Total Tayangan Halaman

Senin, 18 Juli 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (042)


 42.

Dalan-dalan isih sepi, durung ana wong sing metu budhal menyang papane nyambut gawe. Kyai Baratketiga sing tak gelak sajak kepenak nggone mlayu ora pati banter nanging uga ora alon, mangulon ngarah menyang prenahe Gunung Lawu. Karo mlaku aku nggagas, mbuh pirang dina wektu sing tak butuhne kanggo teka ing papan sing tak tuju mengko, lan yen wis tekan kana lan bisa klakon ngadhep ing ngarsane Eyang Resi Doradruwasa banjur katampa nggonku puruita, lagi bisa dietung dina-dina sing kudu tak lakoni, ya iku ping telu saka patang puluh dina. Nek wis lagi dikeparengake bali lan bakal didhaupne karo Andalu. Saupama wingen-wingenane kae aku ora nggugu apa sing dirigenke dening Ki Suwela, kira-kira ora kaya ngene iki kedadeyane. Rama Tumenggung mesthi ora nibakne paukuman marang aku luwih dhisik sadurunge aku klalon mengku Andalu dadi sisihanku. Nanging, bola-bali ya barang wis kebacut, ya arep dikapakne maneh ?. Sing baku saiki aku wis lepas saka kaluputan lan wis oleh idi pangestu saka Rama Tumenggung yen mengko sawise paukuman iki tak lakoni, kanggo urip bebarengan karo Andalu.

 

Nalika srengenge mangsa ketiga wis manjer neng tengah-tengahing langit, lakune Baratketiga sing tak tunggangi ngliwati sawijining sendhang sing manggon neng keringing dalan sing arep tak liwati. Aku kelingan dhawuhe Rama Tumenggung mau sadurunge budhal, sing paring pitutur sanadyan saupama dipeksa Kyai Baratketiga, jaran sing asale saka negara Sumbawa iki sedina sewengi kuwat mlayu tanpa leren, nanging Rama Tumenggung paring dhawuh supaya lakune Baratketiga iki aja nganti kliwat saka separo dina, kudu wis dilereni lan diwenehi wektu kanggo leren lan goilek pangan lan ngombe, lan wis dirasa cukup lagi bisa diajak nerusne laku nganti tekan wayah surup. Yen ora kapeksa aku uga ora dikeparengake nempuh laku ing wanci bengi, lire yen wektune wis wengi aku kudu leren.

 

Sauntara Baratketiga tak umbar nyengguti suket ing pinggiring sendhang, aku leren lungguh sendhen watu sing ana sandhinge ing ngisore wit gedhe sing ngayomi sendhang kuwi. Hawa adhem sing digawa angin saka alas sakulone papan kono, nempuh panase srengenge sing preasasat arep ngobong jagad kuwi, ndadekne kahanan dadi krasa kepenak, ora adhem lan uga ora panas, ndadekne aku sing lungguh sendhen krasa ngantuk. Nggagas nek nekng kono ora ana sing prelu dikuwatirake, aku banjur ngeremne mripat nedya nglereni raga lan pikiranku sinambi ngenteni warege Baratketiga sing lagi nyrengguti suket sing ijo. Mengko yen srengenge wis rada nggglewang mangulon lagi nutugne laku, ngono gagasanku.

 

Kegawa rasa ngantuk jalaran mau bengi babar pisan aku ora turu lan awak kesel merga sedina mung lungguh neng gigiring jaran, katambahan hawa sing kepenak, ndadekne ora suwe nggonku ngeremne mripat aku wis lali ota eling apa-apa, keturon semendhe watu ing ngisore wit munggur sing gedhene saprangkulan kuwi. Embuh sepira suwene nggonku turu, dumadakan aku digugah dening anane suwara sing rame, suwarane Baratketiga sing beker-beker sajak celuk-celuk aweh sasmita marang aku yen lagi ana bebaya sing nekani. Karo ngucek mripat, aku ngadeg banjur nyawang kiwa tengen, ngulati kahanan, jroning ati takon ana bebaya apa sing ndadekne Baratketiga beker-beker sajak keweden. Alon-alon Jaran tunggananku kuwi tak cedhaki.

 

“Ana apa Baratketiga? Kok geger gember nggugah nggonku turu?” sanadyan aku ora bakal oleh wangsulan sing bisa tak ngerteni, nanging aku meksa nakoni tunggangan ampilane Rama Tumenggung kuwi. Rama Tumenggung biyen kerep paring dhawuh yen sanajan ora bisa guneman nanging jaran kuwi ngerti nek diajak guneman bendarane lan bakal rumangsa seneng nek dening bendarane diajak guneman.

 

Bener, kaya ngerti nek tak jak guneman, Baratketiga ngobah-ngobahne sirahe dianggut-anggutne mengarep kaya-kaya nuduhi aku yen rada adoh ing ngarepe ana apa-apa sing pantes disujanani. Gage aku nuruti apa sing disasmitakne Baratketiga, kanthi ngulati prenah sing dituduhne nganggo anggutan sirahe. Ora katon apa-apa kajaba grumbulan sing rungkud lan ketel. Murih saya cetha aku maju telung jangkah maneh karo nguwasi kahanane grumbul. Dumadakan saka waliking grumbul kuwi jumedhul wong telu sing umur-umurane ora adoh saka sakdhuwurku, awake ketok nek keker-keker, sandhangan sing dienggo kaya lumrahe sandhangan sing digunakne dening para prajurit, mung wae ana bedane karo prajurit sing kulina tak temoni. Prajurit telu kuwi ora nganggo tandha lambing kaprajuritan Majapahit ing klambine. Wong telu kuwi padha pencolotan sajak kesusu nyedhaki papanku.

 

“Heh Kisanak sing lagi tangi saka nggonmu turu” salah siji saka wong telu kuwi guneman marang aku “ndika melu nututi lintang alihan sing mengalor apa sing mangetan?”.

 

Gandheng aku ora mudheng karo sing ditakokne wong sing kaya prajurit kuwi, aku ora enggal aweh wangsulan. Pitakone iki cetha yen migunakne basane telik sandi sing mung dingerteni dening kanca utawa rowange wae. Dadi aku malah kewuhan bingung anggonku arep wangsulan.

 

“Srengengene wis ngglewang, wektune isih padhang, ilangna rasa sumelang, Lintang wuluh cacah wolu, metune mangsa kapisan. Sing ndika kancani luru baluning kalong sapa?” wong kuwi takon maneh, lan aku ora mudheng karo sing dikarepake, mung bisa ngira-ira mbok menawa wong-wong kuwi ngira nek aku iki prajurit telik sandi sing lagi nindakne jejibahan.

 

“Jenengku Suwanda Kisanak” wangsulanku alon lan ngati-ati  “neng kene aku mung leren, sedhela maneh ya tumuli nerusne laku, yen dikeparengne apa aku oleh ngerti ndika sakanca kuwi sapa lan ana gawe apa nyedhaki nggonku leren?”.

 

“Ha ha ha …..” salah siji saka kancane wong sing nakoni aku kuwi ngguyu banjur kandha marang kancane sing mau nakoni aku “dudu kakang, wangune mung madha rupa karo sandhangane dhewe wae”.

 

“Ooo, nDika Ki Suwanda dudu wong kene ta?” Wong sing dikandhani kancane kuwi ora ngrewes malah banjur nakoni aku maneh “Lha ndika kuwi priyayi saka ngendi lan arep lelungan menyang ngendi? Nek tak sawang gawan sing ndika gawa ora akeh, nanging tunggangan ndika iki nuduhne nek ndika kuwi wong sing kacukupan utawa nek ora ya malah putrane priyayi luhur”.

 

“Bener Kisanak, omahku rada adoh saka kene” wangsulanku ngati-ati “nanging kleru yen ndika ngarani aku iki wong sing kecukupan, jalaran aku tilas abdi pekathike Gusti Tumenggung sing wis rampung nggonku ngabdi, merga selawase dadi abdi aku ora tau nyuwun blanja marang bendaraku, mula sawuse oleh sangang tahun aku ngabdi aku banjur diparingi ganjaran wujud jaran sing tau dadi titihane Gusti Tumenggung iki”.

 

“Dadi abdi nanging ora tau gelem diparingi blanjan? Banjur diparingi ganjaran wujud jaran ? Aneh temen?” wong kuwi mesem ketara yen ora percaya karo sing tak kandhakne.

 

“Ora aneh Kisanak” aku gagae wangsulan karo mesem “biyen wong tuwaku kuwi abdi pekathike Gusti Tumenggung, nalika umurku ngancik rolas tahun wong tuwaku mati, sadurunge mati ningal weling supaya aku ngabdi marang Gusti Tumenggung murih kesawaban berkah lan aku klakon ketampa dadi abdine Gusti Tumenggung lan lekasku ngabdi pancen ora luru blanja, nanging ngalab berkah mula aku matur ora nyuwun blanja. Lan berkah kuwi nyata wis arep diturunake marang aku lan manggone neng pereng lor kulone Gunung Lawu kuwi miturut pituduhe wong tuwaku sing tak tampa lumantar impen. Mula aku ya banjur matur marang Gusti Tumenggung, yen dikeparengake aku nedya mungkasi nggonku ngabdi jalaran arep nggoleki berkah saka anggonku ngabdi sasuwene iki menyang papan sing tak kandhakne mau. Mula sawuse genep sangang tahun aku ngabdi, Gusti Tumenggung njurung karepku, aku kadhawuhan menyang pereng lor kulone Gunung Lawu kaya sing tak tampa ing impenku mau, lan minangka tandha katresnane Gusti Tumenggung marang aku abdi sing setya iki, aku diparingi lungsuran tilas ageman lan titihan sing wis ora kagem maneh iki kanggo saranane lakuku”.

 

Aku ora ngerti kok dumadakan bisa gawe crita ngayawara kaya mangkono kuwi kanggo aweh wangsulan wong sing tak kira prajurit sandi iki.

 

 

Ana candhake.

Sabtu, 16 Juli 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (041)

41.

Rama Tumenggung banjur dhawuh luwih akeh maneh sing bakune aweh wewarah marang aku supaya bisa mbedakne dununge tresna sing suci sarta dununge tresna sing mung wujud paesan, lire njabane tresna jebul jerohane isi nafsu pribadi. Wa Anggara sing diajak rembugan dening Rama Tumenggung, wekasane njurung apa sing dadi dhawuhe Rama Tumenggung kuwi, malah kepara rada nyengkakake supaya aku enggal-enggal kadhawuhan pangkat menyang Bumi Kedhuwang, puruita marang Eyang Resi Doradruwasa sing durung tau tak tepungi lan durung tau tak weruhi mungguh sing dadi papane.

 

“Iya Kakang” Rama Tumenggung nyaguhi apa sing dadi panyuwune ki Kebayan ing Bulak Pandhe kuwi “sesuk esuk sadurunge pletheking surya, Suwanda bakal tak dhawuhi budhal ngupadi papane Wa Panembahan Doradruwasa ing Bumi Kedhuwang lan nyuwun supaya katampa aggone arep puruita. Ing tembe sawuse satus rong puluh dina Suwanda puruita ing Kedhuwang lan wis bali ing Majapahit maneh, mangka prayoga enggal didhaupne karo putraku si Andalu. Sajroning wektu telung sasi luwih sethithik iki, Kakang Anggara bisa tata-tata nyepak-nyepakne apa sing dibutuhake anggone arep duwe gawe mantu”.

 

“Ngaturaken gunging panuwun Gusti Tumenggung” Wa Anggara atur wangsulan “nanging apa piranti kanggo Anakku Suwanda murih bisa katemu lan katampa dening Wa panembahan ing Kedhuwang wis dicawisake?”.

 

“Keris Kyai Bancik peparinge Rama Panembahan marang aku biyen bakal tak ampilake marang Suwanda supaya didadekne bukti menawa Suwanda kuwi isih sambung rapete karo Rama Panembahan Kiswara lan kanthi mangkono ateges uga ana sambunge karo Wa Resi Doradruwasa, dene minangka lakune mbuh bakal ditempuh pirang dina aku ora ngerti, mengko sadurunge budhal kareben Nyi Menggung sing nyawisake sangu kanggo wragad lakune anake iki” Rama Tumenggung paring wangsulan marang Wa Anggara. Banjur ditutugne paring dhawuh marang aku :

 

“Ngger Suwanda, kaya sing wis sira rungokne apa sing dadi rembugku karo Wakmu mau, sesuk sadurunge pletheking surya sira kudu wis ninggalake Dalem Katumenggungan iki kanggo nglakoni paukumanmu sarta kanggo ngupadi sangu anggonmu arep urip bebrayan karo Andalu”.

“Inggih Rama boten langkung ngestokaken dhawuh saha nyuwun tambahing pangestu mugi kula saged lebda ing karya” wangsulanku karo kurmat nyembah.

 

“Rama mung bisa nuduhake ancer-ancer wae dununge Bumi Kedhuwang, golekana dhewe papan sing sabenere lan pusaka Kyai Bancik iki tampanana tuduhna marang Eyangmu Resi Doiradruwasa sawayahwayah sira wis kepethuk panjenengane, kandhakna yen sira iku putraku pulunane Siwakmu Anggara sing isih siswane Eyangmu Panembahan Kiswara saka Gunung Argapura” Rama Tumenggung maringake Keris Kyai Bancik marang aku “sabanjure, yen sliramu wis njangkahne sikil metu saka Dalem katumenggungan kene, ora pisan-pisan sira dikeparengake noleh memburi, lire mbalik lakumu kanggo marani papan iki maneh sadurunge kasembadan apa sing sira sedya. Bebasan saupama nganti ana kedadeyan gunung mbledhos bumi gonjang-ganjing sing ndadekne Dalem katumenggungan saisine iki mawud sliramu ora dikeparengake noleh ngulati, luwih-luwih nyedhaki, lamun durung tutug genep Kaping telu saka patang puluh dina puruita marang Eyangmu Resi Doradruwasa. Ngerti?”.

 

“Nuwun inggih mangertos Rama”

 

“Ngger Suwanda” Wa Anggara genti sing guneman “Wakanmu ora bisa nyangponi apa-apa marang keng slira, mung Waa rep titip mbok menawa ing bisa sira gunakne sajroning sliramu nindakne lelaku, tampanana iki Slendhang Pita sing tak tengeri kanthi jeneng Sipat. mBok menawa sawayah-wayah sliramu ngadhepi bebaya utawa ana wong sing nedya gendhak sikara marang keng slira, Slendhang Sipat iki kebutne kaping telu marang ragamu karo nenuwuna marang Hyang Suksma mbok menawa ing kono margane sliramu oleh pitulungane Hyang Agung”.

 

Wa Anggara ngetokne slendhang saka waliking agemane banjur dipasrahne  marang aku.

 

“Ngaturaken nedha nrima ingkang sakathah-kathaipun Wa” aku nampani Slendhang Sipat sing diulungne marang aku dening Wa Anggara karo ngaturake panuwun “peparing sipat kandel saha pangestunipun Wa Anggara dhumateng kula mugi sageda dados lantaran kasembadaning sedya kula, necep ngelmu dhateng Eyang Panembahan Resi Doradruwasa ing Kedhuwang saha sageda wangsul malih kanthi rahayu”.

 

“Iya Ngger, saungkurmu Wakmu bakal ndhedhepe ing ngarsane Hyang Maha Agung muga lakumu kalis saka rubeda lan bisa kasembadan apa sing sira sedya”.

Sawengi natas aku ora bisa ngeremne mripat. Anane mung ngolang-aling ing dhuwuring amben paturon. Ana rasa seneng, marem sing worsuh lan rasa kuwatir. Rasa seneng lan marem dene Wa Anggara lan Rama Tumenggung wis padha nyarujuki malah kepara njurung nggonku arep mengku Andalu dadi sisihanku. Kanthi mangkono wis kena diejibake yen Andalu bakal klakon dadi sisihanku. Kumlebat ing angen-angenku, mendah kaya apa senenging atiku yen wengi-wengi ngene iki ora turu ijen mung nyandhing guling ngene iki, nanging sing ana sisihku iku Andalu sing tansah siaga ngladeni apa sing dadi karepku. Wewayangane Andalu katon gawanggawang ing angen-angenku, Andalu sing sarwa nengsemake yen kadulu. Andalku sing sulistya pasuryane lan empuk kepenak suwarane. Nanging dumadakan aku kelingan, yen mengko sadurunge pletheking srengenge aku kudu budhal nindakne wajib, ninggalne Dalem Katumenggungan arep lunga menyang Kedhuwang sing durung tau tak ngerteni ngendi kuwi papane. Mesthi bakal ngliwati alas gung liwang-liwung, kebak ri bandhil bebondhotan, bakal nggerit ing tepining ancala, ngunggahi gunung lan ngudhuni jurang sing terbis, mbuh pirang dina suwene. Ora mokal ing sajroning lelaku menyang Kedhuwang sesuk kuwi, aku bakal nemoni pepalang sing malang ngadhang laku, bisa wujud brandhal lan begal sing murih apa sing dadi sanguku, bisa wujud kewan galak sing luwe lan ngelak, kewan galak sing dhemen lan karem mangsa daginge manungsa, panunggalane Singa Barong, Macan Gembong, Ula Gedhe lan liya-liyane.

 

“Andalu…… “ ora krasa lambeku nyebut jenenge wanita sing wis dadi memaniking atiku kuwi “tak suwun puji lan pandongamu marang Sang Hyang Agung, mugamuga aku bisa enggal ngrampungake kuwajiban sing didhawuhne Rama Tumenggung iki, lan enggal bisa bali sarta kasembadan aku lank owe urip bebarengan klawan antuk panjurung lan pangestune Rama Tumenggung sarta Wa Anggara, ya wong ayu”.

 

mBarengi karo kluruke jago ing wanci parak esuk, aku wis tata-tata budhal. Sandhangan lan dhuwit celengan wis tak pethuk dadi siji. Pusaka Kyai Bancik peparinge Rama Tumenggung wis tak sengkelit neng bangkekan, tak tutup nganggo klambi sing tak enggo. Slendhang Pita ya Slendhang Sipat peparinge Ki Anggara, iya calon Bapa Maratuwa wis tak tak enggo sabuk. Banjur lon-lonan aku metu saka papan paleremanku.

 

“Wis samapta kabeh Ngger?” jebul Rama lan Ibu Tumenggung wis lenggah neng pringgitan lan Rama Tumenggung ndangu marang aku.

 

“Sampun Rama” aku wangsulan cekak karo arep mapan lungguh.

“Saiki nyuwuna pangestu sarta pamita marang Ibumu luwih dhisik” Rama Tumenggung paring dhawuh. Aku ora semaur, banjur nyaketi papan lenggahe Kanjeng Ibu Nyai Menggung karo nyembah.

 

“Suwanda nyuwun pamit badhe puruita dhateng Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa, Ibu boten langkung pangestunipun Ibu ingkang kula suwun, mugi dados sarana rahayuning lampah kula” aturku karo nyembah, ora krasa ana luh tumetes sing nelesi pipiku.

 

“Iya, iya Ngger putrane Ibu bocah bagus Suwanda” Ibu paring wangsulan karo suwara sing nuduhake sekeling penggalihe “mbanyu mili pangestune Ibu marang sliramu, muga-muga Hyang Maha Agung tansah ngayomi kabeh salaku jantramu Ngger”.

 

“Ngaturaken genging panuwun Ibu” wangsulanku karo suwara sing katut trenyuh.

 

“Lan iki ana dhuwit emas sakanthong, tampanana mbok menawa ing paran sliramu mbutuhake apa-apa” Ibu Nyi Tumenggung maringake kanthong cilik isi dhuwit mas marang aku.

 

“Lan ing latar ngarep kae, wis tak cawisake Turangga Kyai Baratketiga, gunakne dadi saranane nggonmu arep lelaku” Rama Tumenggung ngimbuhi rembug.

 

Esuk, kuwi aku klakon budhal ninggalake dalem Katumenggungan arep nggoleki lan puruita marang Eyang Doradruwasa sing mapan ing perenging Gunung Lawu sisih lorkulon. Tanpa tumoleh, Kyai Baratketiga tak gelak lakune, nrabas bun-bun esuk sing kekemul pedhut mudhun saka langit .

 

Ana candhake.
 

Jumat, 15 Juli 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (040)


 

40.

Aku durung kepengin atur wangsulan marang dhawuh pangandikane Rama Tumenggung kang wis nibakne putusan, pidana sing kudu tak lakoni. Jalaran aku isih ngenteni dhawuh candhake sarta pituduh liyane magepokan karo wujuding pidana sing kudu tak lakoni, kaya upamane wiwit kapan pidana kuwi lumakune. Sauntara kuwi, Wa Anggara uga meneng durung kumecap, mung panyawange wae manther marang Rama Tumenggung sajak arep ana sing disuwunake weruh.

 

“Kakang Anggara mesthine isih kemutan ta yen setahun sadurunge Rama Panembahan Kiswara kundru ing kasidan jati biyen nate paring dhawuh yen isih kagungan sedulur kapernah tuwa sing manggone neng Bumi Keduwang?” pirsa yen Ki Anggara nyunarake panyawang sing ngemu tandha pitakon, Rama Tumenggung banjur paring dhawuh, ngelingake ceita jaman sing wis adoh kawuri.

 

“Kuwi bener Dhi, malah yen ora kleru Rama Panembahan uga paring dhawuh yen Wa Panembahan Doradruwasa kuwi kasinungan nugraha dening Hyang Agung yuswa sing dawa” Ki Anggara nyauti dhawuh pangandikane Rama Tumenggung “mung emane nganti Rama Panembahan Kiswara kundru narang jaman kelanggengan, aku durung tau kepethuk karo Wa Resi Doradruwasa kuwi, dadi saupama saiki kepethuk, ya padha karo Angger Suwanda ketemu akum au, Angger Suwanda wis tau krungu sing sinebut Kebayan Bulan pandhe nanging durung pirsa menungsane. Apa si Adhi wis tau  pirsa wujude Wa Panembahan Doradruwasa sing mangasrama ing perenging Gunung Lawu sisih lor kulon kuwi?”.

 

“Yen Kakang Anggara wae durung tau kepethuk karo Wa Panembahan Doradruwasa, apa maneh aku?” Rama Tumenggung mbalekne pitakone Wa Anggara karo mesem “nanging aku percaya yen Wa Panembahan Doradruwasa kuwi isih sugeng, merga miturut dhawuh pangandikane Rama Panembahan biyen, sedane Wa Resi Doradruwasa kuwi mbesuk yen wis ana lelakon sing sinamarake nganggo pocapan Sirna Ilang Kertaning Bumi, lan nganti dina iki pocapan kuwi durung tau ana kedadeyane”.

 

“Iya Dhi, aku tau krungu weca kuwi lan tak eling-eling unen-unen Sirna Ilang Kertaning Bumi sing ngendikane Rama Panembahan yen wis titi wancine bakal kondhang dadi pocapan ing ngendi-endi, nanging nyatane nganti teka saiki pocapan kuwi durung tau tak rungu, dadi cetha yen Wa Resi wektu iki isih sugeng. Banjur si Adhi paring dhawuh marang Angger Anggara supaya sajroning wektu satus rong puluh dina kudu puruita marang Wa Resi, apa si Adhi isih rumangsa kurang anggone meleg Angger Suwanda marang ngelmu agal lan alus sing digadhuh Adhi Kunthing sala Rama Penembahan biyen ?” Wa Anggara ngaturne pitakonan nanging semune kaya melehake marang Rama Tumenggung yen mung kudu ngangsu kawruh agal lan alus wae, tenane ora kudu adoh-adoh tekan perenging Gunung Lawu sisih lor kulon, merga  Ngelmu sing digadhuh dening Rama Tumenggung ya ngelmu agal ya ngelmu alus wis kena diarani turah saka tembung pepak.

 

“Ora mengkono Kakang” Rama Tumenggung paring wangsulan “nanging ing ngarep wus tak aturake, yen putra ndika iki kudu nglakoni paukuman, nanging paukuman sing ditampa Suwanda iki mengko bakal nguwohake kawruh sing bisa nuntun marang kamulyaning urip langgeng iya ing jagad sing kasat mata iki uga ing jagad mbesuk yen wis tekan delahan. Jalaran, nek mung lupute Suwanda kaya sing wis diaturake mau, satemene luwih gampang nggone ndandani. Nanging kaluputan sing keri sing lagi mandheg ana angen-angene Suwanda, kuwi sing luwih mbebayani, mbebayani ora marang sapa-sapa nanging marang dhiri pribadine Suwanda dhewe”.

 

“Dadi kajaba nandhang luput kaya sing wis dikandhakne mau Si Adhi isih pirsa maneh kalupiutan sing mapan ana Angger Suwanda? Kaluputan apa maneh kuwi Dhi?” Wa Anggara nyuwun pirsa nanging suwarane ketara yen ora pati bisa nampa karo sing didhawuhne Rama Tumenggung. Aku dhewe dadi uga banjur krasa dheg-dhegan, mau katone Rama Tumenggung wis ora duka maneh karo aku, nanging iki lagi wae paring dhawuh yen aku isih duwe luput sing durung tak critakne, kamangka saweruhku kabeh kedadeyan ya sing wis klakon lan ya sing isih mandheg tekan angen-angen wis tak aturne ing ngarsane Rama Tumenggung, nanging iki Rama Tumenggung malah ngendika utawa kena diarani paring pandakwa yen aku isih nyingidne kaluputanku. Apa kuwi?.

 

Rama Tumenggung gumujeng alon, banjur ngendika :

“Mosok Kakang Anggara ora pirsa? Kaluputan sing ana sajroning batine putramu Suwanda?”

 

“Ya sing gedhe pangapura ndika wae Adhi” Wa Anggara semaur alon “awit saka cubluking nalarku, panggraitane si Adhi adoh ninggalake panggaritaku sing isih mapan ing papan ngisor iki”.

“Mau Kakang Anggara rak ya miring dhewe ta?” Rama Tumenggung paring dhawuh maneh “yen putra ndika si Suwanda kuwi mula pancen kepencut marang Andalu, lan aku ngerti yen kuwi kawiwitan saka Suwanda weruh tata gelare Andalu sing alus manis nengsemake, temah wis ana rasa jroning atine Suwanda yen arep nempuh apa wae supaya bisa mengku ragane Andalu, malah nek prelu arep wani nerjang apa sing dadi sirikanku. Dadi aku duwe dudutan yen anggone Anak ndika Suwanda kepengin omah-omah karo Andalu kuwi jalaran Suwanda kepencut ayune Andalu, kuwi sing taka rani luput sing ora disumurupi dening Suwanda apa dene Kakang Anggara”.

 

“Mengko dhisik Dhi” Wa Anggara nyaru wuwus nugel pangandikane Rama Tumenggung “tak kira aran lumrah yen ana pria kasengsem marang rupa ayu lan wanita kayungyun marang pria jalaran ndulu rupa sing bagus, jer kuwi wis dadi sipat sing katut lahir bareng tumemplek ing ati lan rasane saben wong. Banjur lupute Angger Suwanda ana ngendi Dhi?”.

 

Jroning batin aku mbenerake apa sing dadi panemune Wa Anggara, yen anggonku kasengsem marang Andalu iki dening Rama Tumenggung dianggep luput, mangka aku bakal weruh yen jagad iki kebak dening wong kleru. Jalaran mung pria sing ora duwe pangrasa lamun ora kepencut rupa sing ayu lan tuhu wong bodho sing ora duwe nalar yen ana pilihan loro ayu karo ala banjur milih rupa sing ala. Nanging apa Rama Tumenggung bodho?.

 

“Ngene ya Kakang, perkara wong kepencut marang rerupan sing nengsemake atine kuwi pancen lumrah, nanging dadi ora becik yen anggone omah-omah wong kuwi miung jalaran saka kayungyun endahing rupa. Jalaran bisa uga satemene Suwanda kuwi ora tresna marang Andalu, nanging Suwanda dhemen marang rupane Andalu sing saiki isih ayu, kang mangkono kuwi tuhu mbebayani tumrap Suwanda dhewe, jalaran jagad wis weruh yen ayuning rupa kuwi sipate mung sauntara yen wis kepangan dening lakuning wektu rupa bakal sirna ganti salin warna. Lan rupa kuwi sawanci-wanci bakal bisa owah merga kahanan sing ora langgeng iki, yen ayune wis entek rasa kayungyun bakal melu entek. Kajaba saka iku, akeh wong sing anggone padha omah-omah sing maune jare arep mujudne kulawarga sing bagya mulya, ning nyatane ora sethithik sawuse padha omah-omah banjur malah nandhang papa lan cntraka. Kang manhkono kuwi merga anggone padha miwiti omah-omah among linandhesan saka ubaling hawa napsu, ya napsu sing pinoles dening tembung tresna”.

 

“Iya Dhi, iya” Wa Anggara nglenggana lan wiwit bisa nampa apa sing didhawuhne dening Rama Tumenggung. Lan aku uga wiwit sethithik ngerti yen sing dikersakne Rama Tumenggung kuwi kasangsayan lan kacintrakan sing kerep diprangguli dening wong omah-omah kuwi adhakan mung jalaran nuruti hardhaning hawa. Lan aku uga wiwit bisa nyandhak yen satemene antarane katresnan kang satuhu kuwi beda karo uruping genining napsu birahi.

 

“Mulane sadurunge nindakne palakrama Suwanda tak prentah supaya gelem puruita marang Wa Resi Doradruwasa iki, aku duwe purih dimen Suwanda bisa antuk ngelmu sejatining tresna lan bisa ngecakne sing diarani katresnan jati. Jatining katresnan kuwi duwe sipat mardika lan kudu bisa disandhang dening saben titah sing kepengin nggayuh kamulyan. Tuwuhing rasa tresna kuwibisa karana sabab, nanging sing kecondhokan rasa tresna kudu bisa ndadekne mardikane katresnan, ya iku nulad sipat Maha Asihing Gusti, kang tresna marang titah ora karana apa-apa”.

 

 

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (039)


 

39.

Aku mung meneng ora bisa semaur, aku ngerti Rama Tumenggung Jatikusuma duka marang aku. Nanging Rana Tumenggung ora kelangan rasa tresnane. Muruh jejeging adil pancen aku kudu nampa pidana saka Panjenengane, sanadyan saupama aku gelem ngeyel bisa wae aku selak ngemohi tumibane pidana jalaran ora angger-anggering negara sing tak terjang, nanging aku panggah ngrumangsani yen kaluputanku iki ora marang negara, nanging marang wong tuwaku angkat ya Rama Tumenggung, dadi arepa kaya apa aku panggah luput lan saupama aku ngeyel, bisa-bisa Rama Tumenggung banjur ilang rasa tresnane marang aku temah aku ora dipidana nanging banjur dibalekne marang wong tuwaku sing ana desa lan jejer kalungguhanku minangka putrane Rama Tumenggung disuwak, aku bakal ora ana sing ngajeni maneh. Mula aku ya banjur pasrah kanthi meneng. Mau Rama Tumenggung wis ngendikakne yen aku wis gelem ngakoni luput lan kaluputan sing tak tindakne nyatane durung kebacut, dadi aku bakal nampa pangentheng-entheng sajroning nampa pidana iki.

 

“Nuwun sewu lan nyuwun pangaksami Gusti Tumenggung” dumadakan bareng wis sauntara kahanan tintrim Wa Anggara munjuk atur marang Rama Tumenggung.

 

“Ki Kebayan, wektu iki Tumenggung Jatikusuma lagi ruwet penggalihe” Rama Tumenggung paring wangsulan sadurunge Wa Anggara gubeman luwih akeh “dadi Tumenggung Jatikusuma ora bisa diajak guneman dening Kebayan utawa liyane, nanging Kunthing sing uga lagi buneg nalare mbutuhake kanca omong, mula nek Kakang Anggara arep ngajak rembugan karo Kunthing, manga tak aturi nbacutne gunem sing arep dikandhakne”.

 

“Iya Dhi, iya” Ki Anggara wangsulan karo mesem “minangka sedulur temu tuwa, aku mung bisa kandha marang siadhi supaya nggedhekne rasa sabar lan nggedhekne rasa panarima marang Hyang Maha Agung, jalaran apa kang dumadi sajroning uripe titah ora bakal kedadean kajaba awit wis oleh palilah saka pangwasane Gusti, lan satemene Gusti ora bakal kagungan kersa gawe sengsarane kawulaNe sing ora njarag ngliwati dedalan sing anjog marang kasangsarane dhewe”.

 

“Iya Kakang, aku mung bisa masrahake kabeh apa kang bakal dumadi ing tembene, marang Hyang Maha Agung dene anggonku mbudidaya iki mung jalaran aku nindakne dhawuhE, ya iku wajibing titah sing gelem pasrah, kudu gelem obah nindakne apa sing jumbuh karo kekuwatan sing digadhuhne, dene kasil lan orane pabudidayaning titah kuwi kabeh gumantung saka KawicaksanaNe” Rama Tumenggung genti wangsulan.

 

“Bener kuwi Dhi” Ki Anggara manggut-manggut sajak nyarujuki sing dadi wangsulane Rama Tumenggung “sabanjure, ya aku nyuwun pangapurane si Adhi luwih dhisik sadurunge tak tutugne nggonku arep ngandhakne apa sing dumadakan tuwuh ana sajroning atiku, magepokan karo kang lagi wae dikandhakne dening Angger Suwanda iki mau”.

 

“Iya Kakang” Rama Tumenggung paring wangsulan karo nyawang praupane Ki Anggara “tak suwun kakang aja ndadak nganggo ewuh pakewuh marang adhimu sing mung siji iki, tak jaluk Kakang Anggara tumulia paring dhawuh apa sing jare ndika dumadakan tuwuh ing angen-angen lagi wae iki mau”.

 

“Ngene ya Dhi” alon-alon Ki Anggara ngandhakne apa sing dikarepne “bares wae, bareng aku krungu yen putramu Angger Suwanda kepengin mengku anakku wadon si Andalu, minangka wong tuwa aku rumangsa seneng jer nyatane sadurunge nampa kojah saka Ki Suwela, Angger Suwanda luwih dhisik kepengin ngepek Andalu dadi sisihane. Mula yen si Adhi arep ngandhakne nek aku wis ngunggah-unggahi ya mangga, aku ora arep cuwa, akua rep takon marang si Adhi, apa sakirane Adhi Kunthing ora kabotan upama duwe besan kakangmu sing mung pangkat Kebayan manggone neng ndesa pisan iki?”.

 

Aku njomblak krungu tembunge Wa Anggara sing ngajak besanan Rama Tumenggung, jalaran mau aku wis mupus sanajan kanthi ati sing mbok menawa bakal tatu rojah-rajeh. Mupus mokal bisa nampani katresnane Andalu, jalaran aku bakal nampa pidana saka Rama Tumenggung, kanthi mangkono ora bakal ana sing ngluputake yen Wa Anggara bakal tuwuh rasa sengit marang aku, luwih-luwih Wa Angara ya wis pirsa nek aku wis nyarujuki rerigen saka Ki Suwela supaya aku luwih becik ngepek Andalu dadi selirku tinimbang dadi sisihanku. Nanging rasa kaget sing kaworan seneng iki babar pisan ora tak tuduhne, aku isih ngenteni dhawuh saka Rama Tumenggung sing mau durung rampung. Pidana rupa apa sing kudu tak lakoni sawuse nampa pangentheng-entheng awit anggonku wis bares gelem crita apa anane lan ngakoni kabeh kaluputan sing wis tak tindakne.

 

“Aku uga seneng Kakang” bareng wis sauntara kendel, Rama Tumenggung tumuli mangsuli panembunge Wa Anggara “malah kepara seneng banget yen Kakang Anggara kersa ngepek mantu anakku sing nyatane wis tumindak luput kaya sing dikandhakne dhewe mau. Nanging sadurunge aku aweh wangsulan marang Kakang Anggara, tak suwun Kakang Anggara nakoni anakku wadon si Andalu luwih dhisik, gelem utawa orane saupama diolehne karo Suwanda,  nek putramu si Suwanda cetha nek wis gelem malah kena diarani yen ditakoni gelem apa ora dijodhokne karo Andalu, mesthi rindhik asu digitik olehe mangsuli iyane”.

 

Aku ora bisa ngampet esemku nalika krungu wangsulane Rama Tumenggung sing mangkono kuwi. Kanthi wangsulan iki cetha lamun Rama Tumenggung wis nyarujuki saupama aku nglakoni urip bebarengan karo Andalu. Nanging, banjur kepiye karo pidana sing durung cetha sing bakal ditibakne marang aku iki mengko?.

 

“Satemene sanadyan durung tau tak takoni, aku wis ngerti wangsulan apa sing bakal tak tampa saka putra ndika si Andalu kuwi Dhi” Wa Anggara guneman karo praupan sing nuduhake senenging atine “jalaran, nalika ngepasi Andalu sing saiki kerep ngancani mbakyune, tilik menyang omah, aku krungu olhe rasan-rasan Andalu karo biyunge, yen Andalu uga wis kayungyun marang Priya sing lagi sepisan kepethuk, mung kuciwane Andalu uga ngrumangsani yen mung saanak Kebayan, kamangka sing wis ngrebut atine Andalu kuwi, priyagung sing uga putrane Gusti Tumenggung. Nalika kuwi, aku krungu Biyunge Andalu aweh pitutur, murih Andalu ngakeh-akehne nggone nyedhak marang Gusti, mbok menawa kanthi mangkono Gusti ora bakal kangelan ngowahi barang sing mokal dadi barang sing kudu dumadi. Lan aku kapeksa durung mblakakne marang sisihanku yen tekane Ki Suwela awan ngarepakae surup mau duwe karep ndadekne Andalu dadi selire Angger Suwanda, kira-kira upama wis tak blakakne banjur sisihanku crita marang anake wedok, Si Andalu bakal nekad gelem kanthi senenging ati didadekne selire Angger Suwanda, jalaran aku ngerti yen Andalu temen-temen wis kayungyun marang Angger Suwanda”.

 

Ana rasa mongkog sajroning atiku, jebul ngibarat suwara kendhang, munine ora mung dikeplak tangan sesisih, nanging muni sing bisa nuwuhake irama endah merga dikeplak dening tangan kiwa lan tengen. Tresnaku marang Andalu bakal bisa dadi katresnan sing tundhone bakal nguwohake kamulyaning urip, jalaran Andalu uga tresna marang aku.

 

“Ngene ya Kakang” Rama Tumenggung paring wangsulan karo mesem “yen mangkono wis ora ana maneh sing dadi pepalang anggone awake dhewe bebesanan, kajaba mung siji”.

 

“Apa kuwi Dhi?” Wa Anggara takon karo suwara rada njengek.

 

“Suwanda kudu nglakoni pidana luwih dhisik” Rama Tumenggung paring dhawuh karo suwara sing babar pisan tanpa rangu.

 

Wa Anggara katon suntrut polatane, nanging durung guneman apa-apa. Nganti Rama Tumenggung nutugne olehe ngendika :

“Kanggo jejeging adil, putramu Suwanda kudu nglakoni paukumane, nanging tak suwun kakang Anggara aja kesusu cuwa gedhene dadi gela marang aku, jalaran paukuman sing kudu dilakoni anakku Suwanda iki mengko, ngiras pantes anggone Suwanda bisa antuk sangu sing bisa kanggo ngayomi sisihane ya iku Andalu”.

 

“Nyuwun pangapunten Rama” aku ketrucut atur “menapa kula kaparengaken ngertos pidana menapa ingkang kedah kula lampahi?”.

 

“Sliramu bakal tak sebratake sauntara saka dalem Katumenggungan kene Ngger”  Rama Tumenggung paring wangsulan “nanging ora suwe, mung telu kaping patang puluh dina wae. Sajroning wektu satus rong puluh dina kuwi, sliramu tak dhawuhi puruita marang Eyangmu Resi Doradruwasa sing mangasrama ing bumi Kedhuwang, ya iku ing pereng kulon saka Gunung Mahendra, utawa Gunung Lawu”.

 

 

Ana candhake.

Kamis, 14 Juli 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (038)

 


38.

Lagi mumet-mumete sirahku mikir kudu piye sing arep tak enggo wangsulan magepokan karo sing lagi wae dicritakne Wa Anggara, dumadakan Rama Tumenggung genti noleh marang prenahku lungguh karo ngendika :

 

“Mangkono kuwi ngger mungguh gegedhohane Suwela lan anake sing jeneng Makara sing saiki katon raket nggone srawung karo sliramu.  Gandheng kabar sing digawa Wakmu iki mau nyandhak jenengmu, mula murih adile sira prasajaa kepiye kanyatane apa bener sira wis kongkonan Suwela supaya Wakmu Anggara masrahake anake wedok murih dadi selirmu?”.

 

Pambadheku yen arep didangu bab iki dening Rama Tumenggung wekasane kelakon tenan. Mesthi wae aku dadi rada blangkemen anggonmu arepa tur wangsulan, bareng tak timbang-timbang tuna lan bathine, wekasan aku netepne yen kudu kandha apa anane wae.

 

“Piye Ngger?” bareng rada sauntara aku ora enggal wangsulan Rama Tumenggung mbaleni pamundhut pirsane.

 

“Nyuwun pangapunteh saderengipun Rama” wekasan kanthi ngati-ati akua tur wangsulan “ugi dhateng Wa Anggara kula nyuwun pangapunten, murih langkung cetha badhe kula aturaken wiwit kawitan dumugi pungkasan”.

 

“Iya gage critaa kepiye kang satemene!” Rama Tumenggung dhawuh maneh, sauntara tak lirik Ki Anggara uga lagi ngingeti papanku lungguh karo praupan nuduhne tandha pitakon lan kepengin ngertine.

 

“Mila kados kula aturaken ing ngajeng, bilih kula kepanggih kalihan Andalu menika nembe kaping sapisan” aku miwiti guneman “inggih menika nalika kula ndugeni adicara tengeran tigang wulan anggenipun nggarbini Nyi Waraka, inggih pun Rinten. Nalika samanten dumugi dinten niki wau, kula saestu boten sumerep manawi Rinten lan Andalu menika jebul putranipun Wa Anggara. Salajengipun, kula akeni bilih nadyan nembe sepisan kepanggih, nanging pranyata kula sampun kapencut dhateng kasulistyanipun Andalu, inggih wiwit nalika piyambakipun lados pasugatan dhateng kula ngantos ngladosi ulah beksa. Lan anggen kula sampun kelajeng kepencut saha kasengsem dhateng Andalu menika boten saged kula singidaken, temah ketingal saking patrap kula ingkang sarwa kidhung nalika ceaketan kalih piyambakipun, inggih kabekta saking raosing jantung ingkang tansah trataban boten cetha. Ingkang makaten kala wau lajeng dipun sumerepi dening Ki Suwela menapa dene Kakang Makara.

 

Ngantos wangsul lan dumugi griya kula tansah kemutan dhateng Andalu, wewayanganipun saestu boten saged kula kipataken saking angen-angen kula. mBok bilih inggih makaten menika ingkang winastan sakit gandrung, kula saestu nandhang gandrung kapirangu dhateng Andalu. Ingkang sumerep menawi kula nembe nandhang wuyung dhateng Andalu menika namung Kakang Makara tuwin Ki Suwela piyambak. Nalika kekalihipun kula ajak tetimbangan menawi kula kepengin sanget mengku Andalu dados sisihan kula, Ki Suwela nyukani penget bilih gandheng kula menika sanadyan namung putra angkat, nanging inggih putranipun Rama Tumenggung Jatikusuma, menawi katandhing kalih Andalu ingkang namung putranipun Kebayan Bulak Pandhe, nyata kasawang saking bibit, bebed lan bobodipun saestu boten timbang. Menawi kula nekad kepengin ngrabi Andalu dados sisihan kula sami kemawon kula badhe ngucemaken asmanipun Rama Tumenggung Jatikusuma, awit sampun kula papanaken jajar kalih Ki Kebayan Bulak Pandhe.

 

Mireng pamrayogi saking Ki Suwela kados makaten menika kala wau, ndadosaken manah kula sakalangkung nelangsa, dene kapisan kula ngraosaken kepengin pala krama kemawon kedah wurung inggih jalaran kaadhang dening tatacara ingkang kados makaten. Langkung-langkung, nalika Ki Suwela ugi nyukani penget menawi kula ngantos nekad, wantun matur dhateng Rama Tumenggung bab anggen kula kepengin mengku Andalu minagka sisihan kula, criyosipun Ki Suwela boten mokal menawi Rama Tumenggung badhe duka lan boten badhe nyarujuki pepenginan kula menika. Kula ugi kemutan, Kanjeng Ibu ugi Nyi Menggung ingkang sampun wongsal-wangsul paring dhawuh dhateng kula murih enggal purun emah-emah, ugi nate paring dhawuh bilih saderngipun kula emah-emah, kula kedah purun nglimbang lan nimbang menggah bibid, bebed lan bobodipun calon semah kula. Mila angkah lan lekas anggen kula badhe matur ing ngarsanipun Rama Tumenggung bab anggen kula kepengin mengku Andalu menika lajeng kula wurungaken.

 

Nanging, inggih awit manah kula ingkang kelajeng gandrung lan  boten saged nyupekaken dhateng Andalu menika, lajeng ndadosaken kula kados tiyang ingkang ling-lung. Temah kula boten saged mikir kanthi wening, asring anggen kula nindakaken jejibahan sarwa klentu. Menawi nuju jejagongan kalih tiyang sanes asring boten saged sambung. Nyumerepi ewahing solah bawa kula kados makaten menika, Ki Suwela lajeng manggihi kula, piyambakipun nyukani cara murih kula saged gesang sesarengan kalihan Andalu nanging boten badhe ndadosaken dukanipun Rama Tumenggung awit boten badhe ngucemaken asmanipun Rama Tumenggung. Ki Suwela nedahaken dhateng kula, bilih para punggawaning nagari Majapahit menika, wiwit ingkang pangkatipun inggil ngantos ingkang pangkatipun cendhek piyambak, meh sedaya garwanipun langkung saking setunggal, wonten ingkang sekawan utawi gangsal sok langkung, kajawi menika radin-radin ugi taksih nyingidaken wanita simpenan kinarya klangenan utawi selir . Inggih awit saking menika, Ki Suwela mrayogekaken dhateng kula murih mundhut Andalu dados garwa selir kula. Nalika kula nguwatosaken dukanipun Rama Tumenggung menawi kula ngantos kadenangan gadhah selir, Ki Suwela sagah nyingidaken Andalu ing satunggaling panggenan ingkang boten badhe kadenangan para punggawa dalem Katumenggungan mriki, satemah boten badhe wonten kabar bilih kula sampun ngingah selir. Kula lajeng nyuwun pirsa malih, menapa Andalu purun menawi kula dadosaken selir lan menapa tiyang sepuhipun ngeparengaken?.

 

“Sampun kuwatos Anakmas” makaten Ki Suwela wicanten dhateng kula “Andalu mesthi purunipun, awit ingatase namung anak kebayan saged kapundhut dados seliripun Anakmas Suwanda ingkang lenggah minangka sesulihipun Gusti Tumenggung Jatikusuma, mokal menawi Andalu nampik. Dene tiyang sepuhipun, kula pitados ugi remen menawi yoganipun estri jengandika kersakaken dados selir, langkung-langkung menawi wonten keparengipun Anakmas paring ganjaran brana picis dhumateng piyambakipun. Namung kemawon bab brana picis menika, Anakmas Suwanda sampun ngantos ngedalaken piyambak, kula ingkang sagah badhe madosaken, jalaran tuhu kathah para kawula ingkang sugih gesangipun ing laladan mriki ingkang tansah ngantu-antu sageda atur pisungsung dhateng Anakmas, sesulihipun Gusti Tumenggung ingkang tansah mbudisaya murih sansaya tambah raharjaning kawula menika”.

 

Makaten menika cariyos ingkang saged kula aturaken Rama, lan kula ngrumaosi bilih kula saestu sampun nandhang dosa dhateng Rama Tumenggung tuwin Wa Anggara, inggih kabekta saking raos kayungyuning manah kula dhateng Andalu. Lan awit saking menika, kula sampun nglenggana kaparingan pidana ingkang kados menapa kemawon wujudipun, kula badhe legawa lan boten badhe nggrantes salebeting manah, jer nyatanipun kula mila sampun nandhang dosa lan lepat ingkang saestu” aku mungkasi critaku marang Rama Tumenggung, aku banjur ndhingkluk ngenteni dhawuh saka Rama Tumenggung, pidana apa sing bakal ditibakne marang aku.

 

Rama Tumenggung bolaq-bali unjal ambegan landhung, lan nalika aku nyoba nglirik marang Ki Amggara, Kebayan Bulak Pandhe kuwi ora obah babar pisan, lungguh ndhingkluk amarikelu, embuh apa unining gagasane.

 

“Suwanda Ngger, anakku” wasana rama Tumenggung ngendika “nek diarani luput, pancen sliramu wis luput. Sepisan nalika sliramu kapencut marang Andalu ya gene sliramu ora matur marang aku, sing dadi wong tuwamu? Malah sliramu nggugu kojahe Suwela sing mung dhedhasar kira-kira, awit sing dikarepake bibid, bebed lan bobod dening Ibumu nalika weh pitutur marang sliramu kae, dudu kaya sing dikarepake Suwela ngono kuwi, ora wujud pangkat, darajat semat lan sapiturute kaya sing wis mbok aturne mau, jalaran pangkat lan drajat kuwi mung sampiran, sawayahwayah bisa dientas dening sing nyampirake, bandha lan kasugihan kuwi mung saderma titipan, yen dening sing nitipake dijupuk bali sing dititipi iya ora bisa nggondheli. Kaping pindho sira malah nedya nuruti pangrigen saka Suwela, arep ngingu simpenan lan nyingidake selir, kuwi padha wae sira ngremehake Maha Wianing Hyang Suksma, mbok menawa wae, aku, ibumu lan wongwong Katumenggungan ora ana sing weruh yen kowe wis ngingu senengan, nanging Gusti Kang Maha Agung tuhu Maha Wikan, lan kuwi  arep mbok wutakake. Nanging, sanadyan kaya sing mbok akoni sliramu wis tumindak luput, nanging sliramu luwih cepet eling sadurunge kebacut, kuwi ndadekne bisa nyuda pidana marang sing bakal mbok tampa”.

 

 

Ana candhake.


Rabu, 13 Juli 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (037)


 

37.

Rama Tumenggung ngasta cangkir unjukane banjur disruput, karo bali nyelehne cangkir menyang klasa, panjenengane tumuli ngendika :

“Yen ora kleru nggonku nyemak lan ngrungokne kabeh kang dikandhakne Ki Kebayan ing Bulak Pandhe mau, kedadeyan kuwi wis rada suwe olehe lumaku. Kamangka kedadeyan lan warta mangkono kuwi cetha yen ana sambung rapete karo kaslametane Kunthing, lire bisa ndadekne lana lan orane nggonku nampa kapracayan saka Gusti Prabu kanthi nglungguhi pangkat Tumenggung. Mula nyata eman, dene sedulurku tuwa sing nyumurupi anane kedadeyan lan warta kang mangkono iku, teka mung disidhem lan disimpen dhewe, apa sing ngalang-alangi Ki Kebayan Bulak Pandhe aweh weruh marang aku ing babagan iki?”.

 

“Lepat nyuwun pangapunten Gusti” Ki Anggara gupuh mangsuli “anggen kula boten caos uninga dhumateng Gusti Tumenggung menika mila wonten sababipun, inggih menika kula kinten Gusti Tumenggung ingkang ambawahi prajurit lan telik sandi, sanadyan boten patos kathah cacahipun, sampun nampi palaporan bab menika. Kaping kalih, inggih awit saking puteging manah kula ingkang tansah kapentog nalikanipun kula ngupadi srana murih anak kula Rinten enggala saged lepas saking mantu kula Waraka, ndadosaken kula boten saged mikir kanthi sae. Nanging kula panggah ngrumaosi bilih kula mila pantes kawastanan lepat, awit saking menika kula ugi boten badhe suwala utawi nggrantes menawi ta kedah kapatrapan pidana saking Gusti kula Tumenggung Jatikusuma”.

 

“Ha ha ha……” Rama Tumenggung gumujeng nanging ora pati banter “nDika ora luput Kakang, malah aku sing kena diarani sembrana, nganti ana lelakon lan kedadeyan kang mangkono iku, aku ora weruh lan ora krungu. Iki cetha yen aku wis sembrana, malah mbok menawa wae, bocah telik sandi Katumenggungan kene wis kena pangaribawane wong sing ora seneng karo aku, temah ora aweh palapuran apa-apa marang aku”.

 

“Inggih Gusti” Ki Anggara semaur alon “nanging ingkang magepokan kalihan arum saha kuceming asma jengandika Gusti Tumenggung taksih wonten malih, ingkang sengaja badhe kula aturaken dinten menika, kados ingkang sampun kula aturaken wosing sedya kula sowan dalu menika, kala wau ngajeng”.

 

“Iya, iya Kakang” Rama Tumenggung mesem “nganti lali yen mau Kakang Kebayan kandha nek ana punggawa Katumenggungan sing teka ing Bulak pandhe lan nggeret, nyangking utawa malah kekudhung nganggo jenengku lan jenenge anakku Suwanda. Saiki coba ndika cethakne pisan Kakang, mumpung durung kebacut kliwatan”.

 

“Inggih Gusti” Ki Anggara njejegne anggone lungguh banjur wangsulan “rawuhipun Ki Suwela ing gubug kula, siyang macak serap kala wau, nyariyosaken bilih piyambakipun ngemban dhawuh saking Angger Raden Bagus Suwanda, minangka sesulih saking Gusti kula Gusti Tumenggung Jatikusuma”.

 

Ki Anggara leren sedhela anggone kandha. Nanging tembung lan ukarane Ki Anggara sing keri dhewe iki wis gawe atiku trataban ora karuwan. Ana rasa kuwatir kaworan rasa wedi nampa deduka saka Rama Tumenggung. Aku wis bisa mbadhe apa sing arep diaturne Wa Anggara marang Rama Tumenggung, ya kuwi bab olehe Ki Suwela sing wis nyaguhi marang aku yen bakal ngaturake Andalu dadi selirku. Aku dadi ora krasa jenjem nggonku lungguh.

 

“Suwela ngaku yen dikongkon dening anakku Suwanda apa?” Rama Tumenggung mundhut pirsa.

 

“Boten namung awit kadhawuhan dening Raden Bagus Suwanda kemawon Gusti, nanging Ki Suwela ugi dhawuh menawi Gusti Tumenggung ugi sampun nyarujuki kersanipun Gus Wanda ingkang dipun dhawuhaken dhateng Ki Suwela menika” Wa Anggara olehe wangsulansajak ngati-ati banget “nanging salebeting batos kula mila boten patos pitados, jalaran menawi nitik dhateng kapitayan saha tindak sugengipun Gusti Tumenggung Jatikusuma, ketingal anggenipun mokal menawi Gusti Tumenggung Jatikusuma paring pasarujukan dhateng Gus Wanda ingkang paring parintah dhateng Ki Suwela ingkang cengkah kalih piwucalipun sawargi Rama Panembahan Kiswara. Langkung-langkung sareng kula miring piyambak saking Gus Wanda bilih Angger Suwanda menika anggenipun kepanggih kalih anak kula Andalu nembe kaping sepisan, raosing manah kula wewah anggenipun boten pitados dhateng Ki Suwela, malah lajeng kula ganthuk-gathukaken kalih lekasipun Waraka ingkang cetha dados sapukawatipun Gusti Tumenggung Raden Secayuda”.

 

“Mengko dhisik Kakang” Rama Tumenggung nyelani ature Wa Anggara “dawa kaya  unining layang kuna sing ndika kandhakne iki mau, nanging aku malah dadi bingung, merga Kakang Anggara mala hora ngandhakne Suwela kuwi kandha apa marang Ki Kebayan ing Bulak Pandhe?”.

“Sewu nyuwun gunging pangaksami Gusti” Ki Anggara wangsulan alon, suwarane panggah keprungu nek ngati-ati “mila atur kula ingkang ngandhar-andhar angedhukur kala wau, namung murih cethanipun menawi  ingkang kula aturaken sampun rampung, inggih nyuwun pangapunten menawi atur kula malah ndadosaken bingungipun penggalih jengandika. Cekaipun Ki Suwela criyos bilih ngemban dhawuh saking Raden Bagus Suwanda kinen mundhut anak kula Andalu saking tangan kula, badhe kakersakaken minangka seliripun Raden Bagus Suwanda. Ki Suwela ugi paring dhawuh menawi kula mbetahaken pitukon wujud brana picis sepinten cacahipun ugi badhe dipun cekapi, nanging menawi kula lila legawa boten nyuwun menapa-menapa, mangke Gusto kula Raden Bagus Suwanda panggah badhe paring nugraha dhateng kula. Makaten ingkang dados atur kula ing ngarsa jengandika Gusti Tumenggung, borong anggenipun badhe amurba”.

 

Aku sing wis mbadhe apa sing arep diaturne Wa Anggara wae, bareng krungu atur sing kaya mangkono iku dadi sansaya luwih kaget lan ndhrodhog ora karuwan, mula ya ora mokal yen Rama Tumenggung luwih kejot maneh penggalihe. Tak lirik Rama Tumenggung katon mbrabak abang pasuryane, wajane digegetne cetha yen lagi ngempet duka sing ngobong ing jajane. Nanging duka marang sapa? Marang aku? Marang Ki Suwela sing ora ana kono? Apa malah duka marang Wa Anggara sing teka nggawa warta sing neka-neka?.

 

Aku dhewe sing rasane atiku ora karu-karuwan banjur rumangsa diadhepake marang dalan loro, sing yen tak liwati bakal nuwuhake kapitunan sing gedhe. Dalan loro mau yaiku, sing siji yen nitik karo ature Wa Anggara kuwi mau, gampang wae aku ngucapne tembung selak, matur marang Rama Tumenggung yen babar pisan ora tau kongkonan utawa rembugan karo Ki Suwela sing magepokan karo Andalu. Jalaran nalika aku rembugan mau awan karo Ki Suwela perkara anggone Ki Suwela arep budhal nemoni Andalu, ora ana sing krungu kajaba mung aku karo Ki Suwela dhewe. Dadi saupama Rama Tumenggung lan Ki Anggara sing kena dijibne mesthi percayane karo kandhaku, banjur Ki Suwela kandha yen temen-temen wis ana rembug antarane aku karo dheweke bab anggonku kepencut marang Andalu, bakal ora ana sing percaya, luwih-luwih apa sing dikandhakne Ki Suwela mengko cetha yen ora ana seksine. Kanthi mangkono aku bakal bisa nylametake aku saka dukane Rama Tumenggung sing satemene nyimpen rasa sengit marang wong lanang sing dhemen nguja hawa nepsu sarana ngopeni wong wadon simpenan utawa selir. Nanging, yen dalan iki sing tak pilih, aku rumangsa ora bisa nyelaki batinku dhewe, mligine batin sing saben wektu tansah njerit awit ketaman panahing Sang Hyang Asmara, temah kayungyun lan ora bisa nglalekne wewayangane Andalu. Sing kapindho, bisa uga aku ngadeg kadi dene satriya, matur ing ngarsane Rama Tumenggung yen pancen aku wis kongkonan Ki Suwela mbudidaya murih aku bisa nuruti panjeriting atiku sing nandhang gandrung kapirangu marang Andalu. Yen dalan iki sing tak pilih, mangka aku ora bisa nggambarake kaya apa dukane Rama Tumenggung marang aku sarta ora bisa ngira-ira pidana apa sing bakal tak tampani jalaran wis ngremehake pitutur luhur sing kerep tak tampa saka Rama Tumenggung magepokan karo wajibing wong lanang yen lagi kesandhung rasa tresna marang wanita. Ora mokal menawa merga aku wis kebukten duwe karep ngopeni selir, banjur dening Rama Tumenggung dilorot kalungguhanku malah bisa uga banjur anggone ngrengkuh aku dadi putra pupone banjur diwurungake lan aku dibalekne menyang desa maneh. Sansaya suwe tak gagas, sirahku sansaya krasa mumete……..

 

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...