67.
Ora suwe Gumarang bali mlebu menyang pringgitan
ditutne wong sapirang-pirang. Ngerti yen Ki Suwela kejet-kejet neng jogan,
Makara semaput mengkurep neng dhuwur klasa, sarta Raden Dhandhaka lan Raden
Lokapa padha bengeb praupane, Gumarang sakancane dadi padha bingung. Wong-wong
kuwi padha wis ngerti yen, ing pringgitan kono kuwi lagi wae ana bangasa alus
sing ngamuk, merga saka pangucape Ki Suwela lan penggedhe prajurit saka Kedhiri
lan Keling kuwi. Wong-wong kuwi uga bingung, endi sing kudu ditulungi luwih
dhisik, malah uga ana sing banjur mundur alon-alon, wangune kuwatir yen nganti
katut ketiban amukane “bangsa alus” sing lagi ora kepranan atine.
“Nyuwun pangapunten Raden” Gumarang nyedhaki Raden
Dhandhaka karo nyembah, awit Gumarang weruh sanadyan pasuryane katon
bithu-bithu Penggedhene Prajurit kuwi ora lagi semaput kaya Ki Suwela apa dene
Makara, dadi isih kena diajak guneman “menapa ingkang kedah kula lampahi?”.
“Padha sumingkira saka papan kene luwih dhisik” Raden
Dhandhaka wangsulan alon lan alus, sanadyan karo ngempet rasa lara merga kena pupuhan tanganku sing tumiba ing
praupane “sedulure dhewe sing manggon neng jagad alus lagi salah tampa, dikira
awake dhewe iki klebu mungsuhe, becike awake dhewe meneng dhisik karo golek cara
kanggo nyuwun pangapura marang sedulure dhewe sing lumrah diarani bangsa alus
sing lagi salah tampa karo awake dhewe iki”.
“Bener kuwi Kangmas” Raden Lokapa numpangi rembug “arepa
kaya apa awake dhewe iki wis tumindak luput marang sedulure dhewe sing mapan
ing waliking jagad kasat mripat ing Desa Bulak Pandhe kene iki, mung emane
awake dhewe durung ana sing ngerti kaluputan apa sing wis ditindakne lan sapa
sing wis gawe nesune sedulure dhewe sing ora katon iki”.
Krungu kandhane para penggedhene prajurit saka Kedhiri
lan Keling kuwi, aku mesem lan kemudukudu ngguyu, wong loro sing mesthine duwe
ngelmu kanuragan lan kasekten sing dhuwur kuwi ketara yen padha kaweden. Wedi
marang barang sing ora katon wewujudane.
“Manawi makaten, keparenga kula sakanca mire saking
pringgitan mriki langkung rumiyin Gusti” Gumarang pamitan arep ninggalne
pringgitan, wangune Gumarang ya isih kaweden lan ngira menawa “bangsa alus”
sing wis gawe bengeb praupane para bendarane kuwi durung lunga saka pringgitan
kono.
“Mengko dhisik Gumarang” Raden Lokapa nyandhet sing
lagi arep lunga “akua rep sowan ing ngarsane Guruku, Bapa Ajar Lodana nyuwun
kalidamar piye carane nyuwun pangapura marang sedulure dhewe sing lagi salah
tampa iki. Mula prentahna marang andhahanmu supaya nyawisake titihanku Jaran
Kyai Samber arep tak titihi menyang Pratapan Lodanan wengi iki uga”.
“Nuwun sendika ngestokaken dhawuh” Gumarang wangsulan
banjur aweh sasamita marang kancane supaya nindakne prentahe Raden Lokapa. Sing
diprentah uga banjur budhal, metu ninggalne pringgitan kono karo atur sembah.
Aku banjur eling karo tujuwanku sakawit, ya iku
kepengin males lara wirange Kanjeng Rama Tumenggung marang Ki Suwela lan Makara
sarta nagihake utang marang Makara sing wis njalari Andalu susuk mati suduk
jiwa. Meh bareng karo lungane prajurit
andhahane Gumarang sing arep ngrakiti tunggangane Raden Lokapa, aku ngecakne
pituduhe Kyai Bancik ya iku nggawa ragane Kyai Suwela lan Makara murih ilang
saka pandulune wong-wong sing ana pringgitan kuwi kabeh. Mung sagebyaring that-thit
wektune, Ki Suwela lan Makara wis bisa tak seret manjing inga jagad panglemunan,
ketitik saka wong-wong sing ana pringgitan kuwi padha mbengok sing semune rada
diampet, kabeh padha gawok jalaran dumadakan Ki Suwela lan Makara padha ilang.
Ilang saka pandulune wongwong sing ora weruh yen wong loro Bapak lan anak kuwi
tak seret nisih ing waliking jagad sing kasat mata.
Ora ngenteni wong-wong kuwi mari anggone eram lan
wedi, aku tumuli naleni tangane Ki Suwela lan Makara nganggo Slendhang Sipat.
Bener kandhane Slendhang Sipat sadurunge aku pangkat sore mau, kena dayane
Slendhang Sipat, bobote Ki Suwela lan Makara malih dadi luwih entheng tinimbang
bobote truwelu. Mula kekarone nuli tak seret metu ninggalne pringgitane sawargi
Wa Anggara kuwi, tanpa dingerteni dening wong-wong sing padha ana ing kono.
Karo mlaku aku nyeret Ki Suwela lan Makara sing isih
padha semaput. Babar pisan ora mlebu ing gagasanku kaya apa dadine ragane wong
loro sing tak anggep kakehan dosa kuwi, merga ragane tak seret karo mlaku sadawaning
ratan sing tak liwati iki. Lagi bareng wis tekan papan sing rada adoh saka
padesan lan katon sepi, adoh karo papane wong, aku mandheg. Nalika kuwi wektune
wis padhang, srengenge esuk wis munggah kira-kira saranggehan dhuwure ing
langit sisih wetan.
Marang Slendhang Sipat tak prentahne supaya wewujudanku
bisa salin, ora wujud Suwanda maneh nanging genti wujud persis kaya wewujudane
Wa Anggara sing wis suwargi. Tumuli tak prentahne marang Kyai Bancik supaya aku
bali ing jagad kang kasat mripat maneh, klebu ragane Makara apa dene Ki Suwela
iya wis melu mbalik kena disawang saupama ana sing ngonangi. Nanging aku durung
tumindak apa-apa, jalaran wong loro Makara lan Ki Suwela kuwi isih padha meneng
ora obah merga durung eling saka anggone semaput.
Dumadakan ana sasmita sing tak tampa saka Kyai Bancik
sing ana sengkelitanku, yen sarana dithuthuk nganggo ukirane Kyai Bancik sok
sapawa sing lagi padha semaput ora suwe mesthi bakal tumuli bali eling lan
ngerti kahanan sing ditemoni lan dilakoni, ya iku kahanan ragane sarta bisa
weruh kanthi cetha apa sing ana sakiwa tengene. Malah kepara yen sing lagi
semaput kuwi wong sing “duwe isi” sanadyan ora akeh, bakal tumuli bisa tangi,
bisa ngadeg lan lungguh maneh sanadyan dayane isih ringkih.
Kyai Bancik tumuli tak lolos saka wrangkane sing
sumlempit ing lempengku kiwa. Sawuse Slendhang Sipat tak uculi saka tangane Ki
Suwela lan Makara banjur tak ubetne kanggo naleni bangkekanku dhewe, wong loro
kuwi banjur tak thuthuk sirahe alon-alon nganggo ukirane Kyai Bancik. Bareng
karo aku rampung nyengkelitne Kyai Bancik neng lempengku kiwa maneh, katon wong
loro kuwi wiwit padha obah. Kruget-kruget kaya wong sing lagi tangi saka
anggone turu. Ora suwe kekarone padha tangi, lungguh neng lemah karo noleh
ngiwa noleh nengen, kaatone lagi padha ngeling-eling apa sing wis kedadeyan.
“Awake dhewe iki ana ngendi Makara?” sawuse rada
sauntara Ki Suwela nakoni anake lanang sing uga katon lagi bingung.
“Kula ugi boten ngertos Rama” wangsulane Makara blaka “emut
kula wau kula kalih jengandika Rama rak sami jejagongan wonten ing pringgitan
tilas griyanipun Kebayan Bulak Pandhe, kok dumadakan sampun wonten mriki? Sampun
wonten kedadosan menapa menika Rama?”.
“He he he…….” Aku sengaja ngguyu rada banter, nerokne
guyune Wa Anggara, jalaran wewujudanku wektu kuwi nggunakne wewujudane Wa
Anggara sing wis gugur.
Wong loro, Ki Suwela lan Makara katon padha kaget, ora
sranta banjur padha ngingeti papanku sing lagi lungguh neng dhuwure watu gedhe
sing ana sandhinge wong loro kuwi. Kaya weruh setan dumadakan praupane wong
loro kuwi dadi sansaya pucet, njejet nkaya kapas diwusoni, sunaring mripate
nuduhne rasa wedi, sarandhuning awake obah kabeh, dhrodhog ngewel ora karuwan.
Aku ngerti yen sing njalarni Ki Suwela lan Makara dadi mangkono kuwi, or aliya merga
weruh rerupanku sing wis salin wujud dadi wujude Wa Anggara, kamangka wong loro
kuwi cetha yen padha ngerti lamun Wa Anggara nyata wis gugur dadi tawuring
kasetyan marang Kanjeng Sinuhun.
“Sampun sami wungu anggenipun sare ta nDara Suwela lan
nDara Makara?” karo mesem semanak aku wiwit nakoni wong loro kuwi. Esemku tak
gawe semanak nadyan aku ya ngerti yen merga esem sing semanak kuwi ora njalari
Ki Suwela lan Makara dadi seneng atine nanging kepara muwuhi rasa wedine.
“nDika…..Ki…..Kebayan……….” sawuse rada suwe Ki Suwela
lagi bisa kumecap nanging suwarane ketara yen groyok lan glogab-glageb.
Ana candhake.