan sing anjog marang kasangsarane dhewe”.

 

“Iya Kakang, aku mung bisa masrahake kabeh apa kang bakal dumadi ing tembene, marang Hyang Maha Agung dene anggonku mbudidaya iki mung jalaran aku nindakne dhawuhE, ya iku wajibing titah sing gelem pasrah, kudu gelem obah nindakne apa sing jumbuh karo kekuwatan sing digadhuhne, dene kasil lan orane pabudidayaning titah kuwi kabeh gumantung saka KawicaksanaNe” Rama Tumenggung genti wangsulan.

 

“Bener kuwi Dhi” Ki Anggara manggut-manggut sajak nyarujuki sing dadi wangsulane Rama Tumenggung “sabanjure, ya aku nyuwun pangapurane si Adhi luwih dhisik sadurunge tak tutugne nggonku arep ngandhakne apa sing dumadakan tuwuh ana sajroning atiku, magepokan karo kang lagi wae dikandhakne dening Angger Suwanda iki mau”.

 

“Iya Kakang” Rama Tumenggung paring wangsulan karo nyawang praupane Ki Anggara “tak suwun kakang aja ndadak nganggo ewuh pakewuh marang adhimu sing mung siji iki, tak jaluk Kakang Anggara tumulia paring dhawuh apa sing jare ndika dumadakan tuwuh ing angen-angen lagi wae iki mau”.

 

“Ngene ya Dhi” alon-alon Ki Anggara ngandhakne apa sing dikarepne “bares wae, bareng aku krungu yen putramu Angger Suwanda kepengin mengku anakku wadon si Andalu, minangka wong tuwa aku rumangsa seneng jer nyatane sadurunge nampa kojah saka Ki Suwela, Angger Suwanda luwih dhisik kepengin ngepek Andalu dadi sisihane. Mula yen si Adhi arep ngandhakne nek aku wis ngunggah-unggahi ya mangga, aku ora arep cuwa, akua rep takon marang si Adhi, apa sakirane Adhi Kunthing ora kabotan upama duwe besan kakangmu sing mung pangkat Kebayan manggone neng ndesa pisan iki?”.

 

Aku njomblak krungu tembunge Wa Anggara sing ngajak besanan Rama Tumenggung, jalaran mau aku wis mupus sanajan kanthi ati sing mbok menawa bakal tatu rojah-rajeh. Mupus mokal bisa nampani katresnane Andalu, jalaran aku bakal nampa pidana saka Rama Tumenggung, kanthi mangkono ora bakal ana sing ngluputake yen Wa Anggara bakal tuwuh rasa sengit marang aku, luwih-luwih Wa Angara ya wis pirsa nek aku wis nyarujuki rerigen saka Ki Suwela supaya aku luwih becik ngepek Andalu dadi selirku tinimbang dadi sisihanku. Nanging rasa kaget sing kaworan seneng iki babar pisan ora tak tuduhne, aku isih ngenteni dhawuh saka Rama Tumenggung sing mau durung rampung. Pidana rupa apa sing kudu tak lakoni sawuse nampa pangentheng-entheng awit anggonku wis bares gelem crita apa anane lan ngakoni kabeh kaluputan sing wis tak tindakne.

 

“Aku uga seneng Kakang” bareng wis sauntara kendel, Rama Tumenggung tumuli mangsuli panembunge Wa Anggara “malah kepara seneng banget yen Kakang Anggara kersa ngepek mantu anakku sing nyatane wis tumindak luput kaya sing dikandhakne dhewe mau. Nanging sadurunge aku aweh wangsulan marang Kakang Anggara, tak suwun Kakang Anggara nakoni anakku wadon si Andalu luwih dhisik, gelem utawa orane saupama diolehne karo Suwanda,  nek putramu si Suwanda cetha nek wis gelem malah kena diarani yen ditakoni gelem apa ora dijodhokne karo Andalu, mesthi rindhik asu digitik olehe mangsuli iyane”.

 

Aku ora bisa ngampet esemku nalika krungu wangsulane Rama Tumenggung sing mangkono kuwi. Kanthi wangsulan iki cetha lamun Rama Tumenggung wis nyarujuki saupama aku nglakoni urip bebarengan karo Andalu. Nanging, banjur kepiye karo pidana sing durung cetha sing bakal ditibakne marang aku iki mengko?.

 

“Satemene sanadyan durung tau tak takoni, aku wis ngerti wangsulan apa sing bakal tak tampa saka putra ndika si Andalu kuwi Dhi” Wa Anggara guneman karo praupan sing nuduhake senenging atine “jalaran, nalika ngepasi Andalu sing saiki kerep ngancani mbakyune, tilik menyang omah, aku krungu olhe rasan-rasan Andalu karo biyunge, yen Andalu uga wis kayungyun marang Priya sing lagi sepisan kepethuk, mung kuciwane Andalu uga ngrumangsani yen mung saanak Kebayan, kamangka sing wis ngrebut atine Andalu kuwi, priyagung sing uga putrane Gusti Tumenggung. Nalika kuwi, aku krungu Biyunge Andalu aweh pitutur, murih Andalu ngakeh-akehne nggone nyedhak marang Gusti, mbok menawa kanthi mangkono Gusti ora bakal kangelan ngowahi barang sing mokal dadi barang sing kudu dumadi. Lan aku kapeksa durung mblakakne marang sisihanku yen tekane Ki Suwela awan ngarepakae surup mau duwe karep ndadekne Andalu dadi selire Angger Suwanda, kira-kira upama wis tak blakakne banjur sisihanku crita marang anake wedok, Si Andalu bakal nekad gelem kanthi senenging ati didadekne selire Angger Suwanda, jalaran aku ngerti yen Andalu temen-temen wis kayungyun marang Angger Suwanda”.

 

Ana rasa mongkog sajroning atiku, jebul ngibarat suwara kendhang, munine ora mung dikeplak tangan sesisih, nanging muni sing bisa nuwuhake irama endah merga dikeplak dening tangan kiwa lan tengen. Tresnaku marang Andalu bakal bisa dadi katresnan sing tundhone bakal nguwohake kamulyaning urip, jalaran Andalu uga tresna marang aku.

 

“Ngene ya Kakang” Rama Tumenggung paring wangsulan karo mesem “yen mangkono wis ora ana maneh sing dadi pepalang anggone awake dhewe bebesanan, kajaba mung siji”.

 

“Apa kuwi Dhi?” Wa Anggara takon karo suwara rada njengek.

 

“Suwanda kudu nglakoni pidana luwih dhisik” Rama Tumenggung paring dhawuh karo suwara sing babar pisan tanpa rangu.

 

Wa Anggara katon suntrut polatane, nanging durung guneman apa-apa. Nganti Rama Tumenggung nutugne olehe ngendika :

“Kanggo jejeging adil, putramu Suwanda kudu nglakoni paukumane, nanging tak suwun kakang Anggara aja kesusu cuwa gedhene dadi gela marang aku, jalaran paukuman sing kudu dilakoni anakku Suwanda iki mengko, ngiras pantes anggone Suwanda bisa antuk sangu sing bisa kanggo ngayomi sisihane ya iku Andalu”.

 

“Nyuwun pangapunten Rama” aku ketrucut atur “menapa kula kaparengaken ngertos pidana menapa ingkang kedah kula lampahi?”.

 

“Sliramu bakal tak sebratake sauntara saka dalem Katumenggungan kene Ngger”  Rama Tumenggung paring wangsulan “nanging ora suwe, mung telu kaping patang puluh dina wae. Sajroning wektu satus rong puluh dina kuwi, sliramu tak dhawuhi puruita marang Eyangmu Resi Doradruwasa sing mangasrama ing bumi Kedhuwang, ya iku ing pereng kulon saka Gunung Mahendra, utawa Gunung Lawu”.

 

 

Ana candhake.

Kamis, 14 Juli 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (038)

 


38.

Lagi mumet-mumete sirahku mikir kudu piye sing arep tak enggo wangsulan magepokan karo sing lagi wae dicritakne Wa Anggara, dumadakan Rama Tumenggung genti noleh marang prenahku lungguh karo ngendika :

 

“Mangkono kuwi ngger mungguh gegedhohane Suwela lan anake sing jeneng Makara sing saiki katon raket nggone srawung karo sliramu.  Gandheng kabar sing digawa Wakmu iki mau nyandhak jenengmu, mula murih adile sira prasajaa kepiye kanyatane apa bener sira wis kongkonan Suwela supaya Wakmu Anggara masrahake anake wedok murih dadi selirmu?”.

 

Pambadheku yen arep didangu bab iki dening Rama Tumenggung wekasane kelakon tenan. Mesthi wae aku dadi rada blangkemen anggonmu arepa tur wangsulan, bareng tak timbang-timbang tuna lan bathine, wekasan aku netepne yen kudu kandha apa anane wae.

 

“Piye Ngger?” bareng rada sauntara aku ora enggal wangsulan Rama Tumenggung mbaleni pamundhut pirsane.

 

“Nyuwun pangapunteh saderengipun Rama” wekasan kanthi ngati-ati akua tur wangsulan “ugi dhateng Wa Anggara kula nyuwun pangapunten, murih langkung cetha badhe kula aturaken wiwit kawitan dumugi pungkasan”.

 

“Iya gage critaa kepiye kang satemene!” Rama Tumenggung dhawuh maneh, sauntara tak lirik Ki Anggara uga lagi ngingeti papanku lungguh karo praupan nuduhne tandha pitakon lan kepengin ngertine.

 

“Mila kados kula aturaken ing ngajeng, bilih kula kepanggih kalihan Andalu menika nembe kaping sapisan” aku miwiti guneman “inggih menika nalika kula ndugeni adicara tengeran tigang wulan anggenipun nggarbini Nyi Waraka, inggih pun Rinten. Nalika samanten dumugi dinten niki wau, kula saestu boten sumerep manawi Rinten lan Andalu menika jebul putranipun Wa Anggara. Salajengipun, kula akeni bilih nadyan nembe sepisan kepanggih, nanging pranyata kula sampun kapencut dhateng kasulistyanipun Andalu, inggih wiwit nalika piyambakipun lados pasugatan dhateng kula ngantos ngladosi ulah beksa. Lan anggen kula sampun kelajeng kepencut saha kasengsem dhateng Andalu menika boten saged kula singidaken, temah ketingal saking patrap kula ingkang sarwa kidhung nalika ceaketan kalih piyambakipun, inggih kabekta saking raosing jantung ingkang tansah trataban boten cetha. Ingkang makaten kala wau lajeng dipun sumerepi dening Ki Suwela menapa dene Kakang Makara.

 

Ngantos wangsul lan dumugi griya kula tansah kemutan dhateng Andalu, wewayanganipun saestu boten saged kula kipataken saking angen-angen kula. mBok bilih inggih makaten menika ingkang winastan sakit gandrung, kula saestu nandhang gandrung kapirangu dhateng Andalu. Ingkang sumerep menawi kula nembe nandhang wuyung dhateng Andalu menika namung Kakang Makara tuwin Ki Suwela piyambak. Nalika kekalihipun kula ajak tetimbangan menawi kula kepengin sanget mengku Andalu dados sisihan kula, Ki Suwela nyukani penget bilih gandheng kula menika sanadyan namung putra angkat, nanging inggih putranipun Rama Tumenggung Jatikusuma, menawi katandhing kalih Andalu ingkang namung putranipun Kebayan Bulak Pandhe, nyata kasawang saking bibit, bebed lan bobodipun saestu boten timbang. Menawi kula nekad kepengin ngrabi Andalu dados sisihan kula sami kemawon kula badhe ngucemaken asmanipun Rama Tumenggung Jatikusuma, awit sampun kula papanaken jajar kalih Ki Kebayan Bulak Pandhe.

 

Mireng pamrayogi saking Ki Suwela kados makaten menika kala wau, ndadosaken manah kula sakalangkung nelangsa, dene kapisan kula ngraosaken kepengin pala krama kemawon kedah wurung inggih jalaran kaadhang dening tatacara ingkang kados makaten. Langkung-langkung, nalika Ki Suwela ugi nyukani penget menawi kula ngantos nekad, wantun matur dhateng Rama Tumenggung bab anggen kula kepengin mengku Andalu minagka sisihan kula, criyosipun Ki Suwela boten mokal menawi Rama Tumenggung badhe duka lan boten badhe nyarujuki pepenginan kula menika. Kula ugi kemutan, Kanjeng Ibu ugi Nyi Menggung ingkang sampun wongsal-wangsul paring dhawuh dhateng kula murih enggal purun emah-emah, ugi nate paring dhawuh bilih saderngipun kula emah-emah, kula kedah purun nglimbang lan nimbang menggah bibid, bebed lan bobodipun calon semah kula. Mila angkah lan lekas anggen kula badhe matur ing ngarsanipun Rama Tumenggung bab anggen kula kepengin mengku Andalu menika lajeng kula wurungaken.

 

Nanging, inggih awit manah kula ingkang kelajeng gandrung lan  boten saged nyupekaken dhateng Andalu menika, lajeng ndadosaken kula kados tiyang ingkang ling-lung. Temah kula boten saged mikir kanthi wening, asring anggen kula nindakaken jejibahan sarwa klentu. Menawi nuju jejagongan kalih tiyang sanes asring boten saged sambung. Nyumerepi ewahing solah bawa kula kados makaten menika, Ki Suwela lajeng manggihi kula, piyambakipun nyukani cara murih kula saged gesang sesarengan kalihan Andalu nanging boten badhe ndadosaken dukanipun Rama Tumenggung awit boten badhe ngucemaken asmanipun Rama Tumenggung. Ki Suwela nedahaken dhateng kula, bilih para punggawaning nagari Majapahit menika, wiwit ingkang pangkatipun inggil ngantos ingkang pangkatipun cendhek piyambak, meh sedaya garwanipun langkung saking setunggal, wonten ingkang sekawan utawi gangsal sok langkung, kajawi menika radin-radin ugi taksih nyingidaken wanita simpenan kinarya klangenan utawi selir . Inggih awit saking menika, Ki Suwela mrayogekaken dhateng kula murih mundhut Andalu dados garwa selir kula. Nalika kula nguwatosaken dukanipun Rama Tumenggung menawi kula ngantos kadenangan gadhah selir, Ki Suwela sagah nyingidaken Andalu ing satunggaling panggenan ingkang boten badhe kadenangan para punggawa dalem Katumenggungan mriki, satemah boten badhe wonten kabar bilih kula sampun ngingah selir. Kula lajeng nyuwun pirsa malih, menapa Andalu purun menawi kula dadosaken selir lan menapa tiyang sepuhipun ngeparengaken?.

 

“Sampun kuwatos Anakmas” makaten Ki Suwela wicanten dhateng kula “Andalu mesthi purunipun, awit ingatase namung anak kebayan saged kapundhut dados seliripun Anakmas Suwanda ingkang lenggah minangka sesulihipun Gusti Tumenggung Jatikusuma, mokal menawi Andalu nampik. Dene tiyang sepuhipun, kula pitados ugi remen menawi yoganipun estri jengandika kersakaken dados selir, langkung-langkung menawi wonten keparengipun Anakmas paring ganjaran brana picis dhumateng piyambakipun. Namung kemawon bab brana picis menika, Anakmas Suwanda sampun ngantos ngedalaken piyambak, kula ingkang sagah badhe madosaken, jalaran tuhu kathah para kawula ingkang sugih gesangipun ing laladan mriki ingkang tansah ngantu-antu sageda atur pisungsung dhateng Anakmas, sesulihipun Gusti Tumenggung ingkang tansah mbudisaya murih sansaya tambah raharjaning kawula menika”.

 

Makaten menika cariyos ingkang saged kula aturaken Rama, lan kula ngrumaosi bilih kula saestu sampun nandhang dosa dhateng Rama Tumenggung tuwin Wa Anggara, inggih kabekta saking raos kayungyuning manah kula dhateng Andalu. Lan awit saking menika, kula sampun nglenggana kaparingan pidana ingkang kados menapa kemawon wujudipun, kula badhe legawa lan boten badhe nggrantes salebeting manah, jer nyatanipun kula mila sampun nandhang dosa lan lepat ingkang saestu” aku mungkasi critaku marang Rama Tumenggung, aku banjur ndhingkluk ngenteni dhawuh saka Rama Tumenggung, pidana apa sing bakal ditibakne marang aku.

 

Rama Tumenggung bolaq-bali unjal ambegan landhung, lan nalika aku nyoba nglirik marang Ki Amggara, Kebayan Bulak Pandhe kuwi ora obah babar pisan, lungguh ndhingkluk amarikelu, embuh apa unining gagasane.

 

“Suwanda Ngger, anakku” wasana rama Tumenggung ngendika “nek diarani luput, pancen sliramu wis luput. Sepisan nalika sliramu kapencut marang Andalu ya gene sliramu ora matur marang aku, sing dadi wong tuwamu? Malah sliramu nggugu kojahe Suwela sing mung dhedhasar kira-kira, awit sing dikarepake bibid, bebed lan bobod dening Ibumu nalika weh pitutur marang sliramu kae, dudu kaya sing dikarepake Suwela ngono kuwi, ora wujud pangkat, darajat semat lan sapiturute kaya sing wis mbok aturne mau, jalaran pangkat lan drajat kuwi mung sampiran, sawayahwayah bisa dientas dening sing nyampirake, bandha lan kasugihan kuwi mung saderma titipan, yen dening sing nitipake dijupuk bali sing dititipi iya ora bisa nggondheli. Kaping pindho sira malah nedya nuruti pangrigen saka Suwela, arep ngingu simpenan lan nyingidake selir, kuwi padha wae sira ngremehake Maha Wianing Hyang Suksma, mbok menawa wae, aku, ibumu lan wongwong Katumenggungan ora ana sing weruh yen kowe wis ngingu senengan, nanging Gusti Kang Maha Agung tuhu Maha Wikan, lan kuwi  arep mbok wutakake. Nanging, sanadyan kaya sing mbok akoni sliramu wis tumindak luput, nanging sliramu luwih cepet eling sadurunge kebacut, kuwi ndadekne bisa nyuda pidana marang sing bakal mbok tampa”.

 

 

Ana candhake.


Rabu, 13 Juli 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (037)


 

37.

Rama Tumenggung ngasta cangkir unjukane banjur disruput, karo bali nyelehne cangkir menyang klasa, panjenengane tumuli ngendika :

“Yen ora kleru nggonku nyemak lan ngrungokne kabeh kang dikandhakne Ki Kebayan ing Bulak Pandhe mau, kedadeyan kuwi wis rada suwe olehe lumaku. Kamangka kedadeyan lan warta mangkono kuwi cetha yen ana sambung rapete karo kaslametane Kunthing, lire bisa ndadekne lana lan orane nggonku nampa kapracayan saka Gusti Prabu kanthi nglungguhi pangkat Tumenggung. Mula nyata eman, dene sedulurku tuwa sing nyumurupi anane kedadeyan lan warta kang mangkono iku, teka mung disidhem lan disimpen dhewe, apa sing ngalang-alangi Ki Kebayan Bulak Pandhe aweh weruh marang aku ing babagan iki?”.

 

“Lepat nyuwun pangapunten Gusti” Ki Anggara gupuh mangsuli “anggen kula boten caos uninga dhumateng Gusti Tumenggung menika mila wonten sababipun, inggih menika kula kinten Gusti Tumenggung ingkang ambawahi prajurit lan telik sandi, sanadyan boten patos kathah cacahipun, sampun nampi palaporan bab menika. Kaping kalih, inggih awit saking puteging manah kula ingkang tansah kapentog nalikanipun kula ngupadi srana murih anak kula Rinten enggala saged lepas saking mantu kula Waraka, ndadosaken kula boten saged mikir kanthi sae. Nanging kula panggah ngrumaosi bilih kula mila pantes kawastanan lepat, awit saking menika kula ugi boten badhe suwala utawi nggrantes menawi ta kedah kapatrapan pidana saking Gusti kula Tumenggung Jatikusuma”.

 

“Ha ha ha……” Rama Tumenggung gumujeng nanging ora pati banter “nDika ora luput Kakang, malah aku sing kena diarani sembrana, nganti ana lelakon lan kedadeyan kang mangkono iku, aku ora weruh lan ora krungu. Iki cetha yen aku wis sembrana, malah mbok menawa wae, bocah telik sandi Katumenggungan kene wis kena pangaribawane wong sing ora seneng karo aku, temah ora aweh palapuran apa-apa marang aku”.

 

“Inggih Gusti” Ki Anggara semaur alon “nanging ingkang magepokan kalihan arum saha kuceming asma jengandika Gusti Tumenggung taksih wonten malih, ingkang sengaja badhe kula aturaken dinten menika, kados ingkang sampun kula aturaken wosing sedya kula sowan dalu menika, kala wau ngajeng”.

 

“Iya, iya Kakang” Rama Tumenggung mesem “nganti lali yen mau Kakang Kebayan kandha nek ana punggawa Katumenggungan sing teka ing Bulak pandhe lan nggeret, nyangking utawa malah kekudhung nganggo jenengku lan jenenge anakku Suwanda. Saiki coba ndika cethakne pisan Kakang, mumpung durung kebacut kliwatan”.

 

“Inggih Gusti” Ki Anggara njejegne anggone lungguh banjur wangsulan “rawuhipun Ki Suwela ing gubug kula, siyang macak serap kala wau, nyariyosaken bilih piyambakipun ngemban dhawuh saking Angger Raden Bagus Suwanda, minangka sesulih saking Gusti kula Gusti Tumenggung Jatikusuma”.

 

Ki Anggara leren sedhela anggone kandha. Nanging tembung lan ukarane Ki Anggara sing keri dhewe iki wis gawe atiku trataban ora karuwan. Ana rasa kuwatir kaworan rasa wedi nampa deduka saka Rama Tumenggung. Aku wis bisa mbadhe apa sing arep diaturne Wa Anggara marang Rama Tumenggung, ya kuwi bab olehe Ki Suwela sing wis nyaguhi marang aku yen bakal ngaturake Andalu dadi selirku. Aku dadi ora krasa jenjem nggonku lungguh.

 

“Suwela ngaku yen dikongkon dening anakku Suwanda apa?” Rama Tumenggung mundhut pirsa.

 

“Boten namung awit kadhawuhan dening Raden Bagus Suwanda kemawon Gusti, nanging Ki Suwela ugi dhawuh menawi Gusti Tumenggung ugi sampun nyarujuki kersanipun Gus Wanda ingkang dipun dhawuhaken dhateng Ki Suwela menika” Wa Anggara olehe wangsulansajak ngati-ati banget “nanging salebeting batos kula mila boten patos pitados, jalaran menawi nitik dhateng kapitayan saha tindak sugengipun Gusti Tumenggung Jatikusuma, ketingal anggenipun mokal menawi Gusti Tumenggung Jatikusuma paring pasarujukan dhateng Gus Wanda ingkang paring parintah dhateng Ki Suwela ingkang cengkah kalih piwucalipun sawargi Rama Panembahan Kiswara. Langkung-langkung sareng kula miring piyambak saking Gus Wanda bilih Angger Suwanda menika anggenipun kepanggih kalih anak kula Andalu nembe kaping sepisan, raosing manah kula wewah anggenipun boten pitados dhateng Ki Suwela, malah lajeng kula ganthuk-gathukaken kalih lekasipun Waraka ingkang cetha dados sapukawatipun Gusti Tumenggung Raden Secayuda”.

 

“Mengko dhisik Kakang” Rama Tumenggung nyelani ature Wa Anggara “dawa kaya  unining layang kuna sing ndika kandhakne iki mau, nanging aku malah dadi bingung, merga Kakang Anggara mala hora ngandhakne Suwela kuwi kandha apa marang Ki Kebayan ing Bulak Pandhe?”.

“Sewu nyuwun gunging pangaksami Gusti” Ki Anggara wangsulan alon, suwarane panggah keprungu nek ngati-ati “mila atur kula ingkang ngandhar-andhar angedhukur kala wau, namung murih cethanipun menawi  ingkang kula aturaken sampun rampung, inggih nyuwun pangapunten menawi atur kula malah ndadosaken bingungipun penggalih jengandika. Cekaipun Ki Suwela criyos bilih ngemban dhawuh saking Raden Bagus Suwanda kinen mundhut anak kula Andalu saking tangan kula, badhe kakersakaken minangka seliripun Raden Bagus Suwanda. Ki Suwela ugi paring dhawuh menawi kula mbetahaken pitukon wujud brana picis sepinten cacahipun ugi badhe dipun cekapi, nanging menawi kula lila legawa boten nyuwun menapa-menapa, mangke Gusto kula Raden Bagus Suwanda panggah badhe paring nugraha dhateng kula. Makaten ingkang dados atur kula ing ngarsa jengandika Gusti Tumenggung, borong anggenipun badhe amurba”.

 

Aku sing wis mbadhe apa sing arep diaturne Wa Anggara wae, bareng krungu atur sing kaya mangkono iku dadi sansaya luwih kaget lan ndhrodhog ora karuwan, mula ya ora mokal yen Rama Tumenggung luwih kejot maneh penggalihe. Tak lirik Rama Tumenggung katon mbrabak abang pasuryane, wajane digegetne cetha yen lagi ngempet duka sing ngobong ing jajane. Nanging duka marang sapa? Marang aku? Marang Ki Suwela sing ora ana kono? Apa malah duka marang Wa Anggara sing teka nggawa warta sing neka-neka?.

 

Aku dhewe sing rasane atiku ora karu-karuwan banjur rumangsa diadhepake marang dalan loro, sing yen tak liwati bakal nuwuhake kapitunan sing gedhe. Dalan loro mau yaiku, sing siji yen nitik karo ature Wa Anggara kuwi mau, gampang wae aku ngucapne tembung selak, matur marang Rama Tumenggung yen babar pisan ora tau kongkonan utawa rembugan karo Ki Suwela sing magepokan karo Andalu. Jalaran nalika aku rembugan mau awan karo Ki Suwela perkara anggone Ki Suwela arep budhal nemoni Andalu, ora ana sing krungu kajaba mung aku karo Ki Suwela dhewe. Dadi saupama Rama Tumenggung lan Ki Anggara sing kena dijibne mesthi percayane karo kandhaku, banjur Ki Suwela kandha yen temen-temen wis ana rembug antarane aku karo dheweke bab anggonku kepencut marang Andalu, bakal ora ana sing percaya, luwih-luwih apa sing dikandhakne Ki Suwela mengko cetha yen ora ana seksine. Kanthi mangkono aku bakal bisa nylametake aku saka dukane Rama Tumenggung sing satemene nyimpen rasa sengit marang wong lanang sing dhemen nguja hawa nepsu sarana ngopeni wong wadon simpenan utawa selir. Nanging, yen dalan iki sing tak pilih, aku rumangsa ora bisa nyelaki batinku dhewe, mligine batin sing saben wektu tansah njerit awit ketaman panahing Sang Hyang Asmara, temah kayungyun lan ora bisa nglalekne wewayangane Andalu. Sing kapindho, bisa uga aku ngadeg kadi dene satriya, matur ing ngarsane Rama Tumenggung yen pancen aku wis kongkonan Ki Suwela mbudidaya murih aku bisa nuruti panjeriting atiku sing nandhang gandrung kapirangu marang Andalu. Yen dalan iki sing tak pilih, mangka aku ora bisa nggambarake kaya apa dukane Rama Tumenggung marang aku sarta ora bisa ngira-ira pidana apa sing bakal tak tampani jalaran wis ngremehake pitutur luhur sing kerep tak tampa saka Rama Tumenggung magepokan karo wajibing wong lanang yen lagi kesandhung rasa tresna marang wanita. Ora mokal menawa merga aku wis kebukten duwe karep ngopeni selir, banjur dening Rama Tumenggung dilorot kalungguhanku malah bisa uga banjur anggone ngrengkuh aku dadi putra pupone banjur diwurungake lan aku dibalekne menyang desa maneh. Sansaya suwe tak gagas, sirahku sansaya krasa mumete……..

 

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (036)

 

36.

Rikat sing wis arep ngadeg dadi murungake karepe, anjur bali lungguh kaya mau. Dheweke nyawang praupanku sajak nyethakne marang karepku sing wis menggak anggone arep bali. Aku tanggap banjur mbaleni anggonku kandha :

 

“Sepisan maneh aku njaluk pangapura kisanak, awit aku durung sumurup jebul ndika kuwi uga nggilut kapitayan sing padha karo kapitayanku sing wis arang gelem migatekake iki. Mula tak jaluk ndika gelema nyritakne ana kedadeyan apa sing disandhang dening anakku Rinten apa dene mantuku si Waraka”.

 

“Inggih saderengipun kula inggih nyuwun pangapunten Ki Kebayan” sawuse mikir sedhela Rikat banjur aweh wangsulan “mila suwaunipun kula boten ngertos menawi Rinten menika putranipun Ki Kebayan lan kula ugi boten mangertos bilih Ki Kebayan sampun kepareng malakramekaken Rinten kalihan Waraka. Kula nembe ngertos inggih nembe kalih dinten menika, nalika kula miring saking Bakul wedang ingkang manggen sacaketing griyanipun Waraka, ingkang ngraosi Waraka kalih semahipun ingkang angka tiga, inggih pun Rinten menika”.

 

“Piye Kisanak? Rinten kuwi bojone  Waraka sing angka telu?” aku kaget krungu kandhane Rikat mangkono mau.

 

“Leres Ki Kebayan” wangsulane Rikat “Waraka menika saderengipun palakrama kalihan Rinten mila sampun lan taksih gadhah semah cacah kalih ingkang dipun damelaken griya ing tengah-tengahing Kitha, lajeng Rinten ingkang jejer minangka semah ingkang kaping tiga, dipun damelaken griya ing pinggiraning kitha. Kajawi gadhah semah cacah tiga, Waraka ugi taksih ngingah wanita simpenan ingkang cacahipun langkung saking gangsal”.

 

“Aku durung pati bisa nampa klawan kabar sing ndika gawa iki Kisanak” Aku nyoba nyelani anggone crita si Rikat “jalaran, watara sewulan kepungkur Waraka lan Rinten sanja mrene lan Rinten uga ora crita apa-apa, mung nembung marang aku supaya nglilani sedulur kembare ya kuwi si Andalu dijak menyang kutha murih ngancani Rinten, jalaran wektu iki Waraka kerep lunga rada adoh nindakne laku dagang. Aku uga wis ngidini”.

 

“Leres Ki Kebayan” Rikat malah mbenerake kandhaku “Waraka menika tuhu tiyang ingkang julig, sanaosa wekasanipun Rinten ugi lajeng ngertos menawi Waraka gadhah semah cacah kalih salintunipun piyambake sarta gadhah selir ingkang kathah, nanging Rinten boten badhe saged menapa-menapa jalaran Waraka sampun ngajrih-ajrihi menawi ngantos Rinten wantun neka-neka badhe dipun lunasi. Kula inggih sampun sumerep sedherek kembaripun Rinten ingkang nami Andalu menika mila sampun manggen kempal kalihan mbakyunipun. Nanging boten kapurih ngancani kemawon, jalaran Andalu ingkang nggadhahi kasagedan ulah beksa menika badhe dipun ginakaken kangge makiyati anggenipun Waraka anggaota ingkang mapan boten tebih saking dalem Katumenggungan reh-rehanipun Gusti Tumenggung Jatikusuma, dados mangke kula suwun Ki Kebayan kersaa nglodhangken wekdal kajawi mertuwi Rinten ing Kitha, ugi kaparenga mirsani wande enggal ingkang ageng ingkang mapan ing caket peken, boten tebih saking dalem Katumenggungan”.

 

Aku mung bisa meneng ora bisa ngucap apa-apa krungu kandhane Rikat sing kaya ngono kuwi. Rikat uga banjur nutugne critane, yen satemene Waraka kuwi nyata wong sing julig, pinter macak dadi wong sing suci ngungkuli brahmana, uga kerep macak dadi wong sing seneng dana driyah marang wong sing mbutuhake pitulungan. Nanging kabeh mau nganggo petung sing bisa dijupuk bebathene. Sawuse rampung crita Rikat banjur pami bali, lan meling supaya aku gelem mbuktekne dhewe bener utawa lupute kabar sing dikandhakne kuwi.

 

Let sedina saka tekane Rikat, aku banjur ninggalkne omah kanthi sesidheman ngulat-ulati kahanan omahe Waraka lan golek kabar mungguh kaya apa panguripane Waraka. Jebul sing dikandhakne Rikat wingi, ora ana sing ora bener. Malah nalika dina candhake aku ngulat-ulati warung anyar sing dikandhakne Rikat wingi, jebul neng dalan prapatan cedhak pasar kuwi Waraka yasa papan panggaotan kajaba warung kanggo dodolan panganan uga nyawisake papan kanggo sukan-sukan, ngombe ciyu lan nenggak arak, mendem-mendeman uga nyawisake papan panglipur gelaran karawitan sing ngiringi para wanita sing pinter ulah beksa lan sing luwih nggilani maneh jebul Waraka uga yasa papan panggaotan wujud cecawis wadon palanyahan kanggo nuruti wong-wong sing dhemen ngumbar hawa nepsune”.

 

“Lha kakang Anggara banjur piye bareng nemoni kanyatan urip sing kaya mangkono kuwi?” dumadakan Rama Tumenggung sing maune mung kendel mirengake critane Ki Anggara banjur mundhut pirsa.

 

“Inggih menika ingkang ndadosaken abdi jengandika sansaya puteg salebeting manah Gusti” Ki Anggara atur wangsulan, saiki nganggo basa sing alus, kaya basane Kebayan sing ngadhep punggawa negara sing pangkate Tumenggung “ndelalah boten dangu saking anggen kula ngulat-ulati pagesanganipun Waraka saha anggenipun nggaota menika, Rinten kalih Waraka dipun tutaken Andalu sanja dhateng Bulak Pandhe. Kados padatan lare tetiga niku babar pisan boten nedahaken sampun nindakaken lampah gesang ingkang cengkah kalih piwulang ingkang kula sukakaken.  Nanging kula sampun ngertos piyambak kawontenan ingkang sanyatanipun. Waraka saha Rinten lajeng kula celuk, kula takeni sarta kula kandhani bilih piyambakipun menika jebul sampun ngawoni mripat kula. Ngapusi dhateng kula, nyepelekaken dhateng sedaya piwucal kula”.

 

“Lha bareng ndika dukani ngono kuwi Waraka banjur kepiye Ki Kebayan?” Rama Tumenggung banjur mundhut pirsa maneh.

 

“Wekdal niku Waraka lajeng ndheprok nangis saha nyuwun pangaksami” Ki Kebayan Bulak Pandhe atur wangsulan “piyambakipun ngaken bilih piyambakipun sampun nglampahi kados ingkang kula dakwakaken sedaya, nanging piyambakipun ugi ngaken menawi anggenipun purun tumindak makaten kala wau awit dipun peksa dening priyagung Nagari Majapahit ingkang cinaket kalihan Gusti Prabu. Priyagung kasebat sanaosa naming pangkat Tumenggung nanging nggadhahi wewenang ngerehaken prajurit ingkang sakalangkung kathah. Saben dinten priyagung kasebat tansah mbudidaya mangun kekiyatan saking kawula alit, kojahipun Waraka kangge nggayuh drajat ingkang langkung inggil malih sarta murih sansaya caket kalih Kanjeng Sinuhun”.

 

“Sapa asmane priyagung kuwi Ki Kebayan?” Rama Tumenggung sajak kasengsem karo kandhane Ki Kebayan sing keri dhewe iki.

 

“Miturut cariyos saking Waraka,priyagung menika ngagem asma Raden Tumenggung Secayuda” Kebayan Bulak Pandhe atur wangsulan.

 

“Raden Secayuda?” Rama Tumengung njengkerutne palarapane.

 

“Leres Gusti” Ki Anggara mbenerake.

 

“Raden Tumenggung Secayuda kuwi ora aran punggawa maneh, nanging panjenengane kuwi isih kalebu sentana dalem, awit isih kaprenah pulunan karo Kanjeng Sinuhun, putra nak sanake Gusti Prabu, dadi ya pancen bener yen panjenengane nyata kecaket karo Gusti Prabu Kanjeng Sinuhun Brawijaya” Rama Tumenggung paring weruh mungguh cethane sapa sing diarani Ki Anggara wis meksa marang Waraka supaya ngapusi dheweke kuwi.

 

“Mila Waraka ugi criyos, sanaosa Tumenggung Secayuda menika sampun cinaket kalihan Sang Prabu nanging taksih rumaos ering kalihan jengandika Gusti Tumenggung Jatikusuma, mila lajeng mbudidaya murih panjenenganipun saged langkung moncer asmanipun ing ngarsanipun Sang Prabu tinimbang asmanipun adhi kula inggih Gusti kula pun Kunthing utawi Gusti Tumenggung Jatikusuma. Anggenipun marentahaken Waraka nindakaken panggaotan ingkang kados kula aturaken ing ngajeng menika, kajawi kangge nglempakaken redana kangge ngragati lan nyengkuyung gegayuhanipun Gusti Secayuda” Ki Anggara nutugne olehe kandha, banjur meneng sedhela ngenteni tumanggape Rama Tumenggung.

 

Nanging rama Tumenggung ora ngendika apa-apa kajaba mung manggut-manggut karo mirsani mangisor.

 

“Salajengipun Waraka sumpah ing ngajeng kula” gandheng Rama Tumenggung ora ngendika apa-apa Ki Anggara banjur nutugne olehe guneman “sanaosa piyambakipun mila sampun manunggal kalih Gusti Tumenggung Secayuda, nanging piyambakipun boten badhe mewahi raos sakitipun anak kula pun Rinten saha badhe anjagi kasucenipun pun Andalu. Waraka sagah badhe merak semah-semahipun sedaya sarta badhe paring kamardikan dhateng sedaya selir-seliripun, piyambakipun nyuwun inah tigang wulan kangge mujudaken ingkang dipun criyosaken ing ngajeng kula kala wau”.

 

“Ana sing banget tak anggep eman Kakang Anggara” Rama Prabu ngendika alon, nanging katon wis gawe kagete Ki Anggara.

 

“Eman kados pundi Gusti?” sajak ora sranta Ki Anggara banjur nyuwun pirsa.

 

 

Ana candhake.

Selasa, 12 Juli 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (035)

 

35.

Aku ora wani nyuwara, Rama Tumenggung uga mung kendel ora ngendika apa-apa, mung pasuryane katon nuduhne rasa sungkawa, kaya-kaya panjenengane uga melu ngrasakne apa sing lagi dirasakne dening Ki Anggara. Bareng wis rada sauntara anggone meneng anjetung, Ki Anggara banjur wiwit guneman maneh :

 

“Saben dina srawung karo Waraka sing solah bawane sarwa ngresepake atine, anakku si Rinten tuwuh rasa lan mambu ati marang bocah lanang sing jare lagi .nglakoni laku patobatan kuwi. Aku uga bisa maca, yen sejatine Waraka uga duwe krenteg nimbangi katresnane Rinten. Sing luwih ndadekne Rinten sansaya kapencut marang Waraka, kajaba bocah kuwi tindak tanduke sarwa ngajeni marang sapepadhaning wong lan kelakuwane sing becik, ya kuwi rasa bektine Waraka marang wong tuwane, mligine marang Biyung sing nggulawenthah dheweke wiwit cilik. Saben-saben ngarepake wulan Purnama, Waraka pamitan marang aku yen arep niliki biyunge, telung dina tilik biyung, Waraka mesthi wis bali maneh ing omah, karo nggawa crita rupa pitutur sing ditampa saka Biyunge banjur dicundhukne karo wewarahku, prasasat kabeh pitutur sing dikandhakne marang aku kuwi ora ana lupute babar pisan.

 

Gandheng aku weruh yen anakku Rinten banget kayungyun marang Waraka, mula bocah loro kuwi banjur tak lungguhne bareng ana ngarepku, tak takoni apa pancen kekarone wis padha manteb saupama dijodhokne lan nggebyur ing jagade bebrayan?.

 

“Nyuwun pangapunten Bapa” mangkono wangsulane Waraka marang aku “mila leres bilih kula kepengin sanget saged gesang sesarengan kalihan Nimas Rinten, nanging kula ngrumaosi bilih saupami dipun ibarataken timbangan, antawisipun kula kalih Nimas Rinten menika ketawis menawi njomplang. Liripun, wiwit alit Nimas Rinten sampun nampi tuntunan saking jengandika Bapa Kebayan ing babagan cara gesang ingkang sae, lan kula kenging dipun upamekaken nembe sakedhik nampi piwucal saking Bapa Kebayan. Menapa sakintenipun pantes menawi kula kumawantun ngadeg dados gurulakinipun Nimas Rinten?”.

 

“Ora luput sing sira kandhakne kuwi Ngger” wektu iku aku aweh wangsulan “nanging ora kudu mangkono anggone ngecakne, jalaran sing jenenge ngelmu kuwi kelakone kanthi laku. Dadi sanadyan sliramu ngrumangsani yen durung akeh kawruhira ing babagan lakuning urip, nanging yen sliramu klakon dadi bojone si Rinten tak kira uga ora ana alane, jalaran ya kuwi mau, karo mlaku keng slira bisa nyampurnakne kawruh sing rumangsanira durung sampurna kuwi”.

 

“Ngaturaken genging panuwun Bapa” Waraka wangsulan kanthi kurmat banget marang aku “mila saestu kula sakalangkung tresna dhateng Nimas Rinten, menawi Bapa Kebayan sampun marengaken kula anjatukrama Nimas Rinten, kula naming saged ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan. Namung kemawon………”

 

“Namung apa maneh Ngger?” aku ora sabar nugel rembuge Waraka.

 

“Saderengipun kula nindakaken palakrami kalih Nimas Rinten ingkang tuhu kula tresnani menika, kaparengna kula nyuwun palilah saha pangestu dhateng Biyung, awit kula ngrumaosi bilih tanpa palilah saking Biyung mokal anggen kula mangun bebrayan kalih Nimas Rinten saged manggih kamulyaning gesang, malah kepara boten mokal badhe ndumugekaken kasangsayanipun gesang kula” Waraka nyethakne sing dikarepake.

 

Aku rumangsa luwih marem maneh krungu wangsulane Waraka sing mangkono kuwi. Awit wangsulane Waraka iku cetha nuduhne yen Waraka temen-temen bocah lanang sing weruh marang tata krama sarta bekti marang Biyunge. Mula cekaking crita, Waraka banjur dak kongkon bali dhisik saprelu njaluk pangestu marang wong tuwane. Dina kuwi uga Waraka banjur budhal bali menyang omahe wong tuwane, arep nindakne apa sing dikandhakne.

 

Sorene, Waraka wis bali maneh menyang Bulak Pandhe, tekane ora ijen, nanging dikancani dening paraga loro lanang wadon sing wis rada tuwa. Wong loro kuwi kandha yen dikongkon dening Biyunge Waraka saprelu ngaturake panuwun marang aku dene wis aweh palilah marang Waraka anjatukrama anakku Rinten. Lan minangka tandha tresna lan bektine marang aku, Biyunge Waraka masrahake kaya lumrahe srah-srahan sing digawa calon temanten lanang marang calon mara tuwane.

 

Sepasar candhake, Rinten klakon tak dhaupne karo Waraka kanthi climen. Sepasar candhake maneh, Waraka pamit nek arep mboyong Rinten menyang omahe, ora diboyong menyang omahe wong tuwane nanging diajak ngenggoni omah anyar sing jarene paweweh saka wong tuwane. Angone pamit Waraka babar pisan ora ninggal tata krama, dheweke kandha yen bakal kerep mara menyang Bulak Pandhe saprelu njaluk pituduh samangsa-mangsa sajroning nindakne bebrayan karo Rinten nemoni prakara sing ora bisa dirampungake, mligine sing gegayutan karo piwulange Rama Panembahan sing tau tak wulangake marang dheweke. Kanthi leganing ati, budhale Waraka lan Rinten tak pangestoni, kaya lumrahe wong tuwa sing dipamiti anak arep medhang lawang dhewe.

 

Kira-kira sewulan sawuse Rinten lan Waraka omah dhewe, nalika aku lagi arep budhal nindakne kuwajibanku minangka Kebayan ing Bulak Pandhe, dumadakan ana wong teka ing omahku. Ngakune duwe jeneng Rikat, saka Kutha Raja Majapahit, isih tanggane wong tuwane Waraka.

 

“Matur nuwun Kisanak” wangsulanku nalika wong kuwi nepungne jeneng lan panggonane “yen ndika ngersakne kepethuk Kebayan Bulak pandhe, ya aku iki wujude. Mula bener yen aku iki wong tuwane Rinten sing saiki wis dirabi dening Waraka. Banjur kisanak Rikat ngersakne apa dene kepengin ketemu karo aku?”.

 

“Inggih sepisan malih kula nyuwun pangapunten Ki Kebayan” Rikat wangsulan “boten ateges kula badhe ndherek nrambul ing prakawis ingkang dede prakawis kula, nanging gandheng lampah gesang kula menika nggilut kapitayan ingkang memper kalihan kapitayan ingkang dipun agem dening Ki Kebayan, kula wanton-wantunaken sowan Ki Kebayan lan badhe ngaturaken kabar ingkang kirang sae tumrap Ki Kebayan lan kulawangsanipun”.

 

“Coba ndika kandha sing cetha lan ora sah ndadak nganggo rambatan ukara sing angel digerba, ana kedadean apa sing ndika arani warta sing ora pati nyenengake kuwi?” aku takon karo suwara sing rada banter, jalaran bisa uga Rikat iki nggawa crita ngayawara sing tundhone mung arep golek-golek, supaya aku menehi dhuwit marang dheweke.

 

“Nyuwun pangapunten Ki Kebayan” Rikat wangsulan tatag “sampun kula kinten, menawi kula criyosaken menapa ingkang sampun kedadosan ingkang dipun alami dening putra ndika pun Rinten, ndika kathah boten pitadosipun kalihan atur kula. Inggih awit saking menika, kula namung badhe matur, mugi Ki Kebayan nglodhangken wekdal kersaa rawuh dhateng griyanipun putra mantu ndika pun Waraka, nanging sampun paring cecala langkung rumiyin, ing mriku mangke Ki Kebayan badhe uninga menapa ingkang sampun kedadosan magepokan kalihan ingkang dipun lampahi dening Rinten”.

 

“Karep ndika kuwi kepiye? Ditakoni ora mangsuli karo wangsulan sing tak butuhne malah crita tekan ngendi-endi?” aku sansaya ora seneng karo carane Rikat guneman.

 

“Kula kinten sampun cetha ingkang dados atur kula Ki Kebayan” Rikat sansaya tatag anggone aweh wangsulan “borong anggen badhe ndika nanggapi, kersa tindak inggih sokur, dene boten inggih manga, bakenipun minangka tiyang alit ingkang tuwajuh nggilut piwucalipun Panembahan Kiswara pepundhenipun tiyang sepuh kula, kula sampun mbudidaya nyaosi pirsa dhumateng ndika Ki Kebayan. Samangke kaparenga kula nyuwun pamit badhe wangsul”.

 

Wangsulane Rika tiki cetha yen dheweke rumangsa kacuwan ngadhepi sikep sing tak tuduhne marang dheweke. Aku dadi getun dhewe, ya gene aku isih kasinungan rasa jubriya lan ngingu panyangka ala marang wong sing durung tau tak tepungi sing teka kanthi becik-becik ing omahku.

 

“mengko dhisik Kisanak Rikat” wekasane aku ngrumangsani yen rada keladuk nggonku guneman karo dhayohku iku “aja kesusu bali dhisik, ya aku nyuwun pangapura yen tangkebku marang ndika ora nuju prana, coba ndika kandhakne sawutuhe ana kedadeyan apa marang anakku Rinten lan mantuku Waraka?”.

 

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...