Total Tayangan Halaman

Minggu, 21 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (069)


 


69.

Ngerti kahanane Ki Suwela lan Makara sing klesetan, rasa sengitku marang wong sakarone kuwi sansaya mundhak gedhe. Nanging aku isih eling yen kanggo ngajar lan milara wong loro kuwi, ora pantes yen aku nggunakne pasuryan lan salirane Rama Tumenggung Jatikusuma. Mula sadurunge wong loro kuwi bisa tangi, aku tumuli ngrucat wewujudanku sing nganggo wewujudane Rama Tumenggung lan tak ganti nganggo praupan lan wewujudan sing diduweni Dhukut, abdi Katumenggungan sing duwe jejibahan dadi Pekathik.

 

Nganti sauntara Ki Suwela lan Makara anggone padha glenteran lan mung tak umbar ora tak tulungi, mung tak tunggoni karo ngadeg lan ora guneman apa-apa. Suwe-suwe wong loro kuwi bisa tangi, banjur karo mbrangkang nyedhaki papanku ngadeg.

 

“Dhuh Gusti Tumenggung, abdi jengandika pun Suwela lan Makara saestu sampun ngrumaosi dosa, mugi Gusti Menggung keparenga paring sih pangaksami dhateng kula kekalih Gusti” karo nangis Ki Suwela nemplekne bathuke ing lemah pas neng cedhake sikilku, sauntara Makara uga tumindak sing padha.

 

“Estunipun abdi jengandika kula lan Makara boten tulus anggen kula manunggal kalihan para kraman ingkang dipun tindhihi Adipati Girindrawardana menika Gusti, sedaya menika kula lampahi namung kangge madosi ing pundi mapan karingkihanipun mengsah, manawi sampun kula sumerepi tumuli kula badhe madosi para kanca ingkang taksih setya dhateng Kanjeng Sinuhun lan badhe kula ajak sesarengan males wirang dhateng para kraman” Ki Suwela nggenepi kandhane tanpa nyawang praupanku sing dikira Rama Tumenggung.

 

“He he he…….” Aku gumuyu ngekek, nerokne yen Dhukut ngguyu ngana kae, banjur api-api takon “nDika Ki Suwela lan Ki Makara niku kenging napa? Kok dumadakan nyembah-nyembah dhateng kula sing mung apangkat Pekathik?”

 

Ki Suwela ndengengek, samono uga Makara, kekarone nyawang praupanku sing ngadeg ana ngarepe. Wong loro kuwi bali kaget maneh, wangune kekarone uga banjur gumun lan bingung jebul sing dikira Rama Tumenggung mau jebul Dhukut. Nanging pranyata Ki Suwela luwih lan luwih pinter tinimbang Makara. Tilas abdi Katumenggungan sing saiki embuh duwe pangkat apa kuwi, wangune banjur duwe pangira yen aku sing bisa solan-salin wujud iki, panunggalane lelembut utawa bangsa alus sing mau bengi wis gawe cilakane Lurah Prajurit sing jeneng Galunggung. Ketitik, Ki Suwela banjur bali nyembah marang aku sing nganggo wewujudan mung sapekathik, karo guneman sing swarane keprungu ngasih-asih murih diwelasi :

 

“Dhun Bendara ingkang tuhu mangwasani lan mbaureksa Padhukuhan ing Bulak Pandhe mriki, estu kula Suwela lan anak kula Makara, sampun ngrumaosi menawi sampun tumindak ingkang boten leres ing wewengkon jengandika menika. Saha mugi kauningan, bilih anggen kula tumindak boten leres menika inggih kabekta saking cubluk lan cupeting nalar saha pangertosan kula, temah boten sumerep menawi ingkang kula lampahi sampun ndadosaken jengandika boten karenan ing panggalih. Inggih awit saking menika, mugi katedahna marginipun kula kekalih kangge anebus dosa kula dhumateng jengandika Bendara kula”.

 

Sanadyan aku ngerti yen Ki Suwela wis kesasar jroning pikire, awit ngira yen aku iki bangsane Lelembut utawa Bangsa Alus, nanging aku ora niyat aweh weruh marang dheweke yen satemene panganggepe kuwi luput. Malah banjur kaya-kaya aku wis mbenerake kang dadi pangirane.

 

“Heh Suwela lan Makara” wangsulanku sabanjure “temene saking gedhene dosa lan kaluputanmu, ora ana liya paukuman sing trep lan satimbang karo dosa sing wis padha mbok lakoni, kajaba sira lan kabeh kulawarganira kudu kapatrapan pidana ditumpes kelor sak cindhil abange. Ngerti?”.

 

“Dhuh Bendara, dugi ngantos samanten agenging pidana ingkang kedah kula sandhang awit tumindak dosa ingkang anggen kula nglampahi saestu awit boten sengaja jaragan boten mangertos menawi ingkang kula tindakaken sampun damel duka jengandika Bendara kula?” Ki Suwela nadyan karo suwara kedher nanging isih bisa kandha yen temene lupute kuwi dilakoni jalaran saking ora ngertine wae utawa ora kanthi disengaja “lan mugi kauningan dhuh Bendara, bilih sedaya tumindak dosa ingkang kula lampahi kanthi boten sengaja kasebat,  boten wonten sambetipun kalihan anak lan semah tuwin kulawarga kula, anak, semah lan kulawarga kula saestu boten tumut-tumut saha boten ngertos menapa-menapa dhuh Bendara”.

 

“Dadi sira babar pisan ora ngrumangsani luput heh Suwela lan Makara?” aku aweh wangsulan karo suwara sing tak gawe sereng tak tuduhne marang wong loro kuwi yen aku temen-temen lagi nesu “kowe bisa kanthi gampang ngucap yen kulawargamu ora ngerti apa-apa lan ora ana sambunge karo tumindakmu sakloron. Sagebyaran apa sing mbok kandhakne kuwi pancen rada tinemu ing nalar, nanging apa kowe wong loro isih kelingan karo tumindakmu marang kulawargane Raden Tumenggung Jatikusuma sarta anak bojone Ki Kebayan Anggara sing kabeh kan tak kandhakne keri dhewe iki uga padha karo kulawargamu sakloron, lire padha olehe ora melu-melu perkarane Gusti Tumenggung lan Ki Kebayan Bulak Pandhe he?”.

 

Ki Suwela banjur nubruk sikilku karo nangis ngglolo kaya bocah cilik, samono uga Makara uga banjur nangis kaya wong tuwane. Babar pisan ora cundhuk karo adat pakulinan sing tansah ngongasake kuwanen lan kuwasane kanggo ngeden-edeni wong sing duwe drajat manggon ing sangisore.

 

“Dhuh Bendara kula ingkang tuhu wicaksana” ing sela-selaning tangise Ki Suwela bali guneman maneh “babar pisan boten badhe kula selaki, menawi kula sampun mrosa asmara dhateng Nyi Kebayan Bulak Pandhe lan anak kula pun Makara ugi sampun ngrodhapeksa dhumateng Andalu yoganipun Ki Kebayan Anggara, nanging mugi kauningan dhuh Bendara, sedaya menika kula lan anak kula lampahi inggih awit saking murih dipun pitados dening Prajurit Keling tuwun Kadhiri menawi kula sampun lepas saking tali kasetyan dhateng Sinuhun Brawijaya, lan anggen kula ngantos tegel tumindak makaten kala wau inggih awit dipun peksa dening para prajurit kala wau. Lan kula ugi rumaos prihatos awit saking tumindak kula ingkang dados jalaran Nyai Kebayan lan Andalu nganyut tuwuh temah dados lan pejahipun. Ewa dene pejahipun Rinten, sedherek kembaripun Andalu, ingkang ugi awit suduk jiwa, menika dede kalepatan kula kekalih nanging mligi awit saking tumindakipun semahipun Rinten piyambak, nuwun inggih Waraka ingkang rumaos lingsem dene semahipun sampun nandhang reged boten saged njagi dhirinipun saking tumindakipun para prajurit ingkang ngajak tilem piyambakipun”.

 

Ki Suwela meneng sedhela ngulu idu kanggo nelesi gorokane sing garing. Aku njegreg ora kuwawa guneman bareng ngerti yen ora mung Andalu sing nampa pacoban wujud dirodhapeksa dening wong lanang sing rupane Makara, nanging jebul malah Wa Nyai Kebayan uga wis dirodhapeksa dening menungsa sing jeneng Suwela iki. Mung ing angenangenku banjur tuwuh gagasan, kepengin aweh piwales marang wong loro kuwi luwih nggegirisi lan luwih nglarani maneh tinimbang karo piwales sing maune wis tak gagas sadurunge krungu critane Ki Suwela.

 

“Salajengipun Dhuh Bendara” Ki Suwela nutugne anggone kandha “gegayutan kalihan sedanipun Nyai Tumenggung ingkang ugi seda kanthi anganyut tuwuh, menika inggih awit sampun klentu panampinipun Nyai Tumenggung dhumateng sedya kula ingkang estunipun sae”.

 

“Salah tampa sing kaya apa?” ora krasa aku ketrucut medhot rembug kanthi nguncalne pitakonan.

 

“Nyuwun pangapunten dhuh Bendara kula” Ki Suwela aweh wangsulan ngiras nyambung apa sing dadi critane “estunipun anggen kula matur dhateng Nyai Tumenggung bilih panjenenganipun menika badhe kula dadosaken semah kula kala rumiyin namung samudana kewala, murih Nyai Tumenggung saged manggih rahayu lepas saking pangganggu damelipun para Prajurit saking Keling miwah Kedhiri. Nanging dening Nyai Tumenggung rembag kula ingkang namung kangge  ngawoni paningalipun mengsah menika katampi rembag ingkang saestu, inggih menika kula kaanggep estu badhe mendhet Nyai Tumenggung dados semah kula, lajeng panjenenganipun pilih seda asarana nunjemaken patrem dhateng jajanipun piyambak, saestu kula boten nyana bilih Nyai Tumenggung jebul boten saged nampi sasmita saking kula”.

 

Kaya disamber gelap rasane sirahku krungu margane seda sing ditempuh dening Ibu angkatku kuwi, sing ora liya ya awit  pakartine Suwela. Untuku tak geget keket kanggo ngempet rasaning atiku. Lekasku arep aweh paukuman sing luwih abot marang Suwela lan Makara bakal tak wuwuhi maneh.

 

 

 

Ana candhake.

 

 

Jumat, 19 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (068)

68.

Aku ngguyu ngekek, sajak gumun karo sikepe Ki Suwela sing gunemane keprungu glageban, praupane pucet nuduhne kaweden ing jero atine kuwi. Sauntara tak sawang Makara ora kalah anggone ndhredheg lan ngewel kaya wong lagi keneng panastis nalika arep manasi ngana kae. Aku mencolot, mudhun saka watu sing tak lungguhi banjur sansaya nyaketi panggonane wong loro sing lagi padha dheg-dhegan kaweden kuwi.

 

“Ndika tiyang kalih menika kok nggih rukun sanget lho Ki Suwela?” pitakonku sawise cedhak karo wong loro kuwi “ing atase putra sampun ageng, kok sare kemawon taksih dipun kancani ? Nanging sare kok inggih boten dhateng patunggon, malah kepara dhateng ara-ara kados makaten?. Menapa ndika nembe nindakaken lampah prihatos? Nanging kok malah ngantis srengenge inggil nembe wungu?”.

 

Tak takoni nganggo pirang-pirang pitakonan ngono kuwi Ki Suwela dadi mundhak katon nek bingung, nanging mbaka sethithik rasa wedine wiwit suda, ketitik praupane wis sansaya abang, ora pucet njejet kaya mau.

 

“Apa bener sing ngadeg ana ngarepku iki nyata Ki Kebayan Bulak Pandhe?” Ki Suwela wiwit bisa guneman kanthi cetha. Aku pancen kerep digawqe eram marang lagune wong iki luwih cepet bisa ngadhepi kahanan kanthi sareh sanadyan kaya apa ruwete perkara sing lagi diadhepi.

 

“Lha sak niki malah genti kula walik” aku wangsulan karo mesem “ingkang lenggah ing ngajeng kula niki napa leres Ki Suwela abdi kinasih ing dalem Katumenggungan saha Ki Makara kanca raketipun Raden Bagus Suwanda putra angkat saking Gusti Tumenggung Jatikusuma?”.

 

“Aja ndadak nganggo guyon Kisanak” sanadyan awake isih katon nek ringkih merga bubar tak ajar lan tak sere ting dalan, Ki Suwela katon nek nyingidne ringkihe lan nuduhne kaprawirane “cetha nek ndika kuwi dudu bangsa alus, ketitik sikilmu ngambah lemah kabeh, mula tumuli ngakuwa ndika iku sapa? Lan duwe sedya apa nemoni aku karo anakku ana kene?”.

 

“Aneh carup lan lucu” aku wangsulan karo ngguyu ngece “dados ndika wau sampun nginten menawi kula menika bangsane lelembat utawi panunggalane dhedhemit ngoten menapa pripun Ki?. Kula aturi pirsa nggih Ki, sanajan sadangune urip kula niki dereng nate srawung kalih dhemit, nanging kula ngertos lan pitados bilih dhemit niku nyata wontenipun. Ewa samanten, dhemit niku gadhah panggenan piyambak, boten awor kalih menungsa kados kula napa dene ndika niku. Dhdhemit utawi badan alus niku mila sok ngetingal dhateng titiyang ingkang pantes dipun ajrih-ajrihi, kados ndika kekalih, nanging anggenipun ngetingal nggih mawi tatacara, liripun ngetingalipun menawi sampun boten wonten sunaring surya kasaranipun menawi wanci sampun dalu, boten enjing utawi siang-siang ngeten niki…….”.

 

“Iya aku wis ngerti perkara kuwi” Ki Suwela medhot rembugku karo menthelengne mripate “ndika ora prelu kojah maneh bab dhedhemit utawa setan, saiki ndika enggal ngaku wae ndika iku sapa lan duwe karep apa? He?”

 

“Heh heh heh……” aku ngekek persis kaya nek Wa Anggara ngguyu “lha saiki kira-kira aku sing kleru, tak kira iki mau nek nDara Ki Suwela lan Ndara Makara, sing kekarone wis apal banget karo aku. Malah durung suwe kae Ki Suwela wis rawuh ing omahku nembung anakku wedok arep didadekne selire Raden Bagus Suwanda, saiki kok malah ora ngerti marang Kebayan Bulak Pandhe, mengko dhisik Kisanak, nek ndika kuwi dudu Ki Suwela lan dudu Ki Makara, banjur sapa ndika iku satemene ya gene wayah ngene isih turu neng ara-ara cedhak kali, ndika kuwi omahe ngendi he?”.

 

“Kowe aja langap-langap waton ngucap kisanak” karo wiwit ngadeg Ki Suwela wangsulan sereng “nonton ucapmu, aku ngerti nek kowe kuwi ngaku-aku Ki Kebayan Bulak Pandhe. Mula bisa wae lan kena wae kowe ngaku-aku yen kowe kuwi Ki Kebayan, mula pancen praupanmu memper banget, nanging kudune sadurunge kowe ngaku-aku, luwih dhisik kudu ngerti sing mbok aku kuwi isih urip apa wis mati. Ngertia Kisanak, Ki Kebayan Bulak Pandhe kuwi saiki wis mati tak tugel gulune merga wani ndaga dhawuhe Gusti Adipati Girindrawardana sing wis jumeneng dadi Prabu Brawijaya………..”.

 

“Dadi bener ndika karo Makara kuwi salah siji saka wong-wong sing ngebyuk lan ngrubut Ki Anggara temah Ki Kebayan Bulak Pandhe gugur kanthi tatu sing arang kranjang dhek semana kae he?” aku wiwit mencereng karo nggetak.

 

Ki Suwela lan Makara kaget tak getak karo tak penthelengi ngono kuwi, nanging bawane kira-kira ngangep nek aku iki mung wong ndesa sing madha rupa karo Wa Anggara, wong loro kuwi ngatonake kuwanene, siaga arep ngadhepi aku sing wujudku wujude Wa Anggara, wong sing wis rada tuwa sanadyan durung tuwa banget.

 

“Heh menungsa murang tata” Makara genti sing maju sejangkah karo wiwit guneman “Tak akoni ing wiwitan mau aku karo wong tuwaku pancen kaget, tak kira yen Kebayan Bulak pandhe bali urip maneh, nanging saiki sawise aku ngerti nek jebul kowe kuwi mung wong sing ngaku-aku, saiki ngakuwa tinimbang kowe kudu tak peksa ngaku banjur tak tugel gulumu, kowe kuwi sapa lan saka ngendi asal-usulmu he?”.

 

“Ha… ha…. ha …..” aku ngguyuh ngakak krungu tembunge Makara ngono kuwi “sing mbok ucapne kaya tembunge wong sing kulina ngremuk wesi giligen ndilat wesi abang wae Makara. Ora ngrumangsani neki kowe kuwi ora duwe daya kekuwatan sing pantes mbok ngge pamer, aja maneh ngadhepi aku? Lagi ngadhepi cempe sing ngebyong tandurane wong tuwamu wae kowe kuwi durung karuwan yen Becus kok. Nek nyata kowe karo Bapakmu sing wis Gerang nanging isih nggragas kuwi, takon sapa jenengku lan ngendi asalku, coba sawangen kanthi tenanan, yen prelu luwih dhisik raupa nganggo banyu kali kulon kuwi, kowe wong loro mesthi ora bakal lali karo aku!”.

 

Bubar muni ngono kuwi, aku banjur ngatag Slendhang Sipat, supaya ngowahi wujud lan praupanku murih kaya wewujudane suwargi Kanjeng rama Tumenggung Jatikusuma. Ora ndadak nganggo gantalan wektu, sakala aku wis wujud persis kaya Kanjeng Rama Tumenggung. Ki Suwela lan Makara njomblak, kekarone mundur sajangkah karo mripate mendolo nguwasi praupanku sing wis salin wujud, ora ana gesehe karo pasuryane Kanjeng Rama Tumenggung.

 

“Lekna sing amba mripatmu loro-lorone Heh Suwela lan kowe Makara, saiki mokal nek kowe wong loro wis pangling karo aku, sing wis akeh aweh kekucah marang kowe sakloron nanging mbok wales klawan laku cidra, kowe malik tingal melu ndilati dlamakane mungsuhmu mung merga kowe padha jirih ing getih wedi marang pati, sarta kebangeten nggonmu wis ambathara marang gumrincinging dinar lan gumebyare kencana” aku guneman karo mliliki wong loro kuwi ngatonake ulatku sing lagi nesu.

 

Praupane Ki Suwela bali mingkus lan katon pucet kaya nalika weruh aku sepisanan mau, semono uga kahanane Makara katon ndhredheg wel-welan. Sapandurat sabanjure, ki Suwela nyedhaki anake banjur guneman lirih, nganggo basa sing rupa sasmita,  nanging awit oleh pangaribawane Kyai Bancik lan Slendhang Sipat, aku dadi bisa ngerteni apa sing dikandhakne Ki Suwela kuwi :

 

“Sapa sing ana ngarepe dhewe iki nyata kebak wewadi sing mbebayani Ngger, prayogane ora sah neka-neka, sing baku awake dhewe bisa slamet lan ucul saka wong sing neng ngarepe dhewe iki luwih dhisik. Ayo mlayu wae, gunakna aji peparingku dimen kebat playumu aku samono uga bakal ngecakne ngelmu playuku, murih awake dhewe ora bisa diburu dening wong sing ana ngarepe dhewe iki”.

 

Rampung nggone aweh sasmita marang Makara, Ki Suwela njangkahne sikile memburi samono uga Makara tumindak sing padha. Aku luwih prayitna, sadurunge womng loro kuwi kober ngecakne ngelmu kanggo mlayu, tanganku kiwa kebat nykruk uwange Makara lan tanganku tengen nggibeng sirahe Ki Suwela. Kagawa awak sing isih ringkih, wong loro kuwi ora kober endha, kekarone banjur rubuh neng kemah, klesetan dhewe-dhewe.

 

 

Ana candhake.

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (067)


 

67.

Ora suwe Gumarang bali mlebu menyang pringgitan ditutne wong sapirang-pirang. Ngerti yen Ki Suwela kejet-kejet neng jogan, Makara semaput mengkurep neng dhuwur klasa, sarta Raden Dhandhaka lan Raden Lokapa padha bengeb praupane, Gumarang sakancane dadi padha bingung. Wong-wong kuwi padha wis ngerti yen, ing pringgitan kono kuwi lagi wae ana bangasa alus sing ngamuk, merga saka pangucape Ki Suwela lan penggedhe prajurit saka Kedhiri lan Keling kuwi. Wong-wong kuwi uga bingung, endi sing kudu ditulungi luwih dhisik, malah uga ana sing banjur mundur alon-alon, wangune kuwatir yen nganti katut ketiban amukane “bangsa alus” sing lagi ora kepranan atine.

 

“Nyuwun pangapunten Raden” Gumarang nyedhaki Raden Dhandhaka karo nyembah, awit Gumarang weruh sanadyan pasuryane katon bithu-bithu Penggedhene Prajurit kuwi ora lagi semaput kaya Ki Suwela apa dene Makara, dadi isih kena diajak guneman “menapa ingkang kedah kula lampahi?”.

 

“Padha sumingkira saka papan kene luwih dhisik” Raden Dhandhaka wangsulan alon lan alus, sanadyan karo ngempet rasa lara  merga kena pupuhan tanganku sing tumiba ing praupane “sedulure dhewe sing manggon neng jagad alus lagi salah tampa, dikira awake dhewe iki klebu mungsuhe, becike awake dhewe meneng dhisik karo golek cara kanggo nyuwun pangapura marang sedulure dhewe sing lumrah diarani bangsa alus sing lagi salah tampa karo awake dhewe iki”.

 

“Bener kuwi Kangmas” Raden Lokapa numpangi rembug “arepa kaya apa awake dhewe iki wis tumindak luput marang sedulure dhewe sing mapan ing waliking jagad kasat mripat ing Desa Bulak Pandhe kene iki, mung emane awake dhewe durung ana sing ngerti kaluputan apa sing wis ditindakne lan sapa sing wis gawe nesune sedulure dhewe sing ora katon iki”.

 

Krungu kandhane para penggedhene prajurit saka Kedhiri lan Keling kuwi, aku mesem lan kemudukudu ngguyu, wong loro sing mesthine duwe ngelmu kanuragan lan kasekten sing dhuwur kuwi ketara yen padha kaweden. Wedi marang barang sing ora katon wewujudane.

 

“Manawi makaten, keparenga kula sakanca mire saking pringgitan mriki langkung rumiyin Gusti” Gumarang pamitan arep ninggalne pringgitan, wangune Gumarang ya isih kaweden lan ngira menawa “bangsa alus” sing wis gawe bengeb praupane para bendarane kuwi durung lunga saka pringgitan kono.

 

“Mengko dhisik Gumarang” Raden Lokapa nyandhet sing lagi arep lunga “akua rep sowan ing ngarsane Guruku, Bapa Ajar Lodana nyuwun kalidamar piye carane nyuwun pangapura marang sedulure dhewe sing lagi salah tampa iki. Mula prentahna marang andhahanmu supaya nyawisake titihanku Jaran Kyai Samber arep tak titihi menyang Pratapan Lodanan wengi iki uga”.

 

“Nuwun sendika ngestokaken dhawuh” Gumarang wangsulan banjur aweh sasamita marang kancane supaya nindakne prentahe Raden Lokapa. Sing diprentah uga banjur budhal, metu ninggalne pringgitan kono karo atur sembah.

 

Aku banjur eling karo tujuwanku sakawit, ya iku kepengin males lara wirange Kanjeng Rama Tumenggung marang Ki Suwela lan Makara sarta nagihake utang marang Makara sing wis njalari Andalu susuk mati suduk jiwa.  Meh bareng karo lungane prajurit andhahane Gumarang sing arep ngrakiti tunggangane Raden Lokapa, aku ngecakne pituduhe Kyai Bancik ya iku nggawa ragane Kyai Suwela lan Makara murih ilang saka pandulune wong-wong sing ana pringgitan kuwi kabeh. Mung sagebyaring that-thit wektune, Ki Suwela lan Makara wis bisa tak seret manjing inga jagad panglemunan, ketitik saka wong-wong sing ana pringgitan kuwi padha mbengok sing semune rada diampet, kabeh padha gawok jalaran dumadakan Ki Suwela lan Makara padha ilang. Ilang saka pandulune wongwong sing ora weruh yen wong loro Bapak lan anak kuwi tak seret nisih ing waliking jagad sing kasat mata.

 

Ora ngenteni wong-wong kuwi mari anggone eram lan wedi, aku tumuli naleni tangane Ki Suwela lan Makara nganggo Slendhang Sipat. Bener kandhane Slendhang Sipat sadurunge aku pangkat sore mau, kena dayane Slendhang Sipat, bobote Ki Suwela lan Makara malih dadi luwih entheng tinimbang bobote truwelu. Mula kekarone nuli tak seret metu ninggalne pringgitane sawargi Wa Anggara kuwi, tanpa dingerteni dening wong-wong sing padha ana ing kono.

 

Karo mlaku aku nyeret Ki Suwela lan Makara sing isih padha semaput. Babar pisan ora mlebu ing gagasanku kaya apa dadine ragane wong loro sing tak anggep kakehan dosa kuwi, merga ragane tak seret karo mlaku sadawaning ratan sing tak liwati iki. Lagi bareng wis tekan papan sing rada adoh saka padesan lan katon sepi, adoh karo papane wong, aku mandheg. Nalika kuwi wektune wis padhang, srengenge esuk wis munggah kira-kira saranggehan dhuwure ing langit sisih wetan.

 

Marang Slendhang Sipat tak prentahne supaya wewujudanku bisa salin, ora wujud Suwanda maneh nanging genti wujud persis kaya wewujudane Wa Anggara sing wis suwargi. Tumuli tak prentahne marang Kyai Bancik supaya aku bali ing jagad kang kasat mripat maneh, klebu ragane Makara apa dene Ki Suwela iya wis melu mbalik kena disawang saupama ana sing ngonangi. Nanging aku durung tumindak apa-apa, jalaran wong loro Makara lan Ki Suwela kuwi isih padha meneng ora obah merga durung eling saka anggone semaput.

 

Dumadakan ana sasmita sing tak tampa saka Kyai Bancik sing ana sengkelitanku, yen sarana dithuthuk nganggo ukirane Kyai Bancik sok sapawa sing lagi padha semaput ora suwe mesthi bakal tumuli bali eling lan ngerti kahanan sing ditemoni lan dilakoni, ya iku kahanan ragane sarta bisa weruh kanthi cetha apa sing ana sakiwa tengene. Malah kepara yen sing lagi semaput kuwi wong sing “duwe isi” sanadyan ora akeh, bakal tumuli bisa tangi, bisa ngadeg lan lungguh maneh sanadyan dayane isih ringkih.

 

Kyai Bancik tumuli tak lolos saka wrangkane sing sumlempit ing lempengku kiwa. Sawuse Slendhang Sipat tak uculi saka tangane Ki Suwela lan Makara banjur tak ubetne kanggo naleni bangkekanku dhewe, wong loro kuwi banjur tak thuthuk sirahe alon-alon nganggo ukirane Kyai Bancik. Bareng karo aku rampung nyengkelitne Kyai Bancik neng lempengku kiwa maneh, katon wong loro kuwi wiwit padha obah. Kruget-kruget kaya wong sing lagi tangi saka anggone turu. Ora suwe kekarone padha tangi, lungguh neng lemah karo noleh ngiwa noleh nengen, kaatone lagi padha ngeling-eling apa sing wis kedadeyan.

 

“Awake dhewe iki ana ngendi Makara?” sawuse rada sauntara Ki Suwela nakoni anake lanang sing uga katon lagi bingung.

 

“Kula ugi boten ngertos Rama” wangsulane Makara blaka “emut kula wau kula kalih jengandika Rama rak sami jejagongan wonten ing pringgitan tilas griyanipun Kebayan Bulak Pandhe, kok dumadakan sampun wonten mriki? Sampun wonten kedadosan menapa menika Rama?”.

 

“He he he…….” Aku sengaja ngguyu rada banter, nerokne guyune Wa Anggara, jalaran wewujudanku wektu kuwi nggunakne wewujudane Wa Anggara sing wis gugur.

 

Wong loro, Ki Suwela lan Makara katon padha kaget, ora sranta banjur padha ngingeti papanku sing lagi lungguh neng dhuwure watu gedhe sing ana sandhinge wong loro kuwi. Kaya weruh setan dumadakan praupane wong loro kuwi dadi sansaya pucet, njejet nkaya kapas diwusoni, sunaring mripate nuduhne rasa wedi, sarandhuning awake obah kabeh, dhrodhog ngewel ora karuwan. Aku ngerti yen sing njalarni Ki Suwela lan Makara dadi mangkono kuwi, or aliya merga weruh rerupanku sing wis salin wujud dadi wujude Wa Anggara, kamangka wong loro kuwi cetha yen padha ngerti lamun Wa Anggara nyata wis gugur dadi tawuring kasetyan marang Kanjeng Sinuhun.

 

“Sampun sami wungu anggenipun sare ta nDara Suwela lan nDara Makara?” karo mesem semanak aku wiwit nakoni wong loro kuwi. Esemku tak gawe semanak nadyan aku ya ngerti yen merga esem sing semanak kuwi ora njalari Ki Suwela lan Makara dadi seneng atine nanging kepara muwuhi rasa wedine.

 

“nDika…..Ki…..Kebayan……….” sawuse rada suwe Ki Suwela lagi bisa kumecap nanging suwarane ketara yen groyok lan glogab-glageb.

 

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (066)

66.

Tekan pendhapa Kebayanan ya omahe Wa Anggara Lurah Prahurit sing maune sempaut kuwi wiwit eling lan bisa sambat kelaran. Banjur  diudhunke saka Tandhu, diglethakne neng amben. Dhukun sing kulinane aweh tamba marang Prajurit sing lara, diceluk dikongkon nambani Lurah Prajurit sing lagi gereng-gereng karo sambat lara kuwi.

 

Wewakiling lurahe Prajurut banjur mlebu nggoleki Ki Suwela menyang Pringgitan arep ngabarake yen Lurahe lagi kena walat saka bangsa alus. Aku tansah tut wuri ing mburine, merga aku uga kepengin enggal bisa weruh Ki Suwela lan Makara.

 

Jebul Ki Suwela lan Makara bener lagi linggih neng klasa sing digelar neng  jagongan karo para penggedhening prajurit Kedhiri lan Keling sing dipercaya dening Gusti Adipati Girindrawardana sing wis madeg jumeneng Brawijaya. Karo mlaku dhodhok wakiling lurah prajurit kuwi mlebu pringgitan.

 

“Sajake ana sing wigati Gumarang? Dene kowe wani mlebu pringgitan tanpa tinimbalan? Apa sira sakancanira wis nyumurupi mapan manggone Suwanda anake Tumenggung Jatikusuma?” salah siji saka penggedhene prajurit Keling kuwi gage anggoni nakoni wakiling lurah prajurit sing jebul aran Gumarang “lan ya gene sing ngadhep mrene kowe ? Lurah Galunggung menyang ngendi he?”.

 

“Nyadhong deduka ingkang kathah Gusti” Gumarang nyembah karo aweh wangsulan “estunipun nalika para prajurit bregada kula ingkang tinindhihan dening Kakang Lurah Galunggung nembe bidhal ngayahi jejibahan, dumadakan ing margi manggih alangan, inggih menika kenging walatipun bangsa alus ing Padhukuhan Bulak Pandhe mriki, temah Kakang Galungguh nandhang kanin, ing praupanipun kados kapupuh bindhi lan ing jajanipun kados kedhawahan gandhen tosan, temah Kakang Galunggung rebah lajeng boten emut purwa duksina”.

 

“He Gumarang!” penggedhene prajurit kuwi nggetak Gumarang karo mentheleng katon yen lagi nesu “sira kuwi Prajurit sing wis gedhe tuwa, aja seneng guneman nganggo geguyonan, Gakunggung rubuh semaput? Kanthi tatu ing rai karo ing dhadha? Sapa sing wis gawe larane Galunggung kuwi he? Aja kandha nek sing tumindak kuwi bangsa alus, bangsa alus kuwi ora bisa sesenggolan karo titah sing abadan wadhag kaya awake dhewe iki, ngerti?”.

 

“Tadhah duka Dhuh Gusti kula Raden Dhandhaka” Gumarang nyembah karo matur wangsulan “saestu abdi jengandika kula boten gegujengan, sadaya prajurit ing bregada kula sami sumerep kanthi mripat ingkang awas, nalika Kakang Lurah Galunggung mlampah ing ngajeng dumadakan kepireng suwanten kados suwantening bindhi ngengingi raga, kasusul Kakang Gakunggung njerit, awit wonten untunipun ingkang rampal kados dipun bindhi uwangipun, kasusul rebah ing bumi sarwi sambat sakit. Nalika kula lan kanca-kanca sanes badhe asung pitulungan dumadakan wonten suwanten malih, dhadhanipun Kakang Galunggung kados dipun gandhen mawi gandhen tosan, lajeng piyambakipun semaput boten emut menapa-menapa”.

 

“Aneh…….” Penggedhening prajurit sing jeneng Raden Dhandhaka guwi grenengan ijen.

 

“Leres lan mila aneh saestu Raden” Gumarang guneman maneh “kula ngadhahi pamanggih bilih ingkang nindakaken tanpa saged dipun tingali mawi mripat wantah menika, menawi dede bangsa alus tuhu mokal. Awit saking menika, kula lajeng madosi Ki Suwela utawi Ki Makara, nyuwun pitedah murih para bangsa laus ing padhusunan mriki boten nglajengaken anggenipun ngganggu damel dhateng Prajurit saking Keling lan Kedhiri, menapa ingkang kedah dipun lampahi. Kula kinten para bangsa alus menika sami runtik manahipun dene sadangunipun masanggrah ing mriki awakipun piyambak dereng nate caos dhahar saha pasang sesajen kangge para bangsa alus menika”.

 

Raden Dhandhaka manthuk-manthuk krungu ature andhahane sing jeneng Gumarang kuwi. Wangune trembunge Gumarang bisa ditampa karo nalare Raden Dhandhaka. Mula penggedhene prajurit kuwi banjur nyawang marang Ki Suwela lan Makara, njaluk panemu karo tembung sing lagi wae dikandhakne dening Gumarang kuwi mau.

 

“nDika kreungu dhewe apa sing lagi wae dikabarake dening Gumarang iki mau, Ki Suwela” kandhane Raden Dhandhaka marang Ki Suwela “yen pakulinane para bangsa alus sing manggon neng Bulak Pandhe kene iki dicaosi dhahar lan diaturi sesajen, kudune biyen-biyen ndika ora meneng wae, nanging aweh weruh marang aku utawa marang Dhimas Lokapa, minangka senapati wewakiling kanjeng Sinuwun sing samengko jumeneng neng Kedhiri, ora kudu ndadak ngenteni anane kedadeyan kaya sing tumiba marang Lurah Galunggung iki mau, rak ya ngono ta Dhimas Lokapa?”.

 

“Bener Kangmas” Penggedhening Prajurit sing sijine nyauti kandhane Raden Dhandhaka “nanging aku uga ora pati ngluputake Ki Suwela apa dene Ki Makara nemen-nemen, jalaran awit saka kasengseme ngadhepi kahanan, ndadekne Ki Suwela kelalen, anggoine arep matur ing babagan caos dhahar marang bangsa alus lan pasang sesajen iki. Piye Ki Suwela lan Ki Makara?”.

 

“Nyuwun pangapunten Raden Dhandhaka menapa dene Raden Lokapa” Ki Suwela wangsulan karo nyembah “saestu kula ndhadha ing kalepatan kula, dene kula dereng matur babagan menika dhateng Gusti kula kekalih. Estunipun kula babar pisan boten supe kados ingkang dipun dhawuhaken Gusti kula Raden Lokapa kala wau………”.

 

“Yen ora lali ateges pancen ndika wis nedya ora aweh weruh marang aku lan Dhimas Lokapa, Ki Suwela?” Raden Dhandhaka munggel rembuge Ki Suwela sing durung rampung karo mripat mencereng.

 

“Boten makaten Raden” Ki Suwela wangsulan sareh, aku wis apal karo pakulinane wong iki yen lagi ngadhepi perkara apa wae sing angel diwudhari, katon ayem nanging pikirane muser “malah saestu kula boten ngertos, menawi ing Bulak Pandhe mriki wonten pakulinan lan tatacara caos sesaji dhateng para bangsa alus kados ingkang dipun aturaken Kisanak Gumarang kalawau. Mila boten saged dipun selaki bilih para bangsa alus menika sok ganggu damel dhateng titiyang inggih para manungsa, nanging boten kok lajeng mawi cara kados ingkang dipun cariyosaken dening Kisanak Gumarang kala wau, paling inggih namung mawi kasurupan lajeng sakit lan sapiturutipun. Nuwun sewu, kula kok nembe menika mireng wonten kedadosan aeng kados ingkang dhumawah dhateng Ki Lurah Galunggung menika……..”.

 

Sansaya akeh anggone kojah Ki Suwela, sajake arep nggorohake apa sing dikandhakne dening Gumarang. Mula kanggo melehake yen Ki Suwela kuwi mung wasis ing babagan nata ukara, aku banjur nyedhak lan tetep tanpa ngatonake wujud.

 

“Plak….Plak…….!” pipi kiwa tengene Ki Suwela tak gibeng banter, nganti lungguhe wong serengah tuwa kuwi koming.

 

“Adhuuuuuuuuh………….” Ki Suwela mbengok banter, sambat kelaran, lali yen lagi lungguh adhep-adhepan karo bendarane sing anyar.

 

Dhandhaka, Lokapa, Makara lan Gumarang katon padha njomblak, wong-wong kuwi ora nyana babar pisan yen Ki Suwela nemoni lelakon sing miturut wong-wong kuwi dianggep aneh. Rambute Ki Suwela sing ditalini nganggo iket tak sendhal mendhuwur banjur tak banting neng jogan, Ki Suwela tiba mengkureb. Lan sadurunge ragane tekan jogan, dhadhane tak papag karo sadhukan sikilku tengen. Ki Suwela kontal, mencelat nganti nabrak gebyog sing dadi watese pringgitan kuwi.

 

Makara sing weruh wong tuwane tiba golong koming ora karuwan, tanpa dingerteni sing dadi sababe, mara nyedhaki wong tuwane sing isih bengok-bengok kelaran. Karepe arep aweh pitulungan, nanging sadurunge Makara tekan cedhake Ki Suwela, sikile tak jegal luwih dhisik. Makara tiba kejengkang, sadurunge kober tangi, sikilku bali tak obahne, githoke Makara tak gejroh nganggo tungkakku sabantere. Ora nganggo sambat Makara krungkeb neng jogan semaput ora eling apa-apa maneh.

 

Gumarang sing weruh kahanan kaya ngono kuwi ngadeg banjur mlayu ngithar ninggalne pringgitan. Sauntara Dhandhaka karo Lokapa padha pating domblong kaya kethek ketulup, bingung ngadhepi kahanan sing babar pisan ora gathuk karo lakuning nalare. Kanggo nambahi rasa senengku, penggedhening prajurit saka Kedhiri Kedhiri karo saka Keling kuwi tak cedhaki tak wenehi kaplogan menyang prenah raine. Wong loro kuwi genti-genten padha mbengok kelaran. Aku mundur banjur mapan lungguh rada ngadoh ngenteni lelakon sabanjure.

 

 

 

Ana candhake.

 

Kamis, 18 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (065)

65.

Cahya kuning kuwi dumadakan wis salin wujud, kaya dene wujude Kyai Bancik sing wujud bocah bajang mau, Cahya Kuning kuwi uga wujud bocah bajang mung duwe cahya sing sumunar kuning semu rada mbalerengi. Aku ora enggal sapa aruh marang wewujudan anyar iki, nanging aku panggah ora tinggal kaprayitnan, nek nitik solahe Bocah Bajang mawa cahya iki cetha nek ora sabaene, nanging duwe kadigdayan sing wangune ora gemen-gemen.

 

“Kula abdi jengandika Raden, sami kalihan Kyai Bancik” kandhane Bocah Bajang mawa cahya kuning kuwi alus, anoraga “kula pun Sipat ingkang wujud kasaripun arupi Slendhang Sutra Kuning ingkang tansah jengandika agem sabukan”.

 

Aku kaget semu gumun, mau Kyai Bancik sing wujude Keris nemoni lan aweh weruh sing dadi daya kekuwatan sing sinimpen ing awake, saiki Bocah Bajang iki ngaku yen dheweke Slendhang Sipat, sipat kandel peparinge Wa Anggara. Alon-alon tanganku nggrayahi bangkekan sing saben dina tak taleni nganggo Slendhang peparinge Wa Anggara kae. Kaya Kyai Bancik nalika ngongkon aku nggrayahi lempeng mau, saiki bangkekanku wis ora ketalenan slendhang Sipat maneh.

 

“Sami kalihan Kyai Bancik Raden” Slendhang Sipat sing wis wujud Bocah Bajang kuwi guneman maneh “minangka abdi, kula tansah ngantu-antu kaparingan dhawuh saking jengandika Bendara kula”.

 

“Mengko dhisik Kyai Sipat” aku wangsulan alon “aku ngerti yen jejer ndika iku mung piranti kanggo nyengkuyung apa sing tak karepake. Banjur piranti wujud Slendhang kaya ndika kuwi bisa digunakne ing babagan apa?”.

 

“Kados ingkang sampun jengandika buktekaken piyambak nalika jengandika Raden kepanggih prajurit Keling siswa-siswanipun Ajar Srapat saderengipun jengandika Raden kepangih kalihan Maharsi Doradruwasa nika. Menawi asta jengandika Raden kasabet kaping tiga mawi slendhang sipat, saestu saged damel mirisipun sok sintena ingkang amengsahi jengandika Raden lan menawi nekad boten miris mangka tiyang kala wau badhe nandhang lumpuh tanpa daya” Bocah Bajang mawa cahya kuwi aweh wangsulan.

 

“Iya aku wis mbuktekne dhewe ing babagan kuwi” aku guneman maneh “nanging tak kira ora mung mandheg tekan semono katiyasan sing mapan ana pusaka peparinge Wa Anggara iki”.

 

“Mila leres makaten Raden” wangsulane Slendhang Sipat sabanjure “Slendhang Sipat menika estu Slendhang ingkang dipun tampi dening Sang Begawan Satiban nalika panjenenganipun mahas ing samun ing pucuking Ardi Argapura nalika samanten, lajeng dening Panembahan Satiban kaparingaken dhateng Ki Kebayan Bulak Pandhe ingkang lajeng kaparingaken dhateng jengandika Raden menika. Saestu menawi Raden ngersakaken ngelih barang ingkang awratipun ngungkuli gunung pisan, menawi wonten peranganing barang menika saged katangsulan mawi Slendhang Sipat, saestu saged kanthi gampil jengandika seret utawi kabandhilaken”.

 

“mBok menawa ana piguna sing liyane ?” aku takon maneh.

 

“Kathah Raden” Slendhang Sipat wangsulan “manawi jengandika watak, Slendhang Sipat saged jengandika ajak nrabas tembok ingkang kandel tanpa damel risaking tembok, ugi saged jengandika dhawuhi murih ngewahi wewujudan jengandika dados wewujudanipun tiyang sanes ingkang jengandika kersakaken lan pigunipun ingkang sanes, benjang-benjang saged kula aturaken kanthi mirunggan. Samangke keparenga kula wangsul malih anggubed salira jengandika Raden, awit kula tingali lan kula raosaken dalu menika jengandika badhe nindakaken pakaryan ing kang wigatos, mugi2 kangge ngrampungi pakaryan menika kajawi ngginakaken Kyai Bancik mugi kula saged ugi kaginakna”.

 

Bubar muni ngono kuwi, Bocah Bajang mawa cahya kuwi ilang, lan kaya mau saiki ing bangkekanku wis katalenan Slendhang peparinge Wa Kebayan Bulak Pandhe sing wujud Slendhang Sutra Kuning kang aran Slendhang Sipat.

 

Sansaya bombong rasaning atiku, sansaya manteb tekading rasaku, wengi iki aku kudu bisa males lara wirange Rama Tumenggung marang Ki Suwela lan Makara sarta nagihake utang wirang sing disandhang dening Andalu merga saka tumindake Makara.  Kanthi laku dhedhemitan sing ora bisa disawang dening wong liya, aku mlaku kanthi kepenak, nurut dalan sing tumuju omahe Makara lan omahe Ki Suwela.

 

Bener apa sing dikandhakne dening Karta Cikrak pas mara menyang warunge Togog sore mau, wengi kuwi prajurit kraman saka Kedhiri lan Keling padha jaga-jaga kanthi sikep gegaman sing jangkep. Malah meh sadawaning rattan sing tak liwati, akeh prajurit sing uga mlaku baris wor sapantha-pantha kaya yen arep budhal methukne mungsuh ing palagan ngana kae. Weruh solahe para prajurit kraman kuwi, atiku dadi panas. Ngiras pantes mbuktekne warta sing tak tampa saka Kyai Bancik mau, aku ntedhaki Lurahing prajurit sing lagi mratitisake andhahane nggone padha mlaku.

 

“Dhug!” tanpa ngucapne apa-apa, tanganku kumlawe uwange lurah prajurit kuwi tak cakruk nganggo kepelan tangan sakayange.

 

“Adhuuuuuuuh……..!” Lurah Prajurit sing oira weruh sangkan parane bilahi kuwi njerit kelaran banjur rubuh tumiba neng lemah, untune padha rampal saking bantere cakrukanku. Kanca-kancane padha kaget, banjur pating pencolot padha nyedhaki, kepengin ngerti apa sing wis dialami dening lurahe.

 

Genti sikilku sing tak obahne, Lurah Prajurit sing isih gereng-gereng kelaran kuwi tak gajul prenah dhadhane. Sepisan maneh Lurah Prajurit kuwi mbengok banter, banjur kejet-kejet semaput. Para andhahane dadi sansaya geger ora karuwan, aku sumingkir rada ngadoh, karo ngenteni apa sing bakal ditindakne para prajurit sing ditinggal semaput lelurahe kuwi.

 

“Piye ca iki?” salah sijine prajurit mbengok banter nakoni kanca-kancane “Ki Lurah dumadakan kaya ketiban gegaman sing ora katon ing mripat, ngerti-ngerti rubuh ing lemah lali puwa duksina”.

 

“Lha ya piye?” kancane ana sing semaur “katone Ki Lurah kena guna dhesthi sing ditindakne bangsa alus, mau aku krungu suwara kaya ana bindhi sing tumiba ing pipine Ki Lurah, banjur aku weruh Ki Lurah tiba neng lemah. Lan sing sadurunge Ki Lurah semaput iki mau mesthine kabeh ya padha krungu lan weruh, dhadhane Ki Lurah kaya ditibani gandhen wesi, sing ndadekne Ki Lurah banjur ora kelingan iki”.

 

“Sing ngganggu gawe Ki Lurah iki mau cetha nek dudu bangsane manungsa” prajurit liyane ana sing guneman “mbok menawa wae, Ki Suwela utawa Ki Makara pirsa sapa sing wis ngganggu gawe Ki Lurah iki lan nganggo sarat utawa sajen apa murih bangsa alus kuwi ora nindakne ganggu gawe maneh marang awake dhewe lan prajurit saka Kedhiri lan Keling liyane, jalaran bisa wae Ki Lurah wis nindakne sing dadi sirikane warga kene jalaran Ki Lura hora ngerti, ngerti-ngerti wis nampa pidana kaya ngene iki wujude”.

 

“Yen ngono” Prajurit sing dhisik dhewe nakoni kancane mau aweh prentah, wangune prajurit kuwi wewakile Lurah Prajurit sing lagi ngrasakne cakrukan karo gajulanku kuwi “ayo Ki Lurah digawa menyang pasangrahan, gajege wengi iki Ki Suwela karo Ki Makara uga lagi ana ing pasanggrahan”.

 

Krungu yen para prajurit kuwi arep nemoni Ki Suwela lan Makara ing pasanggrahan, batinku krasa seneng, rumangsa kabeneran tenan, olehku tumindak gawe cilakane Lurah Prajurit mau jebul malah ana gunane. Saupama aku mau bablas menyang omahe Makara, mesthi malah ora oleh gawe, wong Makara ora ana ing omahe, samono uga karo Ki Suwela. Yen bengi iki Ki Suwela karo Makara manggon neng Pasanggrahane Prajurit saka Kedhiri lan Keling, ateges wong loro kuwi manggon neng omahe Wa Anggara. Lan kuwi luwih becik kanggoku, bengi iki ora sah ndadak mindhon gaweni, wong loro kuwi bakal tak rampungi, jumbuh karo dosa lan kaluputan sing wis ditindakne.

 

Aku banjur ngadeg ngenteni budhale para prajurit sing arep nggawa lurahe sing ora eling kuwi menyang pasanggrahane, aku arep ngetutne saka mburi, mesthi wae karo isih ngecakne dayane Kyai Bancik sing wis ndadekne aku ora bisa disawang dening mripate wong-wong sing ana kono, kanthi cara iki tak kira luwih gampang kanggoku arep methuki Ki Suwela lan Makara, anake.

 

 

Ana candhake.
 

Rabu, 17 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (064)

64.

Bocah Bajang sing ngaku jeneng Bancik kuwi cengar-cengir ngguyu aku sing lagi bingung semu gumun dene gegaman peparinge Rama Tumenggung sing selawase ora tau uwal saka ragaku dumadakan wis ora ana.  Banjur karo mencolot neng dhuwur lincak sing mau tak engge lungguh, Bocah Bajang sing dedege mung sadhengkulku lan gedhene mung sak lengen kuwi guneman sansaya cetha :

 

“Mesthi kemawon boten wonten mriku Raden, jalaran estunipun Kyai Bancik ingkang wujud saben dintenipun rupi dhuwung menika, estunipun inggih kula menika”.

 

“Dadi ndika iku Keris Kyaiu Bancik?” aku takon.

 

“Leres Raden” wangsulane Bancik karo manthuk kurmat.

 

“Banjur ana karep apa ndika salin wujud kaya mangkono iku Kyai Bancik?” aku takon maneh.

 

“Mugi kaemutan Raden” kandhane Bancik anoraga “kula menika mila estu kawulanipun Bendara kula Raden Tumenggung Jatikusuma ingkang nunten kaparingaken dhateng jengandika Raden Suwanda, dados wekdal samangke menika Bendara kula inggih namung jengandika Raden Suwanda, ngantos dumugi titi wancinipun Raden Suwanda ngersakaken kula kesah misah kalihan jengandika Raden, kados lelampahanipun Kyai Baratketiga ingkang nunten dados titihanipun Sang Maharsi Doradruwasa kundur makahyangan”.

 

“Aja nyebut-nyebut jeneng Kyai Baratketiga maneh Kyai Bancik” aku wangsulan rada sengol “anane Kyai Baratketiga tak tundhung lunga nalika samana, merga aku ora ngerti sapa satemene Jaran sing jare asale saka Bumi Sumbawa kae”.

 

“Sami kalihan panganggep jengandika dhateng kula Raden” Kyai Bancik aweh wangsulan karo cengar-cengir “menawi boten mawi srana makaten tartamtu jengandika Raden namung badhe nganggep kula menika namung wujud tosan pinipih ingkang ginanipun namung kangge nyuduk sok sintena ingkang pantes sipun suduk, harak inggih makaten ta?”

 

Ditkemak kaya mangkono kuwi aku ora semaur, mung meneng, ngenteni rembug sing sabanjure saka Kyai Bancik.

 

“Lha dene anggen kula kumawantun matur dhateng Raden Suwanda kanthi cara ingkang makaten menika, jalaran kula ngrumaosi bilih jengandika menika Bendara kula lan kula kawula jengandika. Kuwajiban jengandika minangka Bendara sampun jengandika tindakaken kanthi sae, inggih menika tansah ngreksa lan paring pangayoman dhateng kula ingkang jejer minangka kawula. Dene kuwajiban kula minangka kawula, mila namung nengga dhawuh saking Bendara menapa ingkang kedah kula lampahi, nanging kula raos minangka Bendara enggal, jengandika dereng pirsa menawi kula nengga dhawuh saking jengandika ingkang titi kalenggahan menika saestu nembe badhe nindakaken pakaryan ingkang sakalangkung awrat” kaya sing tak badhe, Kyai Bancik nutugne rembuge.

 

Aku lenger-lenger krungu kandhane Kyai Bancik sing mangkono kuwi mau, pancen sasuwene iki aku mung nganggep yen Keris sing tak sengkelit neng lempengku kae mung piranti kanggo ngadhepi bebaya. Mula aku ya ora aweh prentah apa-apa, jalaran mung wong sing ora waras sing aweh prentah marang barang sing ora bisa obah. Nanging jebul kanyatane Kyai Bancik iki jebul ora mung  bisa obah wae, nanging malah bisa caturan kaya lumrahe manungsa lan malah bisa maujud dadi bocah bajang sing nduweni anggautaning raga ora beda kaya manungsa lumrah. Saiki dheweke kandha yen ngenteni prentah saka aku sing dadi bendarane, banjur prayogane aku aweh prentah apa marang Bocah bajang sing temene wujud keris cilik iki?.

 

“Raden Suwanda menapa saestu jengandika kagungan kersa badhe manggihi titah murtad ingkang nami Makara lan Suwela?” sawuse rada suwe meneng, Kyai Bancik takon, sing dadi pitakone iki cetha mung aku dhewe sing meruhi jalaran gagasan anggonku kepengin bisa adu arep karo Makara kanggo nagih utang wirange Makara marang Andalu, yektu durung tak kandhakne marang sapa wae. Mangka kanthi anane pitakon saka Kyai Bancik sing mangkono mau, nuduhake yen Kyai Bancik malah luwih ngerti karo apa sing ana sajroning angen-angenku.

 

“Gene ndika wis ngerti apa sing ana sajroning batinku Kyai?” aku mbalik takon “Apa Kyai Bancik kuwawa tak jaluki tulung kanggo mujudne angen-angenku iki Kyai?”.

 

“Kula menika namung piranti Raden” wangsulane Kyai Bancik karo mesem “kuwawi menapa botenipun gumantung dhateng bendara ingkang ngginakaken kawula ingkang wujud piranti menika”.

“Sing dikarepne Kyai Bancik karo wangsulan mangkono kuwi piye?” aku  blaka yen durung ngerti apa sing dikarepne karo tembunge Kyai Bancik.

 

“Makaten inggih Raden” Kyai Bancik aweh katrangan “menawi jengandika Raden badhe ngginakaken piranti ingkang wujud wangkingan alit ingkang nami Kyai Bancik menika, salah satunggalipun mawi cara, kanthi ngusap wilahipun Kyai Bancik mawi tapak asta kanan manginggil, mangka jengandika Raden badhe boten saged katingalan dening sok sintena kemawon ingkang wujud janma manungsa, ngantos Raden ngusap wilah malih mawi asta ingkang sami, namung saking nginggil mangandhap, ing mriku jengandika badhe katingalan malih dening sadhengahing tiyang. Dados menawi jengandika Raden ngersakaken manggihi Makara utawi Suwela kanthi sesidheman lan boten kadenangan sinten kemawon cara kala wau saged jengandika tindakaken”.

 

Aku manthuk-manthuk rumangsa eram karo katiyasane keris Kyai Bancik peparinge Rama Tumenggung sing sasuwene iki durung tak weruhi mungguh sing dadi katiyasane.

 

“Salajengipun” Kyai Bancik nutugne rembuge “menawi Raden ngersakaken murih wonten wewujudan ingkang kasat mripat saged katut boten katingalan dening tiyang sanes, Raden cekap angusap wilahing keris Kyai Bancik mawi asta kering manginggil sarwi mirsani wewujudan ingkang jengandika kersakaken, ing mriku sadaya wewujudan kalebet janma manungsa badhe ical saking panduluning tiyang sanes ngantos jengandika Raden ngusap mangandhap wilahing keris Kyai Bancik mawi asta kering”.

 

“Sabanjure apa maneh Kyai ?” aku takon katiyasan liyane sing ana sajrone Keris Kyai Bancik.

 

“Taksih kathah sanget Raden” wangsulane Bocah Bajang sing jebul wujud liya saka Keris Kyai Bancik kuwi “mangke ing wanci sanes ingkang radi mirunggan saged kula jlentrehaken kanthi cetha. Namung kemawon, menawi jengandika taksih dereng uwal saking pusaka Kyai Bancik, liripun Kyai Bancik taksih nyenggol salira jengandika, estunipun boten wonten malih ingkang pantes jengandika ajrihi, jalaran sakujuring salira jengandika badhe boten pasah ketiban gegaman wujud menapa kemawon, inggih kenging sinebat jengandika badhe tan tedhas tapak paluning pandhe sisaning gerinda tanapi tedhaning kikir”.

 

“Ngono ya Kyai?”

 

“Inggih Raden” wangsulane Kyai Bancik sabanjure “samangke kula badhe wangsul dhateng panggenan ingkang jengandika kersakaken inggih menika sinengkelit ing lempeng jengandika Raden lan sedaya ingkang sampun kula aturaken, saged jengandika tindakaken, inggih menika ingkang kula wastani tumibaning dhawuh saking bendara dhateng kawula”.

 

Rampung guneman mangkono iku, dumadakan wewujudan Bocah Bajang banjur ilang saka panduluku, kasusul ana rasa gumrenjel ing lempengku. Nalika tak grayahi, jebul Keris Kyai Bancik sing maune ora ana wis mbalik manggon neng sengkelitanku maneh. Aku banjur nggagas, arep ngecakne apa sing lagi wae dikandhakne Kyai Bancik marang aku, aku nedya ngambah alam sing ora bisa disawang sapa wae. Aku kepengin enggal bisa males wirang marang Makara lan Ki Suwela sing nyata-nyata wis nyidrani kasetyane marang Kanjeng Rama Tumenggung Jatiukusuma munggahe marang Samparan Dalem Kanjeng Sinuhun Prabu Brawijaya. Lan kang luwih baku maneh, aku kepengin enggal bisa nagih utang lara wirang sing disandhang dening Andalu merga tumindake Makara sing koncatan jiwa kamanungsane.

 

Keris Kyai Bancik tak unus saka lempengku, ukirane tak candhak nganggo tangan kiwa, banjur karo memuji marang Hyang Agung sinartan tembung marang Kyai Bancik, wilahe keris tak usap mendhuwur nganggo epek-epek tangan tengen, kanthi mangkono aku wis percaya yen wektu kuwi aku ora bisa kesawang dening mripate sapa wae. Keris Kyai bancik banjur bali tak sengkelit neng lempengku kiwa lan aku tata-tata arep mlaku sumedya menyang omahe Makara sing manggon rada adoh saka papan kono, ya iku ing pinggirane Kutha Raja, cedhak karo Dalem Katumenggungan sing biyen tau tak panggoni.

 

Nanging durung nganti sikilku jumangkah, dumadakan saka dhuwur ana cahya sumorot anelahi gawe sulaping panyawangku, cahya kuwi mandheg persis ana ngarepku sajak arep ngadhang laku. Aku kaget lan banjur tata-tata ngadhepi bebaya.

 

 

Ana candhake.

 

 

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...