Total Tayangan Halaman

Selasa, 23 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (073)

 


73.

Ki Suwela lan Makara sing isih durung bisa tangi lan sikile wis dicancang nganggo tampar lulup dening Lancur, nyawang marang aku karo sunaring mata nuduhne njaluk kawelasan. mBok menawa wae, jroning atine wong loro kuwi ana rasa kisruh jalaran nggambarake kaya apa dadine yen klakon diseret dening lancur digawa menyang pinggir kali kaya sing tak takokne marang Lancur iki mau.

 

“Anakmas Suwanda mugi wontena rasa kamanungsan dhateng kula, kula boten badhe suwala menawi kedah kapejahan wekdal sakniki ugi, nanging mbok inggiha sampun dipun siksa langkung rumiyin kados ingkang dipun aturaken dening tiyang nistha kados Lancur kala wau” kandhane Ki Suwela karo ambegan melar mingkus jalaran ngempet rasa lara ing awake.

 

“Sampun dipun rewes, ucapipun setan ingkang ableger menungsa menika Gus” sadurunge aku kober aweh wangsulan marang Ki Suwela, Lancur luwih dhisik nyaut gunem “estu badhe kula seret tiyang kalih niki dhateng tepining lepen, papan anggen kula ngingah lingsang saha slira ingkang sampun wancinipun kula sukani tedha”.

 

“Lancur aku njaluk ngapura…….” Makara sing maune mung meneng karo nangtis saiki kawetu kandhane njaluk ngapura marang Lancur “aku ngakoni luput lan dosa karo kowe Lancur, aku janji ora arep mbaleni tumindakku sing wis njalari sisihanmu tumekeng pati. Lan aku janji Lancur, yen kowe gelem aweh pangapura marang aku sarta gelem aweh kalodhangan marang aku kanggo urip, akua rep mertobat lan bakal nggugu sakabehing apa sing dadi prentahmu. Kajaba saka kuwi, separo saka bandha donya duwekku, kalebu para selirku, bakal tak pasrahake marang kowe kanggo nebus kaluputan lan dosaku”.

 

“Ora mung kuwi nak Lancur” Ki Suwela ngimbuhi rembug “separo saka kabeh kaduwekanku uga bakal tak pasrahne marang kowe. Kowe uga bakal tak pupu minangka anakku sing ing tembe mbesuke sing bakal maris kabeh duwekku samangsane aku kapundhut dening Dewa, nanging aku lan kakangmu Makara aja mbok siksa lan aja mbok pateni ya?”.

 

Keprungu ngasih-asih njaluk diasihi suwarane Ki Suwela karo Makara sing njaluk urip marang Lancur. Nanging Lancur malah ngguyu ngakak sajak ngece marang wong loro kuwi.

 

“nDika njaluk ngapura Ki Makara?” kandhane Lancur ing sela-selaning guyune “wiwit kapan ndika weruh lan ngerti tembung kuwi?. Satemene, nek aku ngono bisa-bisa wae aweh pangapura marang ndika Ki Makara, luwih-luwih marang Ki Suwela sing wis sepuh kuwi, tak umbara paling-paling ora nganti seket tahun ya wis bakal mati………”.

 

“Bener kuwi nak Lancur….” Ki Suwela nyaut rembuge Lancur “sliramu ora usah ndadak kangelan mateni aku, ora suwqe maneh aku mesthi wis mati kegawa saka umur sing wis tuwa iki. Najan ta mangkono, aku ora bakal blenja ing janji, separo saka kaduwekanku mesthi bakal tak pasrahne marang sliramu tenan, lan sliramu bakal dadi anakku sing wuragil……..”.

 

“Rembug kula dereng rampung Ki Suwela” Lancur wangsulan karo ngguyu “sing oten saged ngapura dosa ndika kalih Ki dosane ki Makara niku dede kula, nanging semah kula. Lan kula nggih boten ajeng mejahi ndika kalih Ki Makara, kula namung badhe nyukani tedha dhateng kewan ingon-ingon kula sing empun radi dangu luwe lan betah nedha perangan raganing manungsa sing asring kangge tumindak dosa lan nistha”.

 

Krungu anggone padha omong-omongan antarane Ki Suwela karo Lancur, satemene aku arep melu udhu rembug. Aku kepengin melehake Ki Suwela sing durung suwe nggone kandha yen gelem wae dipateni, nanging aja nganggo disiksa luwih dhisik. Nanging bareng krungu tembunge Makara sing nembung njaluk urip marang Lancur, banjur malih salin ukara. Ki Suwela melu-melu njaluk urip kanthi ngudhokne separo saka barang kaduwekane sarta arep mupu lancur dadi anak wuragile. Nanging durung kongsi lambeku menga, kedhisikan karo Lancur sing guneman marang aku :

 

“Nuwun sewu lan nyuwun pangapunten Gus, manga kula dherekaken pados papan ingkang radi ayom ing tepining lepen kilen mriku, ngiras nglaras gendhing-gendhing panembrama ingkang badhe dipun sekaraken dening semah kula kalih Nini Andalu saking alam antara mrika…….”.

 

Krungu jeneng Andalu diunekne dening Lancur, rasa sengitku marang Makara lan Ki Suwela bali murub ngobong kanepsonku maneh. Lan durung nganti aku aweh wangsulan marang Lancur, Lancur wis ndhisiki obah karo mlaku tangane nggeret tampar lulup sing wis nyencang sikile Ki Suwela lan Makara. Wong loro kuwi melung-melung sambat njaluk tulung, nanging lancur babar pisan ora ngrewes, malah saka lambene keprungu suwara gegandhangan ura-ura, kaya ura-urane kadang tani nalika lagi mluku lan nggaru sawahe ngana kae.

 

Olehe golek dalan Lancur tumuju pinggir kali kaya sing dikandhakne mau, jebul milih ngliwati panggonan sing akeh ri bandhil lan bebondhotan, kang mangkono mau sansaya ndadekne sengsarane wong loro sing diseret nganggo tampar lulup kuwi. Wekasane nalika lakune wis tekan nggon sing dituju, ya iku ing ngisoring jurang, ing gisiking kali, Lancur ngendhegne nggone mlayu. Nanging Ki Suwela lan Makara wis ora karuwan wewujudane. Kekarone padha olehe semaput lan ora eling. Semaput sing ora ethok-ethok, nanging semaput sing jalaran temen-temen ora kuwat lara . Wong loro sing wewujudane wis ora karuwan kuwi dening Lancur diseret nyedhak banyu. Lancur dhewe banjur nyemplung neng kali, Ki Suwela lan Makara padha disirati nganggo banyu kali.

 

Kesiram siratan banyu kali, wong loro kuwi wiwit eling. Nanging panggah durung bisa obah, mung sambate wae sing ngaruara nganggo suwara sing wis lirih banget. Upama aku ora kelingan sepira sedhih lan ngrekasane Andalu nalika diprawasa dening Makara lan Wa Nyai Kebayan sing dirodhapeksa dening Ki Suwela, kira-kira aku wis ora mentala nyawang kahanane  lan ngrungokne sambate wong loro kuwi. Nanging bareng aku kelingan panandhange Andalu lan tumindake wong loro sing wis nyidrani kasetyane marang Rama Tumenggung, sarta ngelingi yen wong loro kuwi wis aweh prentah supaya mateni aku, samangsa-mangsa aku teka ing Bulak Pandhe kene, sambat lan rerupane Ki Suwela lan Makara tak anggep ya mung lumrah wae.

 

Bareng Ki Suwela lan Makara wis wiwit eling saka anggone semaput, Lancur mencolot munggah, mentas saka kali. Suwela lan Makara sing ing sela-selaning sambate isih kober misuh-misuh sarta nyepatani Lancur, dicedhaki. Kaya mau, Lancur ndudut pedhang saka wrangkane, nggunakne gigire pedhang, lambene Makara lan Suwela banjur digedhig. Sisa-sisa untune wong loro kuwi padha prothol ketiban linger pedhange Lancur. Digedhig nganggo linger pedhang, wong loro kuwi ora meneng olehe sambat nanging malah sansaya banter anggone padha misuh-misuh lan ngucapne sepata marang Lancur. Lancur dadi kaya wong sing wis kesetanen, tangane loro pisan ngraup wedhi ing gisiking kali kuwi, genti-genten tutuke Syuwela lan Makara didublak lan dijejeli wedhi nganti kebak, ndadekne suwarane wong loro kuwi entek.

 

“Heh…heh…heh…. “ dumadakan ana suwarane wong ngguyu, sakala aku noleh menyang arahe suwara. Jebul ing saka dhuwur gampeng katon ana wong setengah tuwa sing rupane ora karuwan mencolot mudhun lan tumapaking sikile presis ing ngarepe Lancur sing lagi kesetanen ndublag Suwela lan Makara nganggo pasiring kali.

 

“Ki Tanpa Aran?” ora krasa aku nyebut jeneng kuwi alon.

 

“Nggih Gus” wong tuwaku semaur karo ngguyu “niku nami kula sing nyukani Lancur andhan jengandika niki. Sekedhap nggih? Kula ajeng omong kalih Ki Lancur riyin!”.

 

“Badhe dhawuh napa Ki?” Lancur gage takon.

 

“Cukup!” Ki Tanpa Aran wangsulan setengah nyentak “sedhela maneh wong loro kuwi modar dhewe, ndika tinggal, ayo njagongi Raden Bagus Suwanda dhisik, ngancani aku!”.

 

Bubar wangsulan ngono kuwi, Ki Tanpa Aran banjur mapan lungguh neng wedhen sacedhake anggonku ngadeg. Ngerti Ki Tanpa Aran linggih, aku ya banjur mapan lungguh marep marang wong sing kaya wong ora genep nalare kuwi. Lancur uga banjur melu nyedhak lan mapan lungguh ing cewdhakku.

 

 

Ana candhake.


Senin, 22 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (072)


 72.

Sauntara Lancur leren anggone crita, mripatku genti ngulati Ki Suwela lan Makara sing durung eling saka anggone semaput, kekarone isih meneng ora obah. Najan ing ati ana rasa sujana, yen anggone meneng ora obah wong loro kuwi ora semaput temenan, nanging ngenteni lenaku kanggo mlayu utawa kanggo males nyerang aku, nanging aku ora pati kuwatir. Mula kekarone isih tak umbar ora tak uthik-uthik babar pisan.

 

“Pranyata anggenipun ngupakara ngantos kula saged pulih kados makaten menika mbetahaken wekdal ingkang radi dangu” Lancur nutugne anggone crita, kawigatenku mbalik marang critane Lancur maneh “lan nalika kula sampun mantun, kula pamitan dhateng ingkang ngupakara menika menawi badhe wangsul, nanging tiyang ingkang kados tiyang boten genep nalaripun niku suka wangsulan lan ngabari bilih kula sakniki sampun boten gadhah griya lan boten gadhah kulawarga malih jalaran griya kula dipun obong lan semah kula dipun bradhat dening brandhalan kengkenanipun Makara. Mila tiyang wau lajeng meling, mangke menawi kula mbetahaken papan kangge ngaso prayogi wangsul malih dhateng papanipun tiyang kasebat, inggih papan kangge ngupakara kula menika”.

 

“Lha wong sing aweh pitulungan marang ndika sing katone kaya wong ora genep kuwi satemene sapa?” aku nyelani takon.

 

“Dugi sepriki kula inggih dereng ngertos Gus” wangsulane Lancur, karo nutugne critane “jalaran saben-saben kula taken sinten piyambakipun menika, tiyang kala wau namung wicanten bilih piyambakipun menika namung kawulanipun Gusti lan dereng gadhah nami, Pramila lajeng kula sebat Ki Tanpa Aran”.

 

“Banjur ndika sida bali menyang omah ndika sing jare Ki Tanpa Aran wis diobong wonge Makara kuwi, apa ora?” aku takon maneh.

 

“Siyos lan kula lajeng ngertos bilih kawontenaning nagari Majapahit sampun ewah” wangsulane Lancur “kula mireng kabar bilih Gusti Prabu sampun kendhang jengkar saking praja jalaran nagari kabedhah dening wadya bala saking Keling, Gusti Tumenggung sakulawangsanipun sami gugur ing madyaning palagan lan rencang-rencang kula ingkang suwaunipun dados abdi ing dalem Katumenggungan sami dipun cepeng lan dipun kunjara malah ugi kathah ingkang sampun dipun pejahi dening mengsah ingkang sampun mimpang ing perang. Ingkang taksih gesang merdika Kantun titiyang ingkang manut dhateng ki Suwela saha Ki Makara, ingkang saguguripun Gusti Tumenggung dening Prajuriting mengsah kapitados nggentosi kalenggahan jengandika Gus Wanda”.

 

“Sing nggenteni kalungguhanku Makara apa Ki Suwela?” aku nyela takon.

 

“Ki Suwela ingkang kabantu dening Ki Makara, Gus” wangsulane Lancur “dene kalenggahan Tumenggung ketingalipun dereng wonten ingkang nyulihi, ngrantos dhawuh saking Kedhiri rumiyin”.

 

“Lha sawise ndika ngaweruhi kahanan sing wis owah ngono kuwi ndika banjur kepriye?” aku takon.

 

“Kula ngertos, bilih kula menika kalebet tiyang ingkang dipun mengsahi dening Li Suwela lan Ki Makara, mila dening tangga tepalih ingkang estunipun taksih setya dhateng Gusti Tumenggung lan sengit dhateng tiyang kalih menika, kula dipun criyosi supados ngungsi pados slamet rumiyin, ngiras pantes ngrantos wartos kunduripun Kanjeng Sinuhun saprelu ngrebat nagari saking pangwasnipun mengsah. Gandheng kula boten gadhah papan kangge mlajar pados gesang, lajeng kula mbalik wangsul tumut Ki Tanpa Aran ingkang manggen ing guwa ingkang mapan ing gampenganing lepen, boten tebih saking mriki, Saben dina kanthi sesidheman kula gresek tedhan ing sakanan keringipun lepen menika, andilalah niki wau pas kula medal pados tedha kula sumerep klebatipun Paman Dhukut Pekathik Katumenggungan ingkang kabaripun ical sareng lan guguripun Gusti Tumenggung, ing papan menika. Pramila lajeng kula purugi nanging boten wonten, malah kula sumerep jengandika nembe paring pangandikan dhateng iblis kekalih menika” Lancur mungkasi nggone crita.

 

“Hm………” aku unjal ambegan landhung sawuse ngerti lelakone Lancur sing uga wis cilaka merga panggawene Makara.

 

“Menawi kaparengaken kula badhe nyuwun palilah saking jengandika, Gus” Lancur dumadakan kandha yen arep njaluk palilah marang aku.

 

“Palilah baba pa Ki Lancur? Aku dhewe wektu iki wis ora kasampiran panguwasa apa-apa, malah kepara uripku ya ora beda karo ndika, ya iku dadi burone wong sing lagi menang perang, yen ana kurang bejane aku bisa kecekel lan dipateni dening Prajurit Kedhiri utawa Keling di dadekne pangewan-ewan kanggo nambahi kekesing atine para kawula ing Majapahit, mligine sing manggon neng Padhukuhan Bulak Pandhe kene” wangsulanku marang Lancur lan nggenahne nek aku wis ora wenang aweh palilah apa-apa sing gegayutan karo tata pengrehing praja.

 

“Kula ngertos Gus” wangsulane Lancur karo mesem pait “ingkang kula kajengaken, mugi kula dipun parengaken males rasa sakit miwah wirang kula dhateng Ki Suwela lan Ki Makara saderengipun tiyang kalih menika pejah ing asta jengandika, mbok menawi kanthi kula saged tumut mbales sakit wirang menika mange saged ndadosaken tetreming alusipun semah kula ingkang dipun pejahi dening Ki Makara sasampunipun dipun risak kasucenipun minangka semah kula”.

 

Aku ora enggal bisa aweh wangsulan marang panjaluke Lancur sing tak anggep lumrah kuwi. Jalaran sawise wong loro, Ki Suwela lan Makara padha semaput ngono kuwi, aku banjur rada repot olehku arep aweh panyiksan marang sakarone, kanggo nagihne lara wirange Andalu marang Makara lan lara wirange  Wa Nyai Kebayan marang Ki Suwela.

 

“Yen panjaluk ndika kuwi tak turuti, banjur apa sing arep ndika tindakne marang wong loro iki Ki Lancur?” sawuse meneng sedhela, Lancur banjur tak takoni.

 

“Estunipun tiyang kados Ki Suwela lan Ki Makara menika, ngantos dipun pejahi kaping satus kemawon dereng saged kangge nglunasi utangipun dhateng kula” wangsulane Lancur karo ngguyu pait “nanging kula sampun badhe trimah, menawi saderengipun tiyang kalih menika pejah, menawi langkung rumiyin kula saged makani kewan ingah-ingahan kula ingkang wujud Slira, kanthi ngrikiti pajaleranipun tiyang kalih menika”.

 

Lagi wae rampung olehe kandha Lancur nyebutake apa sing arep ditindakne, tanpa tak nyana babar pisan, dumadakan Ki Suwela lan Makara sing mau isih padha semaput banjur mletikne awake memburi lan tumuli bisa ngadeg, nadyan ora jejeg.

 

“Pancen Setan tenan kowe Lancur” karo ngadeg sing semu sempoyongan Ki Suwela misuhi Lancur “dumeh aku wis kaya mangkene, banjur kowe arep tumindak sing siya lan nistha kejem ngungkuli setan marang aku lan anakku Makara?. Titenana wae, kowe mesthi bakal tak gawe cilaka sing ngluwihi anggonmu arep gawe cilakaku iki mau!”.

 

“Ha ha ha……” Lancur ngadeg karo ngguyu “sing ndika kandhakne niku kuwalik Ki Suwela, dina niki lakone mpun benten kalih dina wingi lan wingenane, dina niki sing cilaka dede kula malih, nanging ndika kalih anak ndika niku. Ha..ha ….ha”.

 

Karo ngguyu ngono kuwi, dumadakan Lncur ngliga pedhang saka wrangka sing gumantung neng lempenge. Ki Suwela lan Makara sing adage durung jejeg kuwi dicedhaki, banjur disabet nganggo pedhang, nanging dipilih ora nganggo mripate pedhang sing landhep, dadi olehe nyabet nganggo gigire. Dadine kaya keneng sabetan teken wesi, Ki Suwela lan Maraka gentenan nggone rubuh neng lemah, golung koming kaya pitik disembeleh, karo melung-melung sambat lara, jalaran kekarone padha olehe wis pepes balung tangan prenah sadhuwure sikute.

 

Lancur ngguyu kaya kalegan atine, banjur ngetokne dhadhung tamparan saka lulup waru saka kanthongan klambine, sikile Ki Suwela lan Makara sing padha kroncalan kuwi disaut, banjur ditaleni kaprenah dhuwur polok.

 

“Nuwun sewu Gus Wanda” Lancur genti madhep marang aku karo kandha sawise rampung olehe naleni sikile wong loro kuwi “tinimbang ing mriki, mengke saged kadenangan tiyang, kula kinten langkung prayogi menawi  tiyang kalih menika dipun beta dhateng papan sacaketing sudhung kula kemawon”.

 

“Dadi wong loro iki arep ndika seret menyang pinggiring kali kono apa Ki Lancur?” pitakonku nggenahne karepe Lancur sing ngajak nggawa Ki Suwela lan Makara menyang papan sing kira-kira angel dingerteni dening wong liya.

 

 

 

Ana candhake

Minggu, 21 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (071)


 71.

Rada sauntara suwene wong loro kuwi padha glenteran ana lemah angel anggone bisa tangi, pancen anggonku nyrampang sikile mau rada tak rosani. Nanging wangune wong loro kuwi uga isih lamur panyawange, mbok menawa saking anggone ngempet rasa lara sing tumiba ing saradhuning ragane, ketitik durung ana sing ngulati aku, kamangka aku isih ngadeg ana sacedhake lan wis ngatonake wujud sing bisa disawang nganggo mripat wantah. Mung pisuhe wae sing padha pating pecothot metu saka lambene Suwela lan Makara ngunekne tembung saru lan lekoh sing gawe gila saupama ana sing ngrungokne.

 

Aku banjur mlangkah maju, ngadeg neng kaprenah sisih ngarepe wong loro kuwi, banjur lon-lonan sirahe Ki Suwela tak jambak rambute, tak dengengekne mendhuwur murih wong kuwi bisa nyawang praupanku. Karo tak penthelengi.

 

“Elho…..?” Ki Suwela mbengok kaget bareng liringing mripate tempuk karo panyawangku.

 

“Menapa ndika pangling kalih kula Ki?” aku takon, nanggapi rasa kagete Ki Suwela nganggo suwara sing anyep, tanpa ana rasa seneng babar pisan.

 

“Niki Bendara saking jagad alus, menapa estu Raden Bagus Suwanda?” karo isih pringisan ngempet rasa lara Ki Suwela genti takon. Sauntara tak lirik Makara wiwit bisa tangi saka anggone glenteran, banjur mapan lungguh neng lemah klawan ngrekasa, mripate nyawang aku kanthi kebak rasa gumun.

 

“Sinten malih sing dadi Bendara ndika Ki Suwela?” aku wangsulan karo mesem ngece “wiwit wingi aku ngubengi Kutha raja nggoleki ndika lan anak lanang ndika sing tau dadi mitraku jaman aku ngawula ing Dalem Katumenggungan biyen, jalaran aku krungu warta sing digawa mBok Bakul, jare ndika lan Makara kepengin kepethuk aku? Malah saking anggon ndika kepengin ndika wis prentah marang para prajurit Keling supaya ngrewangi nggoleki aku? Nganti saben dalan mlebu menyang Padhukuhan Bulak Pandhe dijaga rapet dening Prajurit lan wong desa malah kuburan wae uga ora luput katut melu diuwasi dening andhahan ndika. Saiki bareng klakon kepethuk, malah pitakonan ndika keprungu aneh lan keneh-keneh? Ana apa Ki Suwela?”.

 

Akeh-akeh anggonku guneman, tak sengaja ora nganggo basa krama lan migunakne suwara sing rada sereng, murih wong kuwi ngerti nek aku iki wis dudu rewange maneh malah wis dadi mungsuh sing siaga mateni utawa dipateni.

 

“Nyuwun pangapunten Anakmas” karo gemeter Ki Suwela nyoba aweh wangsulan “inggih saderengipun kaparenga kula ngaturi kasugengan sarawuh jengandika ing papan mriki, salajengipun mugi anakmas Suwanda uninga, anggen kula kados makaten menika estunipun awit saking wontenipun prakawis aneh ingkang dumadakan kula panggihi lan prakawis aneh menika nyata boten saged kula mangertosi mawi nalar kula”.

 

“Wiwit biyen ndika kuwi pancen wasis yen olah rembug Ki Suwela” aku wangsulan sengol babar pisan ora nyambung karo apa sing lagi wae dikandhakne Suwela “sing baku esuk iki aku wis bisa ketemu karo ndika lan anak ndika Kakang Makara kuwi. Aku ngerti, yen ndika apa dene Kakang Makara duwe karep gawe cilakaku kanthi maneka cara klebu ngerigne prajurit kraman lan wong-wong ing padesan supaya nggoleki aku sing miturut kabar sing digawa telik sandi ndika, aku wis mlebu ing Desa kene. Mula saiki aku uga kepengin banget ngrampungne perkara antarane ndika lan anak ndika karo aku, ing kene dirampungne, aku apa ndika sakloron sing kudu koncatan nyawa. Nanging sadurunge ndika utawa aku sing tumekeng pati, aku bakal luwih dhisik malesake lara wirange Rama Tumenggung Jatikusuma marang Ki Suwela sing wis nyidrani kasetyane, malesake lara wirange Bapa lan Biyung Kebayan Bulak Pandhe marang ndika Ki Suwela sarta nagih utange Kakang Makara marang Andalu. Ngerti?”.

 

Kaya wis semayan sadurunge, krungu tembung sing tak kandhakne mau, dumadakan Makara sing wis bisa tangi lan lungguh neng lemah sarta Ki Suwela sing wis bisa tak lungguhne kanthi tak jambak rambute mau, bebarengan ndhengkluk lan bali rubuh neng lemah, ora obah, semaput. mBok menawa wae kang mangkono iku jalaran saking wedine lan rasa giris ing atine wong loro kuwi wis ora bisa disuyudi maneh. Aku dadi rada getun, nggetuni ya gene wong loro kuwi gampang temen anggone padha semaput lan ora eling apa-apa, dadi saupama tak pateni mesthi kanthi gampang matine, ora ndadak ngliwati panyiksa kaya sing wis tak tata lan tak rancang sadurunge.

 

“Nuwun sewu, kula ingkang sowan Gus Wanda……..” dumadakan ora tak ngerteni sadurunge, saka waliking grumbul ora adoh saka papan kono, mecungul banjur njrunthul sawijing pawongan sing banjur ndheprok neng ngarepku karo nyembah. Pawongan kuwi ketok ora karuwan rupane, awake kuru, sandhangan sing dienggo wis katon kumel, reged, rambute awut-awutan setengah gimbal. Bareng rada suwe tak waspadakne, aku lagi kelingan yen wong kuwi jebul Lancur salah sijine punggawa dalem Katumenggungan, andhahane Makara.

 

“Apa ora kleru panyawangku? Iki harak Ki Lancur sing tau dadi abdi ing dalem Katumenggungan bareng karo aku kae ta?” tembungku nakoni paraga sing lagi wae teka kuwi.

 

“Leres Gus” wangsulane Lancur karo rada ndengenek nyawang praupanku “kula abdi jengandika pun Lancur” .

 

“Lha Ki Lancur kok bisa tekan papan kene? Lan ya gene kahanane Ki Lancur dadi kaya mangkono kuwi? Beda adoh karo kahanane Ki Lancur sing tau tak ngerteni sasuwene iki?” aku banjur takon, kanggo sawantara kawigatenku marang Ki Suwela lan Makara sing wis kebacut semaput dadi rada klendran.

 

“Radi panjang wangsulan ingkang saged kula aturaken dhateng pandangunipun Gus Wanda makaten menika” wangsulane Lancur karo suwara sing serak “inggih kawiwitan saking kedadosan nalika kula kerengan kalih Ki Makara ing latar dalem Katumenggungan ingkang ugi kapirsanan dening jengandika Gus Wanda menika”.

 

“Iya, iya aku eling, jaman awake dhewe bubar niti priksa papan panggaotane Waraka sing disuwunake Layang Palilah lan arep diaturake marang Rama Tumenggung” aku kelingan sawengi sadurunge aku lunga ninggalne dalem Katumenggungan, didhisiki dening kedadeyan kerengan antarane Lancur karo Makara. Sing dadi jalarane amarga Lancur ora sarujuk yen Makara kepengin ngerteni isine lapuran marang Rama Tumenggung sing ndadekne Makara nesu.

 

“Lha piye kedadeyan sabanjure? Awit nalika kuwi aku banjur lunga saka dalem Katumenggungan nindakne jejibahan liya saka Rama Tumenggung” pitakonku sabanjure marang Lancur.

 

Lancur banjur ngandhakne, yen sedina sawuse dheweke kerengan karo Makara sing banjur dipisah dening Ki Kebayan Bulak Pandhe kae, omahe Lancur ditekani wong brandhalan sapirang-pirang  sing jebul kongkonane  Makara. Lancur dikrubut lan banjur dipilara nganti ora bisa obah. Bojone dibradhat lan digawa lunga dening para brandhalan mau. Sauntara lancur diseret banjur dibuwang neng kali turute kali sing ora adoh saka papan sing saiki tak pidaki.

 

“Sakniki kula sansaya manteb kalih kapitayan bilih pati uripe manungsa menika estu ing astanipun Hyang Ingkang Maha Gesang, Gus Wanda” Lancur nutugne anggone crita “kula ingkang sampun dipun kinten pejah dening para brandhalan nalika samanten lan dipun buccal dhateng lepen kilen niku, jebul taksih manggih pitulungan saking Hyang Agung. Kula dipun panggih dening satunggaling tiyang ingkang asring saba ing sakanan keringipun Dalem Katumenggungan, gresek tetedhan, nanging titiyang sami boten wonten ingkang ngertos nami saha griyanipun, awit tiyang menika kathah ingkang mastani bilih tiyang ingkang boten waras nalaripun utawi tiyang ingkang edan. Lha dening tiyang kala wau, kula dipun beta dhateng panggenanipun lan dipun upakara ngantos garing tatu-tatu ing saranghuning badan kula, saha pulih tenaga lan kekiyatan kula”.

 

Lancur leren sedhela anggone crita, nelesi gorokane sing garing, sarana ngulu idune dhewe. Aku dhewe banjur manthuk-manthuk jalaran rumangsa eram karo apa sing dicritakne Lancur lagi wae iki mau lan mesthi wae aku ya banjur kepengin krungu apa sing dadi bacutaning critane Lancur sing dumadakan marani aku nalika aku arep nindakne petung karo Ki Suwela lan Makara. Aku duwe pangira yen critane Lancur iki mengko bakal ana sambung rapete karo lelakon sing arep tak tindakne.

 

 

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (070)


 


70.

Amarga nggagas pidana apa sing trep kanggo iblis sing awujud manungsa loro kuwi, aku rada suwe ora guneman apa-apa. Ki Suwela lan Makara sing isih lungguh ndheprok neng lemah karo ndhingkluk marikelu ing ngarepku, wangune uga nggagas yen aku wis bisa nampa pawadan sing dikandhakne kanggo nyelaki tumindake sing lekoh lan njenjemberi kuwi. Ketitik nalika tak lirik, kekarone padha meneng lan wis ora suntrut banget kaya mau. Kang mangkono kuwi, nyata nambahi rasa pangigit-igitku marang Suwela lan Makara sing temen-temen julig lan ora duwe jiwa satriya babar pisan.

 

“Suwela lan kowe Makara” aku banjur guneman, tembungku tak sareh-sarehne “sawise ngrungokne kabeh sing mbok critakne iki mau, aku banjur duwe dudutan yen satemene anggonmu wong loro wis tumindak sing nyebal saka angger-anggering kamanungsan, mligine sing mbok tindakne marang kulawargane Ki Kebayan lan Gusti Tumenggung, kuwi mung sabab saka kapeksa. Jalaran sabab sira sakloron nglakokne prentah sing mbok anggep prentah saka bendaramu, mula miturut panemumu upama ana walat lan pidanane dudu sira sakloron sing kudu nampa luwih-luwih kulawarganira, nanging walat utawa pidana kuwi kudune ditibakne marang sing wis mrentah sira sakloron. Apa ya mangkono he?”.

 

“Tuhu wicaksana ingkang jengandika dhawuhaken menika dhuh Bendara” Suwela wangsulan karo nyembah sajak atine wiwit nicil ayem, merga krungu dudutan sing tak kandhakne iki mau “lakar kados makaten kanyatanipun, nanging kula ugi ngrumaosi bilih ambok bilih kula lan anak kula pun Makara ugi kapidana, kula ugi sampun saged nglenggana namung kemawon dhumawahing pidana kedah linandhewsan kukum adil jumbuh kalihan sepinten dosa lan kalepatan ingkang kula lampahi ingkang jejer namung minangka pirantining para prajurit saking Kedhiri lan Keling”.

 

“He he he wasis wicaramu, manis tetembunganmu Suwela” aku wangsulan karo ngguyu lirih, ngempet kanepson sing wis ngobong jantungku “sumurupa yen aku nggugu marang apa sing sira kandhakne iki mau, aku dadi ngrumangsani yen jejerku neng kene iki ora beda karo jejermu sing mung piranti, ora duwe wewenang apa-apa kajaba mung ngemban prentah ngayahi wajib sing didhawyuhne dening bendara. Mula dina iki aku njaluk marang sira sakloron ngenteni ana kene, aku arep ngadhep bendaraku lan ngaturake kabeh apa sing wis tak rungu saka kowe, ngiras pantes nyadhong dhawuh pidana apa sing kudu tak tibakne marang Ki Suwela lan Makara sing jebul mung piranti iki. Kepiye?”.

 

“Kula kekalih namung saged ndherek menapa ingkang jengandika dhawuhaken Bendara, jer nyatanipun kula kekalih sampun ing sangandhaping pangwasa jengandika” Suwela wangsulan praupane nuduhne yen atine wis wiwit ayem.

 

“Sokur yen kowe wong loro wis ngrumangsani, kalungguhanmu wektu iki sing wis sajroning pangwasaku. Mula yen nyatane mengko sira sakloron wani-wani nyidrani apa sing wis sira kandhakne, mangka aja takon dosa”.

 

Bubar wangsulan ngono kuwi aku banjur mlaku ngalih, wong loro kuwi tak tinggal. Lan nalika tekan waliking watu sing sak gajah gedhene, sing ngaling-alingi panyawange wong loro kuwi marang blegerku, aku banjur ngecakne pangaribawane Keris Kyai Bancik sing bisa nyingidake wujudku saka panyawange manungsa wantah.  Aku tumuli mencolot menyang dhuwuring watu sing mau tak enggo lungguh, karo nggagas ngrancang anggonku bakal aweh pasiksan marang Suwela lan Makara kanthi pasiksan saabot-abote, sing mbok menawa wae pasiksan sing luwih dening kejem sing durung tau dicakne dening sapa wae. Karo ngangen-angen rancanganing pasiksan sing arep tak tibakne marang wong loro kuwi, mripatku ora kendhat nguwasi saparipolahe Suwela lan Makara, kupingku tansah tak tilingne kanggo ngrungokne apa sing bakal diucapake wong loro kuwi sasuwene api-api tak tinggal lunga.

 

“Menapa awakipun piyambak estu saged pikantuk pangapura saking dhemit kala wau Rama?” dumadakan Makara takon marang bapakne.

 

“Aku dhewe ora wani ngejibne Makara” wangsulane Suwela alon “sing baku awake dhewe kudu golek slamet luwih dhisik”.

 

“Pados slamet kados pundi Rama?”.

 

“Satemene nggonku ngulur wektu kanthi crita akeh-akeh mau, jalaran aku weruh pangapesane para dhemit ing wanci srengenge isih katon ngene iki” Suwela ngandhani anake “ya iku dhedhemit kuwi ora kuwat lan ora pati betah nahan hawa panasing srengenge, mula saupama iki mau dhedhemit sing memba warna wiwit saka wujud Kebayan Bulak Pandhe, Tumenggung Jatukusma lan wekasan memba dadi pekathik Dhukut mau, ora enggal lunga saka kene mesthi bakal lebur awit saka panasing srengenge”.

 

“Menapa leres makaten Rama?” Makara takon semu ora percaya.

 

“Iya aku nate dicritani dening Ki Jumok , Dhukun Prewangan sing dadi pujanggane kulawargane dhewe kae bab perkara iki” wangsulane Suwela manteb “sadurunge ngilang Dhedhemit mau meling marang awake dhewe supaya ngenteni neng papan kene lan aku uga wis nyaguhi”.

 

“Dados awakipun piyambak panggah mapan ing mriki ngrantos duginipun dhedhemit kala wau Rama? Ngantos benjang menapa? Menapa ngantos mangke sasampunipun srengenge serap?” Makara takon maneh “raosing badan kula sampun oten kanten-kantenan, otot, balung lan daging sarandhuning badan kraos sakit sedaya, sirah ugi tansah klemun-klemun, sakedhap-sakedhap kraos mumet ingkang boten kantenan, kula boten mangertos badhe kados pundi kedadosaning raga kula menawi boten tumuli pikantuk usada”.

 

“He he he……” sanajan ketara yen wis ora duwe tenaga Suwela meksa awake kanggo ngguyu lirih, banjur wangsulan karo mesam-mesem “aku karo kowe iki manungsa sing duwe nalar jangkep Makara, bisa nggunakne utek kanggo mikir, ora kaya dhedhemit sing goblog mau he he he”.

 

“Kersanipun Rama?” Makara durung mudheng karo sing dikarepne wong tuwane.

 

“Dhedhemit mau saiki wis bali menyang papane sekawit, miturut petunganku dheweke mesthi banjur mulihake tenagane sing kebacut diobral neng ngarepe awake dhewe mau. Dadi saiki awake dhewe kudu enggal lunga ninggalne papan kene, kaya sing tak kandhakne neng ngarep, awake dhewe kudu golek slamet luwih dhisik” Ki Suwela banjur ngadeg, isih katon ngrekasa anggone bisa ngadeg kanthi jejeg.

 

“Ayo saiki awake dhewe marani Kaki Jumok, njaluk tulung supaya dipageri nganggo ngelmune, murih dhedhemit mau lan kanca-kancane padha bawur matane temah ora ana sing padha weruh marang awake dhewe lan kabeh kulawargane dhewe” kandhane Suwela ngajak anake ninggalne papan kono lan golek pitulungan marang papane Dhukun Prewangan sing dadi pujangga kulawargane.

 

“Menapa Ki Jumok, kinten-kinten saged mrantasi prakawis menika Rama?” karo melu ngadeg sing sajak ngrekasa, Makara takon.

 

“Mesthi bisa” wangsulane Ki Suwela “biyen kedadeyan kaya mangkene iki tau tak alami, ya iku nalika jaman aku negori wit-witan ing kebon Sigitan biyen, sing kayu-kayune tak enggo bebalungane omah sing saiki dadi lumbung kae. Nalika samana, dhedhemit sing manggon neng wit-witan kuwi padha ngamuk lan gawe geger ing omahe dhewe , malah meh wae kowe lan sedulur-sedulurmu arep didadekne tumbal dening para dhedhemit sing omahe tak obrak-abrik kuwi. Nanging awit oleh pambiyantune Kaki Jumok, dhedhemit sing ngamuk kuwi padha dilumpuhake lan digawe bawur mripate, sing wekasane sawuse dingapura dening Kaki Jumok dhedhemit kuwi padha kanthi lila legawa ngalih panggonan rada ngadoh mapan ing wit gedhe sing dituduhne dening Kaki Jumok. Dadi nek mung ngadhepi dhedhemit sing mendho kaya sing lagi wae kawanen iki mau, tak kira luwih gampang tumrape Kaki Jumok”.

 

Krungu olehe padha rembugan antarane Suwela lan anake ngono kuwi mau, cetha yen wong loro kuwi pancen wis ora kena digawe becik maneh. Kudu tumuli disirnakne saka lumahing bumi iki muri hora sansaya ndadra nggone padha nyebar duraka. Nanging sadurunge mati, wong loro kuwi kudu ngrasakne lara lan wirang sing tanpa upama luwih dhisik.

 

Karo ngatonake wujudku sing asli ya iku wujude Raden Suwanda, aku mencolot. Sikile Ki Suwela lan Makara sing mlaku klawan ora jejeg kuwi tak srampang nganggo sabetaning sikilku saka mburi. Wong loro tiba glangsaran ana lemah, banjur padha misuh-misuh, awit ngira wis ana sing nggangu gawe marang dheweke.

 

 

 

Ana candhake.

 

 

 

 

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (069)


 


69.

Ngerti kahanane Ki Suwela lan Makara sing klesetan, rasa sengitku marang wong sakarone kuwi sansaya mundhak gedhe. Nanging aku isih eling yen kanggo ngajar lan milara wong loro kuwi, ora pantes yen aku nggunakne pasuryan lan salirane Rama Tumenggung Jatikusuma. Mula sadurunge wong loro kuwi bisa tangi, aku tumuli ngrucat wewujudanku sing nganggo wewujudane Rama Tumenggung lan tak ganti nganggo praupan lan wewujudan sing diduweni Dhukut, abdi Katumenggungan sing duwe jejibahan dadi Pekathik.

 

Nganti sauntara Ki Suwela lan Makara anggone padha glenteran lan mung tak umbar ora tak tulungi, mung tak tunggoni karo ngadeg lan ora guneman apa-apa. Suwe-suwe wong loro kuwi bisa tangi, banjur karo mbrangkang nyedhaki papanku ngadeg.

 

“Dhuh Gusti Tumenggung, abdi jengandika pun Suwela lan Makara saestu sampun ngrumaosi dosa, mugi Gusti Menggung keparenga paring sih pangaksami dhateng kula kekalih Gusti” karo nangis Ki Suwela nemplekne bathuke ing lemah pas neng cedhake sikilku, sauntara Makara uga tumindak sing padha.

 

“Estunipun abdi jengandika kula lan Makara boten tulus anggen kula manunggal kalihan para kraman ingkang dipun tindhihi Adipati Girindrawardana menika Gusti, sedaya menika kula lampahi namung kangge madosi ing pundi mapan karingkihanipun mengsah, manawi sampun kula sumerepi tumuli kula badhe madosi para kanca ingkang taksih setya dhateng Kanjeng Sinuhun lan badhe kula ajak sesarengan males wirang dhateng para kraman” Ki Suwela nggenepi kandhane tanpa nyawang praupanku sing dikira Rama Tumenggung.

 

“He he he…….” Aku gumuyu ngekek, nerokne yen Dhukut ngguyu ngana kae, banjur api-api takon “nDika Ki Suwela lan Ki Makara niku kenging napa? Kok dumadakan nyembah-nyembah dhateng kula sing mung apangkat Pekathik?”

 

Ki Suwela ndengengek, samono uga Makara, kekarone nyawang praupanku sing ngadeg ana ngarepe. Wong loro kuwi bali kaget maneh, wangune kekarone uga banjur gumun lan bingung jebul sing dikira Rama Tumenggung mau jebul Dhukut. Nanging pranyata Ki Suwela luwih lan luwih pinter tinimbang Makara. Tilas abdi Katumenggungan sing saiki embuh duwe pangkat apa kuwi, wangune banjur duwe pangira yen aku sing bisa solan-salin wujud iki, panunggalane lelembut utawa bangsa alus sing mau bengi wis gawe cilakane Lurah Prajurit sing jeneng Galunggung. Ketitik, Ki Suwela banjur bali nyembah marang aku sing nganggo wewujudan mung sapekathik, karo guneman sing swarane keprungu ngasih-asih murih diwelasi :

 

“Dhun Bendara ingkang tuhu mangwasani lan mbaureksa Padhukuhan ing Bulak Pandhe mriki, estu kula Suwela lan anak kula Makara, sampun ngrumaosi menawi sampun tumindak ingkang boten leres ing wewengkon jengandika menika. Saha mugi kauningan, bilih anggen kula tumindak boten leres menika inggih kabekta saking cubluk lan cupeting nalar saha pangertosan kula, temah boten sumerep menawi ingkang kula lampahi sampun ndadosaken jengandika boten karenan ing panggalih. Inggih awit saking menika, mugi katedahna marginipun kula kekalih kangge anebus dosa kula dhumateng jengandika Bendara kula”.

 

Sanadyan aku ngerti yen Ki Suwela wis kesasar jroning pikire, awit ngira yen aku iki bangsane Lelembut utawa Bangsa Alus, nanging aku ora niyat aweh weruh marang dheweke yen satemene panganggepe kuwi luput. Malah banjur kaya-kaya aku wis mbenerake kang dadi pangirane.

 

“Heh Suwela lan Makara” wangsulanku sabanjure “temene saking gedhene dosa lan kaluputanmu, ora ana liya paukuman sing trep lan satimbang karo dosa sing wis padha mbok lakoni, kajaba sira lan kabeh kulawarganira kudu kapatrapan pidana ditumpes kelor sak cindhil abange. Ngerti?”.

 

“Dhuh Bendara, dugi ngantos samanten agenging pidana ingkang kedah kula sandhang awit tumindak dosa ingkang anggen kula nglampahi saestu awit boten sengaja jaragan boten mangertos menawi ingkang kula tindakaken sampun damel duka jengandika Bendara kula?” Ki Suwela nadyan karo suwara kedher nanging isih bisa kandha yen temene lupute kuwi dilakoni jalaran saking ora ngertine wae utawa ora kanthi disengaja “lan mugi kauningan dhuh Bendara, bilih sedaya tumindak dosa ingkang kula lampahi kanthi boten sengaja kasebat,  boten wonten sambetipun kalihan anak lan semah tuwin kulawarga kula, anak, semah lan kulawarga kula saestu boten tumut-tumut saha boten ngertos menapa-menapa dhuh Bendara”.

 

“Dadi sira babar pisan ora ngrumangsani luput heh Suwela lan Makara?” aku aweh wangsulan karo suwara sing tak gawe sereng tak tuduhne marang wong loro kuwi yen aku temen-temen lagi nesu “kowe bisa kanthi gampang ngucap yen kulawargamu ora ngerti apa-apa lan ora ana sambunge karo tumindakmu sakloron. Sagebyaran apa sing mbok kandhakne kuwi pancen rada tinemu ing nalar, nanging apa kowe wong loro isih kelingan karo tumindakmu marang kulawargane Raden Tumenggung Jatikusuma sarta anak bojone Ki Kebayan Anggara sing kabeh kan tak kandhakne keri dhewe iki uga padha karo kulawargamu sakloron, lire padha olehe ora melu-melu perkarane Gusti Tumenggung lan Ki Kebayan Bulak Pandhe he?”.

 

Ki Suwela banjur nubruk sikilku karo nangis ngglolo kaya bocah cilik, samono uga Makara uga banjur nangis kaya wong tuwane. Babar pisan ora cundhuk karo adat pakulinan sing tansah ngongasake kuwanen lan kuwasane kanggo ngeden-edeni wong sing duwe drajat manggon ing sangisore.

 

“Dhuh Bendara kula ingkang tuhu wicaksana” ing sela-selaning tangise Ki Suwela bali guneman maneh “babar pisan boten badhe kula selaki, menawi kula sampun mrosa asmara dhateng Nyi Kebayan Bulak Pandhe lan anak kula pun Makara ugi sampun ngrodhapeksa dhumateng Andalu yoganipun Ki Kebayan Anggara, nanging mugi kauningan dhuh Bendara, sedaya menika kula lan anak kula lampahi inggih awit saking murih dipun pitados dening Prajurit Keling tuwun Kadhiri menawi kula sampun lepas saking tali kasetyan dhateng Sinuhun Brawijaya, lan anggen kula ngantos tegel tumindak makaten kala wau inggih awit dipun peksa dening para prajurit kala wau. Lan kula ugi rumaos prihatos awit saking tumindak kula ingkang dados jalaran Nyai Kebayan lan Andalu nganyut tuwuh temah dados lan pejahipun. Ewa dene pejahipun Rinten, sedherek kembaripun Andalu, ingkang ugi awit suduk jiwa, menika dede kalepatan kula kekalih nanging mligi awit saking tumindakipun semahipun Rinten piyambak, nuwun inggih Waraka ingkang rumaos lingsem dene semahipun sampun nandhang reged boten saged njagi dhirinipun saking tumindakipun para prajurit ingkang ngajak tilem piyambakipun”.

 

Ki Suwela meneng sedhela ngulu idu kanggo nelesi gorokane sing garing. Aku njegreg ora kuwawa guneman bareng ngerti yen ora mung Andalu sing nampa pacoban wujud dirodhapeksa dening wong lanang sing rupane Makara, nanging jebul malah Wa Nyai Kebayan uga wis dirodhapeksa dening menungsa sing jeneng Suwela iki. Mung ing angenangenku banjur tuwuh gagasan, kepengin aweh piwales marang wong loro kuwi luwih nggegirisi lan luwih nglarani maneh tinimbang karo piwales sing maune wis tak gagas sadurunge krungu critane Ki Suwela.

 

“Salajengipun Dhuh Bendara” Ki Suwela nutugne anggone kandha “gegayutan kalihan sedanipun Nyai Tumenggung ingkang ugi seda kanthi anganyut tuwuh, menika inggih awit sampun klentu panampinipun Nyai Tumenggung dhumateng sedya kula ingkang estunipun sae”.

 

“Salah tampa sing kaya apa?” ora krasa aku ketrucut medhot rembug kanthi nguncalne pitakonan.

 

“Nyuwun pangapunten dhuh Bendara kula” Ki Suwela aweh wangsulan ngiras nyambung apa sing dadi critane “estunipun anggen kula matur dhateng Nyai Tumenggung bilih panjenenganipun menika badhe kula dadosaken semah kula kala rumiyin namung samudana kewala, murih Nyai Tumenggung saged manggih rahayu lepas saking pangganggu damelipun para Prajurit saking Keling miwah Kedhiri. Nanging dening Nyai Tumenggung rembag kula ingkang namung kangge  ngawoni paningalipun mengsah menika katampi rembag ingkang saestu, inggih menika kula kaanggep estu badhe mendhet Nyai Tumenggung dados semah kula, lajeng panjenenganipun pilih seda asarana nunjemaken patrem dhateng jajanipun piyambak, saestu kula boten nyana bilih Nyai Tumenggung jebul boten saged nampi sasmita saking kula”.

 

Kaya disamber gelap rasane sirahku krungu margane seda sing ditempuh dening Ibu angkatku kuwi, sing ora liya ya awit  pakartine Suwela. Untuku tak geget keket kanggo ngempet rasaning atiku. Lekasku arep aweh paukuman sing luwih abot marang Suwela lan Makara bakal tak wuwuhi maneh.

 

 

 

Ana candhake.

 

 

Jumat, 19 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (068)

68.

Aku ngguyu ngekek, sajak gumun karo sikepe Ki Suwela sing gunemane keprungu glageban, praupane pucet nuduhne kaweden ing jero atine kuwi. Sauntara tak sawang Makara ora kalah anggone ndhredheg lan ngewel kaya wong lagi keneng panastis nalika arep manasi ngana kae. Aku mencolot, mudhun saka watu sing tak lungguhi banjur sansaya nyaketi panggonane wong loro sing lagi padha dheg-dhegan kaweden kuwi.

 

“Ndika tiyang kalih menika kok nggih rukun sanget lho Ki Suwela?” pitakonku sawise cedhak karo wong loro kuwi “ing atase putra sampun ageng, kok sare kemawon taksih dipun kancani ? Nanging sare kok inggih boten dhateng patunggon, malah kepara dhateng ara-ara kados makaten?. Menapa ndika nembe nindakaken lampah prihatos? Nanging kok malah ngantis srengenge inggil nembe wungu?”.

 

Tak takoni nganggo pirang-pirang pitakonan ngono kuwi Ki Suwela dadi mundhak katon nek bingung, nanging mbaka sethithik rasa wedine wiwit suda, ketitik praupane wis sansaya abang, ora pucet njejet kaya mau.

 

“Apa bener sing ngadeg ana ngarepku iki nyata Ki Kebayan Bulak Pandhe?” Ki Suwela wiwit bisa guneman kanthi cetha. Aku pancen kerep digawqe eram marang lagune wong iki luwih cepet bisa ngadhepi kahanan kanthi sareh sanadyan kaya apa ruwete perkara sing lagi diadhepi.

 

“Lha sak niki malah genti kula walik” aku wangsulan karo mesem “ingkang lenggah ing ngajeng kula niki napa leres Ki Suwela abdi kinasih ing dalem Katumenggungan saha Ki Makara kanca raketipun Raden Bagus Suwanda putra angkat saking Gusti Tumenggung Jatikusuma?”.

 

“Aja ndadak nganggo guyon Kisanak” sanadyan awake isih katon nek ringkih merga bubar tak ajar lan tak sere ting dalan, Ki Suwela katon nek nyingidne ringkihe lan nuduhne kaprawirane “cetha nek ndika kuwi dudu bangsa alus, ketitik sikilmu ngambah lemah kabeh, mula tumuli ngakuwa ndika iku sapa? Lan duwe sedya apa nemoni aku karo anakku ana kene?”.

 

“Aneh carup lan lucu” aku wangsulan karo ngguyu ngece “dados ndika wau sampun nginten menawi kula menika bangsane lelembat utawi panunggalane dhedhemit ngoten menapa pripun Ki?. Kula aturi pirsa nggih Ki, sanajan sadangune urip kula niki dereng nate srawung kalih dhemit, nanging kula ngertos lan pitados bilih dhemit niku nyata wontenipun. Ewa samanten, dhemit niku gadhah panggenan piyambak, boten awor kalih menungsa kados kula napa dene ndika niku. Dhdhemit utawi badan alus niku mila sok ngetingal dhateng titiyang ingkang pantes dipun ajrih-ajrihi, kados ndika kekalih, nanging anggenipun ngetingal nggih mawi tatacara, liripun ngetingalipun menawi sampun boten wonten sunaring surya kasaranipun menawi wanci sampun dalu, boten enjing utawi siang-siang ngeten niki…….”.

 

“Iya aku wis ngerti perkara kuwi” Ki Suwela medhot rembugku karo menthelengne mripate “ndika ora prelu kojah maneh bab dhedhemit utawa setan, saiki ndika enggal ngaku wae ndika iku sapa lan duwe karep apa? He?”

 

“Heh heh heh……” aku ngekek persis kaya nek Wa Anggara ngguyu “lha saiki kira-kira aku sing kleru, tak kira iki mau nek nDara Ki Suwela lan Ndara Makara, sing kekarone wis apal banget karo aku. Malah durung suwe kae Ki Suwela wis rawuh ing omahku nembung anakku wedok arep didadekne selire Raden Bagus Suwanda, saiki kok malah ora ngerti marang Kebayan Bulak Pandhe, mengko dhisik Kisanak, nek ndika kuwi dudu Ki Suwela lan dudu Ki Makara, banjur sapa ndika iku satemene ya gene wayah ngene isih turu neng ara-ara cedhak kali, ndika kuwi omahe ngendi he?”.

 

“Kowe aja langap-langap waton ngucap kisanak” karo wiwit ngadeg Ki Suwela wangsulan sereng “nonton ucapmu, aku ngerti nek kowe kuwi ngaku-aku Ki Kebayan Bulak Pandhe. Mula bisa wae lan kena wae kowe ngaku-aku yen kowe kuwi Ki Kebayan, mula pancen praupanmu memper banget, nanging kudune sadurunge kowe ngaku-aku, luwih dhisik kudu ngerti sing mbok aku kuwi isih urip apa wis mati. Ngertia Kisanak, Ki Kebayan Bulak Pandhe kuwi saiki wis mati tak tugel gulune merga wani ndaga dhawuhe Gusti Adipati Girindrawardana sing wis jumeneng dadi Prabu Brawijaya………..”.

 

“Dadi bener ndika karo Makara kuwi salah siji saka wong-wong sing ngebyuk lan ngrubut Ki Anggara temah Ki Kebayan Bulak Pandhe gugur kanthi tatu sing arang kranjang dhek semana kae he?” aku wiwit mencereng karo nggetak.

 

Ki Suwela lan Makara kaget tak getak karo tak penthelengi ngono kuwi, nanging bawane kira-kira ngangep nek aku iki mung wong ndesa sing madha rupa karo Wa Anggara, wong loro kuwi ngatonake kuwanene, siaga arep ngadhepi aku sing wujudku wujude Wa Anggara, wong sing wis rada tuwa sanadyan durung tuwa banget.

 

“Heh menungsa murang tata” Makara genti sing maju sejangkah karo wiwit guneman “Tak akoni ing wiwitan mau aku karo wong tuwaku pancen kaget, tak kira yen Kebayan Bulak pandhe bali urip maneh, nanging saiki sawise aku ngerti nek jebul kowe kuwi mung wong sing ngaku-aku, saiki ngakuwa tinimbang kowe kudu tak peksa ngaku banjur tak tugel gulumu, kowe kuwi sapa lan saka ngendi asal-usulmu he?”.

 

“Ha… ha…. ha …..” aku ngguyuh ngakak krungu tembunge Makara ngono kuwi “sing mbok ucapne kaya tembunge wong sing kulina ngremuk wesi giligen ndilat wesi abang wae Makara. Ora ngrumangsani neki kowe kuwi ora duwe daya kekuwatan sing pantes mbok ngge pamer, aja maneh ngadhepi aku? Lagi ngadhepi cempe sing ngebyong tandurane wong tuwamu wae kowe kuwi durung karuwan yen Becus kok. Nek nyata kowe karo Bapakmu sing wis Gerang nanging isih nggragas kuwi, takon sapa jenengku lan ngendi asalku, coba sawangen kanthi tenanan, yen prelu luwih dhisik raupa nganggo banyu kali kulon kuwi, kowe wong loro mesthi ora bakal lali karo aku!”.

 

Bubar muni ngono kuwi, aku banjur ngatag Slendhang Sipat, supaya ngowahi wujud lan praupanku murih kaya wewujudane suwargi Kanjeng rama Tumenggung Jatikusuma. Ora ndadak nganggo gantalan wektu, sakala aku wis wujud persis kaya Kanjeng Rama Tumenggung. Ki Suwela lan Makara njomblak, kekarone mundur sajangkah karo mripate mendolo nguwasi praupanku sing wis salin wujud, ora ana gesehe karo pasuryane Kanjeng Rama Tumenggung.

 

“Lekna sing amba mripatmu loro-lorone Heh Suwela lan kowe Makara, saiki mokal nek kowe wong loro wis pangling karo aku, sing wis akeh aweh kekucah marang kowe sakloron nanging mbok wales klawan laku cidra, kowe malik tingal melu ndilati dlamakane mungsuhmu mung merga kowe padha jirih ing getih wedi marang pati, sarta kebangeten nggonmu wis ambathara marang gumrincinging dinar lan gumebyare kencana” aku guneman karo mliliki wong loro kuwi ngatonake ulatku sing lagi nesu.

 

Praupane Ki Suwela bali mingkus lan katon pucet kaya nalika weruh aku sepisanan mau, semono uga kahanane Makara katon ndhredheg wel-welan. Sapandurat sabanjure, ki Suwela nyedhaki anake banjur guneman lirih, nganggo basa sing rupa sasmita,  nanging awit oleh pangaribawane Kyai Bancik lan Slendhang Sipat, aku dadi bisa ngerteni apa sing dikandhakne Ki Suwela kuwi :

 

“Sapa sing ana ngarepe dhewe iki nyata kebak wewadi sing mbebayani Ngger, prayogane ora sah neka-neka, sing baku awake dhewe bisa slamet lan ucul saka wong sing neng ngarepe dhewe iki luwih dhisik. Ayo mlayu wae, gunakna aji peparingku dimen kebat playumu aku samono uga bakal ngecakne ngelmu playuku, murih awake dhewe ora bisa diburu dening wong sing ana ngarepe dhewe iki”.

 

Rampung nggone aweh sasmita marang Makara, Ki Suwela njangkahne sikile memburi samono uga Makara tumindak sing padha. Aku luwih prayitna, sadurunge womng loro kuwi kober ngecakne ngelmu kanggo mlayu, tanganku kiwa kebat nykruk uwange Makara lan tanganku tengen nggibeng sirahe Ki Suwela. Kagawa awak sing isih ringkih, wong loro kuwi ora kober endha, kekarone banjur rubuh neng kemah, klesetan dhewe-dhewe.

 

 

Ana candhake.

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...