Total Tayangan Halaman

Rabu, 03 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (052)


 

52.

Resi Sundaka banjur aweh sasmita marang aku lan Ki Jurudah sarta Ki Prasanta supaya ngetutne dheweke sing arep ngadhep ing ngarsane Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa kaya sing dikandhakne paraga sing lagi wae mlebu gandhok kuwi. Ora kakehan gunem, aku wong telu banjur ngetut lakune Resi Sundaka mlebu menyang Pringgitan.

 

Ing pringgitan Eyang Resi Doradruwasa wis lenggah ing klasa, ing ngarsane katon ana wong wadon kira-kira umur las-lasan tahun, prabane katon mencorong, lungguh timpuh kanthi sirah ndhingkluk marikelu. Ing rada sisih kiwane Eyang Resi, ana paraga telu sing umur-umurane ora adoh karo Resi Sundaka, kabeh ngrasuk sandhangan sing kulina diagem dening para Brahmana. Padha karo wong wadon sing ayu mau, wong telu sing pangiraku sedulure Resi Sundaka kuwi, padha lungguh amarikelu. Resi Sundaka nyembah karo ndhodhok, aku, Ki Prasanta lan Ki Jurudah padha nerokne saparipolahe Brahmana mudha kuwi. Karo nyembah aku isih kober nglirik marang Eyang Resi, wadana lan salirane ora geseh karo Aluse sing nemoni aku neng alas wingenane, mung sing ana kene katon luwih seger.

 

“Klakon tekan bumi Kedhuwang kene sira Suwanda” Eyang Resi ngendika alon karo mesem sajak rena ing penggalih, banjur ditutugne paring dhawuh marang aku wong papat “kene padha lungguh nyedhak aku kene, ndika pisan Dhimas Sundaka lan Jurudah sarta Prasanta”.

 

Resi Sundaka banjur mlaku ndhodhok, aku, Ki Jurudah lan ki Prasanta nerokne, banjur mapan lungguh awor karo wong telu sing pacakane kaya Brahmana kuwi.

 

“Awit saking berkah saha pangestunipun Kanjeng Eyang Panembahan, ancas kula sowan ing bumi Kedhuwang saged kasembadan, Eyang. Pangabekti kula mugi kunjuk” aku matur karo nyembah sawuse linggih ing klasa pandhan sing putih, ngganda wangi aruming kembang pudhak.

 

“Iya, iya Suwanda pangabektinira wis ingsun tampa klawan gambiraning ati, ora liwat kepenakna dhisik nggonmu linggih” Eyang Resi paring wangsulan, banjur genti paring dhawuh marang wong wadon ayu sing linggihe ing sisih tengen “Nini Dewi, Ki Jurudah lan Ki Prasanta sawuse nglenggana ing kaluputane, dene tanpa palilahira wis wani ninggalne Kraton Katentreman lan Taman Sendhang Pangayoman, mung saprelu arep soroh amuk menyang Majapahit, saiki wis padha teka ing papan kene. Tak jaluk, Nini Dewi ya sing gedhe pangapurane marang sekabatira loro sing maune lali kuwi”.

 

“Ngaturaken genging panuwun Kanjeng Eyang lan sepisan malih pun Setyawati nyuwun pangapunten, inggih labet saking kiranging kawigatosan kula temah ndadosaken Paman Jurudah miwah Paman Prasanta sampun sami sembrana badhe nglampahaken tindak ingkang boten prayoga dhateng Kitha Raja Majapahit, katujunipun Kanjeng Eyang langkung pana lajeng paring pemut dhateng Paman kula kekalih menika, saupami Kanjeng Eyang boten manggihi Paman Jurudah saha Paman Prasanta, mendah kados menapa dukanipun Hyang Agung dhateng pun Setyawati?” wong wadon sing jebul duwe jeneng Setyawati kuwi karo nyembah atur wangsulan.

 

“Kabeh mau wis ginaris ing lakuning jagad Nini” Eyang Panembahan ngendika maneh “olehku bisa weruh yen Jurudah lan Prasanta kanthi sesidheman budhal menyang Majapahit kae, iya awit saka pituduh sing tak tampa saka Hyang Kang Maha Wikan, bisane aku nemoni sekabatmu loro kuwi, iya awit saka sihing Hyang Maha Prakosa kang maringake aku kekuwatan temah bisa kongkonan alusku nemoni wong loro kuwi, dene anane Jurudah lan Prasanta gelem nurut apa sing tak kandhakne marang wong sakloron kuwi, iya jalaran sakarone wis kasawaban dening sihing Hyang Kang Maha Asih, temah atine sing panas kaya mawa sambi ditepasi, bisa luluh lane ling marang jejibahane titah nyebarake sihing Gusti marang sapepadhaning titah. Dadi kabeh kabecikan sing ana lan dumadi kuwi satemene iya kagungane Dzat Tan Kena Kinaya Apa”.

 

Ora mung Setyawati dhewe, sanadyan aku lan kabeh sing lungguh ing klasa pringitan kuwi padha manthuk-manthuk kabeh, ngrasakne kaluhuraning sabdane kanjeng Eyang Resi Doradruwasa sing kabeh ngemu pitutur luhur sing pantes dadi gwegebengane manungsa kuwi.

 

“Sabanjure” Eyang Resi paring pangandika maneh, saiki genti ditujokne marang Resi Sundaka lan para sedulure “Dhimas Resi Sundaka lan kadang-kadangku saka Gunung Merapi, sajake titti wancine ndika wong papat nindakne dhawuh saka Bapa Panembahan Kumbangtaman sing magepokan karo aku wis teka….”.

 

“Kula namung nengga dhawuh saking jengandika Panembahan, sawanci-wanci kadhawuhan kula tiyang sekawan boten badhe suwala” Resi Sundaka nigas rembug, matur karo nyembah.

“Kaya sing padha ndika uningani” Eyang Panembahan nutugne anggone ngendika “tunggangan kanggo aku wis cumawis, ya iku Jaran Kyai Baratketiga sing kudune sing ngeterne mrene kuwi putuku Suwanda, nanging gandheng kanggo netepi lakuning kodrat, Baratketiga sing pisah karo Suwanda ing alas Patalan, bisa kepethuk ndika wong papat lan ndika giring mrene”.

 

“Nuwun inggih Panembahan” Sundaka nyelani rembug “sadaya menika mila inggih saking kamirahaning Gusti kemawon”.

 

“Bener Dhimas” Eyang Resi paring wangsulan “sabanjure, kidung suci sing diwaca dening Nini Setyawati wis rampung pamacane, saiki mung kari siji sing durung tak tindakne, ya iku aweh weruh marang putuku Suwanda, apa sing wis kedaden lan apa sing prayoga dilakoni dening Suwanda sawise klakon ketemu aku ana Kedhuwang kene”.

 

“Inggih Panembahan, sepisan malih kula iyang sekawan namung nengga lan badhe nglampahi menapa ingkang dados dhawuh jengandika Panembahan” Sundaka atur wangsulan kanthi kurmat banget.

 

“Iya Dhimas, saiki prayogakna nggon ndika padha lenggah, aku tak guneman marang putuku Suwanda” Eyang Resi Doradruwasa ngendika maneh, banjur miji aku supaya rada nyedhak “saiki Suwanda, coba rada nyaketa mrene, aku arep aweh rembug marang sira, jumbuh karo sing didhawuhne Gusti Tumenggung Jatikusuma marang sira nalika samana”.

 

Aku ngesot maju watara pitung kecu, sawise rada caket karo papan lenggahe Eyang Resi, aku banjur nyembah karo matur :

 

“Nuwun inggih Kanjeng Eyang, pun Suwanda siaga nilingake karna kangge nampi dhawuh saha sabdanipun kanjeng Eyang Panembahan ing Kedhuwang”.

 

“Sepisan maneh, tatanen rasanira, sucekna atinira, murih ora tumpeng suh nggonira nampa tembungku, murih  sira bisa njumbuhake apa sing bakal tak kandhakne karo piwulang sing nate sira tampa sadurunge, mligine kang magepokan karo jejering Suwanda minangka titahe Sang Dzat Kena Kinaya Apa lan sesambungane klawan titah liya ing jagad kang gumelar sarta murih sumurup apa sing diarani sejatining Sih kang mijil saka cipratan sipating Gusti Sing Maha Asih. Lan kang luwiuh wigati, tembung sing bakal ingsun ucapake iki bakal dadi tembung pungkasan saka aku marang sira, dadi ngibarat kaya wre kresna tegese banyu ireng utawa mangsi, kang tumiba ing patra seta, ya iku dluwang putih, mung sepisan ora bisa dibolan-baleni, sarta ora bisa diowah-owahi maneh” Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa miwiti nggone arep paring pangandika marang aku.

 

Ora kaya adate yen arep nampa pitutur saka Rama Tumenggung utawa saka sesepuh liyane ngana kae, wektu kuwi dumadakan ana rasa gambira wor lan rasa miris kan samar ing atiku. Babar pisan aku ora bisa ngentha-entha tembung apa sing bakal tak tampa lan apa sing kudu tak tindakne sawuse nampa wejangan sing ngendikane wejangan pungkasan saka Eyang Resi Doradruwasa iki. Ora krasa aku dadi gemeter, kringet adhem wiwit nelesi klambi sing tak enggo.

 

“Piye Suwanda?” Eyang Resi ngendika maneh, paring pandangu marang aku “sadurunge kebacut utawa kadhung, tembung sing bakal tak kandhakne marang sira iki ngemu kuwajiban sing kudu sira lakoni, yen kongsi sira suwala utawa gedhene nyulayani bakal gedhe walat sing bakal sira tampa. Dadi sepisan maneh, sira isih kepengin nampa rembug saka aku iki apa sira milih murungake wae?”.

 

“Dhuh Kanjeng Eyang Panembahan” aturku karo ndhredheg wel-welan “Suwanda sampun siaga ing manah badhe nampi sadya dhawuh saking kanjeng Eyang lan kula aprasetya sedaya dhawuh saking kanjeng Eyang Panembahan badhe kula lampahi kanthi suka lilaning manah, menawi ngantos Suwanda anyulayani mugi Gusti Paring Walat dhumateng kula”.

 

Eyang Panembahan ora enggal nutugne anggone arep paring wejangan, sauntara kahanan ing pringgitan kuwi dadi sepi nyenyet angker lan mrebawani.

 

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (051)

51.

Ki Jurudah lan Ki Prasanta sing banjur lungguh neng klasa sing wis digelar neng gandhok kuwi nyawang marang prenahe Brahmana mudha sing ngaku aran Sundaka kuwi. Aku dhewe sing lagi kisruh rasane atiku ya mung meneng ora kober mangsuli apa sing lagi dikandhakne Sundaka. Kabar sing ngandhakne nek Majapahit bedhah awit saka pangramane Adipati Girindrawardana lan gugure Rama Tumenggung Jatikusuma bener-bener wis ndadekne puteging atiku. Wangune Ki Jurudah apa dene Ki Prasanta, sing mau tekane Pratapan kene bareng karo aku sajak ngerti lan bisa ngrasakne kaya apa rasaning atiku wektu kuwi. Semono uga Sundaka, wong kuwi ya katon nek melu prihatin kaya-kaya uga ngrasakne sepira sedhihing atiku. Pikiranku banjur sansaya seser nggone mubeng, yen Kanjeng Rama Tumenggung wis gugur ing palagan, banjur Kanjeng Ibu ya Nyai Tumenggung kepriye kahanane? Uga kepriye critane Wa Kebayan ing Bulak Pandhe lan uga Andalu?.

 

“Nuwun sewu Sang Resi ugi Raden Suwanda” dumadakan Ki Jurudah guneman alon “kula saestu boten maiben sepinten sekeling penggalihipun Raden Suwanda midhanget kabar bedhahing nagari Majapahit saha guguripun Gusti Tumenggung Jatikusuma. Nanging mugi kaemutan Raden, guguripun Gusti kula Tumenggung Jatikusuma menika winastan gugur utawi utami, gugur andhepani kuwajiban minangka satriyaning nagari. Saha mugi kaemutan malih, bilih ingkang gugur minangka kusumaning satriya menika boten namung Gusti Tumenggung piyambak, nanging ugi kathah satriya sanesipun. Suwaunipun dhuk rikala kula mireng bilih Majapahit wonten kraman saking Keling lan Kadhiri ingkang kanthi licik lan tebih saking sipating satriya temah saged mbedhah praja saha ngendhangaken Kanjeng Sinuhun Brawijaya, kula kalih kadang kula sepuh pun Kakang Prasanta, salebeting manah tuhu boten saged narimakaken, temah kula kekalih lajeng bidhal dhateng Majapahit, tanpa cecala utawi pamitan dhateng Gusti kula Kanjeng Ratu Setyawati badhe bela pejah. Nanging sareng kula kepanggih alusipun Panembahan Doradruwasa lan kadhawuhan menggah lumampahing kodrat kedah makaten, manah kula nembe saged radi kalipur”.

 

“Lajeng Ki Jurudah lan Ki Prasanta murungaken anggenipun badhe soroh amuk dhateng Kitha Majapahit ingkang sampun dipun suwungaken dening Para Kraman awit sadaya praboting upacara kraton sampun kaboyong dhateng Kadhiri menika?” Sundaka genti takon .

“Kasinggihan Sang Resi” Ki Prasanta sing genti wangsulan “nanging sareng kula wangsul dhateng Kraton Katentreman nenggih ing Sendhang Pangayoman, jebul Gusti Ratu Setyawati dereng kundur, awit saking menika kula lajeng nusul mriki lan ing margi kepanggih kalih Raden Suwanda menika kala wau”.

 

Maune aku mung meneng, ora pati kepencut marang anggone wong-wong kuwi padha rerembugan. Nanging bareng krungu yen Ki Prasanta lan Ki Jurudah iki jebul lagi saka Majapahit, aku dadi kepengin ngerti luwih akeh carita kahanane Majapahit, caritane kulawargane Rama Tumenggung lan Wa Anggara. Mula aku banjur nyoba arep takon marang wong loro sing ngakune saka Kraton Katentreman utawa Sendhang Pangayoman kuwi.

 

“Nuwun sewu saha nyuwun pangapunten, Ki Jurudah saha Ki Prasanta” tembungku alon-alon “menapa anggen kula mireng menawi jengandika kekalih menika nembe kemawon saking Kitha Raja Majapahit menika menapa leres? Inggih nyuwun pangapunten, awit saking kisruhing manah kula, kula radi kirang cetha mirengaken pangandikan jengandika kala wau”.

 

“Mila kasinggihan Raden” sing wangsulan Ki Jurudah karo mesem “awit estunipun antawising Kraton Katentreman utawi Sendhang Pangayoman kalih Majapahit menika wonten sambung rapetipun. Bares kures blaka suta kemawon, tiyang sepuh kula kalihan toyang sepuhipun Kakang Prasanta menika rumiyin abdi dalem Majapahit ingkang lajeng ngalih dhateng Kraton Katentreman awit ndherek lekasipun Gusti Ratu Setyawati ingkang rikala samanten boten kersa jumeneng nata, awit ngersakaken badhe lelados dhateng para kawula ingkang estunipun mbetahaken tuntunan caranipun gesang ingkang langkung migunani”.

 

“Nuwun sewu Ki Jurudah” aku rada bingung karo sing dikandhakne Ki Jurudah iki “Gusti Kanjeng Ratu Setyawati menika sinten? Kok jengandika ngendika boten kersa jumeneng nata ? nata ing nagari pundi? Lha samangke malah jumeneng ing Kraton Katentreman? Kados pundi menika cethanipun?”.

 

“Makaten inggih Raden” Ki Prasanta genti sing aweh wangsulan marang aku “estunipun bab menika menawi kacariyosaken, estu sedalu boten wonten pedhotipun. Mila badhe kula aturaken uwosing lelampahan kemawon, dene jangkepipun benjing-benjing saged kula aturaken malih, menawi wonten wekdal ingkang senggang”.

 

“Inggih Ki Prasanta” aku wangsulan karo manthuk.

 

“Kanjeng Ratu Setyawati menika siswanipun Panembahan Kedhuwang mriki, admajanipun Gusti Prabu Brawijaya Wikramawardana patutan saking garwa Prameswari inggih Gusti kula Kanjeng Ratu Kencanawungu, ingkang wiwit alit sampun kapupu dening Panembahan Doradruwasa ing mriki” Ki Prasanta aweh katrangan sethithik sing marahi aku dadi sansaya ora mudheng, jalaran sangertiku Sang Prabu Brawijaya Wikramawardana lan Ratu Ayu Kencanawungu kuwi sugenge wis adoh ing jaman biyen, lan antarane Gusti Prabu Brawijaya Wikramawardana  karo Gusti Prabu sing saiki dikabarake kendhang saka praja iki, wis kaselanan pirang-pirang narendra sing ngasta paprentahaning praja Majapahit.

 

“Keparenga kula ndherek matur Raden Suwanda lan ndika Ki Jurudah saha Ki Prasanta” Sundaka, Brahmana Mudha sing maune meneng ngrungokne wae kuwi dumadakan melu nyela rembug, wangune Sundaka weruh yen aku ora mudheng karo sing dikandhakne Ki Prasanta lagi wae iki mau “mBok bilih Raden Suwanda mila sampun nate midhanget cariyosipun Resi Doradruwasa ingkang kaparingan nugraha yuswa Panjang menika?”.

 

“Inggih Sang Resi” aku kebat wangsulan “menawi cariyos bab yuswanipun Eyang Resi Doradruwasa menika mila kula sampun dipun paring sumerep dening Rama Tumenggung Jatikusuma ugi Wa Anggara”.

 

“Lha samangke badhe kula wewahi sakedhik” Sundaka nutugne rembuge karo mesem “estunipun Resi Doradruwasa menika mila sampun sepuh saestu, menawi cariyos saking Resi Doradruwasa piyambak, panjenganipun menika yuswanipun sampun kalih atus tahun langkung, nanging menawi criyos ingkang kula tampi saking guru kula, Resi Doradruwasa menika tebih langkung sepuh katimbang gurunipun ingkang ugi dipun anggep sedherek sepuhipun”.

 

“Kados pundi menika Sang Resi? Kula sansaya boten saged nampi dhawuh jengandika menika, Eyang Resi Doradruwasa menika rayinipun ugi siswanipun Panembahan Satiban, kok jengandika dhawuh menawi Eyang Resi Doradruwasa menika langkung sepuh tinimbang Panembahan Satiban?” aku nyelani takon.

 

“Makaten inggih Raden” Sundaka wangsulan karo mesem “jaman rumiyin tiyang sepuhipun Begawan Satiban menika manggih lare ingkang lajeng kapundhut putra lan kaparingan nama Satibi, kamangka estunipun lare kala wau sampun sepuh yuswanipun namung ketingal kados taksih lare, awit Satibi menika estunipun inggih Resi Doradruwasa menika, Pramila sareng Panembahan Satiban sampun seda, asma Doradruwasa lajeng kaagem malih dening Satibi”.

 

“Inggih Sang Resi” aku ethok-ethok mudheng.

 

“Cariyos ingkang kula tampi saking Guru kula” Sundaka nutugne guneman “mila Resi Doradruwasa menika asalipun saking Paluamba, sedherek tunggal guru kalihan Patih Maudara tiyang sepuhipun Gusti Prabu Brawijaya Wikramawardana, inggih Raden Damarwulan. Mila inggih boten aneh menawi putra putrinipun Gusti Prabu Brawijaya Wikramawardana ingkang sesilih Ratu Setyawati menika lajeng nunggak semi lekasipun ingkang rama, daos siswanipun Resi Doiradruwasa. Lan Kanjeng Ratu Setyawati menika ugi nampi nugraha yuswa ingkang langkung Panjang malih tinimbang gurunipun, ingih Resi Doradruwasa”.

 

“Inggih-inggih Sang Resi” aku wangsulan alon, karo sajroning ati rada cuwa, merga anggonku arep nakokne kahanan Majapahit wektu kuwi marang Ki Judah lan Ki Prasanta durung bisa kaleksanan merga kaselingan crita – crita sing miturutku akeh ngayawarane iki.

 

Durung nganti aku kasembadan takon marang Ki Jurudah lan Ki Prasanta, uga durung nganti Sundaka mbancutne olehe ngimbuhi crita, dumadakan ana paraga sing mlebu menyang jero gandhok, banjur guneman marang Sundaka :

 

“Nuwun sewu Sang Resi Sundaka, Panembahan Doradruwasa paring dhawuh murih jengandika nglarapaken Raden Suwanda lan Ki Jurudah saha Ki Prasanta ing ngarsanipun Panembahan Doradruwasa samenika”.

 

 

Ana candhake.

 

Sabtu, 30 Juli 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (050)

50.

Ki Jurudah lan Ki Prasanta banjur nuntun jarane dhewe-dhewe, mlaku bareng karo aku. Tekan dalan protelon, Ki Jurudah ngajak menggok milih dalan sing rada cilik sing araje manganan. Dumadakan aku digawe kaget kaworan seneng, jebul dalan sing manganan kuwi ngener marang sawijining pekarangan omah sing gedhe, platarane jembar, dipangku pendhapa sing katon mrebawani, lan teja sing saben dina katon neng langit sisih kulon kae, saiki katon manther saka omah sing arep tak parani kuwi, munggah mendhuwur nganti tekan langit. Sanadyan kahanane wis ngancik wektu tengange, suprandene teja kuwi isih bisa disawang kanthi cetha. Aku banjur duwe dudutan yen omah sing manggon ing pucuking lurung iki papan mangasramane Eyang Resi Doradruwasa.

 

Nalika lakuku wong telu tekan plataran sing jembare ora karuwan kuwi, Ki Jurudah lan Ki Prasana banjur padha nancang jarane ig papan sing wis dicepakne, ya iku papan kanggo nancang jaran.Ing kono wis ana jaran-jaran sing uga padha dicancang. Dumadakan atiku dadai nratab bareng meruhi yen salah sijine jaran sing padha dicancang ing papan kono kuwi jebul Kyai Baratketiga, jaran ampilan saka Rama Tumenggung Jatikusuma sing tak tundhung lunga merga tak anggep mung arep ngebot-eboti laku, nanging jebule dudu jaran sabaene.

 

Wangune Baratketia ngerti yen sing lagi teka kuwi mau aku, ketitik jaran kuwi banjur ngekek sajak mbagekne tekaku. Aku banjur nyedhaki jaran sing sing tau dadi tumpakanku kuwi, jebul dheweke ora dicancang kaya jaran liyane, Kanthi rasa trenyuh tanganku tak ngge ngusap-usap sirahe Baratketiga sing katone seneng merga weruh tekaku kuwi.

 

Nanging sadurunge aku kumecap apa-apa, dumadakan pundhakku disenggol saka mburi.  Ki Jurudah aweh sasmita ngajak aku ngunggahi pendhapa. Aku ora sida guneman apa-apa marang Baratketiga, malah banjur malikne adhep ngetutne Ki Jurudah lan Ki Prasanta sing wis ndhisiki mlaku nyabrangi plataran arep munggah menyang pendhapa. Jebul ing jogan pendhapa kuwi ana wong sing lagi padha lungguh sila madhep mangulon karo sirah tumungkul amarikelu, sajak lagi padha nindakne laku semedi. Lamat-lamat saka pringgitan ing samburine Pendhapa keprungu suwarane wong wadon sing lagi ngidungake tuntunaning kanggo wong urip sing lumrah katulis ing lontar-lontar kuna ngana kae.

 

“Ngaturaken kasugengan sarawuh jengandika sami ing Bumi Kedhuwang mriki Kisanak” lagi wae aku wong telu tekan tlundhakan dhuwur dhewe saka dalan trap-trapan sing munggah tumuju jogan pendhapa, wis dipapagne dening sawijining nom-noman sing bagus rupane mencorong pasuryane, nom-noman kuwi nganggo sandhangan kaya sandhangan sing lumrah dienggo para Brahmana, ya iku jubah putih uga nganggo serban  “menawi boten klentu anggen kula ningali, ingkang katemben rawuh menika menapa leres Ki Jurudah miwah Ki Prasanta, panakawanipun Gusti kula Ratu Ayu Setyawati? Tuwin Raden Bagus Suwanda putranipun Gusti kula sawargi Tumenggung Jatikusuma?”.

 

“Leres Sang Resi kula Jurudah lan menika sedherek kula sepuh Kakang Prasanta” gageyan Ki Jurudah wangsulan karo basa kang alus lan sikep kang kurmat banget marang nom-noman sing ngagem busana kabrahmanan kuwi “dene Kisanak Suwanda menika kula mila dereng radi tepang awit inggih nembe kemawon wanuh, angleresi panjenenganipun ugi badhe sowan dhateng pratapan mriki”.

 

“Inggih, inggih Ki Jurudah” Brahmana sing isih mudha kuwi wangsulan karo mesem lan banjur takon marang aku “atur kula kala wau menapa lepat Raden?”.

 

“Kenging kawastanan sampun leres Sang Brahmana” wangsulanku rada groyok, jalaran aku gumun karo tembung sing diucapne Brahmana kuwi sadurunge nyebut asmane Rama Tumenggung luwih dhisik nganggo tembung sawargi sing ateges ngarani nek Rama Tumenggung kuwi wis seda “sanadyan estunipun inggih boten trep”.

 

“Boten trep kados pundi Raden?” Brahmana kuwi takon sajak gumun “menapa dumeh kula ing mriki ugi namung sadermi tamu menika? Mugi kauningan Raden, sanaosa namung sak dhayuh, nanging kula sampun kapiji dening Sang Resi Doradruwasa amapag saha ambagekaken rawuh jengandika sami”.

 

Aku lagi ngerti yen Brahmana mudha sing maune tak kira isih siswane Eyang Resi Doradruwasa iki, jebul ya mung tamu kaya aku lan Ki Juradah sarta Ki Prasanta.

 

“Boten babagan menika Sang Resi” aku wangsulan karo aweh kurmat “ingkang kula pikajengaken boten trep menika, nuwun inggih sepisan jejer kula menika namung putra angkat utawi putra pupon kemawon saking Rama Tumenggung Jatikusuma, dene ingkang angka kalih, kula mila radi kirang mangertos kalihan ingkang jengandika dhawuhaken kanthi sebatan Sawargi dhateng Rama Tumenggung Jatikusuma ingkang saestu taksih seger waras boten kirang satunggal menapa menika?”.

 

Brahmana sing isih mudha kuwi njengkerutne bathuke, merga krungu wangsulanku sing nyethakne olehku kandha kurang trepe rembug sing digunakne nalika nakoni aku mau, ora merga aku mandhakne dumeh dheweke mung jejer dhayoh kaya dene aku.

 

“Inggih boten langkung kula nyuwun pangaksami Sang Resi” aku nututi rembugku sawise weruh yen Brahmana Mudha kuwi njengkerutne bathuke  “menawi atur kula menika kala wau boten mranani penggalih jengandika”.

 

“Boten Raden” Brahmana kuwi gage wae wangsulan “ingkang jengandika ngendikaken boten wonten ingkang lepat, namung kemawon ketingalipun jengandika dereng pirsa lan dereng kraos menawi estunipun anggen jengandika kendel sare ing tepining jurang mbambing salebeting wana greng sasampunipun katilar Kyai Baratketiga nalika samanten, estunipun boten namung setunggal dalu nanging sekawan dasa dinten dangunipun, Pramila lajeng dipun caketi lan dipun wungu dening Panembahan Doradruwasa mawi sekar Dhandhanggula. Inggih awit saking jengandika dereng pirsa, ugi jalaran boten wonten ingkang paring cecala dhateng jengandika, mila inggih nami limrah menawi jengandika boten pirsa kawontenan Majapahit ingkang sampun bedhah awit saking pangramanipun siswa dalem Kanjeng Sinuhun pribadi, nenggih Gusti Adipati Girindrawardana ingkang samangke jumeneng Prabu Brawijaya. Lan bedhahipun nagari Majapahit menika mawi bebanten, salah satunggalipun inggih Gusti kula Tumenggung Jatikusuma ingkang nyobi lan mbudidaya atur pangayoman dhateng Kanjeng Sinuhun, Kanjeng Sinuhun sembada lolos nilar praja, nanging Gusti kula Tumenggung Jatikusuma karoban mengsah temah gugur minangka kusumaning Majapahit”.

 

Kaya disamber bledheg rasaning sirahku krungu sing dikandhakne Brahmana sing isih mudha kuwi, ora krasa adegku dadi ora jejeg, aku ndhepok neng jogan pendhapa, ora bisa kumecap apa-apa. Aku ora bisa nyritaknene nganggo ukara kaya apa rasane atiku wektu kuwi. Jujur wae, perkara bedhahe Majapahit alu ora pati nggagas, nanging sedane Rama Tumenggung sing gugur ing madyaning payudan, kuwi sing bares wae utekku ora pati bisa nampa.

 

“Nuwun sewu Raden Suwanda miwah jengandika Ki Jurudah saha Ki Prasanta” sanajan ora pati cetha aku isih krungu Brahmana mau guneman maneh “estunipun jejibahan kula ingkang magepokan kalihan rawuh jengandika sami, inggih menika kinen angaturi saha anyartani jengandika kendel ing gandhok wetanipun pendhapa menika langkung rumiyin, mangke menawi anggenipun maos kidung Gusti kula Kanjeng Ratu Setyawati sampun kaanggep jangkep dening Resi Doradruwasa, nembe Ki Jurudah lan Ki Prasanta ngaturaken wohing dinuta dening Gusti Ratu, saha Raden Suwanda saged marak ngabyantara ing ngarsanipun Sang Resi Doradruwasa saprelu nampi warisan ngelmi ingkang pungkasan”.

 

Rampung guneman kaya mangkono kuwi, Brahmana mudha sing aku durung ngerti sapa jenenge kuwi, nyandhak pundhakku, aku dikongkon bali ngadeg. Sawise aku ngadeg, tanganku dicandhak digandheng diajak mlaku menyang gandhok sisih wetane pendhapa kuwi. Ki Jurdah lan Ki Prasanta ora guneman apa-apa mung banjur ngetutne lakune Brahmana sing sisih mudha kuwi.

 

“Nyuwun pangapunten Raden Suwanda miwah jengandika Ki Jurudah miwah Ki Prasanta” Brahmana kuwi guneman maneh sawuse tekan gandhok wetane pendhapa “mbok bilih jengandika ngersakaken nimbali kula, nami kula Sundaka siswanipun Rama Resi Kumbangtaman saking Redi Merapi, dugi kula ing Kedhuwang mriki dipun kancani sedherek anem kula cacah tiga ingkang samangke nembe linggih ing sacaketipun Resi Doradruwasa, inggh menika adhi kula Amana, Tambala miwah adhi kula ingkang alit piyambak inggih pun Patana”.

 

 

Ana candhake.

 

Jumat, 29 Juli 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (049)


 

49.

Nganti sauntara suwene aku ora bisa guneman apa-apa, ana rasa kaget sing njalari aku mangkono kuwi mau. Jalaran wiwit pisanan ketemu karo wong tuwa sing sajak nyala wadi iki, babar pisan aku ora ngira yen panjenengane jebul Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa sedulur tuwane Kanjeng Eyang Panembahan Kiswara, lan panjenengane ngendika yen sing ana ngarepku iki mung aluse dudu badan wadhage. Ora krasa aku nglirik sampeane Eyang Resi Doradruwasa, jebul pancen anggone jumeneng iki mau ora mancik ing lumahing bumi, nanging sampeane Eyang Resi iki ana let sakilan saka lemah. Bareng wis rada eling karo kahanan, aku maju sajangkah banjur ndheprok ing ngarsane Eyang Resi arep ngaturne pangabekti lan nyuwun sih pangaksama awit aku wis tumindak sing ora samesthine marang panjenengane, malah mau kober ngira yen panjenengane iki wong sing lagi lara pikire barang.

 

Nanging sepira kagetku maneh, bareng dumadakan Eyang Resi Doradruwasa ilang saka panyawangku, ilang sing tanpa ninggalake tilas babar pisan. Aku dadi sansaya bingung, ora ngerti apa sing kudu tak tindakne nemoni lelakon sing nganeh-anehi iki.

 

“Aja kaya bocah cilik sing lagi tangi saka turu Suwanda” dumadakan adoh saka langit keprungu suwarane Eyang Resi Doradruwasa paring dhawuh “sawangen ing langit sisih kulon, ing kana sira bakal weruh ing ngendi papan dunungku lan yen nyata sira ngarepake bisa kepethuk aku, sira wis ingsun paring gadhuhan ngelmu sing bisa ndayani ora ngrasakne luwe, ngelak sarta keseling salira, sira bisa kuwawa ora turu lan ora krasa ngantuk. Daya kekuwatan kuwi bakal cumondhok ing jiwa lan raganira nganti satus rong puluh tahun suwene, wis mangsa bodhowa nggonmu arep nerusake laku. Nanging sepisan maneh ingsun jarwani, mbok menawa sing bakal mbok temu mengko ora jumbuh karo angen-angene hawa napsu sing mbok gawa wiwit sira budhal saka Dalem Katumenggungan wingenane”.

 

Aku ndhangak nyawang prenahe suwara kuwi, sing katon mung birune langit. Lan nalika mripatku nyawang cakrawala sisih kulon, katon ana teja ngregemeng ora pati cetha, nelakne yen papane adoh banget saka papan sing tak panggoni wektu kuwi. Aku ngadeg, dhawuh pangandikane Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa sing lagi wae iku wis bisa tak rasakne. Awakku krasa entheng kimbuhan seger, daya kekuwatanku krasa yen wutuh. Gageyan aku njupuk gawanku lan wiwit mlaku mengulon ngarah papane teja sing manther ana sukuning langit.

 

Kaya sing tak kira sadurunge, mula papane teja kuwi adoh banget, dadi nganti sore nggonku lumaku, teja kuwi tak sawang isih katon adoh banget. Nalika srengenge wis angslup ing sisih kulon, sanadyan kahanan dadi peteng, nanging teja sing arep tak parani papan panggonane kuwi ora katut ilang, isih katon wae. Mula aku ya ora nglereni nggonku mlaku, luwih-luwih pancen wektu kuwi, aku babar pisan ora ngrasakne kesel, ora ngrasakne luwe, ora ngrasakne ngelak lan ora krasa ngantuk, dadi aku pra mbutuhake ngaso babar pisan. Ngono kuwi kelakon nganti pirang-pirang dina, yen ora kleru olehku ngetungi kira-kira nganti pitung dina pitung bengi nggonku mlaku ora leren lan ora kepethuk manungsa siji-sijia uga ora nemoni pringgabayane laku, sing wekasane lakuku anjog ing sawijining padhukuhan cilik sing asri lan subur.

 

Tekan papan kono aku ngendhegne nggonku mlaku, ora jalaran saka kesel, nanging aku kepengin takon marang salah siji saka warganing padhukuhan kuwi. Ya kuwi nakokne kono kuwi padhukuhan ngendi lan sing diarani Bumi Kedhuwang kuwi apa isih adoh saka kono, jalaran teja sing ana langit sisih kulon sing tak parani, wektu kuwi wis ora cetha maneh. Sadhela-dhela ngaton ing panduluku, sedhela-sedhela banjur ilang. Nanging saben-saben aku ngulati omah-omah sing ana padhukuhan kuwi, kabeh katon lawange tutupan rapet, ora ana tandha-tandha yen ana wong sing ngenggoni. Nadyan karo ati gumun, aku banjur mlaku maneh, lakuku sengaja tak gawe alon karo milang-miling ngulatne kiwa tengene dalan, mbok menawa bisa ketemu wong sing bisa tak takoni.

 

Dumadakan aku krungu suwara tracaking jaran sing mlayu, tak rungok-rungokne arahe saka mburiku, wangune arep ngliwati dalan sing lagi tak liwati iki. Atiku dadi krasa seneng, aku banjur mandheg neng tengahing dalan karo madhep menyang prenah asale suwara tracaking jaran sing tumuju papan kono. Pangrunguku ora luput, ora suwe saka arah wetan katon ana wong loro nunggang jaran. Lan nalika wong loro kuwi weruh aku sing ngadeg ana tengah dalan, ora nisih minggir menehi dalan marang sing lagi jejaranan, wong loro kuwi ngendhegne jarane banjur nyawang aku kanthi mripat cetha yen ngemu rasa sujana.

 

“Nuwun sewu Kisanak” aku ndhisiki aweh kurmat karo guneman marang wong loro kuwi “nyuwun gunging pangaksami, awit anggen kula sampun wantun ngganggu anggen ndika badhe langkung dalan menika”.

 

“nDika kuwi sapa ? saka ngendi lan arep menyang ngendi? Sajake lagi sepisan iki aku ketemu karo ndika!” salah siji saka wong sing jejaranan kuwi takon, kekarone ora kedhep anggone nguwasi aku.

 

“Nami kula Suwanda Kisanak” wangsulanku prasaja apa anane “mila leres ingkang ndika sanjangaken, kula mila dede tiyang mriki lan nembe sepisan menika kula ngancik dhusun mriki. Kula pangumbara saking tebih, asal kula saking sacaketing Kitharaja Majapahit, ing pangangkah badhe dhateng Bumi Kedhuwang, nanging kula dereng ngertos marginipun, menapa kisanak kekalih saged paring pitedah dhateng kula?”.

 

“nDika saka Kutharaja Majapahit?” wong kuwi ora mangsuli pitakonku malah banjur takon sajak luwih sujana maneh.

 

“Leres Kisanak” aku sabar aweh wangsulan.

 

“Wis pirang dina ndika budhal saka omah?” wong kuwi takon maneh.

 

“Dereng dangu, watawis inggih sedasanan ari, Kisanak” wangsulanku.

 

Wong kuwi manthuk-manthuk karo nyawang kancane sing uga manggut-manggut, mung kanthi soroting mripat wong loro kuwi guneman karo padha kancane. Aku dadi ora kepenak dhewe nampa sujana saka wong loro kuwi.

 

“Banjur ndika arep menyang Kedhuwang kuwi arep sanja ing omahe sedulur ndika apa arep ana prelu liya Kisanak?” sawuse inget-ingetan karo kancane wong kuwi takon maneh.

 

“Waleh kemawon Kisanak” wasana aku ora sabar aweh wangsulan “estunipun kula badhe sowan ngabyantara ing ngarsanipun Sang Panembahan Doradruwasa, nuhoni dhawuh saking panjenenganipun ingkang kula tampi saking sasmita gaib, nanging kula namung kaparingan ancer-ancer kemawon menggah papan dunungipun Bumi Kedhuwang. Inggih awit saking menika, menawi ndika kekalih kasdu ing panggalih, kula nyuwun mugi katedahna margi dhateng Kedhuwang trepipun ing pundi anggenipun mangasrama Sang Resi Doradruwasa”.

 

“nDika katimbalan dening Sang Panembahan Kedhuwang?” wong mau dumadakan malih alus basane.

 

“Kasinggihan Kisanak” wangsulanku.

Wong loro kuwi banjur mudhun saka gigiring jarane, karo nuntun jarane wong loro kuwi banjur sansaya nyedhak karo papanku ngadeg.

 

“nDika sampun dumugi Kedhuwang Kisanak Suwanda” kandhane wong mau sawise cedhak karo papanku ngadeg “menawi ndika ngersakaken sowan ing ngarsanipun Sang Panembahan Kedhuwang, inggih Sang Resi Doradruwasa, sampun caket papan ingkang ndika tuju. Mangga sareng kemawon kalih kula, ing margi protigan ngajeng mrika menika, menggok nganan inggih ing mriku papan paleremanipun Sang Panembahan”.

 

“Inggih matur nuwun Kisanak, manga suwawi kula dherekaken” wangsulanku karo ati seneng, merga wis dituduhi dalan lan malah arep dijak bareng.

 

“Inggih dhawah sami-sami Ki Suwanda” wangsulane wong mau karo mesem semanak lan basane dadi sansaya alus “inggih nuwun sewu dipun tepangaken kemawon, kula Jurudah dene menika kadang kula sepuh nenggih kakang Prasanta, saking Sendhang Pangayoman, ingkang badhe sowan dhateng sesembahan kula, ingkang ugi siswanipun Sang Panembahan, ingkang sampun sawatawis dereng kundur dhateng Sendhang Pangayoman”.

 

 

 

 

Ana candhake

Rabu, 27 Juli 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (048)

48.

Atiku nratab, jebul sanadyan mung tekan ing angen-angen, ora tak blakakne nek aku duwe pangira wong kuwi lagi owah pikire, wong kuwi ngerti. Aku banget getun dene aku mau ndadak mikir sing ora-ora, nanging ya piye maneh wong dhek mau aku pancen rada gela, krungu asmane Eyang Panembahan Kiswara sarta asmane Rama Tumenggung dijangkar ngono wae dening wong sing durung cetha sapa sejatine wong iku. Dilokne ngono kuwi akua rep kumecap njaluk pangapura, lan arep tak cethakne yen olehku duwe pangira mau ora ateges ngremehne wong kuwi, nanging dhapur mbenerake crita sing asring tak tampa yen sadurunge dadi wong waskitha ora arang wong kuwi kudu nglakoni kaya wong sing lagi lara nalare. Nanging durung nganti lambeku obah, wong tuwa kuwi wis nutugne olehe guneman :

 

“Anane aku gelem njarwani jeneng sira sapa satemene Ingsun iki, jalaran aku weruh yen sing arep sira temoni, ya iku Doradruwasa kuwi selawase durung tau mbok weruhi, aja maneh kok sira Suwanda, sanadyan wong tuwamu angkat wae satremene uga durung tau srawung karo siwakane kuwi. Ngertine wong tuwamu angkat lan bakal maratuwamu yen Doradruwasa kuwi saiki mapan ing Bumi Kedhuwang, iya mung merga kalorone padha percaya karo sing dikandhakne Kiswara”.

 

“Mila kasinggihan ingkang jengandika dhawuhaken menika Kyai” aku nyela rembug nalika wong tuwa kuwi leren sedhela nggone guneman merga nelesi gorokane.

 

“Kamangka anggone Kiswara ninggalne jagad padhang iki wis watara telungpuluh tahun kepungkur lan miturut petungane wong wektu iku umure Kiswara wis satus rong puluh tahun lan Wong tuwamu angkat sarta bakal maratuwamu kuwi uga dikandhani dening Kiswara yen umure Doradruwasa kuwi luwih tuwa seket tahun tinimbang Kiswara, dadi saiki iki umure Doradruwasa wis rong atus tahun” kaya ora nggatekne olehku nyela wuwus wong tuwa kuwi nutugne olehe guneman.

 

Aku banjur meneng ora saulu apa-apa, sanadyan wong tuwa kuwi wis rada sauntara mandheg olehe crita, menengku mau merga aku isih ngenteni intoning rembug sapa satemene wong tuwa kuwi sing wiwit mau durung dikandhakne marang aku.

 

“Apa sliramu percaya karo sing dikandhakne Tumenggung Jatikusuma lan Kebayan Bulak Pandhe sing ora tinemu nalar kuwi Suwanda?” dumadakan wong tuwa kuwi nakoni aku, ora enggal nyebutne sapa sejatine dheweke.

 

“Boten kepanggih nalar ingkang kados pundi Kyai? dhawuh ingkang kula tampi saking Rama Tumenggung tuwin Wa Anggara sadaya jumbuh kalihan nalar kula, kalebet anggenipun dhawuh murih kula puruita dhateng Kanjeng Eyang Panembahan Doradruwasa ingBumi Kedhuwang menika” aku aweh wangsulan, atiku rada runtik awit wong tuwa kuwi ngarani sing didhawuhne Rama Tumenggung lan Wa Anggara marang aku ana sing ora tinemu ing nalar.

 

“Klebu isih uripe Doradruwasa sing miturut petung wis umur rong atus tahun kuwi?” wong kuwi takon maneh karo mesem sajak ngece.

 

“Mila Rama Tumenggung paring dhawuh bilih Eyang Resi Doradruwasa menika kaparingan kanugrahan yuswa Panjang, Kyai” aku nggenahne dhawuhe Rama Tumenggung marang aku “kanjeng Eyang Resi Doradruwasa nembe badhe kundru ing kasedan jati menawi sampun wonten lelampahan ingkang sinebat Sirna Ilang Kertaning Bumi, kamangka dugi sapriki lelampahan ingkang tinengeran mawi sebatan kala wau dereng nate wonten, dados cetha menawi Eyang Resi Doradruwasa estu taksih sugeng lan dereng badhe seda”.

 

“Iya pancen dening Begawan Satiban, gurune, Kiswara nate oleh warta kaya sing sira kandhakne mau lan Kiswara uga percaya, jalaran Begawan Satiban kuwi kajaba gurune uga wong tuwane Kiswara lan sedulur tuwane Doradruwasa sing cilikane duwe jeneng Satibi” Wong tuwa kuwi nambahi critane lan mesthi wae ndadekne aku sansaya tambah rada ngerti sapa sejatine Eyang Panembahan Kiswara apa dene Eyang Resi Doradruwasa kuwi “nanging, sing arep tak takokne marang sira rada beda maneh”.

 

Aku dadi rada anyel maneh marang wong tuwa kuwi, mau wis kandha nek arep nepungake dhirine, nanging malah isih terus wae anggone takon lan saupama aku wegah wangsulan cetha yen bakal dadi gelane atine, kamangka aku ora kepengin gawe gelane liyan luwih-luwih marang wong tuwa sing nyatane nggadhuh kawruh sing sesurupan maneka warna iki.

 

“menapa malih Kyai?” aku mbalik takon, suwaraku tak gawe lumrah wae.

“Saupama jebul crita sing ditampa Kiswara sing banjur dicritakne marang Tumenggung Jatikusuma sarta Kebayan Bulak Pandhe sing tumuli dikandhakne marang sira, magepokan karo umure Doradruwasa utawa Satibi kuwi jebul ngaya wara, apa sing bakal sira tindakne?” Wong Tuwa kuwi ngucapne apa sing dadi pitakone marang aku.

 

“Ingkang kapisan Kyai” aku aweh wangsulan “mugi Kyai uninga bilih dhawuh ingkang dipun tampi saking tiyang sepuhipun Eyang Panembahan Kiswara lajeng kadhawuhaken dhateng Rama Tumenggung Jatikusuma tuwin Wa Anggara menika dede crita ingkang ngayawara. Kaping kalihipun, ingkang badhe kula lampahi inggih nyadhong dhawuh saking Eyang Resi Doradruwasa jalaran anggen kula dugi ing Kedhuwang mrika mangke mila namung badhe ndherek necep kawruh saking Panjenenganipun”.

 

“Bagus!” Wong tuwa kuwi guneman rada seru “sira ora gelem mlebu marang tembung saupama sing tak kandhakne lan tetep ngandel yen Satibi isih urip nganti tekan saiki. Saiki genti tak walik pitakonku wangsulana kanthi jujur!”.

 

“Inggih sumangga suwawi kadhawuhna Kyai” wangsulanku tatag.

 

“Kaya sing sira kandhakne ing ngarep, ya iku sira durung tau midak bumi ing Kedhuwang kaping pindho sira uga durung wanuh karo Resi Doradruwasa kuwi. Kamangka lagi mlaku oleh sedina wae gajege sira wis salah marga banjur dituduhne dalan sing kudu mbok liwati dening wong sing ngaku aran Ajar Sarapat wingi, dadi gelem ora gelem sira kudu aweh wangsulan marang aku sing nggunakne tembung upama, upama lakumu saka Majapahit nganti tekan Kedhuwang utawa malah kesasar tumiba ing papan liya, banjur ora bisa ketemu karo mBahmu sing jejuluk Resi Doradruwasa kuwi, sira banjur arep kepiye he?” wong tuwa kuwi bali nggunakne tembung upama kanggo nakoni aku.

 

Aku mikir sedhela, nata ukara kanggo aweh wangsulan marang wong tuwa sing ngajak nggelar cangkriman iki, anggonku mbatang cangkriman aja nganti gawe gelane sing nyangkrimi.

 

“Kepriye Suwanda?” wong tuwa kuwi ngambali olehe takon, sawuse aku rada sauntara meneng.

 

“Inggih Kyai” aku aweh wangsulan “inggih bakenipun kula menika namung sadremi ngemban dhawuhipun tiyang sepuh, prakawis kasil lan botenipun menika gumantung dhumateng kamirahaning Hyang Agung. Tekad kula namung badhe madosi lan puruita dhateng Eyang Resi Doradruwasa, menawi saged kasembadan ingkang kula sedya, menika tuhu sampun jumbuh kalih angen-angen kula. Dene menawi pranyata kula boten kasil panggih kalihan Eyang Resi Doradruwasa inggih badhe kula padosi ngantos satelasing umur kula. Makaten ugi menawi panyuwun kula dhumateng Eyang Resi dipun kabulaken kula sakalangkung ngaturaken genging panuwun, dene menawi dereng kaparengaken inggih badhe kula budidaya murih Eyang Resi Doradruwasa kersa ngrentahaken sih kawlasan nunten marengaken kula puruita saha badhe kula tengga ngantos kula boten saged nengga malih”.

 

“Gedhe banget tekadira Suwanda” Wong Tuwa kuwi nanggapi wangsulanku karo mesem “mung kuciwane sajake ora kabeh apa sing mbok jangka lan mbok karepake dikabulne dening Hyang Agung, nanging sira aja kongsi cilik ati, awit nyata sir amula pantes dadi putrane Tumenggung Jatikusuma”.

 

“Nuwun sewu Kyai” gandheng ngani suwe wong mau ora gelem nyebut jenenge aku banjur nekad takon “estunipun jengandika menika sinten?”.

 

“He he he……” Wong Tuwa kuwi gumuyu lirih banjur kandhane “ngertia ngger Suwanda, Ingsun iki satemene kumara sing lagi ngumbara, ya kuwi kumara utawa aluse mBahmu ya Resi Doradruwasa sing wis nyedhaki bali menyang asal-usulku, satemene tunggangan kanggo baliku menyang jaman langgeng kuwi ora ana liya aluse Kyai Baratketiga sing mbok tumpaki wingi kae, saiki Kyai Baratketiga wis sira tundhung lunga jalaran mbok anggep ngreregoni lakumu sing sumedya menyang Kedhuwang. Ngertia Suwanda, saiki Baratketiga wis tekan Kedhuwang nunggoni ragaku sing lagi semedi, yen sira kepengin enggal tekan Kedhuwang sawangangen lakuku sing mesa ting gegana, mengko sira bakal weruh ana teja, ya kuwi wujudku sing satemene . Paranana papane Teja kuwi, mangka sira bakal ketemu karo sing sira upadi”.

 

 

Ana candhake.

 

Selasa, 26 Juli 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (047)


 47.

Aku dadi sansaya gumun krungu wangsulane wong tuwa kuwi. Dheweke ngaku yen olehe weruh sapa aku lan asal-usulku sarta ngerteni nggonku lelungan iki arep menyang ngendi. Nanging keri-keri malah nodhi marang mungguh sing dadi tekad anggonku arep ngupadi Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa iki. Thik ngonowa isih nganggo meden-medeni barang, yen kongsi kleru ancas lan tujuwanku lire wis mlenceng saka dhawuhe Rama Tumenggung Jatikusuma jarene aku ora bakal kasembadan ketemu karo Eyang Doradruwasa malah kepara bakal kesasar lakuku anjog inga lam sonyaluri kumpul karo panunggalane jim setan peri prayangan.

 

Mula aku banjur nggagas, ora arep niutup-nutupi apa sing ana atiku marang wong tuwa sing nyalawadi lan sajak wis ngerteni jaba jeroku iki. Aku kuwatir yen nganti aku goroh sethithik wae, bisa-bisa aku kaya sing dikandhakne mau, ya iku kesasar ing laku. Lan yen nganti kesasar ing laku, ateges aku ora bakal bisa bali menyang Majapahit maneh lan kanthi mangkono ateges gegayuhan nggonku arep mangun bebrayan karo Andalu bakal gagar wigar tan kasembadan babar pisan.

 

“Inggih nyuwun pangapunten saderengipun Kyai” aku wiwit aweh wangsulan karo tembung sing ngati-ati “Mila estunipun kados ingkang sampun Kyai dhawuhaken bilih anggen kula kekesahan menika awit nglampahi paukuman utawi pidana saking Rama Tumenggung Jatikusuma, nanging kula ugi ngertos bilih anggenipun Rama Tumenggung paring pidana menika boten saking awit kinandhesan raos gething dhateng kula malah kepara inggih awit saking agenging sihipun Rama Tumenggung mila kula kedah nglampahi paukuman menika. Inggih awit saking menika salah satunggal ingkang ndadosaken kula nggadhahi greget ingkang gumregut menika”.

 

“Mula bener sing mbok nkandhakne Suwanda” wong tuwa kuwi nyelani ngganku wangsulan “Wong tuwamu angkat kuwi banget tresnane marang sira lan ora kepengin uripmu kesasar-sasar ing dalan sing ora bener. Sabanjure sira kandha yen kuwi salah sijine sing ndadekne sira duwe tekad nglakoni paukuman iki kanthi seneng, lha jalaran liyane ?”.

 

“Nuwun inggih Kyai” aku wangsulan alon, atiku nicil seneng, wong tuwa kuwi ora ngluputake wangsulanku sing nyata jujur metu saka prenthuling ati suciku  “ingkang angka kalih, mila kula kepengin sanget ngalab berkahipun Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa ing Bumi Kedhuwang, ing pangajab saged pikantuk seserepan utawi ngelmi jatining sih, jalaran wekdal menika kula nembe nandhang gandrung kapirangu dhateng satunggaling pawestri lan kepengin sanget saged mangun bebrayan kalihan piyambakipun. Rumaos kula katresnan kula dhateng pawestri kala wau saestu tresna ingkang tulus lahir trusing batin, nanging dening Rama Tumenggung katresnan ingkang kula dhawahaken dhateng pawestri kasebat dereng trep, malah panjenenganipun dhawuh bilih kula nembe kabidhung ing hawa nepsu ingkang kekemul tembung tresna. Makaten ingkang saged kula aturaken dhateng jengandika Kyai, samangke borong anggen jengandika badhe amastani, menawi ta atur kula lepat kula saestu nyuwun gunging pangaksami”.

 

“Wasis tenan sira Suwanda” wong tuwa kuwi gumuyu ngekek “Si Kiswara nyata ora tuna duwe siswa kaya si Kunthing sing saiki wis baud nangkarake kawruhe marang para mudha kaya si Suwanda iki”.

 

Aku dadi gumun semu rada ora kepenak ing ati, aku ngira yen wong tuwa iki sanajan nggadhuh ngelmu sing akeh, nanging kira-kira merga kakehan ngelmu sing diwadhahi lan wadhahe ora nyukupi temah ndadekne wong kuwi rada owah nalare. Aku kerep krungu crita yen akeh para brahmana sing isih mudha banjur kerep tumindak sing ora klebu nalar lan sing keneh-keneh ngana kae, mangkono iku jalaran iya durung bisane ngelmu sing ditampa kabeh mlebu ing wadhahe. Samono uga wong tuwa sing ana ngarepku iki, dheweke nyata wis kagadhuhan sesurupan sing ora sethithik, nanging merga nglemu sing ditampa durung mlebu kabeh ing wadhahe, ndadekne rada ngawur karo sing diucapne. Taka rani ngawur merga kumawani nyebut kanthi njangkar marang Kanjeng Eyang Panembahan Kiswara uga wani nyebut asma alite Rama Tumenggung Jatikusuma karo sebutan Kunthing. Nanging, aku ora wani nesu marang wong tuwa kuwi, bab anggone nrucak marang Kanjeng Eyang Panembahan Kiswara lan Rama Tumenggung Jatikusuma kuwi upama ana walate dudu aku sing bakal nampa, sarta temene sikep nrucak kuwi ora gawe kapitunane sapa-sapa kajaba ya kapitunane wong tuwa kuwi dhewe.

 

“Wangsulanmu kuwi mau ora luput Suwanda” wong tuwa kuwi guneman maneh, nutugne olehe nanggapi wangsulanku sing mau “mula pancen ora sethithik wong sing keblithuk dening tembung tresna utawa katresnan. Akeh sing keplecuk temah kleru, merga dayaning hawa nepsu katresnan utawa rasa tresna sing satemene suci banjur dicarub karo panyurunge hawa nepsu malah wekasane jeneng tresna utawa katresnan direbut lan didhaku dening hawa nepsu. Kang mangkono mau kaprah ing sadhengah papan lan panggonan, hawa nepsu diarani katresnan jati, sing tundhone nguwohake menungsa dadi bodho lan nyidrani prenthuling ati sucine dhewe. Akeh wong sing satemene mung seneng marang awake dhewe nanging rumangsane wis seneng marang wong sing dianggep ditresnani. Kajaba saka iku akeh wong sing nglorot drajating tresna sing luhur lan suci awit tresna kuwi pletikaning sipating Hyang Agung sing digadhuhne marang titahE, banjur ngecakne katresnan kaya dene wong dol tinuku ing pasar, katresnan diajeni kaya dene barang dagangan sing dipurih ana bebathene, bebathen sing wujude dadi karemane hawa nepsu. Kang kena keplecuk nggone merdeni tresna lan katresnan kaya mangkono mau mula mratah ing ngendi-endi, wiwit sing ana kutha gedhe nganti tekan pucuking gunung sing sepi, wiwit ratu nganti tekan kere sing manggon neng ngisor kretek, wiwit brahmana nganti tumekan para sudra, ora ana bedane akeh sing padha ngecakne kang mangkono kuwi mau. Lan iki ora winates rupane tresna lan katresnan ing antarane wanita lan priya utawa suwalike, nanging uga wujude katresnan antarane wong tuwa marang anake sarta anak marang wong tuwane. Katresnan sing dicakne kabeh kudu nganggo pitukon yen kongsi pitukon kuwi ora diwujudi mangka katresnan utawa tresna malah mbalik dadi gething sing ngluwih-luwihi, ya iku rasa gething mung sabab ora oleh pitukon kaya sing dikarepake, pitukone bisa wujud apa wae, ana sing rupa kang kasat mripat nanging uga akeh sing dumunung ana rasa. Ora arang mung ing sajroning wektu sagebyaring that-thit, tresna malih dadi gething, gething dadi tresna. Nanging sira Suwanda sumurupa, wong tuwamu ya si Kunthing utawa Tumenggung Jatikusuma ora kepengin anak angkat sing wis didhaku dadi anake dhewe kuwi, kesasar dalan sajroning nindakne darmaning Sih utawa darmaning katresnan”.

 

Akeh-akeh wong tuwa kuwi nggone guneman, nanging kabeh sing diucapne cetha yen ngemu pitutur luhur, pitutur sing sumbere saka kawruh jatining kamanungsan. Tak gagas-gagas pituture wong tuwa ing ngarepku iki nyata ngelmu sing jero banget sing ora gampang bisa dirasakne luwih-luwih yen mung dirungokne satleraman wae. Malah jujur wae, aku mung bisa mbenerake sing dikandhakne wong tuwa kuwi nanging bener sing kepriye aku kangelan nggenahake.

 

“Apa sing tak kandhakne iki mula ora angger wong bisa kanthi cepet mangerteni karepe, Ngger Suwanda” wong tuwa kuwi nutugne rembuge, wangune weruh apa sing lagi tak pikirne “jalaran ngelmu iku cetha kelakone iya among kanthi laku, ngelmu kang mung tinulis ing angen-angen lan ora ana sing dilakokne sajroning urip kang nyata padha wae karo unining kidung sing dienggo gegandhangan dening bocah cilik sing ora weruh tegese malah bisa uga kaya tembung-tembung sing metu saka ocehe manuk menco sing mung bisa niru unine suwara sing tau dirungu nanging ora ngerti tegese”.

 

“Kasingguihan Kyai” aku sumela rembug mbeberake apa sing dikandhakne wong tuwa kuwi.

 

“Saiki sumurupa bakal tak jarwani sapa sejatining ingsun iki, rungokna kanthi tumemen supaya ora tumpeng suh nggonmu ngerteni sapa sejatining wong tuwa ing ngarepmu sing kober mbok kira wong sing owah pikire”.

 

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...